Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 10

7 Oktobêr 1957.

Pasareyan babut prangwêdani, sami tinarètès ing sêsotya, sinêling jumêrut nila widuri, punapadene abdi maèwu-èwu, saking bangsa warni-warni, dipun pilih ingkang bagus warninipun, saha nêdhêng taruna, prigêl saliring karya, susila, dipun panganggèni manekawarni. Tuwin dirada pintên-pintên, sadaya sami tutut, wêdalan ing Madras. Kuda sae wandanipun, abah-abahipun santosa tuwin sae, rata dalah kuda pangiritipun pisan, ingkang wanda saha untunipun sae, sarta jêne ngantos mangundhung-undhung, saking anggènipun anuju panggalihipun Sang Guwinda. Sang Yudhisthira anggèning nampèni sadaya wau, kalayan suka amarwata suta.

Dumugi samantên wêkasanipun bab ingkang kaping kalih atus satunggal perangan Wewahika, ing Adiparwa.

__________

BAB CCII.

SAMBÊTIPUN WEWAHIKA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Kawuningana, para nata ingkang sami ngêdêgi sayêmbara ing Pancala, kados ingkang sampun kula aturakên, ugi lajêng priksa saking aturipun têlik, manawi Dèwi Krêsna krama antuk para putranipun Prabu Pandhu, punapadene inggih lajêng mangêrtos, bilih brahmana ingkang kuwawa mênthang langkap gora, saha sagêd anjêmparing lesan, pêpanggiling sayêmbara, punika têtela sang pinunjuling jagad panêngah Pandhawa, punapadene prajurit linangkung [linang...]

--- 962 ---

[...kung] ingkang sampun angêplèkakên Prabu Salya, lajêng damêl girisipun para nata, awit pupuhipun kajêng agêng, sarta tanpa ringa-ringa nêmpuh barisaning para ratu, punika Sang Bhimasena, ingkang sinêbut pangrisak barisan mêngsah. Kados punapa pangunguning panggalih, sarêng para nata sampun têrang pamirêngipun, manawi ingkang namur brahmana punika para Pandhawa. Awit para nata wau sampun sami mirêng pawartos, bilih Dèwi Kunthi dalah para putra sami sirna, katut kabêsminipun bale ingkang linepa ing gandarukêm. Para nata wau ngantos andugi bilih para Pandhawa dalah ibunipun punika botên kenging ing pêjah."

Punapadene sarêng sami ngèngêti awoning sêdyanipun Purucana, ngantos sami kawiyos pangudaraosipun makatên: "Apa Sang Bhisma lan Prabu Drêstarastra ora lingsêm."

Kawuningana sinuwun, para narendra ingkang sami ngêdêgi sayêmbara punika, sajatosipun sabibaring sayêmbara, botên lajêng sami kondur, nanging lajêng sami masanggrahan ing talatah Pancala, têbih saking kitha, nanging sarêng mirêng saking aturing têlik, ingkang mratelakên manawi Dèwi Krêsna kadhaupakên kalihan para Pandhawa, punika sawêg sami kondur dhatêng prajanipun sowang-sowang. Makatên ugi Sang Duryudana, sarêng mirêng pawartos bilih ingkang dipun pilih Dèwi Drupadi punika Sang Setawahana (Arjuna), Sang Duryudana sangêt prihatos, mila lajêng bêbodholan saking pasanggrahanipun ing talatah Pancala, nêdya kondur ing Hastinapura kalihan rudah

--- 963 ---

panggalihipun, kadhèrèkakên para kadang tuwin Sang Aswatama, ingkang paman nata ing Gandara tuwin Rêsi Krêpa. Sang Dursasana lingsêm dene botên angsal damêl, mila matur dhatêng ingkang raka makatên: "Upami Arjuna botên anamur brahmana, saèstu botên sagêd amboyong Dèwi Drupadi, mila para Kurawa botên sagêd priksa mênawi Dananjaya, awit babar pisan botên kawistara mênawi brahmana gadhungan. Dhuh kakang prabu, saking pamanggih kula, têtela pêpêsthèn punika sakalangkung kuwawi. Pasêksènipun pangangkahipun Kurawa botên kadumugèn, sadaya sêdyanipun lêpat, katandha Pandhawa têksih sami gêsang." Samargi-margi para Kurawa tansah ngrêmbag kawontênanipun para Pandhawa, saha nêtah Purucana anggènipun kirang pangatos-atos. Dados lêbêtipun dhatêng Hastinapura punika sarwi isi raos gêtun tuwin prihatos. Punapa malih mênawi Pandhawa wau sagêd oncat saking bêbaya latu, tur lajêng suraya sabiyantu kalihan Prabu Drupada, tuwin kèngêtan dhatêng Sang Drêsthadyumna, Sang Srikandhi tuwin putra Pancala sanès-sanèsipun, dene racak-racak sami lêbda mangun yuda, girisipun saya tambah-tambah.

Sarêng Sang Widura sampun cêtha pamirêngipun, bilih ingkang sagêd amboyong Dèwi Drupadi punika Pandhawa, sarta konduripun Sang Drêstharastra sakadang kadeyan sampun dumugi ing satêpepis[1] wiringing nagari Hastinapura, kalihan nawung raos lingsêm dening lampahipun botên angsal damêl, Sang Widura sakalangkung bingah. Awit kuciwanipun para Drêstharastra putra punika prayogi, kagalih

--- 964 ---

badhe sagêd angêndhak adigungipun.

Dhuh sinuwun, rikala samantên Sang Ksatri enggal marêk ing ngarsanipun Prabu Drêstharastra. Sasampunipun ngaras padaning raka, lajêng matur: "Andadosna kawuningan kakang prabu, bangsa Kuru manggih kabêgjan." Nalika Prabu Drêstharastra, putranipun Prabu Wicitrawirya, mirêng aturipun ingkang rayi makatên wau, sangêt rêna panggalihipun, mila lajêng ngandika: "O, yayi, iya sukur sakêthi jumurung, dene mangkono sihing dewa marang bangsa Kuru." Saèstunipun pangandikanipun sang prabu makatên wau kêcelik, amargi ingkang dipun kintên kapilih dening Dèwi Drupadi punika Sang Duryudana. Têmahan lajêng dhawuh supados tumuntên kasadhiyan raja kaputrèn, kangge pêthukanipun pangantèn èstri, sarta dhawuh supados ing têmbe, manawi Sang Duryudana lumêbêt ing kitha Hastinapura kalihan ambêkta garwanipun, dipun tampèni kalihan wiwahan agêng.

Sarêng Sang Widura mirêng dhawuh pangandikanipun ingkang raka makatên wau lajêng matur, manawi ingkang dipun pilih Dèwi Drupadi punika Pandhawa. Sajatosipun Pandhawa punika têksih sami gêsang, sarta sampun kamantu dening Prabu Drupada, tuwin dipun aji-aji. Kajawi punika Sang Widura ugi matur, bilih Pandhawa sampun prajanji sabaya pêjah kalihan para putranipun Prabu Drupada, ingkang wadyabalanipun tanpa petangan, sarta sampun apawongmitra kalihan para satriya saha para brahmana ingkang sami ngèstrèni sayêmbara ing praja Pancala.

--- 965 ---

Sarêng Prabu Drêstharastra midhangêt aturipun ingkang rayi makatên wau, enggal mangsuli pangandika: "Dhuh, Ksatri kadange pun kakang, wruhanamu yayi, sih ingsun marang anak-anak Pandhawa, ayak ora beda karo sihe kakangira yayi Prabu Pandhu, bokmanawa malah luwih. Mara yayi piyarsakna pangandikaningsun, apa mulane sih ingsun marang Pandhawa samêngko, luwih katimbang ing nguni-uni, awit samêngko saya cêtha kaprawiran lan bêcike pambêgane, katandha sugih mitra, sarta sanak kadange kang samêngko wis saeka kapti, iku padha santosa-santosa. Dhuh, yayi Widura, nadyan sajrone bêkja apa cilaka, sapa narendra kang ora kêpengin pawongmitra lan Prabu Drupada."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Widura lajêng mangsuli atur: "Dhuh dhuh ratu linangkung, sêsêmbahanipun Widura, pamuji kula panggalihipun kakang prabu makatên wau, mugi lêstantuna ngantos satus warsa. Ing riku Sang Prabu Drêstharastra lajêng ngandika, manawi ingkang rayi lajêng kalilan mêdal pasilan. Mila Sang Widura nêmbah lajêng mundur.

Dhuh Prabu Janamêjaya, sapêngkêripun Sang Widura Prabu Anèm Duryudana kalihan Sang Karna, lajêng marêk Prabu Drestharastra, sasampunipun manêmbah, Sang Duryudana lajêng matur: "Dhuh nata binathara, kawuningana rama prabu, anggèn kula botên lajêng sowan salêbêtipun paman Widura taksih marak, punika awit kula rumaos pakèwêt badhe ngaturakên pamanggih kula, manawi kanjêng

--- 966 ---

paman wontên. Samangke mumpung rama prabu lênggah piyambakan, pramila kula kalihan kakang Prabu Karna, lajêng marak ing ngarsa paduka, wigatos badhe ngaturakên pamanggih ingkang sampun kula angên-angên dangu. Dhuh narendra bangsa Kuru, kadospundi dene rama prabu lajêng kagungan pamanggih kados ingkang kadhawuhakên dhatêng paman Widura wau. Punapa mujuring lêlampahanipun mêngsah, punika kagalih mujuraning sarira pribadi. Dene ngantos kawiyos dhatêng paman Widura, bilih rama prabu rumaos bêkja dene Pandhawa sami jinurung lêlampahanipun. Dhuh ratu kang tanpa dosa. Botên prayogi yèn makatên panggalihipun rama prabu. Kawuningana, lêrêsipun kula dalah sadaya para kadang saha mitra, sabên dintên kêdah tansah nandukakên upaya ingkang sagêd nyuda kasantosanipun Pandhawa. Dhuh pêpundhèn kula, samangke sampun sêdhêngipun, kula sami rêrêmbagan, kadospundi pambudidayanipun, supados Pandhawa sampun ngantos tuwuh ciptanipun badhe amrih sirna kula sakadang kadeyan saha wadyabala sadaya."

Dumugi samantên wêkasanipun bab ingkang kaping kalih atus kalih perangan Wewahika, ing Adiparwa.

__________

BAB CCIII.

WIDURA GAMANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dhawuh wangsulanipun Prabu Drêstharastra makatên: "Kulup

--- 967 ---

Duryudana, sajatine ingsun iya kêpengin nuruti sêdyanira mau, nanging supaya aja kawruhan, mulane nalika pamanmu Widura ana, ingsun ngandika bangêt rêna marang kabêkjane Pandhawa. Dadi pamananmu[2] lêstari kasamaran marang sarasaning panggalih ingsun. Kulup Duryudana, samêngko pamanira wus ora ana, dadi wis ora ana pakewuhe sira nglairake sarasane atinira, mangkono uga sira Radiya, ana karêpira apa, nuli matura."

Sang Duryudana manêmbah sarwi matur: "Dhuh darah Bharata, paduka mugi kaparênga utusan ngupados brahmana ingkang têtela kenging pinitados julig, saha trampil ing sabarang karya, wigatos dipun patah ambudi sarana, ingkang sagêd dados jalaran congkrahipun para putranipun ibu Kunthi kalihan sutanipun ibu Madri. Punapadene Prabu Drupada, saputra sêntana dalah nayakanipun, sami dipun robana rajabrana ingkang kathah, sasampunipun sami kasok manahipun, lajêng dipun angkah sagêdipun lajêng mêmêngsahan kalihan yayi Yudhisthira, sarta anglampahna utusan ingkang momor mêngsah, supados ngangkah sihipun Pandhawa. Mênawi sampun kêlampahan, lajêng ambujuk Pandhawa, lêstantuna wontên ing praja Pancala, anyariyosna pakèwêdipun manawi mantuk ing Hastinapura. Bokbilih Pandhawa lajêng miturut purun lêstantun wontên ing Pancala, dados botên cêlak kalihan kula dalah para kadang sadaya. Punapa malih rama prabu amataha tiyang ingkang sakintên sagêd ambujuk Dèwi Krêsna, sagêdipun damêl congkrahipun Pandhawa satunggal lan satunggalipun,

--- 968 ---

saha sagêda rênggang sihipun dhatêng Dèwi Krêsna. Makatên ugi Dèwi Krêsna dhatêng Pandhawa. Dhuh kangjêng rama prabu, mugi tumuntên utusan tiyang ingkang botên kewran dhatêng saliring upaya sandi, kadhawuhana lumampah dhatêng Pancala, supados nyidra pun Bima. Awit Bima têtela prakosa piyambak, tinimbang kalihan para sadhèrèkipun, mila Pandhawa tansah ngina dhatêng Kurawa, punika awit ngêndêlakên karosanipun Bima. Awit Bima pancèn prawira, mila dipun angge pangayomanipun, dados manawi Bima kalampahan sirna Pandhawa tuwin srayanipun, têmtu lajêng sirna kakiyatanipun, saha kasêktènipun, wêkasan botên purun nêdha wangsuling nêgarinipun, awit sampun têtela manawi pun Bima ingkang minangka andêl-andêlipun. Dhuh nata binathara, Arjuna nyata botên kenging dipun kawonakên ing paprangan, ananging mênawi dipun ayomi Bima, bilih Bima botên wontên Arjuna wawratipun botên wontên saprapatipun kakang Radeya. Dhuh rama prabu, mênawi Bima pêjah, Pandhawa têntu lajêng rumaos ringkih, wêkasan rumaos awrat mêngsah Kurawa. Mila lajêng botên kêpengin jumênêng ratu. Dhuh nata binathara, têmtunipun lajêng nêdha pangayoman, dados miturut dhawuh kula, têtêp kados pangajêng-ajêng kula, inggih punika sagêd ngilês-ilês awêwaton kawruh praja ingkang kaaturakên pun Kanika. Tuwin Pandhawa badhe kula purih ngrêncana pawèstri endah ing warna, supados putri Pancala risak manahipun. Dhuh narendra bangsa Kuru, paduka mugi lajêng nglampahna gandhèk dhatêng Pancala, wigatos nimbali Pandhawa, manawi sampun dhatêng

--- 969 ---

ing Hastinapura, kula lajêng badhe matah wadya ingkang julig lampah cidra, nanging sêdya ing kula, supados anyidra Pandhawa. Dhuh sêsêmbahanipun Duryudana, mugi lajêng kaparênga andhawuhakên, pundi ingkang dados panujuning panggalih, lajêng katindakna, dados botên andêdangu lampah. Awit sadèrèngipun Pandhawa pitados sayêktos dhatêng Prabu Drupada, bêbanthènging narendra punika, taksih gampil dipun pirantosi, nanging manawi sampun saya rapêt kêkadanganipun, sêdya kula wau saèstu botên sagêd kalampahan. Dhuh, kangjêng rama prabu, amung punika pamanggih kula, sarana ingkang prayogi kangge amrih sirnanipun Pandhawa. Dhuh kakang Prabu Karna, kadospundi pamanggihipun kakang.

Dumugi samantên têlasipun bab kaping kalih atus tiga perangan Widura gamana parwa, ing Adiparwa.

___________

BAB CCIV.

SAMBÊTIPUN WIDURA GAMANA PARWA.

Rikala Prabu Karna dipun pangandikani makatên wau, lajêng mangsuli atur makatên: "Saking pangintên kula karsa paduka wau, botên prayogi. Dhuh paduka ingkang damêl widadaning darah Kuru, botên wontên lampah ingkang patitis kangge nyirnakakên para Pandhawa, sadèrèngipun tiyang sagêd namtokakên, bilih sagêd kalampahan. Awit sampun kaping pintên kemawon, anggèn paduka amrih sirnanipun Pandhawa, ewadene botên wontên ingkang kalampahan, nadyan Pandhawa ugi wontên ing sacêlak paduka. Mangka nalika

--- 970 ---

samantên Pandhawa taksih ênèm sangêt, sarta taksih sarwa kêkirangan, ewadene paduka sampun botên sagêd amrih sirnanipun, langkung malih samangke, sampun sami diwasa, saha têbih panggenanipun, sarta lêbda dhatêng saliring kagunan saha kawruh. Dhuh kang santosa ing budi, Pandhawa samangke têtela sampun botên sagêd sirna dening sarana, kados ingkang sampun kapangandikakên wau. Amung punika atur kula, têtela Pandhawa kaayoman ing pêpêsthèn sae, sarta dèrèng sêdyanipun badhe andarbèni kapraboning lêluhuripun. Dados mênawi Kurawa nêdya nangsaya Pandhawa sarana lampah cidra, têrang botên sagêd. Pandhawa kaangkah supados congkrah kalihan sadhèrèkipun piyambak, punika botên sagêd kêlampahan, sarta dipun têtangi supados rêbatan sihipun Drupadi, punika ugi botên sagêd. Awit kêlampahanipun tiyang jalêr gangsal ngrabi pawèstri satunggal, punika pancèn sampun dipun têmaha. Dados utusan paduka wau botên badhe sagêd ambêbujuk pun Krêsna, sagêdipun nampik Pandhawa. Awit salêbêtipun Pandhawa sangsara kemawon purun karabi, punapa kalampahan manawi dipun angkah pisah kalihan Pandhawa. Bokmanawi kathah pawèstri ingkang rêmên gadhah priya kathah. Mênawi makatên punika dados Drupadi punika kasêmbadan kasênênganipun, mila mêsthi botên sagêd kapisahakên kalihan para priyanipun. Nata Pancala punika ambêgipun utami tuwin adil, têmtu botên ngeman icaling bandha, dados têmtu botên purun ngulungakên Pandhawa, sarana dipun sagahi badhe dipun sukani nagari, sutanipun Drupada ingkang misuwur pinunjul sasamining satriya, punika wartosipun [war...]

--- 971 ---

[...tosipun] trêsna sangêt dhatêng Pandhawa, mila sampun mêsthi Pandhawa botên sagêd risak dening pangreka kados ingkang paduka pangandikakakên wau. Dhuh têtungguling bangsa Kuru ingkang prayogi saha patitis piyambak, kêdah dipun gêbag ing prang, lajêng dipun sirnakakên sami sanalika. Pangajêng-ajêng kula pamrayogi punika mugi turut kalihan karsanipun yayi prabu, mupung kula taksih sarwa santosa. Nanging Nata Pancala botên sapintêna. Mila prayogi dipun lurugi samangke. Dados botên wontên pigunanipun, dipun dêdangu anggènipun anggalih. Dhuh Risang Gandariputra, sadèrèngipun samêkta anggènipun nata, tuwin rajakayanipun, utawi para nata pamitranipun, mupung dèrèng nglêmpak, mugi yayi prabu anèm kaparênga ngatingalakên kêkêndêlan. Dhuh sinuwun, sadèrèngipun Prabu Drupada dalah putranipun ingkang sudira ing rananggana punika darbe osik badhe prang mêngsah Kurawa, prayogi dipun tedahana karosan paduka. Dhuh narendra darah Kuru, mugi angêtog kaprawiran, lajêng dipun tingalna ing sangajêngipun Sri Krêsna, pêpêthinganing bangsa Wrêsni, ingkang wêkdal samangke sampun wontên ing praja Pancala, kairing ing wadyabala bangsa Yadawa, sarta ambêkta mas picis rajabrana, tuwin pirantosing prang wigatos kangge mirantosi manawi para Pandhawa darbe sêdya nêdha wangsuling nagari pusakaning para lêluhuripun. Enggalipun mênawi kangge pêrluning Pandhawa, punapa kemawon Sri Krêsna tamtu kadugi nglilahakên. Kawuningana yayi prabu, panjênênganipun Mahaprabu Bharata sagêd mangrèh jagad, amung sarana kaprawiranipun. Bathara

{footnote}{/footnote}

Endra mila sagêd mangrèh bawana, ugi saking kaprawiranipun. Dhuh prabu anèm, awit saking punika mila satriya kêdah ngêgungakên kaprawiran. Dhuh pêpêthinganing bangsa Kuru, ingatasipun satriya, kaprawiran punika kautamèn ingkang luhur. Dhuh yayi prabu, suwawi ngirit wadiya[4] kawan golongan, samêkta sagêgamaning prang, nglurug dhatêng Pancala, wigatos nukup Pandhawa, sampun ngantos kêdangon, mindhak saya kuwawi. Têrangipun Pandhawa botên sagêd dipun sirnakakên sarana lampah ingkang botên ngawistarani, tuwin sarana kasarayakakên dhatêng para julig, kalihan epahan utawi dipun angkah sagêda cêcongkrahan kalihan sadhèrèkipun piyambak, nanging kêdah kasirnakakên sarana kaprawiran. Manawi yayi prabu sampun sagêd unggul kalihan Pandhawa, sarana kaprawiran, yayi prabu lajêng sagêd mangrèh jagad tanpa sisihan. Dhuh narendraning bangsa Kuru, kula sampun botên gadhah pamanggih sanèsipun malih, ingkang sakintên sagêd angêntasi damêl.

Rêsi Wesampayana nglajêngakên cariyosipun: Prabu Drêstharastra ingkang karosanipun tanpa tandhing, sangêt bingah mirêng katêranganipun Sang Radheo makatên wau, mila lajêng ngandika makatên: "Hèh Karna kang wicaksana lan kêndêl, ucapira pantês lan kaananira, ewadene sira lan arinira kaki Duryudana têtaringana lan Sang Bisma, Rêsi Drona lan yayi Widura.

Rêsi Wesampayana nglajêngakên cariyosipun: Sami sanalika Prabu Drêstharastra lajêng nimbali sadaya ingkang sampun kadhawuhakên wau. Sarêng sampun pêpak lajêng

--- 973 ---

sami têtarosan.

Dumugi samantên têlasipun bab ingkang kaping kalih atus sêkawan perangan Widura gamana ing Adiparwa.

BAB CCV.

SAMBÊTIPUN WIDURA GAMANA PARWA.

Rêsi Wesampayana nglajêngakên cariyosipun: Sarêng Prabu Drêstharastra nyuwun pamrayoginipun Sang Bisma, lajêng dipun wangsuli pangandika makatên: O, anak prabu, ingsun mêsthi ora nayogyani manawa Kurawa kongsi cêcongkrahan lan Pandhawa. Sih trêsnaningsun marang sira lan marang arinira kaki Prabu Pandhu ora ana bedane, mangkono uga sih ingsun marang putrane Gêndari, lan para putrane Kunthi iya padha bae. Dhuh Drêstharastra putraningsun, ingsun kawajiban rumêksa marang para putranira, apadene para Pandhawa, gèk kaya apa bingunge panggalih ingsun yèn Kurawa sida cêcongkrahan lan Pandhawa. Mangka yèn niyat mamrih prayogane gampang bae, ugêr Pandhawa diwènèhi saparone nagara Astina sajajahane, mêsthi ora ana pasulayan. Awit sajatine yèn têtungguling bangsa Kuru, Duryudana darbe panganggêp yèn karatone bapake, mangkono uga Pandhawa, iya uga nganggêp yèn karaton iki, tinggalane wong tuwane. Hèh prabu anom, manawa Pandhawa dianggêp ora wênang nampani pusaka kaprabon, apa sira lan bangsa Kuru liya-liyane ana kang wênang nampani? Manawa sira rumangsa wênang nampani kêprabon, panduganingsun Pandhawa iya wênang nampani dhisik. Mulane prayogane nêgara Astina paronên [paro...]

--- 974 ---

[...nên] bae karo arinira Pandhawa, dimèn padha rumangsa bêkja. Yèn sira nganggo laku liya saka kang sun tuturake mau, mêsthi yèn bangsa Kuru nêmoni sangsara. Wasana sira banjur tanpa aji. O, Duryudana, rêksanên jênêngira, amarga witing santosa iku saka bêciking jênênge. Ujaring wasita yèn wong wus sirna bêciking jênênge, iku urip prasasat wis mati. Dhuh pangarêping bangsa Kuru, wong ora kêna diarani wis mati, yèn misuwure jênênge isih kawursita ing batine wong donya. Lah Gêndariputra, anulata lakune para linuwih, dimèn bisa nyêmbuh kamulyane bangsa Kuru. Dhuh sira kang sarwa santosa, muga nulata lêkase para lêluhurira. Bangsa Kuru rumangsa antuk kabêkjan, dene Pandhawa isih widada, Kunthi isih urip, sarta si druhaka Purucana ora kêlakon sêdyane, nanging malah dadi jalaran patine, dhuh putuningsun wong bagus, wiwit ingsun krungu pawarta yèn putrane padha mati kobong, sabên ingsun wêruh utawa krungu titah urip, panggalih ingsun bangêt kalara-lara. Dhuh bêbanthènging bangsa Kuru, sabên jagad krungu warta Kunthi nêmu sangsara, banjur ngarani yèn dosane Purucana durung sak dosanira. Wruhanira Duryudana, bab oncate Pandhawa saka bêbaya gêni, sarta katone ing akèh manèh, iku wus minangka pamêlèhe wong kang andakwa ala marang sira. Dhuh têdhak Kuru, sasuwene prajurit linuwih [Pandhawa] iku isih urip, nadyan Hyang Indra pisah, ora bisa ngilangi wêwênange Pandhawa gumanti ratu. Awit para Pandhawa padha utama ambêge, sarta rukun karo sanak kadange, banjur kapriye kadadeyane, yèn Pandhawa ora

--- 975 ---

olèh bageyan kaprabon. Dhuh, Duryudana, yèn sira kêpengin disêbut adil, lan nêdya amrih lêgane panggalih ingsun, sarta bungah raharjane kabèh, Pandhawa nuli pasrahana saparone nagara Astina.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus gangsal, perangan Widura gamana ing Adiparwa.

BAB CCVI.

SAMBÊTIPUN WIDURA GAMANA PARWA.

Rêsi Wesampayana cariyos malih: Dupi Sang Bhisma sampun kèndêl anggènipun ngandika, Brahmana Drona lajêng gêntos ngandika makatên: "Dhuh, Prabu Drêstharastra, ujaring wasita, tiyang ingkang dipun prasajani wadosing mitranipun, wigatos dipun têdhani pamrayogi, punika wajibipun kêdah nglairakên sanjataning pamanggihipun, dhêdhasar adil, ingkang anjalari kasaenanipun. Kawuningana sinuwun, manawi pamanggih kula, ingatasipun prakawis punika, condhong kalihan pangandikanipun Sang Bisma. Pramila mugi wontêna karsa paduka maringakên nagarinipun bangsa Kuru sapalih dhatêng Pandhawa. Manawi makatên paduka sampun anglênggahi jatining kautamèn. Dhuh, narendra têdhak Bharata, sampun ngantos kadangon, prayogi lajêng nglampahakên duta, tiyang ingkang wasis micara, mawi kabêktanan mas picis rajabrana, tuwin sanès-sanèsipun. Enggalipun gurubakal gurudadi, lajêng kapasrahna dhatêng Prabu Drupada, minangka pasumbang anggènipun miwaha putrinipun, punapadene ganjaran warni-warni dhatêng [dha...]

--- 976 ---

[...têng] pangantèn èstri, sarta dipun wêlinga supados mratelakakên kados punapa kuwawi saha luhuripun, mênawi bangsa Kuru saabipraya kalihan Narendra Pancala. Dhuh, narendra binathara, utusan paduka wau kadhawuhana mratelakakên sukaning panggalih paduka, dene kalampahan bêbesanan kalihan Sinuwun Pancala. Dipun pitungkasa manawi anggènipun matur makatên wontên ngarsanipun Prabu Yajnasena, saha Sang Drêsthadyumna, tansah dipun ambal-ambalana, tuwin malih ugi kêdah mratelakakên kados punapa prayoginipun dene bangsa Kuru sampun kêlampahan kêmpal kalihan bangsa Pancala. Mila pratelakna suka sokuring panggalih paduka, saha sangêt angluhurakên dhatêng lêlampahan sapisan punika. Duta saking Astina kêdah tansah angêngimur para putranipun Dèwi Madri, saha Dèwi Kunthi. Dhuh, ratuning bangsa Kuru, risang musthikaning wanudiya[5] Dèwi Drupadi, prayogi dipun paringana raja kaputrèn kathah, punapadene para putranipun Prabu Drupada sanès-sanèsipun ugi dipun ganjara sakaparêng paduka. Kajawi sadaya wau, duta ugi dipun dhawuhana atur prayogi dhatêng Prabu Drupada, wontêna karsanipun ngundurakên Pandhawa dhatêng Hastinapura. Manawi Prabu Drupada sampun paring palilah, Sang Dursasana kalihan Sang Karna, dalah sawadyanipun lajêng mirantosa mapag. Sasampunipun dumugi ing kadhaton, sang prabu kêparênga nampèni kalihan sih trêsna, sarta Sang Yudhisthira lajêng dipun jumênêngna narendra anggêntosi kaprabonipun yayi paduka. Manawi makatên têtiyang ing praja Astina tamtu sami bingah manahipun. Dhuh, sêsêmbahanipun [sê...]

--- 977 ---

[...sêmbahanipun] bangsa Kuru, makatên wau kawajiban paduka dhatêng para Pandhawa, ingkang botên beda kalihan putra paduka piyambak."

Rêsi Wesampayana nglajêngakên cariyosipun: Sakèndêlipun Rêsi Drona Sang Karna sumambung atur makatên: "Sakalihanipun punika sampun kapotangan kathah kalihan panjênênganipun sang prabu, awit tansah kaugung sakarsanipun, punapadene kaanggêp mitra ingkang sangêt pinitados, mila tansah nêdya nuju prananipun sang prabu, awit sakalih-kalihipun wau sampun botên sagêd malês kasaenan sanès-sanèsipun, kajawi damêl sukaning panggalihipun sang prabu, ingkang sajatosipun botên prayogi, malah anjalari tuwuhing piawon, sajatosipun kasaenan wau amung tutuping piawon, nyatanipun bêgja cilaka punika sampun wontên pêpasthènipun, dados mitra botên sagêd damêl bêgja utawi dados srana kabêkjaning mitranipun. Têtelanipun tiyang punika nadyan bodho punapa sagêd, ênèm punapa sêpuh, wontên ingkang darbe sraya utawi botên darbe. Kalamangsa bêgja, kalamangsa sangsara. Ingkang sami marak ing ngarsanipun sang prabu samangke punika sadaya têmtu sampun sami midhangêt dêdongènganipun Prabu Ambhuwica. Panjênênganipun wau mangrèh para nata ing Manggada, nanging kaparêngipun sang prabu ngadhaton ing Rajgriha, sarta sang prabu lirwa dhatêng kawajibanipun. Sang prabu prasasat sampun botên galawat babar pisan ingkang nindakakên paprentahan nagari amung sang nendya mantri ingkang sinêbut

--- 978 ---

Patih Mahakarna, dados purba wasesaning nagari wontên sang rêkyana patih. Kawuningana lamining lami, dupi sang patih kraos dhatêng agênging pangawasanipun, lajêng sang prabu kaanggêp rèmèh purun andaku sadaya kagunganipun sang prabu, rajabrana, nagari, tuwin pangawasanipun kadhaku kados gadhahanipun piyambak, malah pramèswari nata ugi nêdya kadhaku pisan. Sanadyan dipun kèndêlakên kemawon ewadene sadaya wau botên damêl pamarêm, malah kadi ngurubakên kamurkanipun, tandhanipun lajêng kêpengin jumênêng nata pisan. Nanging sêdhiyanipun Patih Mahakarna makatên wau botên sagêd kalêksanan, nadyan sang prabu narimah, ugêr taksih sagêd napas kemawon. Dhuh, Prabu Drêstharastra, awit saking punika kula matur manawi bêgja cilaka punika wontên wasesaning pêpasthèn. Dados manawi pêpasthèn namtokakên, praja Astina punika paduka ingkang kagungan, sanajan karêbat ing mêngsah, paduka têmtu lêstantun anglênggahi dhamparing kaprabon Hastinapura, kosok wangsulipun manawi pêpasthèn paduka botên makatên, sanadyan dipun kukuhana kados punapa kemawon, saèstu botên widada pangasta paduka pusaraning kaprabon. Dhuh, narendra linangkung, mugi ngèngêtana dayaning pêpasthèn, sarta dipun tingalana sarana raos adil, sakathahing atur pamrayogi wau pundi ingkang kagalih lêrês, prayogi lajêng dipun lêksanana, lajêng dipun dhawuhna, pamrayogi, pundi ingkang tuwuh saking kasaenan utawi saking watak awon.

Rêsi Wesampayana nglajêngakên cariyosipun: Rikala Rêsi Drona mirêng [mi...]

--- 979 ---

[...rêng] aturipun Prabu Karna makatên wau, enggal tumolèh dhatêng Prabu Karna kalayan ngandika: "Têtelanipun jêngandika darbe sêdya awon, layak kemawon jêngandika darbe atur makatên wau, awit ngangkah sagêdipun kalampahan piawon jêngandika. Anggèn jêngandika mastani awon dhatêng atur kula saha Sang Bhisma punika, kabêkta saking kêpengin jêngandika nangsaya para Pandhawa. Suwawi dipun gatosna anggèn kula nyariyosakên sababipun, mila kula darbe atur makatên wau, murih sadaya sami raharja, dados bangsa Kuru lêstantuna misuwuripun. Manawi atur kula wau jêngandika wastani awon, suwawi dipun pratelakna ingkang sae punika kados punapa. Upami pamrayogi kula wau botên katindakakên, kula dugi, manawi bangsa Kuru badhe têtumpêsan."

Dumugi samantên wêkasanipun bab ingkang kaping kalih atus nênêm, perangan Widura gamana ing Adiparwa.

__________

BAB CCVII.

SAMBÊTIPUN WIDURA GAMANA PARWA.

Rêsi Wesampayana nglajêngakên cariyosipun: Sakèndêlipun Rêsi Drona, Sang Widura lajêng nambung sabda: "Dhuh, nata binathara, sasêmbahanipun Widura, sampun botên sêmang-sêmang malih pamrayoginipun para paranpara wau amung amrih karaharjan paduka, nanging sêmunipun botên anglabêti ing panggalihipun kakang prabu, awit botên kaduman papan,

--- 980 ---

mangka pangandikanipun pêpêthinganing darah Bharata, Sang Santanuputra punika agêng pigunanipun tumrap kakang prabu, makatên ugi pangandikanipun Sang Brahmana Drona ingkang kathah-kathah wau, amung amrih kamulyanipun kakang prabu. Nanging aturipun sang rajaputra punika salingsingan kalihan pamanggih kula. Dhuh, sinuwun, sarêng kula raos-raosakên ngantos lêbêt, botên wontên mitra paduka ingkang sih trêsnanipun dhatêng panjênênganipun sinuwun, sami kalihan Sang Bhisma, tuwin Rêsi Drona. Manawi salêbêting wêwêngkon Hastinapura kados botên wontên sarjana sujana ingkang limpat bêbudènipun satimbang kalayan pêpêthinganing manungsa sakalihan punika. Panjênênganipun wau sampun langkung dangu anggènipun wontên ing marcapada, wicaksana, saha linangkung sasamining tumitah, sih trêsnanipun dhatêng paduka dalah para putra sadaya, sami kemawon kalayan dhatêng para putranipun kakang Prabu Pandhu. Dhuh, narendra darah Bharata, sang linangkung sakalihan punika, ambêgipun utami, sêtya tuhu ing wacana, sami kalihan Prabu Rama, putranipun Prabu Dasarata. Lah punika punapa sakalihan wau anggènipun ngloropakên kakang prabu. Makatên ugi paduka inggih dèrèng nate botên damêl rênanipun sakalihan wau. Sarèhning kakang prabu sampun nguningani piyambak, bilih sakalihanipun wau sami luhur ing budi, punapa kalampahan nuntun dhatêng piawon, awit pinêksa dening karsa badhe malês bêktinipun kakang prabu ing panjênênganipun sakalihan. Dhuh, kakang prabu, sakalihanipun wau sami wicaksana, sampun saèstu

--- 981 ---

botên nate amrayogi ingkang nyimpang saking kautamèn tuwin adil. Makatên punika pamawasipun Widura. Panjênênganipun lêbda dhatêng Wedha, saèstu botên sulap dhatêng soroting rajabrana kadonyan, tamtu botên amrih karisakanipun kakang prabu, saking anggènipun badhe damêl kamulyaning liyan. Dhuh, têdhak Bharata, pamanggihipun Widura, pamrayoginipun uwa Bhisma, saha Rêsi Drona, prayogi manawi kaèstokakên. Dhuh, kakang prabu, punapa para Pandhawa punika sanès putra paduka, punapa botên sami kemawon kalihan Duryudana, tuwin sanès-sanèsipun. Manawi wontên pamrayogi ingkang amrih sangsaranipun para Pandhawa, punika têtela botên amrih karaharjan paduka. Kawuningana kakang prabu, manawi paduka kèlu dhatêng pamrayogining para putra, nêdya makangsalakên salah satunggal, punika botên damêl mulyanipun kakang prabu. Manawi saking pamanggih kula kakang prabu, para linangkung sakalihan, ingkang cahyanipun sumunar kadi latu punika, saèstu botên badhe ngandika nuntun dhatêng piawon, nadyan paduka dèrèng sagêd priksa badhe kadadosanipun. Panjênênganipun sakalihan wau ngandika manawi Pandhawa, botên kenging dipun kawonakên, punika kapara nyata. Dhuh, narendraning bangsa Kuru, atur kula sadaya wau amung sanyatanipun kemawon, mila sampun anggalih atur sanès-sanèsipun, supados kakang prabu lêstantun raharja. Punapa pun Arjuna putranipun kakang Prabu Pandhu, ingkang pêkik warninipun, sarta tanganipun kanan kering sami kemawon tarampilipun sikêp dêdamêl, punika sagêd kawon kalihan mêngsahipun [mêng...]

--- 982 ---

[...sahipun] wontên madyaning paprangan, nadyan mêngsahipun Bathara Magawat pisan. Punapa Bhimasena, ingkang pangawak prabata, ingkang kêncêng baunipun, karosanipun sami kalihan gajah salêksa, sagêd kawon mêngsah dewa ingkang pundi kemawon. Sintên tiyang ingkang taksih kenging pêjah sagêd unggul mêngsah pun kêmbar. Manawi pamawas kula, kalih-kalihipun punika sampun minangka srayanipun dewaning pêpasthèn, sarta pancèn wasis dhatêng gêlaring ayuda. Punapa pambajêngipun Pandhawa ingkang ambêg paramarta, sêtiya tuhu ing wacana, saha linangkung kaprawiranipun, punika sagêd kasoran dening mêngsahipun? Punapa tiyang ingkang darbe sraya Sang Bhalarama [Bhaladewa] sarta darbe têtarosan Sang Janardana (Krêsna) saha darbe mitra Satyaki, punapa botên sagêd nyirnakakên mêngsahipun ngantos tumpês tapis. Punapa tiyang ingkang darbe marasêpuh Prabu Drupada, ipenipun para ksatriya têdhak Prisatha, sagêd têluk dhatêng mêngsahipun. Dhuh, nata binathara sadhèrèk kula sêpuh, mugi ngèngêtana sadaya wau, saèstunipun kakang prabu botên kêkilapan, bilih Pandhawa ugi darbe wêwênang jumênêng narendra kados kakang prabu, mila ingkang prayogi pamêngku paduka dhatêng anak-anak Pandhawa. Dhuh, sinuwun, paduka sampun cinêda ing jagad, awit saking pandamêlipun Purocana, mila pamrayoginipun panacat wau dipun rêsikana, sarana damêl kasaenan dhatêng Pandhawa. Rakêtipun Pandhawa kalihan Kurawa punika badhe nguwoh kamulyan agêng, awit atêgês angayomi gêsangipun bangsa Kuru, dados damêl ngrêbdanipun bangsa

--- 983 ---

ksatriya darah utami. Ing nguni bangsa Kuru nate prang mêngsah Prabu Drupada, mila samangke manawi paduka kalampahan mêmitran kalihan Nata Pancala, mindhak santosanipun prajanipun bangsa Kuru. Kawuningana sinuwun, darah Dhasarha punika cacahipun tanpa wicalan, saha santosanipun linangkung. Ing pundi dunungipun Sri Krêsna, inggih ing riku ngêmpalipun bangsa Dhasarha, saha ing pundi pamanggènipun Sri Krêsna, ing riku dununging kêmênangan. Dhuh, kakang prabu, manawi tiyang tansah nganam-nganam pêrang punapa sagêd rukun kalihan sintên kemawon? Dupi têtiyang ing praja tuwin talatah Hastinapura mirêng pawartos, bilih para putranipun kakang êmbok Dèwi Prita, taksih sami gêsang, sakalangkung bingah saha sangêt kêpengin badhe nyumêrapi wujudipun. Dhuh, kakang prabu, mugi paduka lajêng kaparênga andhawuhakên, kadospundi ingkang kêdah sami dipun lampahi, murih sagêd damêl bingahipun para kawula. Mugi sampun kèlu dhatêng aturing putra saha sanès-sanèsipun, manawi pancèn botên mêmarah arjaning bangsa Kuru. Awit putra paduka Duryudana, Sang Karba, Sakuni putranipun Prabu Suwala, punika sami taksih ênèm, mila kathah tindakipun ingkang mokal, ingkang mahanani dosa. Dhuh, kakang prabu, mugi sampun kasupèn, paduka darahing utami, sampun marambah-rambah kula matur kakang prabu, manawi Duryudana kalintu tindakipun, mila sagêd anjalari para kawula wawêngkon Hastinapura dalah jajahanipun sami têtumpêsan."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus

--- 984 ---

pitu, perangan Widura gamana ing Adiparwa.

__________

BAB CCVIII.

SAMBÊTIPUN WIDURA GAMANA PARWA.

Rêsi Wesampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi Prabu Drêstharastra midhangêt pamrayogi sadaya wau lajêng ngandika makatên: "Pangandikane kangjêng uwa Bhisma lan Rêsi Drona, apadene pamrayoganira dhewe mau, yayi, kaya bênêr bangêt, sarta pakolèh tumrap jênêng ingsun. Awit para prajurit rata sinakti, putrane yayi Dèwi Kunthi, iku putrane yayi Prabu Pandhu, dadi iya putraningsun, mula manawa para putraningsun iku darbe wêwênang jumênêng narendra, Pandhawa iya wênang. Hèh, yayi Ksaktri, enggal sira lumakua marang Pancala, arih-arihên supaya para putranira Pandhawa, dalah êmbok ayunira yayi Kunthi, padha gêlêm sira boyong mulih marang Hastinapura. Hèh, ksatrya darah Bharata, Dèwi Krêsna kang sulistya ing warna, uga aja kongsi kari. Têtela yèn sutane yayi Dèwi Prita padha sinung kabêgjan gêdhe, dene isih padha urip, lan bisa olèh kamênangan, ing sayêmbarane putri Pancala, mangkono mau iya amimbuhi kabêgjaningsun, dene bangsa Kuru saya wimbuh santosa sarta Purocana nêmahi mati. Hèh kang prabane sumorot kaya srêngenge, bêgja dene prihatin ingsun samêngko wus sirna."

Rêsi Wesampayana nglajêngakên [nglajêng...]

--- 985 ---

[...akên] cariyosipun: "Dhuh Prabu Janamêjaya, sasampunipun tampi dhawuhipun ingkang raka makatên wau, Sang Widura lajêng pangkat dhatêng Pancala, kalihan ambêkta rajabrana pangagêman, pèni-pèni rajapèni, gurubakal gurudadi, pakintunipun Prabu Drêstharastra dhatêng Prabu Drupada, dalah para putranipun sadaya. Sang Widura ingkang botên kewran dhatêng agal alus, sadumuginipun ing Pancala, katampèn dening Prabu Drupada, kalihan sapantêsipun. Sasampunipun satata lênggah, lajêng sami bage-binage. Dupi Sang Widura priksa dhatêng para Pandhawa tuwin Wasudewa Putra, enggal karangkul gêntos-gêntos sarwi kadangu karaharjanipun. Dene para Pandhawa, tuwin Sri Krêsna, enggal sami nyungkêmi padanipun Sang Widura, kang limpat ing budi. Dhuh sinuwun, Sang Widura, ingkang minangka dutanipun Prabu Drêstharastra, saking sih trêsna saha bingah dene pinanggih sami raharja, ngantos rambah-rambah anggènipun ngandika dhatêng para Pandhawa, suraos mêmuji lêstantunipun sih-sinihan ing para dewa, wasana lajêng masrahakên pêparingipun Prabu Drêstharastra, dhatêng Pandhawa, Dèwi Kunthi, Dèwi Drupadi, Prabu Yajnasena dalah para putranipun sadaya, Sang Widura, ingkang solahbawanipun sarwa prayitna, sarta pinunjul lêpasing bêbudènipun, matur dhatêng Prabu Drupada, para Pandhawa saha Sang Kesawa ugi sami mirêng, aturipun makatên: "Dhuh, Nata Pancala, paduka dalah para putra santana saha para nayaka sadaya, sami midhangêtna atur kula punika. Kawuningana Prabu Drêstharastra dalah para nayaka, tuwin

--- 986 ---

para putra, sasrayanipun sangêt kêpengin mirêng pawartos karaharjan paduka saha sanès-sanèsipun wau. Dhuh, Prabu Drupada, kakang Prabu Drêstharastra, sakalangkung suka amrawata suta, dene samangke kalampahan pangajabing panggalih, anggènipun sraya sabiyantu kalihan bangsa Pancala. Punapadene Sang Bhisma, atas namanipun bangsa Kuru, mêmuji karaharjan paduka, makatên ugi Rêsi Drona, putranipun Rêsi Bharadwaja, ngaturakên pujaharja paduka nata, ing batos kados angrangkul sarira paduka, sarta kêpengin tumuntên priksa, pawartos karaharjanipun sinuwun, dalah para nayaka, tuwin wadyabala, sarta para putra santana sadaya. Dhuh, Nata Pancala, sadhèrèk kula sêpuh Prabu Drêstharastra, dalah sadaya bangsa Kuru, sami rumaos tampi nugrahaning dewa, dene kalampahan mêmitran kalayan paduka, rumaosipun kakang prabu, langkung bêgja manawi katimbang angsal boyongan nagari saputrinipun. Dhuh, sinuwun, sarèhning sampun anunggil darah, mila paduka kaparênga paring palilah para Pandhawa martuwi dhatêng karatoning lêluhuripun, awit sadaya bangsa Kuru, sampun sêlak kapengin priksa dhatêng para putranipun kakang Prabu Pandhu. Kabêkta saking anak-anak Pandhawa tuwin kakang êmbok Dèwi Prita, sampun dangu anggènipun nilar prajanipun, saèstu sampun kapengin badhe nyumêrapi malih. Para putra, para pinisêpuh, para nayaka, dalah tiyangipun alit pisan, isining praja Astina, sampun cêcêngklungên anggènipun angajêng-ajêng antukipun Pandhawa wau, awit sêlak kêpengin ningali suwarninipun sêkaring kadhaton Pancala, [Pan...]

--- 987 ---

[...cala,] ingkang misuwur ing jagad, mila enggal maringna putra paduka Pandhawa, dalah garwanipun, kula bêkta dhatêng Astina. Dhuh, Prabu Drupada, manawi paduka sampun marêngakên, kula badhe lajêng nglampahakên caraka, munjuk kakang Prabu Drêstharastra. Dene angkatipun saking Pancala punika kenging sadhanganipun kakang êmbok Dèwi Kunthi, dados sasêkecanipun kemawon."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kalih atus wolu, perangan Widura gamana, ing Adiparwa.

__________

BAB CCIX.

RAJWALABA PARWA.

Rêsi Wesampayana nglajêngakên cariyosipun: Sakèndêlipun Sang Widura, Prabu Drupada mangsuli pangandika makatên: "Dhuh Sang Widura kang wicaksana, kula suka bingah nampèni pêparingipun raka jêngandika Sang Prabu Drêstharastra. Kados punapa sênêngipun manah kula, dene bangsa Pancala sayuk saeka kapti kalihan bangsa Kuru. Saking pamanah kula, kados sampun salêrêsipun, bilih para prajurit rata linangkung punika lajêng wangsul dhatêng prajaning lêluhuripun, ugêr pun Yudhisthira, Bhima, Arjuna, tuwin kêmbar, punapadene Sang Baladewa sarta Sang Krêsna, sampun nayogyani, kula botên darbe wêwênang mambêngi sarta suka palilah, botên langkung kula amung jumurung dhatêng pundi ingkang badhe dipun lampahi, Prabu Baladewa saha

--- 988 ---

Sri Krêsna, punika sami lêbda dhatêng wêwatoning kasusilan, saha tansah amrih kamulyanipun para Pandhawa, mila kula amung pasrah dhatêng sang kalih-kalihipun wau."

Nalika punika Sang Yudhisthira lajêng matur dhatêng Prabu Drupada makatên: "Dhuh, nata binathara, kula dalah para ari sadaya punika purba wasesa sampun wontên ing asta paduka, kados punapa timbalanipun sinuwun, saèstu badhe kula èstokakên kalayan bingahing manah."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, Sang Wasudewa Putra lajêng nyambêt pangandika makatên: "Manawi pamanggih kula prayogi sangêt upami para Pandhawa wau lajêng tumuntên wangsul dhatêng Hastinapura, ewadene ingkang langkung prayogi punika, manawi Pandhawa amung ngèstokakên dhawuhipun Prabu Drupada, awit panjênênganipun sang prabu lêbda anggêr-anggêring kasusilan."

Prabu Drupada ngandika malih: "Manawi ningali kawontênan samangke prayogi kula anut sapamrayoginipun Sang Dasarha (Krêsna) awit Pandhawa sampun têtela manawi amung andhèrèk sapitêdahipun Sang Wasudewa Putra, nadyan ngantos sêdyanipun Yudhisthira anggènipun badhe ngayomi para arinipun, punika sêtiyanipun dèrèng kados anggènipun ngèstokakên dhawuhipun Sri Krêsna."

Rêsi Wesampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Prabu Janamêjaya, rikala samantên Prabu Drupada paring palilah wangsulipun Pandhawa dhatêng Hastinapura, kalihan Sri Krêsna, kairid Sang Widura punapadene Dèwi Drupadi saha Dèwi

--- 989 ---

Kunthi ugi dipun boyongi pisan. Samargi-margi tansah mangun suka, saha masanggrahan ing pundi panggenan ingkang anêngsêmakên. Gêntos kawuwusa Sang Prabu Drêstharastra, dupi midhangêt pawartos manawi lampahipun para prajurit linangkung wau sampun cêlak kalihan watêsing praja Astina, enggal dhawuh dhatêng para putranipun, supados sami mapag ing sajawining kitha. Dhuh, narendra darah Bharata, ingkang kapatah mapag inggih punika Sang Wikarna ingkang misuwur langkapipun sakalangkung agêng, Sang Wicitrasena, Rêsi Drona tuwin Rêsi Krêpa darah Rêsi Gutama. Dados lêbêtipun para Pandhawa ing kitha Astina kairid Kurawa ingkang sami mapag sawadyanipun. Tiyang Astina sami suka-suka anggènipun badhe ningali gustinipun ingkang sagêt[6] dipun trêsnani punika, mila samargi-margi ingkang badhe dipun langkungi para Pandhawa, punika kêbak dening tiyang ningali. Dene para Pandhawa dalah ingkang ibu sarta Dèwi Drupadi, tuwin Sri Krêsna saha Sang Baladewa, botên kêndhat ngatingalakên sukaning panggalihipun, dene pinanggih malih kalihan tiyang Hastinapura. Warni-warni bêngokipun tiyang ing Hastinapura, ingkang suraos angaji-aji utawi anêdahakên trêsnanipun. Sawênèh wontên ingkang ambêngok makatên: "Mara padha dulunên, gustimu kang nyata linuwih sarta bêbanthènging jagad, lêbda marang wêwatoning kautaman, ora pêdhot sih parimarmane marang para kawula, ênggone ngayomi kaya ngayomi marang putrane, samêngko wus kalakon kundur marang prajane manèh. Sagolongan malih mungêl: "Rasane atiku nyawang para

--- 990 ---

Pandhawa iki kaya nyawang Prabu Pandhu dhewe, lagi kondur saka ngalas, nêdya ambêbungah para kawula. Sanèsipun mungêl: para prajurit linuwih putrane Dèwi Kunthi, samêngko wus kalakon kondur, gèk apa punagine wong Hastinapura. Mara kanca padha nyêbar dana, sêsaji martega, muja samadi nyuwun ing dewa, muga gustiku nglênggahi dhamparing karaton lêstari kongsi satus taun."

Sadumugining kadhaton, para Pandhawa lajêng ngabêkti dhatêng Prabu Drêstharastra, saha Sang Bhisma tuwin para wrêda sanès-sanèsipun malih, kalayan mêmuji karaharjanipun sadaya wau. Botên watawis dangu Prabu Drêstharastra dhawuh, supados para Pandhawa lajêng sami ngaso ing gêdhong ingkang sampun dipun samêktani.

Dupi sampun sawatawis dintên lêrêmipun, para Pandhawa lajêng katimbalan sang prabu, saha Sang Bisma, putranipun Prabu Santanu, dhatêng kadhaton. Sasampunipun sami ngaras pada saha satata lênggah. Prabu Drêstharastra dhawuh dhatêng Sang Yudhisthira, pangandikanipun makatên: "Kulup Yudhisthira, sakadangira kabèh, bêcik sira nuli boyonga marang Kandhawaprastha bae. Mungguh prêlune sira aja kongsi pasulayan manèh lan kakang-kakangira. Manawa sira wus dêdunung ing kono têmtu yèn ora ana janma manusa kang ngarubiru ing sira. Sira ingsun paringi Kandhawaprastha, dadi sira wus nampani saparoning praja Astina. Arinira Arjuna anggonên pangayoman, kaya dewa kang gêgaman gêlap anggone ngayomi para dewa."

Rêsi Wesampayana nglajêngakên [nglajêng...]

--- 991 ---

[...akên] cariyosipun: Sami sanalika wau para gêgembonging darah Kuru putranipun Prabu Pandhu, lajêng sêsarêngan sami anyungkêmi padanipun ingkang uwa, labêt saking kasoking panggalih, sarta sasampunipun linilan para Pandhawa ugi kalihan suka rêna, awit rumaos sampun kadumugèn sapangajaping karsa. Kandhawaprastha kagalih ganjaranipun Prabu Drêstharastra ingkang agêng piyambak tumrap Pandhawa, dene tampinipun wau botên mawi kasuwun. Para Pandhuputra ingkang tanpa surêm guwayanipun punika sadumuginipun ing Kandhawaprastha, lajêng nêdya nyithak kitha, winangun kadi kithanipun Sang Hyang Indra, miturut sapamrayoginipun Sri Krêsna, ingkang tansah nêdya ngayomi Pandhawa. Mila para Pandhawa lajêng sami milih papan sukci, ingkang dayanipun sae, wigatos kangge sêsaji, murih antuk nugrahaning dewa, anggèning mangun kitha wau, sampun ngantos wontên walang sangkêripun. Sabibaring sêsaji lajêng ngukur pasitèn ingkang sampun kapilih badhe dipun wangun kitha, malah nalika samantên Sang Maharsi Wiyasa Krêsna Dwipayana kaparêng nênggani ngantos sarampungipun. Kithanipun binètèng sarta jinagang mubêng sakalangkung wiyar. Saking wiyaring jagang, kithaning Pandhawa wau ngantos kadi pulo satêngahing samodra. Bètèngipun inggil, prasasat sumundhul ing mega, sorotipun pêthak rêmu-rêmu kadi soroting rêmbulan, sampun botên siwah kalihan ing Bogawati, kithanipun para naga ing dhasaring pratiwi. Ingkang kathah suyasanipun agêng-agêng, korinipun wiyar, inêpipun kalih. Manawi nuju mengo, katingal njêbabah

--- 992 ---

kadi garudha nglayang. Gapuranipun wiyar, inggilipun saardi Mandara, inêping gapura linapis ing tosan sakalangkung kuwawi, dados botên kuwatos panêmpuhing mêngsah. Sabên gapura sakiwa têngênipun karêngga ing dêdamêling prang, katingal ngantos kadi tutuking sarpa. Ing panggung sanginggiling tembok bètèng, kathah prajuritipun sikêp dêdamêl warni-warni saha pinasangan satagni, makatên punika kawontênaning kitha Kandhawaprastha. Marginipun wiyar-wiyar, waradin tur lêncêng, damêl sênêngipun ingkang sami langkung, awit sêpên ing raos sumêlang manawi kacilakan. Kathah griya tembok agêng-agêng, warninipun pêthak, sampun botên siwah kalayan ing Amarawati, mila sinung nama Indraprastha [saprawoluning kaindran utawi mirid kadhatonipun Sang Hyang Indra]. Kadhatonipun Pandhawa dumunung ing papan ingkang anêngsêmakên, nglêbêting kadhaton kêbak rajabrana warni-warni, prasasat kadhatonipun Bathara Kuwera (dewaning kasugihan). Sinawang saking katêbihan anggamêng ngêndhanu kadi mêndhung, rinêngga ing kilat thathit liwêran.

Dupi sampun paripurna pamanguning kitha, dhuh, Prabu Janamêjaya, lajêng kathah para brahmana putus ing wedha, sarta lêbda dhatêng saliring basa, sami dêdunung ing riku, punapadene para Waisya saking mancapraja ingkang dhatêng kathahipun tanpa wicalan, awit darbe pangintên manawi ing riku marginipun sagêd angsal kasugihan, punapadene kathah para undhagi saliring kagunan ingkang sami pindhah griya dhatêng Kandhawaprastha.

--- 993 ---

Catatan kaki:

1. satêpis (kembali)
2. pamanamu (kembali)
4. wadya (kembali)
5. wanudya (kembali)
6. sangêt (kembali)