Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Image

Sêrat Mahabharata No. 9.

7 Sèptèmbêr 1957.

__________

Angsal-angsalan wau kabagi kalih, ingkang sabagiyan dipun angge sêsaji dhatêng para dewa, tuwin kapisungsungakên dhatêng para brahmana. Tirahanipun ingkang sapanduman, lajêng kapasrahakên dhatêng wanita endah wau. Ingkang nêm panduman kabagi priya neneman gangsal saha putri paduka, sarta dhaharipun kakang bok sasampunipun sadaya rampung anggènipun sami nêdha. Dhuh nata binathara, sasampunipun nêdha lajêng sami mapan tilêm. Patilêmanipun rumput kosa linèmèkan ing cucal sangsam. Kakang bok sare malang wontên ing dagan, kangge guling tumpangan suku. Sasampunipun mapan sambènipun sami rêrêmbagan ingkang anggirisakên. Rêmbagipun wau babar pisan botên kawursita ing manahipun para wêswa, sudra tuwin brahmana.

Dhuh, rama prabu, têtelanipun gangsal pisan punika têtungguling para satriya, awit rêmbagipun namung prakawis pêparangan. O, pêpudhênpêpundhèn kula, sinuwun, bokbilih pangajapaning panggalih paduka badhe kasêmbadan, jalaran kula mirêng têmbang rawat-rawat, manawi para Pandhuputra, têtela sagêd uncat saking bêbaya latu, kobaripun suyasa ingkang linepa saha ingusar sawarnining sarana ingkang gampil kabêsmi (Bale sagala-gala). Mênawi katitik ingkang sampun kalampahan, inggih punika kapênthangipun langkap saha kenginging lesan, kados saraosing wara-wara sayêmbara, saha rêmbagipun nalika mapan tilêm, kula sagêd nêmtokakên bilih priya gangsal punika putranipun Prabu Pandhu, sami lêlana namur brahmana.

Kados punapa bingahipun Prabu Drupada, sarêng

--- 930 ---

midhangêt aturipun Sang Drêstydyumna,Drêsthadyumna enggal nimbali brahmananipun kautus matitisakên dhatêng griyanipun tukang damêl grabah, punapa priya neneman gangsal ingkang kaaturakên sang rajaputra wau, têmên para Pandhawa. Brahmana pangkat sadumuginipun pamondhokanipun para Pandhawa lajêng prasaja, mênawi kautus panjênêngan nata, pangandikanipun makatên: "Dhuh kang unggul ing sayêmbara, andadosna ing sumêrap jêngandika, manawi Prabu Drupada, ratu ambêg paramarta, ingkang dananipun mili kados toyaning narmada, kêpengin wuninga, sintên sinambat ing asma, saha ing pundi pinangka jêngandika. Suwawi ênggèr sami mratelakna asmaning lêluhur tuwin bangsa jêngandika, sarta lajêng kaparênga kêkèsèt ing sirahing mêngsah jêngandika. Ênggèr suwawi dipun bêbingaha panggalihipun sang prabu, saha têtiyang ing Pancala tuwin manah kula piyambak. Kawuningana ênggèr, Prabu Pandhu punika mitra sinarawèdi kalihan Prabu Drupada, malah Prabu Drupada punika dipun anggêp pranajanipun piyambak. Mila sampun dangu sangêt Prabu Drupada kêpengin badhe besanan kalihan Prabu Pandhu, bêbasan ngrakêtake balung pisah. Dhuh, prajurit linangkung, kang sulistya ing warna, Prabu Yatnasena sampun dangu anggènipun badhe anjurudangakên putrinipun dhatêng Sang Arjuna, ingkang santosa saha panjang baunipun. Ênggèr, manawi jêngandika punika nyata putranipun Prabu Pandhu, mangka kêparêng ing galih, sajatosipun ing wêkdal punika botên wontên ingkang langkung prayogi, langkung gampil, langkung migunani kangge pancadaning [pan...]

--- 931 ---

[...cadaning] suwur saha kautamèn, kêjawi saabipraya kalihan Prabu Drupada."

Sasampunipun ngandika makatên, brahmaning praja Pancala wau lajêng lênggah ngapurancang, ngêntosi wangsulanipun para Pandhawa.

Nalika Sang Yudhisthira ngawuningani susilaning tandukipun sang brahmana, sangêt kacaryan ing panggalih, mila lajêng dhawuh dhatêng Sang Bhima makatên: "Yayi enggal ngupayaa banyu kanggo mijiki sampeyane sang brahmana, sarta aturaka hargya, awit brahmana iki paranpara praja Pancala, dadi wajib padha diaji-aji, luwih saka brahmana liya-liyane."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, Sang Bhima lajêng mêdal, botên dangu wangsul kalihan ambêkta punapa ingkang kadhawuhakên ingkang raka. Sang brahmana sangêt sukaning manah nampèni sadaya wau.

Sasampunipun katingal sakeca lênggahipun sang brahmana, Sang Yudhisthira lajêng matur makatên: "Dhuh, brahmana ingkang kalis ing dosa, Prabu Drupada sampun ngawontênakên sayêmbara, dados anggènipun mikramakakên putrinipun wau, botên namung dipun trimakakên kemawon, nanging manut kautamèning satriya. Wasana kadang kula punika sagêd anêtêpi bêbananing sayêmbara, mila kalampahan amboyong sang rêtnaning puri. Dados sadaya wau sampun anêtêpi wêwaton ingkang runtut kalihan kautamèn. Pêdah punapa Prabu Drupada lajêng andangu bab naluri, bangsa saha kawontênanipun priya ingkang mênang sayêmbara

--- 932 ---

wau. Dados pandangunipun ingkang sinuwun, sampun cêkap kula wangsuli: langkap sampun kenging kapênthang, lesan sampun kenging kajêmparing, ingkang têtêp kados sayêmbaranipun sang prabu. Kalampahipun prajuriting brahmana punika sagêd amboyong sêkaring kêdhaton Pancala, saking ngarsanipun para nata, sampun têmtu awit saking sagêd nêtêpi wêwatoning sayêmbara. Pêdah punapa sang prabu mrihatosakên kawontênanipun tiyang ingkang sampun amboyong putrinipun. Ingkang makatên punika botên anênuntun dhatêng kamulyan, malah sagêd ugi andamêl wontênipun kasangsaran. Ingatasipun narendra darah Candra punapa pantês mênawi ngantos nalisir saking adil. Pamuji kula mugi karsanipun sang prabu ingkang sampun kaanta-anta dangu punika sagêda tumuntên kasêmbadan. Punapa janma ingkang botên prawira punjul kawasa mênthang langkapipun sang prabu. Punapa tiyang dêrajad asor, saha botên kulina sikêp dêdamêling prang, sagêd anjêmparing lesan têtêp kados tatananing sayêmbara? Dados Prabu Pancala botên pêrlu mrihatosakên putrinipun. Pangintên kula saindênging bawana punika ingkang sagêd ngrampungi sayêmbaranipun sang prabu, botên wontên, kêjawi sanès brahmana prajurit punika. Pedah punapa sang prabu mrihatosakên lêlampahan ingkang sampun kalampahan.

Dèrèng ngantos dumugi pangandikanipun Sang Yudhisthira, katungka wontên carakanipun Sang Prabu Drupada, drumrojogdumrojog tanpa larapan, lajêng andhawuhakên timbalanipun sang prabu, nusuli dhawuh, ingkang sampun kadhawuhakên

--- 933 ---

dening brahmananing praja. Ucapipun duta wau makatên: "Wiwahan dhauping pangantèn sampun samêkta."

Dumugi samantên têlasipun bab ingkang kaping satus sangang dasa gangsal, perangan Wiwahika, ing Adiparwa.

BAB CXCVI.

SAMBÊTIPUN WEWAHIKA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: utusanipun Prabu Drupada nglajêngakên aturipun dhatêng para Pandhawa makatên: "Kula ngêmban timbalanipun Prabu Drupada, andhawuhakên kaparênging karsanipun. Dhuh, brahmana linangkung, pikramaning putrinipun sang prabu, badhe mawi wiwahan agêng. Sang prabu kêrsa ambujakrama dhatêng kulawarganipun pangantèn jalêr, mila sasampunipun mirantos, jêngandika sami dipun timbali dhatêng kadhaton. Awit Dèwi Krêsna badhe kadhaupakên kalihan kakungipun wontên ing salêbêting kadhaton. Mila suwawi lajêng sami pangkat sowan ing panjênêngan nata. Awit rata adi ingkang sinêkar kancana kawangun sêkar tunjung saha apangirid kuda pêpilihan, pantês tinitihan ing ratu, samangke sampun sami kula pêthukakên mriki. Dados sowan jêngandika ing kadhatonipun gusti kula, kaparêng awahana rata ingkang kula aturakên wau."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Yudhisthira lajêng matur dhatêng brahmananing praja Pancala, supados pangkat rumiyin. Lajêng ingkang ibu ingaturan minggah rata nunggil kalihan Dèwi Krêsna.

--- 934 ---

Sasampunipun sang dèwi sakalihan sami minggah ing rata, Sang Yudhisthira dalah para ari sadaya sami minggah ing ratu pêthukanipun piyambak-piyambak.

Dhuh narendra têdhak Bharata, Brahmana Pancala sadumuginipun ing kadhaton, enggal marêk ing ngarsa nata, ngaturakên wangsulanipun Sang Yudhisthira sadaya wau, ing ngriku sang prabu sawêg wuninga, prajurit linangkung punika kagolong bangsa punapa. Ananging sadèrèngipun sang brahmana dhatêng, sang prabu sampun dhawuh mirantosi, punapa ingkang dados pirantos dhauping pangantèn. Bangsa brahmana, satriya, wiswa tuwin sudra, kados ta wowohan, uncèn-uncèn sêkar ingkang sampun kasucèkakên, kêre, tamèng, babut prangwêdani, lêmbu, sawarnining wiji, tuwin sakathahing pirantosipun para among tani.

Dhuh Prabu Janamêjaya, Prabu Drupada ugi dhawuh supados dipun pirantosana sawarnining pirantos kangge anggarap sawarnining kagunan. Saha pirantosipun tiyang olah karosan sarta kaprigêlaning badan. Pintên-pintên sabêt, suduk, ingkang katingal santosa. Rata sakalangkung sae, pangirit kuda ingkang sae wandanipun, langkap saha jêmparing pêpilihan, cêmpuling, cakra tuwin sapanunggilanipun malih, sakalangkung kathah, tur sadaya sami pinathik ing sêsotya. Kajawi sadaya wau, sang prabu ugi dhawuh mirantosi pasareyan kanthil samêkta sapirantosipun, punapadene pangagêman adi ingkang kathah ajinipun.

Sarêng Dèwi Kunthi, Dèwi Krêsna, saha para Pandhawa sampun dumugi ing kadhaton Pancala, sang dèwi sakalihan

--- 935 ---

lajêng kairid lumêbêt ing kênyapuri, katampèn ing pramèswari Pancala, kalihan para putri saisining kêdhaton. Dèwi Kunthi sangêt ingaji-aji saha katampi kalihan suka pirênaning panggalih, wontênipun ing karaton Pancala.

Dhuh, nata binathara (Prabu Janamêjaya); Prabu Drupada, dalah para putra, nayaka: para mantri saha para santana, para punggawa mantri saandhahanipun, sami suka amarwatasuta rikala sami ningali rawuhipun para pêpêthingane manungsa, ingkang lampahipun kadi singa, rimongipun wacucaling sangsam, netranipun sumorot kados netraning banthèng, jajanipun wiyar, baunipun santosa, kados badaning naga. Para Pandhawa lajêng kaancaran lênggah ing palênggahan ingkang mawi bancik sampeyan sakalangkung adi, sarta katingal têtêg kemawon, tuwin botên kidung. Lênggahipun urut sêpuh. Sasampunipun lêrêm sawatawis lajêng sinunggata dhaharan adi, ingkang winadhahan ing kancana tuwin salaka, ingkang sami ngladosakên abdi panakawan saha para nyai dipun anggèn-anggèni sarwa sae.

Anggènipun nampèni Prabu Drupada dhatêng para pinunjuling jagad wau kados angurmati ratu. Enggalipun para Pandhawa binujakrama mênur.

Sabibaring bujana lajêng sami mariksani pirantos dhauping pangantèn sakawan bangsa, kados atur kula wau, inggih punika ingkang dipun tata wontên ing èmpèring pandhapi karaton. Para prajurit linangkung wau, sangêt rêna mariksani pirantosipun mangun yuda. Mila Prabu Drupada tuwin Sang DrêstyadyumnaDrêsthadyumna saha mantrimuka jawi lêbêt

--- 936 ---

sami sênêng panggalihipun, awit ing batos sampun namtokakên, manawi tamunipun wau putraning narendra.

Dumugi samantên têlasipun bab ingkang kaping satus sangang dasa nênêm, perangan Wiwahika, ing Adiparwa.

BAB CXCVII.

SAMBÊTIPUN WEWAHIKA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Prabu Pancala anggènipun nampèni pisowanipun Sang Yudhisthira dalah para kadang, kados lêkasipun para ratu manawi katamuan brahmana, kalayan suka pirênaning panggalih. Pangandikanipun Prabu DrudadaDrupada dhatêng putranipun Dèwi Kunthi makatên: "Dhuh pangruwating satru sêkti, mugi sajarwa kadospundi lêrêsipun panyêbut kula dhatêng jêngandika. Punapa jêngandika punika satriya, punapa brahmana, punapa dewa nganglang bawana, mancala warna brahmana, rawuh ing Pancala wigatos lumêbêt ing sayêmbara. Dhuh ingkang nêmbe prapta, mugi kaparênga sajarwa, awit saking balilu kula ngantos botên nyumêrêpi kawontênan jêngandika. Kados punapa bingah kula upami jêngandika kaparêng ambirat sêmang-sêmanging pamawas kula wau. Suwawi kêparênga ngandika sintên sinambat saha ing pundi pinangka jêngandika. Ingatasipun ratu, wicara têmên punika ajinipun langkung saking sêsaji, tuwin panarimah. Mila sampun ngantos wontên wiraosan ingkang botên sanyatanipun. Dhuh ingkang apindha jawata. Awit mênawi jêngandika sampun mratelakakên sanyataning

--- 937 ---

kawontênan jêngandika, kula lajêng badhe mirantosi samêsthinipun, kangge dhauping pangantèn miturut darajatipun." Sarêng wontên pangandikanipun Prabu Drupada makatên wau, Sang Yudhisthira lajêng mangsuli atur: "Dhuh sinuwun, mugi sampun singkêl ing panggalih, awit bokmanawi pangajapaning karsa ingkang sampun dangu sumimpên ing batos, punika badhe kasêmbadan ing dintên kalênggahan samangke. Dhuh Prabu Drupada, walèh-walèh punapa, kula dalah para ari sadaya punika, satriya putraning ratu ingkang misuwur ing jagad, jêjuluk Mahaprabu Pandhu. Kawuningana sinuwun, kula punika pambajêngipun ibu Dèwi Kunthi, kiwa kula punika pun Bhima, kiwanipun Bhima punika pun Arjuna. Dhuh, Narendra Pancala, inggih ari kula kalih punika ingkang mêngsah para ratu rikala wiwahaning sayêmbara. Dene pun kêmbar, inggih punika pun Nangkula kalihan Sahadewa, punapadene ibu Dèwi Kunthi, kairit putri paduka Dèwi Drupadi, lumêbêt ing kênyapuri. Dhuh, ratuning bawana, ing sarèhning kula kalihan para kadang punika ugi bangsa satriya, dhuh nata sudibya, mugi putri paduka kaupamèkna sêkar tunjung ing samadyaning tlaga, samangke sampun kapêthik ing jalma manungsa, dhuh sêsêmbahan kula, namung punika atur kula."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kados punapa lêganing panggalihipun Prabu Drupada, rikala midhangêt aturipun Sang Yudhisthira sadaya wau, saking sangêting suka ngantos sawatawis dangu sang prabu botên sagêd ngandika. Sarêng sukaning panggalih wau

--- 938 ---

sampun kawasesa, sang prabu lajêng andangu dhatêng Sang Yudhisthira, kadospundi lêlampahanipun Pandhawa salolosipun saking Waranawata."

Kawuningana sinuwun, makatên aturipun Rêsi Waisampayana dhatêng Prabu Janamêjaya: "Sang Yudhisthira ugi nyariyosakên sadaya lêlampahanipun. Sasampunipun oncat saking Bale Sagala-gala, ingkang kabêsmi, saking wiwitan dumugi wêkasan botên wontên ingkang kalangkungan. Ing rikala Prabu Drupada mirêngakên sadaya cariyosipun Sang Yudhisthira, ing batos mastani awon dhatêng Prabu Ditarastra, mila lajêng ngandika asêmu nglipur dhatêng Sang Pitraputra, ingkang suraosipun, bilih ing têmbe sawanci-wanci Sang Yudhisthira nêdya ngrêbat karaton pusaka tilaranipun ingkang rama, sang prabu badhe kaparêng ambiyantu.

Sang Yudhisthira ngaturakên pamrayogi supados ingkang ibu kêparênga wontên ing kadhaton kemawon, makatên ugi Dèwi Krêsna. Malah Sang Bhima, Sang Arjuna tuwin sang kêmbar, ugi kadhawuhan manggèn ing kadhaton. Wontênipun ing kadhaton, Dèwi Kunthi dalah para putranipun, sangêt ingaji-aji saha binujakrama nglangkungi.

Dhuh Prabu Janamêjaya, nalika Prabu Drupada tuwin para putranipun, sami midhangêt pawartosing ngakathah, manawi ingkang wontên ing salêbêting kadhaton punika têtela Pandhawa, saha kawontênaning lêlampahanipun têmên-têmên kados aturipun Sang Yudhisthira, lajêng ngandika makatên: "Dhuh kang santosa baune, rajaputra têdhak Kuru, wruhanira dina iki arinira Si Arjuna nêdya sun

--- 939 ---

dhaupake lan putriningsun, nini Dèwi Drupadi, nganggo wiwahan saparentahing agama."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sarêng Sang Yudhisthira tampi dhawuhipun Prabu Drupada makatên wau lajêng matur: "Dhuh nata binathara, kula inggih sampun kêpengin nambut silaning akrami." Dhawuh wangsulanipun Prabu Drupada: "Yèn sira panuju marang putriningsun prayoga rabinên dhewe, nganggo wiwahan sapranataning agama, utawa apa sira dhaupake karo kadangira liyane salah siji." Atur wangsulanipun Sang Yudhisthira: "Putri paduka badhe dados garwanipun Pandhawa gangsal pisan. Dhuh sinuwun, nalika kula dalah para kadang badhe angêdêgi sayêmbara, tampi dhawuhipun ibu Dèwi Kunthi, kula sakadang kêdah anggarwa Dèwi Drupadi. Kula piyambak, punapadene yayi Bhima, sami dèrèng nambut silaning akrami. Lêrês, ingkang wênang nampi Dèwi Krêsna, musthikaning wanita, punika Arjuna, ananging kawuningana sinuwun, kula kalihan para ari sampun sami prasêtya, manawi pikantuk sêsotya, sadaya kêdah sami andarbèni. Dhuh têtungguling para nata, saèstunipun kula dalah para kadang sadaya botên sami purun ngingkêti prasêtyanipun. Mila Dèwi Krêsna mêsthi dados garwanipun Pandhawa gangsal pisan. Suwawi sinuwun, kaparênga paduka lajêng andhaupakên gêntos-gêntos, supados kula sami lajêng sagêd angucapakên sêsanggêman wontên ing sacêlaking latu sukci."

Prabu Drupada mangsuli pangandika: "Hèh rajaputra

--- 940 ---

têdhak Kuru, bênêr yèn ing sajroning layang suci ana katêrangan yèn wong lanang wênang duwe bojo akèh, nanging ingsun durung sumurup pituduh layang suci kang êndi bae, kang mratelakake yèn wong wadon wênang duwe priya luwih saka siji. Dhuh Pandhuputra, sira lêbda marang wêwatoning kasusilan sarta kasucian, apa pantês manawa sira nglakoni panggawe dosa, kang ora kaprah ing akèh lan nalisir saka agama. Dhuh, Yudhisthira, kapriye dene sira banjur duwe sêdya kang mangkono." Atur wangsulanipun Sang Yudhisthira: "Dhuh Prabu Drupada, raosing kasusilan punika sakalangkung lêbêt, saking lêbêting suraosipun, mila awis tiyang ingkang sagêd anggagapi. Dados prayoginipun inggih nulat lêkasipun para linangkung ing jaman kina kemawon. Sinuwun, tutuk kula botên nate ngucapakên wicara dora, makatên ugi kula botên nate ngrêrantam pandamêl dosa. Ibu Dèwi Kunthi dhawuh, ingkang condhong kalihan pamanggih kula. Dhuh, Nata Pancala, punapa murang kautamèn manawi kula ngèstokakên dhawuhipun tiyang sêpuh? Mila sampun botên sêmang-sêmang malih manawi kula lampahi. Dhuh, sinuwun, paduka sampun mrihatosakên prakawis punika."

Pangandikanipun Prabu Drupada makatên: "Dhuh atmajane Dèwi Kunthi, ingsun dhewe lan ibunira bok ratu, apadene kadangira Si Dristadyumna, mung sumarah sakarsanira bae, mula nuli tutura, kapriye karêpira, dadi ingsun nuli bisa andhawuhake kêpriye kang kudu ditindakake."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun:

--- 941 ---

"Dhuh, Prabu Janamêjaya, rikala samantên Dèwi Kunthi, Sang Yudhisthira tuwin Sang Drêstadyumna rame sami têtarosan, nanging lajêng katungka rawuhipun Maharsi Wiyasa."

Dumugi samantên têlasipun bab ingkang kaping satus sangang dasa pitu, perangan Wiwahika, ing Adiparwa.

__________

BAB CXCVIII.

SAMBÊTIPUN WEWAHIKA PARWA.

Rêsi Waisampayana wiwit ngandika malih: Sarêng Sang Maharsi Dwipayana rawuh, Prabu Drupada, para Pandhawa tuwin sanès-sanèsipun ingkang sami wontên ing ngriku, lajêng sami jumênêng saking palênggahan, astanipun kakuncupakên sarta katèmpèlakên ing jaja.

Sasampunipun sang rêsi ingkang luhur ing budi punika andangu karaharjanipun Prabu Drupada sakawulanipun ing praja Pancala, lajêng paring nugraha dhatêng sadaya wau, lajêng dipun aturi lênggah ing dhampar linurupan prangwêdani sinulam ing bênang mas. Sarêng sampun lênggah lajêng dhawuh supados sami lênggah ing palênggahanipun malih. Sasampunipun lêrêm sawatawis, Prabu Drupada putranipun Prabu Prisata, lajêng matur dhumatêng sang maharsi: "Sang bêgawan, punapa pawèstri satunggal karabi ing priya kathah punika botên dosa?" Dhawuh wangsulanipun sang maharsi makatên: "Anak prabu, makatên punika nalisir saking kalimrahan utawi Wedha, sarta cara makatên

--- 942 ---

punika sampun botên wontên. Nanging punapa wigatosing karsa, dene andangu prakawis punika, mugi anak prabu kaparênga lajêng sajarwa."

Sarêng sami mirêng dhawuhipun sang maharsi makatên punika, Sang Drêstadyumna sarta para Pandhawa lajêng badhe sami ngaturakên pitakenan piyambak-piyambak, nanging Prabu Drupada ingkang matur rumiyin: "Manawi pangintên kula, pikajêngipun Yudhisthira punika dosa, awit sulaya kalihan Wedha tuwin padataning ngakathah. Dhuh maharsi, sadangunipun tumuwuh, kula dèrèng nate sumêrap pawèstri satunggal karabi ing priya kathah. Para sarjana ing kina botên nate wontên ingkang nglimrahakên tindak makatên punika. Mêsthinipun para wicaksana botên badhe tumindak dosa. Awit saking punika mila para wicaksana wau botên nate darbe osik ingkang makatên wau. Tindak makatên punika saking pamanah kula botên awêwaton kasusilan."

Satêlasing aturipun Prabu Drupada, Sang Drêstadyumna sumambung ing atur makatên: "Dhuh dhuh têtungguling para rêsi, ingkang bandha kasutapan, punapa sadhèrèk sêpuh ingkang utami pambêganipun, kadugi sarêsmi kalihan semahing sadhèrèkipun ênèm? Kawontênaning kasusilan sakalangkung lêbêt, ngantos botên kenging dipun jajagi dening sadhengahing pirantos. Mila tiyang botên sagêd matitisakên, tindakipun punika runtut punapa sulaya kalihan kasusilan. Namung upami kula ingkang dipun taros, botên badhe kadugi nglampahi. Dhuh musthikaning brahmana, rèhning

--- 943 ---

kula sampun botên gadhah pamanggih sanèsipun, kajawi ingkang sampun kula aturakên punika wau, mila kakang êmbok Dèwi Krêsna dipun tarosa kemawon, punapa kadugi dados garwanipun Pandhawa gangsal."

Aturipun Sang Yudhisthira, tutuk kula botên nate angucapakên wicara dora, manah kula botên nate ngrêrantam pandamêl dosa. Mila kadospundi kemawon jumêdhulipun, botên nate dosa, manawi sadaya wau kula tumusi ing panindak tuwin pamicara. Ing Sêrat Purana wontên cariyos satunggiling wanita utami, darahipun Sang Gutama pêparab Dèwi Jatila, punika dipun krama rêsi pitu. Ing kina ugi wontên putrining pandhita, mijil saking kajêng (wiwitan), putri wau kagarwa priya sadasa, sami nunggil yayah rena, sarta naminipun sami kemawon, inggih punika Praceka. Sadaya ambêgipun sami utami, sêngsêm dhatêng tapabrata. Dhuh têtungguling para lêbda ing kasusilan, ujaring wasita, ambangun turut dhatêng panginggilanipun, punika nama kasaenan. Ewadene parentahing biyung, punika ingkang kêdah dipun tindakakên rumiyin. Mangka parentahing biyung kula, supados kula kalihan para kadang sadaya samia andarbèni Dèwi Drupadi, kasamèkna kalihan anggèn kula angsal-angsalan saking papariman. Dhuh musthikaning brahmana, awit saking punika, mila rabinipun Pandhawa gangsal dhaup kalihan Dèwi Drupadi punika nama pandamêl utami.

Ing nalika samantên Dèwi Kunthi ugi lajêng nyambêt pangandikan, bilih kawontênanipun pancèn nyata kados

--- 944 ---

aturipun Yudhisthira wau. Dhuh maharsi, kula sangêt sumêlang bokbilih pakèn kula dhatêng Yudhisthira kala samantên, adamêl dosa, sarta kadospundi sarananipun kula sagêd luwar saking dosa, saking kalèntuning pakèn kula wau.

Sasampunipun botên wontên ingkang matur malih, Sang Wiyasa ingkang pinunjul sasamining rêsi, lajêng mangsuli pangandika: "Hèh wanita kêkasihku, sira kalis saka dosa, kang tuwuh saka pakonmu mau, awit iku uga kautaman langgêng."

Rikala ngandika makatên, sang maharsi lajêng tumolèh dhatêng Prabu Drupada kalihan ngandika makatên: "Dhuh Nata Pancala, kula botên sagêd ngaturakên sababipun lêlampahan punika wontên ing sangajêngipun tiyang kathah, dados namung jêngandika piyambak ingkang kenging mirêngakên cariyos sababipun pikajênganipun Yudhisthira ingkang makatên wau dipun anggèp utami sarta dipun anggêp tatacara langgêng. Têrangipun aturipun Yudhisthira wau turut kalihan kautamèn."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Wiyasa ingkang linangkung, inggih guru Dwipayana, jumênêng saking palênggahan lajêng nganthi Prabu Drupada kaajak lumêbêt ing palanggatan. Dene Dèwi Kunthi, para Pandhawa, saha Sang Drêstadyumna, darah Prisata, taksih lêstantun wontên pandhapi.

Sasampunipun dumugi ing palanggatan, sang maharsi lajêng ngandikakên punapa sababipun dene pawèstri satunggal, karabi ing priya kathah, botên kaanggêp dosa.

--- 945 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab ingkang kaping satus sangang dasa wolu, perangan Wewahika, ing Adiparwa.

__________

BAB CXCIX.

SAMBÊTIPUN WEWAHIKA PARWA.

Pangandikanipun Rêsi Waisampayana makatên: "Kawuningana anak prabu, ing nguni para jawata damêl sêsaji wontên ing wana Nêmisa. Wêkdal samantên Bathara Yama, putranipun Hyang Wiwaswat, kapatah dados juru nyêmbêlih sato sêsaji, rikala punika satunggal kemawon botên wontên titah ingkang pêjah. Dados ing donya botên wontên pêpajah, mila cacahing manusa saya tambah-tambah kathah. Nguningani indhaking manusa ing marcapada, Bathara Soma, Sakra, Baruna, Kuwera, Parasadya, Pararudra, Parawasu, Bathara Aswin sakêmbaran, rumaos sumêlang, mila lajêng sami marêk Sang Prajapati, dewa ingkang andumadosakên sagunging titah, sarwi matur makatên: "Dhuh pukulun, anggènipun para dewa tuwin sanès-sanèsipun sami sowan punika wigatos ngaturakên tiwasing lêlampahan, kawuningana cacahipun tiyang ing marcapada saya mindhak-mindhak." Mirêng aturipun para dewa makatên wau, Sang Brahma lajêng mangsuli pangandika: "Apa mulane sira padha mrihatinake kèhe undhake manusa ing marcapada, sira padha ora kêna ing pati, dadi ora pêrlu nyumêlangake iku mau." Aturipun para jawata: "Kawuningana manusa ingkang suwaunipun kenging pêjah, samangke sampun botên sagêd pêjah. Dados sampun botên

--- 946 ---

wontên bedanipun kalihan para dewa. Awit saking punika lajêng botên wontên beda-bedaning kawontênanipun, mila kula sakanca sami sowan ing paduka punika, wigatos nyuwun mugi dipun wontêni pêpilihanipun dewa kalihan manusa punika." Dhawuhipun Hyang Brahma makatên: "Ing mangsa iki sutane Wiwaswat lagi dipatah ing karya, mèlu anggarap samêktane sêsaji iki, mula nuli ora ana wong mati. Ananging manawa Yama wis rampung anggone anggarap pakaryane, manusa iya kêna ing pati manèh kaya kang uwis-uwis, amarga kaprabawa dening osikira mau, têmahan Yama bakal ngirup uripe para kang dêdunung ing marcapada, kèhe kongsi maèwu-èwu tur dibarêng wancine."

Maharsi Wiyasa ngajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun dipun pangandikani makatên, para dewa lajêng sami wangsul dhatêng wana Nêmisa ajanging sêsaji. Sadhatêngipun ing panggenan sêsaji, lênggahipun para dewa wau sami ngajêngakên pagisikan lèpèn Bagirati. Ing ngriku para dewa sami priksa mênawi wontên tunjung mas kèli ing toyaning lèpèn, sadaya sami kagawokan Sang Hyang Indra ratuning dewa, ingkang nalika punika wontên ing ngriku, kêpengin nguningani saking pundi pinangkanipun tunjung kêncana wau. Mila enggal jumênêng saking palênggahan, tindak dhatêng têpining lèpèn, sarta lajêng lumampah manginggil (nungsang kalihan ilining toya), wasana dumugi ing dunung anggènipun Dèwi Gangga tansah ngêdalakên toya. Ing ngriku Bathara Indra priksa wontên wanita, cacahipun cahyanipun mancorong kadi latu. Dene dhatêngipun ing ngriku punika, wigatos

--- 947 ---

badhe ngangsu. Nanging nalika Sang Hyang Indra rawuh, pawèstri wau sawêk sêsuci kalihan nangis kalara-lara. Dhuh anak prabu, waspanipun wanita wau tanpa kêndhat dhumawah ing toyaning lèpèn, nanging sabên kagêpok ing toya, luhipun lajêng wujud tunjung kêncana. Rikala dewa ingkang adêdamêl balêdhèg priksa dhatêng kawontênan ingkang makatên elokipun punika, enggal dipun cêlaki sarta andangu makatên: "Hèh kang kawêlasarsa, sapa aranira, lan apa mulane sira nangis, mara tumuli tuturna ingsun kapengin sumurup."

Sang Maharsi Wiyasa nglajêngakên cariyosipun: Dene atur wangsulanipun pawèstri wau makatên: "Dhuh Bathara Sakra, botên wontên pakèwêtipun, paduka badhe wuninga nama saha sababipun dene kula nangis. Têtela mênawi kula sangêt sangsara. Amung mênawi paduka badhe wuninga sababing panangis kula punika, suwawi pukulun anglantuna lampah kula."

Enggaling cariyos, Sang Hyang Indra angêtutakên lampahipun pawèstri wau. Botên watawis dangu, Sang Hyang Indra ngawuningani wontên priya neneman warninipun bagus lênggah ing dhampar ingkang kadèkèk ing pucaking Himawat, jèjèr kalihan pawèstri ugi taksih ênèm, sakalihan wau sami dolanan dhadhu, sami sanalika wau Sang Hyang Indra lajêng andangu: "Hèh wong bagus, wruhanamu, ingsun kang mangwasani sakèhing dumadi." Ananging sabab katungkul anggènipun dhadhu, tiyang sakalihan wau botên mirêng pangandikanipun Hyang Indra. Mila Hyang

--- 948 ---

Indra lajêng ngandika malih asêmu bêndu: "Hèh wong sakêloron, apa sira ora sumurup, yèn ingsun gustine kang sarwa tumuwuh."

Sajatosipun priya wau Bathara Mahadewa, mila sarêng mirêng panguwuhipun Hyang Indra ingkang asêmu bêndu lajêng mèsêm kalihan mandêng. Sanajan namung dipun pandêng, ewadene Sang Hyang Indra lajêng sirna pangwasanipun, mila lajêng namung anjêngêr botên mobah mosik, kados pathok ingkang lêbêt tancêpipun.

Sasampunipun rampung anggènipun kasukan dhadhu, Hyang Isaka (Mahadewa), lajêng ngandika dhatêng pawèstri ingkang dipun kinthil dening Sang Hyang Indra, pangandikanipun makatên: "Mara Sakra tuntunên mrene, pêrlu nuli ingsun paringi nugraha, murih aja bisa kalêbon adigung manèh."

Rikala sariranipun Hyang Indra kagrayang astanipun pawèstri wau, bayuning sarira lajêng luluh, wasana dhumawah ing siti. Hyang Isaka ngandika dhatêng Hyang Indra makatên: "Hèh Sakra nuli tangia, lan aja tumindak mangkono manèh. Ingsun ora kasamaran, yèn kakêndêlan lan kasêktènira prasasat tanpa wêkasan, mulane singkirna watu gêdhe kang nutupi cangkême guwa iku lan banjur lumêbua mrono, awit sira wis diêntèni suwe dening titah pirang-pirang kang cahyane mancorong kaya srêngenge, lan wujude ora siwah kalawan sira." Hyang Indra ngèstokakên dhawuh lajêng nyingkirakên sela ingkang kadhawuhakên wau. Sarêng sela dipun angkat, ing ngriku ngawuningani bilih ing

--- 949 ---

salêbêtipun guwa ingkang dumunung ing lambunging rêdi Himawat punika, isi kêkêmbaranipun Indra sêkawan. Sang Indra kagèt sarta sangêt gêtunipun. Panglocitaning panggalih, dadi ingsun iki ana kang ngêmbari. Hyang Girinata mandêng kalihan sêrêng: "Hèh Sakra enggal lumêbua ing guwa kono, iku minangka paukuman anggonira murang kasusilan, ana ngarsaningsun sira wanuh wani ngerang-erang marang jênêng ingsun." Rikala Hyang Indra midhangêt dhawuhipun Hyang Isaka makatên wau, panggalihipun sangêt karêrantan, saking sakalangkung giris, mila lajêng tanpa karêkat, sarira gumêtêr, kados ron waringin ing Himalaya sabên katêmpuh ing angin. Botên pisan-pisan andugi bilih tindakipun anjalari dhumawahing sotipun dewa ingkang wahana lêmbu. Mila astanipun lajêng angapurancang kalihan gumêtêr, matur dhatêng jawata linangkung ingkang maujut tanpa petangan, aturipun makatên: "Dhuh Hyang Bawa, têtela paduka ingkang ngawuningani sagung tumitah ingkang cacahipun tanpa petangan punika."

Nalika dewa ingkang pangwasanipun tanpa watêsan wau midhangêt aturipun Hyang Indra makatên wau, lajêng ngandika malih: "Sing sapa wêwatakane kaya sira, pasthi ora bakal bisa tampa nugrahaningsun. Kang padha ana ing guwa iku iya padha nglakoni kaya panggawenira, mulane enggal lumêbua sarta dêdununga ing jroning guwa iku sawatara suwe, pêpêsthènira mêsthi yèn banjur padha lan panunggalanira. Wruhanira sira bakal katitahake marang ing marcapada, yèn wis anggarap pakaryanira kang abot

--- 950 ---

sarta wis bisa nyirnakake wong pira-pira, banjur sira bakal dêdunung ing kaswargan manèh, minangka ganjaran anggonira ngrampungake pakaryan kang abot mau. Kabèh pakaryan abot kang wus dak dhawuhake mau, sira pasthi bisa angrampungake, malah luwih abot, awit sira katamtokake kudu ngrampungake panggawe liya-liyane."

Endra gangsal ingkang sampun sirna pangwasanipun wau lajêng mangsuli atur: "Nuwun inggih sêndika, kula sami badhe ngèstokakên dhawuh, tumurun saking karang kadewan, dhatêng marcapada, ingkang botên gampil kangge anggayuh kamulyan. Ananging Bathara Darma, Bathara Bayu, Bathara Endra tuwin Bathara Aswin sakêmbaran, mugi kaparênga manuksma ing garbaning pawèstri ingkang badhe dados ibu kula dalah para kadang. Saha anggèn kula badhe prang mêngsah manusa ing marcapada ing têmbe, kaparênga ngangge dêdamêling manusa lan dewa, sarampunging karya, lajêng dipun parêngna wangsul dhatêng kahyanganipun piyambak-piyambak."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sarêng ingkang asipat balêdhèg midhangêt aturipun Endra sêkawan dhatêng Hyang Isana makatên wau, ugi lajêng matur dhatêng Hyang Isana makatên: "Kawuningana pukulun, jangkêpipun gangsal kula, nanging ingkang minangka lêlintuning badan kula, sarana kasêktèn, kula badhe muja titah supados anggarap pakaryan kados karsa paduka wau." (Dene ing kinanipun ingkang sinêbut Endra gangsal punika: Bathara Wiswahuka, 2. Bathara Butadaman, 3. Bathara Siwi,

--- 951 ---

4. Bathara Santi, gangsalipun Bathara Tejaswin) dewa ingkang langkapipun sangêt anggêgirisi wau, saking sangêt sih dhatêng kawulanipun, mila lajêng ngandika dhatêng Endra gangsal wau, supados sami darbe panyuwun, sarta ugi lajêng dipun pituturi. Punapadene Hyang Isana ugi lajêng dhawuh dhatêng satunggaling pawèstri endah ing warni, supados tumitahipun ing marcapada têmbe, dadosa garwanipun Endra gangsal wau.

Bathari Sri [inggih pawèstri endah wau], sasampunipun dipun pangandikani makatên wau, Bathara Isana lajêng dhatêng kahyanganipun Bathara Narayana, ingkang kasêktènipun tanpa timbang, sarta pangwasanipun tanpa wêkasan, botên maujud saha dumados saking pangwasanipun pribadi, ingkang wontên wiwit kina-makina, sarta langgêng. Anjiwani sagung dumados saha botên kenging kinintên-kintên. Sasampunipun pinanggih, Hyang Isana lajêng ngandikakkên sadaya lêlampahan ingkang mêntas kula aturakên wau, sarta Bathara Narayana ugi lajêng nayogyani, dhatêng karsanipun Hyang Isana wau. Dene Endra gangsal ugi lajêng tumuruntun manjanma dhatêng marcapada. Rikala samantên Bathara Ari ambêdhol remanipun kalih êlêr, satunggal warni cêmêng, satunggal warni pêthak, ingkang lajêng kalêbêtakên ing garbanipun Dèwi Dewaki kalihan Dèwi Rohini. Kalih pisan wau sami putrining bangsa Yadu. Pawingkingipun rema ingkang pêthak lajêng dados bayi mijil saking Dèwi Rohini, sinung nama Baladewa. Dene rema ingkang cêmêng dados bayi mijil saking Dèwi Dewaki, sinung

--- 952 ---

nama Sri Krêsna, inggih Bathara Kesawa pribadi. Dene Endra gangsal ingkang sami wontên ing guwanipun rêdi Himawat kala rumiyin, sarêng manjalma lajêng dados para putranipun Pandhu. Mila sadaya sami sêkti mandraguna. Dene Arjuna, panêngah Pandhawa, ingkang ugi pêparap Sawyasacin (têgêsipun astanipun kiwa têngên sami prigêlipun), punika dumados saking saperanganipun Bathara Sakra.

Maharsi Wiyasa nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh Prabu Drupada, dados Pandhawa gangsal punika panjalmanipun Endra gangsal ing kina. Dene Dèwi Sri ingkang katamtokakên dados semahipun Endra gangsal wau dados putri jengandika pun Drupadi, ingkang warninipun sakalangkung endah, sarta cahyanipun kadi wulan purnama, gandanipun arum angambar, ngèbêki wêwêngkon kalih pal wiyaripun mila botên mijil saking wanita ing donya, nanging saking bumi, awit saking sêsaji jêngandika, ingkang patitis anggènipun ngawontênakên. Dhuh, sinuwun saking lêganing manah kula, jêngandika kula caosi netra kawicaksanan, murih sagêd nguningani dewa gangsal ingkang sami manjanma dados Pandhuputra, suwawi dipun tingalana para sutanipun Kunthi, nalika taksih maujut jawata."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Maharsi Wiyasa, brahmana sukci ingkang pinunjul sasamining rêsi, sasampunipun ngandika makatên, lajêng ambuka netranipun Prabu Drupada, ingkang botên sagêd kasasaban ing sadaya kawontênan, pramila sang prabu

--- 953 ---

lajêng sagêd ngawuningani wujudipun para Pandhawa rikala têksih sami dados dewa, sami jêjamang sangsangan oncèn-oncèn sêkar kados limrahipun para dewa, warninipun sadaya sampun botên siwah kalihan Bathara Sakra, cahyanipun mancorong kados srêngenge, ngagêm kroncong, binggêl saha kêlatbau, bagus taruna, pranajanipun wiyar dêdêgipun watawis gangsal asta. Sadaya sami katingal prigêl solahipun, sariranipun angganda arum. Prabu Drupada andugi manawi punika Bathara Mahadewa, maujud dados gangsal, utawi para wasu, para rudra, utawi para aditya. Rikala Prabu Drupada wuninga para Pandhawa nalika têksih sami mawujud Endra, Sang Arjuna punika dumados saking peranganing Endra ingkang asêsilih Bathara Sakra. Sukaning panggalih ngantos tanpa upami sarta sakalangkung ngungun nguningani pangwasaning dewa, dene ngantos sagêd damêl kawontênan ingkang makatên. Wusana Prabu Drupada priksa bilih putrinipun, ingkang sêsilih Drupadi punika têtela têtungguling wanita, sulistya ing warni pindha absari Ngendrabawana, guwayanipun sumorot kados wulan purnama. Saking kasoking panggalihipun sang prabu, mila lajêng angrungkêbi padanipun Sang Satyawatiputra, sarwi matur makatên: "Dhuh Maharêsi, têtela botên wontên mokal ingatasipun brahmana."

Ing nalika wau Rêsi Wiyasa nglajêngakên cariyosipun: Ing satunggaling padhepokan wontên satunggiling rara kênya sutaning brahmana linangkung, nadyan rara kênya wau endah warninipun, ewadene ngantos sampun langkah wanci

--- 954 ---

pangantèn, mêksa dèrèng wontên priya ingkang nglamar, mila andamêl panalangsaning manahipun, ngantos lajêng mêsubrata. Subratanipun andamêl rênaning panggalihipun Bathara Sangkara (Hyang Mahadewa), ingkang lajêng rawuh ing padununganipun rara kênya wau. Sasampunipun pinanggih lajêng ngandika: "Hèh kêkasih ingsun, wanita linuwih sira ingsun parêngake darbe panjaluk, mula apa kang sira pikarêpake, nuli pratelakna." Nalika samantên kênya wau lajêng matur ing Bathara Sangkara ngantos rambah kaping gangsal makatên: "Pukulun, kula kêpengin dipun semah ing priya ingkang sarwa linangkung." Awit saking katuju prana, Bathara Isana kaparêng badhe mituruti sapanyuwunipun kênya wau. Pangandikanipun makatên: "Panyuwunira ingsun parêngake, sira bakal karabi ing priya lima." Kênya matur malih: "Dhuh Hyang Sangkara, kula namung kêpengin darbe priya satunggal, ingkang sarwi utami." Dhawuh wangsulanipun dewaning adewa: "Hèh titah linuwih, panêmbungira marang ingsun kongsi rambah kaping lima: "Kula dipun paringana semah." Iku kang bakal kêturutan. Mulane lakonana kalawan nêmua raharja. Mungguh kalakone mau, ora ana ing kauripanira samêngko, nanging ana ing panjalmanira ing têmbe."

Rêsi Wiyasa nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh sinuwun, pawèstri wau samangke sampun manjanma, dados putri jêngandika ingkang warninipun kados widadari, inggih punika Dèwi Krêsna. Dados putri darah Prisata punika kalampahan karabi ing priya gangsal. Dene kalampahanipun

--- 955 ---

Dèwi Sri manuksma ing pawèstri ingkang tapabrata, wigatos ngangkah karabi ing priya linangkung, punika saking anggènipun ambiyantu pakaryanipun Endra gangsal, ingkang samangke sami dados sutanipun Pandhu, mila sampun dipun paringakên dening Bathara Sangkara lajêng dados putri jêngandika, ingkang mijil saking latu, rikala anak prabu damêl sêsaji. Sajatosipun Bathari Sri sampun dangu ngajêng-ajêng dhatêngipun para dewa gangsal maujud Pandhawa, mila kêdah kêlampahan dados garwanipun, ingkang alantaran saking pamilihipun sang dèwi piyambak. Dados anggènipun Hyang Brahma andumadosakên Dèwi Krêsna punika, wigatos kangge têtimbanganipun Pandhawa gangsal. Dhuh Prabu Drupada, sarèhning jêngandika sampun wuninga sadaya wados-wadosipun, mila prayogi lajêng dipun lêksanana, miturut suraosing panggalih jêngandika."

Dumugi samantên wêkasanipun bab ingkang kaping satus sangang dasa sanga, perangan Wewahika, ing Adiparwa.

__________

BAB CC.

SAMBÊTIPUN WEWAHIKA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: Atur wangsulanipun Sang Prabu Drupada: "Dhuh sang maharsi, anggèn kula darbe atur makatên wau, awit saking cupêting budi kula. Nanging samangke kula sampun priksa, saèstu badhe nêtêpi karsaning dewa, ngèstokakên dhawuhipun sang maharsi. Wêwados wau samangke sampun kababar ing

--- 956 ---

marcapada. Têtelanipun botên wontên lêlampahan ingkang botên saking pandamêlipun manusa. Samangke kula sumangga panjênênganipun sang maharsi, sintên ingkang kangge awak-awakipun Pandhawa gangsal, anggènipun dhaup kalihan pun Krêsna. Mênawi ngèngêti pangandika wau, ing panjanma ingkang kapêngkêr pun Drupadi darbe panyuwun ing Bathara Sangkara makatên: "Pukulun, kula dipun paringana semah." Aturipun makatên wau ngantos rambah kaping gangsal. Bathara Sangkara marêngakên panyuwunipun. Sadaya wau namung para dewa ingkang sagêd wuninga. Dene pamanggih kula manawi Hyang Sangkara sampun marêngakên nadyan sulaya kalihan Wedha, tuwin padataning ngakathah, punika botên anjalari dosa, mila Pandhawa lajêng dipun panggihna kalihan anak kula, miturut pranataning agami dados karsanipun dewa sampun kalêksanan."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Rikala samantên sang linangkung Rêsi Wiyasa mêdal saking palanggatan, lajêng ngandika dhatêng Sang Yudhisthira makatên: "Putuningsun Pandhuputra, dina iki lakuning rêmbulan nunggal sagaris lan lakune lintang Pusya. Mula ing dina iki uga sira dhaupa dhisik lan Drupadi, andhisikana para arinira."

Sarêng sampun wontên pangandikanipun Rêsi Wiyasa makatên wau, Prabu Yajnasena saputranipun, lajêng dhawuh dhatêng para nayaka supados nata wiwahan dhauping pangantèn, saha dhawuh supados dipun pirantosi pèni-pèni rajapèni, kangge bêktanipun pangantèn èstri. Sasampunipun [Sasampun...]

--- 957 ---

[...ipun] mirantos sadaya, saha Dèwi Krêsna sampun dipun sirami sarta dipun dandosi sacaraning pangantèn putri narendra, ingkang rama lajêng lumêbêt ing kadhaton, papag pangantèn kabêkta mêdal, dene ingkang ngèstrèni dhaupipun pangantèn, amung para mitra, para putra sêntana, para nayaka, para brahmana, para pinisêpuh saha têtiyang saisining kitha, ingkang dipun parêngakên sang prabu, ewadene kathahipun tanpa petangan. Urut-urutaning palênggahan katata urut darajatipun. Ing palataran sinêbaran sêkar tunjung tuwin tarate. Para prajurit katata bêbanjêngan kalihan sikêp dêdamêlipun piyambak-piyambak, panganggenipun amancawarni, katingal sakalangkung asri. Taritising pandhapi dipun langse ing oncèn-oncèn sêkar, ingkang dipun gombyoki oncèn-oncèn mutyara, saha sêsotya nawarêtna sanès-sanèsipun katingal pating pancurat kados lintang ing langit nalika pinuju pêtêngan ing wanci dalu. Para rajaputra darah Kuru, ingkang sami sawêg nêdhêng taruna, sasampunipun sêsukci, angrasuk busana kasatriyan, lajêng sami lumêbêt ing pandhapi kadhaton, dipun iring para brahmananipun. Risang Rêsi Domya ingkang cahyanipun sumorot kados srèsènge,srêngenge sadumuginipun ing pandhapi lajêng kadhaupakên urut sêpuh. Candranipun kados banthèng tumambirang dipun giring tuwaburu lumêbêt ing krapyak. Rêsi Domya ingkang lêbda dhatêng saliring Wedha, enggal ngurupakên latu, dipun êsoki mêrtega sukci, kalihan ngucapakên mantra, Sang Yudhisthira dipun panggihakên kalihan Dèwi Krêsna, lajêng kêkanthèn asta, lumampah ngubêngi latu sêsaji.

--- 958 ---

Sasampunipun panggih, Rêsi Domya lajêng nyuwun palilah dhatêng Yudhisthira bilih badhe nampèni bêktanipun pangantèn èstri, dene ingkang kapilih sakathahipun dêdamêling prang. Dintên enjingipun malih Sang Bima gêntos kadhaupakên. Dados salêbêtipun gangsal dintên, sabên dintên manggihakên pangantèn.

Dhuh Prabu Janamêjaya, kula ugi dipun pangandikani sang maharsi, mênggah kaelokanipun Dèwi Krêsna, inggih punika sabên-sabên dados pêrawan malih.

Sabibarang wiwahan, Prabu Drupada angganjar pèni-pèni rajapèni, pangagêman sarta dêdamêl sakalangkung kathah, punapadene rata paprangan sadaludagipun ingkang rinêngga ing kancana, kathahipun satus, dirada satus, sadaya dipun planani asri rinêngga ing jêne, dipun tingali kados rêdi satus, sadaya sami apucak jêne. Parêkan satus, sadaya nêdhêng taruna, warninipun ayu-ayu, saha dipun panganggèni sarwa sae, kados ta dipun anggèni jamang, binggêl, kalung, kêlatbau, sakalangkung adi, Prabu Drupada narendra darah Candra, ugi paring mas picis rajabrana, enggalipun gurubakal gurudadi, dhatêng para Pandhawa ingkang botên siwah kalihan para dewa punika, anggènipun masrahakên sadaya wau dhatêng Pandhawa wontên ing sangajênging latu sukci. Para Pandhawa ingkang mandraguna surasêkti, sasampunipun dhaup kalihan Dèwi Krêsna ingkang suwarninipun botên siwah kalihan Dèwi Sri, saha sasampunipun tampi barang warni-warni, lajêng sami mangun sukaning panggalih wontên ing praja Pancala, sarta rumaos mulya

--- 959 ---

kados para narendra wontênipun ing karang kadewatan."

Dumugi samantên wêkasanipun bab ingkang kaping kalih atus perangan Wewahika, ing Adiparwa.

__________

BAB CCI.

SAMBÊTIPUN WEWAHIKA PARWA.

Rêsi Waisampayana ngandika malih: Sabibaring wiwahan dhaupipun pangantèn, inggih punika kêmpalipun para Pandhawa kalihan Nata Pancala, Prabu Drupada wiwit sirna sumêlangipun, saha rumaos botên darbe ajrih, sanadyan pêrang mêngsah dewa. Dene para putri isining kadhaton, sami marêg Dèwi Kunthi, kalihan mratelakakên naminipun piyambak-piyambak, sarta lajêng sami nyungkêmi padanipun sang dèwi. Dèwi Krêsna têksih mangagêm sutra abrit saha ngagêm binggêl saking lawe, sarating pawèstri mênawi dados pangantèn, marak ingkang ibu marasêpuh, asta ngapurancang kalihan sakalangkung bingahing panggalihipun. Saking sangêt kasoking panggalih dhatêng Dèwi Drupadi, ingkang sulistya ing warni, wijanganing sarira sarwa cêkapan, lan angrêsêpakêm manah tandang tandukipun kalihan susila, Dèwi Prita lajêng nglairakên pamujinipun, makatên: "Muga sira dèn sihana dening guru lakinira, kaya sihe Bathara Endra marang Dèwi Kaci, Bathara Wibawasu marang Dèwi Swahya, Bathara Soma marang Dèwi Rohini, Prabu Nala marang Dèwi Damajanti, Sang Wisrawana marang Dèwi Badra, Rêsi Wasista marang Dèwi Arundati, utawa Bathara

--- 960 ---

Narayana marang Dèwi Laksmi. Dhuh kêkasihing dewa, mugi sira nuli asêsutaa, kang awatak satriya, sarta dawa umure, linuwih kaprawirane, kongsi sira rumangsa tampa nugraha. Manawa priyanira gawe sêsaji, sira lêladia. Kang bêkti marang guru laki, sarta sajrone isih ana ing marcapada, tansah angajènana lan anyugataa tamu, wong saka mancapraja, wong suci, bocah, wong tuwa, sarta pandhuwuranira, sira dadi garwane Yudhisthira kang ambêg adil muga-muga sira kuwata dadi pramèswarining ratu ing Kuru Janggala.§ Kithanipun nama Hastinapura, prajanipun nama Kuru Janggala. Dhuh nini dèwi praja salumahing bantala iki padha nungkula marang priyanira, kang linuwih kaprawirane iku. Kang akèh pisungsungira marang brahmana, manawa priyanira gawe aswaweda. Dhuh putri linuwih, yèn ing marcapada apa kang ajine ngungkuli kautaman, sarta nganti nêmua kamulyan nganti satus taun lawase. Dhuh musthikaning kadhaton Pancala, kaya apa bungahing panggalih ingsun, andulu sira ngrasuk busana sarwa abang, kaya apa bungahing panggalih ingsun ing têmbe, manawa mendah sira anglairake bêbayi."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Rikala para Pandhawa krama angsal putri Pancala punika, Sri Ari [Sri Krêsna] nyumbang raja kaputrèn sakalangkung kathah, sadaya mawi cinêplik ing sêsotya nawarêtna, punapadene pangagêman adi, ingkang agêng ajinipun, wêdalan saking manca-ngamanca. Singêp saking cucaling kewan ingkang botên gampil pinanggihipun.

--- 961 ---