Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 3

Taun 1957.

__________

Sawuse uncat saka bêbaya mau, lagi rumangsa bisa adhêm atine, ana sangisore wiwitanwit-witan gêdhe kang ayom. Gèk sabanjure ngêndi kang dak jujuk. He, he kowe para sutane Drêtarastra, kang asor ing buddhi lan angkara murka, samêngko wus kalakon pangantha-anthane atimu, lan banjur lêlumbana ing kamulyan donya kang ora langgêng iki. Nanging kowe apa darbe pangira yèn para dewa rena nguningani pokalmu kang mangkono mau. hèh, si ambêg druhaka, sumurupa yèn ênggonmu samêngko isih padha urip iku, dene kakang Yudhisthira durung dhawuh marang aku, supaya nyirnakake kowe. He kakang Duryudana, luwih manèh samêngko rasaning atiku kaya dibakar, mula janji ana parentahe sadulurku bae, kowe tamtu kabuncang têkan ing Yomani, asanaksaanak bojo, mitra sraya lan para kadangmu kabèh, dalah Karna lan Sakuni pisan, anggonku mênêng bae kongsi dina iki, marga durung ana parentahe sadulurku tuwa, dadi kowe isih diapura.

Sang Bhima ingkang santosa otot balungipun, sasampunipun ngunandika makatên wau, kadi ingububan pangigit-igiting panggalihipun dhatêng para Drêtarastra putra, mila tansah angêsês-êsês kalihan amênyèt-mênyèt astanipun piyambak, sabên kèngêtan dhatêng piawonipun Kurawa, lajêng katêtangi dukanipun, candranipun kadi latu, ingkang sakêdhap murub mubal-mubal, sakêdhap malih lajêng sirêp, awit sarêng ningali para kadang tuwin ingkang ibu sakeca anggènipun sare wontên ing siti, ingkang mratandhani manawi sampun sami botên kadunungan raos sanggarunggi, lajêng lêmpêr dukanipun. Nalika punika sang

--- 738 ---

Wrêkudara ngunandika malih makatên: "Pangiraku ora adoh saka ing kene ana kutha, nanging para kadang-kadangku lan kangjêng ibu, sêmune isih padha kapenak anggone nendra, kaya luwih bêcik dak tunggune bae dhisik sawungune, dadi banjur bisa krasa sêgêr anggone ngunjuk banyu iki." Sarwi nglocita makatên, Sang Bhima lajêng lênggah ing siti rumêksa para kadang tuwin ingkang ibu, ingkang taksih sami kapati nendra.

Dumugi samantên têlasipun bab kaping satus sèkèt tiga, saking perangan Jathugriha ing Adiparwa.

__________

BAB CLIV.

HIDHIMBA BADA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Botên watawis têbih saking palêrêmanipun para Pandhawa, wontên raksasa nama Hidhimba, mlangkrong ing palagraking kajêng sala, raksasa wau ambêg angkara murka, karêm mangsa janma, warnanipun anggêgirisi, siyungipun landhêp sarta panjang-panjang, kaprawiran saha karosanipun linangkung, sukunipun panjang, padharanipun agêng, rambut tuwin jenggotipun abrit ambaranang, dhadhanipun wiyar, kupingipun lincip kadi nyênyêping jêmparing, manawi sinawang anggêgilani. Nalika Sang Bhima rumaksa para kadang dalah ingkang ibu anggènipun sami sare, Raksasa Hidhimba malangkrong wontên ing palagrak kalihan angongak mangiwa manêngên, wigatos maspadakakên, bokbilih wontên janma langkung ing riku badhe dipun mangsa, awit padharanipun kraos luwe, sarta sampun kêpengin mangsa daginging manusa,

--- 739 ---

wasana priksa dhatêng para Pandhuputra ingkang sami lêrêm sangandhaping kajêng baniyan. Sami sanalika wau raksasa Hidhimba, gèdhèg-gèdhèg nyilakakên rambutipun ingkang lajêng dipun jambaki piyambak, kalayan botên kêdhèp-kêdhèp anggènipun mandêng para Pandhuputra, sarwi tansah kalangoban, awit saking sangêt kêpengin mangsa janma. Pun Hidhimba ingkang gagah prakosa, siyungipun panjang sarta landhêp-landhêp, warnanipun anggêgirisi wau saya botên kuwawi nahan kapenginipun badhe mangsa janma, awit saking mambêt gandanipun para Pandhuputra wau, mila lajêng nguwuh dhatêng sadhèrèkipun pawèstri, ucapipun makatên: "Dhi, wus watara suwe aku ora antuk mêmangsan kang mirasa, mula barêng mambu gandaning manusa, cangkêm banjur kêmocor. Dina iki bokmanawa aku bisa mangsa daginging manusa, siyungku wolu kang lancip-lancip iki, ayak ora nguciwani dianggo nggigit daging. Yèn anggonku nggigit guluning wong iku wus kalakon pêdhot, gèk kaya apa sarasanerasane ngokop gêtihe manusa, têntu yèn sêgêr sumyah awakku. Mulane dhi enggal parêpêgana, lan nyatakna sapa kaanane wong kang padha turu ngisoring baniyan iku, dene gandane gadhag, kongsi kaya ora kuwat-kuwata ngampah kapenginku mangsa janma. Yèn malahi sirnakna pisan, banjur gawanên mrene, dosane dene kumawani turu ana ngalas wawêngkonku ora nganggo bêbêji dhisik. Dhi, enggal lêksananana, yèn wus kalakon kapikut nuli padha kêmbul bujana mangsa daginging manusa, sarta bungah-bungah nutug sakarsa-karsa.

--- 740 ---

"Dhuh, Prabu Janamêjaya, Hidimbah,§ Bokmanawi wontênipun ing cariyos Jawi, naminipun: Harimbi. kadangipun èstri pun Hidhimba, enggal marêpêki para Pandhawa, nglêksanani prentahing kakangipun. Dupi sampun cêlak, rasêksi Hidhimbah priksa, bilih para Pandhawa saibunipun, katingal sakeca anggènipun sami sare, rinêksa dening Sang Bhima, lênggah ing sacêlakipun. Mangka Sang Bhima punika suwarninipun pêkik, sarwa sêmbada, sajagad prasasat botên wontên têtimbanganipun, dêdêgipun agêng inggil, gagah prakosa, kadi kajêng sala, mila rasêksi Hidhimbah, dupi priksa dhatêng Sang Bhima, lajêng kagiwang manahipun ing batos ngudaraos: "Adhuh kuning têmên kulite wong iku, dene kongsi kaya mas sinangling, lêngêne katon santosa, dhadha jêmbar kaya singa, guwayane mancorong, gulune ngolan-olan, tur netrane blalak-blalak kaya godhong tunjung, kaya pantês dadia guru lakiku. Luwih bêcik ora dak turuti pakone si kakang, kang ambêg angkara murka, trêsnaning wong wadon marang priyane, iku luwih gêdhe tinimbang katrêsnane marang sadulure lanang. Têka ora bênêr yèn wong iku dak patèni, aku lan si kakang padha olèh kabêgjan, nanging kabêgjan kang tuwuh saka anggone mangsa janma mau, uga banjur tumuli sirna, kosok baline yèn wong iku dak uripi bokmanawa aku bisa sih-sinihan lan wong iku, sajroning isih padha urip ana ing marcapada."

Sami sanalika wau Hidhimbah lajêng mancala warna manusa èstri, sulistya ing warni. Hidhimbah darbe pangwasa mancala warna, kadi ingkang dipun kajêngakên, enggal

--- 741 ---

marêpêki Sang Bhima, panganggenipun kadi widadari, wiraganipun anênangi branta, lajêng lênggah ngarsanipun Sang Bhima, patrapipun sangêt susila, sasampunipun manêmbah lajêng matur sarwi mèsêm: "Radèn sintên sinambat, pundi ingkang pinangka, sarta punapa wigatosing karsa, dene rawuh wontên ing riki? Punapadene sintên kawontênanipun para priya, ingkang sami sare punika, dene warninipun prasasat dewa ngejawantah, tuwin sintên kawontênanipun putri punika, dene sakalangkung endah ing warni, sêmunipun sami sêpi ing raos sanggarungga, katandha sami sakeca têmên anggènipun sare. Punapa radèn botên wuninga, manawi wana ing riki punika, dhangkaning raksasa angkara murka nama Hidhimba. Dhuh, kang mimba jawata, sajatosipun dhatêng kula ing riki punika dipun kèngkèn raksasa ingkang kula aturakên wau, supados mikut panjênênganipun radèn, dalah para priya tuwin putri ingkang sami wontên ing riki, wigatos badhe kamangsa. Raksasa wau kakang kula, nanging kawuningana radèn, sarêng kula priksa panjênênganipun radèn, osiking manah kula botên nêdya nyungkêmi padaning priya sanèsipun radèn. Saèstunipun panjênênganipun radèn botên kakilapan anggêr-anggêr dharma. Sarèhning kula sampun mrasajakakên saosiking manah, suwawi radèn, lajêng kaparênga anindakakên kadospundi dharmaning priya. Têtela manawi Bathara Kama manjing ing batos kula, katitik dêrênging manah kula nêdya anyèthi panjênênganipun radèn punika saya andadra. Suwawi katampènana pangabêkti kula ing panjênênganipun [panjê...]

--- 742 ---

[...nênganipun] radèn. Dhuh, kang santosa baunipun, kula nêdya ngêntas panjênênganipun radèn, saking bêbaya ingkang ing mangke sampun anyêlaki. Panjênênganipun radèn kaparênga kula bêkta oncat saking wawêngkoning raksasa ingkang angkara murka punika. Panjênênganipun radèn kaparênga nampi panyèthi kula, lajêng dêdunung ing lambunging ardi, ingkang botên gampil dipun inggahi ing sabên tiyang, wontên ing riku lajêng mangun sukaning panggalih kula ingkang ngladosi, saèstu panjênênganipun radèn badhe ngraosakên kamulyaning gêsang wontên ing marcapada."

Rikala Sang Bhimasena, midhangêt aturipun Hidhimba, lajêng mangsuli, pangandika makatên: "Hèh, rasêksi, janma kang wus sarira muni pasthi yèn bisa mangrèh pêpenginane, apa sujanma kang mangkono têgêl ninggal biyunge sarta kadang-kadange kang lagi turu, mung pêrlu nuruti adrênging pêpenginan, luwih manèh biyung lan para sadulure mau arêp dimangsa raksasa, yèn mangkono wong mau banjur sinêbut wong apa?"

Atur wangsulanipun Hidhimbah: "Mugi para kadang tuwin ingkang ibu lajêng dipun wungua, suwawi lajêng sumingkir, manawi pun kakang nututi, kula ingkang mapagakên."

Sang Sena ngandika malih: "Hèh, raksêsi, aku kok kon nggugah para sadulur lan ibuku kang lagi sare kêpati, aku ora wêdi marang raksasa angkara murka sadulurmu tuwa, wruhanamu, têmtu ora ana raksasa kang kuwat nênadhahi [nê...]

--- 743 ---

[...nadhahi] tanganku, hèh, wanodya kang jait netrane, kiraku, ora ana manusa, gandarwa, yaksa lan raksasa, kang timbang lan karosanku, dhuh, wanita kang ngrêsêpake ati, lan lurus lambunge, sakarêpmu kêna bae, apa kowe ana kene, apa lunga, apa mapagake kakangmu, iku aku ora prêduli."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sèkêt sakawan pèrènganperangan Hidhimba bada, ing Adiparwa.

__________

BAB CLV.

SAMBÊTIPUN HIDHIMBA BADA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Hidhimba ratuning raksasa, dupi anggènipun ngêntosi sadhèrèkipun pawèstri wau sampun sawatawis dangu, mêksa dèrèng wangsul, inggal mandhap saking palagraking kajêng sala padunungipun, nêdya marêpêki para Pandhawa. Warninipun raksasa Hidhimba angajrih-ajrihi, nêtranipun abrit, baunipun panjang, rambutipun mangkorog, cangkêmipun wiyar siyungipun panjang landhêp mingis-mingis. Tanganipun agêng, kulitipun cêmêng, tiningalan angrêgêmêng kadi mêndhung. Saking palêrêmanipun para Pandhawa, kajêng sala dunungipun raksasa Hidhimba wau katingal cêtha, mila Hidhimbah priksa manawi kakangipun mandhap saking kajêng sala, manahipun sakalangkung sumêlang, lajêng matur dhatêng Sang Sena makatên: "Kawuningana radèn,

--- 744 ---

kadang kula jalêr, raksasa karêm mangsa janma, botên watawis dangu badhe dhatêng ing riki, sarta sêmunipun katingal nêpsu sangêt, dhuh, kang prawira ing ayuda, kula atur pêpèngêt, mugi kaparênga ndhahar atur kula. Kawuningana radèn, kula darbe pangwasa kadi limrahing raksasa sagêd mahawan gêgana, dados sagêd dhatêng pundi ingkang dipun sêdya kalayan enggal, suwawi panjênênganipun radèn dalah para kadang tuwin ingkang ibu, sami kaparênga kula gendhong, sadaya badhe kula bêkta napak jumantara, mila tumuntên sami dipun wungua."

Sang Sena mangsuli mangandika kalayan sêmu sarèh: "Hèh, wong manis, kang gilik lambunge, aja sumêlang atimu, têmtu ora ana raksasa kang bisa gawe girising atiku he, wanita kang nawon kêmit bangkèkane, yèn raksasa ambêg angkara, iya kadangmu tuwa Si Hidhimba, wani ngrubeda anggonku lêrêm ana ing kene, têmtu dak sirnakake ana ngarêpmu. Raksasa lêlêthêging jagad, ora mandra sapiraa yèn katimbang lan kaprawiranku, mara dulunên santosaning lêngênku, kang kongsi kaya tlale gajah iki, lan atosing pupuku kang kaya gada wêsi, apadene jêmparing dhadhaku, iya ing dina iki uga kowe bakal mêruhi kaprawiranku, kang prasasat ratuning dewa, aja kowe ngêpak wong kang kaya aku, sumurupa aku dudu wong wadon."

Aturipun Hidhimbah: "Dhuh, dhuh, bêbanthènging jagad, kang pêkik kadi dewa, kula botên pisan-pisan ngêpak panjênênganipun radèn, mila kula kumawani matur

--- 745 ---

makatên wau, amung labêt saking sih saha kula sampun nyipati piyambak, tandanging raksasa manawi mêngsah manusa."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, narendra dharah Bharata, raksasa Hidhimba ingkang karêm mangsa janma, jaja bang mawinga-winga mirêng pangandikanipun Sang Bhima makatên wau, langkung malih sarêng priksa sadhèrèkipun ênèm, mancala warni tiyang èstri, guwayanipun mancorong, imba malêngkung, nêtranipun anjait, sinomipun rompyoh-rompyoh, kukunipun gilar-gilar, mawi cêcundhuk sêkar, akêkalung, gêlang kroncong ingkang pinatik ing sêsotya, panganggenipun sarwa ngangrangan, lajêng namtokakên manawi sadhèrèkipun pawèstri, ngangkah lunturing sihipun Sang Bhima, awit kapengin salulut kalihan manusa. Ingkang makatên rumaos dipun wêwirang, dhuh, narendraning bangsa Kuru, mila raksasa Hidhimba sangêt muring-muring dhatêng kadangipun èstri, lajêng manthêlêng pamandêngipun kalihan sugal wicantênipun: "Hèh, wadon kang tanpa wirang kapriye dene kowe malah ngalangi anggonku nêdya mangsa janma. Hèh, Hidhimbah, têtela yèn wus ilang pangrasamu, tandhane kowe ora wêdi marang aku. He, wadon kang ora sukci, apa kowe ora wirang duwe patrap kang mangkono, saka kêpengin gombyokan lan wong lanang, kongsi nêdya ngloropake aku. Kowe samêngko arêp nyirnakake sumur lan kaluhurane para lêluhurmu. Mula sapa sing wani ngrojongi panggawemu kang asor iku, têmtu dak sirnakake pisan babarêng [ba...]

--- 746 ---

[...barêng] lan kowe."

Hidhimba sampun botên saranta malih, labêt saking muring-muring sangêt dhatêng sadhèrèkipun, lajêng anyêlaki kalihan kêrot-kêrot. Ananging kawuningana sinuwun, dupi Sang Bhima ingkang mandraguna sura sêkti punika, priksa manawi Hidhimba ngancap dhatêng Hidhimbah, sangêt murina, mila lajêng nguwuh: "Mandhêga, mandhêga!"

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Nalika Sang Bhima priksa Hidhimba nêpsu sangêt dhatêng sadhèrèkipun èstri, Sang Bhima mèsêm sarwi nguwuh: "He, raksasa, aja baribin, mundhak angêgèt-êgèti kang lagi kapenak anggone padha sare. He, raksasa ambêg angkara, sok aku isih urip bae, kowe têmtu ora bisa matèni wong wadon kang ora dosa iku, Hidhimbah, adhimu gandrung marang aku, iku ora saka karêpe dhewe, nanging karsaning Bathara Kama, dewaning pêpenginan, kang bisa manuksma ing sajroning sadhengah wujud. Hèh buta gêlah-gêlahing jagad, têkane adhimu ing kene, iku saka pakonmu, barêng wêruh marang aku nuli gandrung, apa dosane nglèpèti kowe, awit Hidhimbah mung nglanturake karsane Bathara Kama, kapriye dene banjur koanggêp mêmirang ing kowe. He, buta candhala murka, yèn aku isih urip, kowe mangsa bisaa anggêpok wong wadon iki. Hèh, buta, yèn nyata lanang mara tandhing ijèn lan aku. Iya dina iki uga anggonku nguntapake lêbumu marang Yoyomani. [Yo...]

--- 747 ---

[...yomani.]Yomani Tanganku bakal angrêmuk êndhasmu kongsi mêmêt kaya diidak ing gajah. Bathangmu banjur dièwèr-èwèr ing dhandhagdhandhang lan asu ajag, balungmu mawut-mawut ing lêmah. Dadi alas kang sangar dening pialamu iki, bakal dak ilangi walang sangkêre. Nadyan gêdhemu sagunung anakan, ewadene sadulurmu kang bakal nêksèni ênggonku nglarak-nglarak kowe, kaya macan anggondhol borokan. hèh, lêlêthêking raksasa, sapatimu alas iki banjur mulya awit ora ana wong kasangsaran utawa kuwatir ngambah ing kene."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Hidhimba mirêng pangandikanipun Sang Bhima makatên wau, lajêng sugal wangsulanipun: "Hèh, manusa, pedah apa gunggung dhiri, yèn ênggonmu prang tandhing lan aku mênang, patut kowe ngucapa mangkono. Unimu mau mung nyênyuwèni laku, kowe ngaku prawira lan rosa, yèn kowe wus tandhing prang lan aku, lagi wêruh kuciwane kaprawiran lan karosanmu mau. Hèh, si cubluk kang lancang ing pangucap, kang padha kapenak anggone padha turu iku ora dak munasika, kowe kang arêp dak sirnakake dhisik, yèn aku wis bisa ngokop gêtihmu, kang padha turu lagi dak mangsa siji-siji kongsi êntèk, malah Hidhimbah iya dak sirnakake pisan."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Satêlasing ucapipun, raksasa Hidhimba ndhaplang sarwi narajang Sang Bhimasena ingkang cukat tandangipun,

--- 748 ---

saha linangkung karosanipun, enggal nyandhak lêngênipun Hidhimba, lajêng sinêndhal ngantos dhawah karungkêp, têrus dipun larak-larak ngantos tigang dasa cêngkal têbihipun, kadidene singa anggondhol sato alit ingkang badhe kamangsa. Karosanipun Sang Bhima wau botên adamêl ulapipun Hidhimba, malah kadi ginugah kakêndêlanipun. Hidhimba anggêro-gêro gora rèh anggêgirisi, enggal ngrangkul sampeyanipun Sang Bhima kalih pisan. Hidhimba ingkang taksih ngêthapêl ing sampeyanipun Sang Bhima wau, lajêng kabêkta mancolot. Karsanipun Sang Bhima supados têbih saking para kadang tuwin ibu, ingkang sawêg sami sare kêpati. Kalih-kalihipun ingkang sami prang tandhing sami angêtog karosan, sikêp-sinikêp, pithing-pinithing, kadi dirada tumambirang kalih sami tarung. Tandangipun ingkang sami prang tandhing wau, angrisakakên kêkajêngan sakiwa têngênipun, grumbulipun têmah bosah-basih, swaranipun sakalangkung rame, mila para Pandhawa, bêbanthènging jagad, tuwin Dèwi Kunthi, lajêng wungu, ingkang lajêng priksa Hidhimbah sila wontên sacêlakipun."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sèkêt gangsal, perangan Hidhimba bada, ing Adiparwa.

__________

BAB CLVI.

SAMBÊTIPUN HIDHIMBA BADA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para Pandhawa saha Dèwi Kunthi, sami kagawokan aningali [ani...]

--- 749 ---

[...ngali] endahing suwarninipun Hidhimbah, mila botên kêdhèp-kêdhèp Dèwi Kunthi anggènipun maspadakakên, kalihan nawung raos ngungun, dene wontên pawèstri makatên endahing warninipun, wasana Dèwi Kunthi andangu, pangandikanipun alon sarwi manis: "Dhuh, wanita endahing warna, sapa pêparabira, lan sapa kang ayoga ing sira, dene kongsi kaya têtungguling apsara. Dhuh, wong manis, ing ngêndi pinangkanira, lan apa wigatine têka ana ing kene. Apa sira pri prayangan kang baurêksa ing alas kene, apa apsara angejawantah. Mara enggal sajarwaa ing sêdyanira, anyêdhaki ênggon ingsun nendra."

Atur wangsulanipun Hidhimbah makatên: "Kawuningana sang dèwi, musthikaning jagad, wana agêng ingkang sawanganipun anggamêng kadidene mêndhung punika, dhangkaning raksasa nama Hidhimba, tuwin dados padunungan kula. Dhuh, sang dèwi, kula punika kadangipun ênèm raksasa Hidhimba, dene dhatêng kula ing riki dipun kèngkèn pun kakang, supados mikut sang putri, dalah para putra sadaya. Nanging sarêng kula priksa putranipun sang dèwi, ingkang sariranipun jênar kadi kancana, guwayanipun mancarong punika, manah kula lajêng kasusupan ing Bathara Kama, dewaning sih, têmahan osik kapengin amawêngan putra paduka wau. Mila sangêt ing pangarih-arih kula murih putra paduka dalah para kadang tuwin paduka, sami enggal nilara wana punika, nanging putra paduka botên kêparêng andhahar atur kula, wasana kadênangan dhatêng pun kakang. Awit sarêng sampun sawatawis dangu

--- 750 ---

kula dèrèng wangsul, pun kakang lajêng nusul, sêdyanipun badhe mangsa ingkang sami sare, nanging lajêng dipun larak putra paduka ingkang nêdya kula suwitani wau. Suwawi samangke dipun tingalana, putra paduka anggènipun prang tandhing kalihan pun kakang, dados manusa prang kalihan raksasa. Kalih-kalihipun ingkang sami prang tandhing timbang karosan miwah kaprawiranipun, panggêronipun sadhèrèk kula, sarta bêkuhipun putra paduka punika, ngumandhang ing antariksa, damêl gêtêripun wana punika."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kawuningana, sinuwun, Sang Yudhisthira, Sang Arjuna, Sang Nakula, tuwin Sang Sahadewa, ingkang pilih tandhing ing prang, dupi midhangêt aturipun Hidhimbah makatên wau, enggal sami jumênêng maspadakakên anggènipun Sang Bhima tandhing prang mêngsah raksasa. Kang ayuda kêkalih sami cêngkah-cinêngkah, sebrak-sinebrak, kadi singa tarung sami singa. Dêdrêg idêr-idêran, mila ubaling balêdug angampak-ampak ngêbêki papan, tiningalan kadi kukusing wana katumu. Mila ingkang prang tandhing wau amung katingal ngrêgêmêng, kadi sela agêng kalih ingkang bêbêntusan. Rikala Sang Arjuna priksa manawi ingkang raka Sang Bhima, katingal kêndho tandangipun, enggal marêpêki mèsêm sarwi nguwuh sora: "Dhuh, kakang mas Bhimasena, kadang kula sêpuh, ingkang santosa baunipun sampun sumêlang ing galih, kula botên priksa manawi kakang mas tandhing prang kalihan raksasa, mila botên tumuntên nyênyêlaki, [nyê...]

--- 751 ---

[...nyêlaki,]nyêlaki kakang mas ngantos katingal sayah. Samangke kula sampun tangi saking anggèn kula nendra, punapa kakang mas kaparêng raksasa punika lajêng kula sirnakakên, dene para kadang sanèsipun prayogi rumêksa kanjêng ibu kemawon."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, rikala Sang Bhima midhangêt aturing rayi makatên punika wau, lajêng mangsuli pangandika: "Yayi, aja mèlu-mèlu, dulunên bae pun kakang anggone bandayuda, aja sumêlang yèn aku kasoran mungsuh raksasa, yèn wus katiban tanganku raksasa pasthi babarji."

Aturipun Sang Arjuna: "Punapa pedahipun raksasa punika botên dipun pisani, dhuh, pangruwating satru sêkti, kawuningana kakang mas, prayogi Pandhawa tumuntên anglajêngakên lampahipun, mindhak kadangon wontên ing ngriki. Imbanging langit iring wetan sampun sumurat abrit, dados botên watawis dangu tumuntên katungka plêthèking raina, manawi siyang raksasa wêwah kasêktènipun. Kakang mas, sampun kadangon ngumbar kasêktèning mêngsah, raksasa makatên prayogi lajêng dipun pêjahi, wiwit plêthèk dumugi sêraping surya, awit raksasa sagêd ngêdalakên pangabaran warni-warni, mila suwawi dipun kêtoga karosaning asta, murih raksasa punika tumuntên sirna."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sarêng Sang Bhimasena mirêng aturipun ingkang rayi makatên wau, lajêng ngèsthi katiyasanipun ingkang rama

--- 752 ---

Bathara Bayu, manawi ngêdalakên sindhung riwut. Sasampunipun aji wau kawatêg, raksasa lajêng cinandhak kaubêngakên sanginggiling sirah, ngantos sêsêr kadi likasan, Sang Bhima sarwi sumbar-sêsumbar: "He, raksasa, kaprawiranmu samêngko wus ora bisa ngayoni manèh, apadene pangangsa-angsamu arêp mangsa mêmangsan kang ora sukci, wus ora bisa makarti manèh, awit kowe nêmu pati siya-siya. Ênggonku matèni ing kowe iki bakal dadi jalaran mulyaning jagad. Bêbasane ing marcapada wus ora ana têtuwuhane kang mawa wisa. He, raksasa, wiwit dina iki ênggonmu wis mari mangsa janma."

Sarêng Sang Arjuna andugi manawi aturipun botên kapirêngan ingkang raka, lajêng matur malih: "Dhuh, kadang kula sêpuh, manawi pancèn kuwalahan, punapa Arjuna kaparêng ambiyantu, manawi botên kaparêng sampun dangu-dangu, lajêng dipun sirnakna, dhuh, kakang mas, mugi dipun pasrahna Arjuna, kula pêjahanipun ijèn, sêmunipun kakang mas sangêt sayah, mugi anglêrêpna sarira rumiyin."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Midhangêt aturipun ingkang rayi makatên wau, Sang Wêrkudara ngantêp tandangipun, raksasa enggal kinêplèkakên ing siti, têmah pêjah kapisanan. Sadèrèngipun pêjah mawi nyabawa sora, anggêgirisi ngumandhang ngêbêki bawana, wasana lajêng ngorok, swaranipun kadi tambung anggabêbêr. Nalika Sang Bhima priksa bathanging raksasa

--- 753 ---

anjêrbabah ing siti, sêmunipun taksih gêtêm-gêtêm, katandha lajêng sinuwèk. Dupi sampun dados kalih, adamêl sukaning panggalihipun para kadang. Kalayan suka amarwata suta, para kadang marêpêki, saha mangalêmbana risang têtungguling yuda. Sasampuning cêlak Sang Arjuna matur ingkang raka makatên: "Dhuh, kakang mas, kadang kula sêpuh, pangintên kula botên watawis têbih saking riki, lajêng wontên kitha, mila suwawi sami pangkat, manawi sampun lumêbêt ing kitha, kakang Duryudana saèstu botên sagêd anglacak malih."

Sami sanalika para Pandhawa, pêpêthinganing para dharah Bharata, sardulaning bangsa ksatriya, lajêng sami saur pêksi: "Bênêr." Sasampunipun saeka kapti lajêng wiwit lumampah malih kalayan ingkang ibu, dene raksêsi Hidhimbah, lêstamtulêstantun tut wuntat salampahipun Pandhawa."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sèkêt nênêm, perangan Hidhimba bada, ing Adiparwa.

__________

BAB CLVII.

SAMBÊTIPUN HIDHIMBA BADA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Nalika Sang Bhima priksa manawi Hidhimbah tansah anginthil salampahipun para Pandhawa, Sang Bhima lajêng ngandika makatên: "He, Hidhimbah, wataking raksasa dhêmên malês ala marang mungsuhe sarana laku cidra kang ora gampang disumurupi, mulane Hidhimbah, bêcike kowe

--- 754 ---

ambelanana kadangmu tuwa bae." Rikala Sang Yudhisthira priksa, manawi Sang Bhima ngandika dhatêng Hidhimbah, ingkang nawung raos manantang, lajêng ngandika sêmu angarih-arih, makatên pangandikanipun: "He, yayi Bhima, bêbanthènging bangsa Kuru, nadyan sajroning nêpsu yayi, poma dieling, aja kongsi matèni wong wadon. Dhuh, kadange pun kakang, panênggak Pandhawa, wruhanamu, kautaman iku kawajiban kang luwih luhur tinimbang ngêntas wong saka bêbaya pati. Hidhimba kang têkane kanthi sêdya nyirnakake aku dalah para ari lan kangjêng ibu, iku wus nêmahi pati dening kowe, apa Hidhimbah, kadange kang tinitah wujud wadon, bisa ngalahake aku lan ari-ari kabèh iki, nadyan Hidhimbah angêtog kaluwihane."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Rikala punika rasêksi Hidhimbah, ênggap sadhêpok, lênggah angapurancang wontên ngarsanipun Dèwi Kunthi, manêmbah sarwi matur makatên: "Dhuh, sang dèwi pêpundhèn kula saèstunipun sang dèwi botên kakilapan, kadospundi sangsaraning manahipun pawèstri, ingkang rinubeda dening dewaning sih. Dhuh, putrining ksatriya, kang santa buddhi, wêkdal punika raosing manah kula rêmpu, andulu putra panjênêngan Sang Bhima. Dhuh, sang dèwi musthikaning èstri, manah kula kobar dening latuning sih, gèk benjing punapa putra panjênêngan kêparêng nyirêp ubaling katrêsnan kula punika. Pangintên kula punika sampun dumugi mangsa ingkang tansah dados pangajaping manah, inggih

--- 755 ---

punika badhe ngraosakên kasênênganing gêsang wontên ing marcapada. Anggèn kula karaya-raya nilar mitra tuwin kadang, saha tatacaraning bangsa kula, awit saking kêpengin nyèthi putra panjênêngan Sang Bhima, ingkang pinunjul ing jagad. Dhuh, putri linangkung, kawuningana kula prasêtya, manawi ingkang putra botên kaparêng nampèni panyèthi kula, punapadene paduka botên kaparêng kula kadosi, kula nêdya nganyut tuwuh, pêdah punapa gêsang kalayan tansah nandhang sangsaraning manah. Dhuh, kusumaning ayu, mugi nglunturna wêlas ing jasat kula, ingkang sangêt sangsara punika, nadyan ngrêkaos kula punika ngantos kadi tiyang ewah, utawi ucapipun rencang tumbasan ingkang sêtya. Dhuh, sang dèwi, mugi kaparênga masrahakên jasat kula dhatêng putra panjênêngan Sang Bhima. Manawi kula sampun kalampahan katampèn dhatêng putra panjênêngan Sang Bhima, ingkang suwarninipun kadi dewa ngejawantah punika, mugi lajêng dipun lilanana kula ambêkta ingkang putra dhatêng ing dunung ingkang pakangsal kangge mangun sukaning panggalihipun. Sampun sumêlang ing galih, putra panjênêngan ugi badhe kula wangsulakên malih, amung kula atur wêling, manawi wontên karsanipun sang dèwi ingkang wigatos, mugi angèsthia suwarni kula, saèstu kula lajêng dhatêng sami sanalika. Kula sagah badhe anyirnakakên ingkang dados mutawatosing panggalih. Kawuningana, kula sagêd anggendhong panjênêngan dalah para putra, dhatêng pundi ingkang dados panujuning karsa sanadyan kêdah narajang panggenan ingkang gawat-gawat. [ga...]

--- 756 ---

[...wat-gawat.] Kula sagêd anggendhong sang dèwi dalah sadaya putra. Manawi karsa panjênêngan nêdya angenggalakên lampah, dhatêng pundi ingkang kinarsakakên, kula sagah andumugèkakên ing panggenan ingkang sinêdya wau. Dhuh, sang dèwi, mugi lajêng anglunturna wêlas asih, sarana maringakên putra panjênêngan Sang Bhima ing kula. Wontên ungêling paribasan: tiyang ingkang kataman pakèwêding gêsang, wajib ngudi sarana ingkang kenging kangge nambak gêsangipun. Manawi têmên-têmên pambudidayanipun, saèstu sagêd manggih sarana. Langkung malih manawi salêbêtipun bêbaya, tiyang taksih anêtêpi kautaman, punika têtela manawi pêpêthinganing para utami. Ujaring wasita, kautaman punika kenging kangge nambak gêsang, pramila kautaman lajêng winastan panambaking gêsang. Pambudidaya ingkang wêwaton kautaman, saha nêtêpi wajib, punika wohipun badhe têtêp kados pangajabing manah."

Dupi Sang Yudhisthira mirêng aturipun Hidhimbah makatên wau, lajêng mangsuli pangandikanipun: "Iya bênêr, satêmêne pancèn iya kaya tuturira mau. Hèh, wanita kang endah ing warna, kowe kang têtêp kaya kasanggupanmu, yayi Bhima dimèn sêsukci dhingin, mêmuji ing dewa, sarta sêsaji anut ing sawarahing agama, sawuse lagi bisa nuruti panêmbungmu mau, kongsi têkan suruping srêngenge. Hèh wanita kang lakune rikat kaya kêclaping cipta, yèn raina nutuga anggonmu sih-sinihan lan yayi Bhimasena, nanging yèn wus wanci surup, lakimu yayi Bhima enggal balèkna marang aku."

--- 757 ---

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kawuningana sinuwun, Sang Bhimasena ugi lajêng ngèstokakên dhawuhipun ingkang raka, nanging mawi mitungkas makatên: "Hèh, rasêksi, gatèkna kasaguhan kang nêdya dak tuturake marang sira, hèh, kang sarwa ramping, aku gêlêm rabi, sarta tatunggalan lan sira, suwene kongsi sira asêsuta priya." Atur wangsulanipun Hidhimbah: "Kula amung sumarah sakarsanipun radèn."

Sasampunipun matur makatên, Hidhimbah enggal anggendhong Sang Bhima, kabêkta mabur. Nalika punika Hidhimbah taksih warni tiyang pawèstri, ingkang endah ing warni, panganggenipun sarwa endah, solahbawanipun anênangi sihipun Sang Bhima, Hidhimbah pancèn sagêd anuju prana. Anggènipun sih-sinihan Sang Bhima kalayan Hidhimbah, wontên pucaking rêdi, ingkang sangêt anêngsêmakên, kaanggêp sukci dening para dewa, sarta dados pasabanipun para sato saha pêksi mancawarni. Nanging botên anjrak sapanggenan kemawon, kala mangsa wontên ing wana sakalangkung wingit, ngantos botên wontên janma manusa ingkang sagêd ngambah. Kalamangsa wontên ing pèrènging rêdi ingkang ambambing, nanging kathah sêsêkaranipun, lajêng pindhah dhatêng talaga ingkang kathukulan ing sêkar tunjung tuwin trate, kalamangsa wontên ing pulo satêngah-têngahing narmada, ingkang sitinipun gasik gumrining, sarta katingal asri, awit sauruting pinggiripun pulo wau, katanêman ing kêkajêngan ingkang idhum angrêmbuyung. Lajêng pindhah malih dhatêng têpining [têpi...]

--- 758 ---

[...ning] lèpèn, utawi wontên sacêlaking garojogan sasêlaning parêdèn ingkang sangêt angêlam-êlami, awit rinêngga ing têtuwuhan marambat, abyor sami ambabar sêkar, ingkang gandanipun amrik angambar, malah nate wontên ing lêngkèhing parêdèn Himalaya, wontên ing guwa-guwa, utawi wontên sacêlaking bèji tuwin sêndhang ingkang toyanipun wêning agilar-gilar kadi pangilon, saha kathah sêkaripun tunjung mancawarni. Kalamangsa wontên têpining samodra, ingkang pasir saha karikilipun katingal sumunar kados sêsotya. Ugi asring wontên ing kitha-kitha, punapadene ing patamanan-patamanan ingkang dadosa pinggaranipun para widadari. Kalamangsa wontên ing jurang ingkang sakalangkung sirung, utawi ing kahyanganipun para guhyaka, saha ing dhêpokipun para pandhita, ugi nate manggèn wontên ing têpining talaga, misuwur nama: MANASASARA ingkang kathah kêkajênganipun adi-adi, tur botên kêndhat anyêkar pêntil tuwin anguwoh. Sabên pindhah saking salah satunggaling panggenan, dhatêng ingkang dipun kajêngakên punika namung sakêdhèping netra. Mênggah anggènipun sih-sinihan wau ngantos rasêksi Hidhimbah, ambabar putra priya sakalangkung sêkti mandraguna. Putranipun sang panênggak Pandhawa, ingkang mijil saking rasêksi Hidhimbah wau, netranipun sumorot anggêgirisi, tutukipun wiyar, talinganipun lancip anjêpiping, kadi nyênyêping jêmparing, mila damêl marasipun ingkang sami tumingal, lathinipun abrit ambaranang kadi dêmbaga sinangling, siyungipun sakalangkung landhêp, suwantênipun

--- 759 ---

agêng gumalêgêr, baunipun santosa, pangwasanipun pinunjul sasamining tumitah. Putranipun Sang Bhima wau diwasanipun dados prajurit sinêkti, dêdamêlipun jêmparing, grananipun panjang, prajanipun wiyar, pupu sarta kempolipun agêng, tandangipun cikat tarampil, karosanipun tanpa timbang. Bayi wau sanadyan sudarmanipun manusa, nanging kasêktènipun ngungkuli para pisaca, para raksasa.

Dhuh, Prabu Janamêjaya, Sang Bhimaputra indhaking agêngipun sakalangkung enggal, mila lajêng katingal diwasa. Nalika kapuruhitakakên, sakalangkung lantip, mila lêbda sikêp saliring dêdamêl, têmah dados prajurit linangkung, nadyan mbobotakên ngantos lairipun pun rasêksi Hidhimbah maujud manusa, ewadene putranipun warni raksasa. Bayi putranipun Sang Bhima wau sirahipun bundêr, tur lajêng agêng sami sanalika, saha lajêng sagêd matrapakên lênggahing kasusilan. Sasampunipun sarwa samêkta, Bhimaputra enggal manguswa padaning rama ibu, ingkang lajêng paring pêparab: GATHOTKACA. Mila sinung nama makatên, awit sirahing lare wau bundêr, kadi: gatha (klênthing), dados Gathotkaca, wêrdinipun bundêr kadi klênthing. Sang Gathotkaca sangêt bêktinipun dhatêng para Pandhawa, dene para Pandhawa sangêt sih trêsna, langkung malih risang panênggak.

Rasêksi Hidhimbah botên singlar ing janji, ingkang kaprasêtyakakên, inggih punika: manawi sampun pêputra lajêng badhe nilar Sang Bhima. Mila sasampunipun ambabar Sang Gathotkaca, lajêng pamit dhatêng para Pandhapandhawa, [Pandha...]

--- 760 ---

[...pandhawa,]Pandhawa tuwin Dèwi Kunthi, mawi nilar piwêling kathah-kathah, wasana lajêng nilar para Pandhawa. Makatên ugi Sang Gathotkaca, sasampunipun ngaturakên kasagahanipun, bilih badhe dhatêng sawanci-wanci, manawi wontên timbalanipun Pandhawa, awit wontên karya kang wigatos, inggih lajêng mangabêkti gêntos dhatêng para Pandhawa. Sasampunipun lajêng nilar Pandhawa, lampahipun mangalèr.

Kawuningana sinuwun, dumadosipun Sang Gathotkaca wau, saking karsanipun Hyang Indra, wigatos kangge tandhingipun Sang Karna, ingkang sêkti mandraguna, malah Sang Gathotkaca wau dumados saking saperanganing sariranipun Sang Hyang Indra. Dados inggih Sang Gathotkaca ingkang badhe nadhahi jêmparing pamungkas, kagunganipun Sang Hyang Indra, ingkang gumadhuh wontên Sang Karna. Manawi jêmparing wau botên tinadhahan Sang Gathotkaca, saèstu sagêd mrawasa ingkang nêdya dipun lêpasi, inggih punika Sang Arjuna.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sèkêt pitu, saking perangan Hidhimba bada, ing Adiparwa.

__________

BAB CLVIII.

SAMBÊTIPUN HIDHIMBA BADA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para Pandhawa ingkang kinawasa, saha prajurit rata sinakti, lampahipun tansah nusup-nusup wana bêbondhotan, ingkang kadhahar ing sadintên-dintênipun amung daginging

--- 761 ---

sangsam, utawi sanès-sanèsipun, angsal-angsalipun anggènipun bêbêdhag. Saya dangu lampahipun saya nglantur, dumugi prajanipun bangsa Matsya, bangsa Trigata, bangsa Pancala, tuwin bangsa Kincaka. Wontênipun talatah ing nagari-nagari, ingkang dipun langkungi wau, para Pandhawa asring priksa patamanan, ingkang sakalangkung asri. Sadangunipun lêlana, para Pandhawa kalayan anamur, pangagêmanipun kadi para ambangun tapa, rema kinlabang, pangagêmanipun klikaning kajêng utawi cucaling sato, ingkang kasamak. Sabên lampahipun ngambah panggenan ingkang mutawatosi, ingkang ibu lajêng dipun gendhong, punapadene manawi panggalihipun kuwatos bokbilih kasumurupan têlikipun Sang Duryudana, lajêng sami sêsingidan utawi mlajêng têbih. Salêbêtipun lêlana wau para Pandhawa sami sêsambèn ngudi Rid Wedha, tuwin Wedha sanès-sanèsipun, saha Wedangga, punapadene ngudi kawruh kasusilan tuwin kawruh praja, botên ngantos dangu pangudinipun para Pandhawa sampun putus dhatêng sadaya ingkang kasinau. Malah nate dipun panggihi ingkang eyang Sang Wiyasa, mila Pandhawa dalah ingkang ibu lajêng manguswa padanipun, saha lajêng lênggah ngapurancang ing ngarsanipun sang maharsi.

Sang Maharsi Dwipayana ngandika dhatêng Pandhawa makatên: "He, bêbanthènging ksatriya dharah Bharata, sajatine ingsun ora kasamaran marang kasusahanira, yaiku kêna paekane Duryudana, kasingkirake saka Hastinapura, mula praptaningsun ing kene samêngko iki, nêdya

--- 762 ---

asung pitulungan marang sira. Mas putu, aja padha prihatin, awit wis kudu kalakon. Wruhanira mas putu, sarupaning lêlakon kang wus sira lakoni iku, mung anyêmbuh kamulyanira têmbe. Sajatine sih ingsun marang para Drêtarastra putra, padha bae karo sih ingsun marang sira kabèh. Nanging kalamangsa uga sok ana bedane, adhakane dunung ing wêlas marang kang lagi nandhang prihatin, utawa marang kang anom. Kagawa wêlas ingsun marang sira, samêngko luwih saka wêlas ingsun marang para kadang nak-sanakira, mula ingsun nêdya mitulungi ing kasusahanira. Mara gatèkna pangrungunira: ora adoh saka kene, ngarêp bênêr iki ana kuthane kang anyênêngake, sira padha dêdununga ing kono, iya ing kono margane sira nuli ora darbe was sumêlang manèh."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rêsi Wiyasa, inggih Sang Satyawati putra tansah nglêlipur para Pandhawa ingkang sawêg sami prihatos, sarta dhawah supados sami dêdunung ing praja Ekacakra, punapadene sang maharsi ugi nglipur dhatêng Dèwi Kunthi, pangandikanipun makatên: "He, Kunthi, wruhanira, sutanira pambarêp Si Yudhisthira, misuwur kautamane sarta ambêk adil, mula ing têmbe bakal bisa mangrèh sarupaning nagara saindênging bawana, ngratoni para narendra sajagad. Kagawa saka kaprawirane sutanira kaki Bhima, lan Arjuna, têmahan kaki Yudhisthira bisa mangwasani jagad dalah samodrane kabèh, dadi antuk kamulyan, jumênêng

--- 763 ---

nata binathara ing jagad tanpa sisihan. Apadene sutane Madri sakarone, iku têtela prajurit linuwih, mula bakal bisa nêmu kabungahan ana ing sarupane nagara kang tinêlukake. Kunthi, gêgembonging manusa, iya iku para sutanira lan sutane Madri, têmbe bisa gawe sêsaji gêdhe-gêdhe, kaya ta: sêsaji rajasuya, sêsaji jaran, lan liya-liyane manèh. Sajroning sêsaji mau brahmana bakal pisungsung luwih dening akèh. Sutanira bakal jumênêng nata gumanti kaprabone lêluhure, dadi bisa ngayomi para mitra lan kadang wargane, sarana diuja ing mas picis rajabrana, sarta ingaji-aji."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rêsi Wiyasa mitungkas, supados sasampunipun dumugi ing praja Ekacakra, para Pandhawa mondhok wontên ing satunggaling brahmana. Sasampunipun paring pitêdah pundi brahmana ingkang kêdah dipun pondhoki, sang maharsi lajêng ngandika dhatêng Sang Yudhisthira makatên: "Kang dadi sarana bisane katêkan sasêdyanira, lan kang supaya antuk kamulyan, sira mitulungana bot repote praja Ekacakra."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, Sang Yudhisthira manêmbah sarwi matur: "Dhuh, kangjêng eyang pêpundhèn kula, saèstu kula badhe ngèstokakên dhawuhipun kangjêng eyang."

"Kawuningana sinuwun, satêlasing aturipun Sang Yudhisthira, MahariMaharsi Dwipayana, guru linangkung punika, lajêng musna botên katingalan."

--- 764 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sèkêt wolu, perangan Hidhimba bada, ing Adiparwa.

__________

BAB CLIX.

BHAKA BADA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh, pêpêthinganing para brahmana, kadospundi lêlampahanipun prajurit rata sinêkti wau, sadumuginipun ing praja Ekacakra, pandamêl punapa ingkang katindakakên dening para Pandhawa?"

Atur wangsulanipun Rêsi Waisampayana: "Para prajurit rata kinawasa, inggih para putranipun Prabu Pandhu, sadumuginipun ing Ekacakra anjujug wismaning brahmana ingkang sampun kadhawuhakên dening Sang Maharsi Dwipayana, lêstantun mondhok ing riku ngantos sawatawis lami. Sadangunipun wontên ing riku para Pandhawa wau dhaharipun saking anggènipun papariman, kadi satataning para brahmana, dados para Pandhawa sadintên-dintên tansah anjajah desa milangkori. Awit saking punika, mila para Pandhawa priksa sakathahing wana tuwin pasitèn ingkang nêngsêmakên, sarta priksa lèpèn tuwin tlaga pintên-pintên. Têtiyang praja Ekacakra sami sih trêsna dhatêng para Pandhawa, awit para Pandhawa sami botên kewran dhatêng saliring kagunan sarta kawruh. Sabên sontên sakunduripun saking pariman, lajêng masrahakên [masrah...]

--- 765 ---

[...akên] angsal-angsalanipun anggèning papariman dhatêng ingkang ibu. Sasampunipun katampèn lajêng kabage kalih, ingkang sabagean kaparingakên dhatêng Sang Bhima piyambak, minangka pêpancinipun, dene ingkang sabageyan dados pêpancinipun Pandhawa sakawan kalihan Dèwi Kunthi. Dhuh, narendra têdhak Bharata, ngantos sawatawis dangu para Pandhawa makatên lêlampahanipun wau.

"Nuju satunggaling dintên para Pandhawa sami papariman, amung Sang Bhima kalihan Dèwi Prita kantun wontên pondhokan. Kawuningana sinuwun, rikala punika Dèwi Prita mirêng swaraning tangis, ingkang sangêt kawlasarsa, sarêng kadêlingakên, cêtha bilih tangisan ing sênthongipun brahmana ingkang dipun pondhoki. Raosing panggalihipun Dèwi Kunthi sakalangkung trênyuh, awit ingkang nangis wau mawi sêsambat ingkang ngêrês-êrêsi manah, mangka panggalihipun sang dèwi wêlasan, tuwin rêmên têtulung, mila sang dèwi lajêng ngandika dhatêng ingkang putra sang panênggak makatên: "Kulup, ingsun lan sira dalah para kadangira kabèh, samêngko kênokêna diarani wus padha têntrêm, dene anane ing kene padha raharja, ora kêna ing sambekala, tansah inguyun-uyun dening kang darbe wisma, sarta ora kawruhan ing têlike Risang Drêtarastra putra. Mulane kulup, ing batin ingsun tansah ngunandika, apa kang ingsun walêsake marang kang darbe wisma, awit wajibe wong mondhok iku kudu malês marang kabêcikane kang dipondhoki. Kulup, brahmana kang darbe wisma iki, ambêge prasaja, dadi pantês yèn diwalêsa kabêcikan. [kabê...]

--- 766 ---

[...cikan.] Kakang Brahmana pawèwèhe luwih akèh tinimbang pisungsung kang ditampani, mangka samêngko si kakang brahmana sêmune nandhang kasusahan, mulane yèn ingsun lan sira dalah para kadangira, iku bisa mitulungi kasusahane, dadi wus bisa malês saparoning kabêcikane si kakang brahmana."

Rikala Sang Bhima midhangêt pangandikanipun ingkang ibu makatên wau, lajêng mangsuli atur makatên: "Iya ibu, aku sanggup nyirnakake kasusahane paman brahmana, nadyan kaya apa bae abote sêsanggan kang kudu dak pikul. Nanging aku tuturana dhisik, apa kang dadi sêdhihe lan apa kang dadi wite, dene banjur ana bab kang disêdhihake iku."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Prabu Janamêjaya, salêbêtipun Dèwi Kunthi wiraosan kalihan ingkang putra makatên wau, katungka mirêng swaraning tangisipun sang brahmana sasemahipun, mila Dèwi Kunthi enggal-enggal tindak dhatêng sênthong panggenanipun tangis, kadidene lêmbu èstri lumajêng murugi pêdhètipun, ingkang nywara sora, awit cinancang têbih kalihan biyungipun. Sadumugining sênthong sang dèwi priksa sang brahmana ingkang darbe wisma kalihan semah tuwin anakipun jalêr èstri, ngêmpal wontên ing riku, kalayan prasêmon ingkang mratandhani, sangêt prihatos, kalihan sêsambat ingkang saking pamirêngipun sang dèwi makatên: "Têtelane urip ing marcapada iki tanpa kukuban, kopong

--- 767 ---

kayadene dami, kang tinêmu ora liya kajaba mung kasusahan, tur kaya diwarangka, dadi urip ing marcapada iki têtela sangsara. Uripe wong iku mung kêbak susah lan cuwa, marcapada iki primboning kasangsaran. Jiwa iku mung siji, nanging duwe butuh rupa têlu, yaiku: kautaman, kasugihan, lan kasênêngan, mangka têlu mau ora runtut, nanging kudu dinarbe bêbarêngan, mula tansah ewuh, anggone nglakoni, wêkasane mung dadi tuking sangsara. Wus dadi pocapaning akèh, yèn karahayon iku gêgayuhan kang luhur dhewe, nanging aku ngira yèn ora kêna ginayuh. Kasugihan iku dak arani nuntun marang naraka, awit wong ngupaya kasugihan iku têmtu kanthi sangsara, tur yèn wus kalakon sugih, malah mimbuhi sangsarane. Lumrahe wong padha dhêmên marang rajadarbèke, mula manawa rajadarbèke mau uwal saka rêgêmane, banjur susah atine."

Samêngko aku rumangsa wus ora duwe akal manèh kanggo ngoncati bêbaya kang nêkani iki. Apa aku oncat saka kene, saanak bojoku, gèk ngêndi panggonan kang ora ana bêbaya. O, wong wadon, kiraku kowe isih kèlingan, yèn aku tau mêksa kowe dak ajak ngalih, marang panggonan kang sakira bisa nyênêngake ati. Dhèk samana kowe ora maèlu marang pangomèlku mau. Hèh, wong wadon kang busuk, kaping pira anggonku ngajak ngalih omah, nanging sabên-sabên mung kok wangsuli: kalairan kula

--- 768 ---

ing riki, diwasa kula inggih ing riki, sarta ing riki punika panggenanipun lêluhur kula. O, wong wadon, dhèk samana wong tuwa-tuwamu, rak wus padha murut ing kaanan jati, sanak kadangmu kabèh uga wus padha tinggal donya, apa mulane têka kowe isih dhêmên manggon ing kene, kongsi ora anggugu tutur kang bêcik, dadi samêngko kowe kapêksa nyumurupi manèh patine akrapmu siji, ah, gèk kaya apa rasane, yèn aku kang kudu mêruhi, utawa mbokmanawa iya samêngko iki têkan wancine patiku. Yèn aku urip, apa aku ora diarani gawe tindak siya marang akrapku.

Sumurupa wong wadon, kowe iku minangka kanthi anggonku gawe kabêcikan, rewangku akurban dhiri, salawas-lawase trêsnamu marang aku ora tau ginggang, kongsi kaya biyungku, dadi dewa kang maringake kowe marang aku, supaya dadia mitraku sinarawèdi, mula kowe tansah mbiyantu sapanggaweku. Wong tuwaku nêtêpake, kowe mèlu andarbèni lan ngrukti bale wisma wawêngkonku. O, wong wadon kang dak pilih dadi bojo, kadhaupake nganggo wiwahan sawarahing agama, kowe turune wong bêcik-bêcik, anggonmu laki wus patutan, bêkti marang laki, ora tau duwe kaluputan, nêtêpi ing sêsanggêman, saiki kowe darbe karêp, kowe nêdya nambak patiku, apa kalakon aku nglilakake kowe. Apa aku têgêl ngurbanake anakku lanang kang durung diwasa. Apa aku nglilakake patine anakku wadon, kang mêtu saka bojoku kang sah.

--- 769 ---