Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Image

Sêrat Mahabharata No. 7.

7 Juli 1957.

__________

Sakèndêling aturipun sang dèwi, sang rêsi andangu: "Kang ngidungake wedha dalah anggène pisan iki sapa, dene swara lan lagune padha karo swara lan lagune lakinira yèn pinuju ngidungake wedha?" Atur wangsulanipun sang dèwi makatên: "Walèh-walèh punapa maharsi, kula punika anggarbini patutan kalihan putra paduka Sang Saktri, ananging anggènipun wontên ing salêbêting kandhutan, sampun kalih wêlas taun, dèrèng lair. Swara ingkang ngidungakên wedha punika swaranipun mauni ingkang dumugi samangke taksih wontên ing kandhutan kula punika."

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: "Rikala Rêsi Wasistha midhangêt aturipun sang dèwi makatên wau, sakalangkung rêna panggalihipun, kalihan ngandika makatên: "O, yèn mangkono dadi wis ana kang andawakake turunku."

Dhuh Sang Parta, ingkang makatên wau anjalari, karsanipun sang rêsi badhe nganyut tuwuh, lajêng ical babar pisan, kalihan kaparêng momong putri mantunipun.

Anuju ing satunggiling dintên, sang rêsi wontên ing wana kapapak kalihan Prabu Kalmasapada. Sarêng narendra ingkang kasusupan ing raksasa wau pirsa dhatêng sang rêsi, sanalika kados dipun gigah kanêpsonipun, enggal-engal marêpêki sang rêsi. Kocapa Dèwi Andrisiyanti, nalika ngawuningani wontên raksasa krura dhatêng kalihan mandi gada, kados dewating pati nalika mandi gadanipun, lajêng matur

--- 866 ---

dhatêng Rêsi Wasistha makatên: "Dhuh sang mauni, têtungguling para lêbda dhatêng wedha, salumahing bawana sakurêbing akasa, wêkdal samangke punika, botên wontên titah ingkang sagêd ngalang-alangi pikajênganipun ingkang ambêg candhala punika, dhuh sang linangkung, mugi angayomana kula, pun candhala ing budi ingkang anggêgirisi punika dipun wangsulna, awit têtela manawi dhatêngipun raksasa punika nêdya mangsa kula, tuwin panjênênganipun sang rêsi." Sang bhagawan lajêng mangsuli pangandika makatên: "Dhuh, putriku, aja sumêlang atimu, apa mulane kowe wêdi raksasa, awit wruhanamu raksasa kang têka iki, iya kang bangêt gawe girise atimu, iku sajatine dudu raksasa, ananging narendra, jêjuluke Prabu Kalmasapada, kang mandraguna sura sêkti, kang wus misuwur ing jagad, panjênêngane mau ing samêngko dêdunung ing alam kene."

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: "Sang linangkung Rêsi Wasistha priksa manawi kang pangawak raksasa punika nyêlaki, mila lajêng andhêk sarana pangwasaning mantra ingkang kaucapakên dhatêng Sang Rêsi Humya. Kalayan ngucapakên mantra makatên wau sang rêsi nyawuk toya lajêng kakapyukakên dhatêng sang prabu. Sami sanalika sang prabu luwar saking sot. Ngantos kalih wêlas taun sang prabu kawasesa dening kasêktènipun Rêsi Saktri, putranipun Sang Bhagawan Wasistha, mirib kadi kawontênanipun hyang surya, manawi kauntal ing raksasa Rahu, ingkang lajêng angwontênakên grahana. Dupi sang prabu sampun dipun oncati raksasa ingkang

--- 867 ---

manuksma ing garbanipun, sumunar malih prabanipun, kadi surya anyoroti mega ing awang-awang ing wanci sêrap. Sang prabu waluya jati kadi nguni-uni, mila enggal mangraup padanipun sang maharsi, kalihan matur makatên: "Dhuh, maharsi linangkung, kawuningana, kula putranipun Prabu Sudasa, inggih siswa paduka. Dhuh, musthikaning para mauni, suwawi kadhawuhna kemawon kadospundi panujuning karsa, kula nêdya ngèstokakên."

Sang rêsi mangsuli pangandika manis makatên: "Dhuh, sinuwun, sêdya kula sampun kalêksanan, paduka mugi kaparênga kundur dhatêng praja jêngandika piyambak, lajêng ngastoa pusaraning kaprabon malih. Kula atur pèngêt, mugi jêngandika sampun nyawiyah brahmana."

Aturipun Prabu Kalmasapada makatên: "Ngèstokakên timbalanipun bhagawan, kula badhe tansah ngaji-aji para brahmana. Dhuh, brahmana linangkung, murih angsal pangaksama dosa kula dhatêng darah Ikswaku, mugi paduka paring nugraha ing kula, kalampahan kula darbe suta ingkang pêkik warninipun, lêbda dhatêng saliring kagunan miwah kawruh, tur utami pambêganipun, supados damêl widadaning darah Ikswaku."

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: "Dupi ratu prajurit, ingkang titis anjêmparing wau ngandika makatên, sang maharsi lajêng mangsuli pangandika: "Pamundhutipun sang prabu badhe kula lêksanani."

Dhuh, Pandhuputra, sawatawis dintên kalihan lêlampahan ingkang kula aturakên wau, Maharsi Wasistha, kairingakên

--- 868 ---

Prabu Kalmasapada, tindak dhatêng praja Ayodya, inggih punika prajanipun Prabu Kalmasapada. Tiyang saisining praja Ayodya sampun mirêng pawartos kunduripun sang prabu, mila lajêng sami dhatêng sanjawining kitha, kalayan sukaning manahipun, wigatos marak ratunipun, kadi para dewa nalika mapag kunduripun Sang Hyang Indra. Sampun dangu Prabu Kalmasapada anggènipun nilar prajanipun samangke kundur mawi ngirit Rêsi Wasistha, wigatos kajumênêngakên paranpara. Rikala tiyang Ayodya priksa ratunipun kalihan ngirid paranpara, rumaos kadi andulu plêthèking surya ing wanci enjing. Prabu Kalmasapada endahing warninipun tanpa timbang ing jagad, prabawanipun mancorong amajari nagari Ayodya, cinandra kadi wulan purnama ing mangsa labuh, prabawanipun ingkang sumunar ing awang-awang punika anêngsêmakên manah. Margi-margi salêbêting kitha sami dipun saponi tuwin dipun sirami, ing urut têpining margi pinanjêran ing rontèk abêbanjêngan, ingkang sabên-sabên kasinggêt ing daludak miwah umbul-umbul, amimbuhi asrining kitha Ayodya, têmah damêl rênaning panggalihipun sang prabu. Dhuh, rajaputra darah Kuru, rawuhipun sang prabu damêl bingah saha waluyaning manahipun tiyang sanagari, kawontênanipun kadi ing Amarawati, bilih karawuhan ing ratuning dewa. Prabu Kalmasapada wau ratu ambêg pinandhita, sarawuhipun ing kadhaton lajêng dhawuh dhatêng pramèswarinipun, supados sami mapagakên Sang Maharsi Wasistha. Sasampunipun sang rêsi nglairakên karsanipun sang prabu dhatêng sang pramèswari, tuwin

--- 869 ---

lampah anggènipun nglêksanani, sang linangkung wau lajêng nandukakên pangwasanipun dhatêng sang pramèswari, miturut ingkang kawursita ing sêrat sukci. Dupi sang pramèswari sampun têtela anggarbini, sang prabu lajêng ngaturakên panuwun dhatêng sang mauni, wasana sang maharsi pamit wangsul dhatêng padhepokan. Nanging anggènipun anggarbini pramèswari nata wau ngantos dangu dèrèng babar putra, mila sang dèwi lajêng ambêdhèl padharanipun piyambak, kalayan pêcahan sela. Nalika pambêdhèlipun wau, anggènipun nggarbini sampun kalih wêlas taun. Dupi babar wujut priya, sinung nama Asmuka, diwasanipun jumênêng raja pinandhita, ingkang lajêng nyithak praja ing Podanya.

Dumugi samantên wêkasanipun bab satus pitung dasa sanga perangan Cetrarata ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXX.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun malih: "Dhuh, Pandhuputra, Dèwi Adrisiyanti lêstantun wontên ing dhepokipun marasêpuh, botên watawis dangu saking kunduripun sang bhagawan sang dèwi babar mijil priya, dados inggih bayi punika ingkang damêl widadaning têdhak Saktri. Bêbayi wau diwasanipun mumpuni saliring kawruh, sampun botên siwah samêndhang kalihan kang rama. Dhuh, pêpêthinganing darah Bharata, risang pinunjul ing jagad

--- 870 ---

Rêsi Wasistha dupi ingkang wayah sampun miyos, lajêng damêl sêsaji ingkang dipun wastani sêsaji wiyosan, dene ingkang dados sadasaning sêsaji sang rêsi piyambak. Suwau Rêsi Wasistha sampun kêncêng karsanipun badhe nganyut tuwuh, nanging sarêng priksa manawi Rêsi Saktri putranipun ingkang pambajêng punika nilar putra ingkang taksih wontên kandhutaning ibu, sang rêsi lajêng nyandèkakên karsanipun badhe nglampus dhiri, mila sarêng ingkang wayah sampun kababarakên, lajêng kaparingan nama Rêsi Parasara, wrêdinipun anggêsangi ingkang sampun pêjah. Sarêng Rêsi Parasara wiwit èngêt botên pisan-pisan ngintên manawi Rêsi Wasistha punika ingkang enyang,eyang kakintên ingkang rama piyambak, mila pangrêngkuhipun inggih kadi dhatêng bapa. Dhuh, Pritaputra, nuju satunggaling dintên rêsi alit Sang Parasara kalihan ingkang ibu marêk ing ngarsanipun Sang Rêsi Wasistha. Ing riku Sang Parasara nguwuh bapa dhatêng ingkang eyang. Dupi mirêng panguwuhipun ingkang putra dhatêng ingkang eyang makatên wau, sang dèwi lajêng ngandika dhatêng ingkang putra kalayan marawayan wêdaling waspanipun, pangandikanipun makatên: "Kulup, iku dudu wong tuwamu, nanging eyangmu, yèn wong tuwamu wus sirna kamangsa ing raksasa ana ing alas. Wruhanamu Parasara, sang maharsi iku sudarmane wong tuwamu kang wicaksana iku."

Nalika Sang Parasara, pêpêthinganing rêsi, mirêng pangandikaning ibu makatên wau, sakalangkung karanta-ranta ing galih, nanging wasananipun lajêng katêtangi

--- 871 ---

wirodaning panggalih, sang rêsi nêdya numpês jagad, pundi ingkang katingal badhe kasirnakakên. Kawuwusa Sang Maharsi Wasistha, têtungguling para ingkang anggêlar kawontênaning brahma, waspaos dhatêng kasunyatan, putranipun Rêsi Witrawaruna, enggal mangarih-arih ingkang wayah, murih kasandèkna sêdyanipun badhe numpês jagad punika. Suwawi Pandhuputra, kamirêngna piwulangipun Rêsi Wasistha dhatêng ingkang wayah anggènipun badhe numpês sagunging tumitah.

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: Rêsi Wasistha andongèng makatên: "Ing nguni ana sawijining narendra jêjuluk Prabu Kartawirya. Panjênêngane mau pêpêthingane para narendra samarcapada, sarta siswane brahmana darah Rêsi Brigu, kang putus marang wedha, mas putu, sabên Prabu Kartawirya iku mêntas sêsaji soma, tamtu banjur ambêbungah para brahmana sarana dipisungsung pari lan maspicis rajabrana kongsi akèh bangêt, ananging barêng sang prabu wus swarga, ana lêlakon anèh, para putrane ratu kang swarga mau padha butuh rajabrana, mangka para putra mau priksa yèn para brahmana têdhak Brigu iku padha sugih-sugih, mula para putra mau banjur padha marang omahe para brahmana karo anamur wong papariman. Kocapa brahmana têdhak Brigu mau, rupa-rupa solah anggone niyat ngukuhi raja darbèke, sawênèh ana kang rajabranane banjur diwènèhake brahmana liya-liyane, nanging iya ana kang banjur masrahake rajadarbèke kabèh, supaya dipiliha êndi kang

--- 872 ---

dikarêpake para ksatriya mau, ewadene ana ksatriya sagolongan kang darbe pangira marang sawijining brahmana têdhak brigu, kang mêndhêm rajabranane, awit darbe kira mangkono mula capurining brahmana kang kinira mangkono mau banjur didhudhuki, wasana têmên bisa nêmu rajabrana akèh bangêt, barêng para ksatriya iku wus padha mêruhi dhewe marang wêwatakane para brahmana darah Brigu, banjur ora padha pitaya marang kalakuane, mula para brahmana têdhak Brigu mau tansah dierang-erang, nadyan wus anjaluk ngapura kongsi rambah-rambah, ewadene para ksatriya gêdhe-gêdhe iku ora gêlêm marèni tanduke mangkono mau. Para brahmana darah Brigu banjur ditandangi, sarana kaudanan panah kang ampuh-ampuh. Ênggone nglêgakake atine, para ksatriya mau malah banjur lêlana ngidêri bawana, pêrlu arêp numpês para brahmana darah Brigu. Barêng darah Brigu wus mèh têtumpêsan, para ksatriya mau malah gêlêm matèni bayi kang isih ana wêtêngan. Putrining brahmana darah Brigu nuli padha ngungsi marang pagunungan Himawat, kang ora gampang diunggahi manusa. Ing golonganing kang padha ngungsi mau, ana siji kang duwe osik kapengin ambangun tuwuhing priyane, mula anyingitake bayi sinakti ana ing pupune, nanging ana wadon golongane kang mêruhi laku mangkono mau, kagawa saka girise atine, banjur nuturake bab mau marang para ksatriya. Barêng krungu yèn ana laku kang mangkono banjur ditêkani, nanging barêng wus cêdhak para ksatriya padha kamitênggêngên ndulu guwayane putrining brahmana kang

--- 873 ---

nyingitake bayi ing pupune mau. Padha sanalika bayi kang anèng pupune ibune mau banjur mêtu cahyane sumorot kadi srêngenge ing wanci têngange. Para ksatriya kang nêkani mau padha kablêrêngên, banjur cadhok, padha bilulungan ora wêruh dalan, nyamuk-nyamuk urut gunung. Para putra wayahe Prabu Kartawirya bangêt prihatin, dene ora bisa andulu, osiking ati nêdya anjaluk pangapura marang wong wadon ibuning bayi, wusana kalakon bisa katêmu karo wong wadon linuwih iku. Sawuse katêmu para ksatriya banjur nglairake prasêtya mangkene: "Dhuh, wanudya linangkung, mugi ngêgungna pangaksama, kula mugi sami jêngandika usadani murih sagêd andulu malih, manawi kula sampun waluya jatining nguni, sagah badhe lajêng wangsul dhatêng praja kula piyambak-piyambak, saha prasêtya manawi botên badhe nindaki pandamêl dosa malih. Dhuh, kang sulistya ing warni, mugi paduka punapadene putra paduka karsa nglunturakên pangaksama ing kula, ingkang sami botên sagêd andulu punika, wangsula kadi ing nguni-uni."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus wolung dasa perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXXI.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Rêsi Wasistha nglajêngakên cariyosipun: putri brahmana mau banjur mangsuli mangkene: "Sinuwun, kula botên damêl wutaning paningal paduka, sarta botên

--- 874 ---

pisan-pisan nandukakên wêwalês nanging kawuningana lare punika brahmana têdhak Brigu, mbokmanawi piyambakipun ingkang muring-muring. Sampun saèstu paduka sami dipun wutakakên, awit lare punika nêpsu sangêt, dene paduka sami mêjahi kulawarganipun. Kawuningana anggèr, salêbêtipun paduka dalah wadyabala tansah mêmêjahi para brahmana darah Brigu, lare punika taksih wontên wêtêngan, nanging lajêng kula singitakên wontên ing pupu kula, dados laminipun wontên ing pupu kula ngantos satus warsa. Saking anggènipun amrih widadaning darah Brigu, dewa lajêng ndumadosakên lare punika, mila wontên ing wêtêngan sampun lêbda dhatêng Wedha dalah pang-pangipun pisan, dados têtela lare punika sutaning darah Brigu, ingkang badhe nandukakên wêwalês, awit sangêt botên narimah, sirnaning lêluhuripun saha kadangipun. Dados paningal paduka punika kobar dening kasêktèning dewa ingkang gumadhuh ing lare punika. Dhuh, anggèr, para ratuning manusa, dados paduka kêdah mundhut pangaksama dhatêng lare ingkang mêdal saking pupu punika. Manawi paduka karsa anglipur kanêpsoning lare wau, sarana pangaji-aji, bok bilih lare punika purun mangsulakên têranging paningal paduka kadi ing nguni-uni."

Rêsi Wasistha nglajêngakên cariyosipun: Barêng diwangsuli mangkono para narendra iku banjur padha ngarih-arih marang bocah kang mêtu saka ing pupu mau, pangrapune para ratu marang bocah mau mangkene: "Mugi kula dipun paringana pangapura." Enggale iya diapura,

--- 875 ---

têtelane bocah iku brahmana rêsi linuwih, sarta kang awit lair saka pupu, mula sinêbut: Urwa (wrêdinipun lair saking pupu). Para nata kabèh mau sawuse waluya paningale, iya nuli kondur marang prajane sowang-sowang, dene Sang Urwa, banjur osik nêdya nêlukake jagad. O, putuku wong abagus, Parasara, dadi Rêsi Urwa darbe sêdya arêp anyirnakake sakèhing tumitah karêpe rêsi darah Brigu iku niyat ngêtokake trêsnane marang lêluhure, malah banjur prasêtya kang abot bangêt, iya iku nêdya numpês saisining jagad. Saka nêdya gawe rênaning lêluhure, Rêsi Urwa banjur niyat masesa tribawana, kaya ta: para dewa, asura lan manusa, sarana anggêntur kasutapan. Nanging barêng para lêluhure priksa sêdyane Rêsi Urwa, nuli padha ngrawuhi sarta paring pêpèngêt: "He, kulup Urwa têtela linuwih tapabratanira, para lêluhurira wus padha nguningani marang kasantosaning atinira, nanging kulup, sira ngapuraa marang isining jagad têlu iki. Kulup, prayoga wasesanên kanêpsonira, mangkono mau ora dupèh darah Brigu wus bisa mangrèh ciptane, kongsi ora ngrasakake rusake kulawargane dening panggawene para ksatriya, nanging saka karêpe dhewe wus bosên ana ing marcapada, awit kasuwèn, mula nuli kêpengin dikukut sarana pakartine para ksatriya, mula darah Brigu padha mêndhêm rajabranane ana ing jêro capurine iku, mung supaya bisa gawe nêpsune para ksatriya bae, dimèn padha gêlêm mungsuh lan para brahmana darah Brigu. He, musthikaning brahmana, ingsun dalah kadang warga kabèh padha kêpengin ngrasakake

--- 876 ---

kamulyaning kaswargan, dadi rajabrana ora migunani tumrap para kang mangkono sêdyane. Wruhanira kulup, barêng aku padha sumurup yèn ora bisa sirna sarana laku rupa-rupa, banjur darbe panêmu, yèn kang bisa bêcik dhewe kudu nindakake panggawe kaya kang wus kalakon mau, awit wong nglampus dhiri ora bakal olèh panggonan kang mulya. Ngèlingi wêwaton mau, mula ingsun ora padha kaduga nglampus dhiri. Dadi karêpira mangkono mau ora dadi panujune para lêluhurira, mulane kulup, wurungna sêdyanira arêp nglakoni panggawe dosa mau. Kulup aja pisan-pisana nyirnakake sapa bae isining jagad pitu iki, nanging mêrangana kanêpsonira kang gawe kuciwane kautamanira dhewe."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus wolung dasa satunggal perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXXII.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Cariyosipun sang gandarwa raja makatên: Rêsi Wasistha cariyos malih: Parasara, barêng Rêsi Urwa ngrungu pangandikane para lêluhure mangkono mau, banjur mangsuli: "Dhuh, para pitri, prasêtya kula, prakawis anggèn kula badhe numpês sagung dumados, punika mugi sampun ngantos botên kalampahan. Kula botên nyondhongi sangêt, dene prasêtya ingkang kawêdharipun saking dêrênging kanêpson kula wau dipun anggêp rèmèh. Kawontênan

--- 877 ---

kula punika kados latu, ingkang têtela sagêd ambêsmi kajêng aking, mila manawi prasêtya punika botên kalampahan, kanêpson wau tamtu badhe ambrastha badan kula piyambak. Tiyang ingkang ngêndhak kanêpson, mangka kanêpsonipun wau pantês kalayan jalaran ingkang nuwuhakên kanêpsonipun, saèstu badhe nilar gayuhaning gêsang tigang prakawis inggih punika: kawruh agami, kawruh panggayuh ing kabêgjan, lan kawruh sagêdipun angsal kasênêngan, ingkang dados jalaraning pamarêm. Kanêpsoning ratu ingkang nêdya nêlukakên jagad, punika sampun kenging kangge panitikan manawi kanêpson wontên pigunanipun, dados kanêpson sae, manawi kangge nanggulangi piawon, tuwin ngayomi kasaenan. Nalika kula taksih wontên ing nglêbêt pupuning biyung kula, punika botên kêndhat-kêndhat mirêng sêsambat saha panggrêsahipun biyung tuwin pawèstri têdhak Brigu sanès-sanèsipun ingkang sangêt kawlasarsa, awit badhe sami dipun pêjahi dening para ksatriya. Dhuh, para pitri, para ksatriya ingkang ambêg candhala wau botên amung mêjahi têdhak Brigu ingkang sampun sêpuh-sêpuh kemawon, dalah bêbayinipun ingkang taksih wontên ing dalêm wêtêngan ugi dipun pêjahi pisan, tindak siya punika ingkang anênangi kanêpson kula. Biyung kula tuwin pawèstri têdhak Brigu sanès-sanèsipun, ingkang sami wawrat, punapadene bapa kula, kados punapa sumêlanging manahipun, ewadene babar pisan botên wontên ingkang suka pangayoman. Dupi têtela botên wontên ingkang ngayomi, biyung

--- 878 ---

kula lajêng gadhah pamanggih nêdya nyingitakên kula wontên ing pupunipun. Upami ing sawiyah nagari punika wontên jurunipun ngukum sintêna ingkang lampah awon, saèstu lajêng botên wontên tiyang ingkang purun nglampahi piawon, manawi dosa punika botên wontên ukumipun, cacahing tiyang dosa, badhe saya mindhak-mindhak. Tiyang ingkang pancènipun kawasa mambêngi utawi nyirnakakên pandamêl dosa, sami botên wontên purun rumagang ing damêl, awit darbe pangintên manawi pandamêl dosa punika ugi paringipun Hyang Maha Wisesa, dados tiyang wau inggih dosa. Para narendra tuwin para senapatinipun, lêrêsipun sagêd suka pangayoman dhatêng para lêluhur kula, ewadene sami tumambuh, dados nilar kuwajiban, awit katungkul anggènipun ngumbar sênênging manahipun, punapa manawi kula lajêng muring-muring dhatêng para ksatriya punika botên sampun samêsthinipun adil kemawon. Kula sinung pangwasa linangkung (dados kawasa ngukum ingkang sami dosa), dados kula botên kadugi ngistokakên dhawuh paduka wau. Awit kula rumaos sagêd malês ukum dhatêng para ksatriya ingkang sami sawênang-wênang tindakipun wau, mila kula lajêng darbe osik nêdya nandukakên wêwalês, sêbab manawi kula lumuh nindaki pandamêl adil wau, têmbe wingking badhe kathah tiyang ingkang nulat lêkas ingkang daksiya punika. Kanêpson kula candranipun kadi latu murub, punika samangke sampun samêkta manawi kangge ambêsmi bawana, awit saking gênging urubipun, manawi ngantos kula tanggulangi tamtu lajêng ambrastha kawontênan kula

--- 879 ---

piyambak. Dhuh, guru sêsêmbahan kula, kula priksa bilih paduka tansah amrih kamulyaning bawana, mila mugi tumuntên karsa ngandika kadospundi ingkang kêdah kula lampahi, sagêdipun damêl kamulyan kula piyambak tuwin isining jagad sadaya."

Rêsi Wasistha nglajêngakên cariyosipun: Para pitri nuli mangsuli pangandika mangkene: "Kulup, gêni kang tuwuh saka kanêpsonira, sarta tansah arêp matunu bawana iku nuli cêlupna ing banyu, sarana laku mangkono sira bisa raharja. Bawana iki dumadi saka pupuling banyu, sarana laku mangkono, sadhengah kang cuwèr iku ing jêrone isi banyu akèh. Wruhanamu kulup, cakrawala iki kabèh dumadi saka banyu, dhuh têdhaking brahmana linuwih, mula gêni kanêpsonira cêmplungna ing samodra, dimèn ngobong banyuning samodra bae, awit piwulang muni yèn bawana dumadi saka banyu, hèh sira kang ora kalepetan dosa, yèn kalakon mangkono ucapira dadi wus kalakon, tur jagad saisine apadene para dewa ora ana karusakan.

Rêsi Wasistha nglajêngakên cariyosipun: "O Parasara putuku, Rêsi Urwa, nalika samana iya banjur ngunjara kanêpsone ing karatone Bathara Waruna. Dadi gêni kanêpsone Rêsi Urwa mau banjur ngobong banyuning samodra, wasana maujud kaya êndhas jaran kang gêdhe bangêt, yèn para putus marang Wedha wujud mau diarani Wadawamuka. Lire Wadawamuka ngobong banyuning samodra sarana gêni kang mêtu saka tutuke, dhuh, Parasara,

--- 880 ---

muga rahayua sira, muga aja sida anglêbur jagad, sêbab sira wus sumurup kaananing kahyangan luhur-luhur, apadene sira iku têtungguling para wicaksana."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus wolung dasa kalih perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXXIII.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: "Dupi sang brahmana pinandhita, Parasara, dipun dongèngi makatên dhatêng eyangipun, lajêng pêpêr sêdyanipun badhe numpês bawana punika. Rêsi Parasara ingkang linangkung kasêktènipun, putranipun Rêsi Saktri, sarta têtungguling para lêbda dhatêng Wedha, malah lajêng sêsaji raksasa, wujudipun Risang Maha Mauni wau ambêsmi para raksasa ing latu sêsaji. Rêsi Wasistha botên mambêngi anggènipun ingkang wayah ambêsmi para raksasa, punapadene botên mambêngi prasêtyanipun ingkang kaping kalih. Lampahing sêsaji makatên: Sang Maha Mauni ngadhêp latu tigang wadhah, sami murub ngalad-alad, mangka Sang Mauni wau, sariranipun ugi mancorong, dados rumaosipun ingkang sami nyumêrapi wontên latu agêng murub sakawan panggenan. Putranipun Rêsi Saktri, ingkang prabanipun mancorong kadi srêngenge ingkang mêntas kasasaban mêndhung, punika sagêd amadhangi jagad sarana sêsajinipun ingkang sukci wau, dene lampahing sêsaji prasasat [pra...]

--- 881 ---

[...sasat] amung ngêsokakên martega ing latu. Rêsi Wasistha, kalihan rêsi sanèsipun satunggal malih, ingkang nguningani Rêsi Parasara anggènipun nyajèkakên latu sukci wau, rumaosipun urubing kasêktènipun Mauni Parasara sami kalihan srêngenge. Nalika samantên Maharêsi Atri§ Sadaya wau sami putranipun Hyang Brahma. kang luhur ing budi rawuh ing riku, karsanipun badhe angèndêlakên sêsajinipun Rêsi Parasara, ingkang botên gampil katindakakên ing sanès, makatên ugi Maharêsi Pulastya,§ Sadaya wau sami putranipun Hyang Brahma. Pulaha,§ Sadaya wau sami putranipun Hyang Brahma. tuwin Maharêsi Kratu§ Sadaya wau sami putranipun Hyang Brahma. sami rawuh, nêdya paring pangayoman dhatêng para raksasa. Dhuh, Pandhuputra, dupi Sang Maharêsi Pulastya wuninga manawi sampun kathah raksasa ingkang sirna, lajêng ngandika dhatêng Sang Parasara makatên: "Kulup, pamujiningsun, sêsajinira iku muga aja ana palangane, lan apa sira kaduga awèh papan raksasa kang têtela ora dosa bae, sarta kang ora pisan-pisan sumurup marang sirnane sudarmanira, o, kulup, sayêktine mêmatèni titahing dewa iku dudu kêwajibane para brahmana kang bêkti marang kasunyatan, wruhanamu kulup, têntrêm iku kautaman kang luhur dhewe, dhuh, Parasara, muga sira kang tinitah luwih saka sapêpadhanira, apadene sira têka kongsi nglakoni dosa mangkono. Kulup aja nyumêrake suwure ramanira Rêsi Saktri, kang lêbda marang laku kasusilan, mula aja numpês titah ingsun, hèh, putune Wasistha, wruhanira kalakone sudarmanira nêmu pati iku kapandukan tumusing sote dhewe, dadi kalakone ramanira ninggal marcapada iku saka klèrune tindake dhewe. Dhuh,

--- 882 ---

Maha Mauni, sajatine ora ana raksasa kang bisa nyirnakake Rêsi Saktri, kajaba yèn Rêsi Saktri wus mulung saka karêpe dhewe. O, Parasara, ingatase prakara lêlakone Rêsi Saktri lan Prabu Kalmasapada iku, kang gawe lêlakon Rêsi Wiswamitra. Kawruhana, Rêsi Saktri lan Prabu Kalmasapada, satêkaning ing jamaning pati, padha nêmu kasênêngan, nampani kamulyan gêdhe, apadene arine Saktri samêngko iya padha mangun suka lan para jawata. Kulup, Parasara, ingatase sêsajinira iki, sira iku dadi sarana patine raksasa kang ora dosa, mula yèn sira ngangkah bisane nêmu arja, sêsaji iki êndhêgêna samene bae, muga aja sira bacut-bacutake."

Sang gandarwa raja nglajêngakên cariyosipun: "Rêsi Parasara, rêsi linangkung, putranipun Rêsi Saktri, dipun ngandikani makatên, lajêng kèndêl anggènipun sêsaji, dene latu ingkang mêntas kangge sêsaji wau lajêng kabucal dhatêng salèring parêdèn Himawat, nadyan ing mangsa rêndhêng punapa katiga, labuh utawi marèng, latu wau tansah ambrastha raksasa, têtuwuhan, tuwin sela ngantos dumugi samangke taksih katingalan."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus wolung dasa tiga perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXXIV.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Sang Arjuna pitakèn malih: "Dhuh, gandarwa raja, [ra...]

--- 883 ---

[...ja,] wontên wigatos punapadene Prabu Kalmasapada dhawuh dhatêng pramèswarinipun supados marêk Sang Maharsi Wasistha, têtungguling para wicaksana, ingkang putus dhatêng wedha punika. Saha kadospundi dene sang maharsi linangkung ingkang botên kasamaran dhatêng lampah-lampahing kasusilan, têka lajêng kaparêng nunggil kalayan pawèstri, mangka Brahmacarya lêrêsipun botên kenging lampah makatên, dhuh, sumitra, tumrapipun sang maharsi, punapa sanès pandamêl dosa, suwawi sumitra kaparênga majari kapêtêngan kula wau, sarana mêdhar wêwados punika?"

Wangsulanipun sang gandarwa raja makatên: "Dhuh, Arjuna, ingkang botên kenging kinawonakên, mugi kaparênga anggatosakên jawabipun pandangon jêngandika, bab tindakipun Rêsi Wasistha, tuwin Prabu Kalmasapada, pangayomaning para mitra. Dhuh, musthikaning têdhak Bharata, jêngandika sampun priksa dhatêng lêlampahanipun Prabu Kalmasapada anggènipun kaêsotakên dening Rêsi Saktri, putranipun Rêsi Wasistha kang kasumbaga. Dhuh, pangrurahing satru sêkti, Prabu Kalmasapada, awit winasesa ing sot, mila tansah ngêgungakên bêbêndu, nilar praja kadhèrèkakên pramèswarinipun, nusup-nusup ing wana ingkang kathah sangsam tuwin sato wana sanès-sanèsipun, tuwin kêkajêngan agêng-agêng, têthukulan tuwin rêrambatanipun warni-warni, punapadene kamirêngan kathah suwantêning pêksi ngocèh. Ing satunggaling dintên sang prabu kraos sakalangkung luwe, mila enggal anasak pagrumbulan, arsa

--- 884 ---

ngupaya dhêdhaharan, tanpa nyana sang prabu kapranggul brahmana sawêg salulut kalihan garwanipun. Kados punapa kagèting manahipun sang brahmana sakalihan wau, dupi priksa wontên tiyang dhatêng, mila enggal sami lumajêng nêdya umpêtan, dados dèrèng dumugi anggènipun mangun sih, nanging enggal dipun tututi dening sang prabu, sarta lajêng kajambak. Dupi sang brahmani priksa manawi priyanipun kajambak Prabu Kalmasapada, lajêng nguwuh makatên: "Dhuh, nata binathara, ingkang awrat sêsanggêmanipun, sampun kasumêrapan ing jagad, bilih jêngandika punika narendra darah surya, ingkang têtêp dhatêng kasusilan, saha bêkti dhatêng para luhur. Dhuh, sinuwun, nadyan jêngandika kataman soting rêsi, ngantos gingsir panggalih jêngandika, nanging bok sampun mimbuhi agênging dosa. Kawuningana, kalampahanipun kula lajêng nglampahi makatên wontên wana, awit sinurung adrênging manah dhatêng sarêsmi, jalaran pinuju nyarêngi tuwuhing wiji kula, nanging anggèn kula mangun sih wau dèrèng dumugi, katungka rawuh jêngandika. Dhuh, musthikaning ratu, mugi ngêgungna pangaksama, laki kula dipun luwarana."

Sang prabu botên maèlu dhatêng aturipun brahmani, malah lajêng mangsa sang brahmana, kados sima mangsa borokanipun. Dupi sang brahmani priksa priyanipun dipun mangsa sang prabu, sakalangkung sêdhih panggalihipun, sarta nêpsu sangêt, malah saking sruning kanêpson, waspanipun ngantos murub dados latu, wasana brahmani wau

--- 885 ---

lajêng ngêsotakên makatên: "He, ratu kang dahwèn, amarga kowe wus mangsa bojoku kang bangêt dak trêsnani ana ing ngarêpku, tur anggonmu mangsa iku durung katêkan sapangarêp-arêpku, mula kowe têmtu bakal kasangsaya dening sotku yèn kowe nunggal lan bojomu têmtu bakal lena padha sanalika, dene bojomu bakal bisa sêsuta patutan karo Rêsi Wasistha, kang putrane padha kok mangsa. Hèh, ratu lêlêthêking bumi, iya putra kang mijil saka pramèswari mau kang bakal nyambung darahmu."

Brahmani têdhak Rêsi Anggira wau, lajêng cêthik latu wontên ngarsanipun sang prabu, kangge lêbu gêni. Dhuh, pangêndhaking satru. Rêsi Wasistha ingkang kasusra kasêktènipun, sarana kawaspadanipun priksa dhatêng lêlampahan sadaya wau, mila sarêng sang prabu sampun luwar saking wasesaning sot, jalaran sampun dipun lampahi dangu, sang prabu marêpêki pramèswarinipun ingkang sêsilih Dèwi Madayanti, ingkang wêkdal punika dumugi mangsa tuwuhing wijinipun, karsanipun sang prabu badhe nunggil kalawan garwanipun, nanging sang pramèswari lajêng ngèngêtakên dhatêng soting brahmani. Kados punapa kagètipun sang prabu, dupi midhangêt aturing pramèswari, sami sanalika wau sang prabu èngêt wêwentehan dhatêng soting brahmani, têmah sangêt piduwung dhatêng lêlampahanipun. Dhuh, Pandhuputra, mila Prabu Kalmasapada lajêng dhawuh dhatêng pramèswarinipun, supados marêk ing ngarsanipun sang rêsi linangkung punika, wigatos sagêda apêputra, awit sang prabu sampun têtela botên sagêd amrih widadaning [widada...]

--- 886 ---

[...ning] tuwuh, jalaran kenging sotipun brahmani.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus wolung dasa sêkawan perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXXV.

SAMBÊTIPUN CETRARATA PARWA.

Sang Arjuna pitakèn malih: "Dhuh, sumitra gandarwa raja, têtela manawi jêngandika botên kewran dhatêng saebah osiking jagad, mila mugi kapratelakna, sintên brahmana putus ing Wedha, ingkang sayogi dados paranpara Pandhawa."

Wangsulanipun sang gandarwa raja: "Ing wana ngriki wontên pratapan nama Utocaka; ing riku wontên pandhitanipun mêsubrata, pêparab: Maharsi Domya, arinipun Rêsi Dewala. Kula anjurungi manawi para Pandhawa ngagêm paranpara Rêsi Domya wau."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Arjuna sangêt sukaning panggalihipun, midhangêtakên sadaya cariyosipun sang gandarwa raja, mila lajêng nampèkakên dêdamêl latu dhatêng sang gandarwa raja, kalayan anêtêpi cara ingkang limrah manawi nampèkakên dêdamêl, kalihan ngandika makatên: "Dhuh, pêpêthinganing para gandarwa, turangga pêparing jêngandika punika sampun dipun pasrahakên dhatêng kula sapunika, ing têmbe manawi wontên wigadoswigatos kemawon, badhe kula suwun, sumitra, mugi kantuna basuki." Sami sanalika wau Pandhawa lajêng

--- 887 ---

sami pamit dhatêng sang gandarwa raja, kalayan anilar pagisikan Bhagirati, ingkang sangêt anêngsêmakên punika, karsanipun badhe dhatêng ing Utacaka, pratapanipun Rêsi Domya, ingkang lajêng kasuwun dados paranpara Pandhawa. Sang rêsi atur sunggata wowohan tuwin pala kêpêndhêm. Kalayan sukarênaning panggalih, Rêsi Domya têtungguling para putus dhatêng wedha nampèni prasabênipun Pandhawa, ingkang suraos kasuwun dados paranpara. Sasampunipun Sang Rêsi Domya sagah, badhe dados paranpara, Pandhawa dalah ingkang ibu lajêng rumaos sampun dados ratu binathara, anampèni wangsuling karaton sanagarinipun, punapadene sampun amboyong putri Pancala, saking wiwahaning sayêmbara, tuwin rumaos angsal pangayoman ingkang santosa. Dados wiwit nalika samantên, para Pandhawa lajêng dados Yajamana [siswanipun puruhitan kawruh kasukman], inggih punika siswanipun Rêsi Domya, kang luhur ing buddhi, lêbda dhatêng kasunyatan tuwin wêwatoning kasusilan. Makatên ugi Brahmana Domya dupi wuninga manawi Pandhawa sami limpat ing buddhi, panggalihipun santosa tuwin utami, ngantos sami kalihan para dewa, sang rêsi andugi bilih saking utamining tindak saha kaprawiranipun kemawon, Pandhawa tamtu sagêd tampi wangsuling kaprabon saha nagari pusakaning lêluhuripun. Sarêng para Pandhawa sampun dipun pujamantrani dening Sang Rêsi Domya, lajêng sami pangkat dhatêng nagari Pancala, nêdya anglêbêti sayêmbaranipun Prabu Drupada, kairit ing paranpara Rêsi Domya.

--- 888 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus wolung dasa gangsal perangan Cetrarata, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXXVI.

SAYAMBARA PARWA.

Rêsi Waisampayana wiwit cariyos malih: Para Pandhawa, sardulaning bangsa Kuru, gangsal pisan sami bêbodholan dhatêng Pancala, wigatos kêpengin wuninga praja Pancala. Dèwi Drupadi, saha wiwahan pikramanipun sang dèwi. Lampahipun Pandhawa kalihan ingkang ibu, tuwin para paranparanipun samargi-margi tansah kasarêngan para brahmana ingkang ugi sami lumampah dhatêng Pancala. Dhuh Prabu Janamêjaya, nalika para Brahmacarya wau priksa dhatêng para Pandhawa, lajêng pitakèn, têmbungipun makatên: "Jêngandika pundi ingkang pinangka, saha pundi sinêdya." Wangsulanipun Sang Yudhisthira makatên: "Dhuh, pêpêthinganing manusa, sadaya punika sadhèrèk nunggil yayah rena, lumampah ngêtutakên biyung kula, mêntas ningali praja Ekacakra." Brahmana wau ngandika malih: "Kisanak, sayogi dhatêng kadhatonipun Prabu Drupada, ing praja Pancala, awit ing riku wontên wiwahan sayêmbara, mawi dêdana arta sakalangkung kathah. Walèh-walèh punapa, kula sakanca punika sami badhe dhatêng Pancala, manawi jêngandika panuju, suwawi sêsarêngan lumampah dhatêng kratonipun Prabu Drupada. Kajawi ingkang sampun kula cariyosakên wau, sang prabu ugi badhe ngwontênakên

--- 889 ---

sêsaji agêng-agêng. Kawuningana, Prabu Drupada ingkang pêparab Yajnasena, punika kagungan putri ingkang netranipun kadi ron saroja, botên wontên kuciwanipun, sawêg nêdhêng rumaja putri, sulistya ing warni, bangkekan nawon kêmit, baunipun lurus, sarira angganda arum, ngambar kadi gandanipun tunjung biru. Salêbêtipun wawêngkon kalih pal tiyang sampun sagêd angganda aruming sariranipun sang dèwi, nanging sajatosipun putri wau mijil saking lambaran sêsaji. Sang dèwi punika kadangipun Sang Drêsthadyumna, ingkang santosa baunipun saha linangkung kaprawiranipun, inggih punika ksatriya, ingkang kawêca badhe dados sarana sirnanipun Rêsi Drona. Sang Drêsthadyumna punika miyos saking latu sêsaji, wiwit miyos sampun ngagêm kotang, nganggar sabêt, angiwa langkap saha ngindong jêmparing, cahyanipun sumorot kadi latu. Sang dèwi musthikaning wadon, putrinipun Prabu Yajnasena wau badhe milih jatukrama salah satunggaling ksatriya, ingkang dados panujuning panggalih, inggih ingkang sami nglêbêti sayêmbaranipun. Dene anggèn kula badhe sami dhatêng Pancala punika wigatos kêpengin priksa suwarninipun sang dèwi, saha angèstrèni sêsajinipun sang prabu, ingkang kawontênaning sêsaji wau, sami kalihan sêsajining dewa. Ingkang ngêdêgi sayêmbara punika têmtu para narendra, utawi para rajaputra, saking sawarnining nagari, ingkang sami sêngsêm dhatêng sêsaji, ingkang sami misungsung ing para brahmana. Saèstunipun para rajaputra tuwin para narendra wau, sami ngudi pangawikan,

--- 890 ---

sukci, tuwin têtêp dhatêng sêsanggêman, taksih nêdhêng taruna tur pêkik-pêkik warninipun, pêpêthinganing para prajurit rata kinawasa, wasis nandukakên saliring dêdamêl. Para raja punapa rajaputra, ingkang sami dhatêng ing sayêmbara, saking anggènipun kêpengin sagêd amboyong putri, limrah lajêng sami ngêgungakên dêdana, kados ta mas picis rajabrana, pangangge, têdha, sakalangkung kathah, dene sasampunipun sami nampèni pisungsung, nyumêrapi sayêmbara, tuwin wiwahan dhadhu ing pangantèn, prayogi sami nglajêngakên andon angêlangut, saparentahing karsa. Punapadene ing wiwahaning sayêmbara wau, tamtu kathah undhagi dhatêng kêkidungan, ingkang nambrama para narendra ingkang sami rawuh, undhagi bêksa, undhagi dhatêng cacriyosan, undhagi sikêp dêdamêling prang, para sudira ingkang pinunjul karosanipun, dados sasampunipun nyumêrapi sadaya wau, saha sampun nampèni pisungsung, inggih lajêng jêngkar saking ngriku, sêsarêngan kalihan kula. Kula tingali suwarni jêngandika sami pêkik-pêkik, prasasat dewa ngejawantah, manawi Dèwi Krêsna priksa dhatêng jêngandika sakadang punika salah satunggal, awit jêngandika têtela langkung pêkik, tinimbang para raja tuwin rajaputra saindênging bawana, tamtu lajêng milih jêngandika. Kajawi suwarna jêngandika sami pêkik-pêkik, ugi katingal lurus sarira jêngandika, bêbau rosa, dados têmtu pilih tandhing ing prang, sampun têmtu jêngandika badhe tampi kabêgjan agêng wontên Pancala.

Satêlasing atur pamrayoginipun brahmana, Sang Yudhisthira [Yudhis...]

--- 891 ---

[...thira] lajêng mangsuli pangandika makatên: "Dhuh, brahmana linangkung, lampah kula nunggil sêdya kalihan jêngandika, inggih punika kêpengin ningali sayêmbara pinilih, ingkang rinêngga ing wiwahan agêng wau."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus wolung dasa nênêm, perangan Sayambara, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXXVII.

SAYAMBARA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Dhuh, Prabu Janamêjaya, sasampunipun awawan pangandika kalihan para brahmana, para Pandhawa sami pangkat malih nglajêngakên dhatêng Pancala kidul, prajanipun Prabu Drupada. Wontên ing margi para Pandhawa dipun papagakên ingkang eyang Sang Dwipayana, rêsi agung kang rahayu buddhi saha sêpi saliring dosa. Sasampunipun para Pandhawa ngaras pada, sarta pinitungkas kathah-kathah, sang maharsi musna, dene para Pandhawa nglajêngakên lampahipun. Lampahipun para maharata gangsal, kalihan ingkang ibu tuwin paranparanipun wau, botên daya-daya, sinambi anêningali utawi lêlangên ing wana-wana, parêdèn tuwin têpining talaga-talaga, saha lèpèn-lèpèn ingkang anyênêngakên panggalih. Para Pandhawa, ingkang tabêri ngudi kawruh, sukci, solahbawanipun angrêsêpakên manah tuwin arum wicaranipun, punika dumugi ing Pancala. Sasampunipun

--- 892 ---

mariksani asrining kitha, miwah santosaning jagang tuwin pabitinganipun, lajêng mondhok griyanipun tiyang damêl grabah. Wujudipun anamur brahmana, sugêngipun papariman, mila sadangunipun wontên ing prajanipun Prabu Drupada wau, botên wontên tiyang ingkang andugi manawi para putra Hastina.

Nadyan botên nate kawiyos ing pangandika, sajatosipun êsthining panggalih, Prabu Yajnasena, kêpengin maringakên putrinipun dhatêng panêngah Pandhawa Sang Kiritin, mila Sang Prabu Drupada lajêng nandukakên pambudidaya warni-warni, ingkang kagalih sagêd dados sarana putrinipun kagarwa dhatêng Sang Arjuna, wujudipun sang prabu lajêng iyasa langkap ingkang sakalangkung agêng ingkang sakintên sanèsipun Sang Dananjaya botên kuwawi mênthang. Iyasa panggung inggil, pucakipun kapasangan lesan, tuwin sapanunggilanipun malih. Sasampunipun mirantos sadaya, sang prabu lajêng nyêbar undhang-undhang suraosipun makatên: "Sing sapa kuwat mênthang langkap kanggo nglêpasake panah, kang rinêngga iki, sarta ênggone manah lesan sandhuwuring panggung bisa mencok, bakal ingsun trimani putriningsun."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, sinuwun, makatên wau sayêmbaranipun Prabu Drupada. Dupi sayêmbara wau kamirêngan ing para narendra tuwin rajaputra sakathahing nagari, para ksatriya wau sami dhatêng ing prajanipun Prabu Yajnasena. Ing nalika samantên kathah para rêsi misuwur ingkang ugi sami

--- 893 ---

rawuh wigatos badhe ngèstrèni sayêmbara. Kawuningana sinuwun, prabu anèm Duryudana ugi rawuh ing Pancala kaajap para kadang Kurawa, sarta Prabu Karna. Kathahipun ksatriya saking sawarnining nagari ngantos tanpa petangan. Sang Prabu Drupada ingkang misuwur utami pambêganipun, anggènipun nampèni rawuhipun para rajaputra tuwin para raja wau kalihan pangaji-aji agêng. Têtiyang isining nagari, saking kêpengin nyumêrapi wiwahaning sayêmbara, lajêng rêbut dhuyungdhucung dhatêng ajanging sayêmbara, ingkang sampun karêngga asri, papanipun munggul, mawi ginawar mubêng, swaraning tiyang ingkang sami dhatêng wau sakalangkung rame, ngantos kadi swaraning samodra bêna. Miyosipun sang prabu saking kadhaton, mêdal wiwara kadhaton ingkang lèr wetan, awit ajanging sayêmbara wau wontên ing salèr wetaning kitha, kapilihakên papan mênggêr ingkang waradin, saha angsaripun sae. Saurut papan ajanging sayêmbara sami kaadêgan panggungan, awit papan wau jinangangjinagang sarta pinagêran tembok mubêng, nanging plêngkung tuwin gapuranipun kathah, dados gampil sangêt dipun lêbêti saking sawarnining keblat. Payoning panggungan wau saking motha, pinlisir ing langse sutra, amancawarni, swaraning tiyang saha têtabuhan ingkang kathahipun tanpa petangan kadi angrubuh ngrubuhna langit, gandanipun amrik angambar, awit saking kukusing ratus, ingkang kacarup kalihan sêkar-sêkar rêrêngganing panggungan saha papan sayêmbara, tuwin jêbat kasturi saha cêndhana sari. Panggungipun Prabu Pancala katingal pêthak, inggil kadi pare.

--- 894 ---

parêdèn Kêlasa, ingkang tansah kinarukup ing mega, candhelanipun ginubah ing rajut tênunan bênang kancana, gêbyokipun tinrètès ing êmas manik, undhak-undhakan dumugi jamambah ing panggung sami kagêlaran ing babut ingkang sakalangkung adi, sarta tansah ingukup kukusing ratus ingkang sakalangkung wangi, salêbêting wawêngkon sayojana sakubênging papan ajanging wiwahan, kaèbêkan ing ganda wangi. Satunggal-tunggaling panggung sami dipun dèkèki kontên satus, ingkang wiyaripun ngantos kenging dipun langkungi tiyang sadasa sêsarêngan. Ing salêbêting panggung sinungan kasuran kagêm palênggahan ingkang linèmèkan ing prangwadani sakalangkung adi. Sabên pucaking panggung wontên ingkang dipun dèkèki sirah mas, salaka, tuwin sanès-sanèsipun ingkang rêginipun awis, mila manawi tiningalan saking katêbihan kadi pucaking parêdèn Himawat, ingkang sami kakuncung mas. Palêrêmanipun para narendra mancanagari ingkang sami rawuh ing Pancala, punika kaparêngipun kadadosakên sapanggenan, panggungipun ngantos sinungsun pitu. Busananipun para narendra sawadyabalanipun piyambak-piyambak, punika aneka warni sakalangkung asri, sêmunipun sami jor-joran rêbat sae, dene para tiyang alit ing salêbêting praja, punapa ing padhusunan, saha ingkang saking liyan praja, sami kasadhiyan papan palinggihan kadi undhak-undhakan, ingkang ngajêng andhap piyambak, lajêng saya inggil-inggil, dados botên wontên tiyang ningali ingkang botên sagêd nyumêrapi sakawontênanipun ing papan sayambara. Kados punapa gawokipun

--- 895 ---

para têtiyang wau dupi nyumêrapi kathahipun para raja tuwin rajaputra, ingkang sami angêdêgi sayambara, ngantos kêdhèp têsmak pamawasipun dhatêng adining busananipun sadaya wau. Para nata punapa para putraning narendra, enggalipun para ksatriya agêng-agêng, ingkang sami ngêdêgi sayambara, sampun saèstu ksatriya ingkang kêndêl, dèrèng wontên kuciwanipun, saha prawira, sarta limrah sami sêngsêm dhatêng agami, bêkti dhatêng para dewa, mila sami mulya-mulya kaprabonipun.

Kawuningana sinuwun, ing nalika samantên para Pandhawa ugi sami lumêbêt ing papan pamiwahan, nunggil kalihan para brahmana. Ing riki sawêg waspaos anggènipun ningali kawontênanipun Prabu Drupada, têtela manawi linangkung sasamining narendra. Para brahmana, para narendra utawi sanès-sanèsipun ingkang wontên ing pambujanan wau, botên wontên ingkang botên karênan aningali solahbawanipun para sudira tuwin para juru bêksa ing Pancala, anggènipun ngatingalakên kasagêdanipun piyambak-piyambak. Dene ingkang têtela linangkung, lajêng kaganjar maspicis rajabrana sakalangkung kathah. Kawontênan makatên wau lêstantun sabên dintên salêbêtipun angêntosi dumugining dintên kêpyakipun sayambara, mila kathahipun tiyang ingkang dhatêng ing praja Pancala ngantos tanpa wicalan. Dhuh, Prabu Janamêjaya, mangka wiwitaning wiwahan, ngantos dumugi kêpyakipun sayêmbara punika gangsal wêlas dintên. Sarêng dintên ingkang kaping nêmbêlasipun, saking wiwitaning wiwahan, Dèwi Drupadi, putrinipun

--- 896 ---

Prabu Drupada, sasampunipun sêsukci tuwin angèdi busana lajêng lumêbêt ing papan pamiwahan, sang dèwi angêmban bokor kaisènan argya (ingkang limrah dados pasunggatan ingkang luhur piyambak), kalayan ngasta dhompolan sêkar. Sami sanalika wau para brahmananipun darah surya, lajêng wiwit cêthik latu sêsaji, brahmana kang sukci saha lêbda dhatêng saliring mantra wau, sasampunipun dados anggènipun angurubakên latu, lajêng angêsokakên martega sukci ing latu sêsaji. Dupi têtungguling brahmana sampun ngujupakên sêsaji ing bathara agni, sarta nyasmitani sakathahing brahmana supados angucapakên mantra, ingkang kangge sarana arjaning wiwahan, sadaya têtabuhan ingkang kaungêlakên sêsarêngan punika, lajêng kèndêl sadaya. Dhuh, nata binathara, sasampunipun kèndêl mantraning para brahmana, ingkang muji widadaning wiwahan, lajêng nyênyêt botên wontên sabawaning walang ngalisik. Sang Drêsthadyumna, ingkang swantênipun agêng, lumêbêt ing papan pamiwahan, kalayan nganthi kadangipun èstri, ingkang lajêng kèndêl wontên ing têngah-têngahing kalangan. Ing riku rajaputra Pancala lajêng ngandika sora, swaranipun gumalêgêr kadi galudhug.

--- 897 ---