Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855

1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata

Sêrat Mahabharata No. 11

7 Nopèmbêr 1957.

Saurut têpining kitha karêngga ing taman sakalangkung asri, ingkang kêkajênganipun sami nyêkar, nguwoh tanpa kêndhat. Kathah kajêngipun wapra, amrêta, kadamba, campaka, punaga, lakuca, panasa sala, tala, tamala, wakula, tuwin kajêng kêtaka. Kathah kajêngipun amêlak, ingkang sami mardapa, katingal sangêt adi, pangipun sami mantêlung labêt kawratan ing wohipun. Kathah kajêngipun lodra saha akola, parijatha, tuwin sapanunggilanipun ingkang damêl sakecaning sawangan, mangka sadaya wau tanpa kêndhat nyêkar, mêntil, nyadam saha matêng, têmah tansah sinaba ing pêksi mancawarni. Ing kajêng mancawarni, ingkang kathah ronipun ijêm royo-royo ngrêmbuyung wau tansah kapirêng cêngungonging mêrak, saha anggungipun kokila jalêr. Ing salêbêting kitha kathah griya ingkang kangge mangun suka ingkang jarambahipun gilap kados kaca, tuwin kathah maligèn ingkang rêrambatanipun sami nyêkar, gandanipun arum, warninipun sae. Kathah wêwanan, parêdèn saha talaga iyasan ingkang katingal angrêsêpakên, tur talaganipun sami kêbak toya rinêngga ing sêkar tunjung mancawarni. Lèpèn saha balumbangipun tansah sinaba ing banyak, kambangan, saha pêksi toya tanpa petangan. Ing Kandhawa kathah garojogan saha sumbêr ngantos tanpa petangan sadaya tansah katuwuhan ganggêng saha kajêng klêpu, mila hawanipun asrêp, mawèh sêgêring sarira. Kathah sêndhangipun iyasan, ingkang winangun warni-warni, sarta wiyaripun ngantos anggawokakên manah. Dhuh, Prabu Janamêjaya, para Pandhawa saya dangu saya sênêng, awit sampun kalampahan darbe karaton, [ka...]

--- 994 ---

[...raton,] prajanipun agêng, têtiyangipun sami bêkti ing para dewa.

Dados kalampahanipun para Pandhawa darbe karaton, punika saking sih parimarmanipun Sang Bhisma tuwin Sang Drêstharastra. Prajurit kinawasa gangsal (Pandhawa), ingkang kawontênanipun botên beda kalihan Sang Hyang Indra, punika wontên ing prajanipun ingkang sakalangkung adi wau kenging dipun wastani, rêrêngganing praja ingkang amimbuhi sêngsêmipun ingkang sami tumingal, kadi para naga wontênipun ing Bogawati, ing dhasaring pratiwi. Dhuh, nata darah Bharata, sasampunipun katingal sami sênêng anggènipun ngadhaton ing karatonipun wau. Sri Krêsna kalihan Prabu Baladewa lajêng pamit kondur dhatêng Dwarawati.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus sanga, perangan Radyabala, ing Adiparwa.

BAB CCX.

SAMBÊTIPUN RADYABALA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh, kang banda kasutapan, eyang-eyang Pandhawa, ingkang misuwur ing jagad, luhur bêbudènipun, sasampunipun ngadhaton wontên ing Indraprasta, punapa Dèwi Drupadi, garwanipun prajurit sinakti gangsal wau, lêstantun ambangun turut? Kadospundi panatanipun, dene ngantos botên pasulayan, mangka gangsal pisan sangêt sihipun dhatêng musthikaning [musthika...]

--- 995 ---

[...ning] wadon, eyang Dèwi Krêsna. Dhuh, sang tapa, kula sangêt kapêngin mirêng cariyos lêlampahanipun para lêluhur kula ingkang tanpa timbang ing jagad punika, sasampunipun ngrama putra Pancala?

Rêsi Waisampayana wiwit cariyos malih: Para pandhawa, pangrurahing satru sêkti, sasampunipun kaparingan sapalihing nagari, Prabu Drêstharastra lajêng dhawuh supados sami mangun sukaning panggalih kalayan garwanipun dhatêng Kandhawaprastha. Sadumugining ngriku, Sang Yudhisthira ingkang sakti saha sêtya dhatêng katêmênan, ugi lajêng nindakakên kawajibaning narendra dhêdhasar kautaman. Pangastanipun praja mawi pambiyantunipun para ari sadaya, botên kêndhat angêlar jajahan, nêlukakên para ratu mêngsahipun, mila para Pandhuputra, ingkang sêtya dhatêng kautamèn, saha katêmênan wau sakalangkung mulya anggènipun ngadhaton ing Kandhawaprastha. Sabên siniwaka tamtu ngèsthi adiling tindakipun.

Ing satunggaling dintên rikala para Pandhawa wau sami lênggah ing panangkilan, karawuhan Maharsi Narada, Rêsi Kaswargan wau nuju nganglang jagad lajêng kampir ing kratonipun Pandhawa. Sarawuhipun sang maharsi, sadaya sami jumênêng angurmati, dene Prabu Yudhisthira enggal ngaturakên dhamparipun ing sang maharsi. Sasampunipun sang maharsi lênggah lajêng kaaturan argya, dene ingkang ngladosakên Prabu Yudhisthira piyambak. Saparipurnaning lêlados Prabu Yudhisthira tumuntên ngaturakên kawontênaning nagarinipun, sang rêsi sangêt rêna nguningani

--- 996 ---

bêktinipun sang prabu tumuntên paring nugraha, saha lajêng dhawuh supados sang prabu tumuntên lênggah, ingkang tumuntên utusan paring priksa dhatêng pramèswari Dèwi Krêsna, bab dhawuhipun sang maharsi. Sang dèwi sêsukci, lajêng dhatêng panangkilan dupi sampun cêlak sang dewa rêsi, lajêng angraup pada, wasana lênggah ngapurancang ing ngarsanipun sang maharsi. Sang dèwi sampun angrasuk kudhung kadi limrahipun para pramèswari ratu. sami sanalika wau, sang maharsi lajêng angucapakên mantra, wigatos paring nugraha dhatêng Dèwi Drupadi. Sasampunipun rampung anggènipun ngucapakên mantra sang maharsi dhawuh supados Dèwi Krêsna wangsul ing kadhaton malih. Sapêngkêripun Dèwi Krêsna sang maharsi dhawuh dhatêng Pandhawa, pangandikanipun makatên: "Rèhning putri Pancala wus kalakon karabi ing Pandhawa lima, kanggo mekani murih aja ana pasulayan, bêcik sira nganakna tatanan, awit ing kuna ana wong loro nunggal yayah rena, aran Sunda lan Upasunda. Sakarone mau wus misuwur ora bisa sirna, yèn ora prang lan sadulure dhewe. Saka rukune kongsi nagara siji diratoni wong loro, pamanggone iya nunggal sadhampar, kongsi yèn mangan nunggal saajang, lan pangane iya padha, ewadene kalakon pêrang jalaran rêbutan Dèwi Tilutama, wasana mati sampyuh. Dhuh, Yudhisthira, ênggonira kêkadangan rêksanên aja kongsi ana apa bae kang dadi jalaraning congkrah.

Rikala wontên pangandikanipun Rêsi Narada makatên wau, Sang Yudhisthira lajêng matur makatên: "Dhuh sang

--- 997 ---

maharsi, Asura Sunda lan Upasunda punika sintên ingkang asêsuta, kadospundi sababipun dene lajêng prang mêngsah sadhèrèkipun piyambak, punapadene ingkang paduka dhawuhakên Dèwi Tilutama wau putrinipun sintên, punapa putrining dewa, punapa golonganing para apsara, dhuh, ingkang banda kasutapan, kula dahat kumacèlu mirêng rêroncèning cariyos lêlampahanipun Asura Sunda kalihan Upasunda, dêrênging manah anggèn kula kapengin mirêng cariyos wau sampun tanpa upami.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus sadasa, perangan Radyabala, ing Adiparwa.

BAB CCXI.

SAMBÊTIPUN RADYABALA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos: Dhawuh wangsulanipun makatên: "Hèh sutane Prita, mara piyarsakna ênggon ingsun nyaritakake lêlakon kuna kang ora siwah sarambut lan nyatane ing nguni. Dhuh, darah Bharata, ing nguni ana ditya raja sêkti mandraguna, jêjuluk Prabu Nikumba, darahe asura linuwih kang pêparab Hiranyasakipu. Sang Nikumba mau sêsuta loro aran Sunda lan Upasunda. Sakarone mau linuwih kasêktène lan pangwasane, sarta anggêgirisi, nanging ambêg angkara sarta wadhag solahbawane. Asura loro iku nunggal gêgayuhan saha sadhengah kang disambut têmtu nunggal pangangkah, karêpe bêgja cilaka iya padha disandhang, mula tansah mong-ingêmong tuju-tinuju ing karsa. Yèn ora bêbarêngan dipilaur ora

--- 998 ---

mangan, pancèn nunggal watak, sarta lagehan, pantês diaranana jiwa siji ambadan loro. Budine limpat, yèn anggarap samubarang disartani santosaning karêp, mula saya gulêt anggone sih-sinihan. Asura loro mau darbe pangangkah arêp angratoni jagad têtêlu iki, golonging rêmbug, yèn wus padha sêsukci banjur nêdya ambangun tapa marang pagunungan Windya. Saparipurnaning sêsukci nuli padha pangkat, sarta banjur anggêntur kasutapan ing gunung mau, tanpa mangan lan turu. Rambute diklabang, manganggo klikaning kayu, badane diblonyohi ing êndhut, patrape ngadêg karo jinjit, kulite diiris-iris, cuwilane diobong ing gêni sêsaji. Yèn tangane ora kanggo ngirisi awake dhewe, banjur ngacung munggah. Mripate dipanthêlêngake ora kêdhèp-kêdhèp, mangka kongsi suwe ora olèh wêwêngan. Hèh, Pandhuputra, sajrone asura loro mau anggêntur tapa, gunung Windya wiwit pucuke kongsi têkan ing sukune, kêmukus kaya kobong-kobonga, yaiku kaprabawan dening tapabratane asura loro mau. Para dewa padha wayang-wuyungan, wêkasan banjur nganakake sarana rupa-rupa, kanggo ambadharake kasutapane asura loro mau. Sawênèhing dewa, ngiming-iming rajabrana gêdhe, ana nyaguhi kamulyan, ana kang misungsung wanudya, nanging sang tapa puguh ora gêlêm ninggal sêdyane, malah wus tau ana laku cidra, yaiku para dewa mindha sadulure wadon, ibune, utawa kulawargane, lumayu kaburu raksasa anggawa lawung, malah ana kang sambat karo anêkêm tatuning badane, gêlunge wudhar, panganggone kleweran, raine biyas, karo sambat-sambat anjaluk tulung kang

--- 999 ---

banjur andheprok ing ngarêpe, sambate mangkene: "Katiwasan, mugi dipun pitulungana." Nanging tanpa gawe, awit asura loro mau ora salin cipta. Barêng têtela yèn ora kengguh, wadon pira-pira, dalah raksasane kang amburu banjur ilang padha sapandulu. Nanging sasêmbahaning para dewa, iya kang tansah amrih kamulyane kabèh tumitah, nuli tumurun marang pratapane asura linuwih loro mau, banjur dhawuh supaya Sunda lan Upasunda, padha nglairake êndi sing dadi pêpenginane. Nalika asura loro mau wêruh, yèn karawuhan ing Bathara Brahma, enggal mudhar samadi, banjur lungguh amarikêlu ana ngarsane Hyang Brahma, karo matur: "Pukulun, dewaning adewa, manawi kasutapan kula wau sampun sagêd dados jalaraning tampi nugraha paduka, mugi kula kaparingana ajinipun nandukakên saliring dêdamêl, tuwin mugi kula kasinungana karosan linangkung, sarta sagêd mancala warna kadi ingkang kula sêdya, dene ingkang minangka panutuping atur, kula mugi dipun paringana pangwasa botên kenging pêjah."

Dhawuh wangsulane Hyang Brahma, marang sakaloron mau, mangkene: "Panyuwunira kang tan kêna pati iku ora ingsun parêngake, darbea panyuwun pati kang kaya apa, bisane mirib lan para dewa. Sira darbe panyuwun tan kêna ing pati, dadi kêpengin ngratoni Tribawana, mula ingsun tan bisa anuruti, awit ora kêna, he, ditya linuwih, iku sababe, mula panjalukira ora kabèh ingsun pituruti."

Rêsi Narada nglajêngakên cariyosipun: "Barêng dipangandikani mangkono Sunda lan Upasunda banjur mangsuli: [mang...]

--- 1000 ---

[...suli:] "Pukulun, mugi kula dipun paringana pangwasa, botên darbe ajrih dhatêng sawarnining titah isining jagad têtiga punika, malah sadaya titah sami ajriha ing kula kalayan pun adhi." Hyang Brahma ngandika manèh: "Panjalukira dak parêngake, dadi têmtu têtêp kaya pangarêp-arêpira mau, mula nuli mudhara kasutapanira."

Sawuse ngandika mangkono Hyang Brahma nuli musna, dene Sunda lan Upasunda iya banjur mulih marang prajane. Nalika para mitra lan para kadang wargane wêruh, yèn ulihe asura loro mau, marga wus olèh nugrahaning dewa, iya banjur mangun suka, kang kongsi tanpa upama. Ing têngah-têngahe pasamuan mau Sunda lan Upasunda ngêthok rambute kang gimbal, kagawa saka suwene ênggone martapa, banjur nganggo makutha, kêkalung, gêgêlang lan akêlatbau, dadi wimbuh brêgase. Sabên bêngi rêmbulan diprentah madhangi prajane kongsi muput sawêngi-sawêngi. Dadi prajane Sunda lan Upasunda iku ora ana tanggal ênom lan tanggal tuwa, sabên bêngi rêmbulan purnama. Para kadang warga mitrane tansah inguja, mula padha rumangsa mulya uripe. Swara kang tansah kaprungu ing prajane ratu loro mau mangkene: "Panganên dikongsi êntèk, ingonana dikongsi warêk, wènèhana sapanjaluke, lan sênêng-sênênga kongsi tutug. Rabia, lakia, sêsêndhonana, ngumbar kêplok surak tanpa pêdhot. Saka katungkule anggone mangun suka, ditya loro kang bisa mancala warna kaya kang dikarêpake mau, sajroning sataun rumangsa lagi sadina."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus

--- 1001 ---

sawêlas, perangan Radyabala, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXII.

SAMBÊTIPUN RADYABALA PARWA.

Maharsi Narada nglajêngakên pangandikanipun: "Barêng Asura Sunda lan Upasunda wus tutug anggone mangun suka, banjur tuwuh osike kapengin mangrèh tribawana, mula nuli parêpatan lan para nayakane. Sawise sayuk rêmbuge, banjur ngirid wadyabalane. Ewadene Sunda lan Upasunda uga nganggo têtarên mitra, kadang warga sarta para pinituwa.

Sawuse disagyani, tumuli gawe sêsaji, kanggo raharjane kang padha mangkat nglurug. Angkate saka praja wadyabala gêdhe mau wayah bêngi, ambarêngi plêthèke lintang mangga. Kaanane wadyabala kang digawa nglurug asura raja loro mau, wujude wadyabala ditya kang cacahe tanpa petungan, sawega sagêgamaning prang, akêre waja, agêgaman limpung, lan liya-liyane manèh. Lakune barisan buta karo suka-suka, kaya ta: surak-surak lan sêsêndhonan. Dene para carana padha mêmuji bisane unggul jurite. Sunda lan Upasunda kadang loro tunggal yayah rena mau, kang pilih tandhing ing prang, lan bisa marang êndi bae kang sinêdya, enggal napak jumantara, karêpe nêdya marang kadewatan.

Gênti cinarita ing karang kadewatan, barêng para dewa priksa yèn kadang loro mau lumêbu ing karang kadewatan karo ngirid wadyabala gêdhe, mangka para dewa iya priksa

--- 1002 ---

yèn sakarone iku mêntas tampa nugraha, saka dewane ngadewa, kaya tutur ingsun mau, banjur padha ninggal kayangane, ngungsi marang Brahmapura.

Ora kongsi suwe asura sinakti loro kang sinung kaprawiran lan kêkêndêlan linuwih iku wis bisa ambêdhah kaendran, sarta bisa ngêndhih barisan yaksa, raksasa lan para kang bisa ngambah ing awang-awang. Saka kaendran banjur marang dhasaring bumi, ambêdhah prajaning naga, nêlukake sarupaning titah kang padha dêdunung anèng samodra, sarta kabèh golonganing para bangsa Mleca.

Barêng ing kadewatan lan dhasaring bumi wus kalakon têluk kabèh Sunda lan Upasunda, prajurit linuwih kang gêdhe pangwasane mau, banjur kapêngin nêlukake salumahing bantala. Mulane enggal nglumpukake wadyabalane lan banjur didhawuhi: "Hèh bocah ditya kabèh, wruhanamu para brahmana, para pandhita, iku sêsajine nyêmbuh kasêktèn lan kasantosane para dewa, dadi bakal bisa antuk kaluhuran manèh. Kang mangkono iku têgêse bakal ngrusak para asura. Rèhning bakal kaya mangkono kaanane, mulane para brahmana lan para pandhita iku bêcik nuli disingkirake saka lumahing bantala iku."

Anggone kadang loro dhawuh mangkono marang wadyabalane mau, ana ing pagisikaning samodra gêdhe iring wetan. Sarta sawuse wadyabalane tinta, nuli diangkatake, anjajah donya ngupaya brahmana lan pandhita, ditindhihi dhewe dening Sunda lan Upasunda. Ing ngêndi anggone katêmu lan wong gawe sêsaji, nuli dipatèni padha sanalika.

--- 1003 ---

Lakune saya nglantur, sarta gawe pêpati pira-pira. Wadyabalane padha ngukuti gêni sêsaji kang ana ing pratapane para muni kang wus bisa mangrèh pribadine. Gêni mau banjur dibuwang mênyang kali utawa mênyang ing tlaga. Para maharsi kang misuwur, saka bangêt ing bêndune mula padha ngêsotake, nanging ora tumama, amarga Sunda lan Upasunda wus olèh wêwênang saka Hyang Brahma.

Barêng para maharsi wuninga yèn sote ora nêdhasi, kaya panah diêlèsake ing watu, nuli padha lumayu sasaran ninggal kawajibane, nadyan rêsi kaya apa bae pangwasane sarta wus nunggal Hyang Wasesajati sarana sêmèdi, uga kapêksa lumayu anggêndring, kaya ula wêruh putrane Dewe[1] Winata.

Kabèh pratapan suci padha dirusak lan padha dijugrugi. Bokor lan goci pirantining sêsaji lan saisine padha ècèr-ècèr ana ing lêmah. Mula ing êndi bae ing saindênging bawana, katon sêpi nyênyêt, kaya nalika jagat mêntas kinukut.

Hèh kaki prabu, makatên pangandikanipun Maharsi Narada, barêng para rêsi wis akèh kang padha sirna, lan sisane wis padha singidan. Asura gêdhe loro kang tansah mêmatèni iku, banjur mancala rupa wujut gajah ngamuk anjêboli guwa-guwa, song-êsong, pasingitane para rêsi, yèn rêsine kêcandhak, banjur diuntapake marang kayangane Bathara Yama. Kalamangsa mancala warna macan utawa singa, kalamangsa lêlimunan. Ringkêse ênggone mêmatèni mau karo solan-salin lêkase. Mula sêsaji lan pasinaon

--- 1004 ---

agama banjur ora tumindak, awit para brahmana lan para narendra padha têtumpêsan. Wêkasan ing donya ora ana sêsaji utawa pasamuaning agama. Bêngoking wong marcapada mangkene: Adhuh iki jênêng katiwasan, dol tinuku wus ora bisa, tataning agama lan salaki rabi wis ora bisa, lêmah wis ora diolah, rajakaya wis ora ana kang angon. Ing kutha-kutha, ing padhepokan-padhepokan, apadene ing padesan, wis dadi sêpi, nanging balung lan cumplunging manungsa apa kewan, ambêlasah saênggon-ênggon. Nalika samana jagat katon bangêt anggêgirisi, nadyan sêsaji kanggo kamulyaning para pitri iya mandhêg, sarta têtêmbungan sukci kaya ta: SAD lan sapanunggalane, wis ora kaucapake manèh, dadi lumahing bantala iki wis tininggal ing kabêcikan, sarta kasênêngan. Srêngenge, rêmbulan kang rumêngga ing awang-awang padha nêksèni lêkase Sunda lan Upasunda mau, sêmune kaya padha ngêmu prihatin.

Barêng wis kêlakon bisa nêlukake salumahing bumi asura loro mau banjur masanggrahan ana ing Kuruksetra, karo tanpa timbang ing jagad têtêlu.

Dumugi samantên pungkasanipun bab kaping kalih atus kalih wêlas, perangan Radyabala, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXIII.

SAMBÊTIPUN RADYABALA PARWA.

Rêsi Narada nglajêngakên cariyosipun: Para rêsi ing kaswargan lan para sadaya kang wus luhur

--- 1005 ---

budine, wus bisa anggayuh katêntrêman sajati, marga wis bisa mangrèh pribadine, padha ora panuju nguningani dene Sunda lan Upasunda, tansah mêmatèni pira-pira titah iku. Kagawa saka wêlase marang sagung tumitah, para kang wis bisa unggul ing dosane mau, enggal padha marêg ing Hyang Brahma, kang nalika samana pinuju siniwaka, ingadhêp para jawata, para sadya lan para brahmarsi. Malah ing wêktu iku Hyang Brahma lagi patêmonan lan Hyang Mahadewa, kang kadhèrèkake Hyang Agni lan Hyang Bayu, Hyang Soma lan Hyang Surya, Hyang Sakra, para bakta, para wekanasa, para walikiliya, para wanaprastha, para maricipa, para aja, para apimupa, sarta para pandhita liya-liyane kang luwih sakti. Para kang padha marêg ing Hyang Brahma kaya kang dak tuturake mau, sawuse nyêmbah banjur ngaturake apa kang wis dilakoni Sunda lan Upasunda, sarta kapriye prentahe marang wadyabalane.

Nalika Hyang Brahma midhangêt atur kabèh mau, banjur ngunandika jroning panggalih, kapriye kang kudu katindakake, enggale banjur nêdya amrih sirnane asura loro mau, mula nuli nimbali Bathara Wiswakarma (dewa undhagi), dipangandikani mangkene: "Hèh Wiswakarma, sira mujudna widadari kang bisa anggandrungake kang padha andulu. Bathara Wiswakarma manêmbah, mêtu ing jaba nêdya nglêksanani dhawuh. Sakawit nglumpukake kang diarani adi-adine jagat têtêlu, nuli dipuja dadi badan rupa wadon, banjur diurugi sêsotya nawa rêtna, kang banjur amblês marang sajroning badan kang wujud wadon mau, sawise

--- 1006 ---

samêkta banjur diisèni urip, dadi widadari iyasane Bathara Wiswakarma, iku ginawe saka samubarang kang diarani endah, dicampur karo sêsotya nawa rêtna, mula sulistyaning warnane ing tribawana ora ana kang nimbangi. Sasranduning badan papa solahbawane, ora ana kang ora mawèh ngênglênge kang padha mêruhi, ayak minangka sisihane Bathari Sri.

Rèhne dumadine wanudya iku saka kaendahan lan sêsotya, mula Hyang Brahma banjur paring pêparap Dèwi Tilutama. Sawuse urip Dèwi Tilutama enggal nyungkêmi padane Hyang Brahma, sarta banjur linggih amarikêlu, yayah konjêm ing bantala, wasana matur: "Dhuh gustining sagung dumadi, punapa wigatosipun kula tinitahakên wujud pawèstri tuwin pakaryan punapa ingkang dados jêjibahan kula." Dhawuh wangsulanipun Hyang Brahma: "Hèh Tilutama, enggal kowe kêtêmua karo Asura Sunda lan Upasunda, dhuh kêkasihing dewa, rêncananên sakarone mau, dening kamanisanira, dimèn banjur lara gandrung, sira nyolahbawaa kang bisa nggiwangake atine, dimèn pasulayan lan kadange dhewe."

Rêsi Narada nglajêngakên cariyosipun: Nalika Tilutama kadhawuhan mangkono mau, nuli nêmbah karo matur: "Nuwun inggih dhatêng sandika. Dhawuhipun hyang pukulun badhe lajêng kula èstokakên." Sawuse matur mangkono, Tilutama lumaku ngubêngi para jawata, sarta para rêsi kabèh mau. Hyang Brahma lênggahe marêp mangetan, mangkono uga hyang mahadewa jawata liya-liyane padha marêp mêngalor, [mê...]

--- 1007 ---

[...ngalor,] dene para rêsi ngarêpake Hyang Brahma, dadi madhêp marang sarupaning keblad.

Sajrone Tilutama mlaku ngubêngi para dewa mau Hyang Endra lan Hyang Stanu (Mahadewa) kang kaparêng mangrèh cipta, supaya aja wuninga marang widadari mau, ewadene Hyang Mahadewa marga saka ing batos kêpengin uninga marang Tilutama, mula barêng lakune Tilutama têkan iring kidul, dadi ing sacêdhak mustakane iring têngên, ing kono tuwuh pasuryan kaya kang madhêp mangetan, kayadene mêkroke kêmbang tunjung nalika ing wanci esuk, mêsthi ngarêpake srêngenge. Barêng Tilumaya[2] anggone lumaku têkan ing wingkinge mustakane kang iring buri uga tuwuh pasuryane marêp mangulon, lan barêng têkan ing iring lor, mustakane Hyang Mahadewa tuwuh pasuryane kang angka papat, dumunung ing sirah iring lor. Dene Hyang Endra kang bangêt dêrênge nêdya andulu marang Tilutama, nanging bangêt pinambêngan, padha sanalika mau banjur tuwuh paningale sèwu. Dununge angêbaki sirah. Iku wiwite mulane jawata agung Hyang Stanu banjur darbe pasuryan papat, sarta wiwite Hyang Endra pangrurahing asurawala banjur anetra sèwu. Dewa lan rêsi liya-liyane, rikala samana lêstari pamawase marang Tilutama, sarta ora kêdhèp-kêdhèp. Dene kang ora kengguh mung Hyang Brahma piyambak.

Nalika para dewa lan para rêsi wis waspada anggone ngawuningani marang wujude Tilutama, ing batin padha nêmtokake, yèn lakune widadari mau ora bakal mindho karya.

--- 1008 ---

Sapungkure Dèwi Tilutama, para dewa banjur padha bubaran.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus tiga wêlas perangan Radyabala ing Adiparwa.

__________

BAB CCXIV.

SAMBÊTIPUN RADYABALA PARWA.

Rêsi Narada nglajêngakên cariyosipun: Nalika samana Asura Sunda lan Upasunda wis rampung ênggone nêlukake jagad, dadi wis ora ana kang nimbangi kaluhurane, sarta wis katurutan sêdyane, awit kalakon ngratoni tribawana, malah ngira yèn wis ora bisa kataman ing pakewuh manèh. Pira-pira kèhing jarahan saka karatone para jawata, gandarwa, naga, raksasa sarta narendra ing marcapada, mula tansah rumangsa mulya.

Barêng wus kêlakon mangrèh tribawana, nuli ora darbe karêp liyane kêjaba mung nêdya suka parisuka, kaya para kang dêdunung ing kaswargan. Pancandriyane[3] diumbar, sêngsêm wadon, ambon-ambon wangi lan sêdhêp, sarta marang kêmbang kang asri wujude sarta arum gandane, dhêmên mangan lan ngombe sadhengah kang mirasa, enggale sêngsêm sadhengah karêmaning indriya. Tansah ngolah-ngalih pasanggrahan kang nyênêngake, kaya ta ing êndi bae kang nênarik pikire, ana ing suyasa adi, ing patamanan, alas gunung, êndi kang disênêngi, kaya lêkase kaya kang tan kêna ing pati.

Ing sawijining dina kadang loro mau cangkrama ing tanah rata, wêwêngkon praja Windya, nadyan sayêktine pancèn tanah pagunungan, nanging ing kono lêmahe rata. Kocapa [Ko...]

--- 1009 ---

[...capa] asura loro mau, mêntas nuruti kêkarêmane sarana solah rupa-rupa, banjur padha lungguh ing palungguhan kang tanpa upama bêcike, karo dirampa-rampa wong wadon sarta rumangsa sênêng. Para parêkan saka anggone bangêt pangangkahe bisaa gawe bungahe gustine loro mau, mula tansah jêjogedan sêsêndhon binarung unining têtabuhan angrêrangin sarta ngalêmbana kamulyane ratune karo sinawung lêlagon.

Sajrone mangkono mau, Tilutama katon kledhang-kledhang liwat ing cêdhake panggonan kono, karo ngêngundhuh kêmbang kang kaliwatan, tapihe ngangrangan sutra abang mung salêmbar. Kang mangkono iku kayadene angungalake sulistyaning warnane, katone kaya ora rumangsa yèn anggone ngundhuh kêmbang iku saya cêdhak karo palungguhane asura loro mau, kang nalika iku wis padha mêndêm, awit kaladuk anggone ngombe waragang, mula gampang bangêt kagiwange barêng mêruhi Dèwi Tilutama. Sunda lan Upasunda padha kêpengin darbe Dèwi Tilutama. Mula asura loro mau padha kumranggèh barêng Sunda nyêkêl tangane Tilutama têngên, dene Upasunda kang kiwa. Kagawa saka pangwasa lan kaprawiran pêparinge Hyang Brahma, lan sakèhing bandha jarahaning prang, sarta saka anggone mêndêm kakehan anggone ngombe waragang, banjur liwung, sarta kandhih dening pêpenginan, mula nyurêng pandulune, wasana garêjêgan. Sunda muni wong wadon iki sun angkat dadi pramèswari, mula têtela yèn lurahira. Nanging Upasunda mangsuli, punika semah kula, dados ipe paduka.

--- 1010 ---

Kagawa padha sêrênge awit kataman ing gandrung, nganti padha liwung, sirna sih lan katrisnane, suwe-suwe padha nyandhak gadane, karo muni: "Aku kang nyêkêl dhisik." Nuli adhine iya muni: "Aku sing nyêkêl dhisik." Sanalika mau padha pêtêng pandulune, wêkasan mati sampyuh, jêrbabah ndhêpani bumi karo gubras gêtih, candrane kaya srêngenge kêmbar tiba saka nglangit bêbarêngan. Para asura liya-liyane lan para bêdhaya srimpine wêruh yèn Sunda lan Upasunda mati sampyuh, saka girise atine, banjur padha mlayu sasaran marang dhasaring bumi. Padha sanalika mau Hyang Brahma kadhèrèkake para widadara widadari, sarta para rêsi agung-agung, rawuh ing panggonane Sunda lan Upasunda, saka bangêt rênane nguningani lêkase Dèwi Tilutama, kongsi kawiyos pangandikane: "Hèh wanita kang endah ing warni, sira sun wênangake dêdunung ing kahyangane para aditya, ora ana titah kang kuwat andulu kongsi suwe marang prabanira. Sawise paring nugraha marang Tilutama sarta nêtêpake Sang Hyang Endra dadi ratune para dewa manèh, Hyang Brahma banjur musna sanalika.

Rêsi Narada nglajêngakên cariyosipun: Mangkono mau lêlakone Sunda lan Upasunda. Asura kang nunggal yayah rena lan rakêt bangêt sih trêsnane kongsi sêdyane iya nunggal, ewadene barêng nuju nêpsu awit kêpengin ngrabi Tilutama, banjur padha lali, kalakon prang tandhing dadi jalarane mati sampyuh. Dhuh Pandhawa, kagawa sih ingsun marang sira utawa yèn sira pancèn kaduga nglêksanani, bêcik nganakna prajanji lan para arinira kabèh, murih aja

--- 1011 ---

ana pasulayan, nggonira padha mêngku marang Drupadi.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Para Pandhawa kang misuwur ing jagad, sarêng wontên dhawuhipun Maharsi Narada lajêng sami têtarosan, kadospundi lampah anggènipun nguwayani murih botên wontên pasulayan ing wuri, kalihan dipun jênêngi sang maharsi.

Enggalipun kêdah angwontênakên pêpacuh, manawi salah satunggal saking sadhèrèk gangsal wau sawêg pêpanggihan kalihan Dèwi Drupadi, mangka kadang sanèsipun wontên ingkang nêmaha nyumêrêpi anggènipun pêpanggihan, lajêng kêdah kaukum, dêdunung wontên ing wana laminipun kalih wêlas warsa, kalayan sacaraning Brahmacarya. Dupi para Pandhawa sadaya sampun sumanggêm, sang rêsi sangêt kacaryan, sarta lajêng pangkat nilar para Pandhawa. Dhuh, sinuwun, mila para Pandhawa pamêngkunipun dhatêng Dèwi Krêsna mawi pêpacuh punika, awit anglêksanani dhawuhipun Rêsi Narada. Dhuh, darah Bharata, awit saking punika mila para Pandhawa botên nate pasulayan kalihan kadang, ingkang witipun saking rêbat sih.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus sêkawan wêlas, perangan Radyabala, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXV.

ARJUNA WANAWASA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: Sasampunipun ngawontênakên tatanan wau, Pandhawa lêstantun wontên ing Kandhawaprastha kalihan sênênging panggalih.

--- 1012 ---

Para Pandhawa tansah nêluk-nêlukakên para ratu, dene Dèwi Drupadi sangêt ambangun turut dhatêng para kakungipun, mila para Pandhawa ugi sangêt sih trêsna dhatêng sang dèwi, kadi lèpèn saraswati ingkang pagisikanipun kathah gajahipun, sarta sadaya gajah ingkang manggèn ing sakiwa têngênipun, ugi sangêt rêmên dhatêng lèpèn wau. Kabêkta saking kautamènipun para Pandhawa, mila bangsa Kuru sami sêmpulur gêsangipun, bêgja sarta mulya.

Dhuh, Prabu Janamêjaya, botên dangu kalihan lêlampahan ingkang kula aturakên wau, wontên durjana sawatawis sami mandung lêmbunipun satunggiling brahmana. Sarêng sang brahmana priksa, manawi lêmbunipun dipun bêkta durjana, saking judhêging manah enggal lumajêng dhatêng karaton Endraprasta, marêk Pandhuputra, ngaturakên kasusahanipun. Rikala samantên kapanggih kalihan Sang Arjuna, lajêng matur makatên: "Dhuh, Pandhuputra, kula punika brahmana, dene griya kula wontên ing wêwêngkon paduka. Kawuningana radèn, lêmbu kula kadhustha dening durjana, awit dèrèng dangu panggêrakipun, suwawi lajêng dipun tututana. O, katiwasan, marteganipun brahmana rahayu budi kalampahan kadhustha ing dandang, guwaning singa kang pinuju tinilar ing singanipun, dipun lêbêti sagawon ajag, mangka ratu punika mupu sapranêm pamêdaling siti, mila manawi narendra botên ngayomi kawulanipun, punika dosanipun sami kalihan tiyang dosa agêng. Dhuh, radèn, samangke katiwasan, dene badaning brahmana kalampahan kabêkta lumajêng durjana. Kawuningana radèn, kautamanipun [kautaman...]

--- 1013 ---

[...ipun] badhe suda-suda, jêngandika paringa pitulungan ing kula ingkang samangke nandhang sangsara."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Rikala Sang Arjuna, putranipun Dèwi Kunthi, mirêng aturing brahmana kalayan sêsambat sangêt karanta-ranta wau, lajêng ngandika sora: "Sampun sumêlang ing manah." Kawuningana sinuwun, mangka wêkdal punika Prabu Yudhisthira, sawêg lênggah kaadhêp Dèwi Krêsna, wontên sangajênging gêdhong pasimpênaning dêdamêlipun Pandhawa. Kados punapa pêtênging panggalihipun panêngah Pandhawa, dene botên sagêd mêndhêt dêdamêl, mangka botên badhe sagêd ngêtutakên lampahipun sang brahmana, manawi botên sikêp dêdamêl. Sang brahmana tansah karuna asênggruk-sênggruk. Tangisipun brahmana wau kadi angrêrujit panggalihipun, pangunandikanipun Sang Arjuna makatên: "Ana brahmana kamalingan, banjur jaluk pitulungan marang ksatrya, karo kalara-lara nangis, dadi aku wajib ngusapi luh kang andêlèwèr saka paningale iku. Yèn aku kongsi ora mitulungi iku dosane nglèpèti kakang prabu kagawa saka weyaku mau Pandhawa bakal nandhang dosa, mangka yèn aku banjur lumêbu ing gêdhong, kang samêngko lagi kagêm lênggahan kakang prabu lan Dèwi Krêsna, iku têtela murang tata, ora ngajèni marang ratu. Ing sajrone ora ana pakewuh gêdhe, lire ora ana mungsuh gêdhe nêkani, dadi yèn aku nekat lumêbu, aku kudu diukum, ngalas kongsi suwe, ewadene aku kudu ora nggagas prakara iku, kudu ora ngèlingi yèn bakal nandhang dosa, marga saka ora

--- 1014 ---

ngajèni panjênêngane nata, sarta ora wêdi yèn bakal dibuwang marang alas, kang bokmanawa mati ana pambuwangan, awit kautaman luwih aji katimbang badan, sarta ora bisa rusak."

Mila kêkajênganing panggalih Sang Arjuna nêdya lumêbêt ing gêdhong. Sadèrèngipun lumêbêt pamit ingkang raka sang prabu, sarta mêdalipun saking gêdhong kalihan ngiwa langkap, sarta nggendhong jêmparing. Sadumugining jawi, Sang Dananjaya ngandika dhatêng sang brahmana makatên: "Dhuh, brahmana, suwawi lajêng sami nututi durjana ingkang sampun andhustha lêmbu jêngandika, mindhak sêlak têbih plajêngipun, kula ingkang badhe ambêkta wangsul gadhahanipun sang brahmana ingkang dipun bêkta durjana punika." Sang Dananjaya ingkang astanipun kanan kering sami parigêlipun sikêp dêdamêl, sasampunipun ngrasuk kawaca kaprajuritan, sarwi ngiwa langkap, enggal minggah ing rata paprangan, ingkang pinasangan daludag, kuda sinengkrak, sarta lumarap kadi kilat, wusana durjana kang mandung lêmbunipun sang brahmana wau sagêd katututan, ingkang lajêng kaprajaya ing jêmparing. Dene lêmbu dèrèng wontên ingkang cicir, mila lajêng katampèkakên dhatêng brahmana ingkang gadhah. Pandamêlipun Sang Arjuna makatên wau kasumêrêpan ing kathah mila konduripun dhatêng praja samargi-margi tansah sinurakan. Sadumugining kitha Sang Dananjaya lajêng lumêbêt ing kadhaton, wigatos badhe marêk ingkang raka Prabu Yudhisthira. Sasampunipun bage-binage kalihan para kadang sadaya, Sang

--- 1015 ---

Arjuna lajêng marêpêki Prabu Yudhisthira, manêmbah kalihan matur makatên: "Nata, pêpundhèn kula, mugi paduka lajêng paring palilah anggèn kula badhe nêtêpi prasêtya ingkang sampun kula sanggêmi. Kawuningana kakang prabu, kula priksa anggènipun kakang prabu sawêg lênggah piyambak kalihan Dèwi Krêsna. Dados kula sampun nêrak prajanji ingkang sampun katêtêpakên, pramila kula kaparênga lajêng pangkat dhatêng wana dintên punika, awit kula ingkang wajib nêtêpi prasêtya." Dupi Sang Yudhisthira midhangêt aturipun Sang Arjuna ingkang ngêrêsakên manah wau, ingkang rayi lajêng rinangkul sarwi pêdhot-pêdhot pangandikanipun, labêt saking prihatos: "Apa mulane sira darbe mangkono." Sasampunipun kèndêl sawatawis, Prabu Yudhisthira ngandika malih, dhatêng Sang Arjuna kadangipun ênèm, ingkang ngukêl pakis sinomipun, sarta botên nate ngingkêti prasêtya, pangandikanipun makatên: "Dhuh, yayi kadangipun kakang, kang tan kalepetan dosa. Yèn ingsun isih sira lilani amrayoga, mara gatèkna tutur ingsun iki: "Hèh, prajurit linuwih, ingsun wuninga wigatine sira lumêbu ing gêdhong panggonan gêgaman, yèn ora ana sabab kang kudu sira lakoni, saka ênggonira nêdya rumêksa ing jênêng ingsun, sira pasthi yèn ora lumêbu ing mrono. Kapriye têka sira nuli darbe pangira yèn lêkasira mau ora dadi rênaning panggalih ingsun. Wruhanamu yayi pun kakang ora pisan-pisan darbe rasa mangkono. Kadang ênom kang ora darbe kaluputan, ora ana larangane lumêbu ing gêdhonge kakange, nadyan kakange lagi lungguh karo rabine. [ra...]

--- 1016 ---

[...bine.] Nanging yèn kadang tuwa ora kêna lumêbu panggonan kang lagi diênggo linggih adhine kang patêmonan lan garwane. Dhuh, sira kang santosa baune, karêpira mangkono mau aja sira bacutake, bêcik èstokna dhawuh ingsun. Kawruhana yayi, iku ora nyuda kautamanira, awit sira ora pisan nyênyamah marang pun kakang."

Atur wangsulanipun Sang Arjuna makatên: "Ujaring wasita, tiyang botên kenging mawali anggêr-anggêring kawajiban, manawi botên kalintu mirêng kula piwulang makatên wau, saking pangandikanipun kakang prabu piyambak. Kawuningana, kula botên kadugi nilar kasêtiyan, awit kasêtiyan punika minangka dêdamêl kula."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Enggaling cariyos Prabu Yudhisthira paring palilah ingkang rayi lumêbêt ing wana, mila sasampunipun samêkta sadaya, Sang Arjuna lajêng pangkat dhatêng wana, ingkang badhe dipun dunungi salêbêtipun kalih wêlas taun."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus gangsal wêlas, perangan Arjuna Wanawasa, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXVI.

SAMBÊTIPUN ARJUNA WANAWASA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Arjuna ksatrya ingkang nyêmbuh misuwur ing bangsa Kuru, pangkat dhatêng wana, lampahipun katut wingking brahmana putus ing wedha, nanging botên sêsarêngan, awit sang brahmana wau wontên wingkingipun têbih

--- 1017 ---

sajatosipun prajurit linangkung Sang Arjuna wau botên namung dipun mêmanuki ing brahmana putus ing wedha, saha bêkti dhatêng puja mantra kemawon, ananging ugi dipun tut wingking para ingkang lêbda dhatêng kêkidungan, para pandhita bêkti ing dewa, para awi cariyos purana utawi sêrat sukci, para sêngsêm tapabrata, para wanaprastha, sarta para brahmana ingkang wasis nyariyosakên lalêmpahanipun para dewa, dados golonganipun para sujana sarjana, mirid kadi Hyang Indra manawi lêlana kadhèrèkakên para maruta. Dhuh, têdhak Bharata, risang bêbanthènging jagad wau, salêbêtipun lêlana, priksa pintên-pintên wana talaga, lèpèn, samodra, nagari, sêndhang, utawi sumbêr, ingkang anêngsêmakên manah. Rikala prajurit linangkung wau dumugi ing sirahing lèpèn Gangga, wiwit tuwuh kêpenginipun badhe anjrak wontên ing ngriku. Dhuh, Prabu Janamêjaya, suwawi dipun piyarsakna, cariyos kula bab kamokalan pandamêlipun Sang Arjuna, ingkang luhur budinipun, inggih musthikaning Pandhawa, sadangunipun wontên ing ngriku. Sang Kunthi putra kalayan para brahmana ingkang sami tut wingking wau, lajêng ngrakit padhepokan, ngantos rambah-rambah Sang Arjuna anggènipun damêl sêsaji Agni Hotra.

Kawuningana sinuwun, talatah sakiwa têngênipun lèpèn Gangga, katingal saya wimbuh asri, awit para brahmana linangkung, ingkang lêbda saliring pangawikan, têtêp dhatêng sêsanggêman, saha botên nate murang margi lêrês, sabên dintên tansah ngurubakên latu sêsaji, kalihan ngucapakên mantra, wontên ing swamipaning Gangga. Sabên latunipun

--- 1018 ---

sampun dados gêsangipun lajêng kaêsokan ing martega sukci, sarta lajêng manêmbah ing latu wau, kalayan anajèkakên sêkar. Salêbêtipun nunggil lan para brahmana, manggèn ing talatah ngriku, ing satunggaling dintên Sang Arjuna siram wontên ing lèpèn Gangga, kados padatanipun. Saparipurnaning sêsukci saha sêsaji toya, katur para luhur wontên têngahing lèpèn, Sang Arjuna lajêng badhe mêntas, wigatos badhe damêl sêsaji padintênan ing ngarsaning latu sukci, ing ngriku lajêng kairup Dèwi Ulupi, kabêkta dhatêng dhasaring pratala, kadhatone naga raja Korawya, ingkang sakalangkung adi, awit sang dèwi kasmaran dhatêng Sang Arjuna. Sadumuginipun kadhaton Sang Dananjaya kajujugakên wontên sacêlaking latu sêsaji, ingkang nalika samantên sawêg murub ngalad-alad mila sang Arjuna lajêng sêsaji kados adat, manêmbah ing Bathara Agni, dewaning latu sangêt rêna nguningani têtêging panggalihipun katandha anggènipun sêsaji botên ewah kalihan padatanipun. Sasampunipun sêsaji Sang Arjuna jumênêng ing ngriku priksa dhatêng sang dèwi putrining naga raja, enggal ngandika sêmu mèsêm makatên: "Hèh, rara kang sulistya ing warna, ana karêpmu apa, dene gawe lêlakon mangkene, sapa kang darbe kadhaton adi iki, sapa aran lan kang ayoga kowe?"

Atur wangsulanipun sang dèwi makatên: "Dhuh, narpaputra, walèh-walèh punapa, kula punika sutaning naga Korawya, ratuning sarpa, darahipun naga raja Erawata, dene nami kula Ulupi. Dhuh, musthikaning pramudita, nalika kula

--- 1019 ---

priksa panjênêngan sêsukci ing lèpèn Gangga, manah kula katuntun dening pêpinginan. Dhuh, ingkang tanpa dosa kawuningana kula taksih kênya. Dhuh ksatrya linangkung, mugi panjênêngan kaparênga nampèni panyèthi kula, ing dintên punika ugi, kula tiyang ingkang cintraka dening dêdamêlipun dewaning sih."

Wangsulanipun Sang Arjuna makatên: "Dhuh, putri linuwih, sajatine wêktu iki aku isih ana sajroning nglakoni ayahane Prabu Yudhisthira, kudu nêtêpi sêsanggêmaning Brahmacarya, lawase rolas warsa. Dadi ora kêna nuruti karêpku dhewe. Dhuh, kang kahyangan ing warih, aku saguh nuruti panjalukmu mau, manawa kowe bisa awèh dalan kang prayoga diliwati, awit sajroning urip aku ora tau cidra ing janji. Dhuh, putrining naga, yèn sira duwe panêmu bisane aku lan sira ora kalèpètan dosa, amarga cidra ing janji sarta ora têtêp ing wajib, panjalukira mau pancèn nêdya dak turuti."

Dèwi Ulupi lajêng mangsuli makatên: "Dhuh, Pandhuputra, kula priksa punapa mulanipun panjênêngan lêlana ngidêri bawana, sarta sababipun mila panjênêngan tampi dhawuhipun ingkang raka sang prabu, nglampahi Brahmacarya, sarèhning Pandhawa gangsal punika anggarwa putri satunggal, mila ingkang minangka pangrêksa sampun ngantos cacongkrahan kalihan kadang piyambak, lajêng angwontênakên prajanji, pundi ingkang lumêbêt ing panggenan ingkang kangge pêpanggihanipun salah satunggiling kadang kalihan Dèwi Krêsna, mangka lumêbêtipun wau botên mawi

--- 1020 ---

bêbaya rumiyin, punika kêdah nglampahi Brahmacarya, manggèn wontên ing wana laminipun kalih wêlas warsa. Dados manawi wontên salah satunggal ingkang nglampahi, punika wigatos kangge pangungunipun dhatêng Dèwi Drupadi. Dados panjênêngan punika amung saking nêdya nêtêpi prajanji makatên wau. Kawuningana radèn, kautaman panjênêngan botên badhe suda dening nuruti panyuwun kula. Dhuh, ingkang paningalipun gilar-gilar, èngêta manawi panjênêngan ugi kawajiban ngêntas para nandhang papa, mila manawi panjênêngan ngêntas kasangsaran kula, ingkang saking panyiksanipun Bathara Kama, têtela bilih botên ngrisak kautaman. Dhuh, dhuh, Sang Arjuna, punapa botên wimbuh kautaman panjênêngan, manawi kaparêng mitulungi tiyang ingkang cintraka. Dhuh, Pritaputra panjênêngan pêpundhèn kula, mila mugi anglunturna sih, awit nadyan para wicaksana ugi anjurungi dhatêng sintêna priya, ingkang badhe mituruti panêdhanipun pawèstri ingkang gandrung kalihan piyambakipun. Kawuningana radèn, manawi panjênêngan botên kêparêng mituruti panyuwun kula wau, kula saèstu lêbu gêni. Dhuh, ingkang santosa baunipun, mugi mitulungana gêsanging pawèstri sangsara punika, dados panjênêngan lajêng nampèni nugraha agêng. Dhuh, musthikaning ksatriya mugi kaparênga dados pangayomanipun Ulupi. Kula priksa manawi panjênêngan luhur ing budi, mila saèstu dhangan mitulungi para papa tuwin ingkang botên gadhah pangayoman. Kawuningana radèn, manah kula ajur dening jêmparingipun Bathara Matmata, mugi dipun wêlasana, sarana

--- 1021 ---

anglunturakên sih ing kula."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi Sang Arjuna midhangêt aturipun Dèwi Ulupi makatên wau, lajêng kaparêng nuruti nyare wontên kadhatonipun Nagaraja Korawya. Wanci enjing sawêdalipun saking pasareyan, lajêng wangsul dhatêng padhepokan lèpèn Gangga, kadhèrèkakên Dèwi Ulupi. Sadumugining dhepok, sang dèwi lajêng pamit wangsul dhatêng kadhatonipun. Dhuh, Prabu Janamêjaya, Dèwi Ulupi misungsung dhatêng Sang Arjuna warni aji, ingkang pangwasanipun botên sagêd kasoran mêngsah punapa kemawon, manawi prang wontên nglêbêt toya. Aturipun sang dèwi nalika ngaturakên aji wau makatên: "Swarnining titah ingkang gêsang ing toya miwah ing dharat, tamtu kasoran manawi prang tandhing kalihan panjênêngan."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus nêm bêlas perangan Arjuna Wanawasa, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXVII.

SAMBÊTIPUN ARJUNA WANAWASA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Arjuna putraning dewa ingkang sikêp blêdhèg, lajêng nyariyosakên lêlampahanipun dhatêng para brahmana. Saparipurnaning cariyos lajêng sami bêbodholan, pangkat dhatêng wukir Himawat, anjujug ing panggenan ingkang dipun wastani Agastiyawat; saking ngriku

--- 1022 ---

lajêng minggah ing pucaking Himawat, ingkang nama Wasistha, saking Wasistha dhatêng pucaking Brigu. Lêrêm ing nggriku sawatawis lami, sasampunipun nênuci sarira saha sêsaji warni-warni, lajêng dana lêmbu maèwu-èwu, saha griya pintên-pintên dhatêng para brahmana. Saking ngriku lajêng dhatêng padhepokan sukci nama Hèrniyawindu. Wontên ing ngriku nênuci sarira malih, saha rawuh ing panggenan sukci sakiwa têngênipun. Dhuh, Prabu Janamêjaya, saandhapipun saking sakathahing pucaking Himawat, Sang Arjuna, musthikaning manusa wau lajêng lumampah mangetan, karsanipun nêdya anjalajah talatah wetanan, kalihan kairing brahmana pintên-pintên. Rikala punika musthikaning darah Kuru wau, priksa rêdi, narmada, saha talaga, ingkang sukci, kados ta: narmada Dautpalini, ingkang kêbak tunjung, lèpèn Nanda ingkang nêngsêmakên tuwin Aparananda lèpèn tiga pisan wau sami narajang ing wana Nèmisaya, sarta narmada ing Goya, Gangga, tuwin sanès-sanèsipun malih. Panjênênganipun tansah nênuci sarira kanthi samêsthining lampah, tuwin misungsung dhatêng para brahmana, narmada, samodra tuwin talaga sukci saha pasitèn sukci ingkang wontên ing talatah praja Sangga, saha Kalingga, botên wontên kalangkungan, sadaya sami dipun rawuhi. Dhuh, Prabu Janamêjaya, para brahmana ingkang sami anjangkung salampahipun Sang Arjuna wau, sarêng dumugi kikising nagari Kalingga, sami pamit botên nglajêngakên anggènipun andhèrèkakên.

--- 1023 ---

Kocapa Sang Dananjaya, putranipun Dèwi Kunthi, ingkang ambêg sudira, sasampunipun puji-pinuji karaharjan kalihan para brahmana, ingkang sami pamitan, lajêng dhatêng samodra, nanging ingkang andhèrèkakên kantun sakêdhik. Lampahipun kalawau anglangkungi praja Kalingga. Ing ngriku priksa pintên-pintên panggenan sukci, suyasa utawi pura ingkang langkung adi, Sang Arjuna ugi dhatêng ardi Maendra, ing ngriku kathah pandhita ingkang ambangun tapa. Saking Maendra lajêng dhatêng praja Manipura; lampahipun urut pagisikaning samodra, saha amung sasêkecanipun kemawon. Dhuh, Prabu Janamêjaya, Sang Arjuna, ingkang balung ototipun santosa, sarêng sampun dumugi anggènipun mriksani panggenan ingkang sukci-sukci, lajêng pinanggih kalihan Prabu Citrawahana, ingkang ambêg utami, nata ing Manipura. Sang prabu kagungan putri sulistya ing warni, sêsilih Dèwi Citragada. Mila Sang Arjuna lajêng manggihi Prabu Citrawahana wau, wigatos inggih badhe nglamar putrinipun. Dene priksanipun Sang Arjuna dhatêng sêkaring kadhaton Manipura, nalika sang dèwi pinuju amêng-amêng. Sang Arjuna osik badhe anggarwa sang dèwi, mila sarêng sampun sakeca anggènipun lênggah lajêng mrasajakakên karsanipun, pangandikanipun makatên: "Sang prabu, parêng botên parênga, putri jêngandika kula suwun. Sang Prabu tamtu botên kakilapan, manawi kula darahing ksatriya ingkang misuwur ing jagad tanpa timbang."

Dupi Sang Prabu Citrawahana midhangêt panêmbungipun

--- 1024 ---

Sang Arjuna makatên wau, lajêng mangsuli pangandika: "Jêngandika sintên sinambat." Wangsulanipun Sang Arjuna: "Kula Dananjaya, putranipun Prabu Pandhu, mijil saking Dèwi Kunthi." Dupi dipun wangsuli makatên, sang prabu lajêng ngandika kalihan sêmu mèsêm: "Ênggèr kula badhe matur sawatawis, suwawi dipun piyarsakna. Kawuningana ênggèr, kula punika gadhah lêluhur jêjuluk Prabu Prabanjana, sang prabu botên apêputra, nanging saking gêntur kasutapanipun, sang prabu ngantos damêl rênaning dewaning dewa, garwanipun Dèwi Uma, jawata ingkang sikêp pinaka (langkap linangkung), sarta lajêng paring nugraha dhatêng Prabu Prabanjana, satêdhak turunipun tamtu badhe pêputra nyatunggal. Dene têdhak turunipun lêluhur kula wau lêstantun sami priya kemawon. Dhuh, darah Bharata, mila manawi suta kula èstri punika anak-anak jalêr tamtu dipun calonakên gumantos kaprabon kula, dados ingkang minangka sasrahanipun suta jalêr. Dhuh, Pandhuputra, mila manawi jêngandika sagah badhe nglêksanani bêbana kula wau, Citragada dipun tampènana samangke ugi."

Bêbananipun sang prabu dipun sagahi, mila wangsulanipun Sang Arjuna makatên: "Inggih kula sagah minangkani pamundhutipun sang prabu." Ing ngriku lajêng kadhaupakên kalihan Dèwi Citragada, dene Sang Arjuna lêstantun wontên ing Manipura ngantos tigang taun.

--- 1025 ---

Catatan kaki:

1. Dèwi (kembali)
2. Tilutama (kembali)
3. Pancadriyane (kembali)