Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Image

Sêrat Mahabharata No. 5

Taun 1957.

Sang brahmana tamu anglajêngakên cariyosipun: "Rêsi Drona kang limpad ing buddhi, rumaos dipun camah, èsthining panggalih badhe ngupaya sraya, anggènipun nêdya malês panyamahipun dhatêng Pancala, mila lajêng dhatêng prajanipun bangsa Kuru ing Hastinapura. Sadumuginipun ing Hastina, sang rêsi dipun panggihi Sang Bhisma, kalayan angirid para wayah, sarta ambêkta pisungsung mas picis rajabrana sakalangkung kathah. Sasampunipun pinanggih, Sang Bhisma nyuwun dhatêng Sang Rêsi Drona supados kaparêng dados puruhitanipun para wayah. Rêsi Drona sagah. Sasampunipun katampèn, satunggaling dintên para rajaputra ing Hastinapura wau dipun kalêmpakakên, lajêng dipun ngandikani: "Ênggèr, para rajaputra Hastina, kang botên darbe dosa têmbe manawi sampun putus pasinaon jêngandika, sikêp saliring dêdamêl, punapa jêngandika sagah paring bêbingah ing kula, sumêrêp wêwangsulan anggèn jêngandika sami winulang, dene wujuding bêbingah samangke kula dèrèng sagêd nyariyosakên, nanging tansah kula angên-angên ing dalêm batos."

Sakèndêling pangandikanipun sang rêsi, Sang Arjuna tuwin para siswa sanès-sanèsipun, lajêng mangsuli atur makatên: "Nuwun inggih sandika, kula sagah badhe minangkani sapamundhutipun sang bhagawan." Botên watawis dangu para Pandhawa lajêng prigêl sikêp saliring dêdamêl, punapadene sami titis anjêmparing, enggalipun

--- 802 ---

para putra raja sampun putus anggènipun sami puruhita, mila Rêsi Drona nagih prajanji, makatên pangandikanipun: "Drupada, putranipun Prabu Prisatha, ingkang samangke jumênêng narendra ing Cakrawati, mugi dipun rêbata nagarinipun. Ratunipun dipun boyonga, lajêng kapasrahna ing kula." Kalampahan para Pandhawa sagêd unggul mêngsah Prabu Drupada, mila sang prabu dalah senapatinipun sami kabanda lajêng kaaturakên ing gurunipun.

Kawuningana dupi Rêsi Drona ningali Prabu Drupada wontên ing ngarsanipun kalihan kabanda, sang rêsi enggal ngandika makatên: "Dhuh, narendra linangkung, jêngandika kaparênga lêstantun pamongmitra kalihan kula, nanging sarèhning jêngandika ing nguni ngandika, bilih tiyang botên dados ratu punika, botên sagêd mêmitran lan ratu, mila praja jêngandika ingkang samangke sampun kula jarah, punika nêdya kula palih, ingkang sapalih kula darbe, ingkang sapalih kula pisungsungakên sang prabu, dados sang prabu jumênêng malih mangrèh sakiduling Bhagirati, dene kula ingkang nguwasani praja Pancala bang lèr."

Sang Brahmana têtamu anglajêngakên cariyosipun: "Sanalika wau Prabu Drupada, lajêng mangsuli pangandika makatên: "Dhuh, Sang Bharatwaja putra ingkang luhur ing buddhi, kaluhuran pangandikanipun sang rêsi, mila mugi kula kalayan sang brahmana têtêpa dados mitra salami-laminipun, kados karsanipun sang brahmana wau."

Sang Brahmana Drona punapadene Prabu Drupada

--- 803 ---

lajêng sami kondur dhatêng prajanipun sowang-sowang. Namung Sang Drupada sangêt angunêk-unêk ing panggalih nêdya nandukakên wêwalês dhatêng Rêsi Drona. Raos makatên wau tansah makarti ing dalêm batosipun sang prabu, mila kadi angrêrujit ing panggalih, têmah nandhang prihatos.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus suwidak wolu, saking perangan Cetrarata ing Adiparwa.

__________

BAB CLXIX.

SAMBÊTIPUN CITRARATA PARWA.

Brahmana tamu nglajêngakên cariyosipun: "Wiwit nalika samantên Prabu Drupada tansah prihatos, botên kêndhat anjajah sakathahing padhepokanipun para pandhita, wigatos ngupaya brahmana ingkang lêbda dhatêng wêwatoning sêsaji. Awit saking sangêt prihatos, saha kêpengin darbe putra linangkung, mila sabên-sabên ngantos kawiyos pangudaraosipun, makatên: "Kuciwane aku ora darbe anak lanang linuwih." saha saking sangêting sumêlangipun, mila sabên-sabên kawiyos panggrêsahipun: "Kaanane para putra santana Pancala mung tansah gawe kawirangan bae." Pangunêg-unêging panggalih badhe malês dhatêng Rêsi Drona, punika tansah cumithak wontên salêbêting panggalih, ananging rumaos kawêkèn, mila sabên-sabên tansah angunjal napas, rumaos manawi kaprawiranipun sang prabu botên mantra-mantra timbang bilih katandhing kalihan kasêktènipun [ka...]

--- 804 ---

[...sêktènipun] Rêsi Drona, awit sang rêsi botên kêndhat ulah dêdamêl, sarta marsudi sawarnining kawruh, mila botên kewran dhatêng saulah gêlaring prang. Nalika Sang Prabu Drupada lêlana urut satêpining lèpèn Gangga tuwin Jamuna, sang prabu priksa satunggaling padhepokan, ingkang sawanganipun asri nanging sêmu wingit. Para Brahmana ingkang sami dêdunung ing riku, sanès limrahing brahmana, nanging para santaka brahmana, ingkang sami têtêp dhatêng sêsanggêman, ambêgipun utami sarta darajading kasuksmanipun linangkung. Wontên ing padhepokan wau Prabu Drupada dipun papagakên pandhita kalih, pêparabipun Rêsi Yaja, kalihan Rêsi Upayaja. Kalih-kalihipun wau sami bêkti dhatêng tapabrata, sampun sagêd mangrèh cipta, utawi pancèn pêpilihanipun brahmana ingkang sami wontên ing riku. Sang brahmana kalih sami têdhakipun Maharsi Kaswapa. Mênggah kawontênanipun sang brahmana sakalihan wau, sampun mratandhani bilih sagêd anglêksanani saèsthining panggalihipun Prabu Drupada ingkang dahat prihatos punika.

Prabu Pancala panggalihipun têtela santosa, mangka ingkang kagayuh mligi namung saprakawis, inggih punika sagêda pêputra ingkang kenging kangge sarana malês sêriking panggalih dhatêng Sang Brahmana Drona, mila dupi sang prabu sampun anguningani piyambak dhatêng kalangkunganipun Sang Brahmana Upayaja, enggal matur angasih-asih, punapadene sanggêm badhe misungsung punapa sapamundhutipun sang bhagawan, sarta lajêng angrungkêbi

--- 805 ---

padanipun Rêsi Upayaja, sarwi matur makatên: "Dhuh, Sang Brahmana Upayaja, manawi brahmana kaparêng damêl sêsaji kangge minangkani anggèn kula kapengin asêsuta ingkang sagêd dados jalaran sirnanipun Rêsi Drona, kula sagah misungsung ing panjênênganipun sang bhagawan warni lêmbu salêksa. Dhuh, sang maharsi, walèh-walèh punapa sajatosipun kula sampun mirantos dangu badhe atur pisungsung ing sang maharsi."

Dupi sang rêsi mirêng pangandikanipun sang prabu makatên wau, lajêng mangsuli pangandika makatên: "O, sinuwun, kula botên sagêd damêl sêsaji ingkang wigatosipun, kados karsanipun sinuwun wau." Ewadene sang prabu botên pitados dhatêng pangandikanipun sang rêsi, mila lajêng saya wimbuh pamundhi-mundhi saha pamilutanipun. Sarêng sampun angsal sataun lêrêpipun Prabu Drupada wontên ing padhepokanipun Sang Rêsi Upayaja, ing riku papêthinganing para rêsi wau têmah luntur sihipun, mila lajêng pratela dhatêng sang prabu, kêdaling aturipun manis, makatên: "Nuju satunggaling dintên kula kalihan Rêsi Yaja, sadhèrèk kula sêpuh sami lumampah. Sarêng dumugi wana kakang rêsi mêndhêt wowohan ingkang sampun dhawah ing siti. Manawi wêwaton kawruh lampahipun kakang wau botên prayogi, awit punika botên sukci, mila kula ugi ngèngêtakên dhatêng kakang sampun ngantos anglampahi makatên. Ananging pun kakang botên nganggêp manawi wowohan ingkang sampun dhumawah ing siti wau botên sukci, mila inggih kalajêngakên anggènipun mêndhêt,

--- 806 ---

awit kakang Rêsi Yaja botên sagêd nampi dhatêng pikajêngipun, dene wowohan ingkang dhumawah ing siti lajêng kaanggêp dosa, mila kula lajêng pratela dhatêng kakang rêsi, sambêtipun kalihan lêlampahan ingkang badhe kula aturakên ing panjênênganipun sinuwun. Manawi wontên tiyang nindaki pandamêl awon, ing salah satunggaling bab sampun ngantos pandamêl sanès-sanèsipun lajêng kagêbyah botên sae. Makatên ugi panacad kula dhatêng pun kakang anggènipun anglampahi pandamêl botên sukci wau.

Kawuningana sinuwun, rikala kakang rêsi puruhita sêsarêngan kula nunggil sagriya kalihan ingkang kula puruhitani, kakang rêsi sabên-sabên nêdha têtêdhan sisaning tiyang. Ingkang makatên punika botên sukci. Têrangipun botên wontên têtêdhan ingkang dipun sirik kalihan pun kakang. Kula andugi bilih kakang Rêsi Yaja nggayuh kadonyan, katitik saking solahbawanipun, mila sang prabu prayogi pinanggih kalihan pun kakang kemawon, bokmanawi kakang rêsi kadugi damêl sêsaji kados kaparêngipun sang prabu.

Rikala Prabu Drupada mirêng pamrayoginipun Rêsi Upayaja, sang prabu lajêng kadi pinêksa pinanggih kalihan Rêsi Yaja, mangka sang prabu ing batos ngina dhatêng Rêsi Yaja. Sasampunipun pinanggih, sang prabu lajêng angurmati dhatêng sang rêsi, tuwin ngalêmbana kalangkunganipun sang rêsi. Sajatosipun lakar pantês ingalêmbana, mila aturipun sang prabu dhatêng Rêsi Yaja makatên: "Dhuh, guru mugi wontêna karsa jêngandika,

--- 807 ---

ngawontênakên sêsaji , kangge minangkani ingkang dados èsthining manah kula. Kawuningana guru, kula sampun punagi badhe misungsung lêmbu wolung lêksa dhatêng para brahmana ingkang kaparêng nglêksanani panyuwun kula wau. Walèh-walèh punapa guru, ing batos kula mamêngsahan kalihan Rêsi Drona, ingkang lajêng dados witing prihatos. Mila mugi jêngandika kaparênga nglunturakên sih paring usadaning prihatos kula wau. Mamêngsahan kula kalihan Rêsi Drona wau, anjalari risaking manah kula, awit kula priksa manawi Rêsi Drona, kajawi putus dhatêng saliring kawruh, ugi sagêd nandukakên dêdamêlipun Hyang Brahma (Brahmastra) mila kalampahan Rêsi Drona sagêd nyêpêng kula wontên madyaning adilaga; dene kalampahanipun kula lajêng mamêngsahan kalihan sang rêsi wau, saking ngrêmbag lampahing tiyang apamongmitra. Kawuningana guru, Rêsi Drona putranipun Rêsi Bharadwaja, punika mandraguna sura sêkti, mila ngantos kapilih kangge têtungguling para gurunipun bangsa Kuru. Salumahing bantala sakurêbing akasa, kados botên wontên ksatriya ingkang kasêktènipun sabobot kalihan Rêsi Drona. Langkapipun Rêsi Drona sangêt anggêgirisi, panjangipun ngantos nêm asta, botên wontên titah gêsang ingkang sagêd mangsulakên jêmparingipun Rêsi Drona kang pilih tandhing ing prang. Putranipun Rêsi Bharadwaja punika sariranipun wujud brahmana, nanging jiwanipun têtela prajurit jêmparing linangkung, mila tansah angêndhak kasudiranipun para ksatriya saindênging bawana. Kula dugi manawi Rêsi Drona

--- 808 ---

punika kakêmbaranipun Rêsi Rama Parasu, ingkang badhe numpês para ksatriya. Ing satribawana botên wontên ingkang kuwawi nadhahi panduking dêdamêlipun ingkang anggêgirisi wau. Rêsi Drona kasinungan kasêktèning brahmana tuwin ksatriya, kêmpaling kasêktèn warni kalih wau saèstu sagêd nyirnakakên mêngsah wontên ing paprangan. Dados sintêna ingkang mêngsah Rêsi Drona, punika candranipun kados martega kaêsok ing latu, têmtu lêbur tanpa kukuban, ewadene kula priksa manawi kasêktèn jêngandika langkung sangking Rêsi Drona. Kawuningana kula namung darbe kasêktèning ksatriya, mila saèstu kawon mêngsah Rêsi Drona. Jêngandika mugi kaparêngna ambiyantu kula sarana kasêktèning brahmabrahmana ingkang sampun wontên wasesa jêngandika wau. Kula priksa manawi kasêktèn jêngandika langkung kawasa katimbang kasêktèn ingkang sampun kagêbêng dening Rêsi Drona.

Dhuh, Rêsi Yaja, papundhèn kula, mugi jêngandika kaparênga angwontênakên sêsaji, ingkang supados sagêd dados sarana kula darbe suta jalêr, ingkang botên sagêd kawon wontên ing paprangan, tuwin sagêd nyirnakakên Rêsi Drona, lêmbu salêksa ingkang badhe kula pisungsungakên ing jêngandika, samangke sampun mirantos."

Kawuningana Rêsi Yaja lajêng mangsuli atur makatên: "Dhuh, Prabu Drupada, pamundhutipun sinuwun wau kula sagah anglêksanani."

Wiwit rikala samantên, Rêsi Yaja lajêng tata-tata ngrakit pirantosing sêsaji. Awit saking gawating sêsaji

--- 809 ---

ingkang dipun wontênakên, mila Rêsi Yaja mundhut pitulunganipun Rêsi Upayaja, dupi sampun nyagahi, Rêsi Yaja lajêng matur dhatêng Prabu Drupada, manawi saèstu sagah damêl sêsaji, ingkang sagêd dados sarana sirnanipun Rêsi Drona, dene Rêsi Upayaja mratelakên pundi sarana ingkang anjalari Prabu Drupada kalampahan apêputra. Mênggah sarananipun inggih punika sêsaji agêng ingkang dipun wastani sêsaji latu, aturipun makatên: "Dhuh, Prabu Drupada, jêngandika badhe pêputra ingkang kadi pangajaping panggalih, putra ingkang badhe kawiyosakên punika ing têmbe linangkung sêkti mandraguna."

Lajênging cariyosipun brahmana makatên: "Awit saking kapenginipun kagungan putra ingkang sagêd anyirnakakên Rêsi Drona, ngantos sang prabu kaparêng mirantosi piyambak, sadaya abon-aboning sêsaji. Dupi sampun mirantos sadaya, Rêsi Yaja lajêng ngêsok martega sukci ing latu sêsaji. Sasampunipun ngêsok martega wau sang rêsi matur dhatêng pramèswarinipun Prabu Drupada, supados nyêlak kalihan latu sêsaji, makatên pangandikanipun: "Dhuh, pramèswari Nata Pancala, putri mantunipun Prabu Prisatha, mugi kaparênga rawuh ing sacêlaking kula, awit ing mangke sampun wontên jiwa kêkalih ingkang mirantosakên dados putra, tuwin putri jêngandika sakalihan sang prabu."

Wangsulanipun sang dèwi makatên: "Dhuh, brahmana linangkung kula sawêg mêntas nggantèn, dados tutuk

--- 810 ---

kula taksih wontên gandaning gantèn, tuwin badan kula taksih mambêt gandaning jêbat kasturi mindhak anuwuhakên dosa, manawi makatên kawontênan kula, mangka lajêng purun nampèni martega sukci, ingkang minangka sarana kula sagêd asêsuta. Dhuh, dhuh, Maharsi Yaja, kaparênga kasarantosakên sawatawis, kula badhe sêsukci rumiyin."

Wangsulanipun Rêsi Yaja: "Dhuh, pramèswari nata, jêngandika rawuh punapa botên, punika botên makèwêdi punapa-punapa, awit wigatosing sêsaji sampun kaijabakên, saha adhi Upayaja sampun angucapakên mantra."

Sang brahmana nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun ngandika makatên, Rêsi Yaja angêsokakên martega, ingkang sampun dipun mantrani ing latu sukci. Latu mubal murub mangalad-alad, sami sanalika wontên lare jalêr mêdal saking latu wau, warninipun kadi putranipun dewa, cahyanipun mancorong kadi latu, tiningalan angeram-eramakên, ngangge jamang saha kêre, katingal sakalangkung kuwawi, tanganipun nyêpêng sabêt, anggendhong jêmparing, mundhak langkap, sakêdhap-sakêdhap ajêrit sora. Sawêdaling lare punika anyarêngi katingal wontên rata paprangan, ingkang lajêng katumpakan dening lare wau ngantos sawatawis dangu."

Kawuwusa, dupi têtiyang Pancala, wadyanipun Prabu Drupada priksa kawontênan elok wau, lajêng sami sorak sarta anguwuh sora makatên: "Bagus, bagus" sami sanalika jagad kados jêbol-jêbola, awit botên kuwawi

--- 811 ---

nyangga raosing manahipun tiyang Pancala, ingkang sawêg mêndêm kasênêngan. Punapadene wontên malih ingkang prêlu kula cariyosakên, nalika lare elok wau jumêdhul saking latu, ing gêgana wontên sabawaning swara tanpa rupa, ujaring swara makatên: "Dumadine bocah iki prêlu arêp anyirnakakên Rêsi Drona, iya bocah iki kang bakal ambirat rasa sumêlange wong Pancala lan kang agawe suwure sarta nyirnakake prihatine Ratu Pancala."

Sakèndêling swara wontên lare èstri mêdal saking wadhahing sêsaji, ingkang lajêng sinung pêparab Dèwi Pancali. Sang dèwi kang nêmbe miyos punika antuk nugrahaning dewa, agêng kabêgjanipun, sulistya ing warni, kulitipun sarira cêmêng, dariji muncuk êri, netranipun agilar-gilar, cêmêng bundêr kadi ron tunjung, kuku kuwung jambon sumaringah sumorot kadi têmbaga sinangling. Imbanipun jait malêngkung, payudaranipun wêwêg, wonga-wonganipun lêbêt. Sang dèwi wau kadi widadari ngejawantah, sariranipun angganda arum kadi gandaning sêkar tunjung biru, aruming sariranipun sang dèwi wau nyarambahi wawêngkon kalih pal mubêng. Sulistyaning warninipun tanpa timbang ing jagad, mila kathah para dewa, yaksa, ingkang kataman gandrung. Nalika sang musthikaning wanita Dèwi Pancali wau mêdal saking latu ing awang-awang lajêng kapirêng swara manguwuh makatên: "Bocah wadon irêng manis iki têtêp yèn bangsa Padmini (pilihaning wanita), lan kang anjalari tumpêse para ksatriya, dadi ing têmbe yèn wus têkan mangsane bocah iki bakal nyangkul pakaryan

--- 812 ---

gêdhe, nglakoni ayahaning dewa. Iya saka bocah wadon iki anane bêbaya gêdhe ing antarane bangsa Kuru." Sakèndêling swara, tiyang Pancala sami surak ambal-ambalan, jagad ngantos gêtêr dening bingahipun tiyang Pancala. Dupi pramèswarinipun Prabu Drupada wangsul priksa lare jalêr èstri, sang dèwi sangêt kumacèlu ngakên putra, mila enggal marêpêgi Rêsi Yaja sarwi matur makatên: "Dhuh, Rêsi linangkung, mugi kula dipun nugrahanana, sanèsipun kula sampun ngantos wontên tiyang priksa, bilih lare kalih punika botên mêdal saking kula."

RêjiRêsi Yaja ingkang sampun nêmaha badhe damêl renaning panggalihipun Prabu Pancala, lajêng mangsuli makatên: "Inggih karsa jêngandika wau, têmtu kalampahan." Para brahmana ingkang sami ngèstrèni sêsaji sami tampi pisungsung saking Prabu Drupada, kados pangajêng-ajêngipun, sarta lajêng paring pêparab dhatêng lare kalih wau makatên pangandikanipun: "Suwawi putranipun Prabu Drupada punika sami dipun parabi: Drêsthadyumna, awit kawontênanipun kadi Sang Dyumna, inggih punika nalika miyos sampun angrêgêm dêdamêl, saha sanès-sanèsipun wau, kawistara bilih bantêr wêwatakanipun. Dene putranipun sang prabu, ingkang kulitipun cêmêng, prayogi sinung pêparab Dèwi Krêsna (cêmêng).

Brahmana tamu nglajêngakên cariyosipun "Dados lare dhampit, lair ing nalika Prabu Drupada sêsaji agêng. Dupi putra ing Pancala wau sampun diwasa, lajêng kapundhut Rêsi Drona, wigatos winulang saliring aji sêsikêp [sê...]

--- 813 ---

[...sikêp] dêdamêling prang, saha arakit gêlar. Karsanipun Rêsi Drona minangka wêwangsulan anggènipun ngêkap siti Pancala sapalih. Brahmana Drona botên kewran dhatêng pêpacanganing lêlampahan, ingkang ginadhangakên Raja Putra Pancala wau, awit priksa manawi pêpasthèn botên kenging dipun singkiri, mila sang rêsi amung ngangkah utamining tindak."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus suwidak sanga, saking perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXX.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi mirêng cariyosipun brahmana tamu makatên wau, para Pandhawa sami prihatos, panggalihipun kadi kataman jêmparing. Wiwit nalika samantên para Pandhu putra panggalihipun sami kuwur, mila lajêng lirwa, dhatêng kawajiban, saha sadaya tindakipun katingal manawi tilar kaprayitnan. Kawuningana sinuhun, Dèwi Kunthi botên kasamaran dhatêng saraosing panggalihipun para putra, mila lajêng ngandika dhatêng putranipun pambajêng makatên: "Kulup Yudhisthira, anggon ingsun padha mondhok ing wismane kakang brahmana iki, kaya wus watara suwe, lan sasuwene dêdunung ana ing nagara kene karo anglakoni papariman, iku padha rumangsa bêgja lan sênêng, awit pira-pira wong kang bêcik pambêgane lan luhur buddhine

--- 814 ---

ora towong-towong anggone dêdana. Dhuh, putraningsun, pangruwating satru sêkti, kajaba iku ingsun iya wus anjalajah sakèhing alas, talaga sarta gunung kang anêngsêmake ing talatah Ekacakra kene, têmtu wus ora kêpengin wêruh manèh marang kabèh mau, luwih manèh olèh-olèhane anggonira padha papariman iya wus kacèk tinimbang kang uwis-uwis. Yèn kowe anyondhongi kulup, apa ora luwih prayogi yèn padha ngalih marang Pancala, awit ingsun apadene sira lan para arinira, iya padha durung tamat marang jajahan Pancala, hèh prajurit linuwih, pangiraningsun, sakukuban iki bakal olèh kasênêngan ana ing Pancala. Ujaring pawarta, ing praja Pancala pakolèh tumrap wong kang nêdya papariman. Awit Prabu Yadnasena nata prajèng Pancala, iku rêmên manêmbah ing Hyang Brahma lan manèh ayak ora pakolih upama lêstari anjrak ana sapanggonan bae. Kulup, manawa pêthuk lan panêmunira bêcik padha tumuli mangkat marang Pancala bae.

Rikala Sang Yudhisthira mirêng pangandikanipun ingkang ikuibu makatên wau, lajêng nêmbah sarwi matur makatên: "Kanjêng ibu, wajibing anak kêdah angèstokakên dhawuhing tiyang sêpuh, langkung malih dhawuhipun kangjêng ibu wau, amung mamrih kula dalah para kadang sadaya sami manggih harja. Ewadene kula dèrèng sagêd namtokakên punapa para ari sami nyondhongi karsanipun kangjêng ibu ingkang makatên wau.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus pitung dasa, saking perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

--- 815 ---

BAB CLXXI.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sami sanalika wau Dèwi Kunthi ngandika dhatêng Sang Bima, Sang Arjuna tuwin sang kêmbar, prakawis badhe pindhahipun dhatêng ing Praja Pancala, sadaya sami mangayubagya, atur wangsulanipun makatên: "Nuwun inggih sandika dhawuh timbalanipun kanjêng ibu badhe sami kula èstokakên." ... Dhuh, Prabu Janamejaya, Dèwi Kunthi kalihan para putra pamit dhatêng brahmana ingkang darbe wisma, sarêng sampun dipun sayogyani lajêng sami bêbodholan, lumampah dhatêng prajanipun Prabu Drupada, ingkang kawontênanipun sakalangkung anyênêngakên.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Nalika para Pandhawa sami badhe pangkat, ingkang eyang Sang Maharsi Wiyasa rawuh, mila para Pandhawa lajêng sami mapagakên, sasampunipun ngaras pada saha atur pambage, lajêng lênggah amarikoluamarikêlu wontên ngarsanipun ingkang eyang. Sang Wiyasa sangêt rêna anguningani bêktinipun para wayah, mila lajêng ngandika, supados para Pandhawa nyakecakakên anggènipun sami lênggah, kalihan mèsêm. Sang maharsi ngandika malih makatên: "Mas putu apa sira padha isih lêstari nêtêpi kautaman, kaya kang kawursita ing layang sukci. Apa uga angaji-aji marang para brahmana, utawa lirwa anggone mas putu malês kabêcikan marang sapa bae kang padha gawe bêcik ing sira,

--- 816 ---

kaya pangudang ingsun." Sasampunipun ngandika makatên, sang maharsi lajêng mêdhar piwulang kautaman, sarta sarêng sampun mêdharakên pundi ingkang pêrlu dipun sumêrapi para Pandhawa, sang maharsi lajêng ngandika makatên: "Wruhanira mas putu, ana sawijining rêsi linuwih, dêdunung ing padhepokan kang asri, sang rêsi mau darbe suta wadon, dêdêge lêncir tutuke manis, netrane anjait, solahbawane angrêsêpake ati. Parawan endah putrine sang pandhita mau, nadyan bocah sukci, tur endah warnane, umur-umurane wus sapangantèn, kuranga ya mung sawatara, ewadene durung ana priya kang nglamar, kagawa saka kasluruning laku ing uripe kang wus kapungkur. Amarga saka sêruning prihatin, dene durung ana priya kang nglamar, putrining pandhita kang endah ing warna mau nuli anggêntur tapa, pangarêp-arêpe bisaa tumuli laki. Saka gêdhening tapabratane, ora kongsi suwe anggone tapa, wus olèh parmaning dewa, karawuhan Bathara Sangkara (Mahadewa), karana Bathara Sangkara karênan nguningani marang kasutapane parawan mau, mula nuli ngandika mangkene: "Dhuh, titah ulun kang satuhu sukci, sira sun wênangake darbe panjaluk marang jênêng ingsun, he wanita utama, karahayon dumununga ing sira. Wruhanamu ingsun Bathara Sangkara, arêp minangkani apa kang sira jaluk."

Putrine sang rêsi mau kagawa saka kapêngine bisaa kalakon apa kang dikarêpake, atur wangsulane marang dewaning adewa mau kongsi rambah-rambah, awit kasurung

--- 817 ---

ing jujure atine, ature mangkene: "Pukulun, mugi kula kalampahan karabi ing priya ingkang sarwa linangkung."

Sang Hyang Isana ya Bathara Mahadewa banjur mangsuli pangandika: "Hèh, kêkasih ingsun, sira bakal rinabi ing priya lima, kabèh padha rajaputra têdhak bharata."

Nalika sang putri kapangandikanan mangkono enggal matur: "Pukulun, mugi kaparênga paring pangaksama ing kula, kula botên kadugi ngladosi ing priya gangsal, mila nugraha paduka wau kawujudna priya satunggal kemawon."

Pangandikanipun Bathara Siwah: "Panêmbungira marang ingsun, surasane mangkene: Pukulun, mugi kula dipun paringana jodho. Ucapira mangkono mau kongsi rambah kaping lima, mula ing têmbe yèn sira manjanma marang ing marcapada manèh, sira bakal karabi ing priya lima."

Sang Wiyasa ngandika malih: "Dhuh, mas putu rajaputra têdhak bharata, wruhananmu, bocah wadon kang sulistyane satimbang lan para apsara ing Indrabawana iku wus manjanma dadi putrine PrakuPrabu Drupada, arane Dèwi Krêsna. Dhuh, mas putu, putra têdhaking Prabu Prisatha mau, kang kawêca bakal dadi garwane Pandhawa lima, mulane mas putu, bêcik nuli mangkata marang Pancala, sarta dêdununga ing kono, awit wus katon gêgawangan, yèn sawuse sira padha nambut silaning akrama, sira banjur padha antuka kamulyan gêdhe."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang maharsi eyangipun para Pandhawa, sasampunipun

--- 818 ---

ngandika makatên lajêng pamit kondur.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus pitung dasa satunggal, perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXII.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Sapêngkêripun Maharsi Wiyasa, para Pandhawa, bêbanthênging jagad punika, lajêng sami pamit dhatêng brahmana ingkang dipun pondhoki, sasampunipun puji-pinuji karaharjan, para Pandhawa lajêng sami pangkat dhatêng Pancala kalihan suka pirênaning panggalih. Ingkang ibu kaaturan lumampah wontên ngajêng, wigatos sagêda tumuntên dumugi ing Pancala. Lampahipun Pandhawa ngêncèng mangalèr, botên nate kèndêl dangu, siyang dalu lêstantun lumampah. Ing satunggaling dintên lampahipun para Pandhawa dumugi ing satunggaling panggenan sukci, ingkang wontên candhinipun kangge manêmbah ing Bathara Mahadewa, katitik saking dene mawi kacirenan wulan tumanggal. Adêgipun candhi wau wontên ing satêpining lèpèn Gangga. Dhatêngipun para Pandhawa ing ngriku sampun sêrap surya, Sang Dananjaya lumampah ing ngajêng piyambak kalihan ambêkta obor, wigatos kangge majari margi tuwin manawi wontên sato galak supados sumingkir. Rikala punika ing lèpèn Gangga sacêlaking candhi wau, kapinujon wontên Raja Gandarwa cangkrama lan para pramèswarinipun,

--- 819 ---

gandarwa wau ambêgipun adigung. Kawuningan, dupi sang gandarwa raja miyarsa sabawaning janma lumampah anyêlaki papan anggènipun cangkrama, lajêng mêngku duka, langkung malih dupi priksa bilih ingkang sami lumampah wau katingal sami tanpa ringa-ringa, gandarwa raja kadi sinêbit talinganipun, mila sigra ngasta langkapipun, katingal sangêt anggêgirisi, ingkang lajêng kaputêr wontên ing asta kiwa kalayan anguwuh makatên: "Hèh, wong mamak buddhi, apa ora wus padha diwêruhi, manawa ing wanci sandyakala§ Sandyakala punika 40 sêkondhe sadèrèngipun dalu (wanci sêrap). iku wanci kang kaminakake kanggo para titah linuwih kang bisa tumêka ing ngêndi kang kinarêpake, yaiku para yaksa, raksasa, gandarwa lan sapanunggalane, dene wanci liyane kêna dianggo sadhengah wong kang arêp nyampêti kabutuhane, mulane yèn ing wanci sandyakala ana wong nêdya ngupaya apa bae sarana manggon ing sacêdhake titah kang dak tuturake mau, pasthi yèn kêna sambekala, wujud êntèk sandhang pangane, mula para kang putus marang wêdha ora nayogyani yèn ing wanci sandyakala ana wong nyêdhaki panggonan banyu, kaya ta: sêndhang, kali lan sapanunggalane, sanadyan ratu kang lagi nindhihi wadyabalane iya ora prayoga. He, manusa, enggal sumingkira dikongsi adoh, aja cêdhêk-cêdhak lan aku, apa kowe ora sumurup, yèn aku lagi cangkrama ana ing Bhagirati kene. Wruhananmu, aku Mahaprabu Anggaraparna, raja gandarwa kang kasusra sêkti mandraguna, sarta ladak ambêge, aku mitra sinarawèdi lan Bathara Kwera. Kawruhana alas ing satêpining Gangga iki palinggaranku, mula diarani alas AngAnggaraparna, [Ang...]

--- 820 ---

[...Anggaraparna,]Anggaraparna dadi nunggal aran lan aku, awit iku darbèkku, nadyan Dewa Kinara. Gandarwa, yaksa, lan liya-liyane, ora ana wani lumêbu ing alas sarta ing kene. Kapriye têka kowe banyuyukan wani nyêdhaki marang aku, mangka aku iki sêsotya panunggalane kang rumangga ing makuthane Bathara Kuwera."

Nalika Sang Arjuna midhangêt panguwuhipun gandarwa raja makatên wau lajêng mangsuli pangandika: "Hèh, gandarwa cubluk, nadyan raina apa wêngi, sandyakala apa bangun, iku apa bedane, gèk sapa bisa magêri sagara, gunung Himalaya lan kali Gangga, ora ana pranatane kudu dina lan wanci apa, nadyan rina wêngi iya ora ana larangane, lan kawruhanana, aku dalah para kadang kabèh iki, apa kok kira wêdi nêrak pêpacuhmu. Hèh, titah ambêg angkara, kawruhana, kiraku wong kang ora wani prang, iku kang gêlêm manêmbah lan mituhu marang parentahmu. Sirahe kali Gangga iku ana puncaking Himalaya, kèhe ana pitu, kang banjur dadi narmanda pitu, kang pungkasane nuli ngumpul dadi siji, dene arane: 1. Gangga, 2. Yamuna, 3. Saraswati, 4. Wisatha, 5. Sarayu, 6. Gomati, 7. Gandhaki. Sing sapa ngombe ing banyune narmanda pitu mau, bakal kinalisake saka sarupaning dosa. Hèh, gandarwa, kali kang sukci mau, iline ngliwati kaswargan, ana ing kono ora kêna sinabrangan ing wong kang nandhang dosa, dene arane Wetarani. Wêruhku kabèh mau, saka pangandikane Maharsi Krêsna Dwipayana, karana kali sukci mau iline ngliwati

--- 821 ---

kaswargan, mula duwe pangwasa nyingkirake bêbaya, apa mulane kowe têka kumawani ngelikake anggonku arêp nyabrang ing kali sukci iki. Patrapmu mau ora turut lan kautaman. Mangkono kaanane ing kali Gangga, mula apa ora klèru yèn aku ora nyawuk banyune Bhagirati, kang têtela bisa dadi panêbusing dosa, dadi sapa bae kang nêdya ngalang-alangi karêpku mau, têmtu dak tandhingi."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi sang gandarwa raja Anggaraparna midhangêt wangsulanipun Sang Arjuna makatên wau, enggal mênthang lêngkapipun,langkapipun lajêng anglêpasi jêmparing dhatêng para Pandhawa. Wêdaling jêmparing ampuh-ampuh barubul, kadi wêdaling sulung wanci gagad raina. Kawuningana Sang Arjuna panêngah Pandhawa, enggal ngasta tamèng, dhumawahing jêmparing katadhahan ing tamèng, tuwin tinangkis ing obor. Salêbêting nangkis dhawahing jêmparing, Sang Arjuna lajêng manguwuh sora makatên: "He, gandarwa, solahbawamu iku tanpa guna, awit ora bisa gawe girise wong-wong kang padha wasis asikêp gêgaman iki. Panah kang kolêpasake marang aku lan para kadang, têmtu banjur luluh kaya unthuk. Aku ngira yèn pangwasaning gandarwa luwih tinimbang manusa, mula anggonku mapagake pêrangmu, karo gêgamane para dewa, dadi ora ana laku cidra. Wruhanamu, gêgaman ampuh kang nêdya dak lêpasake iki, pêparinge Hyang Wrêhaspati, gurune Hyang Indra, marang Rêsi Bharadwaja, Rêsi Bharadwaja kaparingake marang Rêsi Agniwesa,

--- 822 ---

saka Rêsi Agniwesa marang Rêsi Drona, lan saka Rêsi Drona marang aku."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: sarwi ngandika makatên wau, sang panêngah Pandhawa kalayan anglêpasakên jêmparing latu dhatêng sang gandarwa raja. Rikala rata titihanipun sang gandarwa raja kataman ing jêmparingipun Sang Arjuna, lajêng kabêsmi têmah dados awu, nadyan jêmparing wau botên angênani sang gandarwa raja, ewadene saking ampuhing jêmparing sang gandarwa mêksa dhawah saking rata ngantos kantaka, Sang Dananjaya enggal marêpêki sang gandarwa raja, ingkang ngagêm jamang sêkar, lajêng kacandhak rikmanipun kalarak dhatêng sacalakingsacêlaking para kadang. Dhuh, sinuwun, rikala gandarwi Kumbinasi, pramèswarinipun Sang Gandarwa Raja Anggaraparna, priksa bilih priyanipun kalarak-larak dhatêng Sang Arjuna, enggal marêpêki, manêmbah sarwi matur makatên dhatêng Sang Yudhisthira: "Dhuh, sang pinunjuling jurit, mugi angêgungna pangaksama, dhuh, kang ambêg utami, mugi wontêna lumunturing sih, angluwari priya kula. Kawuningana, kula pun Kumbinasi, pramèswarinipun gandarwa Raja Anggaraparna, wigatosipun kula sowan ing ngarsa paduka punika, nyuwun pangayoman paduka."

Rikala Sang Yudhisthira kang kinawasa, nguningani solahbawanipun pun Kumbinasi, sakalangkung wêlas, mila lajêng ngandika dhatêng ingkang rayi makatên: "Yayi panêngah, sapa ta kang kasoran yudane, sapa kang sasamêngko [sa...]

--- 823 ---

[...samêngko]samêngko wus sirna suwure, mangka dadi pangayomaning wong wadon, nanging wus ora darbe kaprawiran, iku wajib ingapura."

Sami sanalika wau Sang Arjuna ingkang lantip ing buddhi, lajêng ngandika dhatêng sang gandarwa raja makatên: "Hèh gandarwa, aja sumêlang atimu, kowe ora nêdya dak sirnakake, nanging tumuli nyingkira saka kene. Wruhanamu, kakang Yudhisthira, rajaputra dharah Kuru dhawuh, supaya aku ngapura ing kowe."

Sang gandarwa mangsuli atur: "Awit kula samangke kasoran mêngsah prang kalihan jêngandika, mila kula botên badhe ngangge sêsêbutan Anggaraparna malih (têgêsipun ingkang tumpakanipun sarwa murup), dhuh, sumitra, kula tansah ngêndêlakên kasêktèn, nanging samangke kalampahan kasor kalihan jêngandika, pundi pasaksènipun manawi kula nglêstantunakên mawi sêsêbutan Anggaraparna. Dhuh, Sang Arjuna, sayêktosipun bêkja ingatasipun kula, dene jêngandika lajêng kaparêng anglêpasakên dêdamêling dewa. Awit saking punika, manawi panuju ing karsa, jêngandika badhe kula wêjang aji panglemunan, ingkang amung dados kawruhipun para gandarwa. Dene tuwuhipun sêdya kula makatên wau, awit rata kula ingkang sakalangkung adi sarta sumorot amancawarni, samangke sampun lêbur dening dêdamêling dewa, ingkang jêngandika angge lumawan prang punika. Mila kula ngangge sêsêbutan Anggaraparna wau, labêt saking tatumpakan kula sumorot amancawarna, samangke kula inggih badhe santun pêparap, mirid kawontênaning [kawon...]

--- 824 ---

[...tênaning] rata tumpakan kula ingkang sampun kobar dening pangwasa jêngandika, inggih punika Cetrarata, dene aji panglemunan ingkang badhe kula aturakên ing jêngandika punika, nugraha saking anggèn kula martapa inguni, kula pisungsungakên minangka wêwangsulan anggèn jêngandika maringi gêsang ing kula. Awit tiyang ingkang sagêd ngawonakên mêngsahipun sarana kasêktèn, nanging botên lajêng dipun pêjahi, sêbab mêngsahipun wau nêdha supados dipun gêsangana, punika têtela kabêgjan agêng tumrap tiyang wau. Aji ingkang badhe kula pisungsungakên punika nama aji Caksuci. Aji wau ing nguni kawêjangakên saking Bathara Manu dhatêng Hyang Soma, Hyang Soma mêjangakên dhatêng Hyang Wiswawasu, Hyang Wiswawasu lajêng mêjangakên aji wau dhatêng ing kula, lêstantun dumugi sapriki punika. Sarèhning kula samangke sampun botên kasinungan kasêktèn, sampun saèstu aji wau badhe têlas pangwasanipun, manawi lêstantun dados darbèk kula, mila nêdya kula aturakên ing jêngandika kemawon. Kalawau kula sampun ngaturakên asli saha timbal-tumimbalipun dhatêng ingkang sami anggadhuh, dêdamêl ingkang wontên ing kula wau. Ing mangke kula badhe nyariyosakên pangwasanipun. Kawuningana, tiyang wênang darbe kajêng nadyan dipun pinangkani sarana lêkas ingkang kados punapa kemawon, manawi wontên tiyang kapengin kasinungan aji kados ingkang kula aturakên wau kêdah anglampahi tapa ngadêg, nanging namung suku satunggal, suku ingkang satunggal kagantung, dangunipun nêm

--- 825 ---

wulan, ananging aji wau badhe kula aturakên ing jêngandika kalihan botên mawi sêsanggêman punapa-punapa.

"Kawuningana radèn, wontênipun gandarwa langkung sêkti tinimbang lumrahing manusa, priksa dhatêng wêwadosipun nampèni aji ingkang botên mawi sêsanggêman, punapadene gandarwa darbe pangwasa kadi pangwasaning dewa, awit sarana indriyanipun kang alus, sagêd nyumêrêpi samukawis, ingkang manawi sarana indriya kang wadhag botên sagêd kasumêrêpan, dhuh, radèn, kula badhe misungsung ing jêngandika dalah para kadang sadaya, warni kapal, sadhèrèk satunggal kapal satus, tur wêdalan saking kahyanganipun para gandarwa, ulêsipun kapal ingkang saking riku wau, botên bèntên kalihan kapal wêdalan saking kaswargan, lampahipun sakalangkung rikat, ngantos kadi kêclaping cipta. Kapal wau amung kaminakake dados têtumpakanipun para dewa tuwin para gandarwa, limrah badanipun kapal wau kêra-kêra, nanging lampahipun botên gadhah sayah, dados botên nate kêndho. Dhuh, têtungguling para prawira, kawuningana kalampahanipun. Dewaning adewa, ngawontênakên balêdhèg, punika nyamêktani dêdamêlipun ratuning dewa, rikala badhe nyirnakakên Asura Writa dalah kuda pangiriding ratanipun pisan, wasana kalampahan sirna. Amung kemawon nalika blêdhèg wau tumanduk ing sirahipun Asura Writa lajêng pêcah dados sèwu, dene rêmukanipun balêdhèg wau sabên-sabên ngatingal cumlorot wontên ing jagad têtiga punika, utawi wontên ing tanganing brahmana, ingkang sawêg angêsokakên samukawis sêsaji kang cuwèr,

--- 826 ---

dhatêng latu sukci, utawi manjing ing ratanipun para ksatriya manawi prang, wontên ing griyanipun waisya, tuwin wontên ing pakaryanipun sudra, nalika ngladosi tigang golongan wau. Dene turangga punika kalêbêt golongan rataning ksatriya nalikanipun prang, punika têtela botên gampil sirnanipun. Kajawi punika kapal ingkang dados peranganing ratanipun ksatriya punika turunipun wadawa. Kawuningana radèn, kapal wêdalan ing kahyanganipun gandarwa, punika sagêd dumugi ing pundi ingkang sinêdya, miturut sakajêngipun ingkang numpak. Kapal pisungsung kula wau saèstu badhe tansah adamêl rênaning panggalih jêngandika."

Dupi makatên lêkasipun sang gandarwa raja, Sang Arjuna lajêng mangsuli pangandika kalayan têmbung krama: "Dhuh, sang gandarwa raja, manawi anggèn jêngandika suka kapal wau, awit saking minangka wêwangsulan anggèn jêngandika kula luwari saking bêbaya agêng punika, kula botên kadugi nampèni, awit pitulungan punika darmaning ksatriya."

Wangsulanipun gandarwa raja: "Tiyang pêpanggihan kalihan para utami punika têtela bêgja, awit nadyan botên sapintêna, têmtu angsal kasênêngan, langkung malih tumrap kawontênan kula samangke punika, ingkang lêrêsipun katêlasan, têmahan angsal pangapuntên, mila saking bingah-bingahing manah kula, ngantos kula atur pisungsung kasêktèn dhatêng ing jêngandika radèn. Dhuh, Wibhatsu, bêbanthènging dharah Bharata, murih botên potang-pinotangan [potang-pino...]

--- 827 ---

[...tangan] mugi kula dipun paringana dêdamêl latu ingkang gumadhuh ing jêngandika, ingkang linangkung saha langgêng kawontênanipun."

Sang Arjuna mangsuli pangandika: "Dhuh, gandarwa, kapal paring jêngandika kula tampèni, dene ingkang minangka lintu dêdamêl kula latu, sarta kula sagêda dados mitra jêngandika sinarawèdi ing salami-laminipun. Dhuh, sumitra, mila kula jêngandika sumêrêpakên punapa wêwadosipun têka manusa ajrih dhatêng gandarwa, makatên ugi kula jêngandika prasajani wêwadosipun, dene jêngandika pêpèngêt ing kula, sampun ngantos kakesahan ing wanci sandyakala salajêngipun, mangka kula dalah para kadang sadaya punika sami pamunah satru, nêdya nêtêpi kautamèn tuwin marsudi dhatêng Wedha."

Wangsulanipun sang gandarwa raja: "Dhuh, Pandhuputra, nadyan jêngandika dalah para kadang sadaya punika lêbda dhatêng saliring pangawikan, nanging dèrèng nambut silaning akrama, dèrèng cêtha kalênggahan jêngandika ingkang têtêp, sarta asrama§ Ingkang kawastanan Asrama ing riku punika, darajading para tapa, ingkang pinêrang dados kawan tataran, dados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng. punapa ingkang jêngandika lampahi. Kajawi punika jêngandika sawêg lêlana adon ngêlangut, tur botên nganthi brahmana, ingkang dados juru têdah margi, tuwin lêrês lêpating lampah, punika witipun, mila kula lajêng pêpèngêt ing jêngandika. Dhuh, Pandhawa, Pisaca, Urana, tuwin danawa, punika sami kasinungan kalimpadan tuwin kawicaksanan, pramila botên kasamaran dhatêng babading bangsa Kuru. Dhuh, sang linangkung, kula ugi sampun priksa dhatêng kautamènipun [kau...]

--- 828 ---

[...tamènipun] para lêluhur jêngandika, ingkang sami sinung kawicaksanan, dene sumêrêp kula wau saking cariyosipun Maharsi Naradha tuwin para rêsi kaswargan sanès-sanèsipun. Punapadene kula ugi sampun nyumêrapi piyambak kaprawiranipun para dharah Kuru, inggih punika nalika kula lêlana ngubêngi bawana. Kula sampun têpang sae kalihan Rêsi Drona, ingkang misuwur ing satribawana, gurunipun para rajaputra dharah Kuru. Kula sampun têpang kalihan Bathara Darma, Bathara Bayu, Bathara Sakra, Bathara Aswin sakêmbaran, punapadene dhatêng ingkang rama Prabu Pandhu, inggih sadaya wau ingkang nyambêt dharah Kuru, para jawata tuwin sujana linangkung ingkang kula aturakên wau, punika ingkang ngawontênakên jêngandika dalah para kadang sadaya. Kula botên kakilapan, bilih jêngandika dalah para kadang sadaya sami limpat ing buddhi, têtungguling para prajurit, sudira saha sêngsêm dhatêng tapa brata. Sanadyan kula priksa manawi jêngandika sarwa linangkung, ambêg utama, tuwin têmtu botên anguciwani, ewadene kula mêksa kumawani ngalang-alangi lampah jêngandika, awit ingatasing priya ingkang têtela wasis sikêp saliring dêdamêl, botên pantês manawi wontên ing sangajênging semahipun, purun anyabari dhatêng tiyang ingkang nyênyamah ing piyambakipun, langkung malih tumraping kula, ingkang manawi dalu kasêktènipun langkung tinimbang ing wanci siyang, mangka rumaos kacamah, pinuju semah kula priksa, mila nadyan kula priksa manawi badhe kasor prang kula mêngsah [mêng...]

--- 829 ---

[...sah] jêngandika, mêksa kula têmah. Suwawi jêngandika gatosakên cariyos kula, dene kula kasoran kalihan jêngandika.

Kawuningana radèn, wêkdal punika jêngandika sami nglampahi sêsanggêman brahmacarya, mangka lampah makatên wau lampah ingkang luhur piyambak. Dhuh, pangrurahing satru, manawi ksatriya ingkang sampun nambut silaning akrama, prang mêngsah kula ing wanci dalu, saèstu botên sagêd oncat manawi taksih gêsang, nadyan sampun nambut silaning akrama, manawi sampun sinukcèn ing brahmana, sarta dipun rêksa ing brahmana pamongipun, punika tamtu sagêd unggul mêngsah sakathahing titah ingkang sami ngambara ing wanci dalu, mila prayogi nganthi satunggaling brahmana limpat ing buddhi, sampun sagêd mangrèh pribadinipun, kagêm paranpara, supados kadumugèn punapa ingkang dados pangajaping batos.

Kawuningana radèn, brahmana putus dhatêng Wedha tuwin caranganing Wedha warni nênêm, sukci botên purun cidra, utami sarta sagêd mangrèh pêpenginanipun, punika ingkang pantês dados paranpara. Manawi ratu darbe paranpara brahmana, putus dhatêng kasusilan, paramèng sastra, sukci tuwin utami pambêganipun, tamtu tansah bêgja lêlampahanipun, sarta têmbe badhe sagêd angsal swarga. Narendra prayogi ngagêm paranpara ingkang putus dhatêng saliring kawruh, supados kadumugèn sakarsanipun, saha sadaya ingkang sampun dados kagunganipun lajêng botên sagêd ical malih. Murih rahayu lêlampahanipun, ratu kêdah

--- 830 ---

tansah têtarosan kalihan para brahmana paranparanipun, sarana lêkas makatên ratu badhe sagêd mangrèh jagad dalah samodranipun sadaya. Dhuh, putraning Tapati, manawi ratu botên nganthi brahmana, punika anggènipun ngasta pusaraning praja, pusakaning lêluhuripun punapa jajahanipun, tamtu botên tata raharja, dene ratu ingkang widada kaprabonipun punika manawi para brahmananipun sami agêng pangwasanipun.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus pitung dasa kalih, perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXIII.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Sang Arjuna pitakèn: "Jêngandika nguwuh dhatêng kula, Kulapatya (putranipun Kulapati), punika kadospundi karsa jêngandika. Kula kapengin priksa witipun, têka lajêng wontên sêsêbatan makatên. Dhuh, gandarwa raja kang luhur ing buddhi, kula putranipun ibu Dèwi Kunthi, dados têtela kula darbe sêsêbutan Kuntheya, dados botên Tapatya, awit saking punika adamêl tuwuhing raos kêpengin priksa sintên ingkang sinêbut Tapati, dene kula dalah para kadang, sami jêngandika sêbut Tapatya."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi wontên panêmbungipun Sang Dananjaya makatên wau, sang gandarwa raja lajêng andongèng lêlampahan ingkang sampun sumêbar ing satribawana."

--- 831 ---

Sang gandarwa raja wiwit cariyos: "Dhuh, têtungguling para sarjana, putranipun Dèwi Prita, kula badhe andongèng lêlampahan ingkang njênêngakên punika, suwawi dipun gatosna anggèn jêngandika midhangêtakên, anggèn kula ngaturakên kadospundi witipun, dene jêngandika lajêng kula sêbut Sang Tapatya."

Kawuningana radèn, ing kaswargan wontên dewa ingkang prabanipun sumorot amajari ing awang-awang, putrinipun dewa wau, prabanipun ugi kadi ingkang rama, sêsilih Dèwi Tapati. Sudarmanipun Dèwi Tapati jêjuluk Bathara Wiwawatya, kadangipun Bathari Sawitri, kaprênah ênèm. Dèwi Tapati wau sulistyaning warninipun misuwur satribawana, sarta sêngsêm dhatêng kasutapan. Wanita bangsa asura, yaksa, raksasa, gandarwa, sarta apsara, botên wontên ingkang sulistyaning warninipun satimbang lan Dèwi Tapati. Wêwijanganing sarira sakojur sarwa mantêsi, paningalipun sumorot agilar-gilar, tur karêngga ing busana adi. Dèwi Tapati botên kalepetan dosa, tur utami pambêganipun. Dhuh, ksatriya dharah Bharata, sabên Bathara Sawitri (srêngenge) punika priksa dhatêng sang dèwi lajêng anglocita, manawi ing satribawana punika botên wontên priya ingkang ing suwarninipun, utamining watakipun, saha limpating buddhinipun, pantês dados têtimbangipun Dèwi Tapati, mila sarêng sang dèwi wau sampun diwasa, saya amêmimbuhi rudahing panggalihipun ingkang rama, awit rinubeda dening raos bingung, sintên ingkang pantês mêngku putrinipun. Dhuh, Kunthiputra,

--- 832 ---

rikala samantên Prabu Samwarana, ingkang linangkung pangwasanipun, putranipun Prabu Riksa, katrimah panêmbahipun dhatêng Hyang Surya, dene panêmbahipun wau, mawi sarana sêsaji argya sêkar tuwin gandawida, sarta anêtêpi sêsanggêmanipun, inggih punika siyam, tuwin sanès-sanèsipun bangsaning cêcêgah, makatên punika panêmbah dhatêng Sang Hyang Surya ingkang patitis, mawi sinartan raos bêkti, nalangsa tuwin sukci. Dupi Bathara Surya priksa dhatêng kalangkunganipun Prabu Samwarana, saha priksa bilih sang prabu waspaos dhatêng lampahing kautamèn, punapadene sulistyaning warninipun tanpa timbang ing jagad, osiking panggalih, amung Prabu Samwarana, ingkang pantês mêngku putrinipun. Dhuh, têdhak Kuru, kêkêncênganing panggalih, putrinipun badhe kadhaupakên kalihan Sang Samwarana, pêpêthinganing narendra ing jaman samantên, saha têdhaking bangsa ingkang misuwur ing kautamènipun. Misuwuripun Prabu Samwarana satimbang lan misuwuripun Bathara Surya, bedanipun namung bathara surya dêdunung wontên ing swarga, misuwur, karantên prabanipun maradini ing awang-awang. Dene Prabu Samwarana dêdunung ing marcapada, kasusra ing pandamêlipun sarwa utami, mila asmanipun kapiyarsa ing nagari-nagari salumahing jagad. Dhuh, Sang Parta, para mêdhar gêlaring brahma, inggih punika para brahmana, sampun tamtu amundhi-mundhi bathara surya, karantên prabanipun tanpa timbang, makatên ugi sagunging manusa ing marcapada, kajawi para brahmana, saèstu sami manêmbah dhatêng Prabu Samwarana.

--- 833 ---