Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 12.

7 Decèmbêr 1957.

__________

Kayêktèn sang putri ambabar mijil priya, ing ngriku Sang Arjuna lajêng ngrangkul lungayanipun sang dèwi, kalayan pamit badhe nglajêngakên lampah, mila sasampunipun linilan pamit dhatêng Prabu Citrawahana, tumuntên pangkat lêlana malih.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus pitulas perangan Arjuna Wanawasa, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXVIII.

SAMBÊTIPUN ARJUNA WANAWASA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Bêbanthènging darah Bharata Sang Arjuna, rikala samantên lajêng karsa tindak dhatêng panggenan ingkang sukci-sukci, saurutipun samodra kidul. Kathah para pandhita dhêdhepok ing riku, namung wontên panggenan sukci gangsal ingkang botên dipun dunungi pandhita, sarta toyaning samodra sacêlakipun panggenan sukci gangsal wau, botên wontên janma manusa ingkang purun nggêpok. Samodra wiwit gangsal panggenan wau nama: Agastya, Sobadra, Puloma, Karantama, punika dunung kamulyan linangkung. Sintên ingkang adus ing Karantama, angsal nugraha kadi nugrahanipun tiyang damêl sêsaji kapal, dene gangsalipun Baratwaja, ingkang têtela dados pangruwating dosa. Dupi têtungguling bangsa Kuru wau wuninga manawi panggenan sukci gangsal wau botên dipun dhepoki pandhita, saha samodranipun botên

--- 1026 ---

kambah ing janma manusa, lajêng pitakèn dhatêng para sukci ingkang sami dhêdhepok sacêlakipun ngriku. Wontên sabab punapadene panggenan sukci gangsal punika sami kasirik dening para ambêk utami. Pitakènipun Sang Arjuna makatên: "Dhuh, sang tapa, punapa wigatosipun, dene para mêdharakên kawruh winados, sami sumingkir saking peranganing samodra gangsal panggenan punika?" - Dupi sang pandhita midhangêt pitakènipun Sang Arjuna makatên wau, enggal mangsuli ngandika makatên: "Samodra gangsal panggenan punika dipun ênggèni baya agêng gangsal, ingkang sabên-sabên mangsa pandhita ingkang sami adus ngriku. Dhuh, rajaputra darah Kuru, makatên wiwitipun, mila samodra gangsal wau kasirik ing sawiyah tiyang."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sami sanalika wau, Sang Arjuna, pêpêthinganing darah Kuru, lajêng pangkat dhatêng samodra, ingkang kula aturakên wau, awit kêpengin nyatakakên piyambak, nadyan dipun pambêngi dening para tapa, ewadene Sang Dananjaya botên santun kakêncêngan, mêksa pangkat dhatêng samodra. Sadumugining pinggir samodra ingkang nama Sobadra, nami makatên wau mirit saking naminipun satunggaling rêsi - pangrurahing satru sakti, ingkang kakêndêlanipun tanpa timbang ing jagad punika, lajêng anjêgur, api-api siram. Sawêg cêmplung kemawon sampeyanipun lajêng kasaut ing bajul, ingkang agêngipun saprabata, nanging Sang Parta, ingkang otot balungipun santosa, têtungguling para prawira, enggal ngasta bajul ingkang nyaut wau, lajêng

--- 1027 ---

kalarak dhatêng pagisikan. Dhuh, Prabu Janamêjaya, dupi dumugi ingêntasan, bajul dados warni widadari endah, panganggenipun adi tinrètès ing sêsotya nawa rêtna, cahya mancur nêlahi, mila Sang Arjuna enggal andangu kalayan mèsêm makatên: "Hèh, wanita sulistya ing warna, kowe iku sapa, lan apa mulane dene kowe ruda titah kang dêdunung ing banyu? Kowe wus nglakoni kaluputan kaya ngapa, têka banjur rupa mangkono?" - Wangsulanipun sang dèwi makatên: "Dhuh, kang santosa baunipun, kula punika apsara ing kaswargan, dhuh, janma kinawasa, nama kula Warga. Kula sangêt trêsna dhatêng Bathara Kuwera. Sajatosipun kula darbe kanca sakawan, sadaya sami endah ing warna, sarta sagêd dhatêng ing pundi kemawon ingkang dipun kajêngakên. Ing satunggaling dintên kula kalihan rencang kula sêkawan, sami sêsarêngan nêdya marak Bathara Kuwera. Wontên ing margi priksa brahmana têtêp dhatêng sêsanggêman, warninipun bagus, nuju ngidungakên wedha, botên wontên rencangipun. Rumaos kula saindênging bawana katingal pajar, awit kasorotan dening tejanipun, nugraha saking anggènipun gêntur tapa, pajaripun sampun botên beda kalihan pajaring raina. Dupi kula saprikanca priksa pajaring tejanipun, saha pêkik ing warninipun, enggal sami nyêlaki, osiking manah nêdya ngrubeda anggènipun ngidungakên wedha. Dhuh, têdhak Bharata, kula kalihan Dèwi Surawèyi, Dèwi Samici, Dèwi Wiwudmudha tuwin Dèwi Lata, sêsarêngan marêpêki sang brahmana kalihan sêsêndhonan, sarwi nglirik saha miraga ingkang kadugi sagêd anênarik manahipun sang

--- 1028 ---

brahmana. Dhuh, prajurit linangkung, ananging brahmana neneman wau, botên pisan-pisan maèlu dhatêng solahbawa sadaya wau. Sêmunipun êsthining cipta amung dhatêng kasukcian, mila sampun botên kengguh dhatêng pangrêncana, malah kadi ginugah kanêpsonipun. Dhuh, dhuh, banthènging ksatriya, sang brahmana mandêng dhatêng kula dalah rencang-rencang kula, kalihan ngandika: "Muga padha dadia bajul, banjur saba ing banyu, suwene kongsi satus taun."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus wolulas, perangan Arjuna Wanawasa, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXIXX.CCXIX

SAMBÊTIPUN ARJUNA WANAWASA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, têtungguling ksatriya darah Bharata, kados punapa sami prihatosipun, dupi kaêsotakên makatên wau mila sami ngrêrêpa nyuwun pangaksaminipun sang pandhita ananging sang tapa pungguh botên purun anjabêl sotipun dene atur kula dhatêng sang brahmana makatên: "Dhuh, Sang Mauni, mugi kêparênga paring pangaksama ing kula dalah para kanca punika, awit saking adigunging manah, ngantos darbe pangraos, bilih kula sulistya ing warni, tur taksih nêdhêng taruna, sarta ingkang awit saking kapanjingan Bathara Kama, têmah kula kalampahan nindaki pandamêl dosa punika. Dhuh, brahmana, pantês manawi kula sakanca punika sami tampi ukum pêjah, dene kula kumawani [kuma...]

--- 1029 ---

[...wani] nêdya ngrancana ing sang pandhita, ingkang anêtêpi sêsanggêman, saha gêntur kasutapan, nanging wontên pangandikanipun para wicaksana, ingkang mratelakakên, manawi pawèstri botên kenging dipun pêjahi, mila mugi sang pandhita angêgungakên pangaksama, supados widada misuwuripun kautamèn paduka. Dhuh, sang ambêk utami, ujaring wasita brahmana punika mitranipun sagung tumitah, dhuh, sang sinung nugraha, mugi pangandikanipun para wicaksana wau têtêp dados lêlampahan kula. Kawuningana bagawan, para minulya wajib tansah paring pangayoman dhatêng ingkang sami prêlu dipun ayomi, dhuh, sang tapa, kula nêdya ngayom ing paduka, mila mugi kaparêng nyandèkakên sot paduka wau."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun malih: Dhuh, prajurit linangkung, brahmana ingkang utami pambêganipun, sarta tabêri ing pandamêl sêsaji, saha prabanipun sumunar kadi surya miwah wulan purnama wau, dupi makatên wau aturipun sang dèwi, lilih dukanipun, lajêng ngandika makatên. "Yèn wong muni satus utawa satus èwu, iku kayadene wus têgês langgêng, nanging satus kang dak ucapake mau, hara têtêp langgêng, kang tanpa watêsan, dadi kowe têmtu bakal arupa bajul kang dhêmên mangsa janma, suwene kongsi satus taun, têtêp kaya sotku mau. Yèn wus kêlakon kowe dadi bajul suwene satus taun, bakal ana wong nglarak kowe saka banyu mêtu marang dharatan, ing kono malihmu dadi rupa widadari manèh. Wruhanamu, nadyan sajrone gêguyon, aku

--- 1030 ---

ora tau ngucap dora, mula ucapku têmtu kalakon. Dene samodra kang dak têtêpake dadi padununganmu, sawuse kowe luwar saka papa cintraka, ing kono karan Naritirta, têgêse banyu sukci panggonan panandhang, utawa panglêburing dosane wong wadon. Samodra limang panggonan mau ana pamawase para wicaksana bakal dadi panggonan sukci, kang kêna kanggo nênuci dosa."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Ingkang minangka panutuping aturipun Dèwi Warga makatên: "Sarêng sang brahmana ngandika makatên, kula dalah para kanca lajêng sami manêmbah saha lumampah ngubêngi sang tapa, wasana lajêng kesah saking ngriku kalayan sangêt prihatos, sarta ngunandika makatên: Kapriye margane katêmu lan wong kang bisa ngêntas aku saka panandhang, kang anggêgirisi mau. Dhuh, darah Bharata, salêbêtipun kula dalah para kanca sami ngudaraos makatên wau. Maharsi Narada, pêpêthinganing Rêsi Kaswargan, katingal jumênêng ing ngajêng kula. Kados punapa ayêming manah, dupi kula priksa rêsi linangkung wau, mila lajêng sami nêmbah sarta ngapurancang ing ngarsanipun, kalayan nawung raos sawatawis lingsêm, sang maharsi andangu punapa ingkang dados witing prihatos. Kula ugi ngaturakên kawontênaning lêlampahan, wiwitan dumugi wêkasan. Sang rêsi ngandika makatên: "Tanah rata ing pagisikaning samodra kidul, ana sungapane limang panggonan, ing kono nyênêngake kang padha mêruhi, sira apsara lima padha nuli dêdununga ing kono, enggal mangkata aja

--- 1031 ---

malang tumoleh. Wruhanamu, ing têmbe ana ksatriya aran Dananjaya, pêpêthinganing jagad, putrane Prabu Pandhu, kang bakal ngêntas sira saka kasangsaran, wis aja padha sumêlang. Dhuh, prajurit linangkung, dupi makatên pangandikanipun sang maharsi, kula lajêng sami dêdunung ing riki punika, dados dhawuh pangandikanipun Maharsi Narada ing nguni, sampun kanyatanan, kula luwar saking sangsara, saking pitulunganipun radèn, nanging para mitra kula sakawan, ugi sami nandhang sangsara kados kula, samangke taksih warni baya, dhuh, prajurit linangkung, mugi radèn kaparênga nglunturakên sih, ngluwari mitra kula sakawan wau saking panandhangipun."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Prabu Janamêjaya, têtungguling Pandhawa wau, kalayan suka pirênaning panggalih anggènipun ngruwat apsara sakawan mitranipun Dèwi Warga, saking kasangsaranipun. Sasampunipun kabêntas saking toya, lajêng sami waluya jati warni apsara malih. Sasampunipun paring palilah dhatêng para apsara, wangsul ing kahyanganipun, Sang Arjuna kumêcut ing galih, kapengin nuwèni Dèwi Citragada, mila lajêng pangkat. Sadumuginipun ing kadhaton Manipura, Sang Arjuna priksa putranipun, nuju lênggah siniwaka, awit sampun kajumênêngakên narendra, dene jêjulukipun Prabu Wabruwahana: Dhuh, darah Bharata, Sang Arjuna lumêbêt ing kênyapuri pinanggih kalihan ingkang garwa. Sasampunipun lêrêm sawatawis dintên, lajêng pangkat dhatêng Gakarna."

--- 1032 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus sangalas perangan Arjuna Wanawasa, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXX.

SAMBÊTIPUN ARJUNA WANAWASA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun malih: Sang Arjuna, ingkang tanpa timbang kaprawiranipun, tansah angrawuhi panggenan, lèpèn saha talaga sukci, ing saurut têpining samodra kidul. Kawuningana, dupi lampahipun Sang Wibatsu dumugi ing panggenan sukci, saha nêngsêmakên nama prabasa, ing ngriku kamirêngan dhatêng Sri Krêsna, pangrurah madu ingkang pêparab Sang Madawa, lajêng pangkat karsa manggihi mitrane sinarawèdi. Sasampunipun pinanggih lajêng sami rêrangkulan. Sajatosipun sakalihan punika, pangejawantahipun prajurit linangkung ing kaswargan, inggih punika Bathara Narayana kalihan Rêsi Nara. Sasampunipun satata lênggah, Sri Krêsna andangu makatên: "Hèh panêngah Pandhawa, pagene yayi lêlana nêkani sakèh panggonan sukci?" Dene Sang Arjuna ngaturakên wêwadosing lêlampahan, wasana Sri Krêsna ngandika: "Wruhanamu yayi pancèn kudu mangkono." Ngantos sawatawis dangu Sri Krêsna kalihan Sang Arjuna anggènipun mangun sukaning panggalih wontên ing prabasana. Saking ngriku lajêng cangkrama dhatêng ardi Rewataka. Ing ardi wau sampun kapirantosan pasanggrahan adi saha kasadhiyan [kasa...]

--- 1033 ---

[...dhiyan] dhêdhaharan punapadene lêlangên warni-warni, dados wontênipun ing Rewataka, Sri Krêsna kalihan Sang Arjuna sami mangun suka, ningali para badhaya ingkang sami bêksa, para pasindhèn ingkang sami ngidung, tuwin sapanunggilanipun. Sasampunipun sami kèndêl ingkang anjogèt tuwin sindhèn, Sang Dananjaya, panêngah Pandhawa ingkang luhur ing budhi, enggal dhatêng ing gêdhong pasareyan sakalangkung asri, nyariyosakên sakathahing talaga, rêdi, panggenan tuwin lèpèn sukci ingkang sampun dipun wuningani. Dhuh, Prabu Janamêjaya, anggènipun wiraosan wau, asring ngantos kalajêng sare. Sabên enjing sasampunipun miyos, lajêng mirêngakên suwantêning para pasindhèn, tuwin wina [têtabuhan Hindhia wujudipun kados rêbab agêng]. Sakèndêling têtabuhan, sakalihanipun wau, sami sêsaji kados padatanipun, wontên ing pundi kemawon sarta sakalihanipun tansah inguyun-uyun dhatêng bangsa Wrêsni. Enggaling cariyos, dupi sampun dumugi anggènipun mangun suka, lajêng bodholan dhatêng ing Dwaraka, prajanipun bangsa Yadawa. Dhuh, pêpêthinganing narendra, ingkang minangka pahargyan rawuhipun Pandhuputra ing praja Dwaraka, sadaya griya tuwin suyasa, ing salêbêting kitha, punapa patamanan, sami rinêngga-rêngga sakalangkung asri. Para waisya, sudra, punapa ksatriya, tuwin brahmana, sami ningali saurut têpining margi, ingkang dipun langkungi Sang Dananjaya, mila ing pundi kemawon wontên papan mluwa sapinggiring margi, tamtu uyêl-uyêlan dening bangsa Boja, bangsa Wrêsni, tuwin bangsa Andaka. Wiwit ngancik kitha, botên kêndhat-kêndhat

--- 1034 ---

sinurakan ingkang sami ningali, swaranipun sakalangkung rame ngantos kadi swaraning samodra pasang. Sang Arjuna tuwin Sri Krêsna tansah nolih mangiwa manêngên, paring urmat dhatêng ingkang surak-surak wau. Para nem-neman bangsa Yadawa, anggènipun nampèni Pritaputra kalihan rênaning panggalih, ingkang yuswanipun barakan, lajêng sami rêrangkulan gêntos-gêntos, dene ingkang kajujug rumiyin inggih punika kadhaton sakalangkung asri, karatonipun Sri Krêsna. Ing prabayasanipun Sri Krêsna, tinarètès saha sinêkar ing jêne miwah sêsotya. Ngantos sawatawis dangu Sang Arjuna lêrêmipun wontên kadhatonipun Sri Krêsna wau."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus kalih dasa perangan Arjuna Wanawasa, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXI.

SUBADRA HARANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, musthikaning bawana, botên watawis dangu kalihan lêlampahan ingkang kula aturakên wau, bangsa Yadawa, bangsa Wrêsni, tuwin bangsa Andaka, wiwit adamêl wiwahan wontên ing ardi Rewataka. Salêbêtipun pasamuan ing ari wau, para bêbanthènging bangsa Bujo,Buja bangsa Wrêsni, tuwin bangsa Andaka, sami misungsung mas picis rajabrana, tuwin sanès-sanèsipun malih, dhatêng para brahmana, ingkang cacahipun ngantos maèwu-èwu. Sakiwa têngênipun [tê...]

--- 1035 ---

[...ngênipun] ardi Rewakata,Rewataka nalika punika kaadêgan pakuwon asri kathahipun tanpa wicalan. Ing sêla-sêlaning pakuwon sinung kajêng pêpêthan, sarta rinêngga sakalangkung adi, ingkang adamêl sêngsêmipun ingkang tumingal. Rintên dalu tansah kamirêngan swaraning têtabuhan mawarni-warni, para juru jogèd sami jêjogedan, para pasindhèn sami kêkidungan, para ksatriya nem-neman, ingkang sêkti mandraguna punika, sami mangagêm anêka warni sami wahana rata, ingkang linapis ing kancana, mila katingal saya wimbuh pêkik. Para waisya dalah saanak semah kairingakên ing rencangipun sami dhatêng ing ngriku ugi. Sawênèh wontên ingkang dharat, wontên ingkang numpak rata sakalangkung sae, kathahipun ngantos maèwu-èwu. Prabu Haladara (Baladewa) sapramèswari Dèwi Rewati - bokmanawi yèn tiyang Jawi mastani Dèwi Erawati - ugi rawuh ing ngriku, lajêng mubêng ngrawuhi pakuwonipun para têtungguling bangsa Andaka, bangsa Wrêsni, tuwin bangsa Buja, ingkang lajêng kaajak ngunjuk sêsarêngan. Anggènipun anjajah pakuwonipun para pangagênging bangsa wau, sang prabu mawi kairing ing gangsa miwah pasindhèn. Rikala samantên ratuning bangsa Wrêsni, ingkang jêjuluk Prabu Ugrasena, rawuh ing riku ugi, kadhèrèkakên pramèswarinipun sanambang, tuwin para pêsindhèn èstri ingkang sae-sae suwantênipun, Sang Rukminiputra, miwah Sang Samba, ingkang anggêgirisi tandangipun manawi prang, tansah mubêng-mubêng urut pasanggrahanipun para ksatriya, kalihan mangagêm sarwa endah, sangsangan oncèn-oncèn [oncèn-...]

--- 1036 ---

[...oncèn] sêkar. Sakalihanipun wau tansah ambêbingah manahipun para kawula, kalihan ngunjuk waragang ing saênggèn-ênggèn. Para pêpêthinganing bangsa Wrêsni, tuwin bangsa Andaka, kados ta: Sang Gada, Sang Wabru, Sang Nisata, Sang Carudêsna, Sang Pritu, Sang Satyaka, Sang Satyaki, Sang Banggakara, Sang Maharawa, Sang Ardikeya, Sang Udawa, saha sanès-sanèsipun ingkang kathahipun maatus-atus, sadaya sami ambêkta garwanipun, tuwin kairing ing pasindhèn pintên-pintên. Inggih para pêpêthingan sagarwanipun wau ingkang minangka pasrèning têgal pasamuan. Sarêng wiwahan agêng, ingkang nyênêngakên manah wau sampun dipun wiwiti Sri Krêsna kalihan Sang Dananjaya lajêng mariksani sadaya pakuwonipun para ksatriya dalah sawadyabalanipun pisan. Tanpa nyana Sang Arjuna priksa putrinipun Prabu Basudewa ingkang pêparab Dèwi Subadra, mangagêm sarwa adi rinêngga ing sêsotya nawa rêtna, lênggah ingadhêp para parêkanipun. Sami sanalika wau Sang Arjuna dados boyonganipun dewaning pêpinginan. Dhuh, têdhak Bharata, Sri Krêsna priksa manawi Sang Parta gandrung dhatêng sang dèwi, enggal pinarêpêkan sarwi ngandika sêmu mèsêm: "Kapriye yayi, dene ksatriya wus suwe nusup-nusup urut alas, têka gampang têmên pinikut ing Bathara Matmata. Wruhanamu Parta, wanita iku kadange pun kakang, dadi iya kadange kakang Karsana nunggal ibu, dene sêsilihe Dèwi Subadra, bocah iku dununging sihe rama prabu. Prasajaa bae, yèn sira pancèn ngarêpake bocah iku, ingsun kang bakal munjuk ing kangjêng rama prabu."

--- 1037 ---

Atur wangsulanipun Sang Arjuna makatên: "Dados rara kênya ingkang sulistyaning warninipun pinunjul satribawana, punika putrinipun Prabu Wasudewa, kadangipun taruna Sang Pangrurah Madu, gèk sintên priya ingkang botên linglung andulu sang ayu. Bilih putrining bangsa Wrêsni punika kalampahan sagêd dados srayaning gêsang kula, kula kadugi nêmtokakên manawi badhe tansah manggih unggul, tumrap sadaya lêlampahan. Dhuh, Danardana, mugi paringa pangandika kadospundi anggèn kula minangkani, kalampahanipun kula dhaup kalihan sang dèwi, tumraping priya ingkang sami nglamar, kula sagah nglêksanani."

Dhawuh wangsulanipun Sang Wasudewaputra makatên: "Hèh, hèh, bêbanthènging bangsa Kuru, laku kang kaprah ditindakake para ksatriya gêdhe-gêdhe yèn nambut silaning akrama, iku sarana sayêmbara pilih, nanging wruhanamu Parta, yèn sarana lêkas mangkono iku durung kêna katamtokake, yèn yayi bakal dipilih, sadurunge bisa mêruhi karêpe Subadra. Para wicaksana mangayubagya marang para ksatriya, kang arsa nambut silaning akrama, dirêbut sarana kêkêndêlan, mula yayi, saka pamrayogane pun kakang, Si Subadra bêcik dhusthanên bae, awit sapa kang bisa mêruhi, êndi kang bakal dipilih Subadra, yèn wus ana madyaning sayêmbara."

Dupi sampun sayuk saeka kapti kalihan Sri Krêsna. Sang Arjuna lajêng nglampahakên caraka dhatêng Indraprastha, wigatos ngaturi uninga dhatêng ingkang raka Prabu Yudhisthira, prakawis badhe pikramanipun. Sang prabu katuju [katu...]

--- 1038 ---

[...ju] ing karsa, mila sangêt jumurung dhatêng karsanipun ingkang rayi makatên wau.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus salikur perangan Subadra Harana, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXII.

SAMBÊTIPUN SUBADRA HARANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, Prabu Janamêjaya, dupi Sang Arjuna sampun angsal palilahing raka, sarta sampun kapatitisakên bilih sang dèwi taksih wontên ing pasanggrahan ing ardi Rewataka, sarta sampun matur dhatêng Sri Krêsna, manawi karsanipun wau prayogi lajêng dipun lêksanani. Sami sanalika Sang Arjuna nitih rata paprangan ingkang sinêkar kancana, pinatik ing nawa rêtna, saha sinung gênta agêng-agêng sakalangkung kathah. Ing salêbêting rata kaisèn dêdamêl warni-warni, mila sabên rata wau lumampah, rodhanipun nyuwara gumêrot, swaraning gênta umyung kadi jawah sinêmèni. Dene kuda pangiritipun nama sêwiya, kalihan sugriwa, Sang Arjuna ngagêm kêre, nganggar sabêt, sarung dariji kangge tangkis, dene busananipun kadi manawi bêbêdhag. Nalika samantên sang dèwi nuju sêsaji minangka pangaji-ajinipun dhatêng ardi Rewataka, saha panêmbahipun ing para jawata. Saparipurnaning sêsaji lajêng pamit dhatêng para brahmana manawi [ma...]

--- 1039 ---

[...nawi] badhe kondur dhatêng Dwarawati, sasampunipun dipun nugrahani para brahmana, saha ngubêngi puncaking Rewataka, sang dèwi pangkat kondur. Kawuwusa Sang Arjuna, putranipun Dèwi Kunthi, ingkang kataman ing gandrung, enggal marêpêki, sang dèwi lajêng kapondhong dhatêng ratanipun ingkang sampun kula aturakên wau. Sasampunipun kalênggahakên ing rata, kuda kinêtab, sumêbut lampahing rata, karsanipun badhe kabêkta dhatêng Indraprastha. Kawuningana sinuwun, para wadya ingkang ngiringakên konduripun sang dèwi, lajêng tawan-tawan tangis lumajêng dhatêng Dwaraka, marêk sang sudarma, patih lêbêting praja Dwaraka, ngaturakên tindakipun Sang Parta wau. Dupi sang anindya mantri kaaturan makatên wau, enggal nêmbang têngara prang. Bangsa Boja, Andaka tuwin bangsa Wrêsni, sami kagegeran, ingkang nêdha lajêng nilar ajangipun, ingkang ngunjuk nilar cangkiripun, sikêp dêdamêl lajêng lumêbêt ing alon-aloning bangsa Wrêsni. Sarêng para senapati bangsa Wrêsni, tuwin Andaka sampun ngêmpal lajêng sami parêpatan kalihan lênggah ing palênggahanipun piyambak-piyambak, ingkang dipun wastani bale kancana, asaka dhomas, kasuripun baludru, cinuki ing mutyara, tiningalan sumunar amblêrêngi, yèn kadulu kadi para jawata manawi wontên ing kaindran. Dupi sampun sarèh nayaka waktra sang sudarma, enggal nyariyosakên lêkasipun Sang Jisnu. Kados punapa dukanipun para ratu, senapatining prajurit bangsa Andaka, tuwin Wrêsni, ingkang paningalipun taksih sami ambranang abrit, labêt saking

--- 1040 ---

kaladuk ngunjuk anggur, lajêng sami jumênêng, saking sangêting duka, dene Sang Parta makatên tindakipun wau, malah lajêng wontên ingkang ngandika makatên. "Enggal ajakna rataku, êndi gamanku, jupukên langkapku pusaka." Malah wontên ingkang lumajêng ing ratanipun. Kathah solahbawaning para ratu bangsa Yadawa, nalika punika, mila swaranipun gumuruh kadi samodra rob, Prabu Baladewa, ingkang kuliting sarira pêthak, dêdêgipun gagah prakosa, ngantos kadi pucaking ardi Kalasa, pangagêmanipun sarwa biru, sangsangan oncèn-oncèn sêkar, sarta tansah jlagra adhèhèm, labêt saking kaladuk anggènipun ngunjuk ing wiwahan ardi Rewataka, dhawuh dhatêng para prajurit wau makatên: "Hèh, wong tanpa budi, sira padha arêp apa, bêcik ngêntènana prentahe yayi Janardana bae, kapriye têka kowe banjur nunjang-nunjang ambêbêntusi, mangka sira durung sumurup kapriye karsane yayi prabu. Yèn yayi Krêsna wus ngandika bae nuli èstokna kanthi kakêndêlan."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, para narendra prajurit wau, ugi sami miturut dhatêng dhawuhipun Sang Balarama, awit kagalih manawi dhawuhipun wau, pancèn pantês dipun èstokakên, mila lajêng rame sami matur: Kaluhuran, kaluhuran, kalihan wangsul dhatêng palênggahanipun malih. Dupi sadaya sampun lênggah, Sang Baladewa lajêng ngandika dhatêng Sri Krêsna makatên: "Hèh, yayi Janardana, kapriye têka sira mênêng bae, hèh, Adyuta, mangka kalakone bangsa Wrêsni lan Andaka angaji-aji marang Pritaputra, iku sêdya nuju panggalihe yayi prabu, nanging samêngko pun

--- 1041 ---

kakang sumurup, yèn si candhala Dananjaya, ora pantês nampani pangaji-ajine wong Dwaraka, dhèwèke iku wong apa, mangka para lêluhure bêcik-bêcik, kaanane Arjuna candrane kaya wong kang disuguh mangan, sawuse êntèk sêgane, nuli mêcah wadhahe, sêdyane wong kang gêlêm rêrukunan iku rak kêpengin rahayu, mula manawa ngèlingi kabêcikane kang diajak rêrukunan, iku têmtu banjur ora kèlu miala, ewadene Arjuna gêlêm miala wong kang wus ambêciki awake, dadi têrange Arjuna niyat nyênyamah bangsa Wrêsni kabèh, nyapèlèkake aku lan yayi prabu, tandhane gêlêm andhustha Subadra. Arjuna sasat kèsèt mustakane pun kakang, ayak nyidham pati. Dhuh, Guwinda, pun kakang ora kuwat yèn mênênga bae, apa aku ora mulat lêkase naga, yèn kapidak, têmtu banjur nyakot. Wruhanamu yayi prabu, sarupaning bangsa Kuru, kang ana ing donya, nêdya dak sirnakake kabèh dina iki uga. Ingsun ayak wis ora bisa ngapura manèh marang lêkase Arjuna."

Kawuningana sinuwun, sadaya têtungguling bangsa Boja, Wrêsni, Andaka, sami mangayubagya dhatêng karsanipun Sang Baladewa makatên wau, ngantos kapirêng pambêkuhipun, lêbêt saking sangêt manginggit-inggit.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus kalih likur perangan Subadra Harana, ing Adiparwa.

__________

--- 1042 ---

BAB CCXXIII.

HARANA HARANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi para prajurit bangsa Wrêsni ngantos ambal-ambalan anggènipun wicantên makatên wau, Sri Wasudewaputra lajêng mangsuli pangandika, ingkang suraosipun sakalangkung lêbêt, sarta runtut kalihan anggêr-anggêring kasusilan, pangandikanipun makatên: "Kawuningana kakang prabu, lêkasipun Godhakesa (wrêdinipun: sagêd mangrèh tilêm, utawi rikmanipun ngandhan-andhan) makatên wau botên pisan-pisan nyamah dhatêng darah Wrêsni, malah damêl mungaling suwuripun. Têtelanipun Parta priksa, manawi trahing Satwata, botên nate darbe manah asor, sêmunipun Arjuna ngrêtos, upami ngantos dipun wontênakên sayêmbara pinilih, punika dèrèng sagêd namtokakên, bilih piyambakipun kapilih. Tuwin malih manawi ksatriya, kang luhur ing budi punapa purun nampèni pawèstri ingkang badhe dados têtimbanganipun, amung lêlahan kemawon, têgêsipun botên sarana totohan gêsangipun, pawèstri ingkang darbe pamilih punika, punapa bedanipun kalihan sato, sarta manawi ksatriya sêjati, punapa kadugi nyade sutanipun èstri, pangintên kula Arjuna priksa dhatêng kalintunipun padatan sadaya wau.

Mila anggènipun nêdya ngrabi Subadra, lajêng sarana kadhustha. Lampah makatên wau dipun prayogèkakên dening anggêr-anggêr sukci. Kramaning ksatriya makatên punika,

--- 1043 ---

lampah utami piyambak. Subadra putri pinunjul ing jagad, nanging Arjuna ksatriya misuwur ing bumi, bokbilih pinêksa dening kawontênanipun wau, mila Arjuna anggènipun ngrabi Subadra, lajêng sarana kadhustha. Sintên tiyangipun ingkang botên kêpengin pawongmitra kalihan Arjuna, awit Arjuna ksatriya darah Bharata, dados turunipun Prabu Santanu, ingkang misuwur satribawana, punapadene wayahipun Prabu Kunthibuja. Sakathahing dumados, saisining jagad tiga punika, kintên kula botên wontên ingkang sagêd unggul manawi prang mêngsah Arjuna. Ratanipun Arjuna ngantos dados têmbang kidunging jagad, mendah utaminipun upami ratanipun Arjuna wau ingkang dados pangiridipun kapal kula. Parta prajurit rata linangkung, sarta kaparigêlanipun sikêp dêdamêl misuwur, sintên priya ingkang satimbang lan Parta. Manawi amrih prayogining lampah suwawi dipun gatosna, kula badhe matur: Arjuna mugi lajêng dipun tututana nanging kalayan raos nêdya sih-sinihan. Sasampunipun katututan, lajêng dipun ajaka wangsul dhatêng Dwarawati, kalihan aris, awit upami kakang prabu tuwin para prajurit sakti punika kalampahan prang mêngsah Arjuna, manawi ngantos kasoran prangipun, punapa botên badhe damêl sirnaning misuwuripun bangsa Wrêsni, Andaka sapanunggilanipun, tuwin malih rêrukunan punika punapa awon?"

Dhuh, Prabu Janamêjaya, para têtungguling bangsa Wrêsni tuwin sapanunggilanipun, ugi lajêng sami ngèstokakên dhawuhipun Sri Krêsna, kalampahan sagêd nututi Sang

--- 1044 ---

Arjuna, sarta kalêksanan purun wangsul dhatêng Dwaraka. Sadumugining kitha lajêng dipun dhaupakên kalihan Dèwi Subadra, Sang Dananjaya wontên ing praja Dwarawati binujakrama dhatêng para Wrêsni, sarta tansah mangun sukaning panggalih, dene dangunipun wontên ing Dwaraka amung sataun. Taun ingkang wêkasan saking wêwangên pangalasipun, Sang Arjuna anjrak wontên ing tirta Puskara, kang sukci, lajêng kondur dhatêng Indraprastha. Sadumugining kadhaton lajêng nyungkêmi padanipun ingkang raka, sarta têrus pinanggih para brahmana. Sasampunipun anggènipun atur bêkti para sêpuh saha martuwi dhatêng para kadang warga, saha para mitra, Sang Arjuna lajêng pinanggih Dèwi Drupadi, mangka nalika samantên sang dèwi taksih kraos kêmeron sih, mila lajêng ngandika makatên: "Dhuh, Kunthiputra, gèk punapa pigunanipun rawuh ing ngriki, punapa botên langkung prayogi manawi anjrak wontên têngganipun Subadra, putri têdhak Satwaka, ingkang misuwur sajagad punika. Dhuh, prajurit linangkung, kajêng sabongkok punika manawi kasusulan tangsul enggal, tangsulipun lami tamtu ngalokro."

Dèwi Krêsna panggalihipun sangêt karanta-ranta, nanging tansah kaarih, sarta ngantos ambal-ambalan Sang Dananjaya anggènipun minta aksamaning garwa. Sasampunipun katingal sawatawis lilih, Sang Dananjaya, enggal wangsul dhatêng têngganipun Dèwi Subadra, ingkang nalika punika taksih mangagêm sarwa jingga, kados limrahipun para sarining narendra, nanging sang dèwi lajêng kadhawahan

--- 1045 ---

santun pangagêman kadi pangagêmanipun pangèn èstri. Sasampunipun mangagêm makatên sang dèwi katingal saya wimbuh endah, sarta lajêng lumêbêt ing kênyapuri marêk Dèwi Drupadi, Dèwi Subadra ingkang paningalipun blalak-blalak sarta sumorot lajêng ngabêkti dhatêng Dèwi Kunthi. Kados punapa sukanipun Dèwi Kunthi, dene putrinipun ingkang raka kalampahan dados mantunipun, mila salêbêtipun Dèwi Subadra sumungkêm ing pada, sirahipun tansah ingarasan, sarta kaparingan nugraha. Sasampunipun ngabêkti ingkang ibu, Dèwi Subadra ingkang cahyanipun sumorot kados wulan purnama, lajêng sowan Dèwi Drupadi. Sarêng sampun cêlak Dèwi Subadra sigra manêmbah sarwi matur: "Dhuh, kakang êmbok, sasêmbahan kula, pun Subadra kaparênga mawongan." - Dupi Dèwi Drupadi nguningani susilanipun Dèwi Subadra, sami sanalika wau lajêng luntur sihipun, mila inggal jumênêng saking palênggahan, angrangkul lungayanipun Dèwi Subadra, sarwi ngandika makatên: "Dhuh, yayi dèwi, muga lakinira panêngah Pandhawa aja darbe mungsuh manèh." Wangsulanipun Dèwi Badra: "Dhuh putri linangkung, mugi kaèstrènana ing dewa, pangandikanipun kakang êmbok wau." "Dhuh, Prabu Janamêjaya, para maharata sinakti, putranipun Prabu Pandhu, wiwit nalika samantên lajêng katingal mulya."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Pangrurahing satru, Sang Kesawa kang luhur ing budi, paningalipun kadi ron saroja, dupi mirêng pawartos, bilih Sang Dananjaya sampun dumugi ing Indraprastha,

--- 1046 ---

lajêng pangkat badhe martuwi, sêsarêngan kalihan ingkang raka Sri Rama (Baladewa). Sakalihan wau ingkang minangka agul-agul saha pangayomanipun bangsa Wrêsni, tuwin Andaka, kadhèrèkakên para kadang kadeyan miwah pêpêthinganing bangsa Wrêsni, Andaka tuwin Buja, kados ta: Sang Surin, ngirid wadyanipun sakalangkung kathah. Sang Akrura, ingkang limpad ing budi, misuwur asring ambêdhah praja nêlukakên para ratu, inggih punika sênapatining prajurit bangsa Wrêsni, ingkang kêkêndêlanipun anggêgirisi. Sang Anadrêsthi, ingkang sêkti mandraguna, tuwin Sang Udawa, kang lêpas ing budi, siswanipun Hyang Wrihaspati, Sang Satyaka, Sang Sêtyaki, Sang Krêtawarman, Sang Satwata, Sang Pradyama, Sang Samba, Sang Nisata, Sang Sangku, Sang Carudêsna, Sang Jili, ingkang kaprawiranipun pilih bobot, Sang Wipritu, Sang Sarana, ingkang rosa baunipun, saha Sang Gada, têtungguling bangsa sarjana. Dene para luhur têtindhihing bangsa Wrêsni, Buja tuwin Andaka, taksih kathah panunggilanipun nanging botên pêrlu kula aturakên asmanipun. Sadaya sami ambêkta pasumbang dhatêng sang pinangantèn.

Gantos kacariyos, Prabu Yudhisthira, dupi mirêng pawartos, bilih Sang Madawa dalah Sang Baladewa, sami badhe rawuh ing Indraprastha, enggal utusan sang kêmbar, supados mapag wontên ing watêsing nagari. Wadyabala bangsa Wrêsni dalah senapati, saha ratunipun wau tinata golong-golongan, katindhihan senapatinipun piyambak-piyambak. Dene para ratu tuwin para putra santana sami ngurun-urun Sri Krêsna, miwah Sri Balarama. Wiwit ngancik ing talatah Kandhawaprastha [Kandhawa...]

--- 1047 ---

[...prastha] tiyang ing praja Kandhawaprastha sadaya sami manjêr bêndera ing griyanipun, margi ingkang linangkungan barisan agêng wau, siniram ing sêkar sêtaman, urut ing pinggiring margi pinanjêran rontèk, ingkang sabên-sabên kasêlanan daludak miwah umbul-umbul, mila gandanipun amrik angambar. Sapraja Kandhawaprastha mèh sadaya kalimputan ing kukusing ratus miwah cêndhana sari, angèbêki awang-awang, têmpuk kalihan gandaning sêkar sêtaman ingkang siniram ing margi, mulêk ananduki grana. Klèbèting bêndera miwah langse pasrèning margi sabên wisma saha umbul-umbul, ingkang pinanjêr urut pinggiring margi, amimbuhi adinipun nagari, ingkang gêmah ripah punika. Sadaya tiyang ing dhusun, tuwin ing kitha-kitha sami ningali, dene para bakul sambiwara sami anggêlar daganganipun ing pinggir margi. Sang Kesawa, kalihan Sang Baladewa, ingkang kairing bangsa Wrêsni, Buja tuwin bangsa Andaka, kathahipun tanpa petangan wau, samargi-margi tansah sinêmbah-sêmbah ing tiyang ingkang dipun langkungi. Para brahmana sarwi sêsanti kados punapa rêmênipun tiyang, dupi sampun ngancik watês kitha, dununging kadhaton Indraprastha, ingkang endahipun satimbang kalihan karatonipun Hyang Indra. Rikala Prabu Yudhisthira priksa, manawi Sri Baladewa sampun mandhap saking titihanipun, enggal mapagakên kanthi gênging pangaji-aji, sarta lajêng angrangkul Sri Krêsna, sarwi angaras mustakanipun. Sri Krêsna sangêt rêna panggalihipun nguningani tandukipun Sang Prabu Yudhisthira makatên wau, mila enggal anguncupakên asta katèmpèlakên ing

--- 1048 ---

pranaja, punapadene Sri Krêsna ugi ngatingalakên sih trêsnanipun dhatêng Sang Bima, bêbanthènging Pandhawa. Sasampunipun atur pambage dhatêng Sri Baladewa, tuwin Sri Krêsna, Sang Yudhisthira lajêng ambagèkakên dhatêng pangagênging bangsa Wrêsni, Andaka, tuwin Buja, samêsthining pangaji-aji, liripun, taklim dhatêng ingkang langkung sêpuh, rumakêt dhatêng ingkang sababag, sihipun kanthi pamêngku. Sang Hrêsikesa [Krêsna], angganjar maspicis rajabrana sakalangkung kathah dhatêng kadang kadeyanipun pangantèn jalêr, punapadene nampèkakên pasumbangipun bangsa Wrêsni, Andaka tuwin Buja dhatêng Dèwi Subadra sarwa kathah, kados ta: sêsotya nawa rêtna kathah, bangsa klèmbrèt kathah, punapadene pitik iwèn rajakaya ugi kathah, enggalipun gurubakal gurudadi, ingkang kathahipun ngantos tanpa petangan. Manawi Pandhawa dipun sumbang rata pêprangan sèwu, sadaya sami sinêkar kancana, tuwin rinêngga gêganta, sabên rata satunggal kuda pangiridipun sakawan, kusir satunggal tur kapilihakên ingkang kulawarga kusir. Punapadene ugi dipun sumbang lêmbu kathahipun sadasa èwu, sadaya wêdalan Madura. Lêmbu ing Madura naracak warninipun sae-sae saha sagêd ngêdalakên puhan sakalangkung kathah. Sang Janardana piyambak, ugi misungsung Pandhawa warni kapal èstri sèwu, saha abah-abahipun pisan, ingkang pinatik ing jêne miwah sêsotya, ulêsipun pêthak sadaya, wulunipun mancorong kadi sunaring rêmbulan, dene kuldinipun sèwu, ulêsipun ugi pêthak sadaya, nanging surinipun cêmêng, sadaya sampun ajaran, plajêngipun rikat kadi

--- 1049 ---

kilat. Ugi nyumbang parêkan sèwu, sadaya prigêl lêlados, tuwin nêdhêng taruna, warninipun ayu, kulitipun jêne, panganggenipun sae, kados ta: kalung, gêlang, kroncong, tuwin kêlatbau sadaya saking jêne. Manawi bêktanipun Dèwi Subadra piyambak, kuda pangirid sakêthi, sadaya wêdalan saking nagarinipun bangsa Walhika, jêne sêpuh sadasa grobag, sapalih taksih orèn, ingkang sapalih kêthok-kêthokan, Prabu Baladewa, ingkang adêdamêl nanggala saha sêngsêm dhatêng kaprawiran, angganjar dhatêng Sang Arjuna warni dirada sèwu, sadaya cirinipun katingal anggalêr ing pilingan, ing kuping tuwin ing bathuk, agêngipun prasasat ardi anakan, tandangipun manawi wontên ing paprangan anggêgirisi, sampun sinamêktan ing palana, ingkang tinrètès ing jêne. Upami pasumbang sadaya wau kaupamèkakên samodra, ingkang minangka alunipun agêng tuwin unthukipun sinjang tênunan kancana, kalihan babut tuwin prangwadani. Bajul tuwin cucutipun gajah agêng-agêng wau. Sangkrahipun kang katut ing ombak daludak umbul-umbul tuwin rontèk, mangka toya wau lajêng têmpuk kalihan toyaning samodra Pandhawa, têmah lumèbèr ambalabar, ngêlêbi ing pundi-pundi, damêl kêkêsing mêngsah. Prabu Yudhisthira nampèni sadaya wau kanthi suka pirênaning panggalih, awit kagalih saking trêsnanipun bangsa Yadawa dhatêng Pandhawa, mila sang prabu sangêt anggènipun nyuba-nyuba, para ksatriya bangsa Kuru, Wrêsni, Andaka tuwin Buja, sadintên-dintên tansah bujana andrawina, kadi kawontênanipun para ambêg utama, pamanggènipun wontên ing kaswargan, sasampunipun tilar

--- 1050 ---

donya. Sunggatanipun bangsa Kuru, dhatêng ksatriya bangsa Wrêsni sapanunggalipun wau botên wontên kuciwanipun. Sasampunipun dumugi anggènipun mangun sih-sinihan kalihan bangsa Kuru, ksatriya bangsa Wrêsni tuwin sapanunggilanipun wau lajêng sami wangsul dhatêng Dwarawati. Angkatipun saking Indraprastha, arak-arakaning bangsa Wrêsni, Andaka tuwin Buja, punika dipun tindhihi Sang Baladewa piyambak, mila inggih panjênênganipun ingkang gagah prakosa wau, ingkang wontên ing ngajêng piyambak, sarta wangsulipun dhatêng Dwarawati ugi ambêkta pisungsung malih inggih punika wangsulanipun bangsa Kuru, warni sêsotya nawa rêtna sakalangkung kathah. Dhuh, nata têdhak Bharata, nanging nalika samantên Sri Krêsna taksih kantun wontên ing Indraprastha, karsanipun badhe andumugèkakên anggènipun sih-sinihan kalihan Sang Arjuna pêpêthinganing bangsa Wrêsni wau, sabên dintên tansah lêlangên saurut têpining lèpèn Yamuna, kadhèrèkakên Sang Arjuna, wigatos bêbêdhag sangsam tuwin waraha. Dhuh, sinuwun, Dèwi Subadra, kadang kêkasihipun Sri Krêsna, botên dangu saking dhaupipun kalihan Sang Arjuna lajêng anggarbini. Dupi sampun dumugi wanci, ambabar mijil priya, pawingkingipun misuwur ing jagad, kadi putranipun Dèwi Pulana, ratuning kaswargan, rikala ambabar Sang Jayanta. Putranipun Dèwi Subadra wau pranajanipun wiyar, baunipun panjang, netra blalak-blalak, sarta sumorot kadi mripating andaka. Calon prajurit linangkung wau, sinung nama Abimanyu. Mila sinung nama makatên, awit pèthèkipun sang

--- 1051 ---

Arjunaputra wau botên darbe ajrih, sarta watakipun brangasan. Dados ksatriya pinunjul, putranipun Sang Dananjaya mijil saking putri darah Satwata, cinandra kadi latu sêsaji, ingkang saking agaran kajêng sami. Minangka pahargyan miyosipun Sang Partaputra, Prabu Yudhisthira kang luhur ing budi, lajêng misungsung lêmbu salêksa tuwin mas picis sakalangkung kathah dhatêng para brahmana. Sri Krêsna sangêt sih dhatêng Sang Subadraputra, punapadene ingkang rama piyambak, para uwa tuwin para paman, ugi sangêt sih, kados rêmbulan dados sih trêsnaning jagad. Nalika Sang Abimanyu miyos Sri Krêsna ugi lajêng angwontênakên sêsaji kados limrahipun, manawi wontên bayi lair. Sang Abimanyu punika sabên dintên tansah mindhak sunaring pasuryanipun, kadi rêmbulan wiwit tanggal dumugi bundêripun. Sarêng sampun kasinau Wedha Sang Abimanyu lajêng lêbda kemawon. Dene ingkang marah nandukakên dêdamêling dewa utawi manusa ingkang rama piyambak, pamulangipun Sang Arjuna dhatêng putranipun punika kabagi kawan perangan agêng, dadosipun perangan alit wontên sadasa perangan.

Putranipun Sang Arjuna wau kaprawiranipun linangkung, sagêd nulak sawarnining dêdamêl. Sang Abimanyu prigêl sikêp saliring dêdamêl, trangginas tandangipun, majêng, mundur, nganan tuwin ngering, sami kemawon kaprigêlanipun, dados botên siwah kalihan ingkang rama piyambak. Sang Arjuna sakalangkung rêna nguningani kalangkunganipun ingkang putra sadaya wau, têmah rumaos bêgja anggènipun [ang...]

--- 1052 ---

[...gènipun] pêputra Sang Abimanyu, botên beda kalihan Bathara Magawat (Indra), anggènipun pêputra Sang Arjuna, Sang Abimanyu kabatang, manawi darbe pangwasa sagêd nyirnakakên sadata mêngsahipun katitik saking saranduning sariranipun, prajanipun wiyar, wadananipun sumilak, langkapipun agêng, kakêndêlanipun kadi dirada wancinipun laki, warnanipun bagus, guwayanipun mancorong kadi rêmbulan, suwantênipun agêng, kakêndêlan saha kasêktènipun sami kalihan Sri Krêsna. Dèwi Drupadi kalihan priyanipun gangsal ugi apêputra gangsal. Gangsal pisan wau diwasanipun dados prajurit linangkung, manawi prang botên nate kasoran, candranipun kadi rêdi agêng ing têngah-têngahing samodra, nadyan tansah katêmpuh ombak agêng saèstu botên nate mingsêt saking panggenanipun. Dèwi Drupadi kalihan Prabu Yudhisthira apêputra Sang Pritiwidya, kalihan Sang Bhima, pêputra Sang Sutasuma, kalihan Sang Arjuna Sang Srutakarman, kalihan Sang Nakula Sang Satanika, kalihan Sang Sahadewa paputra Sang Srutasena. Dados Dèwi Drupadi punika putranipun gangsal, sami dados prajurit pêpilihan, kadi Dèwi Aditi anggènipun pêputra para aditya. Saking aturipun para brahmana, mila putranipun Prabu Yudhisthira dipun parabi Pritiwindaya punika awit kasantosanipun prasasat rêdi Windaya, botên têdhas kapak paluning pandhe, saha sisaning gurenda. Putranipun Sang Bhima, mijil saking Dèwi Drupadi, sinung nama Sutasuma, awit miyosipun sabibaring sêsaji soma sèwu. Rèhning

--- 1053 ---

anggènipun pêputra mijil saking Dèwi Drupadi wau Sang Arjuna, nalika samantên mêntas dêdunung ing wana kalihan nindakakên kasudiran, mila putranipun lajêng sinung nama Srutakarman. Mila putranipun Sang Nakula mijil saking Dèwi Drupadi sinung nama Satanika, awit pangundanging panggalihipun Sang Nakula, putranipun punika kadosa narendra darah Kuru, ingkang misuwur ambêg pinandhita. Putranipun Sang Sahadewa saking Dèwi Drupadi, punika miyosipun nyarêngi plêthèking lintang Wahnidewata, inggih lintang Kirtika, mila sinung nama Kirtikeya utawi Srutasena, pangundanging panggalih putranipun wau miriba lan senapatining dewa, dene putra gangsal wau miyosipun urut-urutan sabên taun. Dewasanipun misuwur ing jagad kaprawiranipun, sarta rakêt sangêt anggènipun sih-sinihan. Dhuh, Prabu Janamêjaya, sadaya pakèning agami, kados ta: sêsaji Cudakana (bayi kacukur sapisan, sarta upadyana (têdhak siti) ugi dipun tindaki samêsthining wancining yuswanipun rajaputra wau, dene ingkang najèkakên Rêsi Domya. Putra gangsal wau ambêgipun sami sêngsêm dhatêng tapabrata. Sasampunipun dumugi wanci kawarah Wedha, ugi dipun puruhitakakên amung sarêng dumugi mangsa kawarah sikêp dêdamêling prang, punika dipun warah piyambak dhatêng Sang Arjuna. Dhuh, sinuwun, para Pandhawa sangêt bingah dene putranipun kadi para putraning dewa, wêwijanganipun sariranipun sami mratandhani, bilih badhe dados prajurit linangkung."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus

--- 1054 ---

tiga likur, perangan Harana harana, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXIV.

KANDHAWA DHAHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dados kalampahanipun Pandhawa sami angadhaton ing Indraprastha, ngèstokakên dhawuhipun Prabu Drêstharastra tuwin Sang Bhisma. Sasampunipun mapan anggènipun ngrancang kadhaton, lajêng nêluk-nêlukakên para ratu, ingkang dèrèng nungkul dhatêng Hastinapura. Mila para tiyang sami rumaos mulya dipun ratoni Prabu Yudhisthira, ingkang ambêgipun ngantos kadi Jiwanmukta, punika. Dhuh, narendra têdhak Bharata, kautamèn, adil saha wêlas asihipun Prabu Yudhisthira, punika adamêl tuwuhing raos bêgja saha sênênging manahipun para kawula. Sêngsêmipun dhatêng watak tigang prakawis wau, kadi sihipun dhatêng mitra sinarawèdi, kawontênan tigang prakawis, kautamèn, kasênêngan saha kabêgjan. Manawi adêging kamanusan punika lêrêsipun wontên sêkawan, jangkêpipun sakawan, kawontênanipun Prabu Yudhisthira. Para kawula rumaos bêgja, dene dipun ratoni Prabu Yudhisthira, awit Sang Yudhisthira sêngsêm sinau Wedha, mila saèstu lajêng rêmên ngawontênakên sêsaji agêng, saha ngayomi dhatêng para kawula. Kasugihaning jagad saya matambah-tambah, tiyang sami rêmên pujabrata, pandamêl utama saya ngrêbda, sadaya wau kaprabawan dening ambêgipun Prabu Yudhisthira, [Yudhis...]

--- 1055 ---

[...thira,] ingkang tansah kabiyantu para arinipun sêkawan, mila saya mungal kasaenanipun, kadidene sêsaji agêng punika sampurnanipun ugi manawi ngèstokakên warahipun Wedha sêkawan. Brahmananipun Prabu Yudhisthira ingkang dipun pangagêngi Rêsi Domya, punika prasasat Hyang Wrêhaspati ing kaswargan, tansah mirantos badhe nglêksanani karsanipun sang prabu, utawi para jawata taksih mirantos badhe ngèstokakên dhawuhipun gustining sagung titah. Ingkang katingal ing paningal, punapa ingkang cumithak ing ciptanipun para kawula, namung panjênêngan nata, sênênging manahipun sabên sagêd sumêrêp dhatêng ratunipun, sami kalihan manawi ningali wulan purnama ingkang botên kaawêr-awêran mêndhung. Sang prabu tansah ngangkah sênênging tiyang kathah, Prabu Yudhisthira ingkang arum pangandikanipun, botên nate ngandika dora utawi botên manis, botên nate damêl pinggêting manah. Prabu Yudhisthira, ingkang sakti mandraguna, musthikaning para darah Bharata, sabên dintên tansah rumaos mulya, tansah amrih saenipun sawênèhing tiyang, kadi pamardinipun dhatêng sarira piyambak. Para kadangipun ingkang sakti-sakti punika tansah nêluk-nêlukakên ratu, ingkang kagalih nêdya mêngsah Pandhawa, wasana lajêng rumaos bêgja, dene botên wontên mêngsah, ingkang ngrubeda katêntrêmanipun malih."

Dupi sampun sawatawis dintên Sri Krêsna wontên ing Indraprastha, Sang Dananjaya matur makatên: "Punika sampun ngancik wiwitaning mangsa bêntèr, mila suwawi sami lêlangên dhatêng pagisikaning lèpèn Yamuna, dhuh, pangrurah

--- 1056 ---

madu, suwawi sami lêlangên ing riku kalihan para mitra, namung sabên sontên kemawon kundur dhatêng kitha." - Dhawuh wangsulanipun Sri Krêsna makatên: "Dadi pangajake si adhi iku kêna diarani katuju ing ênu, mara padha tumuli pangkat, lêlumban ing Yamuna mangun sukaning panggalih lan para mitra."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Prabu Janamêjaya, Sang Arjuna, sasampunipun angsal palilahipun ingkang raka Prabu Yudhisthira, lajêng pangkat dhatêng Yamuna kalihan para mitranipun, saha Sri Krêsna, dalah para garwanipun sadaya. Lampahipun botên ngantos dangu dumugi ing pasanggrahan, ingkang dêdunung ing satêpining Yamuna. Ing riku kathah kajêngipun agêng-agêng sakalangkung ayom, kathah suyasanipun adi, mila manawi dipun tingali, ing riku sampun botên beda kalihan karatoning dewa. Ing nglêbêtipun suyasa adi pintên-pintên wau, sami sampun sinamêktan saisèn-isènipun, kados ta: pangunjukan sarta dhêdhaharan ingkang sarwa miraos, sawarnining pirantos lêlangên sampun wontên sadaya. Urut pinggiring taritis tuwin saka saha blandaring suyasa kapasangan ing buntal, jarambahipun sinêbaran ing sêkar, ingkang kacarup ing gandawida, gandanipun amrik angambar. Sadaya wau minangka urmatipun Pandhawa dhatêng Sri Krêsna. Dhuh, Prabu Janamêjaya, dupi sampun lêrêm sawatawis, sadaya lajêng sami mriksani sakathahing gêdhong pamondhokan ingkang rinêngga sakalangkung asri sarta tinrêtastinrètès ing sêsotya.

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]