Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabarata No. 2.

Taun 1957.

__________

Sasampunipun manêmbah saha muji karaharjanipun ingkang rama, lajêng matur makatên:

"Dhuh, kangjêng rama prabu, kula ngaturi wuninga, manawi kathah rêraosanipun tiyang ing Hastinapura ingkang botên sakeca kamirêngakên, awit anggènipun badhe anjumênêngakên Pandhawa nêdya nyingkur kangjêng rama tuwin kangjêng eyang Bhisma, mangka sêmunipun kangjêng eyang Bhisma anjurungi dhatêng kajêngipun tiyang-tiyang wau, katandha botên karsa jumênêng, têmah têtiyang sami tuwuh pangangkahipun ingkang kirang prayogi tumrap kangjêng rama prabu tuwin para putra sadaya. Kalampahan pun paman Pandhu kajumênêngakên narendra punika, awit sêking utamaning pambêkanipun, makatên ugi kangjêng rama, ugi darbe wênang. Botênipun jumênêng punika, amargi kangjêng rama cacad, dados kamanah kirang prayogi mangrèh bangsa Kuru. Upaminipun Pandhawa saèstu kajumênêngakên, gumantos kapraboning rama, para sutaning Pandhawa têtela darbe wêwênang tampi pusaka kaprabon, turun-tumurun, kados namung turunipun paman Pandhu ingkang sami jumênêng narendraning bangsa Kuru. Dhuh, narendraning bawana, awit saking makatên wau kawontênanipun, panjênênganipun rama prabu, kenging dipun wastani kapêpêtan margi, satêdhak turunipun sadaya, sirna wêwênangipun gumantos kaprabon, têmah kaèksi-èksi. Dhuh, pêpundhèn kula, mugi paduka kaparênga dhahar atur pamrayoginipun Brahma Kanika, murih panjênênganipun sinuwun, satêdhak turunipun, botên badhe nandhang sangsara, dening sandhang têdhanipun gumantung wontên pangwasaning liyan. Dhuh, narendra têdhak Bharata, upami ing nguni rama prabu sampun kajumênêngakên narendra, kula dalah para ari sadaya, saèstu botên prihatosakên prakawis punika, sanadyan botên dipun trêsnani dhatêng tiyang ing Hastinapura, nanging dhamparing kaprabon sampun wontên wêwênang kula dalah para ari sadaya."

--- 706 ---

Dumugi samantên têlasipun bab kaping satus sakawan dasa tiga perangan Jathugriha, ing Adiparwa.

BAB CXLIV.

SAMBÊTIPUN JATHUGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kawuwusa Sang Prabu Drêtarastra ingkang sidik paningalipun, dupi midhangêt aturing putra makatên wau, kadi ginugah èngêtipun dhatêng atur pamrayoginipun Brahmana Kanika, sadaya dongèngipun Sang Brahmana Kanika ing nguni katingal gawang-gawangan wontên ing pangraosipun, ananging ingkang makatên wau saya amimbuhi pêtênging pangalih, mila Prabu Anèm Duryudana enggal têtarosan kalihan ingkang paman nata ing Gandara, tuwin Sang Karna saha Sang Dusasana. Sasampunipun golong rêmbagipun, prabu anèm inggal wangsul marêk ing ngarsanipun ingkang rama malih. Sadumugining ngarsanipun kang rama lajêng matur makatên: "Dhuh kangjêng rama prabu, mugi paduka kaparêng nyingkirakên para ari Pandhawa sarana lampah ingkang botên ngawistarani, inggih punika para ari Pandhawa kadhawuhana dhatêng ing Waranawata kemawon, kalayan pangandika ingkang kadi pangugungipun rama prabu dhatêng para ari Pandhawa. Dados kula dalah para Kurawa lajêng wontên jênjêming manahipun sawatawis."

Sasampunipun kagagas salêbêting panggalih, Prabu Drêtarastra lajêng mangsuli pangandika: "Wruhanamu kulup, pamanamu yayi Prabu Pandhu iku ambêge utama, ora tau ninggal kuwajiban kang marang kadang warga, luwih manèh tumrap panjênêngan ingsun. Pamanamu ora pati maèlu marang kasênêngan ing marcapada, labêt saka bêktine marang kadang

--- 707 ---

tuwa. Rajadarbèke kabèh, malah karajane kapasrahake marang jênêng ingsun, mangkono uga suta-sutane padha ambêg utama ora siwah lan wong tuwane, malah wus misuwur ing jagad, yèn para putrane Prabu Pandhu padha putus marang sarupaning kawruh, tur dibêktèni ing para kawula. Yudhisthira iku sugih mitra, mula apa bisa kalakon, ingsun apadene sira lan para kadangira, nyingkirake dhèwèke saka prajane lêluhure? Wruhanamu kulup, para nayaka, para prajurit, nata têdhak turune para nata wawêngkon Hastinapura, padha rinoban ing sih, sarta ingayoman dening pamanamu yayi prabu, mula wong-wong ing Hastinapura pasthi yèn ora bakal kaduga amrih tiwas ingsun sakadang warga, kagawa saka ngèlingi marang kabêcikane Yudhisthira."

Atur wangsulanipun Prabu Anèm Duryudana: "Kaluhuran dhawuh pangandikanipun rama prabu sadaya wau, ananging panjênênganipun rama prabu mugi kaparênga angèngêti piduwung ingkang badhe pinanggih ing wuri. Saking pamanah kula, bilih para kawula ing Hastinapura punika tansah rinakêtakên, dipun robi ganjaran, busana, arta tuwin pangkat, saèstu lajêng anjurungi karsanipun kangjêng rama, dalah para putra sadaya. Ing mangka nayaka ingkang mangwasani arta tuwin sanès-sanèsipun, sami-sami kenging manahipun dening pangrakêt kula, mila namung panjênênganipun kangjêng rama prabu manawi kaparêng dhawah dhatêng para ari Pandhawa, saèstu kalampahan sami dhatêng Waranawata. Ananging supados Pandhawa sampun karaos manahipun, dhawuhipun rama prabu wau sampun ngantos ngawistarani. Dhuh, pêpundhènipun Duryudana, bilih sampun kêkah jumênêng kula nata, ibu Dèwi Kunthi saputranipun sadaya botên mutawatosi malih, upami katimbalana wangsul dhatêng ing Hastinapura."

Dhawuhipun Prabu Drêtarastra: "Kulup, Duryudana osiking panggalih ingsun, iya kaya panêmunira mau, mung durung

--- 708 ---

kawiyos ing pangandika bae, awit saka wêdi marang siku dhêndhaning jawata, lungane arinira Pandhawa saka Hastinapura iku tamtu yèn ora disarujuki kangjêng uwa Bhisma, Rêsi Drona, yayi Ksatri, sarta Rêsi Krêpa. Kabèh mau pangrêngkuhe marang sakadang warga lan marang Pandhawa ora dibeda, mulane upama ingsun, lan sira dalah para arinira, lan sasrayane kabèh, padha darbe akal kang mangkono tumrap Pandhawa, apa ora bakal tiwas dening tangane bangsa Kuru, dening para linuwih mau, utawa jagad iki kabèh."

Atur wangsulanipun Sang Duryudana: "Dhuh, rama prabu, paduka sampun dhawuhakên manawi eyang Bhisma, pamêngkunipun dhatêng Pandhawa tuwin Kurawa botên pilih asih, mila manawi wontên congkrahipun Pandhawa kalayan Kurawa botên tumut-tumut, botên ambiyantu Pandhawa ugi botên ambiyantu Kurawa. Sang Aswatama putranipun Rêsi Drona, sangêt sih dhatêng Kurawa, mila Rêsi Drona ugi lajêng ambiyantu golongan Kurawa, awit sampun dados pocapaning ngakathah, pundi panggenaning anak jalêr inggih ing riku panggenaning bapa. Rêsi Krêpa saèstu lajêng nunggil ing pundi golonganipun Rêsi Drona, tuwin Sang Aswatama, èngêt sang rêsi salami-laminipun botên karsa pisah kalihan kalih-kalihipun wau. Kangjêng paman Ksatri, nadyan tansah anuntun para Pandhawa sagêdipun wilujêng, ewondene botên karsa damêl sangsara kula, awit sugêngipun ngayom ing panjênênganipun kangjêng rama. Sarèhning makatên kawontênanipun, punapa malih ingkang dados sumêlanging panggalih, ngesahakên Pandhawa dhatêng Waranawata. Dhuh, dhuh, kangjêng rama prabu, mugi paduka kaparêng lajêng andhawuhakên, supados Pandhawa lajêng bidhal dhatêng Waranawata ing dintên punika ugi, awit amung sarana makatên wau, ingkang sagêd dados paliyasing prihatos kula, ingkang kadi ambrastha manah, têmah botên sagêd nendra, wontên ing manah pangraos kula kadi êmpaning dêdamêl ingkang ampuh."

--- 709 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus kawan dasa sakawan perangan Jathugriha ing Adiparwa.

__________

BAB CXLV.

SAMBÊTIPUN JATHUGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Prabu Anèm Duryudana, dalah sadaya para kadang, tansah ngrakêt dhatêng para kawula ing Hastinapura, tansah ginrujug ing ganjaran mas picis rajabrana tuwin pangkat, mila saya dangu têtiyang ing Hastinapura saya kathah ingkang ngrojongi dhatêng karsanipun, dene Prabu Drêtarastra tansah ngrakêtakên nayaka ingkang julig-julig, sadaya sami winangsit, supados sami angudi sarana kangge ngesahakên Pandhawa.

Nuju satunggaling dintên, nalika para nayaka pêkathik nuju marêk ing ngarsanipun Prabu Drêtarastra, wontên satunggal ingkang ngaturakên prakawis rame saha saenipun ing kitha Waranawata, unjukipun makatên: "... Dhuh, narendraning bangsa Kuru, wiwahan sêsaji dhatêng Bhathara Pasupati (Siwa) ing Waranawata, dintên punika sampun dipun wiwiti. Tiyang ingkang dhatêng wiwahan wau sakêlangkung kathah, lajêng sami arak-arakan anglur anêngsêmakên, sajagad botên wontên ingkang animbangi sênêngipun kados ing Waranawata manawi pinuju makatên wau. Têtiyang ingkang sami dhatêng ing Waranawata sami mangangge sakêtoging darbèkipun piyambak-piyambak, mila damêl sênêngipun ingkang sami ningali."

Dhuh Prabu Janamêjaya, rikala samantên Pandhawa ugi sami sewaka wontên ing ngarsa nata, mila ugi sami mirêng atur cariyosipun nayaka makatên wau, malah ing batos lajêng osik kêpengin mriksani dhatêng Waranawata. Dèrèng kepenginipun wau ngantos kawistara ing pasêmon, malah lajêng [la...]

--- 710 ---

[...jêng] kawiyos pangudaraosipun, ingkang ngantos kapirêng ing panjênênganipun Prabu Drêtarastra, mila sang prabu lajêng ngandika makatên: "Kulup para putraningsun Pandhawa, kabèh para nayaka kang munjuk ing panjênêngan ingsun, yèn Waranawata iku sawijining kutha ing marcapada kang bangêt anêngsêmake, mula yèn sira kêpengin nonton karamean ing kana, sira ingsun parêngake nggawa para mitra lan wadya sacukupe. Sira padha manguna suka ana ing Waranawata, kaya lêkase para dewa yèn amangun suka, adêdana sêsotya mawa rêtna, lan mutyara marang para brahmana lan para kawula kang padha nênabuh. Kêtogên anggonira mangun suka, ingsun sarah sapira suwene, aja kongsi cuwa, mung yèn wus tutug bae anggonira mangun suka, ingsun arsa arsa nuli balia mulih."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Yudhisthira botên kakilapan dhatêng wosing karsanipun ingkang uwa, nanging Sang Yudhisthira rumaos, manawi Pandhawa punika ringkih, sarta tanpa sraya, mila lajêng mangsuli atur makatên: "Kaluhuran dhawuh timbalanipun uwa prabu."

Sasampunipun makatên Sang Yudhisthira manêmbah lajêng lèngsèr saking ngarsa nata, sowan ingkang eyang Sang Bhisma, wigatos nyuwun pamit anggènipun badhe dhatêng Waranawata. Saunduripun saking ngarsanipun ingkang eyang lajêng sowan ingkang paman Sang Widura ingkang wicaksana, Sang Drona, Prabu Walhika Sang Kurawa Samadata, Rêsi Krêpa, Rêsi Aswatama tuwin Sang Burisrawa. Saunduripun saking sadaya wau lajêng pinanggih para nayaka Hastinapura ingkang agêng-agêng, para brahmananing praja, para pandhita, para pangagêngipun tiyang ing kitha, wêkasan lajêng marak ingkang uwa Dèwi Gandari. Aturipun Sang Yudhisthira wau sakalangkung alus, saha nawung raos sangêt nalangsa, makatên: "Kula dalah para ari Pandhawa, para mitra tuwin para wadya sawatawis, badhe lajêng pangkat

--- 711 ---

dhatêng Waranawata, ingkang pawartosipun sakalangkung anêngsêmakên, sarta kathah têtiyang ingkang sami andhatêngi, ngèstokakên timbalanipun panjênêngan nata."

Rikala pinisêpuh mirêng pamitipun Sang Yudhisthira makatên wau, sami suka ing galih, sarta lajêng paring nugraha sarwi mitungkas makatên: "Hèh para putrane Pandhu, muga sagung dumadi angayomana sasolahbawanira, aja ana panggawe ala kang bisa nêdhasi ing sira."

Sasampunipun pamit dhatêng para pinisêpuh, para Pandhawa lajêng sêsaji ing dewa, nyuwun ing dewa sagêda ing têmbe tampi pusaka kapraboning lêluhuripun. Saparipurnaning sêsaji lajêng pangkat dhatêng Waranawata.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sakawan dasa gangsal, saking perangan Jathugriha ing Adiparwa.

BAB CXLVI.

SAMBÊTIPUN JATHUGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Dhuh, narendra têdhak Bharata, nalika Prabu Anèm Duryudana kang candhala buddhinipun mirêng dhawuhipun ingkang rama dhatêng para Pandhawa makatên wau, sakêlangkung lêga raosing panggalihipun, sarta sami sanalika punika ugi lajêng nimbali nayaka kêkasihipun nama Purucana. Sasampunipun sowan, enggal kaasta tanganipun, kinanthi kalayan dipun pangandikani bisik-bisik makatên:

"Purucana, sira têmtu sumurup yèn jagad kang kêbak rajabrana iki, diarani yèn wis dadi darbèk ingsun, nanging sajatine ora ingsun dhewe, sira uga mèlu darbe, sira mula sira uga kawajiban mèlu rumêksa. Purocana sira

--- 712 ---

arsa ingsun wêdhari wadi, awit nadyan akèh para nayaka winasis, nanging ora ana kang kêna ingsun pitaya kajaba sira, mula dipoma, wadi kang bakal ingsun wêdharake marang sira mêngko, aja kongsi kabrêbêl marang liyan. Puracana, sirnakna kalilip ingsun, sarana wêkas kang ora ngawistarani, sawuse ingsun dhawuhake nuli lêkasana sapakolèhe. Wruhanamu yèn saka karsane rama prabu, para ari Pandhawa didhawuhi marang Waranawata, awit mangkono karsane sang prabu, mula Pandhawa têmtu padha banjur tumuli mangkat, satêkane ing Waranawata, banjur kadhawuhan mangun suka dene sukaning wardaya, sajrone ing kana isih ana pasamuan. Mulane sira andhisikana laku, mangkata ing dina iki uga, angkahên bisane têka sadina, mula nungganga rata pangirite miliha kuldi kang rikat playune. Sapraptanira ing Waranawata, nuli angêdêgna suyasa kanggo pasanggrahan, wangune pasagi, kapapana sacêdhaking parumatan sêndawa, sarta piranti liya-liyane. Panggarape suyasa mau dikanthi kaprayitnan, mula kudu sira tunggoni dhewe. Dene sakèhing bandha kang kanggo adêging suyasa mau disartanana ngondèrakên, lulup lan liya-liyane kang gampang isane kobong, nanging kang gampang pangupayane, dadi bisa tumuli rampung. Sawuse ngadêg nuli lêpanên lêmpung, nanging campurana martega, lênga, gajih, sarta lancêng, dene jêrambahe kajèrèngana lulup. Murih ora kawistara kudu diêbruk kang padhêt, banjur katumpangana balabak, kang kasiram ing martega, lênga, sarta lancêng kaêjèr. Dipoma panggarapira aja kongsi kawruhan para ari Pandhawa, manawa sinartan samubarang kang gampang kobonge mau. Sawuse rampung panggarapira, nuli angkahên, kalakone kadang Pandhawa,

--- 713 ---

saibune lan para mitrane, gêlêm manggèn ing kono, mula aja kurang susila aturira marang para Pandhawa, têmbe yèn sira ngaturi pindhahe marang suyasa iyasanira. Aja kalalèn, samêktanana piranti sarta rarênggan kang bêcik-bêcik, aja kongsi kuciwa, kaya ta: palênggahan, pasareyan, lan liya-liyane, pirantènana tunggangan, dhêdhaharan, lan pangunjukan kang mirasa, kang sakira ora dadi cuwaning panggalihe rama Prabu Drêtarastra, yèn andangu pawartane para ari anane ing Waranawata. Tunggonana dhewe, dimèn kalêksanan ora ana wong mêruhi, yèn suyasa mau, piranti kang kanggo gawe sirnane Pandhawa. Manawa wus kalakon manggon ing pasanggrahan mau, ing wayah bêngi sawuse Pandhawa kêpati anggone padha turu, nuli obongên. Pangobongira wiwitana saka lawang kang jaba dhewe, nanging nalikane sira arêp wiwit ngobong, satitèkna dhisik, apa ênggone padha turu têmên wus kêpati. Dene panitikane yèn wus kêpati iku ora tansah alihan, yèn isih alihan, pratandha atine durung lêrêm, isih ngandhut rasa sumêlang. Karsaningsun Puracana, Pandhawa prêlu disirnakake, sarana diobong, nanging kobonge mau diaranana yèn katut kobonging pasanggrahan, dadi ora saka panggaweningsun."

Satêlasing dhawuhipun Prabu Anèm Duryudana, Puracana matur sandika, badhe ngèstokakên sadhawuhipun.

Saunduripun saking ngarsanipun prabu anèm, Purocana lajêng pangkat dhatêng Waranawata, numpak rata pangirid kuldi pêpilihan ingkang rikat palajêngipun. Sadumuginipun ing Waranawata, Puracana ugi lajêng iyasa pasanggrahan, kados ingkang sampun kadhawuhakên prabu anèm wau.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus kawan dasa nênêm, perangan Jathugriha, ing Adiparwa.

--- 714 ---

BAB CXLVII.

SAMBÊTIPUN JATHUGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kawuningana sinuwun, nalika angkatipun Purocana dhatêng Waranawata, punika para Pandhawa sawêg nêdhêngipun tata-tata, kados ta: rata sami dipun pasangi pangirid, kuda ingkang sae wandanipun, saha rikat plajêngipun, dipun momoti sanguning lampah. Sasampunipun rampung, para Pandhawa lajêng ngabêkti dhatêng Sang Bhisma. Prabu Drêtarastra, Brahmana Drona, Rêsi Krêpa, Sang Widura, tuwin para pinisêpuhing bangsa Kuru sanès-sanèsipun, punapadene para wrêda ing Hastinapura, sarta lajêng rêrangkulan kalayan para nem-neman bêbarakanipun. Sasampunipun kasuwunakên ing dewa raharjaning lampahipun, dening para ingkang sami dipun pamiti sadaya wau, para Pandhawa lajêng lumêbêt ing kadhaton, wigatos nyuwun pamit dhatêng para putri. Sawêdalipun saking kênya puri lajêng wahana rata, pangkat dhatêng Waranawata, ngèstokakên dhawuhipun Prabu Drêtarastra. Sang Gunawan Widura, tuwin para agul-aguling Kurawa, sarta para pangajêngipun têtiyang ing Hastinapura, sami nguntapakên lampahipun para Pandhawa wau ngantos sawatawis têbih, kalayan kados nawung prihatos. Para tiyang alit ing kitha, punapa ing padhusunan, ingkang sami tumut nguntapakên, dupi priksa bilih pasêmonipun para Pandhawa nawung prihatos lajêng kalair pangudaraosipun makatên: "Têtela Prabu Drêtarastra asor budinine, dadi ratune bangsa Kuru samêngko suminggah saka kautaman, dene kaduga nyingkirake para Pandhawa, apa kirane Sang Yudhisthira kang kalis saliring dosa, utawa Sang Bhima têtungguling para sujanma kang rosa-rosa, [rosa-...]

--- 715 ---

[...rosa,] sarta Sang Arjuna, putrane Dèwi Kunthi kang waruju, iku padha karsa tumindak kang kurang prayoga, kaya ta: ajak-ajak balela ing ratu, nadyan rajaputra têlu mau ora karsa ngucik kaprabon pusakane kang rama, kiraku Sang Kêmbar, putrane Dèwi Madri, kang kacêluk kajana priya, pinunjul sapêpadhane ksatrya, iku pasthi bakal ngucik. Layak bae yèn Prabu Drêtarastra sujana marang Pandhawa, awit sang prabu iku anglênggahi dhampare Prabu Pandhu. Nanging Sang Bhisma pagene têka kèndêl bae, têgêl nguningani sangsarane Pandhawa, ênggone kasingkirake marang panggonan kang ambêbayani iku dadi prasasat angrojongi panggawe kang ora apik. Prabu Wicitrawirya, putrane Prabu Santanu, apadene Prabu Pandhu, ratu ambêg pinandhita, pamêngkune marang bangsa Kuru, kaya marang putrane dhewe, nanging Prabu Drêtarastra sawuse jumênêng nata anglênggahi kaprabone kang rayi, iku tanpa wêlas marang para Pandhawa, malah disanggarunggèni, apa kang kaya mangkono mau laku bêcik, mula kanca, mara padha ninggal kutha kang mulya iki, sarta balewismane, banjur tut wuri saparane para Pandhawa bae."

Sang Yudhisthira ingkang ambêg utami, dupi midhangêt ucapipun para tiyang wau suraos murinani sariranipun dalah para ari lajêng mangsuli pangandika makatên: "O, kisanak, panjênêngane sinuwun iku wong tuwaku, guruku, sarta gustiku, dadi wajib dak aji-aji lan dak èstokake dhawuhe. Dene kowe kabèh iku mitraku, mula padha mêmujia bae karaharjanku dalah para ari kabèh. Sawuse nuli padha balia marang wismanira dhewe. Mung ing têmbe yèn wus têkan mangsakalane aku njaluk pitulunganmu, muga padha lêksananana, kang kongsi gawe lêga sarta kamulyanku."

--- 716 ---

Rikala tiyang-tiyang wau dipun pangandikani makatên dhatêng Sang Yudhisthira, enggal sami lumampah angubêngi para Pandhawa kalihan angucapakên mantra, èsthining manahipun, para Pandhawa manggiha nugraha, wasana lajêng sami wangsul dhatêng griyanipun piyambak-piyambak. Sapêngkêripun tiyang-tiyang Hastinapura pintên-pintên wau, Sang Widura ingkang wicaksana, panggalihipun sangêt kuwatos, mila adrêng karsanipun badhe mitungkas dhatêng Sang Yudhisthira, nanging murih tiyang sanès botên priksa dhatêng suraosing pangandikanipun, mila anggènipun mitungkas dhatêng Sang Yudhisthira sarana basa Mleca, ingkang panjênênganipun priksa bilih Sang Yudhisthira lêbda dhatêng basa wau, nanging tiyang sanèsipun awis ingkang sagêd, dene suraosipun makatên: manawa wong bisa wruh marang rêrantaman laku-lakune mungsuhe, yèn awêwaton kawruh praja, kudu ambudidaya bisane ilang sumêlanging atine. Wong wus ngrêti yèn sakèhing nadyan ora ginawe saka waja, iku bisa nêdhasi ing badane, ewadene yèn wong wêruh panulake, têmtu ora bisa kasangsaya dening mungsuhe. Yèn kaudi wong bisa olèh sêsurupan êndi sarana kanggo rumêksa dhirine. Srêngenge bisa angêsat êbun kêna kanggo ngobong dami ing sawah, lan kayu ing alas, nanging ora bisa ngobong wong kang ana sajroning guwa. Wong kang ora duwe kakêncêngan ora bakal olèh kabêgjan kaya pangarêp-arêpe, kaya wong wuta têmtu ora wêruh dalan utawa keblat. Yèn wong arêp ngoncati bêbaya gêni, aja nyêdhakake gêgaman kang saka waja, sarta ing jarambahe wismane didèkèkana trowongan, kaya rong landhak. Yèn wong dhêmên balasakan, bisa nitik dalan kang makolèhi. Sarana nonton lintang ing langit, wong bisa mêruhi keblat. Yèn wong bisa mangrèh indriyane ora bisa tinêlukake mungsuh. Kulup, pituturku mau rasakna dikongsi kêtêmu, aja kongsi tinggal kaprayitnan.

--- 717 ---

Atur wangsulanipun Sang Yudhisthira: "Kula sampun mangrêtos dhatêng suraosing pangandikanipun kangjêng paman wau." Nadyan sampun dipun wangsuli makatên, ewadene taksih nglajêngakên anggènipun angêtutakên Pandhawa. Dupi sampun sawatawis têbih Sang Widura lumampah angubêngi para Pandhawa, kalayan mêmuji karaharjanipun, wasana wangsul dhatêng kitha Hastinapura, dene para Pandhawa nglajêngakên lampahipun. Kawuningana, sinuwun, dupi Sang Bhisma, Sang Widura tuwin sanès-sanèsipun ingkang sami nguntapakên lampahipun Pandhawa, sampun sami wangsul, Dèwi Kunthi enggal nyêlaki putranipun pambajêng sarwi ngandika makatên: "Kulup Yudhisthira pangandikane pamanamu yayi Widura, nalika ana antarane wong pira-pira mau babar pisan ora ngêrtèkake, sêmune ora kaya wong rêrêmbugan; ingsun dalah wong liya-liyane ora mangrêti, mula yèn ora ana pakewuhe, muga ingsun tuturana surasane."

Atur wangsulanipun Sang Yudhisthira makatên: "Dhuh, kangjêng ibu, tiyang sêpuh kula, kangjêng paman Widura, ingkang ambêg utami, paring pêpèngêt manawi suyasa ingkang kapirantosakên kangge pakuwonipun Pandhawa wontên ing Waranawata, punika kadamêl saking samukawis bandha ingkang gampil kabêsmi, mila lajêng mitungkas suraosipun makatên: Yèn sira udi dalan kanggo uncatira saka bêbaya iku, sira bakal sumurup. Kangjêng paman ngandika malih; sing sapa bisa mangrèh indriyane bakal bisa angwasani bawana. Dene atur wangsulan kula makatên: Kula sampun mangrêtos dhatêng karsanipun paman, badhe kula èstokakên."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dene pangkatipun para Pandhawa dhatêng Waranawata, punika marêngi ing tanggal kaping wolu wulan Palguna, plêthèkipun lintang rèhini, kawuningana sinuwun, sarawuhipun [sara...]

--- 718 ---

[...wuhipun] ing Waranawata, para Pandhawa lajêng lêlangên anjajah kitha, badhe nguningani kawontênaning kitha, kalayan tiyang ing riku."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus kawan dasa pitu, perangan Jathugriha, ing Adiparwa.

__________

BAB CXLVIII.

SAMBÊTIPUN JATHUGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi mirêng pawartos manawi para putranipun Prabu Pandhu, sami badhe rawuh ing Waranawata, malah sampun andungkap dumugi watêsing kitha, têtiyang ing Waranawata, kathah ingkang sami nêdya mapagakên dhatêng sakèthènging kitha, mancawarni kawontênaning têtumpakan, sarta kathahipun maèwu-èwu. Têtiyang wau anggènipun nampèni rawuhipun para Pandhawa mawi pahargyan, wancinipun kapilihakên ingkang kaanggêp prayogi wontên ing sêrat-sêrat sukci. Kawuningana sinuwun, dupi têtiyang wau sami priksa dhatêng para putranipun Dèwi Kunthi enggal sami marêpêki, kalayan angucapakên mantra; JAYA: tuwin lajêng sami tarap ing ngajêng wingking kiwa têngênipun para rajaputra wau. Sang Yudhisthira, singaning bangsa Kuru, wontên ing têngah-têngahipun têtiyang ing Waranawata, katingal ngalela kadi Hyang Indra, sikêp balêdhèk dêdamêlipun, rinampa-rampa ing para dewa. Sasampunipun bage-binagèkakên kalayan têtiyang ing Waranawata, para Pandhawa kalihan Dèwi Kunthi, lajêng sami lumêbêt ing kitha ingkang wêkdal punika rinêngga-rêngga sakalangkung asri, sarta sakalangkung rame.

--- 719 ---

"Dhuh prabu, Janamêjaya, ingkang karawuhan rumiyin piyambak dening para Pandhawa, inggih punika para brahmana ingkang rikala samantên nuju sami anggarap kuwajibanipun: saking riku lajêng pinanggih kalayan para pangrèh praja, para suta, tuwin para waisya, malah ugi kaparêng ngrawuhi ing griyanipun para sudra. Dhuh, bêbathèning para narendra têdhak Bharata, para Pandhawa tansah ngaji-aji sakathahing tiyang ing Waranawata. Kawuningana sinuwun, dupi Purocana sampun dados anggènipun iyasa pasanggrahan, lajêng matur dhatêng Sang Yudhisthira, bilih suyasa pasanggrahan sadhiyanipun para Pandhawa sampun rampung, saha sampun kadèkèkakên rarênggan, pirantos sacêkapipun ingkang prêlu kagêm sadangunipun kakuwu wontên ing Waranawata, kados ta: pasareyan, palênggahan, sarta palinggaran, ingkang sampun ginêlaran ing babut sakalangkung adi. Para Pandhawa nalika samantên ngagêm sarwa adi, ugi lajêng kaparêng masanggrahan iyasanipun Purocana wau, utawi tansah ngaji-aji tuwin dipun ladosi dhatêng Purocana.

Dupi sampun angsal sadasa dalu pamanggènipun para Pandhawa wontên ing Waranawata, Purocana matur rêraosan dhatêng para Pandhawa, manawi anggènipun ngiyasakakên pasanggrahan sampun dados saha sinamêktan ing saprêlunipun, kanamèkakên; Pantiarja, nanging nama wau kosok wangsul kalihan kawontênanipun, awit ing riku sangêt ambêbayani, mila pantês saupami sinung nama; Pantibaya. Ewadene para Pandhawa, gêgembonging têdhak Bharata, ugi kaparêng dêdunung ing pasanggrahan wau. Lêbêtipun ing riku cinandra kados para guhyaka manawi lumêbêt kadhatonipun Bathara Siwah, ing wukir Kelasa. Sadumuginipun salêbêting suyasa, lajêng ngandika bisik-bisik dhatêng ingkang rayi panênggak, manawi suyasa punika têtela kadamêl

--- 720 ---

samukawis ingkang gampil kabêsmi, mila sarêng Sang Yudhisthira mambêt gandaning gandarukêm, ingkang kacampuran gajih tuwin martega, lajêng ngandika dhatêng Sang Bhima makatên:

"Dhuh, yayi pangruwating satru sêkti, suyasa iki têtela yèn ginawe saka sarupaning bandha kang gampang bisane kobong, panggawene kanthi pangangkah kang ora bêcik, dadi ana mungsuh, nyraya undhagi kang wêgig sarta kêna pinitaya. Suyasa iki alus lan bêcik panggarape nanging nganggo dilapis ing lulup, sukêt garing, êpring kang dirajang kacarup ing gandarukêm, gajih, martega. Si druhaka Puracana, têtela yèn ing Waranawata kene didhawuhi ngobong ingsun lan para kadang kabèh, supaya padha nêmahi pati. Pandugaku pangobonge suyasa iki, yèn ingsun lan para ari wus katon sênêng pamanggone ana ing kene. Wruhanamu jati, paman Gunawan Widura, wus wuninga marang kaanan kang bêbayani iki, mula kangjêng paman ing nguni ngandika marang aku yèn suyasa iki kang iyasa wonge kakangamu prabu anom, lan panggarape karo dhêdhêmitan."

Atur wangsulanipun Sang Bhima: "Sarèhning samêngko wus padha wêruh, yèn suyasa iki ginawe saka samubarang kang gampang kobonge, apa ora luwih bêcik, aku lan para sadulur iki padha manggon ana pasanggrahan kang lawas bae, pedah apa manggon ing kene."

Dhawuhipun Sang Yudhisthira makatên: "Yayi, yèn saka panêmuku, luwih bêcik lêstari manggon ing kene, dadi ora kawistara, yèn aku lan para kadang wus padha wêruh marang panggawe kang bêbayani iki, nanging aku lan para kadang kabèh, apadene kangjêng ibu, kudu tansah prayitna, yèn nendra aja kongsi barêng, kudu ana kang mêlèk saha kudu tan

--- 721 ---

saha kudu tansah ambudidaya sarana kanggo oncate, manawa bêbaya gêni iku nêkani. Puracana aja kongsi ngrêti marang gêlarku lan para ari, awit yèn wêruh, têmtu Puracana darbe pangira yèn aku lan para ari wus padha mangrêti marang sêdyane, têmahan Purocana banjur kasusu anggone ngobong suyasa iki, kang mbokmanawa aku lan para ari kabèh padha nêmahi bilai. Sêmune Puracana anggone ngrasakake durung kongsi kandhas, ora sumurup yèn mangkono mau panggawe asor lan dosa, sanadyan dhèwèke mau mung niyat angèstokake dhawuhe kakang prabu anom bae. Upama kongsi kawruhan, yèn patiku lan para ari iku marga saka diobong Puracana, awit angèstokake dhawuhe kakang prabu anom, mindhah kaya apa dukane kangjêng eyang Bhisma. Yèn kangjêng eyang duka, wêkasan banjur cacongkrahan lan para kadang Kurawa, dadi bêcik apa kangjêng eyang priksa prakara iki. Kajaba iku kangjêng eyang Bhisma lan para pinisêpuh bangsa Kuru liya-liyane, têmtu yèn padha prihatos, awit lingsêm dene bangsa Kuru kongsi ana kang kaduga nindakake panggawe dosa mangkono. Nanging upama aku lan para ari kabèh, sumingkir saka suyasa iki, awit wêdi kobong, apa kowe ngira yèn kakang Prabu Anom Duryudana kang kapengin bangêt jumênêng narendra, banjur mandhêg pambudidayane, amrih sirnane Pandhawa, bokmanawa malah banjur dibêdhagal, aku lan para ari ditukua, banjur dipatèni. Kowe wêruh yèn wong Pandhawa ora darbe lungguh lan pangwasa, nanging loro pisan mau wus kadarbe kakang prabu anom, malah kongsi turah saka saprêlune, dene Pandhawa prasasat ora darbe mitra lan sraya. Nanging mitra lan srayane kakang prabu anom, kèhe tanpa petungan, Pandhawa ora darbe waragat, mangka kakang prabu anom mangwasani rajadarbèking nagara Hastina. Sarèhning mangkono kaanane apa luput, yèn kakang prabu

--- 722 ---

karsa anyirnakake aku sakadang Pandhawa bae. Mula si druhaka Purosana, utawa kakang Duryudana kudu aja kongsi mangrêti marang sêdyane Pandhawa. Aku lan kowe, lan para ari liya-liyane bêcik nganggo sasap nyarupa tuwa buru, banjur lêlana ngidêri bawana, kang ora kongsi kawruhan, utawa dikodhol ing mungsuh. Wiwit dina iki uga, mara padha wiwit anglandhak jarambahing suyasa iku, karo laku dhêdhêmitan. Sarana laku mangkono aku lan para kadang têmtu yèn ora bisa kobong. Yayi luwih bêcik lêstari manggon ing kene, mung bae kudu tansah budidaya bisane rahayu, Purocana lan wong-wong ing Waranawata aja nganti ana kang mêruhi kabèh panggawene Pandhawa.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sêkawan dasa wolu saking perangan Jathugriha, ing Adiparwa.

__________

BAB CXILIX.[1]

SAMBÊTIPUN JATHUGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kawuningana sinuwun, wontên kêkasihipun Sang Widura kautus pinanggih Pandhawa, nanging lampahipun kalayan sangêt winados, liripun: botên kasumêrapan ing tiyang sanès. Tiyang wau juru mêlik, mila kulina damêl margi ing nglêbêt siti. Dupi tiyang wau sampun pinanggih lan para Pandhawa, lajêng matur bisik-bisik, ucapipun makatên: "Kawuningana radèn, kula punika juru mêlik, ingkang sampun misuwur, dene sowan kula punika kautus ingkang paman Sang Widura, supados ambiyantu pakaryanipun radèn, mila suwawi lajêng dipun dhawuhna kadospundi karsanipun radèn, ingkang paman pitados sangêt dhatêng kula, mila ngantos kawiyos pangandikanipun makatên: Biyantunên

--- 723 ---

anggone nambut karya, cukupana kabutuhane. Mila suwawi radèn, kawan wêlas dintên saking dintên punika, nuju wulan panglong, wanci lingsir dalu Purocana badhe ambêsmi kontêning suyasa, angèstokakên dhawuhipun Sang Drêtarastra putra, awit karsanipun prabu anèm, Suyudana, Pandhawa sagêda nêmahi tiwas, lantaran katut kabêsminipun suyasa, malah pangandikanipun ingkang paman, sampun ngandika piyambak dhatêng panjênênganipun radèn, nanging anggènipun ngandikakakên prakawis wau ngagêm basa Mleca, ingkang panjênêngan wangsuli ngangge basa punika ugi. Anggèn kula mawi matur makatên wau, minangka pratandha, bilih kula punika pitayanipun ingkang paman."

"Sang Yudhisthira ingkang ambêg paramarta, dupi midhangêt aturipun juru tambang makatên wau, lajêng mangsuli pangandika makatên: "Hèh kêkasihing dewa, aku samêngko wêruh, yèn paman ora kasamaran marang obah osiking jagad, dhuh, kisanak, pangarêp-arêpku, aku lan para ari kabèh anggêpên kaya kangjêng paman dhewe, aja kok beda, mangkono uga aku lan para ari kabèh iya nganggêp kowe kaya paman Widura dhewe. Kisanak, muga kowe mitulungana Pandhawa, kaya kangjêng paman anggone ngayomi aku lan para ari kabèh. Aku wus mêruhi dhewe yèn suyasa iki ginawe sarana bandha kang gampang bisane kobong, prêlu kanggo sarana Purocana anggone ngobong Pandhawa, saka dhawuhe kakang Prabu Anom Duryudana. Si druhaka sabên dina tansah dêdana mas picis rajabrana, nganggo dibiyantu para mitrane, pamriku[2] bisane gampang ênggone nêdya gawe tiwase Pandhawa. Kisanak, muga Pandhawa dananana bau, supaya bisa uncat manawa bêbaya gêni iku anêkani, sêmune bangêt pangantha-anthane kakang Prabu Anom Duryudana marêng kobonge Pandhawa kongsi dadi awu. Sumurupa kisanak, adêke suyasa iki dicêdhakake lan omah pasimpênan

--- 724 ---

sêndawa, kagungane kakang prabu anom, tur dipêpêtake tangguling parumatan sêndawa mau. Nanging karsane kakang Prabu Anom Duryudana mangkono mau wus kawuningan paman Widura, sadurunge aku mangkat mrene. Mula nalika paman nguntapake angkatku, banjur ngandika marang aku kaya tuturira mau. Kisanak kowe biyantua pakaryane Pandhawa, nanging poma aja kongsi kawruhan Si Purocana."

Atur wangsulanipun juru mêlik: "Sadaya dhawuhipun radèn badhe kula èstokakên."

"Wiwit nalika samantên juru melik lajêng andhudhuk jêrambahing suyasa, adamêl trowongan, ingkang cakap dipun langkungi ing tiyang, wigatos kangge pirantos oncatipun para Pandhawa, manawi suyasa kabêsmi sawanci-wanci. Kontêning trowongan wontên têngah-têngahing jarambah lêrês, dipun tutupi ing blabag, lajêng dipun urug siti dados botên kasumêrapan ing têtiyang. Sanadyan Purocana prasasat botên nate kesah saking sangajênging kontên suyasa, ewadene mêksa botên sumêrap dhatêng pandamêlipun trowongan winados wau. Sabên dalu Pandhawa giliran botên satunggal-satunggal, ananging ingkang kêdah wungu wau ugi rewa-rewa sare, kalayan nyêlakakên dêdamêl, dene manawi siyang sami rewa-rewa bêbêdhag ing wana sakiwa têngênipun pasanggrahan, wigatos nitik margi. Dhuh, Prabu Janamêjaya, sabên para Pandhawa puniku sami wontên salêbêting suyasa, sangêt anggènipun ngatos-atos. Mila Purocana tansah kakilapan, awit Pandhawa ing sêmu katingal rena, nadyan panggalihipun sangêt mêlang-mêlang. Tiyang-tiyang ing Waranawata botên pisan-pisan sumêrap dhatêng karsanipun para Pandhawa, awit sayêktosipun kajawi juru mêlik botên wontên tiyang sanès ingkang priksa dhatêng sadaya pandamêlipun Pandhawa."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sêkawan dasa sanga perangan Jathugriha, ing Adiparwa.

--- 725 ---

BAB CL.

SAMBÊTIPUN JATHUGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Purocana sakalangkung sênêng manahipun tuwin bingah, dene para Pandhawa tansah mangun sukaning panggalih, dados têtela manawi sêpi ing raos sanggarunggi, anggènipun para Pandhawa samudana makatên wau, dangunipun ngantos sawarsa. Dupi Sang Yudhisthira sampun cêtha anggènipun maspadakakên dhatêng solahbawanipun Purocana, bilih saya dangu saya sênêng manahipun, panjênênganipun lajêng ngandika dhatêng para ari sadaya, makatên: "Yayi, si druhaka sêmune ora rumangsa yèn kêna apus, panêmuku kaya wus têkan mangsane, aku sakukuban padha oncat saka ing kene, karo angobong suyasa iki, dimèn Si Purocana katut kobong. Sawuse kawruhan yèn Purocana têmên mati, aku lan kowe kudu banjur uncat saka kene, nanging kudu kanthi kaprayitnan, aja kongsi kawruhan ing wong."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Malêbêtipun wontên ing Waranawata, para Pandhawa sabên dintên tansah adêdana. Satunggaling dintên Dèwi Kunthi ngaturi para brahmana, wigatos dipun ajak kêmbul bujana, mila pintên-pintên kathahipun para brahmana jalêr èstri ingkang sami dhatêng, nutug anggènipun sami bujana andrawina, ngantos Dèwi Kunthi pamit ngasokakên sarira, sawêg bibaran. Ing dalu wau wontên pawèstri bangsa Nisaddha, ambêkta sutanipun gangsal, awit sangêt kaluwèn, dene mêntas lumampah têbih tur sadintên botên nêdha punapa-punapa, saking kapengin sagêd nêdha, mila lajêng momor sambu, nunggil lan para brahmana, lumêbêt ing pambujanan. Dhuh, Prabu Janamêjaya, awit saking kaladuk anggènipun ngumbe anggur, tiyang èstri sasutanipun

--- 726 ---

gangsal wau têmahan sami mêndêm, ngantos botên sagêd kesah saking pakuwonipun para Pandhawa, sarta lajêng katilêman. Kawuningana sinuwun, dupi sampun sêrap janma, kapinujon anginipun agêng, Sang Bhima enggal ambêsmi pasanggrahan, dene ingkang kabêsmi rumiyin, inggih punika griya ingkang dipun angge tilêm pun Purocana, lajêng kori agêng, ingkang anjok ing jawi, saha lajêng pojoking suyasa sakawan pisan. Para Pandhawa sakalangkung bingah dupi wuninga ubaling latu, mangalat-alat yayah sundhuling akasa, wasana para Pandhawa wau lajêng sami lumêbêt ing trowongan ingkang dumunung ing têngah-têngahing jarambah, kalayan ingkang ibu. Ubaling latu ingkang katêmpuh prahara, swaranipun anggêrêng anggêgirisi, malah ngantos kadi anggigah têtiyang ing Waranawata, anggènipun sami tilêm. Dupi têtiyang wau priksa, bilih ingkang kabêsmi punika suyasa pasanggrahanipun para Pandhawa, saha priksa manawi Purocana, katut kabèsmi, sami sangêt sêdhih ngantos kawêdal ucapipun makatên: "Têtela Purocana gêdhohane ala, anggone iyasa pasanggrahan iku, awit saka dhawuhe Prabu Anom Duryudana, nêdya nyingkirake Pandhawa dadi kobonge suyasa mau, si druhaka dhewe kang kobong. Prabu Drêtarastra têtêp yèn candhala buddhi, kapriye têka para Pandhawa iku dianggêp mungsuh. Para putrane kang rayi Prabu Pandhu ora darbe dosa kalakon disingkirake saka nagara, kang wêkasan padha nêmahi bilai. Si druhaka Purocana katut kobong, yaiku minangka ukume dene têgêl ngobong para musthikaning jagad, kang ora pisan-pisan dosa, sarta ora sêngit marang sapa bae."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Têtiyang Waranawata sami nglayat dhatêng ing pasanggrahan, kalayan sangêt sêdhih. Ngantos sadalu muput anggènipun sami ngêpang latu, dene Pandhawa gangsal pisan,

--- 727 ---

kalayan ingkang ibu sagêd oncat saking bêbaya agêng wau, mêdal ing margi salêbêting siti, iyasanipun. Sawêdalipun saking tarowongan lajêng anilar Waranawata, botên wontên tiyang ingkang nyumêrapi. Sanadyan makatên, lampahipun para Pandhawa wau botên sagêd rancag, jalaran sami arip, dening sampun dangu anggènipun sami kirang sare, saking panggalihipun sami sumêlang. Dhuh, narendra têdhak Bharata, Sang Bhima ingkang sêkti mandraguna, tuwin cukat tandangipun, enggal amundhak ingkang ibu saha angindhit para kadang lumêbêt ing wana, nasak pagrumbulan, mangka dalu wau pêtêng dhêdhêt alimêngan. Dèwi Kunthi dipun pundhak, Sang Arjuna kalihan Sang Yudhisthira kaindhit, dene Sang Kêmbar anggandhul ing pundhak kiwa têngên. Lampahipun Sang Bhima kêbat kadi angin, kêkajêngan ingkang katrajang pokah ingkang cathèk sami rungkat, têmah ambalasah bosah-basih, tabêting sampeyan sakalangkung lêbêt."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sèkèt, saking perangan Jathugriha, ing Adiparwa.

__________

BAB CLI.

SAMBÊTIPUN JATHUGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Ing dalu nalika para Pandhawa lolos saking Waranawata, Sang Widura sampun kaaturan wuninga, mila lajêng utusan tiyang nyêgat wêdalipun para Pandhawa saking kitha Waranawata. Utusanipun Sang Widura wau tiyang bêkti saha kenging pinitados, anggènipun ngêntosi para Pandhawa, kalilan sêsingidan wontên ing wana sacêlakipun kontêning tarowongan, kalampahan sagêd pinanggih, inggih punika: nalika Pandhawa sawêg sami milih margi ingkang rèpèh, anggènipun badhe nyabrang lèpèn Gangga. Mangka Sang Widura priksa badhe pamanggèn saha sêdyanipun para têlik-

--- 728 ---

ipun Sang Duryudana, mila saking anggènipun amrih raharjanipun para Pandhawa, enggal utusan tiyang wau, wigatos mitulungi para Pandhawa, sampun ngantos kasumêrapan têlikipun Sang Duryudana. Sasampunipun pinanggih kalihan para Pandhawa, utusan lajêng matur manawi sampun mirantos baita, ingkang sampun sarwa samêkta, nanging baita wau taksih kasingitakên wontên salêbêting grumbul têpining lèpèn Gangga. Pandamêlipun baita wau sampun dipun angkah botên mutawatosi katêmpuh ing ombak utawi prahara agêng, lampahipun sakalangkung rikat. Dene aturipun utusan wau sampun ngawistarani manawi nyata utusanipun Sang Widura, ucapipun makatên:

"Srêngenge bisa angêsat êbun, sarta anggaringake dami ing sawah lan kayu ing alas, nanging sanadyan alase kongsi kobong pisan têmtu ora bisa ngobong wong kang ana sajroning guwa ing alas mau. Wong kang têmên rumêksa marang uripe, sarana ngèlingi kang mangkono mau, wong iku bisa uwal saka bêbaya pati, kang awujud gêni utawa liyane."

Ucap kula punika minangka pratandha, bilih kula têmên kêkasih lan utusanipun ingkang paman. Ing nguni ingkang paman ngandika dhatêng panjênênganipun gusti kula makatên: "Hèh, Kunthiputra, sayêktine sira têmbe bisa ngalahake Karna, Duryudana sakadange, utawa Sakuni ana ing palagan kang bakal kalakon." Kawuningana baita sampun mirantos, lampahipun rikat, inggih baita punika ingkang prayogi dipun titihi, lolosipun gusti kula saking Waranawata."

Utusanipun Sang Widura wau saya dangu saya tamat anggènipun maspadakakên, manawi para Pandhawa dalah Dèwi Kunthi sami aclum guwayanipun, tuwin sêmunipun sakalangkung pêtêng. Mila lajêng matur supados tumuntên nitih baita sadhiyanipun wau, kalayan piyambakipun ingkang nglampahakên. Sasampunipun para Pandhawa, dalah ingkang ibu, lênggah wontên ing baita, utusan wau lajêng matur malih makatên:

--- 729 ---

"Dalu punika raosipun ingkang paman Widura, saèstu kados angaras mustaka saha ngrangkul sarira panjênêngan. Nalika kula pangkat, ingkang paman mitungkas wantos-wantos, supados anyêngkakna lampah, awit panjênêngan sampun dungkap pangkat saking pasanggrahan tanpa kanthi, kajawi para kadang tuwin ingkang ibu, mawi andhawuhakên manawi panjênênganipun gusti kula dalah ingkang rayi sadaya tuwin ingkang ibu Dèwi Kunthi badhe sami raharja."

Kalayan matur makatên wau utusan lajêng wiwit anglampahakên baita, para Pandhawa dalah ingkang ibu nyakêtakên anggènipun lênggah, wasana dumugi sabranging Gangga. Dados panyabrangipun ing lèpèn Gangga wilujêng, sadumugining pagisikan ingkang sinêdya, utusan lajêng angucapakên mantra, jaya, sarta pamit wangsul dhatêng Hastinapura.

Para Pandhawa ingkang misuwur ing jagad, mitungkas dhatêng utusan nalika pamit badhe wangsul, supados matur ingkang paman, manawi sampun sami raharja, tuwin badhe nglajêngakên lampahipun kalayan gêgancangan, kanthi angatos-atos, ngèstokakên dhawuhipun ingkang paman.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sèkêt satunggal saking perangan Jathugriha, ing Adiparwa.

__________

BAB CLII.

SAMBÊTIPUN JATHUGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Ing wanci gagat raina tiyang ing Waranawata, sadaya sami dhatêng ing papan kabasmaran, wigatos badhe sumêrap kadospundi kadadosanipun para Pandhawa. Sadumuginipun ing papan wau lajêng sami tumandang amêjahi latu, ing riku têtiyang sami sumêrap, manawi suyasa ingkang kadamêl saking samukawis ingkang gampil kabêsmi, saha lajêng manggih

--- 730 ---

kunarpanipun Purocana, nayaka kêkasihipun Sang Duryudana, pêjah katut kabêsmi. Têtiyang wau sadaya sami susah manahipun, awit manah dhatêng kawontênanipun para Pandhawa, malah ngantos sami rêraosan makatên: "Têtelane kobongan niki saka panggawene Sang Duryudana, dadi gêdhe bangêt dosane Sang Duryudana iki, dene kagungan pangangkah nêdya amrih sirnaning Pandhawa. Sêmune Prabu Drêtarastra condhong marang anane lêlakon mangkene iki, katandha ora mêmbêngi kalirune tindake putrane, mangka aku nêmtokake yèn sang prabu têmtu wus priksa nalika Sang Duryudana ngrantam prakara iki lan para srayane. Dadi têrange Sang Santanuputra, Sang Widura, Rêsi Drona, Rêsi Krêpa, sarta para pinisêpuh ing Kurawa liya-liyane, padha ora nêtêpi kawajibane, mulane para kanca padha kongkonan matur marang Prabu Drêtarastra, mangkene: kawuningana karsanipun sinuwun ingkang wigatos piyambak, ing mangke sampun kalêksanan, dene Pandhawa sampun sirna ingkang jalaran saking katut kabêsmi."

Sasampunipun rêraosan makatên têtiyang wau lajêng sami tumandang nyirami awu ingkang taksih bêntèr, pangangkahipun murih sampun makèwêti anggènipun ngupadosi kunarpanipun para Pandhawa. Wasana manggih kunarpa nênêm, ananging punika kunarpanipun pawèstri bangsa Nisaddha, dalah anak-anakipun jalêr gangsal, dipun kintên Dèwi Kunthi, kalayan para Pandhuputra. Kawuningana sinuwun, juru mêlik utusanipun Sang Widura, ingkang ing nguni mbiyantu para Pandhawa, nunggil kalihan tiyang kathah sami ngosak-asik awu wau, sêdyanipun ngupadosi kontênipun tarowongan iyasanipun. Sasampunipun pinanggih, enggal dipun urugi awu, murih tiyang kathah sami botên priksa.

--- 731 ---

Ing dintên punika ugi bidhalipun kengkenan saking Waranawata, ingkang kapurih munjuk panjênênganipun Sang Prabu Drêtarastra, bab sirnanipun Pandhawa tuwin Dèwi Kunthi, sarta nayaka ingkang nama Purocana. Rikala Prabu Drêtarastra midhangêt, unjukipun tiyang wau, lajêng muwun karanta-ranta, kalihan sêsambat makatên:

"Samêngko ingsun lagi rumangsa, yèn ditinggal yayi Prabu Pandhu, kadang ingsun kang kaonang-onang ing jagad. Duta saka Waranawata, wong-wong ing kana padha dhawuhana miwaha layone prajurit linuwih lêlima iku sarta putranipun Sang Kunthibuja. Balunge disucènana kaya pranatan kang kasêbut ing layang sukci katindakna aja kongsi ana kang kaliwatan."

Sasampunipun ngandika makatên, Prabu Drêtarastra lajêng dhawuh dhatêng nayakanipun makatên: "Para mitra lan kadang kadeyane kang wus padha layon, enggal parentahna supaya nuli mangkat marang Waranawata, sarta ing kene gawea wiwahan sukci lan dêdana mas picis rajabrana, dimèn para putraningsun Pandhawa lan yayi Dèwi Kunthi, padha nêmu kamulyan ing dêlahan.

Nalika samantên Prabu Drêtarastra, putranipun Dèwi Ambiya, dalah para putra santananipun, lajêng sami sêsaji toya, supados para Pandhawa manggiha kamulyan. Sadaya wau sarwi sêsambat makatên: "Adhuh, adhuh, Yudhisthira, rajaputra bangsa Kuru, sawênèh nyambat Sang Bhima, Sang Arjuna tuwin Sang Kêmbar. Sawênèhipun nyambat Dèwi Kunthi. Sadaya sami sêsambat makatên wau, kalihan sêsaji toya, têtiyang ing Hastinapura sami prihatos, malah ngantos sami karuna, namung Sang Widura ingkang botên angutahakên waspa, awit panjênênganipun priksa, kadospundi kawontênanipun para Pandhawa.

Para Pandhawa gangsal pisan, ingkang sami mandraguna sura sêkti, kalihan Dèwi Kunthi oncat saking Waranawata, sadumugining lèpèn Gangga lajêng kapitulungan dening [de...]

--- 732 ---

[...ning] utusanipun Sang Widura. Ing nalika samantên anginipun pinuju ajêg tumuju dhatêng ingkang dados pamilihipun para Pandhawa. Mila lampahing baita rikat, kadi lampahing jêmparing. Ingkang makatên punika dados pitulungan agêng tumrap ingkang sami lolos. Sadumuginipun sabranging lèpèn, para Pandhawa dalah ingkang ibu, mandhap saking palwa lajêng lumampah mangidul, ingkang botên dangu kasaput ing dalu, ewadene para Pandhawa taksih nglajêngakên lampahipun, ingkang minangka ancêr-ancêring lumampah, lintang-lintang ing langit, ingkang nalika samantên katingal pating karêthap angelam-elami.

Dhuh, Prabu Janamêjaya, rikala samantên lampahipun para Pandhawa wau sakalangkung rêkaos, tur nawung raos daya-daya, mila sariranipun sami karaos sakalangkung lungkrah, sarta sangêt kasatan. Kalamangsa anggloyori, awit saking sangêt arip, labêt sampun dangu anggènipun kirang sare. Wasana dumugi wana gung liwang-liwung, ing riku Sang Yudhisthira lajêng ngandika dhatêng ingkang rayi panênggak makatên: "Yayi, apa ana kasangsaran kang ngungkuli kasangsaranku lan para kadang iki; samêngko têkan alas kang mangkene gêdhene, saka rungkuting alas, kongsi ora bisa mêruhi keblat, dadi prasasat ora bisa ambacutake lakune. Kajaba saka iku, apa si druhaka Purocama, bisa kalakon katur kobonging pakuwon. Samêngko kapriye anggonku padha namurlaku supaya aja kawruhan ing wong. Dhuh, kadangipun kakang pêpêthingane para dharah Bharata, prayogane kangjêng ibu lan para kadang padha gendhongên. Mulane pun kakang ngatag marang si adhi, awit si adhi kang rosa dhewe, lan rikat lakune aja kongsi kasuwèn, mara padha mbacutake laku."

Kawuningana dupi Sang Bhima, tampi dhawuhipun ingkang raka makatên wau, ingkang ibu tuwin para kadangipun sakawan pisan, sami dipun gendhong lajêng lumumpat sumêbut.

Dumugi samantên wêkasanipun bab satus sèkèt kalih, saking perangan Jathugriha, ing Adiparwa.

_________

--- 733 ---

BAB CLIII.

SAMBÊTIPUN JATUGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kacariyos lampahipun Sang Bhima, nasak ing wana bêbondhotan, nêrajang garumbul ingkang rungkut, sanalika wau wana makatên anggêgirisi, babiting sampeyanipun Sang Bhimasena, angawontênakên prahara agêng, kados agênging prahara ing mangsa dhêstha. Wana ingkang katrajang kêkajênganipun sami bosah-basih kadi binabadan, kajêng agêng-agêng sami pokah, dene ingkang alit-alit sami rungkat, awit kapidak tuwin katatap ing pranajanipun Sang Sena, ingkang wiyar sarta santosa punika, saha sêkar wohing kêkajêngan sami ambalasah sumêbar ing siti, rikala Sang Bhimasena narajang wana wau, kados dirada agêng ingkang umur suwidak taun nuju ngamuk sabên mangsa laki, inggih punika manawi peranganing badanipun gajah wau tigang panggenan sami ngilu. Sang Wrêkudara lumumpat sumêbut, kados ibêripun Sang Garudha, putranipun Dèwi Winata, utawi kados Bathara Maruta dewaning angin, wana sinasak, lèpèn ginêbyuran, ingkang ibu tuwin para kadang ingkang sami kabêkta, ngantos botên priksa kawontênanipun ingkang sampun dipun langkungi. Sajatosipun para Pandhawa sakalangkung giris, awit rumaos tansah dipun kêkinthil dening para putranipun Prabu Drêtarastra.

Lampahipun Sang Wrêkudara mandhap ing jurang minggah ing rêdi, kalihan ambêkta para kadang saha ibunipun, ingkang saranduning sariranipun sakalangkung alus tuwin ringkih. Dhuh, Prabu Janamêjaya, wanci sêrap surya lampahipun Sang Bhima dumugi ing wana ingkang sakalangkung mutawatosi, ing riku botên wontên toya, wowohan, tuwin pala kêpêndhêm amung sakêdhik. Ewadene kathah pêksi tuwin kewan galak ingkang nalika samantên sami nyabawa rame.

--- 734 ---

Saya dalu sangsaya umyung swaranipun, mila saya anggêgirisi. Langkung malih rikala punika lajêng katungka dhatênging gara-gara, warni prahara agêng, kajêng ingkang cêthèk tajêgipun sami rungkat, ingkang lêbêt sami pokah, rêrambatan sami rantas, katêmpuh drêsing angin, têmah mawut dhumawah ing siti, ambalasah kadya tilam sinêbaran ing sêkar. Para Pandhawa sampun botên kuwawi nglajêngakên lampah, labêt saking sangêting sayah, kasatan tuwin arip, mila lajêng nglosot lênggah ing siti, botên dhahar utawi botên ngunjuk.

Rikala punika Dèwi Kunthi rumaos botên kuwawi nahan raosing kasatan, ngantos kawiyos pangandikanipun dhatêng para putra makatên: "Ingsun ibuning Pandhawa lima, kang samêngko wus padha ngumpul ana ing kene, ewadene ingsun kalakon kasatan kongsi kaya mangkene rasane." Ngantos marambah-rambah pangandikanipun makatên wau. Sang Wrêkudara ingkang sangêt trêsna dhatêng ingkang ibu, sakalangkung wêlas midhangêt sambating ingkang ibu makatên wau mila sanadyan kados punapa sayahipun, mêksa badhe nglajêngakên lampah ngantos manggih palêrêman ingkang cêlak toya. Sanalika wau lajêng pangkat anasak wana agêng, ingkang botên nate kambah ing janma manusa, wasana Sang Bhima priksa kajêng baniyan ingkang ronipun ngrêmbuyung, enggal dipun cêlaki.

Dhuh, pêpêthinganing para têdhak Bharata, sadumuginipun sangandhaping kajêng baniyan, Sang Bhima ngandhapakên ingkang ibu kalayan para kadang sarwi ngandika makatên: "Dhuh, kakang Yudhisthira, kadangku tuwa, si kakang lan para ari, apadene kangjêng ibu, padha lêrêma ing kene dhisik aku dak ngupaya banyu, aku krungu swaraning manuk urang-urangan, mula aku ngira yèn ora adoh saka ing kene ana sumbêr utawa talaga."

--- 735 ---

Dhuh, sinuwun, Sang Yudhisthira lajêng mangsuli pangandika: "Iya yayi, mula enggal pangkata." Sang Bhima nilar para kadang tuwin ingkang ibu, lumampah gêgancangan tumuju dhatêng dunung sabawaning pêksi urang-urangan wau, kanyataan lajêng manggih talaga. Sang Bhima lajêng ngunjuk sarta siram. Sasampunipun dumugi lajêng ambêkta toya winadhahan ing nyampingipun ingkang njawi piyambak, nêdya kaaturakên ingkang ibu, tuwin para kadang Sang Bhima wangsul urut lusah-lusahing galagah rêrunggutan ingkang mêntas sinasak nalika angkatipun. Têbihipun dununging talaga kalayan palêrêmanipun para kadang, watawis sêkawan pal, nanging sarêng dumugi ing palêrêman sangandhaping kajêng baniyan, ingkang ibu dalah para kadang sampun sami sare, ngalosot wontên ing siti botên mawi lèmèk. Kados punapa rêmpuning panggalihipun Sang Wrêkudara, bêbayunipun lajêng kados dipun lolosi, tansah angunjal napas, malah ngantos angutahakên waspa, pangudaraosing panggalih makatên:

"Dhuh, jagad dewa bathara, kaya ora kuwat-kuwata rasaning atiku, ndulu para kadang padha turu pating galethak ana ing lêmah, kagawa saka aripe, awit sajroning ana Waranawata ora bisa turu kêpenak, nadyan ana ing paturon adi lan êmpuk, karana digodha dening rasa mêlang-mêlang. Nanging samêngko sêmune padha kêpenak anggone nendra, tandha yèn wus sumèlèh panggalihku.[3] Apa ana sêsawangan kang bisa ngrujit ati, ngungkuli dina iki, dene mêruhi kangjêng ibu Dèwi Kunthi sare ana lêmah, mangka kangjêng ibu iku kadange wadon Prabu Basudewa, pangrurahing satru sêkti, sarta putrine Prabu Kunthibuja, pramèswarine Prabu Pandhu kang misuwur ing jagad tanpa timbang mantune Prabu Wicitrawirya, ibune Pandhawa lima, kulite sarira alus sêmu gilap kaya sêrating kêmbang tunjung.

--- 736 ---

Saraduning[4] sarira sarwa alus, dadi pantês yèn sareya ing pasareyan kang adi, linèmèkan ing sutra, ora glèthèk ing lêmah mangkene iki. Dhuh, dhuh, ibu kang ambabarake para Pandhawa, turase Bathara Dharma, Bathara Haruta[5] lan Bathara Indra, samêngko kalakon sare ana ing lêmah, kagawa bangêt aripe. Dhuh, jagad dewa bathara, apa ana sawangan kang kanggone nrênyuhake atiku, ugungkuli[6] andulu para kadang-kadangku padha nendra pating glèthèk ana ing lêmah, mangka têtela yèn iku ksatrya bêbanthènging jagad, dhuh, kakang Yudhisthira, kadang wrêdha kang utama ambêke, kang bisa mangrèh bawana tanpa sisihan samêngko nendra ing lêmah tanpa lèmèk, kaya wong sudra sampali, awit saka bangêt sayah lan aripe. O, Arjuna, kadangku kang kulite irêng manis, mandhês kaya mêndhung biru, kang kaprawirane tanpa tandhing ing jagad, samêngko kalakon turu ana ing lêmah kaya wong kang dlajad asor, apa ana kasangsaran kang ngungkuli lêlakon samêngko iki? Adhuh, adhiku kêmbar, kang pêkik-pêkik warnane, kongsi kaya Bathara Aswin, iya padha turu ing lêmah. Gèk kaya apa mulyane wong kang ora duwe sanak kadang, mangka ora sinung wêtak mèrèn lan daksiya, pasthi yèn banjur kaya kaanane wit gêdhe sajroning desa kang ora ana panunggalane, têmtu tansah diaji-aji ing janma padesan mau, godhong sarta wohe dianggêp sukci, kosok baline kaya apa mulyane ksatrya kang darbe sanak kadang akèh, tur padha ambêg utama, têmtu mulya uripe ana ing marcapada, dadi ora tau susah atine. Ksatrya kang mangkono têmtu yèn sarwa samêkta, dadi uripe bêgja, awit bisa tansah ambêbungah para mitra, lan sanak kadange bisa tulung-tinulung, candrane kaya kêkayon kang nunggal saalas, uripe tansah daya-dinaya. Bêgja têmên kaananku lan para kadang iki, lunga saka nagara, marga disingkirake uwakne, lan nak sanake dhewe, kapêksa pisah, lan bandhane, kagawa nêdya ngoncati bêbaya pati kang bangêt nggêgirisi.

--- 737 ---

Catatan kaki:

1. CXLIX. (kembali)
2. pamrihe (kembali)
3. panggalihe (kembali)
4. Saranduning (kembali)
5. Maruta (kembali)
6. angungkuli (kembali)