Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabarata No. 12

7 December 1956.

__________

Kados punapa trênyuhing manah kula nyumêrapi rêkaosipun lêlampahan makatên wau, langkung malih, sarêng kula mirêng rêraosanipun tangga têpalih makatên: Mara tontonên kaanane Brahmana Drona, ya ngono iku wujude wong ora dhêmên bandha, apa kang mangkono iku ora mêmêlas, dene anake ngombe banyu dicampur glêpung bae, bungah-bungah kapati, ngira yèn kang diombe mau pohan. Sami sanalika panon kula ngantos sumrêpêt, ucapipun tiyang wau sagêd ugi lêrês, ewadene upami kula kêpengin darbe bandha kathah, manawi sarananipun kêdah dados gadibalipun tiyang, kula plaur mlarat, awit tamtu malah anênuntun dhatêng sangsara, nadyan bokmanawi pamanggih kula wau botên dipun rujuki dhatêng para brahmana.

Dhuh Sang Nararya Bisma, kula lajêng darbe osik ambêkta anak semah, nêdya pinanggih mitra kula, ingkang nalika samantên sampun jumênêng narendraning bangsa Somaka. Awit ujaring pawartos mitra kula wau jumênêngipun narendra mangrèh sakathahing para raja bangsa Somaka, dados rumaos manggih kabêkjan dene mitra kula sampun kadumugèn pangajêng-ajêngipun. Sasampunipun rampung anggèn kula tata-tata, kula lajêng pangkat saanak semah dhatêng Pancala. Sadumuginipun praja Pancala, kula lajêng anjujuk ing kadhaton. Dhatêng kula wau Prabu Drupada nuju lênggah angêdhangkrang ing dhamparipun, enggal kula parêpêgi, sarwi pratela manawi kula mitranipun ingkang dhatêng badhe nagih prajanji kasagahanipun dhatêng kula ing nguni, atur kula makatên: Dhuh, narendraning bangsa Somaka, kawuningana, kula punika, mitra jêngandika. Dene anggèn kula nguwuh sumitra dhatêng Prabu Pancala wau, saking anggèn kula amrih supêkêtipun, ananging sang prabu botên rêna panggalihipun, kula sêbut makatên wau, lajêng gumujêng, ingkang pasêmonipun

--- 642 ---

kawistara angrèmèhakên, malah kula dipun anggêp tiyang urakan, pangandikanipun makatên: Tanduk makatên wau botên mèmpêr kalihan lêkasipun para luhur, kadospundi têka jêngandika lajêng angrêngkuh mitra dhatêng kula. Sumêrêpa brahmana, mangsakala punika sagêd damêl ewahing kawontênan, dados sampun saèstu sagêd angewahakên lampahing pamitran. Kalampahanipun ing nguni kula mamitran kalihan jêngandika punika pinêksa dening lêlampahan ingkang wigati. Sajatosipun tiyang ingkang dèrèng nate dados prajurit rata, langka sagêda mamitran kalihan prajurit rata, ingkang sagêd dados mitra punika, amung manawi nunggil darajad. Tiyang botên sagêd mawongmitra kalihan tiyang ingkang beda darajadipun, punapadene pamitran inggih botên mêsthi tumus ing batos, sarta lêstantun salami-laminipun, dene ingingkang anjalari risaking pamitran, saking ardaning manusa. Awit saking punika, mila pangrêngkuh jêngandika mitra ing kula sampun jêngandika rungkêbi sangêt-sangêt. Punapa wontên tiyang mlarat sagêd mêmitran kalihan tiyang bandha-bandhu. Tiyang dhusun ingkang botên sumêrap ing sastra, punapa sagêd mamitran kalihan para paramèng sastra, makatên ugi tiyang jirèh, yêkti botên sagêd pawongmitra kalihan prajurit linangkung, awit saking punika, kadospundi dene jêngandika nêdya nyambêt pamitran jêngandika kalihan kula. Sêdya jêngandika wau nglêngkara sagêd kalêksanan, punapa nata binathara, ingkang bandha-bandhu kalampahan mamitran kalihan tiyang sudra papa kados kawontênan jêngandika samangke punika. Manawi sanès narendra langka sagêd mamitran kalihan ratu, langkung malih kula botên pisan-pisan darbe kasagahan badhe nglilahakên sapalihing nagari kula dhatêng jêngandika, ewadene brahmana, kula ugi sagah asung dhahar saha pamondhokan ing jêngandika, nanging naming salêbêtipun sadalu mangke.

--- 643 ---

Sarêng Prabu Drupada ngandika makatên, kula lajêng pamit mundur kalihan ambêkta anak semah kula, mawi matur manawi pêparingipun sang prabu wau kula tampèni tangan kalih, sarta kula lampahi kalihan eklasing manah.

O nararya, sajatosipun manah kula sangêt botên narimah, dene Prabu Drupada samantên anggènipun mirang-mirangakên dhatêng jasat kula. Dados kalampahanipun kula ngantos dumugi prajanipun bangsa Kuru punika, wigatos ngupados siswa ingkang lantip saha bêkti dhatêng guru. Mila ing mangke kula angêntosi dhawuhipun sang nararya, kadospundi ingkang kêdah kula lampahi."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi Sang Nararya Bhisma midhangêt cariyosipun Sang Bharadwaja putra, lajêng mangsuli pangandika makatên: "Dhuh, kakang bagawan, enggal dipun pênthang langkap jêngandika, para rajaputra Hastinapura, mugi dipun wulanga sikêp saliring dêdamêl, ingkang ngantos botên nguciwani wontên ing ngriki. Kakang rêsi badhe dipun pêpundhi dhatêng bangsa Kuru, mila dipun sakecakna panggalihipun kakang, ingkang ngantos lipur sayêktos. Kakang rêsi kula wênangakên murba masesa, rajabrana, kaprabon, saha prajanipun bangsa Kuru, dados wiwit dintên kalênggahan punika bangsa Kuru wontên purba wisesanipun kakang bagawan. Pandugi kula, manawi para rajaputra bangsa Kuru sadaya punika, sampun lêbda pasinaonipun sikap dêdamêl, kados sagêd dados usada njarêming panggalihipun kakang rêsi. Kawuningana kakang, dados amung kaparêngipun kakang nglêksanani panyuwun kula punika, ingkang dados jalaran kamulyanipun bangsa Kuru. Sajatosipun rawuhipun kakang rêsi ing Hastinapura, [Hastina...]

--- 644 ---

[...pura,] punika kabêgjan agêng tumrap ing kula."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus tigang dasa tiga, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXXXIV.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Rêsi Drona, ingkang sura sêkti mandraguna, pêpêthinganing para brahmana, ugi kaparêng dêdunung wontên ing salêbêting kadhaton Hastina, sarta tansah inguyun-uyun dhatêng sakathahing bangsa Kuru. Dupi sang rêsi sampun katingal inggar panggalihipun, Sang Nararya Bhisma rawuh wontên têngganipun sang brahmana, wigatos masrahakên panyiswanipun para rajaputra dhatêng sang bagawan. Rawuhipun Sang Bhisma wau mawi angirid para rajaputra, kalayan ngaturakên pisungsung warni-warni ingkang agêng-agêng pangaosipun, kathahipun tanpa wicalan, kados ta: padalêman sakalangkung adi, samêkta sauparêngganipun, tuwin kêbak dening rajabrana. Salêbêting capuri wontên lumbung ingkang sampun kinêbakan pantun, sarta sanès-sanèsipun malih.

Rêsi Drona botên cuwa mulang dhatêng rajaputra ing Hastinapura, inggih punika para putranipun Prabu Pandhu tuwin para putranipun Prabu Drêstrarastra. Dupi sampun tinampèn panyiswanipun, para putra lajêng sami nglêmpak, nyuwun ngabêkti dhatêng gurunipun. Kados punapa lêganing panggalihipun sang brahmana, nalika wuninga bêktinipun para rajaputra mila lajêng ngandika makatên: "Ênggèr, walèh, walèh punapa, sajatosipun kula darbe pangajêng-ajêng ingkang tansah kula

--- 645 ---

angên-angên. Awit saking punika, manawi sampun lêbda pasinaon jêngandika sikêp saliring dêdamêl, punapa jêngandika sami sanggêm minangkani pangajêng-ajêng kula wau?"

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para rajaputra botên wontên ingkang atur wangsulan, jêngèr kadi tugu, sêmunipnnsêmunipun sami rangu-rangu panggalihipun, naming Sang Arjuna ingkang matur, manawi sagah minangkani, sapamundhuting gurunipun, sanadyan warni punapa kemawon. Nalika Brahmana Drona midhangêt kasagahanipun Sang Arjuna lajêng rinangkul lungayanipun, sarwi ingaras-aras sirahipun saking kasoking panggalih sang brahmana ngantos tumètès waspanipun. Inggih ing nalika punika Sang Brahmana Drona anggènipun wiwit mulang sikêp dêdamêling prang dhatêng para rajaputra ing Hastinapura. Punapadene marah patrapipun tiyang nandukakên dêdamêling dewa. Dhuh, sinuwun, kajawi putranipun Prabu Pandhu saha putranipun Prabu Drêtarastra, kathah ksatriya putraning narendra, ingkang sami puruhita dhatêng Sang Brahmana linangkung wau, kados ta: para Ksatrya bangsa Vrêshni, tuwin bangsa Andaka, sarta sanès-sanèsipun malih, punapadene Sang Karna, sutanipun pupon pun Rada, pawèstri dharah Sota. Salêbêtipun sami puruhita Sang Karna sabên-sabên nantang prang dhatêng Sang Arjuna, awit sang Karna ewa dhatêng Arjuna sarta tansah dipun gêgasah dhatêng Sang Duryudana. Mila makatên saking karsanipun dadosa pangêndhakipun Pandhawa. Dene anggènipun Sang Karna ewa ningali Sang Arjuna punika, amargi Sang Arjuna sangêt dipun sihi dening gurunipun, prasasat botên nate pisah kalayan gurunipun, labêt saking tabêrinipun sinau, kajawi punika sajatosipun bab lêpasing pambudi, kaprigêlanipun [kaprigêlani...]

--- 646 ---

[...pun] sikêp saliring dêdamêl, saha santosaning panggalihipun, Sang Arjuna pinunjul tinimbang sadaya para siswanipun Brahmana Drona, nadyan pamulangipun sang brahmana dhatêng sadaya para siswanipun punika botên pilih kasih, ananging awit Sang Arjuna pancèn linangkung kalantipan saha kaprigêlanipun, mila lajêng kadadosakên pangajênging para siswa. Sampun kawaspadakakên ngantos dangu dhatêng rêsi, têtela sakathahing para siswa, botên wontên ingkang kasagêdanipun satimbang kalihan Sang Arjuna.

Rêsi Drona sabên dintên, wiwit enjing dumugi sêrap surya, tansah marah sakridhaning sikêp dêdamêl dhatêng para siswanipun. Kajawi sinau, sadaya siswanipun Rêsi Drona sabên dintên ugi kawajibakên ngangsu dhatêng sêndhang, ingkang cangkêming kalênthingipun sakalangkung ciut, mila dangu sangêt sagêdipun kêbak, amung kalênthingipun Sang Aswatama ingkang cangkêmipun wiyar, supados rumiyin piyambak rampungipun, dados sang brahmana sagêd marah dhatêng sutanipun piyambak langkung saking siswa sanès-sanèsipun. Silibing panggalihipun sang rêsi wau ugi kasumêrapan dhatêng Sang Arjuna, mila Sang Arjuna sabên mêndhêt toya lajêng asarana dêdamêl ingkang wasta: Bharuna. Karsanipun supados kalênthingipun lajêng tumuntên kêbak. Dados rampungipun sagêd sêsarêngan kalayan Sang Aswatama. Wasana sagêd dangu anggènipun nampèni piwulang, saha anggènipun gladhi sikêp dêdamêl. Sang Arjuna dhasaripun pancèn lantip tuwin parigêl, mila botên kantun kalihan Sang Aswatama. Sang Arjuna sangêt bêkti ing gurunipun, tuwin tabêri sinau, mila sang Rêsi Drona dahat sih trêsna.

RikalRikala Rêsi Drona nêdya nguningani, punapa Sang Arjuna têmên-têmên ngèstokakên sinau njêmparing ing wanci pêtêng kados piwêlingipun, sang rêsi dhawuh dhatêng abdi ingkang kajibah ngladosi dhaharipun para rajaputra, pangandikanipun makatên: "Yèn kowe ngaturi dhahare Sang Arjuna aja kongsi

--- 647 ---

kapêtêngan, ananging dipoma aja kongsi ana wong wêruh, yèn iku saka parentahku.

Ing satunggaling dalu, nalika Sang Arjuna pinuju dhahar dipun tênggani dening sang brahmana, dumadakan dilahipun pêjah kêtêmpuh ing angin. Nalika samantên Sang Arjuna botên pisan-pisan gugup, sarta ewah lênggahipun, lêstantun anggènipun dhahar. Makatên wau mratandhani, bilih Sang Arjuna kulina nyambut damêl salêbêting pêtêngan, ewadene sang brahmana mêksa kêpengin priksa, punapa Sang Arjuna nyata sinau jêmparing wontên ing pêtêngan. Dhuh narendra têdhak Bharata, nuju satunggaling dalu, mêndhungipun kandêl, sang brahmana mirêng swantên kêdêring kêndhêng, enggal dipun parêpêki. Sarêng cêlak sang brahmana priksa, manawi Sang Arjuna ingkang sinau jêmparing ing pêtêngan, sang rêsi lajêng ngrangkul Sang Arjuna sarwi ngandika makatên: "Ênggèr ing mangke kula prasaja, manawi jêngandika nêdya kula dadosakên têtungguling prajurit sikêp jêmparing ingkang pinunjul ing jagad."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun lêbda anggènipun sinau jêmparing, Sang Arjuna lajêng winulang mangun prang kalihan wahana rata, turangga, miwah dirada, punapadene pêrang dharat. Kajawi jêmparing, Sang Arjuna ugi kawarah sikêp gada, pêdhang, lawung, candrasa, campuling tuwin alugora, sarta nglêpasakên jêmparing kathah ing dalêm salêpasan, wigatos kangge nanggulangi mêngsah, manawi kinroyok wontên ing pabaratan. Para narendra tuwin putraning nata, ingkang rawuh wontên ing Hastinapura nêdya puruhita dhatêng sang bagawan, kathahipun maèwu-èwu, awit sampun

--- 648 ---

mirêng pawartos, manawi Sang Arjuna anggènipun linangkung kasagêdanipun sikêp dêdamêl punika, saking piwulangipun Sang Brahmana Drona. Dhuh sinuwun, kajawi ingkang sampun kula aturakên wau, wontên satunggaling rajaputra, pêparab Sang Ekalaya, putranipun Prabu Iranyadanu, narendra bangsa Nisaddha (golongan bangsa campuran dados bangsa ingkang asor piyambak), nadyan Rêsi Drona putus dhatêng anggêr-anggêring kasusilan, ewadene sang bagawan botên karsa nampèni panyiswanipun Sang Ekalaya, awit sang bagawan priksa manawi bangsa Nisaddha punika limrah sami titis, bilih anjêmparing. Sumêlangipun, bokbilih ing têmbe badhe sagêd angungkuli para siswanipun ingkang trahing ngaluhur. Dhuh, pangrurahing satru, rikala Rajaputra Nisaddha winangsulan manawi botên katampèn, lajêng matur amung kêparênga nyungkêmi padanipun Sang Rêsi Drona. Sasampunipun ngabêkti, Sang Ekalaya lajêng martapa dhatêng ing wana. Sadumugining wana lajêng damêl rêca saking lêmpung kapêtha wujudipun sang rêsi. Sasampunipun dados lajêng dipun angge sêsêmbahan. Sabên enjing sasampunipun manêmbah dhatêng rêca wau, lajêng sinau njêmparing wontên sangajênging rêca. Amargi Sang Ekalaya pancèn têmên-têmên anggènipun sinau njêmparing, saha rêca wau kaanggêp Rêsi Drona piyambak, mila lajêng priksa wêwatoning tiyang jêmparing tigang prakawis, inggih punika: pêmasangipun jêmparing ing kêndhênging langkap, lêrêsing pangincêng, tuwin anggènipun anglêpasakên.

Dhuh, pangruwating satrusêkti, para rajaputra ing Hastinapura sami nyuwun palilah ing gurunipun badhe bêbêdhag dhatêng ing wana. Sasampunipun dipun parêngakên lajêng sami bêbodholan

--- 649 ---

wahana rata. Sarêng sampun dumugi ing wana, lajêng kabage dados pintên-pintên golongan, sagolong-golonganipun sami wontên abdi ingkang ambêkta dêdamêl saha sêgawon ajagan, ingkang lajêng kauculakên, sasampunipun nasak pagrumbulan. Dumadakan sêgawonipun para Pandhawa nyêlaki panggenanipun Sang Ekalaya, mangka Sang Ekalaya punika kulitipun cêmêng, mawi dipun clerongi borèh mancawarni, panganggenipun sarwa cêmêng, rikma kaukêl wontên mbun-bunan, sêgawon priksa lajêng jêgog.

Kawuningana Sang Ekalaya, sampun dangu panganta-angataningpanganta-angantaning panggalih badhe nyobi kalangkunganipun manawi jêmparing. Sang Ekalaya sakalangkung kagêt dupi dipun jêgogi ing sagawon wau, enggal angunus jêmparing saking êndhongipun, kathahipun pitu, kapasang ing langkap, sarta kalêpasakên. Jêmparing pitu pisan wau sami tumancêp ing cangkêming sagawon. Sagawon kalengkengan wangsul dhatêng ing pundi dununging bandaranipun, kalayan cangkêmipun katancêban jêmparing pitu. Para Pandhawa sangêt kagawokan, sarta rumaos kuciwa kasagêdanipun njêmparing, mila ing batos mangalêmbana dhatêng ingkang sampun njêmparing sêgawonipun, dene sajêgogan, dèrèng ngantos mingkêm, cangkêmipun sampun katancêban jêmparing pitu. Têtela manawi tiyang ingkang njêmparing wau landhêp pêngraosipun, têmah lajêng sami dipun upaya. Botên watawis dangu pinanggih Sang Ekalaya. Para Pandhawa lajêng anêmtokakên, bilih tiyang punika ingkang sampun njêmparing sêgawonipun. Amargi sami dèrèng wuninga dhatêng putra ing Nisaddha wau, mila Pandhawa lajêng ndangu makatên: "Kisanak, sintên sinambating wangi, saha sintên ingkang ayoga ing jêngandika."

--- 650 ---

Wangsulanipun Sang Ekalaya makatên: "Dhuh prajurit linangkung, sumêrapa, kula punika siswanipun Rêsi Drona, putranipun Prabu Iranyadanu. Narendra ing praja Nisaddha. Anggèn kula wontên ing riki punika wigatos nyampurnakakên kasagêdan kula njêmparing."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para Pandhawa ugi lajêng prasaja manawi para rajaputra Hastinapura; sasampunipun lajêng kondur. Sadumugining praja lajêng sami marêk gurunipun, matur manawi mêntas pinanggih Sang Ekalaya, ingkang kasagêdanipun njêmparing anggêgirisi. Kawuningana sinuwun, Sang Arjuna kapanjang-panjang anggènipun manggalih kalangkunganipun Sang Ekalaya wau, saya dangu saya botên kuwawi nahên raosing panggalih, mila lajêng matur dhatêng sang brahmana makatên: "Dhuh guru, jêngandika dhawuh, manawi sadaya para siswa jêngandika, botên badhe wontên ingkang satimbang kalihan kula. Wêkdal ngandika makatên wau, jêngandika kalihan angêkêp-ngêkêp ing kula, ananging kula priksa manawi wontên siswa jêngandika ingkang kasagêdanipun njêmparing angungkuli kula inggih punika Rajaputra Nisaddha ingkang kinawasa."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Nalika sang brahmana midhangêt aturipun Sang Arjuna makatên wau, lajêng angunandika salêbêting panggalih, wasana ngandika manawi badhe tindak dhatêng pratapanipun Sang Ekalaya piyambak, sarta Sang Arjuna kadhawuhan andhèrèk. Satêlasing pangandikanipun lajêng pangkat, botên antawis dangu dumugi pratapan. Ing riku sang rêsi tuwin Sang Arjuna priksa, manawi Sang Ekalaya taksih sinau njêmparing. Kawontênaning sarira, punapa pênganggenipun taksih lêstantun kados nalika Sang Arjuna priksa sapisan.

--- 651 ---

Kawuningana, dupi Sang Ekalaya priksa manawi sang rêsi rawuh, gurawalan mapagakên sarta lajêng sumungkêm ing pada. Sarêng sampun sawatawis lajêng jumênêng wontên ngarsanipun sang brahmana, anguncupakên asta, katèmpèlakên ing pranaja, sarwi pratela manawi sariranipun punika siswanipun sang brahmana. Satêlasing aturipun Sang Ekalaya, Rêsi Drona lajêng ngandika makatên: "Dhuh prajurit linuwih, manawa kowe nyata siswaku, apa pisungsungmu marang gurumu." Sang Ekalaya kawistara sakalangkung bingah lajêng matur dhatêng sang brahmana makatên: "Dhuh guru ingkang misuwur ing jagad, kula prasêtya badhe minangkani sapamundhutipun sang bagawan. Dhuh têtungguling para sujanma putus ing Wedha, suwawi dipun dhawuhna."

Wangsulanipun Rêsi Drona: "Dhuh Ekalaya, siswaku kang bêkti, ênggèr, yèn ucapira mau kapara nyata, mara aku pisungsungên jêmpolira tangan têngên."

Rikala kadhawahan misungsung jêmpoling astanipun têngên, minangka tandhaning panuwun dhatêng gurunipun, Sang Ekalaya enggal nigas jêmpolipun têngên kalihan pasêmon ingkang mratandhani sênênging panggalih, botên pisan ngênês tuwin sambat, sarta lajêng kaaturakên gurunipun. Bingahipun Sang Ekalaya wau tumus ing panggalih, awit Sang Ekalaya pancèn sêtya tuhu ing wacana, sarta nêmaha nêdya anêtêpi punapa ingkang dados kasagahanipun. Kawuningana, sinuwun, sasampunipun ngaturakên jêmpoling astanipun, Sang Ekalaya lajêng nyobi nglêpasakên jêmparing, saèstunipun lajêng nguciwani, botên kados ing nguni-uni. Sang Arjuna suka amrawata suta nguningani kuciwanipun Sang Ekalaya wau, sarta lajêng sirna sungkawanipun.

Dhuh narendra têdhak Bharata, siswanipun Rêsi Drona punika ingkang parigêl sikêp gada wontên kalih, inggih punika Sang Bhima sarta Sang Duryudana. Kalih-kalihipun wau tansah mèri-minèrèkakên. [mèri-...]

--- 652 ---

[...minèrèkakên.] Sang Aswatama têtela pinunjul kasagêdanipun nyumêrapi watak, saha nandukakên dêdamêl, dene sang kêmbar kaprigêlanipun sikêp pêdhang. Sang Yudhisthira, linangkung kasagêdanipun mangrèh turangga pangirid rata, salumahing bantala sakurêbing akasa botên wontên titah ingkang nimbangi, nanging Sang Arjuna linangkung kasagêdanipun dhatêng samukawis. Lêpasing buddi tuwin lantiping cipta, punapadene kasêktèn, sarta santosaning panggalih, titahing dewa ingkang wujud manusa, botên wontên ingkang langkung saking Sang Arjuna. Jalaran Sang Arjuna pancèn pinunjul kasagêdanipun, mila misuwur ing jagad, sarta dados têtungguling para maharata. Sanadyan pamulangipun Sang Brahmana Drona dhatêng siswanipun punika botên bineda, ewadene Sang Arjuna pinunjul piyambak kasagêdanipun sikêp saliring dêdamêl, awit sajatosipun, bêktinipun Sang Arjuna dhatêng gurunipun pancèn langkung saking sanès-sanèsipun, punapadene tabêrinipun sinau, ugi langkung tinimbang para siswa sadaya. Ing golonganipun para rajaputra Hastinapura, namung Sang Arjuna ingkang sagêd anginggahi darajading Atirata.§ Atirata punika prajurit rata ingkang sagêd nanggulangi mêngsah kathahipun 60.000. Para putranipun Prabu Drêtarastra, ingkang awon ambêgipun, sami mèri dhatêng karosanipun Sang Bhima, tuwin kaprigêlanipun Sang Arjuna sikêp sarta nandukakên saliring dêdamêl.

Dhuh, bêbanthènging têdhak Bharata, nuju satunggaling dintên Rêsi Drona nglêmpakakên para siswanipun, ingkang sampun sami putus pasinaonipun, wigatos nêdya kalèlèr kasagêdanipun sikêp jêmparing. Ananging sadèrèngipun sami ngêmpal para siswa wau, sang rêsi sampun damêl pêpêthan pêksi, sarta lajêng kaencokakên pucaking mandira agêng, karsanipun pêksi pêpêthan

--- 653 ---

wau, minangka lesan anggènipun para siswa anjêmparing. Sasampunipun para siswa sami ngêmpal sadaya, sang brahmana lajêng ngandika makatên: "Ênggèr, para siswa, suwawi sami mênthanga langkap jêngandika piyambak-piyambak, lajêng masanga jêmparing ing kêndhêng, wigatos badhe kula aturi njêmparing, dene ingkang minangka lesanipun, suwawi dipun tingalana, sanginggiling kajêng agêng punika sampun kula dèkèki pêksi pêpêthang,pêpêthan mangga sirahing pêksi punika sami dipun incênga, namung sampun kalêpasakên manawi dèrèng wontên pakèn kula."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rêsi Drona, têtungguling para brahmana, têdhakipun Rêsi Anggira, nalika samantên lajêng ngandika dhatêng Sang Yudhisthira makatên: "Dhuh ksatriya ingkang botên kenging kinawonakên, suwawi jêmparing dipun incêngna dhatêng lesanipun, ananging sampun kalêpasakên sadèrèngipun wontên pakèn kula."

Dhuh sinuwun, sanalika wau, Sang Yudhisthira ugi lajêng ngèstokakên dhawuhipun gurunipun, sasampunipun angincêng, sang rêsi lajêng ngandika: "Dipun wawasa sayêktos pêksi punika." Aturipun Sang Yudhisthira: "Sandika, guru." Sarêng sampun sawatawis, sang brahmana lajêng pitakèn: "Ênggèr, ing mangke punapa ingkang katingal ing paningal jêngandika, punapa kajêngipun, punapa kula, punapa para kadang, tuwin punapa pêksinipun?"

Wangsulanipun Sang Yudhisthira: "Dhuh, guru, jêngandika, kajêng, para kadang tuwin pêksi lesanipun, sadaya sami katingalan."

"Ing riku sang rêsi andangu malih, ngantos rambah, ananging wangsulanipun Sang Yudhisthira, inggih mêksa sami kemawon. Rikala punika sang rêsi kêtingal cuwa midhanget wangsulanipun Sang Yudhisthira makatên wau, ing batos sakalangkung

--- 654 ---

prihatos, mila lajêng ngandika dhatêng Sang Yudhisthira kalayan raos awrat, makatên: "Ênggèr, kula aturi nisih rumiyin, lesan punika sanès jêngandika ingkang kêdah njêmparing." Sasampunipun makatên sang rêsi lajêng angatak dhatêng Sang Duryudana, tuwin para putranipun Prabu Drêtarastra sanès-sanèsipun, gêntos-gêntos, sarta ugi Sang Bhima, tuwin para rajaputra saking liyan nagari, ananging sarêng dipun dangu dhatêng sang brahmana, sadaya wangsulanipun ugi kados wangsulanipun Sang Yudhisthira, mila ugi lajêng kadhawuhan sami nisih sadaya."

Dumugi samantên pungkasanipun bab kaping satus tigang dasa sêkawan, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXXXV.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun. Dupi sampun têtela manawi sadaya wau sami botên kados pangajêng-ajêngipun, sang brahmana ngandika sarwi mèsêm, supados Sang Arjuna majênga sawatawis, sarta lajêng dipun pangandikani makatên: "Ênggèr, bokmanawi jêngandika ingkang sagêd njêmparing lesan punika, suwawi dipun wawasa, manawi kula sampun matur supados ngayat jêmparing, jêngandika wiwit nyipata lesanipun, ananging lajêng ngêntosana pakèn kula malih. Sanalika wau Sang Arjuna ugi lajêng ngèstokakên saparentahing gurunipun. Ing riku Rêsi Drona lajêng andangu: "Ênggèr, punapa ingkang katingal?"

Aturipun Sang Arjuna: "Ingkang kula sumêrapi amung pêksi pêpêthan sanginggiling mandira punika."

--- 655 ---

Sang rêsi andangu malih dhatêng maharata kinawasa wau makatên: "Pêksi ingkang jêngandika sipat punika punapanipun ingkang katingalan?"

Aturipun Sang Arjuna: "Samangke ingkang katingal ing pamawas kula amung sirahipun, dene badanipun botên katingal."

Sanalika wau Rêsi Drona ngantos njêgrig wuluning sariranipun labêt saking bingah ingkang nawung raos ngungun, wasana lajêng ngandika: "Enggal dipun lêpasa jêmparing jêngandika." jêmparing kalêpasakên, kêclaping jêmparing katingal kados kilat, sarta lajêng tumanduk ing sirahing pêksi pêpêthan, têmah dhawah ing siti. Sang brahmana enggal marêpêki Sang Arjuna, ingkang lajêng kinêkêp-kêkêp, sanalika wau Sang Brahmana Drona rumaos bilih Prabu Drupada sasenapatinipun sampun kapikut dening Sang Arjuna.

Dhuh, narendra têdhak Bharata, botên watawis dangu kalihan lêlampahan ingkang kula aturakên wau, Rêsi Drona tindak dhatêng lèpèn Gangga, kadhèrèkakên sadaya para siswanipun, karsanipun nêdya asêsuci. Kawuningana sinuwun, sarêng Rêsi Drona nyêmplung ing lèpèn, pupunipun lajêng kasaut ing bajul. Saking agênging bajul, kenging kawastanan utusanipun Dewaning Antaka, piniji nguntapakên surutipun sang brahmana. Nadyan sang brahmana botên kewran upami nêdya amrih sirnaning bajul ingkang nangsaya sariranipun, ewadene sang brahmana rewa-rewa gugup, sarwi bêngok-bêngok, nguwuh dhatêng para siswanipun, supados dipun rêbata. Panguwuhipun makatên: "O, katiwasan, enggal sirnakna bajul punika."

Nalika Sang Wibatsu midhangêt sêsambating gurunipun, enggal nyawut jêmparingipun, kacêpêng gangsal, lajêng kalêpasakên sarêng, dene para siswa sanèsipun, sami kamitênggêngên, mila

--- 656 ---

botên mingsêt saking dunungipun piyambak-piyambak. Dados sang brahmana sampun nguningani piyambak tarampilipun Sang Arjuna nglêpasakên jêmparing, ngantos kenging dipun wastani, bilih astanipun Sang Arjuna sampun gêsang piyambak manawi nandukakên dêdamêl. Saya kasok panggalihipun sang brahmana, sarta nêksèni manawi Sang Arjuna pinunjul saking sakathahing para siswanipun. Kawuningana sinuwun, dupi bajul wau kataman jêmparingipun Sang Arjuna têmah ajur dados sawalang-walang, dene pupunipun sang brahmana pinggêt kemawon botên. Sang Bharadwaja-putra angganjar jêmparing dhatêng Sang Arjuna, inggih siswanipun sang brahmana ingkang kinawasa, saha pinunjuling jagad wau, sarwi ngandika makatên: "Dhuh ksatriya dibya ingkang ampuh dêdamêlipun, suwawi dipun tampènana jêmparing pamungkas nama Brahmastrah punika, dalah ajinipun manawi badhe nandukakên. Jêmparing punika botên sagêd tinulak dening sawarnining sarana, ingkang minangka kangge pituwasing siswa anggènipun sampun mitulungi ing gurunipun, ananging piwêling kula ênggèr, jêmparing punika sampun katamakakên manawi jêngandika mêngsah manusa, awit bilih jêmparing punika katamakakên dhatêng sintêna ingkang botên linangkung kasêktènipun, malah sagêd ambêsmi sagung dumadi. Jêmparing punika sampun misuwur ing jagad têtiga botên wontên ingkang nyamèni, mila wantos-wantos piwêling kula, dipun ngatos-atos anggèn jêngandika rumêksa dêdamêl punika, mugi kapituhua pêpèngêt kula wau. Manawi jêngandika atandhing prang prang kalayan ingkang sanès bangsaning manusa, jêngandika sawêg kenging nglêpasakên jêmparing punika, sampun saèstu mêngsah jêngandika lêbur tanpa kukupan."

Sasampunipun Sang Wibawatsu prasêtya manawi badhe ngèstokakên, sang brahmana lajêng nampèkakên dêdamêl wau, kalihan [ka...]

--- 657 ---

[...lihan] ngandika: "Salumahing bantala, sakurêping akasa, sayêkti botên wontên titah wujud manusa, ingkang kasagêdanipun jêmparing satimbang kalihan jêngandika, awit saking punika, jêngandika botên sagêd kasoran mêngsah punapa kemawon. Pramila ing têmbe jêngandika badhe sinangkulan pakaryan agêng."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus tigang dasa gangsal, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXXXVI.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana wiwit cariyos malih: "Dhuh, narendra têdhak Bharata, sarêng para rajaputra ing Hastinapura, para putranipun Prabu Pandhu, tuwin para putranipun Prabu Drêtarastra, sampun putus anggènipun puruhita sikap dêdamêling prang, Rêsi Drona lajêng marêk ing panjênênganipun Prabu Drêtarastra. Nalika samantên sang prabu sawêg kaadhêp para sêsêpuhing bangsa Kuru sarta para paranpara, kados ta: Rêsi Krêpa, Sang Somadhata, Prabu Walhika (Prabu Madra), Sang Bhisma putranipun Dèwi Gangga ingkang wicaksana. Mahêrsi Wiyasa, tuwin Sang Widura, sasampunipun manthuk, Rêsi Drona lajêng matur makatên: "Dhuh, têtungguling para narendra dharah Kuru, pisowan kula ing panjênênganipun sinuwun, wigatos atur wuninga, manawi para putra paduka sampun sami putus anggènipun anggêgulang sikêp dêdamêling prang, mila manawi dados panujuning karsa, para putra mugi dipun dhawuhana ngatingalakên kasagêdanipun piyambak-piyambak."

Aturipun Rêsi Drona wau, andadosakên karênanipun sang prabu, wasana lajêng mangsuli pangandika makatên: "Dhuh musthikaning para brahmana, ingkang makatên punika sang rêsi kenging [ke...]

--- 658 ---

[...nging] dipun wastani sampun sagêd ngrampungakên pakaryan agêng tumrap bangsa Kuru, mila suwawi dipun cariyosana ing pundi papan ingkang sayogi kangge ajang, benjing punapa dintênipun, sarta kadospundi tatananing lampah-lampahipun. O, brahmana, kados punapa grantêsing manah kula, dene kula wuta, dados botên sagêd nyumêrapi kalangkunganipun anak-anak kula asikêp dêdamêl."

Sasampunipun ngandika makatên, sang prabu lajêng nolèh dhatêng Sang Widura, sarwi dhawuh makatên: "Yayi Ksaktri, lêksanana sapamundhute sang brahmana, awit ingsun anduga, manawa bakal dadi bungahing panggalih ingsun." Sasampunipun matur sandika, Sang Widura lajêng mundur saking ngarsa nata sêsarêngan kalayan Sang Brahmana Drona, sarta lajêng milih papan ingkang kangge ajanging pasamuan. Putusaning rêmbag ingkang kapilih, papan waradin ingkang botên wontên kêkajênganipun, ananging kathah sumur tuwin toyanipun.

Kawuningana sinuwun, Rêsi Drona ingkang lêbda dhatêng nêptuning dintên, lajêng namtokakên dintên anggènipun sêsaji sadèrèngipun pasamuan, dene ingkang kapilih dening sang brahmana punika amarêngi pajar wulan, ing gêgana sumilak rêsik botên wontên mêndhung, lintang-lintang katingal pating karêthah angelam-elami. Anggènipun sang brahmana damêl sêsaji wontên ing papan badhe ajanging pasamuan, punika sinaksèn tiyang sapraja, awit sampun kaundhangakên, sabên tiyang kenging dhatêng wontên ing riku. Dhuh narendra têdhak Bharata, enjingipun para wadya margangsa sami ibut anggènipun anggarap papan ajanging pasamuan, dene pamangunipun miturut wêwaton. Sasampunipun rampung lajêng karêngga ing dêdamêl mancawarni, satêpining kalangan kaadêgan panggungan, kagêm palênggahanipun para putri isining pura ingkang sami mirsani, dene têtiyang

--- 659 ---

alit sami ngadêgakên panggungan piyambak-piyambak sajawining gawar, sawênèh agêng, sawênèh alit, kathahipun tanpa petangan. Tiyang sugih-sugih panggungipun inggil-inggil, pinayonan ing motha pêthak, sarta wiyar, klèbèting bêndera sarta umbul-umbul rêrêngganing panggungan wau, katingal sakalangkung asri.

Ing dintên ingkang sampun katamtokakên kêpyaking pasamuan, panjênênganipun Prabu Drêtarastra miyos, kaajap ing para nayaka, Rêsi Krêpa pangagênging para gurunipun rajaputra ing Hastinapura, kalayan Sang Bhisma, anjajari wontên ngajêng piyambak. Tindakipun sang prabu langkung ing têngah-têngahing kalangan, ingkang dipun wêngkoni ing gawar/panggung palênggahanipun sang prabu wau katingal kados panggung ing kaswargan, sadaya kajêng balunganipun panggung sami linapis ing kancana murub, pinlisir ing uncèn-uncèn mutyara, sêsotya, miwah nila widuri. Kawuningana sinuwun, Dèwi Gandari, ingkang sampun antuk nugrahaning dewa, sarta agêng kabêgjanipun, kantun kalayan Dèwi Kunthi, kêapit-apit para putri, kaajap ing para cèthi parêkan sakalangkung kathah, inggahipun, dhatêng panggung sakalangkung asri wau, sarwi asuka-suka, kados para widadari manawi minggah ing ardi Mèru. Bangsa sêkawan golongan isining praja Hastinapura, sami tilar wisma, anglur nêdya aningali, awit kêpengin priksa anggènipun para rajaputra badhe ngatingalakên kasagêdanipun sikap dêdamêling prang, sakathahing margi-margi ingkang anjog ing papan ajanging pasamuan jêjêl uyêl-uyêlan dening tiyang, mila botên watawis dangu saurut têpining papan ajanging pasamuan kêbak dening tiyang, swantênipun gumuruh kados samodra bêna.

Sarêng sampun dêmugidumugi ing wanci wiwitipun pasamuan, Rêsi Drona lumêbêt ing kalangan, kadhèrèkakên putranipun, sang

--- 660 ---

rêsi pangagêmanipun sarwa pêthak, sarempang upawita,§ Pratandhanipun manawi bangsa brahmana kadamêl saking lawe pêthak katampar. rema saha jenggotipun pêthak, ngagêm jamang sêkar pêthak karonce kocoh ing sariranipun pêthak. Sadumugining têngah-têngahing papan, sang maharsi kèndêl, dene Sang Aswatama wontên ing kering kapara wingking, candranipun kados wanci dalu manawi nuju langitipun rêsik, rêmbulan anuju cêlak kalihan lintang jaka bèlèk (Planeet Mars), ing riku sang brahmana mêmuji ing dewa, ingkang lajêng binarung sêsantinipun para brahmana ingkang lêbda dhatêng saliring mantra, sarta lajêng kasambêtan ungêling gangsa angrêrangin. Sakèndêling gangsa, para ksatriya ingkang pinatah ngampil dêdamêl, sami lumêbêt ing gawar. Dene para ksatriya têtunggiling para dharah Kuru, ugi lajêng nungka lumêbêt, pangagêmanipun aneka warni sakalangkung endah, sadaya sami anggendhong jêmparing angiwa langkap sarta ngagêm kêre, darijining asta sinung pirantos kangge nangkis dêdamêl. Tataning lampahipun urut kacang, ingkang sêpuh wontên ing ngajêng, awit saking punika mila Sang Yudhisthira ingkang wontên ngajêng piyambak.

Dupi para rajaputra sadaya sampun wontên salêbêting gawar, lajêng ingabanan supados wiwit ngatingalakên kaprigêlanipun nandukakên dêdamêl. Ubaling jêmparing ingkang kalêpasakên saking langkapipun para rajaputra wau ngantos angêbêki awang-awang. Têtela, manawi para rajaputra Hastinapura linangkung kaprigêlanipun anglêpasakên jêmparing. Têtiyang ningali kathah ingkang tumungkul, sêmunipun sumêlang manawi kadhawahan jêmparing, ewadene ugi pintên-pintên ingkang andhangak [an...]

--- 661 ---

[...dhangak] botên darbe sumêlang, sadaya wau sami gawok ningali ubaling jêmparing. Sarêng sampun sawatawis kèndêl anggènipun njêmparing, lajêng sami wahana ratanipun piyambak-piyambak, wigatos badhe ngatingalakên kêsagêdanipun mangrèh turangga pangirid rata. Sasampunipun ngasta apus, kuda kinêtap kasandêrakên lajêng kapêkak, kaplajêngakên malih damêl aksara mungêl asmanipun piyambak-piyambak, sarana tabêting glindhingan rata. Nyata sadaya sami wasis angusiri rata paprangan, botên nguciwani. Salêbêtipun têtiyang ingkang sami ningali nyumêrapi kaprigêlanipun para rajaputra, mênawi sikêp jêmparing sarta sanès-sanèsipun, rumaos kados wontên alaming para gandarwa, mila botên sampun-sampun pangunguning manahipun. Dhuh narendra têdhak Bharata, saking gawoking manah, têtiyang ingkang cacahipun maèwu-èwu wau ngantos sami manguwuh sora: "Bagus bagus." Sakèndêling anggènipun ngusiri rata, para rajaputra ingkang pinunjul sasamining ksatrya wau, lajêng sami sikêp pêdhang sarta angiwa tamèng. Para rajaputra kajèjèr ngantos kêmput dumugi têpining papan, sasampunipun lajêng anyèlèhakên pêdhang sarta tamèngipun piyambak-piyambak, ingkang ningali sami kêdhèp têsmak. Ing batos eram dhatêng kaprigêlan, cukating solah, dyatmikaning pasêmon, sarta plikêtipun ngasta pêdhang tuwin tamèng. SaparipunaningSaparipurnaning anggènipun sikêp pêdhang para rajaputra lajêng mêdal saking papan ingkang ginawêran, ananging Sang Wrêkudara tuwin Sang Duryudana lajêng wangsul kalihan asikêp gada. Ksatrya sakalihan wau, dêdêgipun sami inggil, sariranipun rowa, balung ototipun katingalan, tiningalan saking katêbihan kados rêdi kalih lumampah sêsarêngan. Sang Bhima punapadene Sang Duryudana ing batos sami karênan, dene dintên punika kalampahan tandhing sami ijèn, dados rumaos kalêksanan pangajabing panggalih, anggènipun nêdya kantaran bau.

--- 662 ---

Sarêng ksatrya kalih wau sampun ajêng-ajêngan lajêng sami kirig-kirig, amêdhar tiyasa, sarta lajêng jangkah-jinangkah ambêkuh-bêkuh kados dirada kalih arêbat pawèstri. Ksatrya kalih wau dhasaripun pratitis manawi nyabêtakên utawi nangkis gada, têtêp kados wêwatoning panggada tuwin anangkis ingkang sampun kawarahakên dening gurunipun, mila rame anggènipun gada-ginada tangkis-tinangkis, endha nganan ngering, kêkitêran urut gawaring kalangan. Kawuningana, Sang Widura tansah ngaturakên sasolahbawanipun putra kalih ingkang prang gada wau ing panjênênganipun Prabu Drêtarastra, dene Dèwi Kunthi ngaturakên sadaya wau dhatêng Dèwi Gandari."

Dumugi samantên wêkasanipun bab satus tigang dasa nênêm, perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXXXVII.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Ing nalika samantên kawontênanipun tiyang ingkang sami ningali lajêng kados binage kalih, ingkang sapalih nyawung Prabu Anom Duryudana, sapalihipun malih Sang Bhima, ingkang linangkung karosanipun punika. Ucapipun ingkang nyawang dhatêng Sang Duryudana makatên: "Mara dulunên tandange ratu prajurit bangsa Kuru iku." Dene golongan satunggalipun mungêl: "Lah, dulunên solahe Sang Bhima." Alokipun tiyang ningali wau saya dangu saya rame, mila mimbuhi dêrêngipun ingkang sami prang tandhing, ananging kawuningana, sinuwun, sarêng Rêsi Drona priksa, bilih saya dangu saya rame swantêning tiyang ningali, ngantos kados swantêning samodra pasang, sang brahmana lajêng dhawuh dhatêng Sang Aswatama makatên: "Kulup, Aswatama, prajurit kinawasa,

--- 663 ---

kang tarampil sikêp gada iku nuli pisahan, aja kongsi kabaranang runtik, ênggone têtandhingan, sêmune wong-wong kang padha nonton saya sêru aloke, sajrone nyumêrêpi campuhe Bhima lan Sang Duryudana.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Drona putra enggal anyêlaki ingkang prang gada, matur supados kèndêl, mila Ksatriya kalih wau lajêng sami sapih, candranipun kadi têmpuking alun kalih, kasabêt ing prahara, ingkang tuwuh saking ajèring hawa. Sarêng swantên alokipun ingkang sami ningali sampun sirêp, Rêsi Drona lumêbêt ing gawar sarwi asasmita, nyuwuk ungêling gangsa. Sasampunipun gangsa kèndêl, sang rêsi lajêng manguwuh, swantênipun agêng sarta sakalangkung sora, kados galudhug ing mangsa labuh, panguwuhipun makatên: "Samangke sami dipun tingalana, kalangkunganipun Sang Parta, siswa ingkang bêkti, mila trêsna kula ngantos langkung saking sih kula dhatêng suta kula piyambak pun Aswatama. Sang Arjuna punika pancèn linangkung kasagêdanipun sikêp saliring dêdamêl, putranipun Sang Hyang Indra wau kasêktènipun kadi Bathara Wishnu.

Dhuh narendra têdhak Bharata, sadèrèngipun lumêbêt ing gawar, Sang Arjuna manêmbah ing dewa. Dene lêbêtipun ing papan ajanging pasamuan, sampun ngagêm tangkis ingkang kasarungakên ing darijining asta. Endhongipun kêbak jêmparing, ngiwa langkap, sarta ngagêm kêre kancana, candranipun kadi mêndhung kasorotan pajaring surya wanci sontên, ingkang rinêngga gêbyaring kilat thathit, miwah sunaring wangkawa.

Kawuwusa dupi têtiyang sami ningali priksa Sang Parta lumêbêt ing gawar, lajêng sami surak-surak, gangsa tuwin kala sangka sami kaungêlakên sêsarêngan, swantênipun umyung angêbêki [angê...]

--- 664 ---

[...bêki] bawana. Têtiyang wau sasampunipun surak-surak, lajêng sami ambêngok nguwuh makatên: "Tontonên putrane Dèwi Kunthi kinasih iku, iya panêngah Pandhawa, kang kinawasa, putrane Bathara Indra kang pinaringake dadi pangayomane bangsa Kuru, têtungguling para widagda sikêp saliring gêgaman, pêpêthinganing sujanma kang ambêg utawa, kang wus nyarira kasusilan."

Swantên panguwuhipun tiyang maèwu-èwu makatên wau, têmah angutahakên waspanipun Dèwi Kunthi. Drêsing waspa nglêmpak kalihan riwe, ngantos anêlêsi pranajanipun. Rikala Prabu Drêtarastra midhangêt swantêning ngakathah ingkang ramenipun langkung saking ingkang sampun-sampun, lajêng andangu dhatêng Sang Widura, kalayan sêmu karênan makatên: "Yayi Ksaktri, iki ana apa, têka mangkene ramene swaraning wong, nganti kaya ambêlah-bêlahna bumi."

Atur wangsulanipun Sang Widura makatên: "Dhuh nata binathara, kawuningana, wontênipun swantên ingkang makatên ramenipun punika, awit putranipun kakang Prabu Pandhu, ingkang mijil saking kakang êmbok Dèwi Kunthi, pun Palguna lumêbêt ing gawar, sampun ngrasuk kêre kancana." Rikala punika Prabu Drêtarastra, saking kasoking panggalih ngantos kawiyos pangandikanipun makatên: "Adhuh, putraningsun kang tinitah linuwih, mijil saka Kunthi kang kaanane kaya kayu bong kang sukci, ênggèr, ingsun paring nugraha ngugung sarta ngayomi sira."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi swantên bêngoking têtiyang wau sampun sirêp, Sang Wibatsuh lajêng wiwit mêdhar tiyasa wontên ngarsanipun gurunipun, wujudipun makatên: sara jêmparingipun nama Agnyan, Sang Arjuna sagêd angwontênakên latu agêng, sarana jêmparing wasta Bharuna, sagêd angwontênakên jawah sarana sanjata [san...]

--- 665 ---

[...jata] Waya, sagêd angwontênakên sindhung riwut bayu bajra, sarta mêndhung sakalangkung pêtêng. Sarana sanjata Paryanya, sagêd ngwontênakên samodra dalah pulo-pulonipun. Sarana sanjata Parwatya sagêd angwontênakên parêdèn, dene ingkang kangge nyirnakakên sadaya ingkang sampun dipun wontênakên wau sanjata: Antardana. Sarana ajinipun: Sang Arjuna kêkasihipun Brahmana Drona, sakêdhap katingal agêng, sakêdhap katingal sakalangkung alit, kalamangsa katingal wontên ing sanginggiling kuda pangiriting ratanipun, wontên ing rata ngasta apus, lajêng katingal dharat. Sang Arjuna pancèn tabêri sinau, mila titis anjêmparing, botên wontên lesan ingkang lêpat jinêmparing, sanadyan ingkang tipis, punapa alit utawi agêng, têmtu kenging jêmparing. Sagêd anglêpasakên jêmparing gangsal salêpasan, gangsal pisan sagêd tumancêp ing cangkêming waraha pêpêthan, ingkang minangka lesan, kalihan dipun gèrèt rikat, tuwin dipun enggak-enggokakên. Nalika ngêlès sipat kagantung sarwi kabandhul, ngantos kaping kalih likur lêpasan, botên wontên ingkang botên tumancêp ing lesan. Dhuh, narendra ingkang kalis ing dosa, nalika samantên Sang Arjuna ugi ngatingalakên kalangkunganipun sikêp pêdhang, tamèng, lawung, tuwin gada, sarwi kêkitêr urut gawaring papan pasamuan.

Dhuh, narendra têdhak Bharata, Sang Arjuna anggènipun ngatingalakên sadaya wau, minangka panutuping pasamuan, mila sasampunipun Sang Arjuna kèndêl, sadaya têtabuhan lajêng kasuwuk, swantêning tiyang ugi lajêng sirêp. Ananging kawuningana sinuwun, sami sanalika wau, ing gapuraning kadhaton wontên swantên gumludhug, kadi swantên jêblosing rêdi, tuwuhing swantên samantên soranipun wau, awit inêbing gapura kajêbol dening karosan linangkung. Rikala wontên swantên makatên, sadaya tiyang sami takèn-tinakèn, saha mandêng dhatêng gapura,

--- 666 ---

ucapipun: "Apa iki, apa ana gunung anjêblos, apa bumi anjêmblong, apa gludhug."

Dhuh, sinuwun wêkdal samantên Rêsi Drona jumênêng kinêpang ing Pandhawa gangsal kados rêmbulan dumunung têngah-têngahing lintang asta (wuluh), dene Sang Duryudana jumênêng saking palênggahanipun, kinalang para kadang Kurawa satus, Sang Aswatama wontên ing sacêlakipun Sang Duryudana, ingkang wêkdal punika angumbulakên gadanipun. Makatên ugi para kadangipun, sami anoncongakên dêdamêlipun piyambak-piyambak, kados Bathara Purandara ingurung-urung para dewa, nalika badhe campuh prang mêngsah para danawa.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus tigang dasa pitu saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXXXVIII.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Kawuningana sinuwun, salêbêtipun tiyang pintên-pintên wau taksih takèn-tinakèn, tiyang ningali, ingkang wontên ing margi, saking gapura anjog ing papan ingkang dipun gawari lajêng piyak sarwi mandêng ingkang mêdal saking gapura, inggih punika Sang Karna, pangrurahing satru sêkti, prajurit linangkung ingkang ngagêm kotang kodrat kados para dewa, wadananipun mawi praba, awit kasorotan anting-antingipun. Ing wêkdal samantên prajurit sinakti wau lumêbêt ing gawar kalayan angiwa langkap, sarta anggar sabêt, sinawang kados tugu sinukarta ingkang sagêd lumampah. Sang Karna, prajurit misuwur ing jagad punika tingalipun blalak-blalak, putranipun Dèwi Prita, ingkang kawiyosakên nalika sang dèwi taksih kênya, turasipun Bathara Surya,

--- 667 ---

ingkang cukat kados sima, sarta santosa kados andaka, utawi têtungguling dirada, mawa praba sumunar kados srêngenge, polatanipun sumèh angrêsêpakên kados rêmbulan, tiyasa kadi latu, sariranipun gilig, dêdêgipun lêncir, yèn sinawang kados pucang mas ingkang nêdhêng taruna. Sêkti mandraguna, sagêd amêjahi dirada tuwin andaka amung sarana asta, tabêri ing karya, sadhengah ingkang sinambut rampung kalayan sampurna. Enggalipun Sang Karna tumrap punapa kemawon botên anguciwani. Prajurit ingkang santosa otot balungipun wau, sarêng sampun dumugi satêngah-têngahing kalangan, lajêng tumolèh nganan ngering, wasana atur hormat ing Brahmana Drona miwah Rêsi Krêpa, ananging pasêmonipun kawistara manawi botên anggatosakên, sarta botên wang-wang. Sadaya tiyang ningali cêngêng andulu kawontênanipun Sang Karna. Saking ngungunipun ngantos anjêngèr botên ebah mosik, kados tumancêp ing siti. Pangudaraosipun: Sapa iki, sapa iki. Wasana lajêng jawil-jinawil bisik-binisik, awit sami kêpengin priksa jêjulukipun prajurit ingkang lumêbêt ing gawar wau. Sang Karna, pêpêthinganing sujanma wasis micara, lajêng nguwuh dhatêng Sang Arjuna makatên: "He Parta, mara dulunên anggonku nandukake sarupaning gêgaman, ing kono kowe bakal wêruh kaluwihanku."

Dhuh Prabu Janamêjana, dèrèng ngantos kèndêl panguwuh-uwuhipun Sang Karna dhatêng Sang Arjuna, sadaya ingkang sami ningali lajêng sami ngadêg sêsarêngan, kadosdene kapandukan ing pangwasanipun prajurit sinakti wau. Kawuningana sinuwun, gêgembonging bangsa Kuru, Sang Duryudana, sangêt rêna panggalihipun, nguningani kêkêndêlanipun Sang Karna, ananging Sang Wibatsuh sangêt runtik, tuwin lingsêm, awit rumaos kacêcamah kakêndêlanipun. Sampun sawatawis dangu pangantha-anthaning panggalihipun Sang Karna, sagêdipun tandhing sami ijèn kalihan Sang

--- 668 ---

Arjuna, ananging dèrèng winêngan ing mangsa kala, dene dèrèng wontên palilahing gurunipun. Sasampunipun manguwuh makatên wau, Sang Karna lajêng ngatingalakên kalangkunganipun, angêmbari sadaya kaelokan ingkang sampun dipun wontênakên dening Sang Arjuna.

Dhuh narendra dharah Bharata, dupi sampun rampung Sang Karna anggènipun mêdhar tiyasa, Prabu Anèm Duryudana tuwin para ari sadaya, gêntos-gêntos angrangkul Sang Karna, awit kasok panggalihipun nguningani lêkasipun Sang Karna sadaya wau, wasana Sang Duryudana ngandika dhatêng Sang Karna makatên: "Dhuh prajurit sinakti, kula sangêt ngayubagya lêbêt jêngandika ing pasamuan punika. Dhuh, kang lêbda sikêp saliring dêdamêl, kula ingkang badhe mulyakakên jêngandika. Manawi pinuju ing manah, jêngandika nunggila sapanggenan kalihan kula, jêngandika kula wênangakên murba masesa prajanipun bangsa Kuru."

Atur wangsulanipun Sang Karna: "Dhuh Prabu Anèm Duryudana, kula amung sumangga ing karsa. Sajatosipun panganggêp kula samangke punika sampun kalampahan kados pangandika paduka wau, awit pangajabing manah, botên sanès amung lêbura ing ayahan paduka, sarta sagêda kalampahan prang tandhing mêngsah Arjuna."

Sang Duryudana ngandika malih makatên: "Suwawi sêsarêngan ngêkap kabêgjan ing marcapada, jêngandika mugi kaparênga nampèni pangayomanipun bangsa Kuru. Enggal kêkèsèta rambuting para mêngsah."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Arjuna rumaos kacêcamah, mila lajêng mênguwuh dhatêng Sang Karna. Ing nalika punika taksih ngadêg botên mobah mosik, wontên têngah-têngahipun Kurawa ajêng-ajêngan

--- 669 ---

kalihan Sang Duryudana, panguwuhipun Sang Arjuna dhatêng Sang Karna makatên: "He, Karna, lêbumu ing jêron gawar iku kêna dèn arani nyêla-nyêla sarta lancang pangucap, mula têmtu bakal tigas gulumu dening panahku."

Wangsulanipun Sang Karna makatên: "Wruhanamu Parta, papan iki ora mung kanggo kowe dhewe, nanging sadhengah wong kêna nglêboni. Sumurupa ing marcapada akèh wong sêkti, awit kawajibaning ksatriya, kudu prawira lan kinawasa. Êndi bêcike wong padu, mundhak kaya lêkase wong wadon. He, Palguna, mara gunêman sarana panah-panah bae, iya dina iki uga anggonku kalakon nigas gulumu sarana panah iki, ana ngarsane Brahmana Drona."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Nalika punika Sang Parta lajêng dipun rangkul para kadangipun, sarta sasampunipun pamit dhatêng gurunipun, manawi badhe lumawan Sang Karna, dene Sang Karna sasampunipun kinêkêp-kêkêp dhatêng Sang Duryudana, ingkang lajêng ngasta langkap sarta jêmparingipun, badhe mrawasa Sang Arjuna. Sami sanalika wau ing dirgantara pêtêng, mêndhung ngêndhanu kilat thathit aliwêran, langkap cahya kagunganipun Sang Hyang Indra (kluwung), katingal malêngkung, sunaripun angelam-lami. Sangandhaping mêndhung ngêndhanu wau kathah pêksi kuntul ingkang kêkalangan, mila tiningalan saking ngandhap kados tiyang mèsêm. Ingkang makatên wau mratandhani manawi Bathara Indra rawuh sanginggiling papan ajanging pasamuan, labêt saking sihipun dhatêng ingkang putra.

Kawuningana sinuwun, dupi Sang Hyang Surya priksa manawi Bathara Indra rawuh ing riku, wigatos kêpengin nguningani kalangkunganipun Sang Parta, ugi lajêng karsa nguningani

--- 670 ---

putranipun piyambak. Sadumuginipun sanginggiling kalangan lajêng nyorotakên prabanipun, mila sami sanalika wau, mêndhung ingkang katênggêl sunaring surya lajêng piyak. Dados Sang Arjuna katingalipun amung ngrêgêmêng, awit kaundhukan ing mêndhung, ananging Sang Karna katingal ngalela, awit kasorotan ing srêngenge. Sang Duryudana, inggih Drêtarastra putra, jumênêng sawingkingipun Sang Karna, dene Rêsi Drona miwah Rêsi Krêpa sarta Sang Nararya Bhisma tansah nyêlaki Sang Parta. Têtiyang ingkang ningali, sanalika wau lajêng kadi kapiyak dados kalih golongan, dalah para pawèstri ugi makatên, ingkang sagolongan nyawung Sang Arjuna, gêlêngan sanès-sanèsipun nyawung Sang Karna.

Kawuwusa Dèwi Kunthi, dupi priksa manawi putranipun kalih wau sampun ajêng-ajêngan badhe tandhing prang, lajêng dhawah kantaka. Rikala punika Sang Widura, ingkang botên kewran dhatêng saliring wados, enggal marêpêki. Dèwi Kunthi, nêdya ngusadani mawi pambiyantunipun para cèthi parêkan. Sariranipun ingkang bok ayu dipun êpyur-êpyuri toya tapa kacampur jêbat candhana. Sawungunipun saking kantaka sang dèwi priksa, manawi putranipun sakalihan wau taksih ajêng-ajêngan kalihan sikêp dêdamêl, ananging sang dèwi rumaos kawêkèn anggènipun badhe anyapih anggènipun nêdya prang tandhing.

Kawuningana sinuwun, Risang Saradwataputra (Rêsi Krêpa), ingkang lêbda dhatêng darma tuwin dhatêng wêwatoning têtandhingan, sarêng priksa ingkang sami badhe prang tandhing, lajêng manguwuh sora dhatêng Sang Karna makatên: "Dhuh prajurit linangkung, sadaya tiyang sampun sami priksa manawi Arjuna punika putranipun Dèwi Kunthi ingkang waruju, sarta sampun têtela manawi dharahing narendra bangsa Kuru, balik jêngandika dèrèng

--- 671 ---

kasumêrêpan ing ngakathah, mila prayogi mratelakna sêsilih jêngandika, punapadene jêjulukipun ingkang rama, tuwin ingkang ibu, sarta dharah narendra ing pundi. Awit jêngandika badhe prang tandhing kalihan Sang Parta, mila wajib Parta priksa dhatêng kawontênan jêngandika sadaya wau. Sasampunipun pratitis, Parta saèstu badhe lajêng lumawan prang, ananging manawi darajadipun botên satimbang, Parta saèstu botên purun lumawan, amargi anggêring paprangan mungêl, nistha manawi ksatrya tandhing prang kalihan tiyang ingkang asor bangsanipun."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Rikala Sang Karna mirêng panguwuhipun Rêsi Krêpa makatên wau, pasuryanipun aclum, sarira ngalêntrih kadi sêkar tunjung, lêmês labêt kasangsaya dêrêsing jawah ing mangsa rêndhêng. Kawuningana sinuwun, Sang Duryudana lajêng mangsuli dhatêng Sang Krêpa makatên: "Dhuh guru, pangandika jêngandika wau pratitis sangêt, ananging manawi Arjuna purunipun tandhing prang amung manawi mêngsah narendra, inggih samangke ugi Sang Karna kula jumênêngakên nata ing praja Angga. Awit sêrat sukci mratelakakên, bilih ingkang kenging kajunjung dados narendra punika, dharahing narendra, 2 prajurit linangkung, 3 senapatining paprangan ingkang sawêg nindhihi wadyabala."

Sanalika wau prajurit linangkung Sang Karna, lajêng kalênggahakên ing dhampar kancana, ginrujug ing toya nugraha dening para brahmana putus saliring mantra, sakiwa têngêning palênggahan kasajenan ing klêmuk isi wos, bokor isi sêkar sêkar sêtaman, tuwin lantingan pratola isi toya, dados sampun têtêp jumênêng narendra. Prajurit sinakti ingkang pêkik warninipun wau, samangke siningsongan songsong kaprabon, kinêbutan buntuting Yak, lajêng sinurakan tiyang maèwu-èwu. Dupi sampun sirêp swantêning surakipun ngakathah, Sang Karna matur dhatêng

--- 672 ---

Prabu Anèm Duryudana makatên: "Dhuh, singaning dharah Bharata, punapa ingkang kêdah kula pisungsungakên ing paduka ingkang ajinipun satimbang kalihan sih wilasa paduka ing kula. Dhuh narendra bangsa Kuru, kula badhe minangkani sapamundhutipun sinuwun."

Dhawuh wangsulanipun prabu anèm makatên: "Pangajêng-ajêng kula amung saprakawis, kakang prabu rumêngkua mitra sinarawêdi ing kula." Rikala Prabu Karna dipun pangandikani makatên wau lajêng matur: "Karsanipun yayi prabu tamtu kalêksanan." Sakalihanipun ingkang wawan pangandika wau, lajêng sami rêrangkulan, kanthi sukaning panggalih sarta pawingkingipun sami rumaos bêgja."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus tigang dasa wolu, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXXXIX.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Rikala samantên Adirata, kusir sêpuh, ingkang kulitipun sampun sami kisut, lumêbêt ing nglêbêt gawar lampahipun gruyah-gruyuh sarwi têkênan, kêmulipun kaleweran, kringêtipun gumrobyos, badanipun gumêtêr saking bingahing manahipun.

Dupi Prabu Karna priksa manawi sudarmanipun marêpêki enggal nyèlèhakên langkapipun, lajêng mapagakên, amargi Sang Karna sangêt bêkti dhatêng ingkang mupu sariraranipun.sariranipun Sasampunipun cêlak, Prabu Karna lajêng andhingkluk. Adirata kusiring rata paprangan, gupuh-gupuh anyêndhal kêmulipun, lajêng kakrukupakên badanipun Prabu Karna, sarwi mêmuji widadaning kamulyanipun, kadi lêkasing bapa dhatêng sutanipun.

--- 673 ---