Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Image

Sêrat Mahabharata No. 6.

7 Juni 1957.

Sang prabu antuk nugrahaning dewa, agêng kabêgjanipun, manawi kasagêdanipun angasrêpi manahing mitra, langkung saking Bathara Soma, nanging bilih kasagêdanipun adamêl bêntèring manahipun satru, angungkuli Sang Hyang Surya. Mila Bathara Surya sampun kêncêng karsanipun badhe maringakên putrinipun, ingkang pêparab Dèwi Tapati wau dhatêng Prabu Samwarana, ingkang kautamènipun kados ingkang sampun kula aturakên wau.

Dhuh, Pritaputra, nuju satunggaling dintên Prabu Samwarana ingkang pêkik saha kaprawiranipun pinunjul ing jagad punika, babêdhak dhatêng ing wana, ingkang munggwèng èrèng-èrènging parêdèn. Sang Prabu nasak pagrumbulan, wigatos ngupados sangsam, kalayan wahana turangga, nanging awit saking sangêt kaluwèn saha kasatan, punapa malih sayahipun sangêt, titihanipun sang prabu wau lajêng pêjah. Sapêjahing titihanipun, sang prabu anglajêngakên bêbêdhag kalihan dharat kemawon, urut èrèng-èrènging parêdèn, kapisah kalihan wadyanipun. Tanpa nyana sang prabu wuninga wanita ingkang sulistya ing warna, sunaring netranipun sumorot kadi sêsotya. Prabu Samwarana, bêbanthènging jagad, pangrurahing satru, ngantos anjêngêr pamawasipun, panglocitaning panggalih: anèh têmên, têka wanita mangkene endahe tanpa kanthi ana ing alas. Botên kêdhèp-kêdhèp pamawasipun sang prabu, sakawit

--- 834 ---

sang prabu ngintên manawi Bathari Sri, dangu-dangu santun panyana, manawi putri dumados saking soroting surya, ingkang pinuja mantra, katitik saking sariranipun sang dèwi sumorot kadi latu, pajar saha wiyar pasuryanipun kadi wulan purnama. Nalika kèndêl lampahipun, sinawang saking katêbihan sang dèwi katingal kadi pratima kancana. Kamanisanipun sang dèwi tumanduk ing panggalihipun sang prabu, têmah sang prabu tuwuh raosipun nacat dhatêng sakathahing wanita ingkang sampun dipun wuningani, rumaosipun Prabu Samwarana, wiwit timur dumugi ing dintên kalênggahan punika dèrèng nate wuninga wanita ingkang makatên sulistyaning warninipun. Dados panggalih saha paningalipun sang prabu sampun kawasesa dening kamanisanipun sang dèwi. Sang prabu ngantos anjêngêr botên sagêd mingkêt saking dunung anggènipun jumênêng, awit sumrêpêt pêpanonipun, sarêng sampun èngêt sang prabu anglocita jroning wardaya: bokmanawa dewa kang ndumadèkake sakèhing dumadi, bisane nganakake wujud kang mangkono iku, saparipurnane anggone ndumadèkake alaming para dewa, para asura, lan alaming manusa saisèn-isène kabèh. Têtela yèn wanita iku endah-endahing jagad têtêlu. Saya warni-warni panduginipun Prabu Samwarana, malah kinintên manawi sang dèwi punika dumados saking klêmpaking adèn-adèn satribawana.

Narendra têdhaking dharah murni, dupi wuninga wanita wau, lajêng kapanjingan ing Bathara Kama, têmah panggalihipun kuwur, awit saking adrênging karsa, sang

--- 835 ---

prabu lajêng andangu dhatêng ingkang katingalipun sampun wanci pangantèn, nanging solahipun taksih kadi lare alit, pandangunipun sang prabu wau makatên: "Dhuh rara sapa aranira, lan sapa kang ayoga ing sira, apa mulane têka sira ijèn ana ing kene? Dhuh rara kang manis èsême, apa kang sira upaya, dene nusup-nusup ing alas tanpa kanthi, panyawang ingsun sira tanpa kuciwa, sira katon adi kaya sêsotya munggwèng ngêmbanan, sira ora pantês, yèn sun aranana putrining dewa, asura, yaksa, raksasa, naga, gandarwa utawa prawaning manusa. Adhuh wanita linuwih, sira endah dhewe, tinimbang sakèhing putri isining jagad têtêlu kang wus sun wêruhi. He, musthikaning kamanisan, barêng ingsun andulu prabaning paraupanira, kang nyumêrake rêmbulan purnama, sarta rinêngga ing netra kadi kêmbang tunjung, panggalih ingsun rêmpu, awit winasesa ing dewaning sih."

Pangandikanipun sang prabu makatên wau, sakêcap kemawon botên dipun wangsuli dhatêng pawèstri endah punika, malah lajêng katilar uncat, kadi silêming kilat ing dalêm mêndhung. Dupi sampun botên katingal, sang prabu lajêng angosak-asik wana wau, Prabu Samwarana sampun kumbul atmanipun, labêt gênging lara gandrung. Nadyan pangupayaning sang prabu wau, bêbasan godhong mangkurêp kalumahakên ingkang mlumah kinurêpakên, ewadene mêksa botên pinanggih kalayan putri dununging pangupayanipun, têmah sang prabu kèndêl anggènipun lumampah, jumênêng botên mobah-mosik, panggalihipun

--- 836 ---

liwung, wêkasan dhawah ing siti.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus pitung dasa tiga perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXIV.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: Samusnaning wanita endahing warna, pangrurahing satru Prabu Samwarana, ingkang sirna buddhinipun, awit winasesa dening Bathara Kama, lajêng dhawah ing siti. Sami sanalika wanita ingkang wêwêg ing payudaranipun saha gilig lambungipun wau, lajêng ngatingal malih. Kawuningana radèn, wanita linangkung, inggih Dèwi Tapati, sarwi mèsêm, aturipun dhatêng narendra dharah Kuru, ingkang kataman gandrung wau makatên: "Dhuh, pangrurahing satru sêkti, suwawi lajêng jumênênga, mugi paduka antuka nugrahaning dewa, dhuh, têtungguling para narendra, kang kaonang-onang ing bumi, punapa prayogi ingatasipun paduka manawi lajêng nglumpruk tanpa daya makatên punika."

Prabu Samwarana, dupi lamat-lamat mirêng swaranipun pawèstri, enggal ambuka paningalipun, ing nalika wau sang prabu priksa manawi sang dèwi ingkang gilig lambungipun wau katingal jumênêng ing ngarsanipun, lajêng mangsuli kalayan sêmu rikuh, pangandikanipun makatên: "Dhuh, wanita linuwih, kang nêtrane sumorot

--- 837 ---

kadi kartika, muga sira antuka nugrahaning dewa, walèh-walèh apa rara, nalika ingsun andulu sira, rasaning panggalih ingsun bangjurbanjur ora bisa jênjêm, awit kapandukan ing panahe Bathara Manmata. O, rara, muga sira anglunturake wêlas, gêlêm dadi têtimbangan ingsun. Manawa sira ora nglêksanani panjaluk ingsun iki, ayak ora suwe manèh dumadiningsun ana ing marcapada kene. Dhuh, mêmanising para manis, iya marga saka andulu sira, kang anjalari ingsun ora kêndhat-kêndhat kataman ing panahe Bathara Kama. Saya kêkês rasaning panggalih ingsun, dene anggung kataman lêlandhêping kamanisanira, kang ampuhe ngungkuli wisaning naga, dhuh, kang pindha wulan purnama, sarta kang aruming swarane kaya ocèhing manuk kênari, pati urip ingsun gumantung anèng wasesanira, yèn ora cêdhak lan sira ingsun ora kaduga ana ing marcapada, Bathara Yama dewaning antaka, wus anyêdhaki ingsun, mula aja lênggona, usadanana lênglênganing panggalih, dimèn aja kadalarung lara gandrung, ingsun dadèkna panakawanira, anglêngganana panggalih ingsun, hèh rara, kang sumorot cahyane, wiwit ingsun andulu sira sapisan, padha sanalika mau Bathara Kama banjur manuksma maring sun, karo ora kêndhat-kêndhat nandukake pangrancana. Ubaling gêni sih, kang murub angalad-alad anèng jroning ati nuli sirêpên dening banyu kaendahanira. Yèn sira miturut, sira iku wus gawe rênane Bathara Kama, dadi banjur mêndha anggone nggrêgodha maring sun. Dhuh, dhuh, kang amukang gangsir pupune, mara dhaup sacaraning gandarwa bae, awit miturut

--- 838 ---

unine layang sukci, yèn ingatasing ksatriya, kang luhur dhewe iku dhaup cara gandarwa."

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: Rikala Dèwi Tapati kaarih-arih, lajêng mangsuli makatên: "Dhuh, sinuwun, sajatosipun kula botên darbe wêwênang ingatasipun badan kula piyambak, wit tumraping jasat kula, purba wasesanipun wontên bapa, mila manawi panjênênganipun sang prabu nyata kaparêng ngangèkakên ing kula, mugi katêmbunga tiyang sêpuh kula. Dhuh, sinuwun, paduka ngandika manawi kataman ing gandrung, dupi nguningani kawujudan, walèh-walèh punapa sinuwun, kula ugi kadrawasan dening sulistyaning warna paduka. Dhuh, têtungguling para narendra, awit saking kêpambêng wêwênanging bapa, mila kula botên sagêd nglêksanani karsa paduka makatên punika. Saèstunipun sang prabu botên kakilapan, manawi pawèstri botên kenging nuruti saraosing manahipun piyambak, wanita isining jagad têtiga ingkang botên kawêngku ing priya, sintên ingkang botên kapengin dados sori paduka, awit paduka narendra asih ing kawula sarta têtela dharah kang murni. Awit saking punika manawi wontên wênganing panggalih paduka kemawon, mugi kêparênga nêmbung ing bapa kula sang aditya,§ Aditya punika sêsêbutanipun para dewa kalih wêlas ingkang sami mangwasani jagad têtiga punika, sadaya wau putranipun Dèwi Aditi, dene Dèwi Aditi punika putrinipun Sang Prajapati Daksa. dene panêmbung ingkang patitis dhatêng tiyang sêpuh kula, punika kêdah sarana panêmbah, tapa brata, tuwin nêtêpi sêsanggêman. Manawi bapa kula sampun anglilahakên kula ing panjênênganipun sinuwun, kula punagi, badhe dados garwa paduka ingkang tansah

--- 839 ---

bêkti ing kakung. Kawuningana sinuwun, kula pun Tapati sadhèrèkipun Bathara Sawitri, putrinipun Bathara Surya, dewa ingkang mawèh pêpadhanging jagad."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus pitung dasa sakawan, perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXV.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Gandarwa Cetrarata nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun mitungkas makatên, Sang Dèwi Tapati, ingkang tanpa kuciwa, lajêng sumêbut ngayuh gêgana sarta silêm ing awang-awang, dene Prabu Samwarana kantun anggana, pêtêng panggalihipun, lajêng dhawah ing siti malih. Para wadyabala dalah para nayakanipun sang prabu, sami ngosak-asik sakathahing rêrungkudan, malêbêt ing garumbul, wigatos ngupaya ratunipun, wusana pinanggih sang prabu taksih kantaka, gilang-gilang wontên ing siti.

Rikala sang anindya mantri priksa ratunipun ingkang cahyanipun sumunar kadi Bathara Surya punika sampun tanpa karêkat gumuling wontên ing siti, katingal kadi wangkawa sumèlèh ing kisma, kados punapa kagèting panggalih, enggal dipun parêpêki, sarta lajêng kabopong, kadi bapa ambopong anakipun ingkang mêntas dhawah. Sang rêkyana patih ingkang sampun kaparèng yuswa, wicaksana tuwin botên kewran dhatêng èwêt-pakèwêding praja, sarta sudira ing ranangga wau lajêng ayêm panggalihipun, dupi priksa

--- 840 ---

manawi sang prabu amung kantaka kemawon, saha lajêng matur mangarih-arih ing panjênênganipun sang prabu kalayan bisik-bisik, aturipun makatên: "Mugi dewa paring nugraha ing panjênênganipun sinuwun, dhuh, pêpundhèn kula, papêthinganing para narendra, mugi sampun sumêlang ing galih, punapa pantês manawi ratu ingkang sabên-sabên sagêd angrisak gêlaring mêngsah kados panjênênganipun sinuwun punika, ngantos kantaka, tamtu amung saking katoran toya miwah dhahar, saha sangêting sayah, mila mugi mustaka paduka kaparêng katètèsan ing toya asrêp, ingkang cinampur ing ganda wida kawadhahan ron tunjung. Sasampuning matur makatên sang nayaka waktra enggal anètèsi toya makatên wau, ing mustakanipun sang prabu, wasana sang prabu waluya jatining nguni. Sawêg lênggah kemawon sang prabu lajêng dhawuh supados para nayaka sami sumingkir, awit badhe imbal wacana kalihan rêkyana patih. Dupi para nayaka sampun botên katingalan sang prabu ndhawuhakên karsanipun dhatêng rakyana patih, mila sang anindya mantri lajêng anilar sang prabu, mantuk dhatêng kitha. Sang Prabu sêsukci, sasampunipun paripurna sang prabu lênggah ing sela agêng, ingkang dumunung ing pèrènganing ardi wau, asta kalih pisan kakuncupakên lajêng katèmplèkakên ing pranaja, pasuryanipun tumênga manginggil, manêmbah ing Bathara Surya, salêbêting batos sang prabu ngèsthi Bagawan Wasistha, paranpara ing kaprabonipun. Karsanipun sang prabu botên badhe kundur angêdhaton, awit manungku

--- 841 ---

puja wontên ing riku, ing siyang pantara dalu botên badhe kèndêl. Dupi anggènipun sang prabu manungku puja sampun angsal kalih wêlas dintên, sang brahmana pinandhita Rêsi Wasistha prapta wontên ing ngarsanipun sang prabu. Sang rêsi ingkang sampun mangrèh ciptanipun wau botên kasamaran, manawi sang prabu gandrung dhatêng Dèwi Tapati, ing mangka sang prabu botên nate lirwa dhatêng sêsanggêman, mila sang mauni lajêng matur manawi nêdya ambiyantu karsanipun sang prabu, ingkang wêkdal punika taksih tumênga manginggil mawas dewaning srêngenge. Sami sanalika wau Rêsi Wasistha enggal manggihi dewa, ingkang amêngku sorot sèwu, kalayan angaji-aji. Sasampunipun lênggah sang rêsi lajêng mratelakakên asmanipun, makatên: "Pukulun kula pun Wasistha." Bathara Wiwaswat, ingkang linangkung pangwasanipun, lajêng mangsuli pangandika: "Inggih maharsi, sami raharja rawuh jêngandika wontên kahyangan kula. Wontên karsanipun sang maharsi punapa rawuh ing riki, suwawi tumuntên dipun pangandikakna, dhuh, sang sinung nugraha, jêngandika mundhut punapa, mugi lajêng dipun pangandikakna, dados kula lajêng sagêd nglêksanani, nadyan ingkang botên gampil anggèn kula minangkani."

Rikala sang rêsi ingkang agêng nugrahanipun, awit saking tapabratanipun, mirêng pangandikanipun Bathara Surya makatên, lajêng mèsêm sarwi ngandika: "Dhuh, Hyang Wibawasu, manawi panuju ing karsa, putri jêngandika Dèwi Tapati, arinipun Bathara Sawitri, kêparênga kula

--- 842 ---

tampèni, wigatos badhe kula dhaupakên kalihan Prabu Samwarana, panjênênganipun sang prabu punika sakalangkung sudira ing prang, ambêg utami, tuwin luhur. Dhuh, dewa kang rumêksa ing awang-awang, putri jêngandika badhe kadadosakên pramèswarinipun ingkang tansah kapundhi-pundhi. Enggaling cariyos Sang Hyang Wibawasu kêparêng, lajêng mangsuli pangandika: "Dhuh, sang mauni, kula priksa manawi Prabu Samwarana punika musthikaning ratu, dene jêngandika musthikaning rêsi, makatên ugi pun Tapati, têtela pêpêthinganing èstri, mila kula lajêng botên gadhah pamanah sanèsipun, kajawi kalayan suka bingahing manah anglilahakên anak kula dhatêng Prabu Samwarana."

Sasampunipun ngandika makatên, Bathara Tapana (surya), lajêng masrahakên putrinipun dhatêng rêsi linangkung Sang Wasistha, manjinga dados ganjaran panêmbahipun Prabu Samwarana, Dèwi Tapati katampèn dhatêng Rêsi Wasistha, sang rêsi lajêng mêdal pasilan, gêgancangan wangsul dhatêng ing dunung anggènipun Prabu Samwarana manêmbah dewaning srêngenge. Prabu Samwarana, ingkang kautamènipun satimbang lan para dewa, ingkang nalika punika, nuju kasusupan ing Sang Hyang Kama, kados punapa sukaning panggalihipun, dupi priksa gurunipun rawuh kalayan ngirit Dèwi Tapati. Tumurunipun saking gêgana, sang dèwi cumlorot kadi kilat mêdal saking mêndhung, kados rawuhipun Rêsi Wasistha ingkang rahayu buddhi, kalihan ngirid Dèwi Tapati, saha lajêng kapasrahakên Prabu Samwarana punika dupi sang prabu

--- 843 ---

anggènipun nêtêpi sêsanggêman angsal kalih wêlas dintên. Makatên wau lêlampahan pikramanipun Prabu Samwarana kalihan Dèwi Tapati, dipun saranani tapabrata, manêmbah ing Bathara Wiwaswan, lajêng kasêmbuh ing pangwasanipun Maharsi Wasistha. Dados dhaupipun sang prabu kalihan sang dèwi wau wontên iringing parêdèn, mawi lampah kadi pikramanipun dewa tuwin gandarwa. Awit sang prabu sampun angsal palilahipun Sang Rêsi Wasistha, nêdya sih-sinihan kalihan pramèswari Dèwi Tapati, botên ing karaton kemawon, nanging tansah pindhah panggenan pundi ingkang dados panujuning panggalih, dados wêdaling dhêdhawuhan tumrap pakaryan nagari, kalamangsa saking kadhaton, saking wana, tuwin saking ing taman-taman. Namung Bagawan Wasistha botên ngantos dangu anggènipun njangkung salampahipun sang prabu, awit lajêng pamit wangsul dhatêng padhepokanipun. Dene Prabu Samwarana tansah mangun sukaning panggalih kalihan pramèswarinipun, wontên puncak ing ardi, ingkang anêngsêmakên, kadi lêkasipun para dewa. Anggènipun sang prabu kalimput ing sihipun dhatêng sang pramèswari, tansah lêlangên dhatêng ing wana-wana, parêdèn, tlaga, miwah ing taman-taman punika dangunipun ngantos kalih wêlas taun. Awit saking makatên, mila inggih samantên dangunipun dewa, kang netra sasra [Hyang Indra], anggènipun botên andhawahakên jawah dhatêng praja sarta jajahanipun Prabu Samwarana. Dhuh, têdhak Bharata, kêtiga agêng wau, sawêg wiwit tumapak kemawon, sampun pintên-pintên tiyang,

--- 844 ---

sato alit-alit, tuwin kêkajêngan ingkang pêjah. Saya dangu bêntèring hawa saya anggêgirisi, wanci dalu punapa bangun, ngantos botên wontên bun satètès ingkang dhumawah. Mila botên wontên thêthukulan ingkang gêsang, têmahan tiyang isining nagari riku sami giris dening gênging pacêklik, mila bilulungan pados pangungsèn dhatêng liyan nagari, nilar anak bojonipun. Sampun saèstu gêsangipun inggih risak, dene tiyang ingkang botên ngungsi sami kêluwèn, botên sagêd angsal têdha ingkang nyêkapi, mila badanipun sakalangkung kêra, ngantos kulitipun kêlèt kalayan balung. Prajanipun Prabu Samwarana nalika samantên, sampun prasasat prajaning dhêdhêmit, isèn-isènipun botên sanès amung jrangkong. Kawuningana Rêsi Wasistha, kang wicaksana saha utami pambêganipun, têtungguling para rêsi wau, sarêng priksa bilih makatên kawontênanipun ing prajanipun sang prabu, sang linangkung lajêng nêdya paring pitulungan. Anggènipun amrih wangsuling gêmah ripahipun praja, dipun pinangkani saking sang prabu sakalihan pramèswari, ingkang sampun dangu anggènipun tilar pura punika, kaaturan tumuntên kondur ing kadhaton. Botên dangu kalihan konduripun sang prabu, prajanipun lajêng wangsul gêmah ripah kadi ing nguni-uni. Awit sawêg rawuh kemawon Sang Hyang Indra lajêng nurunakên jawah sakalangkung dêrês, mila sakathahing tanêm tuwuh inggih lajêng sami tuwuh malih. Prajanipun wangsul tata raharja, tiyangipun sami sênêng awit kaprabawan dening kautamèning sang prabu, langkung malih

--- 845 ---

Prabu Samwarana kalihan pramèswarinipun Dèwi Tapati, lajêng kêparêng damêl sêsaji, ingkang ngantos kalih wêlas taun kalowongakên, botên dipun wontênakên dening sang prabu, kadi Bathara Indra kalihan pramèswari Bathari Kaci, nalika damêl sêsaji.

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Pritaputra, makatên wau cariyos lêlampahanipun Dèwi Tapati, putrinipun Bathara Wiwaswat ing kina. Awit jêngandika punika têdhakipun ingkang ambêgipun mirip kalayan Prabu Samwarana, mila jêngandika lajêng kula sêbut: Tapatya (têdhakipun Tapati). Prabu Samwarana pikramanipun kalihan Dèwi Tapati, patutan satunggal priya pêparab: Sang Kuru, dene Sang Kuru punika dados satunggaling raja pinandhita, dhuh panêngah Pandhawa, awit jêngandika dharah Kuru, mila wênang sinêbut Sang Tapatya."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus pitung dasa gangsal, perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXVI.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Sang Arjuna, bêbanthènging darah Bharata, nalika mirêng cariyosipun sang gandarwa raja makatên wau, lajêng katêtangi raos bêktinipun dhatêng para lêluhur tuwin para pandhita, mila lajêng jumênêng botên mobah mosik, pasuryanipun [pasur...]

--- 846 ---

[...yanipun] ingkang sumorot kadi wulan purnama, tumênga ing langit, raosing panggalih kadi sumungkêm ing padanipun para lêluhur saha para pandhita. Prajurit rata sinakti, inggih Sang Arjuna, pêpêthinganing ksatriya dharah Bharata wau, kacaryan mirêngakên dongèng kasêktèn saha agênging pitulunganipun Maharsi Wasistha, mila ngantos kawiyos panêmbungipun dhatêng sang gandarwa raja makatên: "Dhuh, gandarwa raja, kula kêpengin sangêt mirêng cariyos lêlampahanipun sang maharsi, ingkang jêngandika sêbut: Sang Wasistha wau, dhuh, ratuning gandarwa, mugi wontêna lumunturing sih jêngandika, kêparênga nyariyosakên kawontênaning para rêsi linangkung, ingkang sami dados paranparanipun para lêluhur kula."

Wangsulanipun Sang Cetrarata makatên: "Sang Wasistha punika putranipun brahmana, ingkang dumados saking pangwasanipun puja, diwasanipun lajêng anggarwa Dèwi Arundati. Sanadyan para dewa inggih botên gampil manawi badhe mangrèh pêpenginan tuwin kanêpsonipun, ewadene Rêsi Wasistha, sarana kasutapan sagêd mangrèh kalih prakawis wau. Sanadyan Sang Rêsi Wasistha ing nguni nate dipun têtangi kanêpsonipun dening Prabu Wiswamitra, ewadene Rêsi linangkung wau botên karsa numpês bangsa Kusika, bangsa ingkang dipun ayomi dhatêng Prabu Wiswamitra, malah para putranipun Rêsi Wasistha punika sami dipun sirnakakên Sang Wiswamitra. Sanadyan makatên, ewadene Rêsi Wasistha botên kêparêng nandukakên pangwasanipun kangge nyirnakakên Sang Wiswamitra, [Wiswa...]

--- 847 ---

[...mitra,] malah rewa-rewa botên darbe kasêktèn, mangka sajatosipun Rêsi Wasistha botên kewran dhatêng agal alus. Amung saking anggènipun botên karsa ngrisak anggêr-anggêring Bathara Yama, dene Sang Rêsi Wasistha botên karsa ngêntas para putra ingkang kacêmplungakên ing Yomani. Ambêgipun sang rêsi cinandra kadi samodra, nadyan samodra punika panggenaning toya agêng, ingkang mangombak mawalikan, ewadene samodra botên nate ngêlèpi dharatan. Mila Prabu Iswaku, tuwin ratu sanès-sanèsipun, punika sagêd jumênêng nata binathara, liripun sagêd mangrèh sasamining ratu, punika awit saking sami puruhita dhatêng sang rêsi ingkang sampun sagêd nêlukakên pêpenginan wau. Dhuh, dharah Bharata, awit para nata binathara wau sami ngagêm paranpara maharsi linangkung wau, mila sami sagêd damêl sêsaji agêng-agêng. Inggih sang maharsi ingkang ambiyantu anggènipun para raja damêl sêsaji, kadi Hyang Wrêhaspati anggènipun ngayomi dhatêng para kang lêpat ing pêjah (dewa). Mila mugi ngupayaa pandhita ingkang mumpuni saliring pangawikan rumakêt sarawunganipun, putus dhatêng Wedha sarta utami pambêganipun, kadadosna paranpara Pandhawa. Dhuh, Arjuna, ksatriya dharahing awirya, ingkang nêdya ngêlar jajahan murih sagêd mangrèh jagad, ingkang rumiyin kêdah ngupaya brahmana linangkung. Sintêna ingkang nêdya mangrèh bawana, kêdah mituhu panuntuning brahmana. Dhuh, Dananjaya, mugi jêngandika antuk brahmana linangkung ing guna pangawikanipun, ingkang sampun sagêt

--- 848 ---

mangrèh indriyanipun, putus dhatêng agami, sinung nugraha, tansah sênêng manahipun. Brahmana makatên wau kapiliha kangge paranpara."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus pitung dasa nênêm, perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXVII.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sakèndêling pamrayoginipun sang gandarwa raja, Sang Arjuna lajêng pitakèn: "Dhuh, raja gandarwa, punapa darunanipun, têka Rêsi Wasistha, ngantos mêmêngsahan kalihan Sang Wiswamitra, mangka sakalihanipun wau sampun sami dêdunung ing padhepokan sukci, ingkang asrinipun prasasat kaswargan. Dhuh, gandarwa raja, mugi jêngandika kêparêng nyariyosakên sadaya wau."

Wangsulanipun sang gandarwa raja makatên: "Dhuh, panêngah Pandhawa, cariyos lêlampahanipun Rêsi Wasistha punika, satribawana nganggêp sukci kadi cariyos ingkang kawursita ing Purana. Suwawi dipun gatosna, kula badhe miwiti nyariyosakên lêlampahanipun sang linangkung wau ngantos salêsih."

Dhuh ksatriya têdhak Bharata, ing nguni wontên narendra jêjuluk Prabu Gadi, putranipun Prabu Kusika. Kawuningana, Prabu Gadi kang luhur ing buddhi wau, apêputra pêparab Wiswamitra. Putranipun

--- 849 ---

Prabu Gadi narendra pangrurah satru sêkti, kathahing wadyanipun tanpa petangan, rajakaya pitik iwèn, sarta ratanipun inggih langkung kathah tinimbang limrahing narendra, Sang Prabu Wiswamitra asring cangkrama ing panggenan ingkang kathah toyanipun, tuwin ingkang asri sêsawanganipun, punapadene rêmên bêbêdhag buron wana, mawi kadhèrèkakên para nayaka tuwin wadyabalanipun.

Ing satunggaling dintên nalika sang prabu nglacak sangsam ingkang mêntas kataman jêmparingipun, sang prabu kraos sakalangkung sayah saha katoran ing toya, mila lajêng mampir ing dhepokipun Bhagawan Wasistha, ingkang misuwur ing jagad, saha sampun antuk nugrahaning dewa. Kawuwusa sang bhagawan, dupi priksa manawi sang prabu rawuh, gupuh-gupuh mapagakên. Sang prabu lajêng ingancaran lênggah. Dhuh, têdhak Bharata, sang prabu lajêng kasunggata toya kagêm wijik sarta kagêm pasuryan. Sasampunipun lênggah lajêng kaaturan argya wowohan wêdaling wana ngriku, sarta martega sukci. Mila sang rêsi lajêng sagêd atur sêgah makatên, awit kagungan lêmbu ingkang sagêd ngawontênakên sadhengah karsanipun. Sabên sang rêsi dhawuh: "Enggal nuli anakna kang dak karêpake iki," sami sanalika lêmbu wau lajêng sagêd nglêksanani. Sampun ingkang wowohan, nadyan têgalan, pangonan, tuwin pasabinan ingkang kêbak tanêman, lêmbu wau sagêd ngawontênakên, kajawi punika ugi sagêd ngawontênakên puhan, dhêdhaharan adi saha migunani, tuwin pangunjukan wari nênêm kados pangunjukanipun para

--- 850 ---

dewa, malah ngawontênakên samukawis ingkang nyênêngakên kados ta: sêsotya nawarêtna sakalangkung kathah, tuwin pangagêman adi warni-warni. Mila Prabu Wiswamitra dalah wadyabalanipun dipun sunggata sakalangkung kathah. Kados punapa gawokipun sang prabu sarêng wuninga manawi wêwijanganipun lêmbu wau sakojur sae sadaya, kados ta: wanguning badan, pukang, dhadha, tepong tuwin sukunipun ngajêng, turut sami sae sadaya, wanguning mripat tuwin sorotipun angeram-eramakên, wanguning pênthilipun anèh, kupingipun kêncêng, anjapiping minggah, singat, sirah punuk gulunipun katingal sae tuwin santosa, têtela sasranduning badan botên wontên kuciwanipun.

"Dhuh, Arjuna, Prabu Wiswamitra, putranipun Prabu Gadi, rêna panggalihipun nguningani sunggatanipun sang rêsi, mila ngantos kawiyos pangalêmbananipun dhatêng pun nandhini, lêmbu èstri kagunganipun sang maharsi wau, malah lajêng karsa njawab dhatêng sang rêsi makatên "Dhuh, mahamauni, kula kadugi ngaturi nagari, kalihan lêmbu salêksa minangka lintunipun nandhini. Suwawi bhagawan, praja tuwin lêmbu samantên kathahipun wau lajêng dipun tampènana."

Atur wangsulanipun Rêsi Wasistha makatên: "Dhuh, narendra linangkung, kawuningana anggèn kula ngingah nandhini punika wigatosipun kangge mirantosi ing para dewa, para tamu, para pitri, tuwin kula piyambak sabên sêsaji, awit saking punika sinuwun, nadyan dipun paringana lintu nagari saisèn-isènipun, tuwin lêmbu samantên [saman...]

--- 851 ---

[...tên] kathahipun wau, kula botên sagêd ngaturakên pun nandhini."

Prabu Wiswamitra ngandika malih: "Dhuh, sang maharsi, jêngandika priksa kula punika ksatriya, dene jêngandika brahmana ingkang mungkul dhatêng tapabrata rahayu ing buddhi, sampun sagêd mangrèh pribadi, punapa jêngandika taksih anggêbêng kasêktèn, manawi sang rêsi botên karsa nampèni lêlintu wau sadaya, kula badhe nindakakên wasesaning kasatriyan, inggih punika lêmbu parêng botên parênga badhe kula rêbat sarana kaprawiran."

Wangsulanipun sang rêsi saya sarèh: "Dhuh, sinuwun, paduka ksatriya lêbda sikêp saliring dêdamêl, paduka satunggaling narendra ingkang kinawasa, dhuh, sinuwun, karsa paduka mugi dipun lêksananana, sampun ngantos kadangon, inggih punika anggèn paduka nindaki lêkas ingkang lêrês."

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Sang Parta, rikala Prabu Wiswamitra midhangêt wangsulanipun sang maharsi makatên wau, enggal ngrêbat pun nandhini, ingkang ulêsipun pêthak kadi banyak, nanging sumorot kadi rêmbulan. Nandhini dipun gèrèt sarwi dipun gêbagi, mila dipun pisakit karsanipun sang prabu murih rikata lampahipun. Dhuh, têdhak Bharata, pun nandhini ingkang botên dosa, lajêng anjêrit-jêrit, sakalangkung kawlasarsa, wasana anjola, uwal saking astanipun sang prabu lumajêng wangsul anyêlaki sang maharsi. Nandhini andhanganakên sirahipun, nadyan kados punapa anggènipun

--- 852 ---

sang prabu misakit, ewadene nandhini mogok botên purun kabêkta mêdal saking padhepokan.

Kawuwusa sang maharsi, priksa lêmbunipun dipun pisakit makatên wau lajêng ngandika: "Dhuh, nandhini kêkasihing dewa, marambah-rambah ênggonira ambêngok, kang nawung rasa sêsambat, sarta aku iya krungu lan ngrêti marang karêpmu mau, nanging nadyan Sang Prabu Wiswamitra kongsi kalakon bisa anggawa kowe, aku mêksa ora bisa mitulungi kowe, marga aku brahmana, dadi wajib ngêgungake pangapura."

Raja gandarwa nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, singaning dharah Bharata, sêmunipun nandhini giris ningali untaping wadyabalanipun, punapadene wirodanipun Sang Prabu Wiswamitra, mila lajêng andhêpêl sang rêsi kalayan matur makatên: "Dhuh, maharsi linangkung, kadospundi dene sang maharsi lajêng negakakên pun nandhini, ingkang sangêt kawlasarsa, awit dipun rangkèt dening wadyabalanipun Prabu Wiswamitra kang ambêg candhala, ngantos kula sambat-sambat kadi titah ingkang botên gadhah pangayoman."

Nadyan nandhini sêsambêt makatên, ewadene botên sagêd ngêndhakakên kasabaranipun sang rêsi, sarta botên pisan-pisan ngikêt prasêtyanipun, bilih badhe tansah angêgungakên apura. Mila lajêng mangsuli makatên: "Wruhanamu nandhini, ksatriya iku nunggal kawadhakane, nanging brahmana nunggal paramartane. O, nandhini, aku ora kaduga pisah lan apura, dadi ora bisa mitulungi ing kowe.

--- 853 ---

Kowe samêngko wênang darbe pamilih êndi kang arêp kok lakoni."

Atur wangsulanipun nandhini: "Dhuh, sang linangkung, manawi makatên kula dipun lilahna kemawon. Dhuh, brahmana, manawi sang brahmana pancèn botên lilah, têmtu Prabu Wiswamitra botên sagêd ngrêbat kula, nadyan pangrêbatipun sarana kasêktèning ksatriya linangkung."

Dhawuhipun sang rêsi makatên: "Dhuh, titah kang antuk nugrahaning dewa, ora pisan-pisan aku nglilahake kowe, yèn nyata kowe bisa, kowe aja lunga saka kene. Lah nandhini, mara dulunên, pêdhètmu ditalèni kongsi kêncêng, mula banjur lumpuh ora bisa mlaku."

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: "Dupi nandhini mirêng pangandikanipun sang rêsi: aja lunga, sami sanalika wau lajêng ndêngèngèk, wujudipun katingal anggêgirisi, têtela manawi sangêt nêpsu, mripatipun abrit angatirah, napas angêmpos-êmpos. Kawuningana radèn, wadyabalanipun Prabu Wiswamitra, lajêng angêbyuk sarêng, wontên saking ngajêng wingking tuwin kanan kering, pun nandhini tansah dipun sakiti ing camêthi miwah sambuk. Dupi nandhini kraos sakit dening dhawahing camêthi ingkang tanpa kêndhat ing badanipun wau, lajêng mancolot ngiwa nêngên botên kenging dipun cêpêng, tur saya katingal angajrih-ajrihi, ngantos botên wontên wadyanipun Sang Prabu Wiswamitra purun mandêng, candranipun kadi soroting srêngenge ing wanci têngange. Kalihan mancolot mangiwa manêngên wau, nandhini ngobat-ngabitakên

--- 854 ---

buntutipun, ingkang lajêng mêdal latu murub mangalad-alad, ingkang ugi lajêng katungka dhatêngipun wadyabala bangsa Palawa mêdal barubul saking buntutipun, saking pênthilipun mêdal wadyabala bangsa Driwida tuwin Saka, saking wêtêngipun mêdal wadyabala bangsa Yawana, talethongipun mêdal wadyabala bangsa Sawara, uyuhipun dados wadya bangsa Kanci, pukangipun mêdal wadyabala bangsa Sawana, ilêripun ingkang mêdal saking cangkêmipun, lajêng dados wadya bangsa Punde, bangsa Kirata tuwin bangsa Singgêla, saha golonganing wadya ingkang bêngis-bêngis pambêganipun, kados ta: bangsa Kasa, bangsa Ciwuka, bangsa Pulinda, bangsa Cin, bangsa Hun, sarta bangsa Karaya, punapadene wadyabala golonganing bangsa Mleca, tuwin sanès-sanèsipun malih, ngantos tanpa wicalan. Wadyabala samantên wau dêdamêlipun ugi wancawarni,mancawarni sadaya lajêng nêmpuh wadyabalanipun Prabu Wiswamitra. Saking kathahing prajurit ingkang mêdal saking perang-peranganing badanipun nandhini ngantos sabên prajuritipun Prabu Wiswamitra satunggal, punika tandhing kalayan wadyanipun nandhini gangsal utawi pitu, sadaya sami ngudani jêmparing. Saking kathahing jêmparing, ingkang ngêbyuki wadyabalanipun sang prabu, têmah lajêng risak gêlaripun, bilulungan botên kantên-kantênan, wasana lajêng giris manahipun, têmah lumajêng sar-saran.

"Dhuh, dharah Bharata, nadyan dipun tindhihi ratunipun piyambak ingkang têtela linangkung kaprawiranipun, ewadene satunggal kemawon botên wontên wadyabalaning

--- 855 ---

mêngsah ingkang pêjah, katingalipun wadyabalanipun sang prabu wau ugi sami angêtog kaprawiran saha liwung pangamukipun, awit pangangkahipun nandhini, wadyabalanipun sang prabu amung nêdya dipun sêsiwo supados lajêng sami mundur kemawon, mila ngantos pitu likur pal têbihing plajêngipun, ewadene wadyanipun Sang Wiswamitra taksih sami pating brêngok nêdha tulung, labêt rumaos taksih kadi dipun kinthil wadyanipun nandhini. Dupi sang prabu priksa eloking pangwasanipun brahmana makatên wau, sang prabu lajêng ngakêni kuciwaning kaprawiranipun ksatriya, pangudaraosing panggalih makatên: "O, dadi kasêktèning ksatriya iku ora sapira, yèn katandhing karo kasêktèning brahmana, dadi têrang yèn kang sajati iku kasêktèning brahmana, têtela manawa kaluwihan sajati iku kang tuwuh saka kasutapan." Sasampunipun ngandika makatên, Prabu Wiswamitra nilar praja ingkang sakalangkung agêng, sèlèh kaprabon, mungkur dhatêng saliring kasênêngan ing marcapada, èsthining pangalih nêdya anggêntur tapa. Sang Wiswamitra katrimah tapabratanipun, ngantos ngawontênakên gara-gara agêng, satribawana rumaos sami kabêntèrên dening sumuking prabawanipun, têmah para isining jagad têtiga sami wayang-wuyungan, enggalipun, Prabu Wiswamitra kalampahan sagêd anglênggahi darajad kabrahmanan. Narendra têdhak Kusika wau pawingkingipun wontênipun ing karang kadewatan kawênangakên ngunjuk soma sêsarêngan kalihan Bathara Indra.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus pitung

--- 856 ---

dasa pitu, perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXVIII.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Parta, ing nguni ing marcapada wontên narendra jêjuluk Prabu Kalmasapada, punika narendra têdhak ikwaku. Salumahing bantala sakurêbing akasa, botên wontên ingkang nimbangi kaprawairanipun. Nuju satunggaling dintên sang prabu miyos saking kitha, karsa cangkrama, bêbêdhak buron wana. Pintên-pintên kathahing waraha saha sangsam ingkang kapracondang dening jêmparingipun sang prabu, punapadene andaka, warak, miwah dirada ugi botên sakêdhik ingkang sampun kaprajaya. Saking kadangon anggènipun bêbêdhag, mila sanadyan sang prabu wau kulina marsudi kakiyataning sarira, ewadene mêksa rumaos lungkrah, mila kèndêl anggènipun bêbêdhag, karsanipun badhe lêrêm sawatawis.

Kawuningana radèn, Sang Wiswamitra ingkang linangkung wau, sampun dangu anggènipun kêpengin badhe nyiswakakên dhatêng Prabu Kalmasapada. Prabu Kalmasapada, rikala lumampah wontên ing wana badhe nglêrêmakên sarira punapadene kraos lungkrah saking katoran toya miwah dhahar, sang prabu kêpapag satunggaling mauni putranipun Rêsi Wasistha, ingkang misuwur ing jagad. Mauni wau pêparapipun Rêsi Saktri, inggih punika putranipun Sang

--- 857 ---

Rêsi Wasistha ingkang sêpuh piyambak, tinimbang putra satus panunggilanipun. Inggih Rêsi Saktri ingkang damêl widadaning dharah Wasistha. Dupi sampun cêlak kalihan sang mauni, sang prabu lajêng ngandika: "Sang tapa, mugi nisiha, sampun ngalang margi." Rikala sang rêsi mirêng panguwuhipun sang prabu kanthi têmbung manis, lajêng mangsuli kalihan mèsêm, makatên: "Sinuwun, panjênêngan ingkang kêdah nisih, awit anggêr-anggêring kasusilan wiwit kina-makina dumugi samangke, malah kapacak ing piwulang dharma tuwin agami, manawi ratu kapapag brahmana, ratu ingkang kêdah nisih rumiyin." Kalih-kalihipun wau lajêng sami rêgêjêgan rêbat lêrês, malah lajêng sami wêngis kêdaling pangandikanipun, gêntos ngatag: nyingkira, wangsulanipun: nyingkira. Anggènipun sang rêsi botên purun nisih, awit ngêncêngi ungêlipun tatanan. Sang prabu ugi botên purun nisih awit saking nawung bêndu, tuwin dhasar adigung, mila lajêng kados punapa dukanipun, dupi sang rêsi têtela botên purun nyimpang, têmah sang prabu lajêng tumindak kadi tandanging raksasa, sang rêsi lajêng sinabêt camêthi. Sami sanalika wau sang rêsi, putranipun Rêsi Wasistha, wudhar pangrèhipun, têmah katêtangi kanêpsonipun, lajêng ngêsotakên sang prabu, makatên wêdharing sotipun: "Hèh, asor-asoring ratu, marga kowe gêlêm milara pandhita, karo tumindak kaya raksasa, kang mangsa janma, wruhanamu, ratu lêlêthêking bumi, enggal sumingkira saka ing sacêdhakku, kowe bakal ngulandara marang êndi-êndi pêrlu ngupaya [ngu...]

--- 858 ---

[...paya] wong kang kok anggêp dadi mangsamu." Makatên wau sotipun sang tapa dhatêng Prabu Kalmasapada.

"Kawuningana, Pandhuputra, sami sanalika wau Sang Wiswamitra ingkang sampun nate pasulayan kalayan Rêsi Wasistha, jalaran saking panyiswanipun Prabu Kalmasapada rawuh ing papan anggènipun Sang Prabu Kalmasapada kalihan Rêsi Saktri sami rêbatan lêrês wau. Dhuh, panêngah Pandhawa, Sang Wiswamitra, ingkang têtêp dhatêng sêsanggêman, gêntur tapabratanipun, sarana kawaspadanipun priksa manawi Rêsi Saktri rêbatan lêrês kalayan Prabu Kalmasapada, mila lajêng rawuh sami sanalika. Prabu Kalmasapada wau sasampuning kaêsotakên, sawêg priksa manawi ingkang ngêsotakên wau putranipun Rêsi Wasistha, ingkang kasêktènipun sampun botên siwah kalihan ingkang rama. Dene Rêsi Wiswamitra darbe karsa badhe nyiswakakên sang prabu, jumênêng sacêlaking anggènipun rêgêjêgan, kalihan alêlimunan. Dupi dipun sotakên, sang prabu lajêng ngasih-asih nyuwun pangaksamanipun Rêsi Saktri. Dhuh, ksatriya dharah Kuru, Rêsi Wiswamitra priksa lêkasipun sang prabu makatên wau, lajêng dhawuh dhatêng satunggaling raksasa, sarana kasêktènipun, supados manuksma dhatêng panjênênganipun sang prabu, awit Rêsi Wiswamitra kuwatos manawi Rêsi Saktri purun ngapuntên dhatêng sang prabu, raksasa ingkang dipun dhawuhi supados manuksma dhatêng sang prabu wau nama Kintara. Awit saking pangwasa dayaning sotipun Rêsi Saktri, sarta dhawuhipun Sang Wiswamitra, pun Kintara lajêng manjing guwagarbanipun Prabu Kalmasapada. [Kalma...]

--- 859 ---

[...sapada.] Dhuh, pangrurahing satru sakti, Sang Wiswamitra, têtungguling para rêsi, dupi priksa sang prabu sampun kasusupan ing raksasa, enggal nêbih saking panggenan wau.

"Dhuh, Sang Parta, botên watawis dangu kalihan panjinging raksasa, awit saking wisesaning raksasa ingkang manuksma ing panjênênganipun, sang prabu sirna budinipun. Kala samantên lajêng katungka dhatêngipun satunggaling brahmana manggihi sang prabu, wigatos nyuwun sêkul kalayan ulam, awit brahmana wau pancèn kaluwèn. Prabu Kalmasapada, ratu ambêg utama, sêngsêm paring pangayoman dhatêng para mitra, lajêng mangsuli pangandika makatên: "Dhuh, brahmana, mugi kaparênga ngêntosi sakêdhap, kula badhe tumuntên wangsul kalihan mbêkta pamundhut jêngandika punika." Sasampunipun ngandika makatên sang prabu pangkat, dene sang brahmana kantun wontên ing riku. Ananging sarêng sampun pisah kalayan sang brahmana, sang prabu lajêng supe dhatêng kasagahanipun, amung lajêng balasakan urut wana nuruti sakrèjèting panggalih, wasana kundur têrus lumêbêt ing gêdhong pasareyanipun, wêkasan sare kêpati. Wanci têngah dalu sang prabu sawêg nglilir, tur lajêng èngêt kasagahanipun dhatêng Brahmana, mila enggal nimbali abdi madharan. Sasampunipun marak lajêng dipun dhawuhi, manawi panjênênganipun sagah dhatêng satunggaling brahmana, badhe misungsung dhêdhaharan. Brahmana wau lajêng ngêntosi wontên ing wana, dhawuhipun sang prabu makatên: "Hèh, bocah juru madharan, enggal mangkata marang, katêmua

--- 860 ---

lan sang brahmana kang ngêntèni pisungsung ingsun kang wujud sêga lan iwak, pisungsungna marang brahmana kang ingsun tuturake mau."

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: "Juru madharan enggal mêdal ing jawi nêdya nglêksanani timbalanipun, ananging nadyan kados punapa kemawon anggènipun ngupaya mêksa botên angsal damêl, awit wancinipun sampun lungse, malah kewan sadiyan badhe kapragat ugi nuju têlas, pun juru madharan, enggal wangsul ing ngarsa nata, matur manawi pangupayanipun botên angsal damêl. Sang prabu ingkang kapanjingan ing raksasa wau, rambah-rambah dhawuhipun makatên: "Wènèhana iwak uwong." Sakawit juru madharan botên matur punapa-punapa, nanging sarêng wanti-wanti dhawuhipun sang prabu, inggih lajêng matur." "Nuwun, inggih sandika sinuwun." Juru madharan pinanggih wadya rumêksa pawarangkan, enggalipun angsal daginging manusa, ingkang lajêng dipun ratêngi, sasampunipun matêng lajêng katata, wasana kabêkta dhatêng ing wana. Sadumugining wana dipun aturakên sang brahmana, ingkang kaluwèn wau. Ananging sarana kawaspadanipun sang brahmana priksa manawi dhêdhaharan saking sang prabu wau botên sukci, dados botên sayogi kadhahar ing brahmana. Sami sanalika wau sang brahmana sangêt bêndu, paningalipun marbabak, lajêng ngandika makatên: "Kang awit lêlêthêking jagad Prabu Kalmasapada, kaduga awèh pangan ora sukci, kongsi ora pantês dipangan uwong, mula si candhala iku pasthi yèn bakal

--- 861 ---

karêm mangan pangan kang mangkene. Kagawa si candhala iku karêm mangsa janma, kaya sote Rêsi Saktri ing nguni, mula iya banjur ngubêngi bawana, pêrlu ngupaya mangsan, malah ing sawiyah panggonan tansah gawe giris lan gègèring akèh." Dados sang prabu wau nandhang soting brahmana kalih, mila kuwawi sangêt dayaning sot wau, ngantos sirna kamanungsanipun sang prabu, awit kawasesa raksasa ingkang manuksma ing panjênênganipun.

Dhuh, ksatriya têdhak Bharata, botên watawis dangu pêpêthinganing narendra ingkang kapanjingan raksasa wau, pinanggih malih kalayan Rêsi Saktri, ing riku sang prabu lajêng ngandika makatên: "Sarèhning kalakone aku mangkene iki saka sotira, mula ingsun nêdya mangan sira, dadia wiwitane anggonku mangsa janma." Sasampunipun ngandika makatên, sang prabu lajêng mangsa Rêsi Saktri ngantos têlas, kadi sima mangsa pakarêmanipun. Dupi Rêsi Wiswamitra priksa manawi Rêsi Saktri dipun mangsa Prabu Kalmasapada, Sang Wiswamitra enggal angintun daya ingkang sagêd nênangi angkaraning raksasa ing nglêbêtipun sang prabu, murih sang prabu lajêng mangsa para putranipun Rêsi Wasistha sanès-sanèsipun. Rambah-rambah Rêsi Wiswamitra anggènipun andayani makatên dhatêng sang pindha raksasa, mila sang prabu ugi lajêng mangsa putranipun Sang Wasistha, ingkang nèm, cinandra kadi singa krura mangsa kewan alit-alit. Rêsi Wasistha nadyan priksa, bilih para putranipun sami sirna saking panangsayanipun Sang Wiswamitra, sang maharsi

--- 862 ---

lêstantun kuwawi nandhang panangsaya makatên wau, candranipun sang rêsi kadi ardi ingkang nyangga bawana. Rêsi Wasistha, pêpêthinganing para mauni, têtungguling para wicaksana, tansah nglêlimbang ing batos kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi, pinanggihipun, dipun pilaur nglilahakên sirnaning sarira pribadi, tinimbang nyirnakakên dharahing Prabu Kusika, mila sang rêsi ingkang kasumbaga wau lajêng badhe anganyut tuwuh, dipun pinangkani dhawah saking puncaking ardi Mèru, namung sarêng dhumawah ing jurang ingkang wontên selanipun itêm sakalangkung agêng, sela wau lajêng dados êmpuk kadi tumpukaning kapuk. Dhuh, Pandhuputra, dupi sang rêsi botên manggih antaka sarana lêkas makatên, sang rêsi enggal damêl latu agêng wontên ing wana, dupi sampun murup enggal dipun gêbyuri kalayan raos sakalangkung rêna, nadyan agênging latu wau prasasat latu panglêburing jagad, ewadene botên sagêd anggêsêngakên sariranipun sang rêsi. Latu wau katingal asrêp kemawon tumrap sariranipun sang rêsi. Sang Rêsi lajêng tindak dhatêng sagantên, sarêng sampun dumugi sapinggiring samodra, jangganipun kabandhulan ing sela agêng, kabêkta ambyur ing toyaning samodra, nanging toya piyak, dados sang rêsi botên kagêpok ing toya. Rêsi Wasistha ingkang têtêp ing sêsanggêman, dupi sampun tita manawi botên sagêd sirna dening sawarnining sarana, sang rêsi kundur dhatêng padhepokan kalayan sangêt karêrantan panggalihipun."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus pitung

--- 863 ---

dasa wolu, perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXIX.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Sang gandarwa nglajêngakên cariyosipun: "Rikala sang rêsi, ingkang karubeda ing prihatos wau dumugi ing padhepokan, ingkang sampun dados sêpi sami sanalika, awit para putranipun sampun sirna sadaya, sang rêsi enggal pangkat anilar padhepokanipun malih, lajêng andon ngêlangut. Salêbêtipun lêlana wau, ing satunggaling dintên sang mauni priksa lèpèn bêna agêng ngantos ngarutakên wiwitanwit-witan (dan di tempat lain) agêng-agêng ingkang wontên ing pinggiring lèpèn. Dhuh, dharah Kuru, dupi sang mauni priksa ilining toyanipun sakalangkung santêr, ing batos nglocita: yèn aku anggêbyur ing kali iki, têmtu banjur klêlêp. Sami sanalika wau sang rêsi kang kawlasarsa lajêng anggodhi sariranipun kalihan oyod ingkang sakalangkung ulêd, sarta lajêng anggêbyur ing lèpèn. Dupi wiwit kagêpok ing toya, sadaya tangsuling sarira sami rantas, sang rêsi kabuncang ing ombak, ngantos dhumawah ing siti ingkang botên kambah ing toya. Rantasing tali ingkang tumangsul ing sariranipun sang rêsi wau, labêt saking santêring ilinipun, mila lèpèn wau lajêng kanamakakên: Pisaca, wrêdinipun panatasing tali. Wiwit nalika samantên saking sangêting sungkawa, sang mauni botên karsa dêdunung ingkang têtêp ing salah satunggaling panggenan. Sang mauni

--- 864 ---

tansah lêlana urut parêdèn, lèpèn tuwin angrawuhi sakathahing talaga. Ing satunggiling dintên sang rêsi rawuh wontên ing narmada Himawati (pikajêngipun: pinangkanipun saking Himawat), lèpèn wau katingal sangêt anggêgirisi, awit kajawi toyanipun agêng sarta bantêr, isi buron toya agêng-agêng, kados ta: bajul tuwin sapanunggilanipun malih.

Sang rêsi anggêbyur, awit pangraosipun toyaning lèpèn wau katingal latu agêng, sami sanalika pêcah dados lèpèn alit satus. Wiwit nalika samantên lèpèn wau lajêng kawastanan: satadru (wrêdinipun: lèpèn ingkang ilinipun dados satus). Dupi sang rêsi sumèlèh ing siti rêsik botên kagêpok ing toya, lajêng ambêngok: "Saiki aku sumurup, yèn aku ora bisa mati sarana panggaweku dhewe." Kalihan ngandika makatên wau sang rêsi jumênêng nêdya pangkat kondur dhatêng padhepokanipun. Lampah konduripun sang maharsi, nglangkungi nagari, rêdi pintên-pintên. Nalika sang tapa wau sampun dumugi sacêlaking padhepokanipun, lajêng katut wingking putri mantunipun, ingkang sêsilih Dèwi Adrisiyanti. Rikala saya cêlak kalihan padhepokan, sang rêsi midhangêt swaraning tiyang angidungakên wedha, ingkang lagunipun lêrês tuwin sakalangkung sakeca kamirêngakên, sang rêsi lajêng nyapa, pangandikanipun makatên: "Sapa kang tut wuri iki." Atur wangsulanipun sang dèwi: "Kula pun Adrisiyanti, semahipun putra paduka Rêsi Saktri. Kawuningana maharsi, kula bêkti sangêt dhatêng tapa brata, ewadene kula priksa manawi botên sagêd mitulungi prihatos kula."

--- 865 ---