Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855

1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata

No. 9. Tahun ke IV. 7 September 1958.

Serat MAHABHARATA

Anggitanipun Rêsi Krêsna Dwipayana Wedha Wiyasa

[Grafik]

Kawêdalakên sabên wulan sapisan.

Permintaan nomer contoh hendaknya disertai harganya Rp. 3,50.

--- [0] ---

SÊRAT MAHABHARATA

Sêrat Mahabharata punika sampun nate kawêdalakên mawi basa tuwin aksara Jawi dening Pakêmpalan Teosofi Loge Solo, kala ing taun 1927. Ananging dèrèng ngantos tamat, kapêksa botên sagêd nglajêngakên.

Sawêg sagêd kawêdalakên malih wiwit wulan April 1955 sawulan sapisan mawi Basa Jawi krama aksara Latin, sawêdalan 32 kaca. Kapimpin dening sadhèrèk S. Satyapranawa ing Madiyataman No. 5 sawarni Rêdhaktur ingkang tanggêl jawab, kabantu sadhèrèk Koesoemodihardjo Rêdhaktur "Brahmawidya" lan nunggil kantoripun ing Jalan Balapan No. 189 Solo.

Sadhiya ingkang sampun kajilid dados buku waosan ingkang sae, satunggal jilid kaca 1 dumugi 480 lan 481 dumugi 960. Rêgi pêr jilid Rp. 42,50 dalah ongkos kintun. Wontên malih jilid isi kaca 481 dumugi 1113 Adiparwa tamat, rêgi Rp. 52,50 dalah ongkos kintun.

Arta lêngganan Rp. 10,- sakwartal.

ARTA KASUWUN RUMIYIN.

Sêrat idzin Penerbitan No. 80/ DPKN/ Prd. 55. Tanggal 23 Maret 1955.

--- 1057 ---

Sêrat Mahabharata No. 1

7 Januari 1958

Sasampunipun waradin anggènipun mariksani pamondhokan, lajêng sami mangun sukaning panggalih. Para putri garwa saha para kadang warganipun Sri Krêsna, Sang Dananjaya saha mitranipun, ingkang sulistya ing warna, gilik lambungipun, paningalipun sumorot agilar-gilar punika, labêt saking laduk anggènipun sami ngunjuk anggur, têmah sami galoyoran lampahipun, ewadene taksih sami nglajêngakên anggènipun suka-suka parisuka, sawênèh wontên ingkang nusup-nusup ing wana, wontên ingkang lêlumban ing toya, wontên ingkang surak agiyak-giyak wontên ing nglêbêting pasanggrahan. Awit saking ngèstokakên dhawuhipun Sri Krêsna, Dèwi Drupadi tuwin Dèwi Subadra, ugi sawatawis kaladuk anggènipun ngunjuk, sarta lajêng ngganjar dhatêng para badhaya, mila para badhaya botên kèndêl-kèndêl anggènipun njogèd, ngidung, gêgujêngan, tuwin ngunjuk anggur. Sawênèh wontên ingkang buron gêndhêng-gêndhêngan, tuwin wontên ingkang sumingkir, wigatos badhe rêmbagan piyambakan kalihan ingkang dipun condhongi. Ing pasanggrahan, ing wana tuwin ing pinggiring narmada, tansah kamirêngan suwantêning têtabuhan, suling tuwin clêmpung. Mila ing panggenan wau sanalika lajêng dados panggenan ingkang sakalangkung rame.

Dupi sadaya sampun dumugi anggènipun suka-suka parisuka, Sang Arjuna kalihan Sri Krêsna lajêng lumêbêt ing wana, lênggah ing panggenan ingkang nêngsêmakên, tur botên têbih saking pasanggrahan. Dhuh, Prabu Janamêjaya sasampunipun sakeca anggènipun lênggah, Sri Krêsna lajêng

--- 1058 ---

wiraosan kalihan Sang Parta, pangrurah satru, prakawis kaprajuritan tuwin lêlampahan warni-warni, ingkang sampun kapêngkêr. Nanging sawêg rame sami wiraosan kasaru dhatêngipun satunggaling brahmana, agêng inggil kadi kajêng sala, wadananipun mancorong, jenggotipun jêne sêmu ijêm, rikma kinlabang, nyamping saha rasukanipun saking klikaning kajêng, guwayanipun kadi sunaring surya dadari, paningalipun kadi ron tunjung, kuliting sarira jêne kadi mas sêpuh, manawi tiningalan saking katêbihan, mancorong kadi urubing latu. Rikala Sang Arjuna tuwin Sri Krêsna priksa, manawi karawuhan brahmana linangkung, enggal jumênêng kalihan tumungkul, ing sêmu kadi ngêntosi dhawuhipun sang nêmbe rawuh.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus sêkawan likur, perangan Kandhawa dhaha ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXV. SAMBÊTIPUN KANDHAWA DHAHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Brahmana ingkang dhatêng wau lajêng ngandika têmbungipun ngoko, makatên: "Hèh sira sakloron, kang têtela prajurit linuwih ing jagad, wruhanamu, ing kene iki wus cêdhak bangêt lan alas Kandhawa, dene aku iki sawijining brahmana, nanging drêmba, yèn mangan akèh. Hèh, têtungguling bangsa Wrêsni, lan kowe Parta, padha mènèhana

--- 1059 ---

pangan marang aku kongsi warêg." Dupi makatên pangandikanipun Sang Brahmana, Sri Krêsna mangsuli atur: "Dhuh, Brahmana ingkang jêngandika karsakakên punika dhêdhaharan warni punapa, enggal dipun dhawuhna, dados kula sagêd minangkani." Sang mindha brahmana mangsuli pangandika: "Walèh walèh apa, aku Bathara Agni, dadi ora kapengin mangan panganan lumrah, aku wènèhana samêsthining panganku. Sumurupa alas Kandhawa iku tansah ingayoman dening Bathara Indra, mulane tansah ora kalêksanan anggonku nêdya matunu alas iki. Awit ing Kandhawa iku didunungi naga raja, aran Naga Raja Taksaka, sakadang warga, lan para kawulane mangka naga raja mau mitrane Bathara Indra, mula ing Kandhawa tansah rinêksa amrih aja kasambikala, nadyan karsane mung rumêksa Naga Taksaka, ewadene titah liyane iya katut kaayoman. Sabên dak obong ora bisa, awit katulak dening kasêktène Bathara Indra. Sabên aku wus tiwikrama, panjênêngane banjur nurunake udan dêrês kaliwat-liwat, dadi anggonku bakal ngobong alas Kandhawa mau banjur ora kalakon. Mangka kaya apa kapenginku dhahar alas Kandhawa, mula aku karaya-raya, katêmu kowe sakloron, prêlu minta sraya, krana aku sumurup, yèn sira padha lêbda nandukake sarupaning gêgaman, dadi ugêr kowe gêlêm bae, têmtu kalakon kobong. Wruhanamu, iya iku pangan sing dak ajab-ajab. Kowe padha lêbda sikêp gêgaman, mula tulungana aku, srana nulak udan kang dèn turunake, sarta nyêgati uncating sarupaning titah kang kanggon ing kono manawa wus wiwit dak obong."

--- 1060 ---

Prabu Janamêjaya matur: "Dhuh, rêsi linangkung, wontên wigatos punapa, dene Bathara Agni, kang ambêg utami, ngantos karsa ambrastha wana Kandhawa, mangka ing ngriku dipun ênggèni titah warni-warni, saha rinêksa ing Sang Hyang Indra, upami anggènipun Bathara Agni arsa ambrastha wau saking sangêt bêndu, saèstu wontên dadakanipun. Dhuh, Brahmana, kula kêpengin sangêt priksa andharaning cariyos punika, dhuh, Bagawan, suwawi dipun cariyosna sadaya cariyos kabêsminipun wana Kandhawa ing nguni."

Rêsi Waisampayana wiwit cariyos malih: "Dhuh, sinuwun, kula badhe ngaturakên dongèng kabêsminipun wana Kandhawa, kados ingkang sampun dipun cariyosakên para rêsi, sarta sampun kawursita ing sêrat Purana. Dhuh, Prabu Janamêjaya, Sêrat Purana pratela, bilih ing nguni wontên narendra linangkung, jêjuluk Prabu Swetaki, kaprawiran tuwin kasudiranipun Prabu Swetaki punika sami kalihan Sang Hyang Indra. Salumahing bantala, sakurêbing akasa, rêmênipun damêl sêsaji, dêdana saha kalimpatanipun, kalampahan sagêd damêl sêsaji agêng warni gangsal saha sêsaji sanès-sanèsipun ngantos marambah-rambah. Sabên sêsaji ugi mawi misungsung ing para brahmana. Sabên dintên ingkang dipun galih amung anggènipun badhe damêl sêsaji, wiwahaning agami, tuwin dêdana warni-warni. Dhuh, Prabu Janamêjaya, Prabu Swetaki, anggènipun sêsaji laminipun ngantos mataun-taun, mawi pambiyantunipun para ridwijanipun. Dangu-dangu para ridwija wau

--- 1061 ---

lajêng sami gêrah paningalipun, awit tanpa kêndhat katêmpuh kukusing latu sêsaji, sariranipun lêsu awit saking sangêt sayah. Wasana lajêng nilar sang prabu, sampun botên purun ambiyantu anggènipun sang prabu damêl sêsaji. Kados punapa pangarih-arihipun sang prabu, mêksa tanpa damêl, para ridwija sami mopo, jalaran netranipun sami sakit, para ridwija wau amung mrayogi, supados sang prabu nimbali brahmana, minangka wakiling para ridwija, anggènipun sang prabu sêsaji, nanging sêsajinipun sinuwun wau lajêng dipun bibarna. Kacariyos, dupi sampun sawatawis dintên kalihan lêlampahan, ingkang kula aturakên Prabu Swetaki karsa badhe sêsaji ingkang laminipun ngantos satus taun. Sang prabu ngupaya brahmana, ingkang kadugi nindakakên pranataning sêsaji, ewadene botên sagêd angsal ridwija. Sang prabu dalah para garwa putra, saha para mitra, sami njajah padhepokan pratapan, wana tuwin ing kitha-kitha, wigatos ngupaya ridwija. Para brahmananing praja-praja sami dipun aji-aji, saha dipun têrintih, mêksa botên wontên brahmana kadugi nglêksanani, karsanipun sang prabu, ingkang utaminipun tanpa timbang punika, têmahan sang prabu mêngku duka, lajêng ngandika makatên: "Dhuh, têtungguling brahmana, kadospundi dene kula jêngandika dadosakên tiyang tampikan, upami pangaji-aji saha pisungsung kula dhatêng para brahmana punika wontên kuciwanipun, punika pantês kula katilar sami sanalika, botên pêrlu karaosakên malih. Mangka kula botên pisan-pisan nyênyamah, malah kula tansah ngrêruba dhatêng

--- 1062 ---

brahmana. Adilipun para brahmana kêdah botên makèwêd anggèn kula damêl sêsaji, saha nilar kula ingkang tanpa karana, dados satimbang kalihan tanduk kula ing para brahmana. Dhuh, brahmana, kula nyuwun pitulungan jêngandika, mugi nglunturna wêlasasih ing kula, ewadene manawi jêngandika saèstu botên kêparêng mbiyantu sêsaji kula, awit jêngandika duka, dene nggalih manawi wontên kalentuning solahbawa kula, saèstunipun kula ugi badhe ngupaya brahmana sanèsipun malih, ingkang bokbilih kaparêng dados ridwijanipun sêsaji kula. Panjênêngan kula arih-arih, sarana wicara arum, tuwin kula pisungsun warni-warni, manawi sampun katingal rêna, kula lajêng ngaturakên sêdya kula, inggih punika damêl sêsaji, ingkang laminipun ngantos satus taun, Sang Brahmana kula suwun dadosa ridwijaning sêsaji kula punika."

Sasampunipun ngandika makatên, Prabu Swetaki lajêng tumungkul, asta ngapurancang wontên ngarsanipun Sang Brahmana. dhuh, Prabu Janamêjaya, ngantos sawatawis dangu Sang Brahmana anggènipun nggalih, dupi têtela manawi botên kadugi mbiyantu karsanipun sang prabu badhe damêl sêsaji wau, lajêng mangsuli atur kalihan api-api bêndu, pangandikanipun makatên: "Dhuh, nata binathara jêngandika botên kèndêl ngawontênakên sêsaji, awit kula dalah para kanca ugi tansah biyantu sêsaji wau, saèstunipun lajêng sami sayah badanipun, ngantos tanpa kakiyatan, mila sang prabu mugi paringa palilah kula botên sagêd ngladosi sang prabu anggènipun sêsaji. Dhuh, nata ingkang

--- 1063 ---

kalis ing dosa, manawi karsa jêngandika badhe sêsaji punika pancèn adrêng, dados mbotên karsa nyrantosakên, sakuwawining badan kula malih, sang prabu prayogi marêk ing Bathara Rudra, panjênênganipun saèstu kêparêng mbiyantu anggènipun sang prabu sêsaji punika." – Rikala Prabu Swetaki midhangêt wangsulanipun brahmana, ingkang nawung raos nacat, saha ngoso, ing batos sangêt bêndu, mila lajêng pangkat dhatêng rêdi Kelasa sami sanalika, wigatos nêdya gêntur kasutapan. Dhuh, sinuwun, wontênipun ing Kelasa, Prabu Swetaki lajêng nglampahi tarak brata, sarta botên kêndhat-kêndhat panêmbahipun dhatêng Bathara Mahadewa, kados ingkang sampun katêmtokakên, ingkang kadhahar amung wowohan tuwin pala pêndhêm, dhaharipun amung sadintên sapisan, lajêng kalih dintên sapisan. Anggènipun sang prabu mêsu brata, kalihan jumênêng asta ngacung manginggil, netra tanpa kêdhèp, ngantos satêngah taun, lêkasipun papêthinganing manusa Prabu Swetaki makatên wau andadosakên panujuning panggalihipun Bathara Sangkara (Mahadewa), awit saking punika, mila lajêng kaparêng ngatingali dhatêng Prabu Swetaki, sarwi ngandika alon, saha ngecani panggalihipun sang prabu, pangandikanipun makatên: "Hèh, pangrurahing satru sêkti, singaning narendra ing marcapada, ingsun bangêt panuju nguningani subratanipun mangkono iku, dadi sira tamtu antuk kamulyan, he kaki prabu, mara sajarwaa, sira darbe panjaluk apa?" Ing nalika Prabu Swetaki mirsa suwarni, saha mirêng pangandikanipun Sang Hyang Rudra (Mahadewa), ingkang kasêktènipun tanpa

--- 1064 ---

watêsan, enggal sumungkêm ing siti, sarwi matur: "Dhuh dewaning dewa, Hyang Mahadewa, sasêmbahaning tribawana, manawi pukulun panuju, dhuh, dewaning dewa, mugi kaparênga anjurungi anggèn kula sêdya sêsaji" – Dewa linangkung wau, mirêng aturipun Sang Prabu Swetaki makatên punika, saya rêna panggalihipun, mila lajêng ngandika kalihan sêmu mèsêm, makatên: "Hèh, Prabu Swetaki, sajatine para jawata agung-agung ora kêna mèlu nggarap lakuning sêsaji, nanging awit saka katrima tapabratanira, dadi panyuwun kaya kang sira aturake iku kudu dipituruti, mula ingsun uga sanggup sêdya mitulungi, bisane kalakon, nggènira sêsaji mau, manawa sira sanggêm nglakoni Brahmacarya, kanthi sênênging ati sarta kuwat ngêsok martega sukci ing gêni sêsaji, suwene rolas taun ora nganggo lèrèn." Prabu Swetaki ugi ngèstokakên dhawuhipun dewaning dewa, ingkang sikêp trisula. Dupi sampun angsal kalih wêlas warsa anggènipun nglêksanani dhawuh, sang prabu lajêng wangsul marêk ing Bathara Mahèswara malih. Dupi dewa kang anitahakên sadaya dumados, wuninga sowanipun sang prabu, lajêng ngandika kalihan sakalangkung rêna, makatên: "Hèh pêpêthinganing para ratu, ingsun bangêt rêna nguningani lêkasira iku, nanging kawruhana, yèn kang wênang ngèstrèni sêsaji iku brahmana, hèh, pangrurah satru, mula ingsun ora bakal mèlu nggarap dhewe ing sêsajinira. Sumurupa ing marcapada ana brahmana linuwih, aran Rêsi Durwasa, ingsun bakal manuksma ing dhèwèke, marmane iya brahmana iku kang bakal ambiyantu ing sêsajinira. Wus nuli muliha,

--- 1065 ---

banjur ngruktia saupakartining sêsaji." Prabu Swetaki mêdal pasilan, lajêng nyamêktakên saubarampening sêsaji. Sasampunipun samêkta sadaya, Prabu Swetaki lajêng ngêningakên pancadriya, ngèsthi Brathara Rudra. Hyang Rudra rawuh sami sanalika, sang prabu manêmbah sarwi matur makatên: Dhuh, dewaning dewa, kawuningana pukulun, upakartining sêsaji samangke sampun mirantos sadaya, mila ing dintên benjing enjing kula lajêng kaijabna wontên ing wiwahaning sêsaji. Ing nalika wau Sang Hyang Rudra lajêng ngèsthi Rêsi Durwasa, ingkang ugi lajêng dhatêng, sarta tumuntên dipun pangandikani makatên: "Hèh, Durwasa, wruhanira, iki Prabu Swetaki, pêpêthinganing narendra, awit saka kaparêng ingsun, sira mèlua ambiyantu kaki Prabu Swetaki anggone sêsaji." Atur wangsulanipun Rêsi Durwasa, makatên: "Pun patik matur sandika." Mila sêsaji tumuntên dipun wiwiti, laminipun têtêp ngantos satus warsa, sang prabu tansah ngêgungakên pisungsung dhatêng para brahmana.

Kawuningana sinuwun, paripurnaning sêsaji, para brahmana ingkang sami tumut ngèstrèni ugi lajêng kaparêng bibaran, punapadene para sadhasya sakti-sakti, ugi lajêng kaparêng wangsul dhatêng dhepokipun piyambak-piyambak. Sang prabu ngadhaton kaurmatan brahmana agêng ingkang putus dhatêng Wedha, sarta sinambrama ing para pasindhèn, sarta sinurakan ing para kawula.

Makatên punika cariyos lêlampahanipun raja pinandita Maha Prabu Swetaki, musthikaning ratu. Sarêng sampun

--- 1066 ---

dumugi mangsakalanipun saha sampun misuwur satribawana sang prabu lajêng murut ing kaanan jati, dene inggahipun sang prabu dhatêng kaswargan, kadhèrèkakên dening para ridwija tuwin sadhasya, ingkang ambiyantu sêsajinipun ing nguni.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Gêntos kacariyos, sanalika Prabu Swetaki, nglampahi brahmacarya kalihan angêsok martega sukci ing tutukipun Bathara Agni ngantos kalih wêlas taun muput, inggih samantên dangunipun wau Bathara Agni anggènipun ngunjuk martega, dados lajêng kêmlakarên, sarta unêk-unêkên, botên karsa ngunjuk martega malih. Lamining ngalami, pasuryaning Bathara Agni dados pucêt, mbotên sumorot kadi ing nguni-uni, têmahan suda kasêktènipun, tur lajêng nandhang roga. Dupi priksa manawi kasêktènipun têtela saya suda, enggal minggah ing kahyangan sukci, marêk Bathara Brahma, ingkang nalika samantên nuju lênggah ing dhamparipun. Hyang Agni lajêng ngraub pada sarwi matur, makatên: "Kawuninana pukulun, pun Swetaki anggènipun bêbingah ing kula (ngêsok martega ing latu), ngantos kaladuk, têmah anjalari sakiting padharan kula (kêmlakarên) ngantos ing dintên kalênggahan punika dèrèng mantun. Dhuh, kalumaning sagung dumadi, samangke sorot saha kasêktèn kula tansah suda-suda, mugi pukulun anglunturakên sih ing jasat kula, mangsulakên kawontênan kula, kados ing nguni-uni". – Dupi Bathara Brahma, midhangêt aturipun Bathara Utawaha [Agni] lajêng mèsêm sarwi ngandika

--- 1067 ---

makatên: "Hèh, dewa linuwih, dadi sira bukti martega sukci, kang kaêsokane ing tutukira, suwene kongsi rolas warsa, wêkasan nênandhang roga. Hèh, Agni aja maras, ora watara suwe kowe bakal waluya jatining nguni, ingsun kang bakal marasake wêtêngira: Dhuh, Wibhawasu, samêngko wus têkan mangsa kalakone luwarira saka panandhang. Wruhanamu alas Kandhawa kang bangêt wingite, iya kang wus tau sira tunu kongsi dadi awu, ngèstokake dhawuhe para dewa, samêngko diênggoni titah rupa-rupa, kèhe tanpa petungan, kabèh mau mungsuhe para dewa, manawa sira bisa bukti daginging titah kang padha dêdunung ing Kandhawa mau, sira bakal waluya jati, mula enggal mangkata marang Kandhawa, alas iku dalah kang dêdunung ing kono obongên kabèh, sira bakal waluya." – Dupi dipun pangandikani makatên wau Bathara Utashana lajêng pangkat, botên dangu dumugi ing wana Kandhawa, ingkang sakalangkung wingit sarta santosa, margi saking pangrêksaning titah ingkang sami manggèn ing ngriku. Sami sanalika wau Hyang Agni ngêdalakên pangwasanipun, mila lajêng murub mangalat-alat, mangka lajêng kabiyantu dhatêng Bathara Bayu. Rikala ingkang sami dêdunung ing ngriku priksa manawi panggenanipun kabêsmi, enggal tumandang mêjahi latu, dirada maèwu-èwu sami mbêkta toya wontên ing tlalenipun, lajêng kasêmprotakên ingkang katrajang ing latu. Sarpa agêng-agêng sirahipun kathah, tanpa petangan kathahipun, sami nyêrot toya lajêng kasêmburakên ing latu. Dhuh bêbanthènging jagad dene titah sanèsipun ugi sami mêjahi latu, mila mbotên

--- 1068 ---

ngantos dangu latu kalampahan pêjah. Kawuningana sinuwun, sabên latu ingkang ambrastha wana wau pêjah, Hyang Agni bramantya malih, ngantos rambah kaping pitu anggènipun ngayati. Makatên Bathara Agni anggènipun kapêjahan latuning dening para titah, isining wana Kandhawa."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus sêlangkung perangan Kandhawa dhaha ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXVI. SAMBÊTIPUN KANDHAWA DHAHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Bathara Hawyawahana (Agni), cuwa dene dèrèng kalampahan anggènipun ambrastha wana Kandhawa, sarta gêrahing padharanipun dèrèng sênggang, mila enggal wangsul marak ing Hyang Brahma malih, ngaturakên kawontênaning lêlampahanipun. Rikala Hyang Brahma midhangêtakên aturipun Hyang Agni, kèndêl sakêdhap, wasana ngandika makatên: "Hèh, dewa kang tan kalepetan dosa, kawruhana kalakone sira bisa ambrastha alas Kandhawa ana ngarêpe Indra, kudu mawa sarana, he Wibhawasu, dewa wrêdha sakloron ya iku Bathara Narayana lan Maharsi Nara, samêngko padha manjanma ana ing marcapada, pêparab: Wasudewaputra lan Arjuna, wigati arêp anggarap pakaryaningrat. Kabênêran dene dina iki padha mangun suka ana ing sacêdhake alas Kandhawa. Sira njaluka tulung marang dewa

--- 1069 ---

loro iku, supaya kalakon bisa ambrastha alas Kandhawa saêntèke, nadyan alas mau diayomi ing para dewa. Sarana pangwasane Basudewaputra lan Arjuna, têtela bisa ambalèkake isining alas Kandhawa, kang nêdya oncat samangsa alase kobong utawa kawawa nanggulangi krodhane Indra. Yèn arsa ngayomi titah kang ana ing kono, wus ora sêmang-sêmang manèh, yèn Krêsna lan Arjuna, kang bisa mitulungi sira." – Satêlasing pangandikanipun Hyang Brahma, Bathara Agni nêmbah, lajêng mêdal pasilan, gêgancangan dhatêng wana Kandhawa, badhe pinanggih Sang Arjuna kalihan Sri Krêsna. Dhuh, gêgêmbonging para narendra, Bathara Agni lajêng andhawuhakên, salingsinganipun karsanipun kalihan Sang Hyang Indra dhatêng Sri Krêsna tuwin Sang Arjuna. Dene wangsulanipun Sang Wibhatsu makatên: "Kawuningana pukulun, kula lakar nyata gadhah dêdamêl pintên-pintên, pêparinging dewa, ingkang kenging kangge nanggulangi dewa kang sikêp gêlap, nadyan kabiyantu ing para dewa. Dhuh, titah linangkung, nanging kula botên darbe langkap, ingkang kakiyatanipun timbang lan bau kula, utawi botên luluh wontên ing rêgêman kula, manawi kula ngêdalakên pangaribawa wontên samadyaning ngadilaga. Saèstu pukulun botên kakilapan manawi kaprigêlan kula nandukakên dêdamêl, linangkung sasamining ksatriya. Mugi kula dipun paringana jêmparing ingkang botên sagêd têlas, nadyan anggènipun nglêpasakên kaping pintên kemawon. Kawuningana, rata kula botên kuwawi kula isèni kathahing dêdamêl ingkang badhe kula angge mapagakên krodhaning

--- 1070 ---

ratuning dewa punika, mila manawi panuju ing galih, kula kaparingana rata, ingkang mawi praba kadi surya, manawi kalampahakên rodhanipun nywara sora, kadi swaraning galudhug ing mangsa rêndhêng, dene pangiridipun kuda ingkang ulês pêthah,[1] wulunipun gilap, kadi kapal kaswargan, punapadene Sri Krêsna ugi dèrèng kagungan dêdamêl ingkang satimbang kalihan kasêktènipun, kangge nanggulangi para jawata tuwin para pisaca. Dhuh, pukulun, punapa paduka kaparêng paring dêdamêl ing kula sarta Sri Krêsna, kados ingkang kula aturakên wau murih kalampahan sagêd nanggulangi Hyang Indra anggènipun nurunakên jawah dêrês dhatêng ing Kandhawa. Dhuh, Bathara Pawaka, kula tuwin Sri Krêsna badhe ngêtog kaprawiran, saha ngatingalakên wataking priya sajati. Dhuh, jawata linangkung, nanging samêktanipun kêdah sikêp dêdamêl linangkung."

Dumugi samantên wêkasananipun bab kaping kalih atus nêmlikur perangan Kandhawa dhadha, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXVII. SAMBÊTIPUN KANDHAWA DHAHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi makatên aturipun Sang Arjuna, risang daludak kukus (agni), osik badhe pinanggih Bathara Brahma, dewa kang rumêksa keblat, putranipun Dewi Aditi, ingkang ngadhaton ing samodra, mila lajêng kaèsthi ing dalêm batos.

--- 1071 ---

Awit Hyang Brahma botên kakilapan dhatêng èsthinipun Bathara Agni, mila lajêng rawuh ing ngarsanipun, enggal binagèkakên dhatêng Bathara Agni, sarta ingurmatan samêsthinipun. Dhuh, sinuwun, Hyang Baruna punika dewa ingkang mangwasani toya, inggih Lokapala ingkang angka sêkawan. Sasampunipun tata lênggah Hyang Agni pratela dhatêng têtungguling dewa, ingkang langgêng kawontênanipun, suraosing makatên: "Dhuh, Hyang Bharuna, mugi lajêng kaparêng maringakên langkap, endhong isi jêmparing, saha rata ingkang pucak dandaning daludakipun sinung rêca wanara, ingkang ing nguni gumadhuh wontên Prabu Soma, awit Prabu Parta kêdah ngangge langkad[2] gandewa, sarta Washudewaputra kêdah ngangge sanjata cakra. Tiyang kalih punika badhe nggarap pakaryan agêng, mila sanjata wau kaparingna ing dintên punika ugi." – Wangsulanipun Hyang Bharuna makatên: "Inggih, panêdha jêngandika punika badhe kula lêksanani." – Sasampunipun mangsuli makatên, Hyang Bharuna musna sami sanalika, nanging botên watawis dangu katingal malih kalihan bêkta langkap gandewa, ingkang agêng saha pangwasanipun angebat-ebati. Langkap gandewa punika sagêd nyêmbuh suwur saha kasudiranipun ingkang sami ngangge sarta sagêd nulak dêdamêling mêngsah, langkap punika minangka têtunggul saha pangrisaking sadhengah dêdamêl tuwin gêlaring mêngsah, manawi pangwasanipun gandiwa kaupamèkakên bobot, awratipun sami kalihan wawratipun langkap sakêthi. Langkapipun gandiwa darbe kawasa angagêngakên karajan ing pundi

--- 1072 ---

ingkang kanggenan. Pulasipun mancawarni, sarta rinêngga-rêngga, mila katingal sakalangkung adi. Pun gandiwa botên sagêd suda kiyatipun saha botên risak, punika langkap pêpundhènipun para dewa miwah para gandarwa. Kajawi langkap gandiwa Sang Arjuna ugi dipun paringi endhong, ingkang elok pangwasanipun, inggih punika pundi jêmparing ingkang kadèkèk ing indhong wau, botên sagêd têlas. Punapa malih dipun paringi rata paprangan ingkang kaisèn dêdamêling para dewa, saha pinasangan daludak, ingkang pucaking dandanipun sinung rêca wanara sarta sampun wontên pangiritipun kuda ulês pêthak kadi salaka sinangling. Kuda wau wêdalan saking kahyanganipun para gandarwa, plajêngipun rikat kadi kêclaping kilat utawi cipta, abah-abahipun, tinêpi ing jêne cinêplik sêsotya. Dados rata wau sampun sami sinamaktan sakathahing sanjata miwah sarana, mila manawi kangge prang, ingkang nulak têmtu kasoran, nadyan mêngsah para dewa pisan. Rata wau sumorot kadi latu, manawi kalampahakên rodhanipun nywara sora kadi galudhug, damêl ulapipun sadaya ingkang sami tumingal, dene ingkang iyasa, inggih punika Bathara Wiswakarma, undhagi kaswargan, inggih dewa ingkang linangkung pangwasanipun. Nalika iyasa rata punika Bathara Wiswakarma mêntas tapa brata ingkang sakalangkung awrat. Mila ratanipun lajêng tuwuh prabanipun kadi prabaning sariranipun, ingkang tuwuh saking sêruning tapabrata wau, têmahan botên wontên mêngsah kuwawi mandêng, inggih punika rata ingkang dipun titihi Bathara Soma nalika nêlukakên danawa.

--- 1073 ---

Manawi dipun tingali sabyaran, rata wau katingal kadi soroting mega, ingkang cêlak kalihan surya, ing wanci ngajêngakên sêrap. Landheyaning daludak ginêgêl-gêgêl kancana, pucukipun sinung rêca wanara linggih kadi linggihing sima. Netranipun mancorong kadi pamandênging netra isi raos bêndu, mila soroting netranipun wau kadi badhe ambrata ingkang kapandêng. Sajatosipun rêca wau ing nglêbêt isi dewa, mila makatên kawontênanipun. Pojoking rata sanèsipun ugi pinanjêran ing bandera ingkang ginambar sato galak agêng-agêng, mila sabên rata wau lumampah kangge mapagakên mêngsah, lajêng nywara ingkang damêl kêkêsing mêngsah.

Rikala punika Sang Arjuna enggal angrasuk kêre tuwin sarung dariji kangge nangkis dêdamêl, nganggar sabêt sarta lajêng lumampah angubêngi rata minulya wau. Sasampunipun kêmput tumuntên manêmbah ing Bathara Agni saha Sang Hyang Baruna, wasana lajêng minggah ing rata, kadi kawontênaning para jiwa minulya, minggah ing rata cahya, ingkang mbêkta inggahipun dhatêng swarga. Inggahipun Sang Arjuna ing rata wau kalihan raos sakalangkung rêna, astanipun kiwa nyangking langkap gandiwa, ingkang lajêng kapênthang sasampunipun wontên ing sanginggiling rata. Titah wujud punapa-punapa kemawon, manawi priksa anggènipun mênthang gandiwa têmtu gêtêr manahipun dening gumêroting swaranipun, ingkang prasasat kawawa mbêngkahakên bantala. Sukaning panggalihipun Pritaputra sampun tanpa upami, sarêng tampi pêparinging dewa sadaya

--- 1074 ---

wau, osiking panggalih makatên: "Baya iki gêgaman kang bisa ngentasi gawe." Hyang Pawaka paring sanjata cakra dhatêng Risang Wasudewaputra. Wujuding cakra, cêpênganipun tosan, pucuking cêpêngan kaanjingakên ing têngah-têngahing cakra, inggih punika dêdamêlipun Sri Krêsna ingkang pamungkas, saha ingkang sangêt dipun rêmêni. Nalika Sri Krêsna nampèni, ugi osiking batos, manawi sanjata punika ingkang dados sagêd angrampungakên pakaryan ingkang sinangkulakên, sadangunipun panjaman punika. Rikala Hyang Pawaka, matêdhakakên sanjata cakra dhatêng Sri Krêsna, punika mawi mitungkas makatên: "Hèh, Krêsna, pangrurahing Asura Madu, sarana gaman kang ingsun ulungake iki, sira bisa ngalahake mungsuhira ana ing paprangan, nadyan mungsuhira mau dudu bangsaning manusa, dadi sira bisa unggul mungsuh manusa, dewa, raksasa, pisaca, daitya utawi naga, enggale sarana sanjata cakra, sira bisa numpês sagung dumadi. Wruhanira Madawa, yèn cakra iku sira lêpasake sawuse mrajaya mungsuhira, têmtu banjur bali marang tanganira." Kajawi sanjata cakra, Sri Krêsna ugi kaparingan gada, nama Kamêdhaki, saking Bathara Waruna. Pupuh Kamêdhaki wau kenging kangge nyirnakakên sagunging bangsa daitya, sarta manawi kapupuhakên, lumawatipun mawi nywara kadi prahara. Dados Sang Arjuna saha Sang Asyuta, sami suka amrawata suta, mila lajêng matur dhatêng Bathara Pawaka makatên: "Dhuh, dewa linangkung, samangke kula sampun kaparingan dêdamêl linangkung, saha priksa patrap anggènipun nandukakên, punapadene [punapa...]

--- 1075 ---

[...dene] kaparingan rata ingkang rinêngga ing daludak miwah bandera, pusakaning para dewa, sampun saèstu kula kadugi mêngsah para dewa tuwin asura. Suwawi pukulun, kula lajêng dipun abêna kalihan ratuning dewa, ingkang tansah ngajap prang saking anggènipun nêdya ngayomi mitranipun pun Naga Raga Taksaka. Dhuh, Bathara Pawana Hrêsiksha, ingkang kasêktènipun tanpa timbang, samangke sampun sikêp sanjata cakra, mila botên wontên mêngsah kuwawi mapakakên kridhanipun, nadyan mêngsah isining jagad tiga sêsarêngan, têmtu lêbur dening panduking sanjata cakra ingkang lumêpas saking astanipun, makatên ugi kula, sasampunipun pinaringan langkap gandiwa, saha endhong kalih ingkang jêmparingipun botên sagêd têlas, kula lajêng rumaos kadugi mêngsah isining jagad tiga punika sadaya. Suwawi pukulun, lajêng kawiwitana pambrastha paduka dhatêng wana Kandhawa, kula kalihan kakang Krêsna, ingkang nanggulangi sintêna ingkang nyaruwe karsa pukulun punika."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi Bathara Agni midhangêt aturipun Sang Dhasarha saha Sang Arjuna makatên wau, enggal mêdhar tiyasa, maujud dahana sakalangkung agêng, kawawa kangge ambrastha wana Kandhawa. Sami sanalika wau wana Kandhawa kalimputan ing Bathara Agni, ingkang urubipun warni pitu, murub mangalad-alad kadi latu panglêburing jagad, manawi sampun dumugi kukusing bawana. Dhuh, nata têdhak Bharata, Bathara Agni nêmpuh wana Kandhawa, mawa swara nggêrêng anggêgirisi, kadi swaraning galudhug ing mangsa

--- 1076 ---

rêndhêng. Dhuh, Prabu Janamêjaya, ubaling latu, dupi sampun ambêsmi kêkajêngan ing wana, saking agêngipun, têtingalan kadi ardi Mèru, nalika linimputan ing salju, lajêng katêmpuh soroting surya."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus pitu likur, perangan Kandhawa dhaha, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXVIII. SAMBÊTIPUN KANDHAWA DHAHA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Tatungguling Maharata sakalihan [Sri Krêsna kalihan Sang Arjuna], sami wahana ratanipun piyambak-piyambak, sarta mapan wontên ing iringing wana. Pintên-pintên isèn-isèning wana Kandhawa ingkang kapêjahan, mêdal ing pundi kemawon kewan utawi titah sanèsipun anggènipun oncat, têmtu pinambêngan sarana dipun alang-alangi utawi dipun dhawahi jêmparing. Saking rikating lampahipun rata, titihanipun prajurit kawasa kalih wau, ngantos botên wontên titah isining wana Kandhawa ingkang sagêd ambrojol, nadyan Kandhawa punika wana agêng, amung kacêgatan ing prajurit kalih, ewadene amung katingal satunggal. Rikala wana wiwit kabêsmi, sadaya isèn-isènipun ngriku, nadyan warni punapa kemawon, cacahipun tanpa petangan enggal lumajêng asalang-tunjang kalihan nywara sora, nanging lajêng sami kabarubuh dening jêmparingipun ksatriya kalih wau,

--- 1077 ---

utawi kobar dening latu ngantos dados awu, malah wontên balungipun ngantos luluh, wontên kuntal dening kukus, ingkang tuwuh saking ubaling latu sakalangkung agêng. Wontên ingkang mripatipun dlole labêt saking anggènipun ngêtok karosan, kangge lumajêng. Wontên ingkang nggendhong utawi ngindhit anakipun, sadhèrèk utawi sanès-sanèsipun ingkang sampun jêmpo, ewadene ugi botên sagêd gêsang, awit katututan mramaning latu. Warni-warni solahipun titah isining wana Kandhawa, wontên nglumba, milar sarta gulung ing siti, ingkang sampun dados mawa. Dene titah ingkang darbe suwiwi mêksa oncat, nanging inggih kathah ingkang kobar, dados titah warni-warni punika kenging dipun wastani tumpês tapis sami sanalika, talaga, tuwin balumbang, ing nglêbêt wana Kandhawa toyanipun sami umêb mawalikan, mila ulam, bulus tuwin sanès-sanèsipun ingkang wontên ing ngriku, lajêng pêjah pating karambang sanginggiling toya. Manawi dipun tingali urubing latu katingal mancawarni, awit kobaring jasatipun titah warni-warni wau. Pêksi agêng alit ingkang lêpas ibêripun, sami ndêdêl manginggil, dados botên sagêd kasalat ing latu, ewadene mêksa sami pêjah, awit kenging jêmparingipun Sang Arjuna. Mila ing pundi-pundi kapirêng swara anggêrêng anggêro njêrit, saha sêsambat, kêmpaling sadaya swara sangêt anggêgirisi, kadi swaraning samodra nalika kinêbur para dewa ing jaman kina. Ubaling latu sundhul ngawiyat, ngantos damêl mirisipun para dewa, awit saking punika mila para dewa lajêng sami marêk ing ngarsanipun jawata kang netra sasra, pangrurahing Asura

--- 1078 ---

Writra. Sasampunipun manêmbah, têtindhihipun lajêng matur: "Dhuh, gustining para dewa, punapa darunanipun, dene Bathara Agni bramantya, ambrastha titah ing marcapada, punapa punika sampun dumugi mangsa kukusing bawana?"

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sami sanalika wau Bathara Indra uninga kadospundi lêkasing Bathara Agni, mila sigra tumurun ing marcapada, karsanipun badhe mitulungi sakathahing isining wana Kandhawa. Sadumugining wana Kandhawa angirup mêndhung ingkang lajêng andhawahakên jawah dêrês dhatêng wana, ingkang kabêsmi wau. Agêngipun pantêring toya jawah ngantos salandheyan tumbak. Nadyan makatên dêrêsing jawah, ewadene dèrèng ngantos gêpok latu sampun sat, labêt saking agêngipun latu. Kawuwusa Bathara Indra, pangrurahing Asura Namuci, sangêt bramantya enggal dhawuh dhatêng para dewa, ingkang mangrèh mêndhung, supados nglêmpakakên mêndhung ingkang sakalangkung kandêl. Sasampunipun nglêmpak, lajêng nuwuna jawah dêrês, langkung saking ingkang sampun. Ing nalika wau wana Kandhawa katingal saya anggêgirisi, awit latu agêng kadhawahan jawah sakalangkung dêrês, tur ing ngawang-awang kaèbêkan mêndhung cêmêng angêndhanu, binarung ing kilat thathit liwêran, têmpuk ubalipun kukusing latu nalika kadhawahan jawah."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus wolu likur perangan Kandhawa dhaha, ing Adiparwa.

__________

--- 1079 ---

BAB CCXXIX. SAMBÊTIPUN KANDHAWA DHADA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Wibhawatsu, putranipun Prabu Pandhu panêngah, enggal ngèsthi dêdamêlipun wigatos kangge nampungi dhumawahing jawah, ingkang katurunakên dening para dewa. Wêdaling jêmparing saking langkapipun gandhiwa, mrumbul tanpa kêndhat, têmah ngèbêki sanginggiling wana Kandhawa, mila botên wontên toya jawah satètès ingkang sagêd dhumawah ing latu. Sang Arjuna anggènipun mayungi wana Kandhawa sarana jêmparingipun wau, cinandra kadi rêmbulan ingkang damêl tuwuhing pêdhut, têmahan anglimputi ing ngawang-awang. Awit wana Kandhawa sampun linimputan ing jêmparing, mila botên wontên titah isining wana Kandhawa ingkang sagêd mêdal saking wana.

Gêntos kacariyos Naga Taksaka, nalika wana wau wiwit kabêsmi, sang naga raja sampun botên wontên ing ngriku, awit kesah dhatêng laladan Kuruksetra, nanging sutanipun, nama: Aswasena ingkang kinawasa taksih lêstantun wontên ing Kandhawa, mila sarêng wananipun kabêsmi Aswasena ugi lajêng nêdya oncat, nanging botên antuk margi, awit ing pundi-pundi sampun pêpêt dening jêmparingipun Sang Parta. Saking anggènipun nêdya amrih raharjaning putra, putrining naga sinakti, lajêng nyingitakên putranipun ing nglêbêting guwa garbanipun, sarana

--- 1080 ---

dipun untal. Sasampunipun kaulu lajêng nêdya kabêkta oncat, nanging sarêng panguntalipun wau mèh dumugi ing pêthit, kawuningan Sang Arjuna, lajêng linêpasan jêmparing, pagas jangganipun. Ing nalika Hyang Indra priksa dhatêng kawontênanipun Naga Aswasena, saking kapenginipun badhe ngayomi sutaning mitra, têmah lajêng ngêdalakên sindhung riwut bayu bajra, ngantos adamêl kuwuripun panggalihipun Sang Arjuna, dados Sang Aswasena sagêd oncat saking bêbaya pêjah. Dupi Sang Arjuna priksa manawi kapandukakên para cidraning naga, duka yayah sinipi, saya riwut pangamukipun sadaya titah isining wana, ingkang nêdya uncat tamtu kapisanan dening jêmparingipun, wontên ingkang bathangipun dados kalih, tiga tuwin wontên ingkang ajur dados sawalang-walang. Saking sruning bêndu Sang Arjuna, Sri Krêsna, tuwin Hyang Agni, lajêng angêsotakên Naga Aswasena, dene uncatipun mawi lampah cidra, wêdharing sot makatên: "Dumadinira ora bakal olèh suwur."

Sang Jismu[3] botên kèndêl-kèndêl anggènipun nglêpasakên jêmparingipun, mila ing ngawang-awang pêpêt dening jêmparing, karsanipun dadosa dadakanipun bêndunipun Sang Hyang Indra dados lajêng ngêdali prang. Sang Hyang Indra kang netra sasra, botên kasamaran dhatêng osikipun Sang Arjuna makatên wau, mila lajêng nglêpasakên sênjatanipun, angêmbari Sang Parta, sarta angêdalakên pangaribawa warni-warni, kados ta: prahara agêng, nywara gumrubuk, bumi gênjot ngantos ngocakakên samodra. Gênging prahara nglêmpakakên mêndhung cêmêng ingkang [ing...]

--- 1081 ---

[...kang] lajêng nurunakên jawah sakalangkung dêrês, gludhugipun tanpa kêndhat, kilat thathit sêsambêran. Sang Arjuna botên kewran dhatêng pangaribawanipun Hyang Indra sadaya wau, enggal ngèsthi sanjata Wayawya, ingkang lajêng pinantran, sarana sanjata Wayawya, sagêd nyirnakakên pangwasaning balêdhèg saha mêndhungipun Bathara Indra, mila dupi sanjata wau lumêpas saking astanipun Sang Arjuna, mêndhung cêmêng kilat thathit wau lajêng sirna, ing dirgantara lajêng padhang sami sanalika, samêndhang botên wontên mêndhung ingkang anglayang ing ngawang-awang. Sunaripun Hyang Surya katingal dumêling, anginipun ngidid têmah damêl bingahipun Sang Arjuna. Hyang Agni kacaryan ing galih, awit rumaos botên wontên ingkang ngrubeda karsanipun, mila lajêng mangsah ambêsmi malih, ngawut-awut kringêting daging sato ingkang sami kabêsmi, saha latunipun, mila mrèmèning latu waradin saindênging wana, swaranipun sangêt anggêgêtêri. Pêksi bangsaning garudha, ingkang laripun adi, dupi priksa pangobaripun wana wau mawi pambiyantunipun Sri Krêsna saha Sang Arjuna, enggal sumiyut mangandhap, nêdya mrawasa prajurit kalih punika, sarana sinabêt ing suwiwinipun ingkang rosanipun angedap-edapi. Pintên-pintên naga, ingkang tutukipun ngêdalakên latu, tumurun saking gêgana, nêdya mrêpêki Sang Arjuna kalihan anyêmburakên wisa mandi, nanging sadaya wau lajêng sami ajur dening jêmparingipun Sang Arjuna. Bathangipun lajêng sami kacêmplung ing latu, kobar ing wana. Rikala punika para asura, gandharwa, yaksa,

--- 1082 ---

raksasa, tuwin naga agêng-agêng, cacahipun tanpa petangan sami angêbyuki ksatriya kalih wau, kalihan anywara sora mawarni-warni. Tur sadaya sami sikêp sanjata warni-warni, wontên dêdamêl ingkang sagêd ngêdalakên mimis, wontên ngêdalakên jawah sela, saha jêmparing latu, angêbyuki Sang Arjuna kalihan Sri Krêsna. Nanging Sang Wibatshu botên pisan-pisan wangwang dhatêng dêrêsing dhumawahipun sakathahing dêdamêl sadaya wau, malah lajêng mèsêm kalihan nglêpasi jêmparing. Titah warni-warni wau wontên ingkang tigas jangganipun, pêdhot tanganipun. Sri Krêsna pangrurah satru, ingkang kasêktènipun tanpa timbang, ugi nglêpasi cakra para ditya tuwin para danawa. Kathah asura kinawasa, ingkang kabuncang têbih dening panduking sanjata cakra, cinandra kadi jêmparing kabuncang ing prahara, dhumawah têbih. Sang Hyang Indra, wahana dirada pêthak, sikêp dêdamêl gêlap, nêdya ngêdali yuda, mapagakên prajurit kalih wau, kalihan ngandika dhatêng para dewa makatên: "Bocah loro iki têmtu kasoran dening prajurit dewa."

Para dewa dupi priksa ratunipun ngêdali yuda, enggal sami sikêp dêdamêlipun. Dhuh, Prabu Janamêjaya, Bathara Yama sikêp gadanipun sang pêpêjah. Bathara Kuwera musthi gadanipun, ingkang winangun pating cringih. Hyang Baruna ngasta candrasa, Bathara Skanda (Kartikeya), ngasta waosipun sakalangkung panjang, Bathara Aswin sakêmbaran, ngasta têtuwuhan kang mawa sorot, saha usadaning sasakit. Bathara Datri, ngasta langkap saha jêmparing, dene Bathara

--- 1083 ---

Jaya ngasta gada sakalangkung agêng. Bathara Tastri, dêdêgipun agêng inggil, tuwin linangkung karosanipun, enggal ambêdhol ardi lajêng katumpangakên ing pundhak, dene Bathara Surya ngasta campulingipun ingkang mawa cahya. Bathara Mrêtyu ngasta wadung. Bathara Aryaman, mlampah wongsal-wangsul kalayan ngobat-abitakên bindinipun, Bathara Mitra, ngasta cakra landhêp mingis-mingis kadi lading pamarasan, njêngêr botên ebah-ebah ngantos kadi tugu rinêngga. Dhuh, Prabu Janamêjaya, Bathara Pusa, Bhaga, tuwin Sawitri, saking botên kuwawi mambêng dukanipun, têmah lajêng narajang Sang Arjuna, tuwin Sri Krêsna, kalihan ngobat-abitakên sabêtipun. Para rudra, para wasu, para maruta, ingkang kinawasa, para wiswadewa, tuwin para sadya, ingkang sami misuwur sêkti mandraguna, tuwin para dewa sanès-sanèsipun, sakalangkung kathah, sami ngasta dêdamêl warni-warni, ngêbyuk dhatêng sakalihan wau, karsanipun badhe dipun sirnakakên. Rikala samantên kathah cipta sasmita ingkang elok-elok, inggih punika sagung tumitah sami tinilar ing jiwanipun, kados manawi jagad sampun badhe kinukut, nanging Sang Arjuna tuwin Sri Krêsna botên sumêlang ing galih, priksa Sang Hyang Indra kalihan para dewa sami nêdya mapagakên prang punika. Kalihan pasêmon ingkang mratandhani ayêming galih, anggènipun Sang Parta saha Sri Krêsna ngêntosi panêmpuhipun mêngsahipun. Rikala prajurit ingkang têtela prigêl sikêp sanjata paprangan wau priksa bilih badhe ingêbyukan barisan dewa, enggal nglêpasakên dêdamêlipun ingkang ampuh sami

--- 1084 ---

lan blêdhèk. Sabên barising dewa wau majêng, tamtu lajêng mawut-mawut dening pangamuking Sri Krêsna tuwin Sang Parta. Dupi ngantos rambah-rambah panêmpuhipun para dewa, nanging ugi lajêng risak dening Sang Arjuna saha Sri Krêsna, para dewa lajêng sami mundur nyuwun pangayomanipun Hyang Indra. Para mauni ingkang sami mriksani prangipun para dewa mêngsah Sri Krêsna saha Sang Parta, sangêt kagawokan, dene para dewa sami kasoran. Nanging Hyang Indra sangêt rêna dupi nguningani kaprawiranipun ksatriya kalih wau. Nalika samantên pangrurah asura paka lajêng anyipta jawah sela agêng-agêng sakalangkung dêrês, karsanipun amung badhe nglèlèr kakêndêlanipun Sang Arjuna ingkang ugi prigêl jêmparing kalayan asta kiwa. Dupi Sang Arjuna kajawahan sela agêng-agêng, sangêt bramantya, enggal anglêpasakên jêmparingipun, kumênul wêdaling saking langkap pun gandhiwa, dados jawah sela agêng-agêng wau lajêng sirna sami sanalika. Sang Hyang Indra priksa, manawi pangabaranipun sirna dening sanjata panulakipun Sang Arjuna, enggal angwontênakên jawah sela malih, ingkang dêrêsipun tikêl kalihan ingkang sampun. Nanging Sang Arjuna pancèn sagêd nuju prananipun ingkang rama, wujudipun enggal tinulak sarana jêmparing pamungkas. Nalika punika Sang Hyang Indra, ingkang ugi kêpengin wuninga kadospundi sarananipun ingkang putra punika kasoran, lajêng oncat saking palagan, nanging botên dangu lajêng wangsul kalihan ambopong pucaking ardi Mandara, satêtuwuhanipun ingkang gêsang ing ngriku,

--- 1085 ---

lajêng kasawatakên putranipun ingkang pêparab Pandhuputra, nanging lajêng tinulak jêmparing pamungkas, ingkang cumlorot kadi andaru. Pucaking Mandara dupi kataman jêmparingipun Sang Jisnu, lajêng sumyur, rêmukanipun dhumawah ing siti, kadi jawah lintang, têmah pintên-pintên titah isining Kandhawa ingkang pêjah kadhawahan pucaking rêdi Mandara wau.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus sanga likur perangan Kandhawa dhaha, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXX. SAMBÊTIPUN KANDHAWA DHAHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para ingkang sami dêdunung ing wana Kandhawa, kados ta: para danawa, raksasa, naga, sagawon ajag, waraha, dirada, sima, singa, ingkang surinipun rembyak-rembyak, banthèng tuwin pêksi, saha sato kewan sanès-sanèsipun, sangêt giris dening dhumawahing jawah sela, mila sami mawut-mawut lumajêng sarsaran, nêdya ngungsi gêsang, mangka ing pundi-pundi sampun kêpêpêtan ing latu, tuwin sanjatanipun Sri Krêsna, miwah Sang Parta. Saking bingungipun lajêng dhawah ing siti, têlas kakiyatanipun, kalihan nyuwantên ingkang ngêrês-êrêsi manah. Panggêro saha panjêriting raksasa sarta sato wana, carup lan swara gumrubuging latu, ngumandhang ing antariksa, kapiyarsa kadi gumlêgêring [gumlê...]

--- 1086 ---

[...gêring] galudhug pangukuhing jagad, ing nalika wêkasaning jaman. Sang Kesawa ingkang kuliting sarira cêmêng, sarta santosa baunipun, ingkang sangêt kumacèlu nglêksanani karsanipun Bathara Agni, sigra anglêpasi sadaya wau, têmah sirna sadaya. Sadaya isining wana Kandhawa, wujud punapa kemawon, pundi ingkang kataman cakra sanjatanipun Sri Krêsna, bathangipun tamtu ajur kumur-kumur, sarta ical tanpa tilas, awit lajêng kadhahar ing Bathara Agni. Nanging raksasa saha ditya sinakti, sami gêgubras êrah, awit sami nandhang kanin, katingal ambaranang kadi mêndhung ing wanci sandyakala. Dhuh, têdhak Bharata, Sri Krêsna tansah angubêngi wana, katingal sangêt anggêgirisi, kadi dewaning pêjah angejawantah, nêdya mêjahi para pisaca, pêksi, naga, tuwin titah sanès-sanèsipun, ingkang cacahipun tanpa petangan. Dados sampun marambah-rambah anggènipun anglêpasakên sanjata cakranipun, nanging sabên sampun mrajaya ingkang tinuju, cakra lajêng wangsul malih dhatêng astanipun Sri Krêsna. Wiwit nyirnakakên sadaya wau, Sri Krêsna saya katingal singêr pasêmonipun, dados para dewa ingkang sami baris wontên ing wana Kandhawa, botên wontên ingkang sagêd unggul mêngsah Sang Arjuna saha Sri Krêsna.

Dupi para dewa botên sagêd paring pangayoman dhatêng isèn-isèning wana, sarta botên sagêd mêjahi latu, ingkang ambrastha wana, lajêng sami angoncati. Nanging Bathara Indra sangêt rêna, mila minangka pangaji-ajinipun dhatêng sang ungguling ayuda, lajêng akêplok-kêplok, sarta kapiyarsa [kapi...]

--- 1087 ---

[...yarsa] wontên swara tanpa rupa ngumandhang ing awang-awang, wêdharing swara manguwuh ing Bathara Indra, suraosipun makatên: "He, Wasawa, mitranipun Naga Taksaka, ratuning sarpa ora katut kobonge alas Kandhawa, wus lunga marang têgal Kuruksetra, mulane Wasawa, gatèkna ênggonira miyarsakake pangandikaningsun iki: wruhanira, Si Arjuna, lan Wasudewaputra, iku ora kêna dikalahake ana madyaning paprangan, awit iku Rêsi Nara lan Bathara Narayana, dadi iku pinituwaning kaswargan. Sira wêruh dhewe kaprawirane dewa loro iku, satribawana ora ana bisa ngalahake sakarone mau. Mula pantês pinundhi-pundhi, lan sinêmbah-sêmbah ing sarupaning titah, kaya ta: para dewa, asura, yaksa, raksasa, gandarwa, manusa, kinara, lan naga. Hèh, Wasawa, sira lan para jawata, kabèh malah wajib banjur nuli sumingkir saka ing kene, awit rusake alas Kandhawa iku kudu kalakon."

Sakèndêling swara, ratuning dewa lajêng pangkat wangsul dhatêng karang kadewatan, sarta sira[4] raosipun ewa dhatêng Sri Krêsna miwah Sang Arjuna. Dupi para senapatining dewa, priksa manawi ratunipun kondur dhatêng kaswargan, sadaya inggih lajêng sami wangsul dhatêng kahyanganipun piyambak-piyambak, dene Sri Krêsna kalihan Sang Parta sami kêplok surak ingkang mratandhani sukaning panggalih, awit sampun sirna sumêlangipun, anggènipun rumêksa pambêsmining wana. Sang Arjuna anggènipun mbibarakên barisan dewa, cinandra kadi prahara ambuncang mega. Punapadene isèn-isèning Kandhawa, ingkang

--- 1088 ---

pêjah dening jêmparingipun Sang Arjuna, kathahipun ngantos tanpa petangan. Dados sadaya wau bêbasan sirna tanpa tilas, awit sasampunipun katiwasan dening dêdamêlipun Sang Parta, tuwin Sri Krêsna, lajêng kacêmplung ing latu. Nadyan titah linangkung isining wana wau kenging dipun wastani botên sagêd mandêng dhatêng Sang Arjuna, awit jêmparingipun Sang Parta lampahipun rikat kadi kêclaping kilat, mangka têmtu botên lêpat, nadyan anggènipun Sang Arjuna anjêmparing wau kalayan nyandêrakên ratanipun, ewadene saking titisipun, jêmparing satunggal asring kemawon sagêd damêl pêpêjah satus. Sadaya ingkang sami kapandukan dêdamêlipun sang ungguling prang sakalihan wau, tamtu lajêng kasaut ing latu, sêmunipun lajêng kaalap ing dewaning pêjah, dene ingkang amung kataton inggih lajêng botên angsal pangungsèn, ing pundi purugipun, punapa ing pinggiring lèpèn, ing juranging parêdèn, ing tlaga, sêndhang tuwin sanès-sanèsipun malih, sadaya sampun dados bêntèr, mila lajêng nglêmpak kalihan kancanipun, dhêsuk-dhinêsuk kalihan nyuwantên ingkang ngêrês-êrêsi manah. Gajah ngêmprèt, kidang sangsam, sagawon ajag, sami anjêrit sarosa. Ulam ing lèpèn Gangga, tuwin para widyadara, ing nglêbêt wana Kandhawa, sami têtumpêsan.

Dhuh, kang santosa baunipun [Prabu Janamêjaya] mila manawi prang tandhing, mêngsah kalihan Sang Arjuna punapa Sri Krêsna (Danadana) tamtu botên sagêd lumawan, malah bokmanawi mandêng kemawon botên sagêd.

--- 1089 ---

Catatan kaki:

1. pêthak (kembali)
2. langkap (kembali)
3. Jisnu (kembali)
4. sirna (kembali)