Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855

1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata

Sêrat Mahabarata No. 1

1 Januari 1957

__________

Taun III

Sasampunipun mêmuji lajêng ngrangkul lungayanipun Sang Karna sarwi dipun tangisi, mila sirahipun Prabu Karna ingkang taksih kêmbroh dening toya nugraha wau, samangke ginrujuk malih luhipun Adirata. Nalika Sang Bhima priksa manawi lungayanipun Prabu Karna rinangkul pun Adirata, ing batos anêtêpakên manawi Sang Karna sutanipun kusir, mila lajêng manguwuh sora, kanthi pangangkah nêdya damêl lingsêmipun Sang Karna, panguwuhipun makatên: "He, sutaning kusir, kowe ora mungguh yèn mati prang, lantaran tangane Arjuna. Bêcik anêtêpana wajibing kulawargamu bae, iya iku ngobat-abitake pêcut. He, asor-asoring manusa, kowe ora pantês nyêkêl nagara ing Angga, candrane kaya asu, apa patut yèn diwènèhi martega sisaning sajèn."

"Midhangêt pangerang-erang makatên wau, Sang Karna kumitir lathinipun, sarwi tumênga manginggil mandêng dewaning raina ingkang siniwaka ing awang-awang. Sang Duryudana ingkang ingayap, para kadang sangêt murina, dene Sang Karna kaerang-erang makatên wau, mila jaja bang mawinga-winga, candranipun kadi dirada ngamuk ing patamanan sêkar tunjung, wasana wêngis wêdaling pangandika, makatên: "He, Wêrkudara, pedah apa kowe ngucap mangkono wruhanamu ingatasing ksatrya, kautaman kang luhur dhewe iku pangwasa, mula nadyan mungsuhe iku kaya apa bae asore, iya kudu dilawan prang. Sumurupa Bhimasena, para prajurit linuwih iku candrane kaya kali gêdhe, ora sadhengah wong kang bisa mêruhi êtuke, mangkono uga arang wong kang sumurup, yèn kang anjalari panasing jagad iki dayaning gêni ing sajroning banyu, apadene pilih wong kang ngêrti, yèn gêlap kang nyirnakake sakèhing danawa iku dumadi saka igane Bathara Dhatici. Bathara

--- 674 ---

Guha kang kaloka, iku têtela dumadi saka panunggale para jawata, kongsi ora kasumurupan dewa êndi kang dadi jêjêre, sawênèh ngarani Bathara Agni, ana kang ngarani Bathara Kartika, liyane ngarani Bathara Rudra, malah sawênèh ana kang ngarani yèn Dèwi Gangga. Aku lan kowe wus padha sumurup, yèn kang tinitahake wujud manusa, linairake dadi ksatriya ing jaman iki, ing nguni bangsa brahmana. Kowe wêruh yèn Maharsi Wiswamitra lan liya-liyane manèh sawatara, iku sakawit ksatriya, ewasemono bisa anggayuh kamulyaning brahma kang langgêng. Pêpêthinganing para tarampil sikêp gêgaman, iya iku guruku lan gurumu, apa kowe durung sumurup, yèn kababarake ana sajroning drona, dene yèn Rêsi Krêpa ana ing garumbulan sukêt. Kajaba kang wus dak tuturake, kowe dhewe dalah kadang-kadangmu kabèh, sapa kang nitisake, iku aku ora kakilapan, mara pikirên Wêrkudara, apa kidang bisa anak-anak macan, kaya mangkono mau kaanane Prabu Karna, kang mancorong cahyane kongsi kaya srêngenge, wirasate sarwa bêcik, wiwit kamiyosake wus ngagêm kotang kang kêlèt lan sarirane, sarta anting-anting, apa mèmpêr yèn sutaning wong asor drajade? Ratu iki pantês jumênêng nata binathara, dadi ora mung mangrèh ing Angga bae, awit sêkti mandraguna sarta kinawasa, mula aku tansah miranti arêp nglêksanani êndi kang kinarsakake. Manawa ing kene ana wong ewa, mêruhi tandukku marang kakang Prabu Karna, enggal munggaha ing rata paprangan, mênthanga langkap, sarta majua ing ngarêpku, têntu banjur dak papagake ijèn."

Sami sanalika wau lajêng umyung swantêning tiyang ningali, rêmbagipun sami nglêrêsakên pangandikanipun Sang Duryudana, ananging kuciwa dene lajêng katungka sêraping surya, mila Prabu Anèm Duryudana lajêng nganthi Prabu Karna kaajak kondur, lampahipun mawi kaurung-urung ing wadya ambêkta obor, kathahipun tanpa petangan. Dene para

--- 675 ---

Pandhawa kairit Sang Bhisma, Rêsi Drona tuwin Rêsi Krêpa, kondur dhatêng padalêmanipun, ugi mawi ingurung-urung wadya ambêkta obor. Têtiyang ingkang sami ningali lajêng bibaran mantuk dhatêng griyanipun piyambak-piyambak, ananging salêbêtipun lumampah sami rêraosan, manawi pasamuan dintên punika wau, ingkang pantês kaalêmbana Sang Arjuna, sawênèhipun mungêl manawi Sang Karna, sawênèhipun malih Sang Duryudana. Dèwi Kunthi sakalangkung rêna panggalihipun, awit katitik saking pangagêmanipun Sang Karna têtela putranipun, samangke sampun jumênêng nata ing praja Angga. Makatên wau lumrah kadi manahipun sabên biyung, saèstu sangêt sih dhatêng sutanipun jalêr. Dhuh, narendra têdhak Bharata, dupi Prabu Anèm Duryudana sampun prajanji mamitran kalihan Prabu Karna, lajêng sirna girisipun dhatêng kalangkunganipun Sang Arjuna manawi sikêp saliring dêdamêl, awit Sang Karna pêpêthinganing prajurit linangkung wau, tansah ngecani panggalihipun Sang Duryudana sarana sagah anyirnakakên mêngsahipun sang prabu anèm. Kosok wangsunglipun Sang Yudhisthira saya anglês raosing panggalih, ngakêni manawi ing salumahing bantala, sakurêping akasa botên wontên prajurit sura sêkti mandraguna ingkang satimbang kalihan Sang Karna.

Dumugi samantên wêkasipun bab kaping satus tigang dasa sanga, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXL.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Dupi para Pandhawa sarta para Kurawa sampun têtela botên-botên[1] kewran sikêp saliring dêdamêl sarta rakit gêlaring prang, Rêsi Drona rumaos bilih para rajaputra wau sampun pantês katagih prajanjinipun, mila lajêng cariyos makatên: "Ênggèr, pituwas ingkang agêng piyambak tumrap kula, manawi jêngandika sagêd mikut Prabu Drupada

--- 676 ---

wontên ing paprangan, lajêng kapasrahna ing kula sampun dados bandan. Para rajaputra wau mirêng pangandikanipun gurunipun makatên wau sami saur pêksi. "Nuwun sêndika guru, kula ingkang badhe minangkani pamundhutipun bhagawan."

Sasampunipun matur makatên, para ksatrya linangkung wau lajêng sami nitih ratanipun piyambak-piyambak, karsanipun badhe nglurug dhatêng Pancala kalihan jujuling panggalih, awit sami kêpengin atur pisungsung ing gurunipun, minangka pituwas anggènipun sampun winarah saliring kawruh. Dupi sampun samêkta sagêgamaning prang, enggal sami pangkat. Dene Brahmana Drona lumampah sawingkinging baris. Sadumugining Pancala, anêluk-nêlukakên, ingkang ugi lajêng kapapagakên dhatêng tiyang Pancala sami nêdya ngalang-alangi lêbêtipun barisaning bangsa Guru,[2] ananging kasêsêr, mila lajêng sami mundur lumêbêt ing kitha. Rame swantênipun tiyang isining nagari, awit kitha lajêng kinêpung wakul binaya mangap dhatêng barisan bangsa Kuru.

Kawuwusa, Sang Duryudana, Sang Karna tuwin Sang Yuyutsuh ingkang pilih tandhing ing ngayuda, Sang Dursasana Sang Wikarna, Sang Jalasandha, Sang Sulecana sarta para putra têtungguling ngayuda sanès-sanèsipun, ingkang sura sakti, sami ngatingalakên kakêndêlan sarta kasagêdanipun ngajêngakên baris, manawi ambujêng mêngsah. Ajêngipun para rajaputra wau taksih lêstantun sami wahana rata, kaurung-urung ing wadya kêkapalan. Sadumugining watês kitha lajêng angêbroki sakathahing margi ingkang saking nglêbêt kitha.

Kawuningana sinuwun, rikala Prabu Yajnasena, nata ing Pancala sawêg nampèni wadya jagi tamping ingkang atur uninga manawi wontên parangmuka agêng dhatêng, sang prabu lajêng midhangêt suwantên suraking mêngsah, mila sang prabu lajêng angêdali prang amung

--- 677 ---

kadhèrèkakên para santana kemawon. Sadumugining sakèthèng Sang Prabu Pancala lajêng ingudanan jêmparing sarta sinurakan ing mêngsahipun. Nanging Prabu Drupada têtela pinunjul sasamining ksatrya, mila botên miris dening jêmparing ing mêngsah, ingkang dhumawahipun gumrujuk pindha jawah ing mangsa labuh. Ewadene botên kanggêg panêmpuhipun, kalayan wahana rata pulas pêthak, barubul wêdaling jêmparing saking langkapipun sang prabu, têmah angêbêki ing awang-awang.

Kawuningana sinuwun, sadèrèngipun kapapagakên dhatêng Prabu Drupada, nalika Sang Arjuna priksa para kadang Kurawa sami sêsumbar maciya-ciya, lajêng matur dhatêng gurunipun makatên: "Dhuh, guru, pêpêthinganing para brahmana, pandugi kula Nata Pancala botên sagêd kacêpêng dening para Kurawa, ewadene majêng kula dhatêng paprangan ngêntosi manawi kakang Duryudana dalah para ari sampun dumugi anggènipun ngatingalakên kaprawiranipun kemawon.

Para Pandhawa sanèsipun mirêng aturipun Sang Arjuna makatên wau, lajêng sami kèndêl sajawining kitha, watawis sa-êpal. Kacariyos Prabu Drupada nêmpuh barisaning Kurawa kalihan botên kêndhat-kêndhat anjawahi jêmparing, pintên-pintên wadya Kurawa ingkang pêjah kenging jêmparingipun sang prabu, mila sami miris manahipun, rumaos manawi Prabu Drupada dados kathah, awit dhumawahing jêmparing pramana, botên wontên ingkang dhumawah ing siti, sadaya tumancêp ing angganing mêngsahipun. Ing nalika samantên kapiyarsa swantêning kalasangka, tambur, bêdhug tuwin sanès-sanèsipun, kaungêlakên dening tiyang isining kitha Pancala, mratandhani badhe ngêmpal nêdya mapagakên mêngsah ingkang dhatêngipun botên kanyana-nyana. Dupi sampun kêmpal, lajêng mêdal dhatêng paprangan kalihan surak-surak swantênipun jajah ambêlah-bêlahna bantala. Sasampunipun rakit gêlar, lajêng sami nglêpasakên [nglê...]

--- 678 ---

[...pasakên] jêmparingipun, swantênpun[3] nggêrêng anggêgirisi. Kathah wadyabala bangsa Kuru ingkang karisakan, mila têtindhihipun lajêng sami pêpulih, sêsarêngan anglêpaskên jêmparingipun pêpilihan. Prabu Drupada, putranipun Prabu Prisatha, ingkang pilih tandhing ing prang, botên kewran kaêbyukan ing jêmparinging Kurawa, malah lajêng nyandêrakên ratanipun lumêbêt barisaning mêngsah. Saking sruning panyandêripun, rodhaning rata kadi murup-murupa. Rikala punika Prabu Anèm Duryudana, dalah para kadang sanès-sanèsipun, punapadene Sang Karna, ingkang sakalangkung prawira, sami kasêsêr prangipun. Dados pangamukipun Prabu Drupada wau kadi angumbah kumlungkungipun para Kurawa. Barisan Pancala dupi priksa ratunipun lumêbêt barisaning mêngsah, lajêng sami anututi, mila barisan Kurawa mawut-mawut kadi gabah dèn intêri, têmah mundur sarwi nguwuh sora, nêdha pambiyantunipun Pandhawa.

Dhuh, Prabu Janamêjaya, rikala Pandhawa mirêng swantênipun Kurawa ingkang sêsambat nêdha pitulungan, lajêng sami pamit dhatêng gurunipun, badhe ngêdali prang. Sasampunipun linilan, Sang Arjuna lajêng matur dhatêng ingkang raka Sang Yudhisthira, supados sampun tumut-tumut magut jurit, manawi para ari dèrèng sirna, amung Sang Nakula tuwin Sang Sahadewa kadhawuhan ngapit-apit ratanipun Sang Arjuna, dene Sang Wrêkudara wontên sangajênging rata kalihan sikêp gada. Dèrèng ngantos kèndêl pangandikanipun Sang Arjuna, katungka mirêng swantên surakipun barisan Pancala, ingkang ambujêng unduripun tiyang Hastina, mila Sang Arjuna enggal dhawuh dhatêng kusir, supados ratanipun lajêng katêmpuhna barisan Pancala. Kusir enggal nyengkrak kuda pangirit, ingkang lajêng nyandêr, laraping rata kados jêmparing, swantênipun rodha gumaludhug anggêgêtêri. Sang Bhima lumajêng sangajênging ratanipun Sang Arjuna,

--- 679 ---

kalihan angobat-abitakên gadanipun sakêlangkung agêng, sarwi gêrêng-gêrêng kadi Bathara Kala nêdya nglêbur bawana, candranipun Sang Bhima nalika nêmpuh barisan Pancala, kadi mangkara anggêbyur samodra, nalika nuju ombak mawalikan. Ingkang katêmpuh rumiyin dening para Pandhawa barisan dipangga. Pintên-pintên gajah agêng-agêng, ingkang rêmuk sirahipun dhumawah ing siti, dening gadanipun panênggak Pandhawa, kados rêdi sela sigar sinambêr gêlap. Pandhawa sakawan wau damêl risakipun gêlaring barisan Pancala, pintên-pintên prajurit rata, dipangga, kapal tuwin dharat, ngantos maèwu-èwu ingkang pêjah, tiningalan kados sato ingkang kaumbar ing ara-ara, kagiring pangènipun.

Kados punapa pangantasaning panggilihipun Sang Arjuna, anggènipun nêdya malês sihing gurunipun, mila èsthining panggalih enggal sagêda pinanggih kalihan Prabu Drupada. Kados jawah wêdaling jêmparingipun Sang Arjuna. Rikala Prabu Drupada kaêbyukan jêmparingipun Sang Arjuna, enggal nilar ratanipun, lajêng wahana dipangga kalihan sikêp gada, karsanipun badhe lajêng angrêmuk mêngsahipun ingkang anggêgirisi wau, ananging dèrèng sapintêna ajêngipun, sang prabu lajêng kuntal saking dipangga, awit kabuncang dening jêmparingipun Sang Palguna. Dhuh, sinuwun, Sang Arjuna ngamuk punggung nirbaya nirwikara, tandangipun kadi banthèng tawan-kanin, adrênging karsanipun badhe angrisak mêngsah wau, upami katingala, mangalad-alad kadi latu panglêburing jagad, nalika mangsa kukuting bawana. Tanpa petangan kathahing pêpêjah, rêmukan rata, bathanging turangga, tuwin dipangga, ambalasah ngêbaki ing margi-margi. Barisan bangsa Srinjaya, dupi priksa karisakanipun bangsa Pancala, lajêng nêmpuh Sang Arjuna, kalihan riwut tandangipun, sampun botên ngetang pêjah, angudani jêmparing kalihan bêkik-bêkik. Mila saya rame swantêning paprangan. Kados punapa sukaning panggalihipun Sang Indratanaya,

--- 680 ---

sarêng kinêmbulan ing mêngsah, ingkang sarwi ambêkik-bêkik wau, mila lajêng ngamuk punggung, kanthi kakêndêlan ingkang tanpa timbang.

Campuhipun Pandhawa kalihan bangsa Srinjaya, sakalangkung rame, bangsa Srinjaya botên kêndhat surak tuwin alok, mila swantênipun yayah angorêgakên bantala. Prabu Pancala, ingkang taksih dipun tut wingking senapatinipun pêparap Sang Satyajit, enggal nêmpuh Sang Arjuna, kados Asura Samwara nalika nêmpuh ratuning dewa ing jaman kina. Ananging ajênging ksatrya linangkung wau kanggêg dening drêsing jêmparingipun Sang Arjuna. Kathahing jêmparing ingkang lumarap saking langkapipun Sang Arjuna ngantos angêbêki papan Prabu Drupada botên sagêd andulu dhatêng mêngsah, awit kalimputan jêmparing, kados mêndhung anglimput rêdi. Wadyabalanipun Prabu Drupada bingung ulêng-ulêngan, kados golonganing lêmbu manawi têtunggulipun tinubruk ing singa. Kawuningana sinuwun, rikala Sang Arjuna priksa Prabu Drupada majêng, enggal dipun papagakên, karsanipun badhe dipun tubruk, ananging kanggêg awit dipun cêgati Sang Satyajit. Dados Sang Arjuna lajêng ajêng-ajêngan kalihan Senapati Pancala sinakti wau, sarta atandhing tiyasa. Sang Arjuna angêtog krodhanipun, enggal anjawahi jêmparing. Wêdaling jêmparing saking langkap langkung saking ingkang sampun-sampun, ngantos damêl gawokipun ingkang sami ningali ewadene sagêd kataman jêmparingipun Sang Satyajit, satus dhawah sarêng ing sariranipun. Ananging Sang Palguna, prajurit sinakti, nalika kataman jêmparing satus, malah kados ginugah kasudiraipun,[4] enggal angêncêngakên kêndhênging langkap, murih saya sêru lumêpasing jêmparingipun, dados botên sagêd katulak dening sakathahing tangkis. Kalampahan jêmparingipun Sang Arjuna sagêd mutung langkapipun senapati sura sêkti wau. Prabu Drupada lajêng nalabung saking kanan. Salêbêtipun Sang Arjuna ajêng-ajêngan

--- 681 ---

kalihan Prabu Drupada, Sang Satyajit enggal ngasta langkap sanèsipun ingkang langkung kiyat, sarta lajêng nglêpasi jêmparing malih. Ing ngriku kuda pangirit rata tuwin kusiripun Sang Arjuna ajur dening jêmparingipun Sang Satyajid. Sang Parta jaja bang mawinga-winga, gêntos nglêpasi mêngsahipun sarana jêmparing linangkung, karsanipun nêdya ngêndhak mêngsahipun. Wêdaling jêmparing saking langkap tanpa kêndhat angêbyuki Sang Satyajid, mila rata dalah pangiritipun, kusir, daludak sarta wadya inukang[5] ngampil dêdamêl, sami lêbur dening jêmparingipun Sang Arjuna. Langkapipun Sang Satyajid pêdhot malih, sabên ngasta langkap, dèrèng ngantos kapênthang sampun ajur, rambah-rambah Sang Satyajid santun rata, ananging ugi rêmuk kenging jêmparing, mila lajêng angunduri.

Rikala Prabu Drupada priksa manawi sênapatinipun kasoran, enggal apêpulih, ngadani jêmparing dhatêng Sang Arjuna kalihan sangêt mangigit-igit, ananging Sang Arjuna ingkang pilih tandhing ing prang, botên kewran ingudanan jêmparing, malah sangsaya gambira pangamukipun kados andaka liwung. Dèrèng ngantos dangu kusiring rata sarta daludakipun Prabu Drupada, ajur dening jêmparingipun Sang Arjuna, dene sang prabu dhawah ing siti. Rikala Sang Arjuna priksa Sang Prabu Drupada gumuling ing siti, enggal nyèlèhakên langkapipun lajêng mandhap saking rata kalihan anarik sabêtipun suduk, marêpêki Prabu Drupada kalayan sêsumbar. Sang Prabu Drupada dangu botên jumênêng, mila enggal cinandhak, kados sang grudha nyaut naga ingkang wontên salêbêting sagantên. Wadyabala Pancala sarêng priksa ratunipun sampun kapikut ing mêngsah, lajêng lumajêng asasaran."

--- 682 ---

Sang Arjuna sasampunipun amboyong Prabu Drupada, sarta sampun katingal kalangkunganipun wontên paprangan, lajêng wangsul dhatêng ngarsanipun gurunipun. Nalika para rajaputra Hastinapura priksa manawi Sang Arjuna wangsul kalayan anawan Prabu Pancala, lajêng sami anjarah rajadarbèkipun tiyang Pancala, mila Sang Arjuna lajêng matur dhatêng ingkang raka Sang Bhima, makatên: "Kakang mas nadyan Prabu Drupada pêpêthinganing narendra punika ing mangke sampun kapikut dening gambening bangsa Kuru, ananging bangsa Kuru botên darbe wêwênang ngrisak wadyabalanipun, wajibipun para ksatrya bangsa Kuru amung ngaturakên Prabu Drupada dhatêng Sang Maharsi Drona, minangka pituwas anggènipun sampun paring piwulang."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Prabu Janamêjaya sanadyan Sang Bhima dèrèng lêga raosing panggalih anggènipun bandayuda, ewadene ugi lajêng kanggêg, awit saking aturipun Sang Arjuna. Nalika samantên para Pandhawa tuwin para Drêtarastra putra lajêng sami marak ing gurunipun, ngaturakên tawananipun, inggih punika Prabu Drupada, dalah para nayaka tuwin srayanipun. Kawuningana sinuwun, nalika Rêsi Drona priksa Prabu Drupada sampun kabanda, kairit para mêngsahipun, dados sampun tanpa aji, rajabrananipun sampun kajarah, sang rêsi lajêng katêtangi èngêtipun dhatêng panyiya-nyiyanipun sang prabu ing sariranpun, mila lajêng ngandika makatên: "Prabu Drupada samangke praja jêngandika sajajahanipun dados wêwênang kula, awit dados jarahan ungguling prang, malah pêjah gêsang jêngandika sampun wontên purba wasesaning mêngsah jêngandika, ananging sang prabu sampun nyumêlangakên sadaya wau. Amung panêdha kula kêparênga anjawab pitakèn kula, punapa jêngandika taksih karsa nglêstantunakên mamitran kalihan kula."

Sasampunipun punika Rêsi Drona ngandika malih: "Dhuh, narendra kang sura sêkti, saèstu jêngandika botên kakilapan,

--- 683 ---

manawi brahmana sami ngêgungakên apura paramarta, dhuh ksatriya pêpêthingan, kula botên kasupèn manawi nalika taksih sami alit nate tatunggilan kalihan jêngandika ngantos watawis dangu, inggih punika nalika sami wontên pratapan, mila sih trêsna kula ing jêngandika lêstantun cumithak wontên ing pamanah kula. Dhuh Prabu Drupada, pangajêng-ajêng kula, kula sagêda pawong mitra malih kalayan jêngandika, mila mugi katampènana sapalihing nagari jêngandika piyambak, ingkang samangke sampun kula jarah, minangka pisungsung kula ing jêngandika, dados jêngandika tampi wangsulipun nagari jêngandika sapalih pangangkah kula botên sanès, amung saking anggèn kula kêpengin sagêdipun têtêp kados pangandikanipun sang prabu ing nguni, ingkang mratelakan[6] manawi sanèsipun narendra botên sagêd mamitran kalihan ratu, mila nagari Pancala kula pêndhêt sapalih punika amung dadosa sarana manawi kula sampun satimbang kalihan jêngandika. Wiwit dintên kalênggahan punika, jêngandika ngratonana nagari Pancala, talatah sakiduling lèpèn Bhagirati, dene talatah salèring lèpèn, kula ingkang ngratoni, saking panyuwun kula yayi prabu kêparênga ngakêni mitra ing jasat kula malih."

Sarêng Prabu Drupada mirêng pangandika wau, lajêng mangsuli: "Dhuh, kakang brahmana, jêngandika têtela brahmana ingkang sêkti mandraguna, sarta luhuring buddhi, katandha makatên agênging sih kamirahan ijêngandika. Kados punapa bingahing manah kula, dene kakang rêsi makatên pamêngkunipun ing kula, mila pamuji kula mugi kula kuwawi dados mitranipun kakang rêsi salami-laminipun."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh têdhak Bharata, sasampunipun mangsuli makatên, Prabu Drupada lajêng dipun luwari saking anggènipun dados tawanan, sarta kapasrahan sapalihing nagari Pancala, punapadene kajumênêngakên narendra malih, mangrèh nagari Pancala iring kidul, ngadhaton ing kitha Kapil, dumunung talatah Makandhi, satêpining lèpèn Gangga. Ing tanah Makandhi kathah

--- 684 ---

kithanipu[7] agêng alit. Sang Prabu Drupada wontênipun ing kadhaton Makandhi wau, kalayan nawung raos duhkita, dene anggènipun prang mêngsah Rêsi Drona kasoran, têmah amung ngratoni sapalihing prajanipun, inggih punika pasitèn saantawisipun lèpèn Gangga kalihan lèpèn Carmanwati. Wiwit nalika samantên Prabu Drupada sawêg pitados, bilih Brahmana Drona botên sagêd kasoran dening kasêktèning ksatriya. Mangka sang prabu dèrèng sapintêna pangudinipun dhatêng kasêktèning brahmana. Saya dangu saya nglantur prihatosipun, mila lajêng lêlana njajah nagari, wigatos ngupados sarana sagêdipun apêputra, ingkang mênang kalihan Rêsi Drona.

"Dene Rêsi Drona lajêng dêdunung wontên ing praja Aikcakra. Kawuningana sinuwun, ing wawêngkon Aikcakra ugi dados kados ing Pancala iring kidul, inggih kathah kitha-kithanipun agêng-agêng, punapadene ingkang alit-alit. Mênggah ing Sang Arjuna tansah ambêdhah nagari nêlukakên ratu pintên-pintên, ingkang lajêng kapisungsungakên ing gurunipun."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus kawan dasa, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXLI.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana wiwit cariyos malih: "Sataun watawisipun, kalihan lêlampahan ingkang sampun kula cariyosakên, Prabu Drêtarastra misudha Sang Yudhisthira, dados pangran dipati anom, sarta ginadhang gumantos ngasta pusaraning praja, awit kajawi saking sihipun sang prabu dhatêng Yudhisthira, sang prabu ugi sampun maspadakakên dangu, manawi Sang Yudhisthira têtela ambêg sudira, santosa, momot, mêmbat, prasaja sarta botên nate nalisir saking adil. Botên watawis dangu kalihan anggènipun kajumênêngakên pangeran dipati wau, Sang Yudhisthira lajêng katingal kemawon kalangkunganipun, ingatasing panindak sarta ambêgipun, pangatos-atosipun manawi

--- 685 ---

nindakakên kawajiban, ngantos langkung saking ingkang rama, Sang Prabu Pandhu. Manawi Sang Wrêkudara, panênggak Pandhawa, lêstantun anggènipun ngudi indhaking tarampilipun sikêp gada tuwin sabêt sarta ngusiri rata paprangan. Anggènipun puruhita kawruh tigang warni wau dhatêng Sang Karsana (Baladewa-Balarama), mila saya wimbuh kasoran tuwin kaprawiranipun, awit tansah ginagulang, tuwin sangêt sih dhatêng para kadang. Dene Sang Palguna, sampun misuwur ing jagad têtiga dhatêng prakawis kaprigêlanipun sikêp saliring dêdamêl, cukat tandangipun, titis, sarta sagêd anamakakên dêdamêl ingkang nami: Kasura, Naraca, Bala, tuwin Pisatha. Dados têtela manawi Sang Arjuna botên kewran nandukakên dêdamêl wujud kados punapa kemawon, punapa dêdamêl ingkang wangunipun lèmpèng, malêngkung, êluk kathah, tuwin ingkang awrat wawratipun. Rêsi Drona piyambak sampun ngakêni bilih Sang Arjuna, ingatasipun sikêp dêdamêl prang, salumahing bawana botên wontên ingkang nimbangi.

"Nuju satunggiling dintên, Rêsi Drona wontên ngarsanipun para rajaputra bangsa Kuru, ngandika dhatêng Sang Arjuna makatên: "Kawuningana anggèr, siswanipun Rêsi Agastiya ing nguni wontên satunggal ingkang linangkung kasagêdanipun sikêp dêdamêl prang, parapipun Rêsi Agniwesa. Panjênênganipun sang rêsi wau guru kula, sarta kula punika siswanipun ingkang kinasih, awit saking katuju ing prana, dene tapa brata kula têtêp kados dhawuhipun, mila sang rêsi lajêng angganjar dêdamêl nami: Brahmasirah dhatêng kula. Brahmasirah botên nate nguciwani, ampuh kados balêdhèg, jagad saisinipun punika botên wontên ingkang botên kobar manawi kataman dêdamêl wau. Kabêkta saking sihipun sang maharsi, kula kawênangakên, masrahakên Brahmasirah dhatêng siswa kula, ananging nalika guru kula maringakên dêdamêl wau mawi ngandika makatên: "Kulup, Bharatwajaputra, Brahmasirah aja pisan-pisan sira tamakake marang titahing dewa kang wujud manusa, luwih manèh manawa wong mau ora sapira kasêktène.

--- 686 ---

"Dhuh, panêngah Pandhawa, sarèhning salumahing bawana sakurêping akasa, botên wontên ingkang sayogi anggadhuh Brahmasirah, kajawi anak anggèr, mila suwawi lajêng dipun tampènana. Piwêling kula dhatêng jêngandika sampun ngantos nêrak pêpalinipun Rêsi Agniwesa, kados ingkang sampun kula cariyosakên wau. Minangka wawangulan[8] anggènipun anak anggèr tampi Brahmasirah, jêngandika kêdah prasêtya badhe mituruti panêdha kula, mawi sinêksèn para kadang warga."

Sasampunipun Sang Arjuna sumanggêm badhe ngèstokakên, Rêsi Drona ngandika malih makatên: "Dhuh anggèr panêngah Pandhawa, manawi kula pinêksa dening kawajiban, kêdah prang mêngsah jêngandika, jêngandika kêdah lumawan, sampun ngantos mingkuh."

Sanalika wau bêbanthènging dharah Kuru lajêng prasêtya badhe miturut, wontên ngarsanipun para kadang Pandhawa, tuwin para Kurawa. Satêlasing prasêtyanipun, Sang Arjuna enggal nyungkêmi padaning gurunipun, sasampunipun punika, Sang Arjuna jumênêng lajêng lumampah ngalèr. Sami sanalika wau, ing awang-awang wontên swantên gumlêgêr, sêmunipun jagad ugi nêksèni, manawi salumahing bantala sakurêping akasa botên wontên manusa ingkang wasisipun jêmparing satimbang kalihan Sang Arjuna. Ngantos damêl girisipun ingkang sami tumingal, manawi Sang Arjuna sampun sikêp dêdamêl nêdya mapagakên mêngsah. Sang Sahadewa lêbda dhatêng kasusilan, sarta sampurna dhatêng kawruh praja, awit saking piwulangipun Bhathara Wrahaspati. Sang Nakula dipun sihi dening para kadang, sarta wasis rakit gêlaring ngayuda tuwin sampun ngancik darajading Atirata. Para Pandhawa têtela linangkung, ngantos sagêd unggul prangipun mêngsah narendra agung, ingkang jêjuluk Prabu Suwira, mangka Prabu Suwira wau sampun kalampahan damêl sêsaji ngantos tigang taun muput, sarta sampun unggul prang mêngsah para gandarwa. Sanadyan Prabu Pandhu botên sagêd nêlukakên Prabu Suwira, ratuning bangsa Yawana wau, ewadene sang prabu kalampahan dados tawanan, sarêng tandhing [tan...]

--- 687 ---

[...dhing] prang kalihan Sang Arjuna. Wontên malih narendra bangsa Suwira, ingkang sinêbut ing asma Mahaprabu Wipula. Panjênênganipun sang prabu wau mandraguna sura sêkti, sarta tansah ngatingalakên botên wangwangipun dhatêng para ksatriya bangsa Kuru, ewadene ugi kalampahan kasoran yudanipun, dupi tandhing tiyasa kalihan Sang Arjuna. Sarana dêdamêlipun Sang Arjuna sampun sagêd mikut Prabu Sumitra, ugi narendra bangsa Suwira, ingkang tansah nantang para ksatriya dharah Kuru. Sang Arjuna panêngah Pandhawa, kanthi pambiyantunipun ingkang raka Sang Bhima, amung sarana rata satunggal, kalampahan sagêd nêlukakên sadaya para nata bang wetan. Sang Arjuna lajêng nêlukakên para nata bang kidul, mila kunduripun Sang Dananjaya dhatêng Hastinapura kalihan ambêkta jarahan sakalangkung kathah.

"Para Pandhawa têtungguling para ksatriya, ingkang misuwur ing jagad, saya dangu saya agêng jajahanipun, awit tansah lêlana andon yuda. Kacariyos dupi Prabu Drêtarastra sampun têtela pamirêngipun, bilih para Pandhawa pinunjul kaprawiranipun, sang prabu sangêt kuwatos, rintên dalu panggalihipun sang prabu tansah mêlang-mêlang, ngantos botên sagêd sare."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sêkawan dasa satunggal saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXLII.

SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Drêtarastra dupi priksa katiyasanipun para Pandhawa, têtela yèn pinunjul sasamining titah, panggalihipun sangêt sumêlang, mila sangêt prihatos. Nuju satunggaling dintên, sang prabu nimbali têtungguling nayaka ing Hastinapura, ingkang pêparab Brahmana Kanika. Sang Brahmana Kanika lêbda dhatêng kawruh praja, mila botên kewran mudhar sagung ruwêt rêntênging nagari. Sasampunipun sowan, sang prabu lajêng ngandika dhatêng sang brahmana, makatên: "Hèh,

--- 688 ---

Kanika pêpêthinganing para brahmana, sira mêsthine wus sumurup, manawa jagad samêngko iki karêgêm ing pangwasane Pandhawa. Ingsun bangêt mèri marang kaluwihane Pandhawa, mulane Kanika kapriye mungguh panêmunira, apa Pandhawa bêcik banjur disirnakake sarana prang, apa ora, mara ngaturna pamrayoganira, manawa ingsun rasa pakolih têmtu ingsun turut.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi Sang Kanika, pêpêthinganing para olah praja wau tampi dhawuhipun sang prabu, enggal ngaturakên sapamanggihipun, kalihan pasêmon ingkang mratandhani, bilih ingkang dados prihatosipun sang prabu wau, gampil kemawon dipun saranani, sarta pamrayogi wau agêng pigunanipun tumraping praja.

Aturipun Brahmana Kanika makatên: "Dhuh, narendra ingkang tanpa dosa, suwawi dipun piyarsakna aturipun Kanika. Dhuh, pêpêthinganing narendra têdhak Kuru, pangajêng-ajêng kula, manawi atur kula wau botên dados panujuning panggalih, sampun dados jalaraning dêduka. Kawuningana wajibing narendra kêdah angêgungakên kaprayitnan, sarta kêdah mirantos badhe andhawahakên gadanipun, pikajêngipun, manawi wontên rubêda sawanci-wanci lajêng dipun sirnakna. Ratu kêdah ngêgungakên kasantosan, ingkang brukut anggènipun nasapi kalintuning tindakipun, sarta sampun kirang waspada dhatêng saebah osiking mêngsah, murih sabên mêngsahipun wau weya lajêng sagêd marjaya. Manawi narendra sarwa samêkta sarta agêng pêngatos-atosipun, saèstu kèringan ing liyan praja. Narendra kêdah piyangkuh murih botên camah. Narendra kêdah kathah pangrekanipun supados manawi wontên kuciwanipun, botên sagêd kasumêrêpan mêngsahipun, sarta kêdah api-api ringkih murih botên dipun sanggarunggèni mêngsahipun, dados gampil anggènipun nyumêrapi wêwadosing mêngsah, wasana gampil manawi amrih sirnanipun. Narendra sagêda anyingitakên karsanipun, kadosdene bulus, bilih mangkêrêtakên sirah tuwin sukunipun dhatêng ing thothokipun. Sadaya pakaryan kêdah rampung, awit pakaryan ingkang botên rampung punika candranipun kados tiyang

--- 689 ---

katlusubên, manawi botên ngantos têlas pamêndhêtipun êri wau, saèstu anjalari abuh. Panjênêngan nata kêdah angganjar sarta ngalêmbana para ingkang sagêd nyirnakakên mêngsah, sarta tiyang ingkang sagêd munah sintêna ingkang ngrubeda ing panjênêngan nata. Bilih mêngsahipun wau sakalangkung sêkti, tansah dipun waspadakna sarana têlik, sagêda sumêrap pundi pangapêsanipun, lajêng dipun parwasaa sasirnanipun, sampun ngantos kadangon, sanadyan mêngsahipun wau mandraguna sura sêkti. Narendra botên kenging nyapèlèkakên mêngsah, sanadyan mêngsahipun wau têmên tanpa kêkiyatan. Mêngsah punika candranipun kados latu sapêlik, marêmên saking sakêdhik, wêkasan sagêd ambrastha wana agêng. Ratu kêdah sampun ngantos kêkilapan dhatêng samukawis, nanging kêdah sagêd api-api botên mirêng utawi botên wuninga, saliring lêlampahan ingkang kadadosan ing wawêngkonipun, dados dhumawah ing wasesanipun sang prabu punika lajêng kaanggêp saking botên wuninganipun sang prabu, botên saking kalintuning tindak. Narendra kêdah wasis sikêp saliring dêdamêl, ananging sampun ngantos kasumêrapan ing ngakathah, nulata lêkasipun sangsam pangiriting golongan sangsam, manawi nuju tilêm wontên ing wana, upami ing wawêngkonipun panjênêngan nata wontên tiyang ingkang kagalih makèwêdi enggal dipun sirnakna. Lampah anggènipun nyirnakakên wau kenging sarana dhêdhêmitan utawi kasumêrêpan ing tiyang, sanadyan tiyang wau angasih-asih, ampun ngantos dipun apura malih. Mêngsah punapa kawula ingkang têtela sampun nate miawon ing panjênêngan nata kêdah kasirnakakên, sanadyan upaminipun ngantos maragad punapa kemawon, awit sirnaning mêngsah punika damêl têntrêming panggalih.

Kawuningana sinuwun, mêngsah ingkang sampun pêjah punika botên mutawatosi malih. Sadaya sarana ingkang mikuwati ing mêngsah kêdah karisak ingkang ngantos botên wontên tabêtipun. Mêngsah kêdah kajuwing-juwing ngantos dados sawalang-walang, upami dêlêging kajêng, pandhangkèlipun ingkang ngantos rêsik, sapunjêr dalah oyotipun alit-alit. Sraya sarta ingkang [ing...]

--- 690 ---

[...kang] ngrojongi mêngsah dipun sirnakna pisan, dipun upamèkakên kêkajêngan, manawi oyotipun dipun pêdhoti suburing pang sarta ronipun saèstu botên kados ingkang sampun sampun. Lêkas sarta karsanipun panjênêngan nata kêdah dipun sasabi ingkang barukut, tuwin tansah amaspadakna pakartining mêngsah, sarta ngupadosana pangapêsanipun. Dhuh sinuwun, ratu ingkang ngasta praja punika kalihan maspadakakên sakathahing mêngsahipun, angwontêna rekadaya sagêdipun pitados ing mêngsah. Dipun isaratana latu sêsaji ingkang karêksa, sampun ngantos pêjah, tuwin sêsaji sanès-sanèsipun, mangagêm sarwa jêne, rema dipun klabang, manawi sare lèmèka wacucaling sato sukci. Bilih mêngsahipun awit sampun pitados têmah tilar kaprayitnan, enggal dipun tukupa, kadi sima nubruk sato ingkang badhe kamangsa. Kathah tiyang cariyos, manawi ngupados kasugihan punika kenging kudhung kasukcian, tandhanipun êcising pandhita kangge nêlungakên êpang kalanipun badhe angundhuh wowohan, punika ugi botên kaanggêp dosa. Tindak makatên wau kenging kangge pêpiridan, bilih nêdya nyirnakakên mêngsahipun, pundi ingkang makantuki lajêng dipun piliha. Mêngsah dipun gunggunga, bêbasanipun dipun pundhaka tuwin dipun sunggia, manawi sampun lena lajêng dipun bantinga ingkang ngantos kongsêp, dipun rêmuka kadi grabah binanting ing sela. Sanadyan mêngsah wau pratela, sampun ngantos kaaji-aji, ngantos samantên wau, sampun pisan-pisan dipun pituruti, sampun kaandhapakên saking pundhak, ananging sampun kabêsturon, sabên sampun lena enggal dipun sirnakna sami sanalika, sampun ngantos darbe wêlas. Manawi amrih sirnaning mêngsah wênang ngangge lampah ingkang kados punapa kemawon, kados ta: dipun angkah katungkulipun, sarana dipun ecani manahipun, kenging dipun srayakakên kalihan mawi epahan, punapa dipun têbihakên kalihan srayanipun, manawi sampun suda kakiyatanipun lajêng dipun têmpuha. Dados ratu wênang tumindak sakarsanipun, manawi nêdya nyirnakakên mêngsah.

Prabu Drêtarastra ngandika: "Mara Kanika sira mratelakna,

--- 691 ---

kapriye lakune yèn nêdya amrih sirnaning musuh, sarana diayêm-ayêm, disrayakake nganggo opahan, utawa kapriye anggone misahake lan srayane, apadene yèn dilawan prang."

Atur wangsulanipun Brahmana Kanika: "Dhuh, susuhunaning bawana, suwawi dipun piyarsakna dongèng lêlampahanipun sêgawon ajag, ingkang limpat dhatêng panduking sandi upaya."

"Ing nguni wontên sêgawon ajag manggèn wontên ing wana nunggil kalihan mitra-mitranipun, inggih punika: sima, tikus, gogor, tuwin garangan. Ing satunggaling dintên nalika mitra gangsal wau nuju sami jêjagongan, ing ngriku priksa sangsam agêng ngirit sangsam pintên-pintên. Sato ingkang sami pawong mitra wau sadaya kêpengin dhatêng sangsam agêng punika, ananging rumaos manawi botên sagêd nyêpêng, awit saking rikating pêlajêngipun sangsam, ewadene sêgawon ajag ingkang botên kewran dhatêng sawarnining pangreka, lajêng pratela dhatêng para mitranipun makatên: He macan, wus kaping pira bae anggonmu niyat nubruk mênjangan iku, ewadene kongsi samêngko durung bisa kalakon, awit mênjangan iku pancèn lagi nêdhênge tumambirang, sarta gêdhe dhuwur, dadi rikat bangêt palayune, tur pancèn gêdhe pangati-atine, nanging têmtu ora luput manawa para mitra iki padha sayuk saabipraya bae. Karêpku mangkene: yèn mênjangan iku pinuju turu, si tikus supaya angrikiti tracake, yèn wis kalakon mangkono, si macan banjur rumaganga nubruk si julig iku, têmtu ora luput, marga rincog sikile, wasana aku apadene para mitra iki kabèh têmtu padha nêmu kabungahan, karana kalakon pangarêp-arêpe, iya iku padha bêbarêngan mangan iwak mênjangan."

"Dhuh, ratuning bangsa Kuru, dupi mitra sêkawan wau mirêng pamrayoginipun sagawon ajag, sami sênêng manahipun, sarta lajêng sami rumagang ing damêl kanthi pangatos-atos, nglêksanani pitêdahipun sagawon ajag. Nalika sangsam wau tilêm, tracakipun lajêng dipun krikiti dening pun tikus, wusana lajêng katubruk sima. Sarêng sagawon ajag sumêrap, bilih sangsam sampun pêjah, lajêng cariyos dhatêng mitra-mitranipun,

--- 692 ---

makatên: "Aku sakanca wus padha kalakon sapangarêp-arêpe, mula bêcike padha sêsucia dhisik aku kang nunggu mênjangan iki"- Mitranipun sêkawan pisan enggal sami dhatêng ing lèpèn, dene pun sêgawon ajag kantun anêngga borokan kalihan angulir budi, kadospundi inkang[9] kêdah dipun lampahi, murih sagêdipun andarbèni sangsam wau sadaya. Botên dangu sima dhatêng, awit rikat piyambak lampahipun, ananging sarêng sumêrap pun sêgawon ajag botên mobah mosik, kadi sawêg manungku puja, pun sima lajêng nguwuh alon: "He, sumitra kang limpat ing buddhi, apa mulane kowe sêmu prihatin, mangka kowe têtela yèn wicaksana, bêcik sirnakna sêdhihmu, banjur padha bêbarêngan mangan enak lan para mitra, murak borokan mênjangan iki. Sêgawon ajag mangsuli swantênipun lêbêt: "Dhuh, mitraku kang tinitah santosa, aku rumangsa isin dene tikus dhèk mau muni, rasane kaya ngrèmèhake aku lan kowe, ucape mangkene: Asu ajag, yèn dipratitisake têtela, yèn kang gawe patine mênjangan iku saka panggaweku, apa si macan kang linuwih kasantosane, kongsi dianggêp ratuning sato iku ora wirang, dene arêp marêgi wadhuke sarana iwak mênjangan ora bisa, upama aja saka pitulungaku.

Macan: "Aku bae rumangsa wirang, dene krungu pangerang-erang mangkono mau, mula aja sing mangan, grayang bae aku ora sudi."

Sima mangsuli: "Asu ajag, unine tikus iku kaya anggugah kaluwihanku. Sumurupa, wiwit dina iki uga aku miyat medahake karosan lan kaprawiranku, kanggo nyirnakake buron alas kang nêdya dak mangsa." Sasampunipun mungêl makatên sima lajêng kalepat kesah.

Sapêngkêripun sima, tikus dhatêng, lajêng dipun bagèkakên dhatêng sêgawon ajag makatên: "Padha bêcik satêkamu ing kene tikus, ananging aku kapêksa tutur, awit kowe mitraku kang bangêt dak trêsnani, sumurupa, si garangan dhèk mau tutur marang aku mangkene: bathang mênjangan iku wus kaya kacarup lan wisa, awit kataman kukune macan, mulane yèn kowe

--- 693 ---

lila, kang minangka ijole bageanku, si tikus bae dak mangsane."

"Kawuningana, sinuwun, pun tikus gugup, enggal-enggal lumajêng sêsingitan ing ngêrong. Sapêngkêripun tikus, gogor dhatêng lajêng kapapagakên dhatêng pun sagawon ajak kalihan wicantên makatên: Gogor, si macan, ratuning alas iki muring-muring marang kowe, dadi kowe têmtu bakal nêmahi bilai, si macan mau pamit ngundang bojone, ora suwe têmtu nuli têka, mulane kapriye kapenake, supaya kowe slamêt."

"Dhuh, pêpundhèn kula, sanajan gogor punika pancèn sangêt karêm dhatêng daging, ewadene kadugi nilar, amung saking juligipun sagawon ajag kemawon. Gogor dharakalan lumajêng, awit sumêlang manawi kapurak pun sima. Ingkang dhatêng kantun piyambak pun garangan, ugi lajêng dipun cêlaki sêgawon ajag kalihan mampang sêmu nêpsu, ucapipun makatên: "He, garangan, kanca-kancamu kabèh wus padha kaplayu, amarga kalah dening kaprawiranku, mulane kowe iya kêna mangsa daginging mênjangan iki, ananging yèn wis bisa ngalahake aku." - Garangan mangsuli: "Yèn macan, gogor, lan tikus kang julig, sarta padha kêndêl-kêndêl, mangka têlu pisan mau padha kalah, apa aku bisa ngalahake kowe, uwis-uwis, borokan mênjangan iku banjur panganên bae, aku ora susah nandhingi kowe."

"Dhuh, sinuwun, sasampunipun mungêl makatên, garangan kesah, sagawon kantun piyambak, botên wontên ingkang ngrubeda."

Brahmana Kanika nglajêngakên aturipun: "Dupi mitranipun sakawan pisan sampun sami kesah, sagawon ajag lêga raosing manahipun, dene kasêmbadan kados pangajêng-ajêngipun, têmahan anggènipun nêdha ulam sangsam punika botên wontên ingkang ngrêsahi. Mila manawi narendra tansah ngawontênakên lêkas kadi lampahipun sagawon ajag wau, saèstu widada jumênêngipun. Kawuningana sinuwun, manawi tiyang botên kadugi anggarap salah satunggaling padamêlan, awit saking rumaos lingsêm punika manawi dipun ajrih-ajrihi sarta dipun

--- 694 ---

rêmbagi sarana têmbung alus, saèstu lajêng purun anglampahi, dene manawi tiyang agêng pêpenginanipun, kêdah dipun sukani epahan, ananging tiyang ingkang satimbang, punapa andhahanipun, kêdah dipun pamèri kaprawiran. Dhuh, susuhunaning bawana, kajawi ingkang sampun kawula unjukakên wau, wontên malih ingkang sayogi kagêm para narendra, anggèning amrih widadaning karatonipun, suwawi dipun piyarsakna aturipun pun Kanika.

Brahmana Kanika nglajêngakên aturipun: "Manawi panjênêngan nata karsa amrih widadaning kamulyanipun, pundi ingkang dados mêngsah sanadyan putra, kadang rama punapa gurunipun, inggih kêdah tumuntên dipun sirnakna, sampun ngantos kadangon. Dene sariranipun kapiliha pundi ingkang pikantuk, upaminipun: kaèstokakên, katênung, kasrayakakên, sarana mawi kaepahan arta sarta sanès-sanèsipun, kadarubêksi punapa dipun cidra, ingkang ngantos kalampahan sirna, dados tiyang lajêng sami pitados, manawi sintêna ingkang nêdya lumawan panjênêngan nata punika têmtu katiwasan. Manawi mêngsahipun satimbang, angêgungna kaprayitnan, tansah dipun waspadakna, sasolahbawanipun, punika saèstu manggih unggul. Sintêna tiyangipun ingkang kapatah ing damêl, ing mangka botên têmên-têmên anggènipun nglampahi, tuwin kathah pandamêlan ingkang kalangkungan botên kagarap, enggalipun ingkang awon panggarapipun, sanadyan ingkang kapatah wau gurunipun ing bab kasukman, inggih kêdah dipun pidana. Manawi ratu punika mêngku bêndu, sampun ngantos kawistara, sêmuning netya kadamêla kados manawi botên nuju bêndu, malah pangandikanipun dipun sasapana gumujêng. Ratu botên prayogi bilih andhawuhakên samukawis mangka kalihan duka."

"Dhuh narendra têdhak Bharata, manawi andhawuhakên dêduka, kêdah ingkang alus pangandikanipun, sanadyan matrapakên pidana, kêdah alus kêdaling pangandika, sarta sasampunipun kalampahan kapidana, tiyang wau dipun wêlasana, tuwin dipun prihatosna, malah ngantos angutahna waspa. Mêngsah

--- 695 ---

kêdah dipun angkah kasoking manahipun, sarana pawèwèh utawi tandang tanduk, dene manawi anggènipun nêdya mêngsah wau saking awoning sêdyanipun, enggal dipun sirnakna sami sakala, panjênêngan nata wajib anyirnakakên sintêna ingkang damêl kalingsêmaning nagari. Tiyang ingkang api-api lampah utami, ananging sajatosipun nandukakên pamrih, tiyang wau candranipun kados pêdhut anglimputi rêdi. Ratu kêdah ambasmi griyanipun tiyang ingkang kaukum pêjah dening ratu. Wawêngkonipun sang prabu sampun ngantos wontên tiyang papariman, tiyang tanpa agami, sarta durjana. Mêngsah kêdah kasirnakakên sarana ginêbag ing prang, katênung, utawi pundi srayanipun dipun bêsêlana murih purun angloropakên, sarta anggantungana ganjaran dhatêng sintêna ingkang sagêd anyirnakakên, sarana punapa ingkang dados kaparêngipun sang prabu. Panjênêngan nata wênang tumindak wêngis, bêbasanipun, wajanipun panjênêngan nata dipun landhêpana murih botên nguciwani, manwi[10] kagêm anggigit mêngsah. Pundi ingkang têtela nêdya mêngsah, dipun dèngkèka ngantos botên sagêd dêngèngèk malih. Panjênêngan nata kêdah sampun darbe ulap, sanadyan dhatêng sintêna kemawon ingkang linangkung kakêndêlanipun, ananging sampun ngraosi dhatêng tiyang makatên wau, awit manawi tiyang wau ngantos tangi kanêpsonipun, ing mangka taksih jinangkung ing dewanipun, saèstu tiyang wau sagêd nyirnakakên sang prabu dalah kadang warga, sarta para kawula, ngantos tumpês tapis, sadèrèngipun sang prabu samêkta.

Ratu botên kening[11] mitados dhatêng sintêna ingkang botên sêtya ing panjênênganipun, ugi sampun sangêt-sangêt mitados dhatêng tiyang ingkang katingalipun sêtya, awit manawi tiyang ingkang dipun pitados wau pawingkingipun lajêng dados satru, badhe sagêd amrih sirnanipun sang prabu. Tiyang ingkang dipun pitados, dipun lèlèr ingkang ngantos kawuningan kadospundi nyatanipun. Narendra kêdah nyêbar têlik, supados anêlika kawontênanipun prajanipun piyambak, sarta praja sanès, têlik ingkang piniji nêlik praja sanès wau, kapiliha tiyang ingkang julig, ingkang wasis ambêbujuk, sarta kêdah sagêd nyaru warni

--- 696 ---

pandhita, dene ingkang kêdah dipun lêbêti têlik, ing patamanan-patamanan, ing panggenanipun tiyang jajan, ing candhi-candhi, sarta panggenan sukci sanès-sanèsipun, tuwin ing pamadeyan waragang sapanunggilanipun ingkang angêndêmi punapadene ing sakathahing margi-margi, sarta maspadakna para tirta anggènipun nindakakên paprentahan (ingkang dipun sêbut para tirta punika wontên wolulas: 1. para nayaka, 2. pangagênging brahmananing praja, 3. ingkang ginadhang gumantos narendra, 4. senapatining prang, 5. para jagi wiwara kadhaton, 6. para ingkang tinanggênah rumêksa kaputrèn, 7. para rumêksa pakunjaran, 8. pangagênging kawula ingkang pinitados nyêpêng arta, 9. para ngasta parentahan nagari, 10. para ingkang kawajibakên rumêksa tata têntrêm, 11. para pangagênging yayasan, 12. pangagênging para nindakakên pangadilan, 13. pangarsaning para ngêmbat prakawis praja, 14. para pangagênging ingkang nindakakên ukuman, 15. pangagêng ingkang pinitados nyêpêng dêdamêling prang, 16. pangagêng ingkang mangwasani sakathahing pabitingan, 17. para nayaka jagi tampingan, 18. pangagênging para rumêksa sakathahing wana-wana.

"Kajawi sadaya wau têlik ugi kêdah kadhawuhan nêlik ing sadaya panggenan kangge sêsaji, ing sumbêr-sumbêr, ing lèpèn-lèpèn, ing rêdi-rêdi, ing wana-wana, sarta panggenanipun tiyang sami gagrombolan. Ratu kêdah ingkang alus pangandikanipun, ananging panggalih dipun lamdhêpana[12] ngantos kados lading pamarasan, manawi andhawuhakên samukawis dipun sartanana èsêm, sanadyan ingkang kadhawuhakên wau angêrês-êrêsi, tuwin damêl girising ngakathah. Manawi ratu amrih widadaning kamulyanipun, kêdah sagêd angêsorakên sarira, wujudipun karsa tumindak ingkang andhap pasor,[13] upata, tuwin angêpèk-êpèk. Manawi karsa makatên saèstu karsanipun kathah ingkang kasêmbadan, ratu kêdah julig, kados kêkajêngan ingkang kathah sêkaripun, ananging botên sagêd uwoh, manawi pinuju uwoh pamanggènipun wontên ing pucuk, dados botên gampil kapêthik, punapadene sanadyan wohipun wau sampun matêng, ananging sagêda katingal taksih mêntah, dados ingkang sami ngundhuh woh wau lajêng ganggam manahipun. Tiyang kêdah ngêgungakên kêwèwèkan, murih sampun kaduwung pawingkingipun.

--- 697 ---

"Kawuningana sinuwun, kamulyan, kasugihan, sarta kasênêngan, punika nuwuhakên piawon, ananging ugi sagêd nuwuhakên kasaenan. Kalih-kalihipun tansah gêgandhengan, amung manawi kapandukakên dhatêng kasaenan, piawon lajêng nisih. Sintêna ingkang kêpengin dhatêng kautamèn, saèstu ambibrahakên kêpenginanipun dhatêng kasugihan, kosokwangsulipun tiyang ingkang ngorong dhatêng kasugihan, kêpenginipun dhatêng kautamèn, sarta dhatêng kasênêngan punika, saèstu lajêng risak. Dene tiyang ingkang tansah, pados kasênêngan, inggih lajêng supe dhatêng kautamèn sarta kasugihan. Ananging ratu kêdah mêngku tigang prakawis wau, inggih punika; kasugihan, kasênêngan, tuwin kautamèn, sampun ngantos gothang salah satunggal. Manawi wontên karsanipun sang prabu ingkang wigatos, sampun lajêng dipun lêksanani, sadèrèngipun têtarosan dhatêng brahmana. Tindakipun ingkang susila, sarta sampun ngantos tilar kaprayitnan, sawarnining raos mèri dipun singgahana, sarta sampun darbe sumêlang dhatêng kêdadosanipun ingkang dipun karsakakên wau. Manawi brahmana ingkang katarosan wau botên nayogyani, awit kamanah kirang prayogi, sang prabu kenging nglajêngakên karsanipun, manawi pangrantanipun[14] sampun rampung, ananging kêdah santun lampah ingkang dhêdhasar kautamèn.

"Kawuninganan sinuwun, narendra ingkang dèrèng nate nandhang prihatos, dèrèng priksa raosing kamulyan, prakawis punika panjênêngan sinuwun sagêd nguningani cariyos lêlampahanipun ing nguni-uni ingkang sami nandhang prihatos, mila prayogi manawi ratu ingkang pinuju prihatos, ing mangka lajêng kêparêng midhangêtakên lêlampahanipun para narendra ing jaman kina, kados ta: lêlampahanipun Prabu Nala tuwin Prabu Rama. Narendra ingkang pêpês panggalihipun, saèstu lipur manawi kaèngêtan dhatêng gêgayuhan kamulyaning dêlahan. Manawi ingkang sawêg pinuju prihatos wau, ratu limpating

--- 698 ---

buddhi tuwin wicaksana, prayogi lajêng dipun èngêtna dhatêng kawajiban. Manawi ratu pinuju prang, ananging lajêng prajanjian rukunan kalihan mêngsahipun, punika sasampuning kalampahan kêdah katingal bingah, kadosdene tiyang ingkang sampun rampung anggènipun anggarap kawajiban ingkang awrat. Inggalipun narendra kêdah sagêd nyingitakên karsanipun, sampun kuwatos manawi karsanipun punika botên kalêksanan. Narendra kêdah wuninga sadaya lêlampahan sarana têlik, ananging inggih sampun ngantos kirang prayitna dhatêng têlik tuwin dhatêng mêngsah. Pêpenginan ingkang dèrèng kalampahan sampun ngantos kawiyos. Juru misaya mina kenging dipun wastani bêgja, manawi sagêd angsal utawi mêjahi ulam kathah. Makatên ugi ratu, punika botên kenging dipun wastani mulya manawi dèrèng sagêd ngêjur mêngsahipun, sarta kakêndêlanipun dèrèng kasumêrapan ing ngakathah. Kakiyataning mêngsah ingkang warni wadyabala agêng, kêdah tinumpês ingkang ngantos tapis, kadosdene latêng tuwin sasaminipun, punika kêdah dipun babadi sarta dipun dhangkèli ingkang rêsik, ngantos botên sagêd thukul malih. Mêngsah kêdah tansah kaudi sagêdipun sirna, dipun ribêtana lampahing sandhang têdha ingkang lumêbêt ing prajaning mêngsah, punapadene lampahing toya ingkang lumêbêt ing riku supados darbe panêmbung nêdha pitulungan. Tiyang ingkang kacomprengan awis ingkang trêsna dhatêng tiyang ingkang mubra-mubru, mila kathah tiyang ingkang lajêng botên purun pinanggih malih dhatêng ingkang dipun têdhani pitulungan, dados bêgja dene botên rinakêt ing mêngsahipun. Manawi ratu kagungan karsa, pundi ingkang dipun karsakakên wau kêdah kasêmbadan, ewadene manawi punika dipun meliki tiyang sanès, mangka sang prabu prêlu ngagêm tiyang wau, ingkang dipun karsakakên wau prayogi lajêng katilar. Manawi ratu nêdya amrih widadaning kamulyanipun, kêdah [kê...]

--- 699 ---

[...dah] tabêri ngupaya sraya, kathah pambudidayanipun. Manawi anindhihi prang ingkang agêng kaprayitnanipun, ananging salêbêting prang sarwa tata.

Narendra ingkang wicaksana saèstu angêgungakên pangatos-atos, mitra tuwin mêngsahipun sami botên priksa karsanipun, sadèrèngipun kalampahan, sanadyan dipun ngandikakna sadaya, botên wontên pakèwêdipun, dados ingkang kawêdhar wau pundi ingkang botên mutawatosi kemawon. Mênawi karsanipun sang prabu wau nêdya dipun ingêr dhatêng salah satunggaling tiyang, sampun mawi ringa-ringa enggal dipun kêkahana. Ratu ingkang pitados dhatêng tiyang boyonganing prang, punika dipun wastani anggege antaka, kadidene yuyu pêjahipun punika tinuntun dening pamanggihipun piyambak, dene tansah nyapit pundi ingkang cêlak. Pundi ingkang nêdya dipun tindake[15] pun wuningana rumiyin badhe kadadosanipun, lampah anggènipun minangkani dipun rantama ing dalêm batos rumiyin, ngantos rêsik, dados botên tidha-tidha sarta sarèh panggarapipun, awit sadaya tindak daya-daya, punika kathah prakawis wigatos ingkang kalangkungan. Titah ingkang kapengin kamulyan, kêdah tansah ngatos-atos, kêdah ginakakên wanci tuwin panggenan ingkang kangge ngangên-angên kamulyan. Manawi kêpengin kamulyan hartawan, sarta sênêng, kêdah têtêp anggènipun sêsaji tuwin mantranipun, awit mênawi kawaspadakakên, têtêping sêsaji samantranipun wau, kawistara manawi agêng dayanipun. Sampun ngantos nyêpèlèkakên mêngsah, ingkang katingalipun tanpa kakiyatan, awit mêngsah ingkang tanpa daya punika sagêd dados santosa, kados kawontênanipun waringin, punika sagêd ngambra-ambra suburipun, candranipun kados latu sapêlik ingkang wontên ing wana, mrèmèn sakêdhik-sakêdhik, wêkasan sagêd ambrastha wana agung satêlasipun. Sanadyan latu sakonang, manawi tansah dipun urub-urubi, ugi sagêd ambasmi tunggak agêng satêlasipun, makatên tiyang ingkang tansah pados

--- 700 ---

mitra tuwin sraya, dangu-dangu ugi kalampahan santosa, têmahan sagêd angêndhih mêngsahipun ingkang sakalangkung agêng. Mêngsah sampun ngantos darbe wanci kangge nyamêktakakên wadya sadêdamêlipun. Manawi mêngsah sampun kalajêng santosa, têmah kapêksa sumêne malih anggènipun badhe amrih risakipun, sêbab kêdah ngupaya sarana ingkang sagêd nggampilakên anggènipun nyirnakakên. Ngèngêtana wontênipun tiyang ngwontênakên budidaya punika awit pinêksa dening wontên sababipun, dene sêbab wau ugi pinêksa dening sêbab sanès malih.

"Ratu kêdah kados lading pamarasan, landhêpipun punika botên nate darbe wêlas ratu kêdah sagêd nyingitakên karsanipun, kadosdene dêdamêl pusaka ing parimatanipun. Sabên wontên karya ingkang wigatos, enggal kagarapa kados lading pamarasan. Ratu kêdah sagêd numpês mêngsah, dalah sadaya srayanipun, kados lading pamarasan, manawi kangge nyukur gundhul tuwin jenggot, ngantos wulu satunggal kemawon botên wontên ingkang kantun. Dhuh, pangayomanipun kamulyaning bangsa Kuru, lêkasipun sang prabu dhatêng para Pandhawa tuwin sanès-sanèsipun, dipun têtêp kadi pitêdahing kawruh praja ingkang sampun kula aturakên wau, murih sampun ngantos kaduwung ing wuri. Kula sumêrap manawi panjênênganipun sinuwun nampi nugrahaning jawata, sarta kathah wirasating sarira ingkang mratandhani sinung kabêgjan agêng. Tandukipun sinuwun dhatêng para putranipun, rayi paduka Prabu Pandhu sampun kirang pangatos-atos, dipun rêksaa sarira paduka pribadi."

"Kawuningana sinuwun, kaprawiranipun para Pandhawa langkung saking kadang-kadang nakdhèrèkipun. Dhuh, pangrurahing satru sêkti, kula kaparênga ngaturakên salugunipun, lêkas ingkang kêdah tinindakakên ing panjênênganipun sinuwun. Mugi panjênênganipun sinuwun, dalah sadaya para putra, kaparênga

--- 701 ---

nggatosakên sarta nindakakên sarampungipun, kula amung atur pêpèngêt sapisan malih, inggih punika: panjênênganipun sang prabu sampun wangwang dhatêng Pandhawa, enggal anêtêpana sapitêdahing kawruh praja wau, murih ing têmbe sampun ngantos piduwung."

Rêsi Waisampayana nglajêngkên cariyosipun: "Satêlasing aturipun, Brahmana Kanika lajêng kalilan mundur, mantuk dhatêng wismanipun, dene Prabu Drêstarastra kantun kalihan nawung raos rangu-rangu, têmahan sangêt prihatos."

Dumugi samantên têlasipun bab kaping satus sakawan dasa kalih, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXLIII.

JATHUGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampyana nglajêngakên cariyosipun: "Saunduripun Brahmana Kanika, Prabu Sangkuni, putranipun Prabu Suwala, Sang Duryudana, tuwin Prabu Karna, lajêng wiraosan kadospundi anggènipun badhe nindakakên pandamêl cidra, awit sampun sami tampi dhawuhipun Prabu Drêtarastra, bilih saèstu kadhawuhan nyirnakakên Dèwi Kunthi dalah para putranipun gangsal, sarana kabasmi. Bêgja dene Sang Gunawan Widura, sagêd priksa dhatêng rêmbagipun sakuthon awon wau. Sang Widura botên kakilapan dhatêng wêwatakanipun tiyang, amarga lêbda dhatêng wirasating manusa, mila botên sampun-sampun anggènipun maspadakakên dhatêng solahbawanipun sadaya wau. Sang Widura ingkang botên nate surêm kawicaksananipun, sarta sangêt sih trêsna dhatêng Pandhawa, osiking batos, langkung prayogi manawi Dèwi Kunthi anguncati mêngsahipun, mila Sang Widura lajêng mirantos baita agêng samêkta sapirantosipun, kasadhiyakakên wontên ing lèpèn Gangga. Sasampunipun samêkta, lajêng matur dhatêng ingkang bok ayu makatên: "Kawuningana

--- 702 ---

kakang êmbok, kalampahanipun kakang Prabu Drêtarastra kamiyosakên dhatêng marcapada, punika wigatosipun kangge sarana nyirnakakên suwur tuwin numpês para dharah Kuru. Kakang êmbok priksa, manawi kakang prabu têtela rêmên lampah cidra, malah samangke nêdya tilar kautamèn. Dhuh, putri kêkasihing dewa, kula sampun mirantos baita agêng samêkta saisinipun, saha sampun botên mutawatos katêmpuh prahara tuwin ombak agêng. Mugi kakang êmbok enggal nguncatana bêbaya agêng ingkang samangke sampun kadi jaring, ingkang sampun ngrukup panjênênganipun kakang êmbok dalah putra sadaya, mila enggal tindak dhatêng lèpèn Gangga, nitih baita ingkang sampun kula aturakên wau.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dèwi Kunthi ingkang misuwur ing jagad, sangêt karênan ing panggalihipun, dupi midhangêt aturipun Sang Widura makatên wau. Dhuh Prabu Janamêjaya, mila sang dèwi dalah para putranipun, enggal jêngkar saking Hastinapura, sadumugining lèpèn Gangga lajêng nitih baita. Sarêng dumugi sabranging lèpèn, lajêng sami mêntas, lumêbêt ing wana, nusup-nusup pagrumbulan, anut sapitêdahipun Sang Widura, sarta ambêkta rajabrana sawatawis, lampahipun raharja botên kirang satunggal punapa. Kawuningana sinuwun, griya ingkang kausar ing gandarukêm, iyasanipun Kurawa, punika ingkang nêdya kangge nyirnakakên para Pandhawa saibunipun. Nanging sarêng kalampahan kobar, ingkang kabêsmi amung pawèstri bangsa Nisaddha, ingkang botên darbe dosa, saanak-anakipun jalêr gangsal, mangka dhatêngipun wau nêdya ngupaboga. Pun Purucana, nayaka ingkang kapiji iyasa suyasa ingusar gandarukêm wau, tiyang bangsa Mleca, tur candhala budhi, ugi katut kabêsmi, dados para Kurawa kacidran pangajêng-ajêngipun.

Rikala samantên Dèwi Kunthi dalah para putra sadaya [sada...]

--- 703 ---

[...ya] sami raharja, dene miturut sapitêdahipun Sang Widura. Têtiyang ing Waranawata sami prihatos, awit andugi manawi Pandhawa kalihan Dèwi Kunthi sami kabêsmi, mila pangagêngipun enggal-enggal kengkenan dhatêng Hastinapura, ngaturi wuninga ing Prabu Drêtarastra. Dupi utusan saking Waranawata wau sampun dumugi wontên ngarsanipun Prabu Drêtarastra, ucapipun sakalangkung dêksura, aturipun makatên: "Dhuh, narendraning bangsa Kuru, pangajaping panggalih paduka samangke sampun kasêmbadan, mila sayogi mangun bujana kalihan para putra, miwaha anggènipun tampi pusaka kaprabon."

Rikala Prabu Drêtarastra dalah para putra sadaya mirêng pawartos sirnaning Pandhawa, lajêng sami api-api prihatos, sarta lajêng dhawuh ngawontênakên wiwahan wêkasan tumraping Pandhawa. Para Kurawa sakadang warga, Sang Widura saha Sang Bisma, sami tumut angèstrèni wiwahan wau.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh, paman, pêpêthinganing brahmana, kula sangêt kêpengin mirêngakên sawêtahing cariyos, kabêsminipun suyasa iyasanipun Kurawa ingkang kausar ing gandarukêm, saha uncatipun Pandhawa saking riku. Bêngis timên tindakipun para Kurawa, sarta kadospundi têka amung miturut kemawon, dhatêng aturipun Brahmana Kanika kang candhala ing budi punika. Suwawi paman, lajêng kaparênga nyariyosakên sadaya, kula kêpengin sangêt mirêng rêricikaning lêlampahan."

Rêsi Waisampayana anglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, pangruwating satru sêkti, kula badhe wiwit nyariyosakên kabêsminipun suyasa wau, tuwin uncatipun para Pandhawa saking bêbaya agêng punika mila suwawi dipun piyarsakna."

Nalika Sang Duryudana priksa manawi kasantosanipun Sang Bhima, linangkung sasamining titah, punapadene Sang Arjuna wasis sikêp saliring dêdamêling prang, panggalihipun giris, têmah sangêt prihatos, awit saking punika, mila Sang Suwalatanaya, tuwin Sang Suryaputra, lajêng

--- 704 ---

budidaya amrih sirnaning Pandhawa, ewadene tansah kacidran, amargi Pandhawa botên nate ngraosi awon dhatêng Kurawa, anut sapitêdahing ingkang paman Sang Widura. Dhuh, narendra têdhak Bharata, rikala tiyang-tiyang Hastinapura sampun waspaos, manawi Pandhawa têtela linangkung tumrap samukawis, sabên kêkêmpalan tuwin jêjagongan, tansah sami rêraosan bab kawontênanipun para Pandhawa, sarta Sang Yudhisthira pambajênging Pandhawa, têka linangkung pangastanipun pusaraning kêprabon pangucapipun tiyang-tiyang wau makatên:

"Prabu Drêtarastra iku kuciwa paningale wuta, dadi ora darbe wêwênang gumanti kaprabon, ewadene samêngko kalakon jumênêng gumanti kêprabone kang rayi Prabu Pandhu. Bênêr Sang Bhisma iku putrane Prabu Santanu, nanging sêtya marang prasêtyane, sarta sêngsêm marang kautamèn, mangka ing nguni wus ngandika yèn nêmaha suminggah saka dhamparing kaprabon, dadi têmtune samêngko ora kaparêng ngrusak makutha kaprabon mula barêng padha anjumênêngake pambarêp Pandhawa, nganggo wiwahan, kaya kang tinamtokake jumênêng nata. Awit Sang Yudhisthira wus kasumurupan ing ngakèh, yèn linuwih kasudirane, putus marang Wedha, ambêge utama, tur isih nêdhêng taruna. Sang Yudhisthira bêkti marang para pinisêpuh, mula manawa kalakon jumênêng, têmtu banjur ngugung marang Sang Bhisma, Prabu Drêtarastra, lan kabèh para putrane. Yèn mung arêp padha nguja kasênêngan bae, têmtu ora padha kacuwan panggalihe."

Sang Duryudana ingkang candhala buddhi, dupi midhangêt rêraosanipun tiyang makatên wau, ngantos botên kuwawi nahan awrating panggalih, wasana lajêng marêk ing ngarsanipun ingkang rama sang prabu, ingkang nalika samantên nuju lênggah piyambakan.

--- 705 ---

Catatan kaki:

1. botên (kembali)
2. Kuru (kembali)
3. swantênipun (kembali)
4. kasudiranipun (kembali)
5. ingkang (kembali)
6. mratelakakên (kembali)
7. kithanipun (kembali)
8. wêwangsulan (kembali)
9. ingkang (kembali)
10. manawi (kembali)
11. kenging (kembali)
12. landhêpana (kembali)
13. asor (kembali)
14. pangrantamipun (kembali)
15. tindakakên (kembali)