Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 4.

Taun 1957.

Mangka anak wadon iku ganjaraning dewa kang nitahake sakèhing dumadi marang aku, kang dadi sarana aku bakal darbe mantu lanang, iya iku sarana kang anjalari aku antuk kamulyan, bisa nunggal lan para lêluhur ana ing alam kang mung kêna diunggahi ing wong kang duwe putu saka anak wadon. Sawênèh ana wong kang kapengine duwe anak wadon ngungkuli duwe anak lanang, nanging tumrape aku lanang wadon padha bae. Apa aku kolu negakake anak wadonku, wadon kang ora duwe dosa, mangka iku kêna kajagakake bisa awèh panggonan linuwih, bisa andawakake turun, dadi bisa awèh kamulyan kang luhur. Upama aku anglilakake uripku dhewe kanggo kurban, patiku mau tamtu yèn sangu rasa sêdhih, awit sumêlang sapa kang mitulungi uripe anak bojoku, dadi ora kêna dililakake salah siji. Upama kalakon dikurbanake salah siji, apa ora kêna diarani siksa gêdhe. Awit yèn aku kang dadi kurban, anak bojoku têmtu mati, amarga ora ana kang ngayomi. Dadi lêlakon iki pakewuh gêdhe ingatase aku, mangka aku rumangsa wus ora bisa antuk sarana bisane oncat, ah, gèk kapriye rekane anggonku ngayomi kang padha nunggal omah karo aku iki, ayak bêcik padha mati barêng bae, awit pasthi ora kuwat urip suwe karo nandhang sangsara kang mangkene.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sèkêt

--- 770 ---

sanga, perangan Bhaka bada ing Adiparwa.

__________

BAB CLX.

SAMBÊTIPUN BHAKA BADA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Kawuningana sinuwun, dupi semahing brahmana ingkang dipun pondhoki para Pandhawa, mirêng panggrêsahing lakinipun makatên wau, lajêng mangsuli makatên:

"Dhuh, brahmana guru laki kula, jêngandika sampun angutahakên waspa, kadi tiyang ingkang kathah-kathah, punika sanès wancinipun tiyang angutahakên luh, panjênêngan kagolong para sujana, saèstu botên kakilapan, manawi tiyang punika têmtu pêjah, kadospundi manawi tiyang amrihatosakên lêlampahan ingkang sampun botên kenging dipun singgahi. Semah, anak jalêr, tuwin anak èstri, punika limrah sami dipun upaya, wigatos kangge damêl sênênging manah. Jêngandika lêbda dhatêng saliring kawruh, mila suwawi lajêng dipun berata ngênêsing panggalih jêngandika. Dene ingkang makili nggarap pakaryan jêngandika ingkang awrat linampahan punika kula, awit kawajibaning èstri ingkang luhur piyambak tuwin ingkang dipun wastani mantêp, punika purun nglilakakên gêsangipun. Kula kapengin anêtêpi kuwajibaning èstri makatên wau, supados jêngandika manggih kamulyan, saha misuwur utami. Panjênêngan sampun ngêkap wosing gêgayuhanipun tiyang salakirabi, inggih punika jêngandika

--- 771 ---

sampun kagungan putra mijil saking kula, dados jêngandika sampun anêtêpi janjining salakirabi, kula ingkang minangka lantaranipun. Jêngandika sampun kalampahan sagêd ngayomi saha anggulawênthah lare-lare, dadosipun prayogi, mangka kula botên sagêd nglampahi kados ingkang sampun jêngandika tindakakên wau. Panganggêp kula jêngandika punika: bandha tuwin pêpundhèn kula. Manawi jêngandika tilar, gèk badhe kadospundi lare-lare ingkang sami dèrèng diwasa punika, sarta kados punapa awrating manah kula, punapa kula kuwawi lêstantun gêsang wontên ing marcapada. Manawi kula dados randha tur tanpa pangayoman, mangka darbe rêksan lare kalih, punapa kula sagêd gêsang sapantêsing sêmah brahmana. Manawi suta jêngandika èstri ngantos kasemah ing tiyang ingkang darajadipun asor, watakipun rêmên lêlèmèrèn, botên pantês dados mantunipun brahmana, gèk kadospundi anggèn kula rumêksa murih lare wau botên risak manahipun. Dhuh, sang brahmana, pawèstri ingkang taksih nèm, mangka tinilar pêjah semahipun, punika adhakanipun lajêng kathah tiyang ingkang ngajêngakên, candranipun kados têtêdhan ingkang kasèlèhakên ing siti, saèstu lajêng kakroyok ing paksi.

Dhuh, pêpêthinganing brahmana, saupami kula kagiwang, kalampahan purun karabi, mangka semah kula wau awon watakipun, dados kula dhumawah ing sangsara, awit badhe botên sagêd ngambah ing margi ingkang dados gêgayuhanipun para ambêg sae, gèk kadospundi anggèn kula manggènakên anak kula pawèstri wutun punika? Wontên

--- 772 ---

ing griya têtilaranipun bapakipun, punapa inggih sagêd lampah sae kados lêluhuripun? Manawi botên wontên ingkang dados guru, gèk kadospundi anggèn kula mulang anak kula punika, manawi sampun dumugi mangsanipun puruhita, lajêng badhe kadospundi kadadosanipun ing têmbe, punapa inggih sagêd dados tiyang utami kadidene tiyang sêpuhipun jalêr? Manawi kula lêstantun kuwawi gêsang tanpa priya, tartamtu kathah tiyang jalêr ingkang botên aji, purun anglamar dhatêng anak kula èstri, botên beda kalayan wedha ugi kathah sudra ingkang kapengin mirêngakên. Upami kula tampik panglamaripun, lare wau tartamtu lajêng dipun dhustha, kados martega sajèn, asring dipun colong ing pêksi dhandhang. Upami kula nyumêrêpi putra jêngandika, kalakuanipun ngantos botên mirip kalayan jêngandika, punapadene anak èstri ngantos kawêngku ing tiyang ingkang tanpa ji, mendah kados punapa risaking manah kula, tur kula ugi tanpa ji, nadyan bangsa asor pisan, inggih saèstu botên purun ngaosi, manah kula têmtu tansah risak, têmahan lajêng tumuntên pêjah, lare-lare nandhang sangsara, kados ulam ingkang kasadan toya.

Manawi ngantos jêngandika tilar, kula dalah anak-anak saèstu sami nandhang papa, mila sae kula kemawon ingkang dados kurban. Dhuh, brahmana guru laki kula, para sarjana sujana ingkang putus dhatêng kasusilan, ngandika: Manawi pawèstri ingkang sampun sêsuta, mangka pêjahipun angrumiyini ingkang jalêr, punika pawèstri ingkang sêtya ing laki. Kula sagah dados sêsulih jêngandika, nilar

--- 773 ---

anak tuwin kadang, nyarahakên gêsang kula, awit pawèstri ingkang ngladosi priyanipun, mangka sagêd damêl rênaning manahipun, punika kuwajiban ingkang luhuripun langkung saking sêsaji, tapa brata, prasêtya, tuwin dêdana. Dados pandamêl ingkang badhe kula lampahi wau turut kalihan kautaman luhur, sarta pakangsal tumrap panjênêngan saha para lêluhur. Para wicaksana ngandika, manawi anak, kadang, semah tuwin samukawis ingkang dipun rêmêni, punika wênang dipun lilahakên, manawi kangge nambak bêbaya tuwin kasangsaran. Tiyang wajib nyimpên rajadarbèkipun (rajabrananipun) kangge jagaruna, nambak dhatênging bêbaya, inggih rajabrana ingkang kangge nglairakên trêsnanipun, saha ngayomi semahipun, dene manawi kangge ngayomi badanipun piyambak, kêdah nglilahakên semah tuwin bandhanipun. Kathah para linangkung mêdhar kasunyatan ingkang suraosipun makatên: Anane wong duwe bojo, anak lanang, rajabrana sarta omah, iku pêrlu kanggo piranti yèn ana pakewuh anêkani. Para wicaksana namtokakên, bilih tiyang punika tartamtu rêmên dhatêng badanipun piyambak, tinimbang kalihan rêmênipun dhatêng rajadarbèkipun, sih dhatêng badanipun piyambak punika sampun tanpa timbang. Dhuh, guru laki kula, rumêksaa ing sarira jêngandika piyambak, gêsang kula dipun anggeya pagêripun, lajêng kaparênga najèkakên kula. Amung lare-lare punika mugi dipun opènana ingkang prayogi. Para putus dhatêng wêwatoning kasusilan ngandika: Bilih pawèstri botên kenging dipun pêjahi, mangka

--- 774 ---

raksasa raja, ingkang mêngkoni ing nagari ngriki, punika inggih botên bodho, dados saèstu priksa dhatêng anggêr-anggêr makatên wau, nadyan têtela purun mêjahi tiyang jalêr, ewadene dèrèng tartamtu purun amêjahi tiyang èstri. Jêngandika botên kasamaran dhatêng wêwaton makatên wau, mila kula lajêng dipun ladosna dhatêng sang raksasa raja. Sampun dangu anggèn kula ngraosakên kamulyan, sampun tuwuk kasênêngan, sarta sampun angsal nugraha agêng, sampun sêsuta ingkang sangêt kula trêsnani, patutan kalihan jêngandika, mila kula botên eman nglilahakên gêsang kula. Kula sampun saya sêpuh, sajatosipun kula kapengin sangêt ambingahakên panggalih jêngandika, mila lajêng darbe sêdya makatên wau.

"Dhuh, pêpundhèn kula, dipun tegakna kemawon, sarta lajêng kramaa malih, bokmanawi jêngandika badhe antuk kasênêngan linangkung, awit lampah makatên botên dados dosa. Nugraha tiyang jalêr ingkang kuwawi wayuh, nanging manawi pawèstri ngantos laki rambah-rambah punika awon, ngèngêti ingkang makatên wau, mangka pitados bilih nyata makatên, upami jêngandika kalampahan gurbanakên[1] sarira, punika têtela kirang prayogi. Mugi jêngandika kalis saking bêbaya, lêluhur saha putra jêngandika dipun êntasa saking prihatos, sarana negakakên jasad kula."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, narendra têdhak Bharata, satêlasing ucapipun semah brahmana ingkang dipun pondhoki para Pandhawa, enggal dipun rangkul dhatêng semahipun kalihan mingsêg-mingsêg [mingsêg-...]

--- 775 ---

[...mingsêg] nangis, awit jalêr èstri manahipun sami karêrantan."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sawidak, saking perangan Bhaka bada, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXI.

SAMBÊTIPUN BHAKA BADA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyos malih: "Kawuningana, dupi sutanipun èstri brahmana ingkang darbe wisma mirêng panggrêsahing tiyang sêpuhipun makatên wau, inggih lajêng sêdhih manahipun, sarta tumuntên sanjang dhatêng tiyang sêpuhipun makatên: "Dhuh, dhuh, tiyang sêpuh kula, kadospundi dene panjênêngan sami muwun saha sêsambat, kados botên wontên tiyang ingkang mirêng, suwawi dipun mirêngna atur pamrayogi kula, lajêng dipun anggea sisihanipun pamanggih sadaya wau, pundi ingkang kagalih prayogi, lajêng dipun lampahana. Punapa botên mèh kenging katamtokakên manawi badhe wontên mangsanipun, panjênêngan kêdah anglilahakên badan kula mila langkung prayogi kula dipun lilahna samangke kemawon, kangge panambaking gêsangipun kulawarga. Anggènipun tiyang kapengin sêsuta punika, awit anak kajagèkakên kangge ngêntas sangsararaning[2] gêsang ing marcapada tuwin ing Yomani. Dhuh, dhuh, tiyang sêpuh kula, bêbaya ingkang candranipun kadi narmada punika, mugi dipun sabrangana, badan kula dipun anggea gèthèkipun, awit manawi tiyang

--- 776 ---

sêpuhipun manggih pakèwêd, nadyan ing marcapada punapa ing dêlahan, punika anak kawajiban angêntas. Bilih para wicaksana, anak dipun wastani putra, rama ibu têmtu sami ngajêng-ajêng darbe putu mêdal saking kula, wigatosipun anak kula wau badhe dados sarana sagêdipun para lêluhur nginggahi kamulyan luhur, nanging samangke kula piyambak ingkang badhe ngêntas para lêluhur saking Yomani, kula pinangkani saking nambak sugêngipun rama ibu, dados botên mawi ngêntosi lairing lare saking jasat kula. Sadhèrèk kula jalêr taksih lare, manawi katilar ing tiyang sêpuhipun, bokmanawi ugi lajêng anêmahi pêjah. Upami kalampahan makatên, sintên ingkang sêsaji apêm dhatêng para lêluhur kula, mangka manawi botên dipun sajèni, para pitri badhe nandhang cintraka wontên ing Yomani. Manawi rama tuwin pun adhi botên wontên, ibu saèstu lajêng botên kuwawi kantun wontên ing marcapada, punapadene kula inggih lajêng ngênês, wêkasan lajêng pêjah, nanging manawi rama, ibu, tuwin pun adhi wilujêng botên kasangsaya ing bêbaya, ingkang samangke sampun ngrakêti, para kadang warga badhe wilujêng, para pitri lêstantun karêksa, awit tansah wontên ingkang sêsaji apêm. Dhuh, rama, anak jalêr dipun wastani jiwaning tiyang sêpuhipun, semah dipun wastani mitra, nanging anak pawèstri, amung dados tuking rêribêd. O, rama mugi dipun owêla sarira panjênêngan, dene kula ingkang amung dados witing karibêdan warni-warni punika, dipun tegakna kangge sêsaji. Manawi rama kaparêng anglêksanani punika, praprayogi [pra...]

--- 777 ---

[...prayogi][3] tumraping kula, awit kadi angêngakakên wiwaraning kautamèn ingkang nêdya kula lêbêti. Dhuh, tiyang sêpuh kula, manawi kula panjênêngan tilar, sintên pangayoman kula, dados tamtu nandhang sangsara, galuyuran dhatêng ing pundi-pundi, mila kakêncênganing manah kula, prayogi kula angêntas sangsaraning lêluhur, sarana nyangkul pakaryan ingkang botên gampil dipun lampahi punika. Dhuh, pêpêthinganing para brahmana, kados punapa bingahing manah kula, manawi rama kaparêng tindak dhatêng dhangkaning raksasa amasrahakên kula, sarta lajêng katilar wontên ing rika. Dhuh, rama tiyang sêpuh kula, mugi wêlasa ing kula, kaparênga mituruti panuwun kula wau. O, rama, mugi mêksa sarira panjênêngan piyambak, murih kula kalêksanan sagêd damêl kautamèn. Rama, ibu, tuwin kadang, mugi anegakna kula, awit botên wande inggih badhe wontên mangsanipun panjênêngan kapêksa anglilahakên jasad kula. O, tiyang sêpuh kula, sampun andêdangu prakawis ingkang sampun botên kenging dipun singgahi punika. Tumrapipun kula punapa wontên raos sangsara ingkang awratipun ngungkuli manawi katilar ing bapa, awit kula, ibu tuwin pun adhi, lajêng kapêksa papariman, murih sagêd lêstantun gêsang, punapa ingkang makatên wau botên kados gêsanging sagawon, kosok wangsulipun, manawi panjênênganipun rama, ibu tuwin pun adhi, kalampahan sagêd oncat saking bêbaya agêng punika, gêsang kula wontên ing dêlahan têmtu manggih kamulyan, ujaring wasita, manawi bapa mêntas anglilahakên anakipun [anak...]

--- 778 ---

[...ipun] èstri, mangka lajêng sêsaji ing dewa tuwin widadari, punika badhe sinihan para dewa tuwin para widadari."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sarêng sang brahmana tuwin garwanipun mirêng aturipun putrinipun makatên wau, malah saya trênyuh raosing panggalihipun, mila rama, ibu tuwin putrinipun, lajêng sami sêsarêngan karuna kalara-lara. Kawuningana, putranipun sang brahmana ingkang taksih alit, sarta taksih pelo manawi wicantên, sarêng priksa rama ibu saha bakyunipun sami nangis, lajêng wicantên, ucapipun makatên: "Lo, lo, lo, rama ibu lan bakyu kathik padha nangis, bok ya mênêng."

Sasampunipun wicantên, lare wau enggal marêpêki sarta lajêng angrangkul sudarmanipun, ibu saha bakyunipun, wusana tumuntên ambêdhol rumput kalayan wicantên makatên: "Raksasa kang gawene mangsa janma iku arêp dak patèni karo gamanku iki." Sanadyan tiga-tiganipun wau taksih sami kalara-lara nangis, awit saking risaking manahipun, ewadene sarêng mirêng ucaping lare wau inggih sami mèsêm. Kawuningana, Dèwi Kunthi, ingkang sampun dangu anggènipun ngintip, sampun waspaos anggènipun maspadakakên solahbawanipun sang brahmana saakrapipun wau. Nalika samantên osiking panggalihipun, samangke sampun wancinipun prayogi andhatêngi ingkang sami prihatos, mila sang dewi enggal lumêbêt ing sênthong lajêng ngandika kathah-kathah ingkang sagêd anjalari

--- 779 ---

sirnaning prihatosipun, candranipun kados amrêta tumrap tiyang pêjah."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sawidak satunggal, saking perangan Bhaka bada, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXII.

SAMBÊTIPUN BHAKA BADA PARWA.

Pangandikanipun Dèwi Kunthi: "Sang Brahmana, kula kêpengin sangêt priksa punapa ingkang dados witing prihatos, awit manawi kula sagêd, nêdya kula tanggulangi."

Wangsulanipun sang brahmana: "Dhuh, sang dèwi ingkang agêng tapabratanipun, karsa panjênêngan wau utami sangêt, nanging bokmanawi botên wontên titah wujud manusa ingkang sagêd nyirnakakên prihatos kula punika. Kawuningana, botên watawis têbih saking ngriki, wontên karaton ingkang dados dhangkaning raksasa raja jêjuluk Prabu Bhaka, inggih raksasa raja punika ingkang mangrèh ing praja Ekacakra ngriki. Raksasa wau linangkung kaprawiranipun, mangka karêm mangsa janma, saha dados ratuning Asura. Mila têtiyang ing ngriki botên sumêlang dhatêng panangsayaning mêngsah, awit kaayoman ing kaprawiranipun sang raksasa raja, nanging ingkang minangka pituwas anggènipun ngayomi wau, sang raksasa raja mundhut bulu bêkti, dhêdhaharanipun inggih punika: sêkul sagrobak, maesa sarakit, dalah tiyang ingkang ngaturakên satunggal. Sabên tiyang wawêngkonipun sang raksasa [rak...]

--- 780 ---

[...sasa] ingkang sampun mêngku bale wisma kawajibakên gêntos-gêntos atur bulu bêkti makatên wau. Pangintên kula sang raksasa sampun botên sagêd ambirat pakarêmanipun, nadyan satunggal-tunggalipun tiyang punika anggènipun asok bulu bêkti botên sabên taun, godhagipun ngantos mataun-taun dangunipun, ewadene ugi badhe tampi giliran pasok malih. Ing mangka manawi wontên tiyang wawêngkon ing Ekacakra mbudidaya nêdya nglirwakakên kawajibanipun, manawi kasumêrêpan sang raksasa malah lajêng dipun pêjahi sami sanalika saanak semahipun, kunarpanipun dipun mangsa.

Sajatosipun praja Ekacakra punika dados jajahanipun satunggaling narendra ngadhaton wontên ing kitha Wetrakriya, ananging ingatasipun ngasta kaprabon sang prabu pancèn kuciwa, botên pisan-pisan anggalih tata têntrêming nagari wawêngkonipun. Bêgja têmên lêlampahan kula, dene manggèn ing nagari ingkang ratunipun makatên kawontênanipun. Sabên dintên manah kula tansah mêlang-mêlang, mangka lêrêsipun brahmana botên kenging katêtêpakên kêdah anjrak manggèn ing salah satunggaling kitha utawi padhusunan, awit brahmana botên karèh dening sintên kemawon, gêsangipun kados pêksi, wênang ngambara dhatêng nagari-nagari ingkang dados panujuning manahipun. Para wicaksana ngandika, manawi tiyang wajib rumêksa dhatêng ratu (manawi ambêgipun sae), dhatêng semah, tuwin dhatêng rajabrananipun. Manawi pangrêksanipun dhatêng tigang prakawis wau sagêd kacakup, tiyang

--- 781 ---

sagêd ngêntas anak tuwin kadang warganipun saking sakathahing pakèwêd, mangka satunggal kemawon kula botên sagêd anêtêpi, mila kawontênan kula inggih lajêng kosok wangsul, inggih punika kula dalah anak semah sami kacêmplung ing bêbaya agêng, têmah sami nandhang kasusahan punika, urak panumpêsing kulawarga, wêkdal punika dhawah ing kula, kula kêdah pasok bulu bêkti dhatêng sang raksasa, warni têtêdhan kados ingkang sampun kula aturakên wau, dados botên sagêd tumbas tiyang, sarta botên sagêd oncat saking wawêngkonipun sang raksasa raja, dados wêkdal punika kula wontên ing salêbêting kasusahan ingkang botên sagêd angoncati, kakêncênganing manah kula saanak semah badhe sowan sang raksasa, supados dipun mangsa sadaya kemawon."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sawidak kalih, saking perangan Bhaka bada, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXIII.

SAMBÊTIPUN BHAKA BADA PARWA.

Dèwi Kunthi mangsuli pangandika makatên: "Dhuh, sang brahmana, jêngandika sampun prihatos, kula priksa pundi sarana ingkang sagêd angêntas sang brahmana saking salêbêting bêbaya punika. Dhuh, brahmana kang ambêg utami, putra jêngandika amung satunggal tur taksih alit, punapadene putri jêngandika dèrèng nambut silaning akrama, tur inggih namung satunggal. Kula botên lilah

--- 782 ---

manawi lare wau salah satunggal, punapa garwa, tuwin jêngandika piyambak, ngantos kalampahan dhatêng dhangkaning raksasa wau. Jêngandika priksa manawi anak kula gangsal jalêr sadaya, punika salah satunggal dipun anggea lintunipun, katur sang raksasa raja."

Rikala sang brahmana mirêng pangandikanipun sang dèwi makatên wau, lajêng mangsuli atur: "Punapa kula têgêl ningali kasangsaran punika sinandhang ing tiyang sanès, ingkang amung saking anggèn kula amrih wilujêng kula piyambak. Kula botên badhe najèkakên brahmana utawi tamu, wigatos kangge rumêksa badan kula piyambak, nadyan upaminipun kula punika turunipun tiyang ingkang asor darajadipun, punapa tiyang ingkang rêmên nindaki pandamêl dosa pisan, saèstu botên mêntala nampèni pitulungan panjênêngan makatên wau. Para wicaksana ngandika, tiyang sawêg kenging ngaturakên dhiripun utawi sutanipun, manawi kangge kamulyanipun brahmana. Pamrayoginipun sang dèwi punika sakalangkung pratitis, mila kula inggih kadugi mulat pitulungan makatên wau, nanging manawi kula dipun purih milih, punapa nglilahakên sugênging brahmana, punapa gêsang kula piyambak, kula suka lila nglilahakên gêsang kula piyambak. Awit mêjahi brahmana punika agêng sangêt dosanipun. Dosa makatên punika sampun botên badhe angsal pangapura. Mila manawi kêdah sêsaji, aluwung najèkakên badanipun piyambak, awit punika botên kaanggêp dosa raja pêjah, dados manawi kula pêjah, amargi lumêbêt dados sêsaji, kula punika

--- 783 ---

botên kalepetan ing dosa pêjah, kosok wangsulipun, manawi kula nyuwawèni pêjahing brahmana, punika kula dosa ingkang botên sagêd oncat saking paukuman. Mila miturut pangandikanipun para sujana sarjana: ingkang kaanggêp daksiya punika, nglilahakên tiyang ingkang mondhok ing griyanipun, tiyang ingkang nêdha pangayoman, tuwin kaping tiganipun amêjahi tiyang ingkang ngupaya jalaran murih dipun pêjahi. Para wicaksana ingkang botên kewran dhatêng saosiking jagad ngandika: wong aja kongsi nglakoni panggawe daksiya utawa dosa. Dados langkung prayogi dintên punika kula pêjah sêsarêngan anak semah, awit kula sangêt botên nayogyani manawi ngantos wontên brahmana dipun pêjahi."

Pangandikanipun Dèwi Kunthi: "Dhuh, sang brahmana, pamanggih kula ugi kados pangandika jêngandika wau. Brahmana wajib dipun ayomi. Kawuningana sang brahmana, sih kula dhatêng anak punika sadaya sami kemawon, upami kula gadhah anak satus, punika botên beda kalihan anak gangsal, nanging kawuningana, raksasa raja saèstu botên sagêd mêjahi anak kula, awit anak-anak kula sami sêkti mandraguna, lêbda dhatêng saliring mantra. Anak-anak kula tamtu kalayan suka lêgawaning manahipun manawi kapurih angirid bulu bêkti dhatêng sang raksasa raja, punapadene kula pitados manawi anak kula tamtu sagêd ngêntas dhirinipun piyambak saking sakathahing bêbaya. Kula sampun nate nyipati piyambak anggènipun anak-anak kula ingkang sami ambêg prajurit punika,

--- 784 ---

mêngsah raksasa sinakti pintên-pintên, tur sadaya sami gagah prakosa, ewadene sadaya sami sirna mêngsah anak kula. Amung panyuwun kula, mugi prakawis punika sampun ngantos kapirêng ing akathah, awit manawi wontên tiyang ingkang kapengin gadhah kaprawiran kados anak-anak kula, tartamtu badhe ngêribêti kemawon. Para wicaksana ngandika: tiyang ingkang marahakên ajinipun dhatêng tiyang sanès, mangka botên kanthi palilahing gurunipun, ajinipun wau badhe sirna pangwasanipun."

Kacariyos nalika sang brahmana dalah garwanipun, mirêng pangandikanipun Dèwi Kunthi makatên wau, sakalangkung bingah, mila inggih lajêng nayogyani dhatêng karsanipun sang dèwi. Asrêping panggalihipun sang brahmana, prasasat ngunjuk toya sawindu, wusana Dèwi Prita lajêng anyêlaki ingkang putra panênggak, sang brahmana tut wingking salampahipun sang dèwi. Dupi sampun cêlak, Dèwi Prita (Kunthi) lajêng dhawuh dhatêng ingkang putra, supados nyangkul pakaryanipun sang brahmana ingkang awrat punika atur wangsulanipun Sang Bhima makatên: "Iya dhawuhmu têmtu dak estokake."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus suwidak tiga, saking perangan Bhaka bada, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXIV.

SAMBÊTIPUN BHAKA BADA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun:

--- 785 ---

sawêg kèndêl kemawon Sang Bhima anggènipun matur dhatêng ingkang ibu, katungka kunduripun para Pandhawa kalayan ambêkta angsal-angsalan anggènipun sami papariman. Nalika Sang Yudhisthira ningali pasuryanipun ingkang rayi panênggak, lajêng andugi manawi Sang Bhima mirantos badhe anggarap pakaryan wigati, mila enggal marêpêki ingkang ibu. Sasampunipun manêmbah lajêng matur bisik-bisik makatên: "Kanjêng ibu, yayi Bhima ingkang anggêgirisi kakêndêlanipun, punika badhe nglampahi pandamêl punapa, punapa punika saking dhawuhipun kanjêng ibu, punapa tuwuh saking manahipun piyambak?"

Dhawuh pangandikanipun sang dèwi: "Kulup, kadangira si panênggak, pangrurahing satru sêkti, arêp anglakoni panggawe abot atas saka dhawuh ingsun, kanggo ngêntas kasusahane sang brahmana kang padha dipondhoki iki, uga kanggo amrih tata raharjaning praja iki."

Atur wangsulanipun Sang Yudhisthira: "Dhuh, kanjêng ibu, karsa paduka wau sêmunipun kaduk daya-daya, dèrèng kagalih ngantos sawatawis dangu, awit manawi pandamêl wau awrat dipun lampahi, punika sami kalihan anglampus dhiri. Para wicaksana botên ngayogyani tiyang negakakên anakipun. Dhuh, kanjêng ibu, kadospundi witipun dene kanjêng ibu lajêng kaparêng anglilahakên putra kangge prêluning liyan. Dados karsanipun kanjêng ibu wau botên amung nalisir saking anggêr-anggêring kamanusan kêmawon, ugi murang warah ing wedha. Dhuh, ibu tiyang sêpuh kula, wontên wigatos punapadene kanjêng

--- 786 ---

ibu lajêng anegakakên yayi Bhima, punapa sanès yayi Bhima ingkang dados jalaran kanjêng ibu dalah para ari sadaya sagêd sakeca anggènipun tilêm. Utawi kula darbe pangajêng-ajêng sagêd angrêbat wangsul karaton kula ingkang sampun wontên rêgêmanipun Drêtarastra putra, ingkang candhala budhi, awit kula dalah para ari pitados dhatêng karosaning lêngênipun. Punapa sanès yayi Bhima ingkang damêl mirisipun kakang Duryudana tuwin Sakuni ngantos botên sagêd nendra, sarta ingkang dados sarana kula sagêd oncat saking bale sagala-gala, tuwin bêbaya sanès-sanèsipun. Saha inggih yayi Bhima ingkang sagêd anjalari pêjahipun Purucana. Awit saking pitadosipun dhatêng kaprawiranipun yayi panênggak, ngantos tiyang Pandhawa darbe pangintên sagêd unggul kalihan para putranipun uwa Prabu Drêtarastra, wasana sagêd mangwasani sakathahing nagari saindênging bawana, saisèn-isènipun sadaya. Dhuh, ibunipun Pandhawa, punapa kanjêng ibu kalimput dhatêng sadaya wau, sarta panggalihipun kanjêng ibu rinubêda ing raos sumêlang.

Rikala sang dèwi musthikaning wadon, midhangêt aturing putra makatên wau, enggal mangsuli pangandika, makatên: "Dhuh, putraningsun Yudhisthira, sira aja nyumêlangake arinira kaki Bhima, sarta aja nutuh marang jênêng ingsun, dene darbe panêmu mangkono mau, aja ngira yèn iku tuwuh saka pêtêng lan kabodhoan ingsun. Wruhanamu kulup, sajroning ingsun lan sira dalah para kadangira kabèh mondhok ing wismane sang brahmana

--- 787 ---

iki tansah diaji-aji marang kang darbe wisma, saha susahe panggalih ingsun lan sira kabèh, samêngko wus sirna, dene kalakon ora kawruhan marang kaki Duryudana, mula ingsun banjur darbe panêmu mangkono mau, saka anggon ingsun malês kabêcikane kang darbe wisma. Wong kang kaya sang brahmana iki pêrlu dirêksa murih widadane, awit lêlabêtane gêdhe tumrap pêpadhaning tumitah. Malah yèn bênêre ganjarane kudu luwih saka kabêcikane kang wus disramakake kanggo mitulungi ing liyan. Barêng ingsun mêruhi dhewe kaprawirane arinira kaki Wrêkudara, yaiku nalika oncat saka Waranawata, sarta kalane prang tandhing lan Hidhimba, piandêl ingsun marang kaprawirane kaki Bhimasena saya wuwuh-wuwuh. Karosane Bhima timbang lan gajah salêksa, mula Bhima kuwat anggendhong ingsun lan sira dalah para arinira, kagawa mêtu saka bale sagala-gala. Mangka bobote siji-sijine padha lan gajah siji. Ing salumahing bantala, sakurêping akasa, ayak ora ana titah kang kaprawirane timbang lan Bhimasena. Panduganingsun têtungguling prajurit, yaiku dewa kang sikêp gaman balêdhèk, ora bisa ngalahake arinira. Nalika arinira isih jabang bayi, tau tiba saka pangkonan ingsun, kacêmplung ing jurang kang dhasare ana watu kumalasa, watu mau barêng katiban arinira sumyur dadi sawalang-walang. Hèh kulup Pandhuputra, wus wiwit nalika samana sumurup ingsun marang kadangira si panênggak, awit mangkono kaanane arinira, mula ingsun tega anglilahake dadi pambirat klilipe kakang brahmana. Karsaningsun mau ora saka

--- 788 ---

pamutatuli, utawa kapengin marang opahan, kulup. Ingatase sira sakadangira pêrlu nindaki kautaman, panggawe kang arêp dilakoni arinira iku pigunane rong prakara, sapisan kanggo malês kabêcikane wong kang wus awèh pangayoman, kapindhone: kanggo anggayuh kautaman, anêtêpi warahing agama. Ingsun ing nguni tampa dhawuhe Sang Wiyasa mangkene. Satriya kang mitulungi brahmana iku bakal antuk kamulyan ing dêlahan, yèn satriya ngêntas satriya saka bêbaya pati, bakal misuwur ing jagad, yèn satriya mitulungi wong sing papa, anane ing marcapada bakal kajèn kinamulèn. Dharahing narendra iku wajib ngayomi sudra, ugêr ana panêmbunge. Yèn dharah narendra mangkono tindake, uripe ing têmbe bakal tampa nugraha, linairake dadi putra utawa santananing narendra, sarta tansah ingaji-aji para ratu, jajahane praja kang diênggoni mau, dhuh, putraningsun, pêpêthinganing têdhak puru, iya wêwaton dhawuhe eyangira mau, mula ingsun kongsi têgêl nyangkuli pakaryan kang samono abote marang arinira."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus suwidak sakawan, saking perangan Bhaka bada, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXV.

SAMBÊTIPUN BHAKA BADA PARWA.

Satêlasing pangandikanipun ingkang ibu, Sang Yudhisthira lajêng manêmbah sarwi matur makatên: "Dhuh,

--- 789 ---

kanjêng ibu, kalampahanipun yayi Bhima, kadhawahan nambut pakaryan samantên awratipun wau, saking wêlasipun ibu dhatêng sang brahmana, ingkang samangke sawêg sangêt prihatos, manawi makatên sokur sêkêthi jumurung, yayi Bhima kenging katamtokakên sagêd amungkasi karya, inggih punika sagêd nyirnakakên raksasa lêlêthêking bumi ingkang karêm mangsa janma punika, sarta wangsul kalihan botên kirang satunggal punapa. Amung kemawon mugi kanjêng ibu mitungkas dhatêng sang brahmana, sampun ngantos pratela dhatêng tiyang sanès, murih tiyang ing Ekacakra ngriki sami botên priksa lêlampahan punika sang brahmana kaaturana prasêtya, bilih badhe ngistokakên sawêdharing pitungkas."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun "Enjingipun wanci plêthèking surya, Sang Bhimasena putranipun Prabu Pandhu, panênggak pangkat dhatêng kadhatoning raksasa raja ngirid grobag kaisènan sêkul, katarik ing maesa kalih, minangka bulu bêktinipun sang brahmana ingkang dipun pondhoki. Dupi sampun dumugi ing wana sacêlaking kadhatonipun raksasa Bhaka, enggal nguwuh sora dhatêng sang raksasa kalihan dhahar sêkul bulu bêkti babêktanipun wau. Kawuningana sinuwun, nalika raksasa Bhaka midhangêt panguwuhipun Sang Bhima ingkang anjangkar asmanipun, sakalangkung nêpsu lajêng mêdal ing jawi, tumuju dhatêng dunung swaraning panguwuh. Raksasa Bhaka punika dêdêg pangadêgipun agêng inggil, balung ototipun santosa, warnanipun angajrih-ajrihi,

--- 790 ---

manawi lumampah dhumawahing suku antêp, ngantos ngorêgakên siti, cangkêmipun sakalangkung wiyar ngantos gathuk kalihan kuping. Kupingipun japiping, bathukipun pating jangkêrut katingal jalarèh tiga. "Dupi pun raksasa Bhaka priksa Sang Bhima dhahar sêkul ingkang têtela bulu bêktining kawula ing wawêngkonipun, kadi ingububan kanêpsonipun, enggal lumajêng anyêlaki Sang Bhima kalayan anggêgêt untu, netranipun marbabak, wusana manguwuh dhatêng Sang Bhima: "Hèh wong gêmblung, sapa jênêngmu, apa kowe sêlak kêpengin wêruh Yomani, têka wanuh wani mangan dhaharanku."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, narendra têdhak Bharata, nalika Sang Bhima mirêng panguwuhipun raksasa Bhaka enggal tumolèh dhatêng sang raksasa sarwi mèsêm, ing sêmu nyapèlèkakên, awit lajêng mungkur nglajêngakên anggènipun dhahar, sang raksasa Bhaka ewa ningali lêkasipun Sang Bhima makatên wau, mila lajêng ngumbulakên tanganipun kalih pisan sarwi anggêro gora rèh anggêgirisi, sêdyanipun Sang Bhima badhe dipun sirnakakên sami sanalika. Sang Bhima pangrurahing satru sêkti taksih nglajêngakên anggènipun dhahar, botên pisan-pisan mingsêt lênggahipun, amung anglirik sagêbyaran dhatêng raksasa kruraya wau. Sang raksasa sangêt bramantya enggal andhodhok pêngkêranipun Sang Bhima, nanging Sang Bhima mêksa botên anolih. Mila raksasa raja saya wimbuh nêpsu, enggal ambêdhol mandira kapupuhakên sirahipun Sang Wrêkudara.

--- 791 ---

Kawuwusa Sang Bhimasena, dupi sampun dumugi anggènipun dhahar lajêng wijik, sarta têrus jumênêng kalihan sangêt rêna panggalihipun, sawêga mapagakên mêngsah. Dupi sinabêt dhatêng sang raksasa raja, lajêng tinamplèk ing asta kiwa, kalihan mèsêm, sarta kasêndhal têmah uwal saking tanganing raksasa. Karosanipun Sang Bhima ingkang tanpa timbang ing jagad wau, botên adamêl kêndhaking kakêndêlanipun raksasa, malah lajêng riwut ambêdhol kajêng agêng-agêng sakêcandhakipun, ingkang lajêng kapupuhakên, mila Sang Bhima ugi nimbangi ambêdhol mandira kangge nangkis utawi kasawatakên dhatêng sang raksasa. Dhuh, narendraning bangsa Kuru, campuhipun Sang Bhima kalihan Prabu Bhaka, dados manusa tandhing kalihan raksasa, sakalangkung anggêgirisi. Kajêng agêng-agêng ing papan anggènipun prang tandhing wau sami jêbol, dene ingkang alit-alit sami sirna, awit kilês tandangipun ingkang ngangkah ungguling prangipun, satêmah ngilak-ilak dados ara-ara. Saya dangu raksasa saya riwut tandangipun kalayan asêsumbar sora: "Saiki kowe ngrasakake tibane tanganku. Sumurupa aku Prabu Bhaka, raksasa kang ngadhaton ing Ekacakra kene." kalayan mungêl makatên, raksasa Bhaka nubruk Sang Bhima, nanging bauning raksasa Bhaka kacêpêng lajêng kalarak, sang raksasa ngêtok karosanipun, Sang Bhima gêntos kalarak, dados lajêng larak-linarak, cêngkah-cinêngkah, sarta sêndhal-sinêndhal, gêdruging sukunipun sang ayuda kalih, ngantos anggunjingakên bantala. Kajêng ing wana bosah-basih [bosah-...]

--- 792 ---

[...basih] kadi binabadan, nanging saya dangu raksasa Bhaka saya kêndho tandangipun, Sang Bhima priksa manawi mêngsahipun sampun kathetheran, enggal cinandhak lajêng kakurêbakên ing siti, boyokipun kadhêngkul, githok katêtêpakên asta têngên, asta kiwa nyêpêng cêcawêtipun lajêng kadèngkèk, têmah putung ula-ulanipun. Dhuh sinuwun, raksasa Bhaka anggêro kalihan mutah ludira, lajêng pêjah."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus suwidak gangsal, saking perangan Bhaka bada, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXVI.

SAMBÊTIPUN BHAKA BADA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang raksasa Bhaka ingkang pangawak prabata, anggêgirisi anggènipun anggêro, sangêt angajrih-ajrihi, awit boyokipun putung katêkuk Sang Bhima, wêkasan pêjah. Dhuh sang prabu, putra santananipun sang raksasa raja, sami kagèt mirêng suwantên panggêronipun sang raksasa, ingkang sakalangkung sora wau, mila lajêng sami mêdal ing jawi. Dupi priksa sang raksasa raja sampun anjrêbabah dhêpani bantala, sadaya sami anjêngêr, sêmu ajrih, mila enggal dipun arih-arih dhatêng Sang Bhima. Sasampunipun sami asrêp manahipun, lajêng sami kadhawuhan prasêtya, bilih botên badhe mangsa janma malih, pangandikanipun Sang Bhima makatên: "Hèh raksasa, aja pisan-pisan

--- 793 ---

kowe matèni janma manusa manèh, yèn kowe kongsi matèni, têmtu dak sirnakake kabèh, kaya raksasa Bhaka kang samêngko wus kari aran bae." Para raksasa sami saur pêksi: "Inggih dhawuh panjênêngan badhe kula èstokakên."

Dhuh Prabu Janamêjaya, para raksasa prasêtya sami botên badhe mangsa janma malih. Wiwit nalik[4] samantên sakathahing raksasa ing tlatah Ekacakra lajêng sami sih-sinihan kalihan tiyang ing ngriku. Sasampunipun Sang Bhima ngandikani dhatêng para raksasa wau, lajêng anglarak kunarpanipun Sang raksasa Bhaka dhatêng sakèthènging kitha, sarta lajêng nilar kunarpanipun raksasa wau kalayan botên wontên tiyang ingkang nyumêrêpi. Saking sami sangêt girisipun, para putra santananipun sang raksasa raja lajêng sami kesah sapurug-purug.

Sarampunging karya Sang Bhima wangsul dhatêng pamondhokan, sadumugining wismanipun brahmana, lajêng nyariyosakên sadaya lêlampahanipun dhatêng Sang Yudhisthira, wiwitan dumugi wêkasan botên wontên kalangkungan. Dintên ênjingipun malih, sadaya tiyang ingkang sami langkung sakèthènging kitha priksa kunarpanipun sang raksasa raja gumuling ing siti, sarwi gêgubras ludira.

Kawuningana sinuwun, tiyang-tiyang ingkang sami nyumêrêpi kunarpanipun sang raksasa ingkang saardi anakan agêngipun, sami ajrih, wulunipun anjêgrig, sarta sami kamitênggêngên pamawasipun. Sarêng sampun jangkêp malih èngêtipun, enggal wangsul dhatêng salêbêting kitha

--- 794 ---

wigatos suka pawartos dhatêng para tiyang saisining kitha, mila tiyang jalêr èstri ênèm sêpuh, sami karaya-raya dhatêng sakèthènging kitha, awit kapengin ningali kunarpanipun raksasa Bhaka. Sarêng sampun sami sumêrêp nyatanipun, sadaya sami kagawokan, têka wontên kaelokan makatên, dene raksasa Bhaka, ingkang samantên agêngipun, saha linangkung guna kaprawiranipun, sagêd kalampahan sirna, mila têtiyang wau lajêng sami mêmuji ing dewa kalayan sukaning manah. Malah lajêng niti sintên ingkang kalêrês tampi giliran atur bulu bêkti ing sang raksasa raja ing dintên kalawingi. Sarêng sampun têtela bilih ing dintên pêjahipun sang raksasa raja wau, brahmana ingkang dipun pondhoki para Pandhawa ingkang kadhawahan urak, tiyang-tiyang wau sadaya lajêng sami dhatêng ing wismanipun sang brahmana. Dupi sampun pinanggih kalayan ingkang darbe wisma, lajêng sami andhêdhês sintên ingkang sampun sagêd mêjahi raksasa Bhaka punika, dipun wangsuli murih lêganipun kemawon. Saking anggènipun anasabi wadosipun, sang brahmana lajêng mangsuli makatên: "Wontên brahmana ambêg utami, lêbda dhatêng saliring mantra, priksa anggèn kula tangisan kalayan anak semah kula, inggih punika nalika kula tampi urak, kêdah atur bulu bêkti. Sang brahmana wau andangu dhatêng kula, punapa darunanipun têka kula saanak semah sami nangis, kula lajêng ngaturakên lêlampahan kula, saha ingkang dados ribêting praja Ekacakra. Satêlasing atur kula, sang brahmana nglipur ing kula sarwi

--- 795 ---

mèsêm, pangandikanipun makatên: "Kula sagah ngirid bulu bêkti ingkang katur sang raksasa raja, sarta jêngandika sampun nguwatosakên kula." Sasampunipun ngandika makatên, sang brahmana pangkat dhatêng kadhatonipun sang raksasa raja, kalihan angirid grobag isi sêkul katarik ing maesa kalih, kados padatanipun. Dados ingkang damêl kamulyanipun têtiyang ing Ekacakra punika saking pandamêlipun sang brahmana linangkung wau."

Para brahmana, punapadene para satriya ing Ekacakra sami kagawokan mirêng cariyosipun sang brahmana, dene para waisya tuwin sudra sami suka-suka. Wiwit dintên kalênggahan punika tiyang ing praja Ekacakra lajêng damêl wiwahan, ingkang katamtokakên kêdah dipun wontênakên ing sabên taun, dene ingkang dipun luhurakên sang brahmana ingkang sampun sagêd nyirnakakên Sang raksasa Bhaka. Dados wiwahan wau minangka pangèngêt-èngêtipun tiyang, bab sirnaning raksasa Bhaka, ingkang dados tandhaning panuwun dhatêng sang brahmana ingkang linangkung wau.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus suwidak nênêm, saking perangan Bhaka bada, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXVII.

CETRARATA PARWA.

Sasampunipun salêsih anggènipun pitakèn dhatêng brahmana ingkang dipun pondhoki para Pandhawa, têtiyang

--- 796 ---

isining kitha Ekacakra, lajêng sami wangsul dhatêng griyanipun piyambak-piyambak, para Pandhawa lêstantun dêdunung ing pondhokanipun lami.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh, sang brahmana, para Pandhawa bêbanthènging jagad punika, sasampunipun mêjahi raksasa Bhaka, lajêng kadospundi solahbawanipun?"

Rêsi Waisampayana mangsuli atur: "Dhuh, sinuwun, susuhunaning bawana, para Pandhawa sasampunipun nyirnakakên raksasa Bhaka botên lajêng pindhah padunungan, nanging lêstantun wontên ing griyanipun brahmana ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, dene sêsambènipun sami mangudi wedha. Botên watawis dangu kalihan lêlampahan ingkang sampun kula aturakên wau, satunggaling dintên wontên brahmana têtêp ing sêsanggêman, dhatêng pondhokanipun para Pandhawa, nêmbung dhatêng ingkang gadhah griya manawi badhe tumut mondhok ing ngriku. Sang brahmana linangkung, inggih ingkang dipun pondhoki Pandhawa wau, pancèn utami pambêganipun, mila agêng bujakramanipun dhatêng têtamunipun, saha lajêng suka pondhokan. Ing satunggaling dintên Dèwi Kunthi saputranipun, sami manggihi brahmana ingkang mondhok enggal wau, wigatos nyuwun supados sang brahmana kaparênga ngandikakên, pundi papan ingkang sakintên prayogi. Sang brahmana ugi mituruti, lajêng nyariyosakên sakathahing lèpèn sukci, pasitèn, pratapan, saha lêlampahanipun para nata, tuwin kawontênanipun nagari-nagari [nagari-...]

--- 797 ---

[...nagari] ingkang anèh-anèh.

Dhuh Prabu Janamêjaya, sasampunipun nyariyosakên sadaya wau, sang brahmana lajêng cariyos bab sayêmbara pilih ing praja Pancala, dene ingkang dipun angge sayêmbara, putrinipun Prabu Yatnasena (Drupada). Sang brahmana wau nyariyosakên lêlampahan miyosipun Sang Drêsthadyumna, tuwin Sang Srikandhi, punapadene miyosipun Dèwi Krêsna, ingkang pêparap Dèwi Drupadi. Dipun cariyosakên manawi miyosipun sang dèwi punika, nalika Prabu Drupada damêl sêsaji, dados sang dèwi botên kawiyosakên saking garbaning wanita.

Rikala para bêbanthènging têdhak Bharata, putranipun Prabu Pandhu midhangêt cariyos lêlampahanipun Prabu Drupada ingkang elok wau, lajêng sami kumcèlu[5] badhe midhangêt aluran lêlampahanipun ingkang ngantos salêsih, mila lajêng matur dhatêng sang brahmana, kadospundi lêlampahan miyosipun Sang Drêsthadyumna, ingkang angedab-edabi punika, tuwin miyosipun Dèwi Krêsna ingkang botên kadi limrahing bayi lair, kadospundi wêdalipun saking wadhahing sêsaji, sarta kadospundi lêlampahan anggènipun Sang Drêsthadyumna pêpêthinganing para prajurit sikêp jêmparing, puruhita dhatêng Brahmana Drona. Dhuh, sang brahmana kadospundi pamitranipun Prabu Drupada kalihan Rêsi Drona, dene lajêng botên sagêd lêstantun sih-sinihan, punapa ingkang minangka dhadhakan pêndhoting pamitran wau sarta sintên ingkang angrumiyini cidra?

--- 798 ---

Rêsi Waisampayana anglajêngakên cariyosipun: "Dhuh Prabu Janamêjaya, rikala sang brahmana tamu wau dipun suwuni priksa makatên, ugi lajêng nyariyosakên sadaya kawontênaning lêlampahan, dene ingkang kagalih wigatos inggih punika miyosipun Sang Dèwi Drupadi."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus suwidak pitu, saking perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXVIII.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Cariyosipun brahmana tamu wau makatên: "Ing parêdèn sacêlakipun lèpèn Gangga, wontên padhepokaning maharsi, ingkang sêngsêm mêsubrata. Maharsi wau têtêp dhatêng sêsanggêman, sidik paningalipun, jêjuluk Maharsi Bharadwaja. Nuju satunggaling dintên, Rêsi Bharadwaja tindak dhatêng lèpèn Gangga, wigatos badhe sêsukci. Sadumugining lèpèn, sang rêsi priksa Dèwi Gritaci, Apsara Indrabawana jumênêng wontên swamipaning Gangga mêntas siram, lajêng badhe ngagêm nyampingipun, nanging dèrèng ngantos kêncêng pangagêmipun, nyamping katêmpuh ing prahara, uwal saking sarira sapalih. Rikala sang rêsi priksa kawontênanipun Dèwi Gritaci makatên, kumêcut raosing panggalih ngantos korut kamanipun, ingkang lajêng katadhahan ing drona [klênthing], ingkang kaasta badhe kagêm mêndhêt toya. Mangka sang rêsi wau wiwit jaka

--- 799 ---

sampun prasêtya botên badhe nunggil kalayan pawèstri. Dumugining wanci, mani ingkang katadhahan ing drona wau babar dados bayi jalêr, sinung nama Drona, karsanipun dadosa pêpèngêt, bilih kababaripun wau wontên ing klênthing. Dupi bayi sampun pantês tampi piwulang, lajêng kawarah wedha tuwin wedhangga.

Kawuningana Rêsi Bharadwaja punika apawongmitra kalihan Prabu Prisatha, narendra ing praja Pancala. Nalika Rêsi Drona wau miyos, pramèswarinipun Prabu Prisatha, ugi ambabar mijil priya, sinung nama Drupada. Bêbanthènging jagad Sang Drupada, nalika timuripun katitipakên wontên ing dhepokipun sang rêsi dados sabên dintên anggènipun dêdolanan, punapa kawulang, inggih nunggil kalihan Rêsi Drona. Sasurudipun Prabu Prisatha, Sang Drupada kajumênêngakên narendra gumantos kaprabonipun ingkang rama. Rikala jumênêngipun Sang Drupada wau, Rêsi Drona mirêng pawartos, bilih Rêsi Rama: brahmana agêng ingkang ambêg satriya, putranipun Rêsi Jamadagni, karsa ndanakakên rajadarbèkipun, jalaran badhe ambangun kasutapan, mila Rêsi Drona lajêng gêgancangan sowan ing panjênênganipun Rêsi Rama, kalampahan sagêd pinanggih, nanging dhatêngipun Rêsi Drona wau, Rêsi Rama sampun mèh pangkat dhatêng wana, mila Sang Drona lajêng matur Sang Rama makatên: "Dhuh, têtungguling para brahmana, kawuningana kula punika Drona, dene pisowan kula ing panjênêngan punika, wigatos nyandhang sih wêlasanipun sang rêsi." Dhawuh wangsulanipun Sang Parashurama makatên: "Wruhanamu saanane [saa...]

--- 800 ---

[...nane] rajadarbèkku wis dak wènèhake kabèh, kang isih mung kari gêgaman lan jasadku iki. Ewadene brahmana kowe dak wênangake milih salah siji." Atur wangsulanipun Rêsi Drona: "Pukulun, sadaya dêdamêl sarta mantra manawi nandukakên utawi pangundangipun wangsul, mugi kaparênga kula tampèni."

Brahmana tamu wau nglajêngakên cariyosipun: "Rêsi Rama dharah Bhrigu ugi lajêng maringakên dêdamêlipun sadaya, kalihan ngandika makatên: "Mara tampanana!" Rêsi Drona nampani sadaya wau kalayan sênênging panggalih, awit rumaos manawi sadaya karsanipun tamtu badhe kasêmbadan, langkung malih sarêng Rêsi Drona kaparingan dêdamêl linangkung ingkang winastan: brahmastra, sukaning panggalihipun sampun tanpa upami mila wiwit satampinipun dêdamêl wau Rêsi Drona punjul sasamining tumitah. Botên watawis dangu kalayan anggènipun tampi dêdamêl, Rêsi Drona dhatêng praja Pancala, karsanipun badhe pinanggih Prabu Drupada. Rikala sang rêsi pinanggih ratu linangkung wau, saking lêganing panggalihipun, mila pratela makatên: "Sinuwun, kula mitra paduka." Kawuningana, nalika Prabu Drupada mirêng panguwuhipun Rêsi Drona makatên wau, lajêng mangsuli pangandika makatên: "Brahmana, dharahing alit botên sagêd apawongmitra kalayan dharah kang murni. Tiyang ingkang sanès prajurit rata, botên sagêd mamitran lan prajurit rata. Sintên kemawon ingkang sanès dharahing narendra, saèstu botên sagêd gadhah mitra ratu, kadospundi dene sang brahmana nêdya nyambêt pamitran kalihan kula."

--- 801 ---

Catatan kaki:

1. ngurbanakên (kembali)
2. sangsaraning (kembali)
3. prayogi (kembali)
4. nalika (kembali)
5. kumacèlu (kembali)