Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 8

7 Agustus 1957.

Pangandikanipun Rajaputra Pancala makatên: "Dhuh, para narendra tuwin para rajaputra ingkang sami ngêmpal ing riki, suwawi dipun tingalana, ing sanginggiling panggungan punika kapasangan lesan, bundêran têngah-têngahing lesan punika dipun jêmparinga, sarana langkap saha jêmparing ingkang sampun kasadhiyakakên ing riki, anggènipun anjêmparing kêdah kenging kaping gangsal, sagêd mencok ing bundêran sadaya, mangka ingkang anjêmparing wau darahing awirya, pêkik warninipun tuwin prawira, badhe kadhaupakên kalihan sadhèrèk kula èstri, ing dintên samangke ugi, dene naminipun Krêsna."

Sasampunipun nguwuh makatên wau, Sang Drêsthadyumna lajêng mratelakakên asma naluri tuwin kalangkunganipun para ksatriya agêng-agêng, ingkang ngêdêgi sayambara, dhatêng ingkang bakayu.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus wolung dasa pitu, perangan Sayambara, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXXVIII.

SAMBÊTIPUN SAYAMBARA PARWA.

Aturipun Sang Drêsthadyumna makatên: "Dhuh, kakang bok, suwawi dipun piyarsakna anggèn kula mratelakakên asmanipun para Drêstharastra putra, ingkang lumêbêt ing sayambara, inggih punika: Sang Duryudana, Sang Durwisaha, [Durwi...]

--- 898 ---

[...saha,] Durmuka, Duspradarsana, Wiwingsati, Wikarnasaha, Dusasana, Yututsuh, Tayuwega, Sang Bhimawegarawa, Ugrayuda, Balaki, Kanakayu, Wirocana, Sukundala, Citrasena, Suwarca, Kanakadwaja, Mandaka, tuwin Sang Wayusaki, sadaya sami prajurit rata linangkung, saha dipun irit Prabu Karna piyambak. Kawuningana kakang bok, kajawi punika kathah sangêt para ksatriya agêng-agêng ngêdêgi sayambara punika, tur sadaya sami têtungguling para ksatriya. Dene Rajaputra Gandara ingkang dhatêng, inggih punika: Sang Sakuni, Sobala, Wrisaka, tuwin Wrisobala, punapadene Sang Aswatama, ingkang misuwur wasis sikêp saliring dêdamêl, tuwin Prabu Boja, ingkang busananipun anggêgirisi, ugi lumêbêt sayambara. Prabu Wrihanja, Pramanimana, Prabu Dhêndhadara, Prabu Jayatsena, Prabu Megasandi, Prabu Wirata, ngirit putranipun kalih, Sang Sangka tuwin Sang Utara, Prabu Wardasêmi, Prabu Sumsarma, saha Sang Suwasa. Sang Sucitra, Sang Sukumara, Sang Wrêka, Sang Satyadrêti, Sang Suryadwaja, Sang Rowamaha, Sang Cetrayuda, Sang Hasumana, Sang Cêkitana, Sang Srênimana, ingkang kinawasa, Sang Candrasena, ingkang linangkung putranipun Sang Samudrasena, Sang Jalasandha, Sang Widhêndha tuwin Sang Sadhêndha, Sang Sama lan sang putra, Sang Sudraka, Sang Wasudewa, kalayan putranipun Sang Bhagadata, ingkang linangkung kasêktènipun. Nata ing Kalingga Prabu Tamtaripta, saha Prabu Salya, prajurit rata sinakti narendra ing Mandraka, kalihan putranipun kang pêparap Sang Rukmanggada, tuwin Sang Rukmarata. Prabu Somangdhata,

--- 899 ---

narendra têdhak Kuru, kalihan putranipun tiga, Sang Bhuri, Sang Bhurisrawa, tuwin Sang Sala, tiga pisan wau sami prajurit rata kawasa. Sang Sudaksina, Sang Kamwoja, Sang Drêpadagwa, darah Puru, Sang Wrêhatbala, Sang Susena, Sang Sawi putranipun Sang Usinara, Sang Karna, Sang Baladewa, Sang Wasudewaputra (Krêsna), Sang Samwacarudêsna rajaputra sêkti mandraguna, putranipun Dèwi Rukmini. Putranipun Sang Prajumna, kalihan Gada, Sang Akrura, Sang Satyaki, Sang Udawa kang luhur ing buddhi, Sang Krêtawarma, putranipun Prabu Hridika, Sang Pritu, Sang Widurawa, Sang Kangka, Sang Sangku, tuwin Sang Gawesana, Sang Aslawaha, Sang Ani, Sang Samwika, Sang Sarimêjaya, Sang Watapati, ingkang ambêg prajurit, Sang Jêlli, Sang Pincaraka, Sang Wrêsinara, ingkang sura sêkti mandraguna, sadaya wau ksatriya têdhak wrêsni. Sang Bhagirata, Sang Walhika, Sang Sruhalu, prajurit rata linangkung, Sang Uluka, Sang Kethawa, Sang Citragada tuwin Sang Suwanggada, Sang Watsaraja, ingkang luhur ing buddhi. Nata ing Kosala, Sang Sisupala, saha Sang Jarasanda, ingkang sakalangkung prawira, dhuh, kakang bok, taksih kathah sangêt panunggilanipun, sadaya wau bangsa ksatriya, ingkang sumbaga ing jagad, sarta sampun ngêmpal ing riki wigatos ngêdêgi sayambara, sadaya sampun sawega badhe njêmparing lesan, mila sasampunipun angêntasi karya, kakang bok lajêng kaparênga milih, sintên ingkang dados panujuning panggalih.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus wolung

--- 900 ---

dasa wolu, perangan Sayambara, ing Adiparwa.

__________

BAB CLXXXIX.

SAMBÊTIPUN SAYAMBARA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: Para ingkang sami lumêbêt ing sayambara wau, sadaya sami nêdhêng taruna, satunggal-tunggalipun sami rumaos langkung katimbang sanès-sanèsipun, awit sami makatên kawontênaning pangraosipun, mila lajêng sêsarêngan jumênêng saking palênggahanipun, kalayan anonjong dêdamêlipun piyambak-piyambak. Sadaya sami adigung, rumaos bagus, kêndêl, luhur sangêt tuwin sugih, langkung sasami-sami, candranipun kados dirada èstri ing wukir Himawat, manawi pinuju mangsa laki. Satunggal kalihan sanèsipun sami sujana-sinujanan, tuwin ewa-ingewanan, tur sami liwung, awit kasusupan ing dewaning sih, ngantos botên wigah-wigih manguwuh sora: "Dèwi Krêsna têmtu kêna aku." Sadaya sami kemawon, ugi sami kêpengin mboyong putrinipun Prabu Drupada, mila cloroting netranipun, kados para jawata nalika ngêpang Dèwi Uma, putrinipun ratuning ardi, sadaya para ksatriya wau sami gandrung dhatêng Dèwi Krêsna, mila rêbat rumiyin andhapipun saking pêpanggungan lajêng lumêbêt ing gawar, têmah lajêng pandêng-pinandêng kalihan pasêmon ingkang botên rêna, nadyan kalihan mitranipun sinarawèdi. Nalika punika para dewa sami rawuh wontên ing papan wiwahan, kalayan wahana [wa...]

--- 901 ---

[...hana] ratanipun piyambak-piyambak, makatên ugi para pitri, para aditya, para wasu, Bhathara Aswin sakêmbaran, para swada, para maruta, dene ingkang ngajêng piyambak Bathara Kuwera, kalihan Bathara Yama, punapadene para detya, para sudarba, para naga, para rêsi kaswargan, para guhyaka, para carana, Sang Hyang Wiswawasu, Sang Hyang Narada, Sang Hyang Parwata, para têtungguling gandarwa, tuwin para apsara. Prabu Alayuda (Baladewa), tuwin Sang Janardana, sarta ratuning bangsa Wrêsni, bangsa Handaka, tuwin bangsa Yadawa, ingkang sami ngayom dhatêng Sri Krêsna, sami rawuh sadaya, wigatos angèstrèni adêging sayambara pilih. Nalika têtungguling para prajurit sinakti, têdhak Yadu. Sri Krêsna priksa para Pandhawa gangsal pisan, sami wontên ing riku, sêmunipun kawistara, manawi kêpengin ngrama Dèwi Drupadi, nanging kawontênanipun kadi dirada mêta anggêbyur talaga, ingkang kêbak ron tunjung. Sri Krêsna ngunandika salêbêting pênggalih: "Iki Pandhawa." Wasana bisik-bisik dhatêng ingkang raka Prabu Balarama [Baladewa] makatên: "Kakang prabu suwawi dipun waspadakna, punika têtela yayi Yudhisthira, Bhima, Arjuna, dene ingkang kalih punika kêmbar." Prabu Baladewa enggal tumolèh dhatêng para Pandhawa, nanging lajêng amandêng ingkang rayi malih, kalayan pasêmon sakalangkung rêna, ananging para prajurit sanès-sanèsipun, para narendra, putra, saha wayahing ratu, sadaya sami anggêgêt lathi, awit panggalihipun sami kayungyun dhatêng sang dèwi, ngantos botên kêdhèp-kêdhèp pamawasipun, mila botên priksa

--- 902 ---

dhatêng Pandhawa. Para putranipun Dèwi Kunthi, tiga pisan tuwin putranipun Dèwi Madri sakalihan, dupi priksa dhatêng Dèwi Drupadi, ugi lajêng sami kataman ing gandrung, sami kêpengin angrama sang dèwi. Ing dirgantara, jêjêl uyêl-uyêlan dening rêsi kaswargan, para sidha, para gandarwa, para supêna, para naga, para asura, sami angudanakên wêwangi. Suwantêning kêndhang gong bèri, umyung mawurahan, sakèndêlipun têtabuhan wau, lamat-lamat mirêng swara sasatining para dewa, ingkang binarung swaraning suling tuwin kêndhang. Rataning dewa ngantos botên sagêd mandhap, awit saking kathahipun tiyang ningali, para raja tuwin para rajaputra, kados ta Prabu Karna, Sang Duryudana, Sang Salwa, Sang Salya, Sang Aswatama, Sang Krata, Sang Sunita, Sang Wakra, inggih punika ratu ing praja Kalingga, tuwin ing praja Bangga. Sang Pandya, Sang Pundratarita ing Widêha, ratuning bangsa Yawana, tuwin putra wayahing narendra pintên-pintên, sami gêntos-gêntos ngatingalakên kalangkunganipun, pangangkahipun dadosa sarana pinilih dhatêng Sang Putri Pancala, ingkang endah ing warni tanpa timbang ing jagad. Ananging para nata tuwin putra wayahing narendra, ingkang sami ajêjamang, kêlangkung,kêkalung gêgêlang tuwin sapanunggilanipun malih, nadyan otot balunging baunipun katingal santosa-santosa, ewadene botên wontên kuwawi mênthang langkap agêng ingkang gêgirisi kiyatipun punika. Sawênèh wontên kalihan anggêgêt waja, lathi sarta ngêdên anggènipun nêdya ngathok karosanipun, ewadene ngantos kalêmpêr mêksa

--- 903 ---

botên kuwawi. Sawênèh wontên saking sruning pangèdinipun, ngantos jamang, kêlatbau, tuwin sangsanganipun sami rontok, napasipun mêlar mingkus, inggih botên kongankongang amênthang, mila dêrênging pangajêng-ajêng badhe mboyong sang dèwi saya suda-suda, ing batos osik gêtun dene nglêboni sayambara. Para ksatriya agêng-agêng wau têlas pangajêng-ajêngipun andarbe sang rêtna, ngantos kawistara pasêmonipun sami santun, ing batos sangêt wirang, tuwin angonggo-onggo. Kawuningana sinuwun, dupi Sang Karna priksa, bilih para ksatriya ingkang sampun sami lumêbêt ing gawar wau sami kacipuhan anggènipun badhe mênthang, nanging botên kuwawi, Sang Karna enggal lumêbêt ing gawar, langkap kaasta, lajêng kapanthang wêkasan kapasangan jêmparing. Kawuwusa para Pandhawa, dupi priksa bilih Sang Karna, putranipun Bathara Surya, ingkang kagolong bangsa Suta, ingkang cahyanipun kadi srêngenge utawi rêmbulan, sampun kuwawi mênthang langkap, saha lajêng ngincêng lesanipun, sami sanalika wau sampun rumaos, bilih lesanipun sampun kataman jêmparing, lajêng dhawah ing siti. Nanging Dèwi Drupadi, dupi priksa, bilih ingkang kawawa mênthang langkap wau Prabu Karna, lajêng manguwuh sora makatên: "Kula botên badhe milih semah, priya darah Suta." Prabu Karna enggal mbucal langkap ingkang kapasangan jêmparing wau, kalayan mèsêm, nanging ing batos sakalangkung lingsêm, tumênga manginggil amandêng srêngenge, lajêng mêdal saking gawar.

Dupi para nata tuwin rajaputra sampun botên

--- 904 ---

wontên ingkang nglêbêti ing gawar malih, Sang Sisupala ratu ing praja Cèdi, prajurit pilih tandhing ing prang, putranipun Prabu Domadosa, lajêng lumêbêt ing gawar, ananging ugi botên kuwawi amênthang. Saking sruning anggènipun ngêthok karosan, sang prabu ngantos dhawah jèngkèng. Ing nalika wau Prabu Jarasanda, ingkang sêkti mandraguna, saha gung luhur kadi prabata, lajêng lumêbêt ing gawar, kalihan mandêng langkap gora wau. Dupi sampun cêkap langkap kaasta lajêng kapênthang, nanging ugi ngantos dhawah botên kuwawi, mila lajêng mêdal saking gawar, kundur dhatêng prajanipun piyambak. Kawuwusa Prabu Salya, narendra ing Madraka, ingkang misuwur prajurit linangkung, inggih nyobi mênthang, nanging ugi botên kuwawi. Ing nalika samantên para ksatriya rame sami ngrêmbag dene dèrèng wontên ingkang sagêd mênthang, ing riku Sang Jisnu putranipun Dèwi Kunthi, têtungguling para prajurit, osik badhe lumêbêt ing gawar."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus wolung dasa sanga, perangan Sayambara, ing Adiparwa.

__________

BAB CXC.

SAMBÊTIPUN SAYAMBARA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi para narendra têtela botên wontên kuwawi mênthang, Sang Jisnu, ingkang lênggah nunggil para brahmana, lajêng jumênêng lumêbêt ing gawar. Sarêng para brahmana

--- 905 ---

agêng-agêng priksa Sang Arjuna, ingkang pasuryanipun mancorong kadi Bathara Indra, punika marêpêki dununging langkap, lajêng sami lukar singêbipun ingkang saking wacucal sangsam, kalayan manguwuh sora, suraos mratelakakên botên rêna panggalihipun ningali lêkasipun brahmana nem-neman, ingkang lumêbêt ing gawar punika, nanging kosok wangsulipun ugi pintên-pintên ingkang mangayubagya, wontên sawênèhing brahmana lêpasing buddhi cariyos dhatêng prikancanipun, pangandikanipun makatên: "Sadhèrèk, suwawi dipun raosna, kados pundi têka brahmana nem-neman punika, badhe mênthang langkap ingkang samantên agêngipun tuwin kiyatipun, brahmana têmtu botên nate sikêp dêdamêl, dados têmtu botên darbe karosan, mangka Prabu Salya, ingkang misuwur ing jagad tuwin sapanunggilanipun malih, ingkang sami sura sêkti, parigêl sikêp dêdamêl kemawon sampun botên kuwawi, gèk kados punapa para ksatriya punika anggènipun sami anggujêng dhatêng para brahmana ingkang sami wontên ing riki, manawi lare nèm-nèm punika mbalenjani, dados têtela manawi anggènipun kumaki lumêbêt ing kalangan punika amung saking kapirare, mila suwawi dipun èngêtna mupung dèrèng kalajêng anggêpok langkap, awit têtela manawi saking ambêg adigung, limrah wataking ênèm."

Wangsulanipun ingkang dipun ajak wiraosan makatên: "Sampun sumêlang, kula para brahmana sadaya tamtu botên badhe dipun gêgujêng, sarta kacêcamah, punapadene para nata botên badhe mêngku bêbêndu."

--- 906 ---

Sanèsipun nyambêti wicantên makatên: "Lare brêgas, ingkang badanipun gilig, sarta lêngênipun ngantos kadi tlalening dirada punika, bok bilih ngêntasi damêl, suwawi dipun tingalana bahu tuwin sukunipun katingal santosa, manahipun kawistara manawi têtêg, lampahipun lêngkèh-lêngkèh kadi singa tuwin katingal sarèh botên daya-daya, dados kula andugi manawi punika tiyang kêndêl tuwin sakti. Manawi botên makatên, punapa brahmana kadugi lumêbêt ing sayambara makatên, langkung malih sadhèrèk, ngèngêtana, satribawana punika botên wontên pakaryan ingkang botên rampung kagarap ing brahmana, nadyan para brahmana nyirik têtêdhan warni-warni, ingkang katêdha namung woh-wohan tuwin hawa, amung ngangkah têtêpipun dhatêng sasanggêman, ngantos badanipun sakalangkung kêra, ewadene awis wontên brahmana kacamah ing tiyang, nadyan lêrês punapa lêpat lêkasipun, ngwontênakên nugraha punapa kasusahan, karantên tiyang-tiyang sampun pitados bilih brahmana têmtu sagêd angêntasi damêl. Rêsi Rama putranipun Rêsi Jamadagni, sagêd unggul mêngsah ksatriya sajagad. Rêsi Agastiya, sarana kasêktèning brahmana, panjênênganipun sagêd kalampahan ngunjuk toyaning samodra satêlasipun, mila prayogi lare punika kalajur kemawon, dados kasumêrapan."

Brahmana ingkang kathah-kathah sami nayogyani, kalihan manguwuh: "Lêrês, sadhèrèk, lêrês." Dene ingkang botên condong taksih sami tarosan, nanging Sang Arjuna, enggal marêpêgi langkap sayambara. Dupi sampun cêlak

--- 907 ---

Sang Arjuna kèndêl, anjêngêr kadi tugu pamandêngipun dhatêng langkap agêng punika. Sarêng sampun sawatawis dangu pamawasipun, langkap lajêng dipun ubêngi kalihan tumênga ing awang-awang, tujuning karsa ngèsthi Bathara Isana, tuwin Dèwi Krêsna. Saparipurnaning pangèsthi Sang Arjuna, têtungguling para sêkti, ingkang prasasat. Bathara Wisnu ngejawantah, enggal mênthang langkap wau kalihan sakeca kemawon, ing mangka Sang Rukma, Sang Sunita, Sang Wakra, Sang Rajaputra, Sang Duryudana, Sang Salya, tuwin para narendra sanès-sanèsipun, ingkang têtela sami lêbda sikêp saliring dêdamêl, sami botên kuwawi mênthang, nadyan Sang Karna sagêd, ewadene inggih taksih katingal mathènthèng. Sasampunipun kapênthang enggal kapasangan jêmparing, sarta kasipatakên ing lesan sanginggiling panggungan, ngantos rambah kaping sêkawan lêstantun kenging lesanipun, dene kaping gangsalipun lesan dhawah ing siti. Sami sanalika wau ing gêgana kapirêng swaraning surak mawurahan, punapadene ing dharatan, tiyang-tiyang ingkang ningali ugi lajêng surak kêplok ambal-ambalan. Para dewa sami ngudanakên sêkar, para brahmana ingkang kathahipun maèwu-èwu, sami suka amrawata suta, kalihan angobat-abitakên rêrimongipun. Dene para narendra ingkang nêmaha lumêbêt sayambara, nanging botên angsal damêl, sami ambêkuh, rumaos lingsêm tuwin mèri. Para pujangga sami nglingga murda sang angêntasi karya, sarana ngidung ingkang swaranipun angayut-anyut.anganyut-anyut Prabu Drupada, pangrurahing satru sêkti langkung suka panggalihipun, awit

--- 908 ---

priksa manawi ingkang mimba brahmana punika Sang Arjuna, osiking panggalih, samangsa wontên kala mangsa ingkang wigati, sang prabu kadugi ambiyantu karsanipun para Pandhawa. Swaraning tiyang saya dangu saya rame, Sang Yudhisthira, pêpêthinganing para ambêg utama enggal nilar pasamuan, kundur dhatêng pamondhokan, kadhèrèkakên sang kêmbar. Dèwi Krêsna sakalangkung bingah ningali dhawahing lesan wontên ing siti, saha priksa dene ingkang ngêntasi karya wau suwarninipun kadi Bathara Indra ngejawantah, sang dèwi enggal marêpêki Risang Prita putra kalayan ambêkta pangagêman sarwa pêthak, sarta sangsangan uncèn-uncèn sêkar. Sang Arjuna, sasampunipun ngrampungakên sayambara, nampèni Dèwi Drudadi,Drupadi lajêng dipun nugrahani para brahmana, sarta mêdal saking gawar kadhèrèkakên Dèwi Krêsna, ingkang sampun dados garwanipun.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sangang dasa, perangan Sayambara, ing Adiparwa.

__________

BAB CXCI.

SAMBÊTIPUN SAYAMBARA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Rikala Prabu Drupada ngandika, dene sang prabu karsa nampèkakên putrinipun dhatêng brahmana nem-neman ingkang sagêd nêtêpi sasuraosing sayambara, para narendra tuwin para rajaputra ingkang sami angêdêki sayambara

--- 909 ---

lajêng pandêng-pinandêng, sarta sami jaja bang mawinga-winga, malah sawênèh wontên ingkang ngandika makatên: "Para ksatriya ingkang sami ngêmpal ing riki, Prabu Drupada babar pisan botên ngèngêti dhatêng para ksatriya, dipun anggêp uwuh kemawon, putrinipun kang têtela musthikaning wadon punika badhe dipun trimakakên dhatêng brahmana, kadospundi kajêngipun Prabu Drupada, dene sarêng anggènipun nanêm wiwitan sampun mangsanipun nguwoh, lajêng dipun têgor piyambak, têtela pun candhala buddhi Prabu Drupada, nyamah dhatêng para narendra sadaya punika, mila suwawi dipun sirnakakên kemawon. Prabu Drupada botên pantês dipun aji-aji, nadyan ratu sêpuh, Prabu Drupada têtela awon gêdhohanipun, têka purun nyênyamah dhatêng sasami-sami. Suwawi Prabu Drupada dalah saanak-anakipun lajêng dipun rampungi kemawon. Para narendra dhatêngipun ing riki awit dipun ulêmi, sarêng sampun kasêgah têmah lajêng dipun wirang-wirangakên, punapa ngêmpalipun para narendra tuwin para rajaputra punika botên sami kalayan para jawata manawi pinuju parêpatan, ewadene satunggal kemawon botên wontên ratu ingkang dipun anggêp sami kalayan badanipun. Wedha mungêl ingkang sampun kasumêrêpan ing kathah, manawi sayambara punika namung dados wêwênanging ksatriya. Brahmana botên dipun wênangakên lumêbêt ing sayambara pilih, ingkang dipun wontênakên dening putrining ksatriya. Dhuh, dhuh para ksatriya agêng-agêng, manawi putrinipun Prabu Drupada botên purun milih para ksatriya ingkang

--- 910 ---

sampun wontên ing riki punika salah satunggal, sampun sami kundur dhatêng prajanipun piyambak, manawi praja Pancala dalah ratu tuwin putra-putranipun dèrèng dados karang abang. Dene brahmana ingkang sagêd anêtêpi sayambara manawi ngalang-alangi karsanipun para ratu punika, sampun ngantos dipun pêjahi, awit bokbilih anggènipun makatên wau amung badhe damêl bingahing liyan, utawi kapengin pisungsung, sarta sajatosipun nagari, gêsang, pèni-pèni rajapèni, putra wayah saha raja darbèking. Narendra punika kêdah kapirantosakên wontên wasesaning brahmana. Samangke prayogi dipun rêmbag kadospundi sakecanipun, murih têmbe sampun ngantos wontên kalingsêman makatên punika, sarta anêtêpakên kêwajibanipun satunggal-tunggaling bangsa, dados manawi wontên sayambara malih lajêng botên wontên lêlampahan ingkang nyêrikakên manah."

Para raja wau sasampunipun rampung pangrêmbagipun, lajêng sami ngrêgêm dêdamêlipun piyambak-piyambak, têrus angêbyuki Prabu Drupada, badhe kasirnakakên ing dintên punika ugi. Dupi Prabu Drupada priksa bilih para ratu sangêt mangigit-igit dhatêng sariranipun, sarta sampun sawega dêdamêl, ing batos sangêt sumêlang, mila lajêng nyuwun pangayomanipun para brahmana. Prajurit jêmparing kinawasa inggih Sang Bhima tuwin Sang Arjuna, pangrurahing satru sêkti, lajêng majêng nanggulangi para ratu ingkang sami nêdya angêbyuki Prabu Drupada, sakalihanipun Sang Arjuna, sarta Sang Bhima enggal sawega

--- 911 ---

ing ayuda. Dupi para ratu priksa bilih Sang Bhima tuwin Sang Arjuna ingkang namur brahmana, katingal majêng nêdya ngaling-alingi Prabu Drupada, para ratu wau botên saèstu nêmpuh Prabu Drupada, nanging lajêng nêmpuh sang pindha brahmana kalayan noncongakên dêdamêlipun. Sang Bhima ingkang sêkti mandraguna, tandangipun anggêgirisi, sarta pangwasanipun kadi bêlêdhèg, enggal mbêdhol mandera agêng, kadi solahing dirada mêta, sasampunipun pangipun sinêmpalan, kajêng kapundhi kadidene gada, jumênêng sacêlakipun kang rayi, tiningalan saking mandrawa Sang Bhima katingal kadi Bathara Yama amandi gadanipun. Sang Arjuna ingkang sadu buddhi, sangêt eram, mriksani tandangipun ingkang raka, mila lajêng ngasta langkap pinasangan jêmparing, pirantos nadhahi pamuking mêngsahipun. Sang Sadamodara ingkang wicaksana saha kêkêndêlanipun sampun tanpa upami, dupi priksa tandangipun sang mindha brahmana kalih pisan wau, lajêng matur dhatêng kang raka Sang Alayuda [Baladewa], ingkang sêkti mandraguna, makatên: "Kawuningana kakang prabu, prajurit linangkung ingkang tandangipun kadi singa mangsa daging, sarta ngiwa langkap panjangipun sakawan dhêpa, punika têtela manawi Arjuna, dhuh, kakang mas Sangkarsana, manawi sanès, kula sampun dipun wastani Wasudewaputra, dene satunggalipun ingkang mbêdhol kajêng punika pun Wrêkudara, awit wêkdal punika sanèsipun Wrêkudara botên wontên prajurit ingkang makatên gagah prakosanipun. Dhuh, asuta, dene tiyang nem-neman mangangge cara

--- 912 ---

brahmana, netranipun bundêr kadi ron tunjung, dêdêgipun lêncir, lampahipun kadi singa kaluwèn, solahbawanipun sarwa prasaja, nanging warninipun pêkik, irungipun bangir, ingkang sawêg kesah kemawon, punika pun Dharmaputra dene tiyang nem-neman kêkalih ingkang suwarninipun kadi Sang Kartikeya, lumampah ing wingkingipun Yudhisthira punika tamtu kêmbar. UjarangingUjaring pawartos, para Pandhawa dalah ibunipun, sami botên kasangsaya dening kabêsminipun suyasa ingkang linepa ing gandarukêm punika."

Dupi Prabu Baladewa ingkang pasuryanipun ambaranang abrit kadi mega kasorotan ing surya ngajêngakên sêrap, punika mirêng aturing rayi makatên wau, sakalangkung suka amrawata suta, wasana ngandika makatên: "Yayi, sira têmtu ora kakilapan, yèn pamujine raka para kabèh padha nêmua basuki, mula kaya apa bungahe pun kakang barêng yayi, mratelakake, yèn ibu Dèwi Prita, kadange wadon kangjêng rama prabu, sapara putrane, kang têtela têtungguling darah Kuru, bisa uncat saka bêbaya gêdhe iku."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sangang dasa satunggal, perangan Sayambara, ing Adiparwa.

__________

BAB CXCII.

SAMBÊTIPUN SAYAMBARA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Rikala samantên para têtungguling brahmana sami lukar

--- 913 ---

singêpipun ingkang saking wacucaling sangsam, sarta nyèlèhakên bêrukipun wadhah toya, kalayan nguwuh makatên: "Sampun sumêlang ing galih, kula ingkang mapagakên para ratu punika." Sang Arjuna lajêng mangsuli pangandika kalihan sêmu mèsêm makatên: "Sampun sami tumut-tumut, kapirsanana kemawon, anggèn kula mapagakên mêngsah. Para ratu punika badhe kula undurakên sarana dhawahing jêmparing kula ingkang bedhoripun mingis-mingis, ampuh kadi sarpa mandi." Sasampunipun ngandika makatên, Sang Arjuna ingkang pilih tandhing ing prang, lajêng ngasta langkap agêng ingkang kangge sayambara, dene Sang Bhima jumênêng sawingkingipun ingkang rayi botên ebah mosik, mêgêr-mêgêr kadi tugu binusanan, nanging dupi para ksatriya ingkang tinindhihan Prabu Karna punika katingal botên tata ajêngipun, sang mindha brahmana sakalihan wau tanpa ringa-ringa anggènipun nglêbêti barising mêngsahipun, candranipun kadi dirada kalih nêmpuh golonganing dirada mêngsahipun. Para ratu ingkang sami angajab enggalipun campuh, punika sami sora manguwuh: "Matèni brahmana kang mêtoni prang iku ora dosa." Dupi para ksatriya midhangêt swara makatên wau, lajêng botên sêmang-sêmang nêmpuhipun dhatêng para brahmana.

Dhuh, sinuwun, Prabu Karna kapapakakên dening Sang Arjuna, Prabu Salya narendra ing Madraka, ingkang kinawasa, tandhing kalihan Sang Bhima, campuhipun Sang Bhima kalihan Prabu Salya sakalangkung rame, ngantos kadi dirada jalêr kalih rêbatan pawèstri, dene Sang Duryudana [Dur...]

--- 914 ---

[...yudana] saha narendra sanès-sanèsipun, lajêng campuh kalihan para brahmana. Prang wau botên ngantos dangu sarta botên tata. Dupi Sang Arjuna priksa dhatêng Sang Wikarnaputra, enggal mênthang langkap anglêpasi jêmparing, sêru sarta ampuhing jêmparing ingkang pinantran, punika dhumawahipun anjalari lumpuhipun Prabu Karna, kantaka dhawah ing siti. Nanging botên ngantos dangu Sang Radeya èngêt malih, lajêng ngancap dhatêng Sang Arjuna, kanthi gênging pangatos-atos. Sang Karna punapa Sang Arjuna têtela sami prajurit linangkung, awit saking anggènipun ngangkah ungguling prangipun, ngantos riwut tandangipun. Kalih-kalihipun sami ngatingalakên kaprigêlanipun, sami ngêdalakên pangabaran, saha jawah-jinawahan jêmparing, saking kathahing jêmparing, sang ayuda kalih ngantos botên katingalan. "Mara tontonên karosaning bauningsun, mara dulunên nggon ingsun nadhahi." Makatên wau swara ingkang tansah kawiyos saking tutukipun prajurit linangkung kalih-kalihipun wau. Dupi Sang Karna, putranipun Bathara Surya, priksa kasêktèning mêngsahipun, ingkang têtela salumahing bumi, pilih ingkang sagêd animbangi, botên kêndhak kanêpsonipun, malah saya angalat-alat, ngêtok kasudiran, sarta ambêkik-bêkik anggènipun nangkis jêmparingipun mêngsah ingkang nibani. Tandangipun Prabu Karna nyata anggêgirisi, mila tansah sinurakan dhatêng para ksatriya. Sang Karna manguwuh mêngsahipun: "He, prajuriting brahmana, bangêt suka pênggalih ingsun mêruhi karosaning lêngênira, kang sêmune ora bisa suda kakiyatane, [kaki...]

--- 915 ---

[...yatane,] kanggo ngadoni prang, dadi patut lan kaananing gêgamanira sarta pantês yèn sira anggo ngupaya suwur. Hèh, brahmana prajurit, apa sira maujude kawruh panduke gêgaman, apa sira Bathara Indra, apa Sang Hyang Wisnu, kang pêparap Sang Asuta, ngejawantah ana ing marcapada, maujud brahmana, sura sêkti mandraguna, prêlu dianggo tandhinging prang ingsun, awit ora ana manusa kang kuwat nadhahi krodhaningsun ana ing palagan, yèn ora ratuning dewa, garwane Dèwi Kaci, utawa Kiritin [Arjuna], iya Pandhuputra."

Wangsulanipun Sang Arjuna: "He, Karna, aku dudu maujude kawruh olah gêgaman utawa dudu Rama Parashu, kang kaprawirane ngungkuli ksatriya sajagad. Wruhanamu, aku brahmana, kang minangka têtungguling para olah gêgaman, aku siswane guruku kang kinasih, mula bisa nandukake gamane brahma lan purandara, dene têkaku ing kene iki, prêlu arêp nyêkêl kowe, hèh prajurit linuwih, êntènana sadhela."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Rikala Prabu Karna midhangêt wangsulanipun Sang Arjuna makatên wau, enggal angoncati, awit prajurit linangkung wau priksa, manawi kasêktèning brahmana botên sagêd kasoran dening kasêktèning ksatriya. Kawuningana Sang Bhima, ingkang tandhing kalihan Prabu Salya, kalih-kalihipun sami wasis prang tandhing, sakalangkung santosa, tuwin pancèn parigêl sikêp dêdamêl, rame sami dêdêr-dinêdêr, jêjak-jinêjak, larak-linarak, lajêng dhêsuk-dhinêsuk,

--- 916 ---

gêntos banting-binanting, sarta lajêng goco-ginoco. Dhawahing asta wontên sariraning mêngsah sami nywara sora, kadi swaraning sela itêm kaabên lan sela itêm. Swara makatên wau botên wontên kèndêlipun, namung sabên-sabên kasêlan swara pambêkuhipun kang tandhing yuda. Dupi sampun sawatawis dangu botên wontên ingkang kalindhih, Sang Bhima, têtungguling darah Kuru, lajêng angumbulakên Prabu Salya, sigra sinawatakên dhawah têbih. Kados punapa gawokipun Sang Wrêkudara, aningali kaprawiranipun Prabu Salya, dene sapintên sêruning pambantingipun, botên mantra-mantra adamêl kêndhoning tandangipun. Têtela manawi Prabu Salya botên karaos sakit. Kawuningana sinuwun, para narendra miwah para rajaputra sadaya, punika dupi priksa manawi Prabu Salya dhawah ngantos têbih, sarta Prabu Karna katingal ngêdhap panggalihipun, lajêng sami wayang-wuyungan, têmah lajêng wontên ingkang ngandika makatên: "Brahmana prajurit punika têtela linangkung, mila suwawi sami dipun parêpêki, lajêng dipun pitakèni, piyambakipun punika darahipun sintên tuwin saking pundi pinangkanipun. Jêngandika priksa sintên ingkang kuwawi tandhing prang kalihan Sang Karna, manawi sanès Rama Parashu, Rêsi Drona, utawi Sang Kiritin, panêngah Pandhawa, punapa Rêsi Krêpa, putranipun Sang Saradwata, tuwin malih sintên ingkang satimbang lan Prabu Salya, manawi sanès pêpêthinganing ratu prajurit Sang Baladewa utawi Pandhuputra panênggak, tuwin Sang Duryudana, mila suwawi sami kèndêl rumiyin, anggèn kula

--- 917 ---

purun lumawan brahmana wau, awit saking brahmana kalih punika dhapur nyênyamah para ksatriya, ewadene wajibipun inggih kêdah taksih dipun rêksa. Kados langkung prayogi dipun satitèkakên kemawon rumiyin, sintên nama tuwin pundi pinangkanipun, dados nadyan dipun tandhingi malih, punika nama sampun botên kuciwa."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi Sri Krêsna priksa solahbawanipun prajurit kalih wau, ing batos lajêng namtokakên, bilih brahmana kalih ingkang mapagakên para ksatriya agêng-agêng punika putranipun Dèwi Kunthi, mila lajêng pratela dhatêng para ksatriya agêng-agêng wau, aris wêdaling pangandika makatên: "Dhuh, para narendra agêng-agêng ingkang samangke sami wontên ing riki, miturut wêwatoning sayambara, Brahmana kalih punika ingkang wajib boyong putri." Pangandikanipun Sri Krêsna makatên wau saya mimbuhi kêndhonipun dêrênging para ksatriya sadaya wau, anggènipun nêdya ngrabasa sang pindha brahmana, têmahan lajêng sami bêbodholan mêdal saking kitha, nadyan sadaya wau sami ratu prajurit, ingkang lêbda dhatêng gêlaring yuda. Têtiyang ingkang sami ningali inggih lajêng bibaran, mantuk dhatêng griyanipun piyambak-piyambak. Wontên ing margi sami rêraosan makatên: "Sayambara iki kang mênang brahmana, dadi sêkaring kêdhaton Pancala iku karabi ing brahmana." Dene Sang Bhima punapa Sang Arjuna taksih rinampa-rampa ing para brahmana ingkang sami arêrimong wacucaling sangsam tuwin sato sanès-sanèsipun

--- 918 ---

malih. Saking kathahipun brahmana ingkang sami ngrêrampa wau, Sang Arjuna kalayan ingkang raka ngantos botên sagêd lumampah. Nanging botên watawis dangu, Sang Bhima tuwin Sang Arjuna sagêd nilapakên para ingkang sami nguyun-uyun, kalihan angirit Dèwi Krêsna. Sang putri sumorot kadi wulan purnama, dene ksatriya kalih wau kadi srêngenge kêmbar, mêdal saking mêndhung.

Rikala punika Dèwi Kunthi karaos sumêlang ing galih, dene para putranipun sampun lungse saking padatan, mêksa dèrèng sami wangsul, saking anggènipun papariman, punapa kasandhung pakèwêt, warni-warni panglocitanipun sang dèwi, ingkang rumiyin ngintên, bilih kasumêrapan têlikipun Risang Drêtarastra, lajêng dipun sirnakakên pisan, utawi kamangsa ing raksasa sinakti. Pangudaraosipun sang dèwi makatên: "Apa Sang Maharsi Wiyasa kakilapan, dene ing nguni ngandika marang para putraningsun, supaya padha marang praja Pancala." Botên sampun-sampun sang dèwi anggènipun nggalih dhatêng para putranipun, nanging sarêng wanci sêrap surya Sang Jishnu dhatêng ing pamondhokan, griyanipun tukang damêl grabah, kalihan kaayap ing brahmana pintên-pintên, mila sang dèwi lêjar panggalihipun, candranipun kadi surya ambabar prabanipun, ingkang sampun dangu kasasaban ing mêndhung mangsa rêndhêng.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus sangang dasa kalih, perangan Sayambara, ing Adiparwa.

__________

--- 919 ---

BAB CXCIII.

SAMBÊTIPUN SAYAMBARA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sadumugining pondhokan, para putranipun Dèwi Prita, ingkang misuwur ing jagad, lajêng marêk ingkang ibu, wigatos masrahakên Dèwi Yajnasêni, nanging Dèwi Kunthi nalika samantên taksih wontên ing sênthong, dados botên priksa bilih ingkang kaaturakên para putra, angsal-angsalipun anggènipun sami papariman punika putri Pancala, kagalih kados padatan, inggih punika dhêdhaharan, mila sang dèwi lajêng mangsuli pangandika makatên: "Olèh-olèhane anggonira padha papariman iya padha bagenên karo kadangira karo sênênging ati."

Sasampunipun ngandika makatên wau, sang dèwi lajêng miyos saking sênthong, ing riku sawêg priksa manawi ingkang kaaturakên angsal-angsalan anggènipun papariman wau Dèwi Drupadi, mila lajêng ngandika malih: "O, katiwasan, gèk aku mau ngucap apa?" Kuwatos sang dèwi manawi kenging dosa, mila kèndêl sawatawis, ing batos ngunandika, kadospundi sagêdipun kalis ing dosa, ingkang tuwuh saking pangandikanipun dhatêng para putra wau, wasana sang dèwi lajêng anganthi Dèwi Krêsna, nyêlaki Sang Yudhisthira kalihan mèsêm. Dupi sampun cêlak Dèwi Kunthi ngandika: "Wruhanamu kulup, iki mau kadangira Si Jishnu têka karo masrahake putrine Prabu Yajnasena, nanging anggone tutur olèh-olèhane anggone padha papariman,

--- 920 ---

ora ingsun titi priksa dhisik, mung nuli dak wangsuli kaya padatan bae, iya ênggèr, olèh-olèhane anggonmu padha papariman padha bagenên karo sênênge ati. Dhuh, pêpêthinganing bangsa Kuru, ingsun njaluk pamrayoga kapriye bisane ora cidra ucapku mau, sarta putrine Nata Pancala ora kalepetan dosa, lan ora rusak atine."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Yudhisthira kang limpat ing buddhi, sudira ing ranangga, têtungguling darah Kuru, dupi dipun pangandikani ingkang ibu makatên wau, lajêng kagagas salêbêting panggalih, wasana anglipur Sang Dèwi Kunthi, ingkang ibu, sarana ngandika dhatêng ingkang rayi makatên: "Yayi Palguna, kang olèh sayambara iki sira, dadi sira kang wênang darbe Dèwi Yajnasèni iki, dhuh kadangipun kakang, pangrurahe satru sêkti, enggal cêthika gêni sukci, kanggo miwaha dhaupira lan Dèwi Krêsna, anut sawarahing agama."

Atur wangsulanipun Sang Arjuna: "Dhuh, kakang mas, mugi kula sampun kadhawahan tumut nglampahi dosa. Pangandikanipun kakang mas wau, upami kula èstokakên, kula têtêp murang kautamèn, têtêp lampahipun tiyang dosa, turutipun kakang mas ingkang krama rumiyin, lajêng kakang mas Bhimasena, kula, yayi Nakula, yayi Sahadewa, ingkang kantun piyambak. Dhuh, kadang kula pambajêng, kakang mas Bhima, kula, yayi kêmbar, punapadene putri Pancala, sami ngêntosi timbalanipun kakang mas, mila sasampunipun kagalih kadospundi prayoginipun, lajêng dipun

--- 921 ---

dhawuhna, murih turut kalihan kautamèn, wasana andamêl misuwur saha karênaning panggalihipun nata ing Pancala. Ewadene kakang mas, kula dalah kakang mas Bhima tuwin yayi kêmbar, amung badhe ngèstokakên dhawuhipun kakang mas kemawon."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sakèndêlipun aturipun Sang Arjuna dhatêng ingkang raka Prabu Yudhisthira, para Pandhawa lajêng sami maspadakakên dhatêng putri Pancala, makatên ugi sang putri ugi mriksani dhatêng para Pandhawa, dados lajêng sami pandêng-pinandêng, têmahan ing sanalika wau para Pandhawa panggalihipun sami kapandukan ing jêmparingipun dewaning sih ingkang raosipun kados rinujit-rujit.

Dèwi Krêsna punika sangêt sulistya ing warni, awit saking karsanipun Sang Bathara Kawêkas, anggènipun amangun warnanipun sang dèwi punika pancèn dipun angkah kangge piridan kaendahanipun putri sajagad, mila salumahing bantala sakurêbing akasa, botên wontên wanita ingkang nimbangi sulistyaning warninipun sang dèwi, sarta botên wontên priya ingkang botên kagiwang manahipun, sabên pandêng-pinandêng kalihan putrinipun Prabu Drupada wau.

Sang Yudhisthira, putranipun Dèwi Kunthi ingkang pambajêng, ngliring para ari sadaya, ingkang wêkasanipun lajêng priksa kadospundi raosing panggalihipun para ari wau. Têmahan èngêt dhatêng pangandikanipun ingkang eyang Sang Maharsi Wiyasa Krêsna, Dwipayana. Sang Yudhisthira [Yu...]

--- 922 ---

[...dhisthira] ing galih anêmtokakên mênawi badhe dados dadakan pasulayaning para kadang, mênawi botên ngèstokakên dhawuhipun ingkang eyang, mila lajêng ngandika dhatêng para ari makatên: "Dèwi Drupadi kang endah ing warna iki, prayoga dadi garwane Pandhawa lima."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sarêng Pandhuputra mirêng dhawuhipun ingkang raka pambajêng makatên wau lajêng sami anggagas ing salêbêting panggalih kalihan raos sakalangkung bingah.

Gêntos kocapa, Sri Krêsna pêpêthinganing bangsa Wrêsni, sarêng ing batos sampun anêmtokakên bilih brahmana nem-neman gangsal, ingkang manjing ing pasamuaning sayambara punika, para Pandhawa, mila lajêng ngodhol saking katêbihan, sarta lajêng lumêbêt ing griyanipun tukang damêl grabah, pondhokanipun para Pandhawa, sêsarêngan kalihan ingkang raka Sang Balarama, putranipun Dèwi Rohini. Sarêng lumêbêt ing griya, Sri Krêsna priksa Sang Ajatasatru ingkang limpat ing buddhi sarta panjang baunipun, punika lênggah kaadhêp para ari, cahyanipun mancorong kados latu sêsaji, enggal dipun prêpêki sarta lajêng nyablèk sampeyanipun Sang Yudhisthira kalihan ngandika: "Kula Krêsna."§ Sri Krêsna punika kadang pêrnah sakdhèrèk kalihan para Pritaputra, sarta awunipun langkung sêpuh, nanging yuswanipun Sang Yudhisthira langkung sêpuh, mila tandhaning pangadi-adi, mawi nyêblèk sampeyanipun. Dene Sang Baladewa ugi lajêng nyêlaki kalihan pasêmon ingkang sakalangkung bingah.

Dhuh Prabu Janamêjaya, senapatining bangsa Andaka sakalihan wau ugi lajêng ngaras padanipun Dèwi Kunthi, (rayinipun ingkang rama), dene Sang Ajatasatru, lajêng

--- 923 ---

nungsung pawartos karaharjanipun ingkang raka sakalihan wasana lajêng matur dhatêng Sri Krêsna makatên: "Kula dalah para ari sami anamur brahmana, kadospundi dene kakang mas botên sami pangling dhatêng Pandhawa?" Sri Krêsna mangsuli pangandika kalihan mèsêm: "Dhuh yayi Ajatasatru, latu punika sanajan dipun sasabi, bêntèripun saèstu taksih ngawistarani. Sanèsipun Pandhawa gèk sintên malih tiyang ingkang makatên kasêktènipun. Dhuh pangrurahing satru, têtelanipun para Pandhawa agêng kabêkjanipun, dene sagêd oncat saking bêbaya latu ing Waranawata, inggih amung saking agênging kabêkjan, dene piawonipun Dêstrarastraputra dalah srayanipun botên sagêd ngrisak Pandhawa. Pamuji kula mugi Pandhawa manggiha kamulyan sarta anulada latu ing salêbêting guwa, urubipun saya ndados mrèmèn dumugi ing pundi-pundi, nanging botên kasumêrêpan pinangkanipun. Kula lajêng kaparênga amadal pasilan, badhe lajêng wangsul ing tarub wangunan, sumêlanging manah kula bokmanawi badhe dados jalaranipun para ratu priksa dhatêng para ari Pandhawa."

Sasampunipun puji-pinuji raharjaning lampah Sri Krêsna kalihan Sang Baladewa, lajêng nilar Pandhawa, ingkang sami mondhok ing griyanipun tukang damêl grabah.

Dumugi samantên wêkasanipun bab ingkang kaping satus sangang dasa tiga, perangan Sayambara, ing Adiparwa.

__________

BAB CXCIV.

SAMBÊTIPUN SAYAMBARA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: Rikala sang

--- 924 ---

Bhima sakalihan Sang Arjuna, kondur dhatêng pamondhokan, punika Sang Drêsthadyumna lajêng nglacak lampahipun Sang Arjuna wau, lampahipun botên mawi wadya. Sarêng Sang Arjuna kalihan Sang Bhima sampun sami lumêbêt ing griyanipun tukang damêl grabah, Rajaputra Pancala lajêng lumêbêt ing salah satunggaling panggenan ingkang kenging kangge ngintip sasolahbawanipun para Pandhawa, kalihan botên kasumêrêpan ing tiyang.

Kawuningana sinuwun, sarêng Dèwi Krêsna sampun nunggil kalihan Pandhawa, Sang Bhima, Sang Arjuna tuwin sang kêmbar, ing wanci sontên sakonduripun saking papariman, lajêng marêg Sang Yudhisthira kalihan suka pirênaning panggalih, anggènipun masrahakên angsal-angsalanipun dhatêng ingkang raka sang pambajêng. Ing ngriku Dèwi Kunthi ingkang angrêsêpakên manah, lajêng dhawuh dhatêng Dèwi Drupadi makatên: "Dhuh mêmanising jagad, iku jupukên saparo dhisik, pêrlu sajèkna para dewa, kapisusungna marang para brahmana, utawa sapa bae kang gêlêm mangan, sarta kasadhiyakake kanggo nyuguh tamu. Dene kang sêparo iku bagenên dadi loro, kang sabageyan wènèhna marang kang kongsi kaya ratuning dipangga iku, awit tadhahe akèh, dene kang sabageyan nuli paranên nênêm, kanggo priya nonoman papat iku, ingsun lan sira dhewe."

Dèwi Drupadi sakalangkung rêna panggalihipun, tampi dhawuhipun Dèwi Kunthi makatên wau, mila lajêng kabage miturut dhawuh, sarta lajêng rinatêngan. Sasampunipun matêng, lajêng sami dhahar bageyanipun piyambak-piyambak.

--- 925 ---

Sabibaring dhahar Sang Sahadewa putranipun Dèwi Madri, ingkang tabêri ing sabarang karya, lajêng anjèrèng rumput kosa ing jogan, nginggilipun dipun tumpangi wacucal sangsam nênêm cacahipun, inggih punika pasareyanipun para prajurit linangkung, putranipun Prabu Pandhu dalah ingkang ibu. Anggènipun sare Pandhawa mujur ngidul, Dèwi Kunthi wontên ing nginggil, dene Dèwi Drupadi malang wontên ing dagan, kangge lintuning guling, tumpangan sampeyanipun para Pandhawa. Ewadene sang dèwi botên pisan-pisan rumaos sêrik ing galih tuwin dipun cêcamah. Sabên sampun sami mapan ing pasareyan, tamtu lajêng sami wiraosan, ingkang mratandhani bilih para satriya punika, kulina nindhihi baris, wiraosanipun amung pêrluning kasatriyan, kados ta bab nandukakên dêdamêling dewa, rata paprangan, dirada, sabêt, jêmparing tuwin sanès-sanèsipun dêdamêling prang. Mangka Sang Drêsthadyumna, putra Nata Pancala angintip sasolahbawanipun para Pandhawa saibu saha sagarwanipun, mila priksa sadaya kadospundi kawontênanipun, tuwin mirêng sadaya wiraosanipun wau. Saha priksa kadospundi kawontênanipun Dèwi Krêsna.

Enjingipun Sang Drêsthadyumna mêdal saking papan anggènipun ngintip, lajêng gêgancangan kondur dhatêng kadhaton, badhe ngaturakên sadaya lêlampahan ingkang sampun kadadosan ing griyanipun tukang damêl grabah, utawi kadospundi wiraosanipun para prajurit linangkung wau, sasampunipun sami mapan sare ing wanci dalu.

Gêntos kacariyos, Sang Prabu Yatnasena, ingkang sangêt

--- 926 ---

prihatosipun, dene panjênênganipun sang prabu dèrèng wuninga, bilih ingkang amboyong putrinipun punika Sang Pritaputra. Mila sarêng sang prabu priksa Sang Drêsthadyumna katingal, lajêng dipun awe supados enggal nyêlak ing palênggahanipun, lajêng dipun dangu: "Kulup, mênyang êndi jujuge kadangira wadon, sarta sapa kaanane brahmana kang amboyong iku. Adhuh, gèk kang amboyong putriningsun iku darahing pidak padarakan, kang banjur didol marang Waesiya. Yèn kalakon mangkono, wong mau sasat kakèsèt ing mustakaningsun. Kaanan ingsun banjur kaya pantisawa kang wus sirna oncèn-oncèn kêmbang rêrênggane. Kosokbaline, apa dudu satriya darah awirya, apa brahmana. Ananging apa dudu sudra kang nêdya ngèsètake sikile kiwa ing mustakaningsun, dipinangkani ngêdêgi sayêmbara kang olèh-olèhane nuli didol marang wong sugih. Kulup, mendah kaya ngapa sênênge panggalih ingsun, upama putriningsun mau, dirabi Arjuna, pêpilihane darah Kuru. Dhuh putraningsun kang nyata linuwih, enggal tutura, sapa kaanane wong kang wus amboyong kadangira wadon, apa dudu têtungguling darah Kuru, putrane Prabu Pandhu. Nanging apa Pandhawa, wayahe Prabu Wicitrawirya isih padha urip. Apa dudu Parta kang wus kuwat mênthang langkap lan ngenakake lesan iku?"

Dumugi samantên wêkasanipun bab ingkang kaping satus sangang dasa sakawan, perangan Sayambara, ing Adiparwa.

__________

--- 927 ---

BAB CXCV.

WEWAHIKA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Drêsthadyumna, têtungguling rajaputra darah Candra, kadangu makatên wau kalihan sukaning panggalih anggènipun ngaturakên sadaya ingkang sampun dipun wuningani ing dalu wau, sarta sintên kawontênanipun ingkang sampun amboyong ingkang bakayu, aturipun makatên: "Kawuningana sinuwun, priya neneman ingkang netranipun sumorot, sarta mangangge cucaling sangsam, kados limrahing brahmana, punika sasampunipun sagêd mênthang langkap agêng, utawi anjêmparing lesan, ingkang dados pêpanggiling sayêmbara, lajêng rinampa-rampa para brahmana, sêmunipun bantêr mêmanahanipun, saha angêntasi damêl, katandha taksih katingal gambira, nanging pantês kalihan wujudipun, ing nalika punika pangraos kula, kados Bathara Indra mênawi rinampa-rampa para dewa tuwin para maharsi. Ing sarèhning sampun dados boyongan, mila kakang êmbok Dèwi Krêsna, ugi lajêng tut wingking salampahipun brahmana neneman wau, kalihan sukaning panggalih. Wontên ing pamawas kula, kados liman èstri anginthil têtungguling dirada. Para ratu ingkang sami ngêdêgi sayêmbara, sêmunipun rêkaos panggalihipun priksa kakang bok dipun boyong ing brahmana, mila sami sangêt bêndu sarta lajêng sami sawega ing dêdamêl, nêdya pinapakakên ing prang. Sami sanalika wau sang brahmana andaut

--- 928 ---

mandira agêng kangge dêdamêl anggènipun mapagakên para ratu. Sarêng para ratu sami ngêbyuki, brahmana wau lajêng ngamuk kalihan angobat-abitakên pupuhipun [mandira agêng wau], pandugi kula, bokmanawi kados makatên punika, tandangipun Bathara Yama, manawi nglêbur sadaya dumados, nalika kukuting bawana. Para nata kasoran, ngantos ndalongop pamawasipun dhatêng brahmana sakalihan, ingkang cahyanipun kados wulan tuwin surya. Nanging sang ungguling jurit, enggal mêdal saking wiwahan, kairingakên putri paduka, kakang êmbok Dèwi Krêsna. Dene jujugipun wontên ing griyanipun tukang damêl grabah ing pinggir kitha.

Kawuningana rama prabu, ing griyanipun tukang damêl grabah wau, sampun wontên wanita endah ing warni cahyanipun mancorong kados latu. Nalika brahmana prajurit kalih dhatêng ing ngriku, wanita endah wau pinuju lênggah kaadhêp ing priya tiga, ingkang cahyanipun ugi kados candra kalihan kartika, sarta lajêng angrungkêpi padanipun. Mila kula ing batos namtokakên, bilih wanita punika biyungipun prajurit brahmana punika. Dene kakang êmbok ugi tumut ngabêkti.

Sarêng sampun sami lêrêm sawatawis, priya neneman gangsal wau pangkat papariman, putri paduka ugi dipun purih tumut. Botên dangu sampun sami dhatêng. Angsal-angsalanipun anggènipun papariman, sadaya kapasrahakên dhatêng kakang êmbok, ingkang lajêng dipun ratêngi sarta kabagi.

--- 929 ---