Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 2.

7 Fèbruari 1958.

Sri Hari sarana sanjata cakra, sampun nyirnakakên para raksasa, danawa tuwin naga, ingkang ngêbyuki sêsarêngan. Sawênèh wontên pêdhot gulunipun tuwin sigar sirahipun. Sêmunipun latu ingkang ambrastha wana Kandhawa punika rêmên sangêt ambêsmi daging rah, tuwin gajihipun titah ingkang kathahipun tanpa wicalan punika, katandha urubipun saya andados, yayah sundhul ing akasa, saha saking sangêting bêntèr, têmah botên ngêdalakên kukus, Hyang Hutashana ingkang paningalipun sumorot ambêlêrêngi, lidhah mèlèt-mèlèt kadi kilat, tutuk wiyar mungah-mungah, remanipun rembyak-rembyak, pucukipun kumitir, samangke sagêd kalêksanan anggènipun ngunjuk jampi inggih punika ambêsmi daging, rah, gajihipun titah warni-warni, kanthi pitulunganipun Sri Krêsna saha Sang Arjuna, mila Hyang Agni sangêt karênan, awit rumaos sakalangkung mulya.

Kawuwusa sang pangrurah Asura Madu, kala samantên priksa satunggaling asura nama Maya lumajêng mêdal saking kadhatonipun Naga Taksaka. Bathara Agni ingkang kagungan kusir Bathara Bayu, ingkang nalika samantên mancala warna latu agêng anggêgirisi, saha nyuwantên gumaludhug, ambujêng pun Asura Maya, nêdya kabrastha. Sang Wasudewaputra enggal ngayat cakranipun, badhe katamakakên pun asura. Dupi pun asura priksa dipun êmbatakên cakra dhatêng Sri Krêsna, saha kabujêng ing Bathara Agni, lajêng manguwuh Sang Arjuna, suraos nyuwun pitulungan, ucapipun makatên: "Dhuh, Arjuna, enggal rawuha ing riki,

--- 1090 ---

kula dipun ayomana." – Rikala Sang Arjuna midhangêt panguwuh nêdha pangayoman, enggal marêpêki sarwi ngandika: "Aja sumêlang, aja sumêlang, aku kang bakal ngayomi kowe." Dhuh, Prabu Janamêjaya, tumrapipun Asura Maya pangandikanipun Sang Arjuna makatên wau, kadi amrêta (toya gêsang). Sang Arjuna, putranipun Dèwi Prita, ingkang ambêg wêlasasih, ngandika manawi panjênênganipun wontên, sampun gadhah sumêlang. Sami sanalika wau Sri Krêsna ugi sirna dêrêngipun badhe mêjahi Asura Maya, kadangipun Asura Namuci, makatên ugi Bathara Agni, inggih lajêng piyak.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Amargi saking ingayoman dening Sri Krêsna tuwin Sang Arjuna, mila Bathara Agni ingkang sagêd luwar saking panangsayanipun Bathara Indra, ngantos gangsal dintên gangsal dalu muput, anggènipun mbêsmi wana Kandhawa, botên wontên pambênganipun, dene kawontênaning titah ingkang manggèn ing wana wau, ingkang botên katut kabêsmi nênêm, inggih punika Naga Aswasena, Asura Maya, tuwin pêksi SarnggaSarnggaka (dan di tempat lain) sêkawan."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus tigang dasa, perangan Kandhawa dhaha ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXXI. SAMBÊTIPUN KANDHAWA DHAHA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh,

--- 1891Seharusnya halaman: 1091. ---

brahmana, mugi kula dipun cariyosana, punapa darunanipun, dene pêksi Sarngga botên kadhahar ing Bathara Agni rikala kobaripun wana Kandhawa? Jêngandika sampun nyariyosakên sababipun mila Naga Aswasena, tuwin Asura Maya botên katut kabêsmi, nanging jêngandika dèrèng ngandikakakên ingkang dados jalaran sagêdipun pêksi Sarngga uncat saking bêbayu wau, kula sangêt ngungun dene pêksi Sarngga sagêd rahayu. Suwawi maharsi, jêngandika kêparênga nyariyosakên sababipun dene botên kabêsmi dening latu agêng ingkang sangêt anggêgirisi punika."

Atur wangsulanipun Rêsi Waisampayana makatên: "Dhuh, pangrurahing satru, kula badhe nyariyosakên jalaranipun, mila pêksi Sarngga botên katut kabêsmi wêkdal kobaripun wana Kandhawa. Kawuningana sinuwun, ing nguni wontên satunggaling rêsi, pêparab Rêsi Mandhapala. Sang rêsi putus dhatêng saliring sastra, têtêp sêsanggêman, sêngsêm tapabrata, sarta minangka hulu-huluning para utami. Dhuh, nata binathara, Rêsi Mandhapala karsa nulat lêkasipun para rêsi ingkang agêng wêwekanipun, inggih punika sampun botên karsa bangun tuwuh, masesa sadaya adigunging panggalih, mligi amung nyinau tuwin tumindak utami. Dhuh, sinuwun, sasampunipun sang rêsi lumampah wontên ing margining kasutapan, ingkang ngêlangut tanpa têpi kadi jaladri, pikajêngipun sampun nglampahi tapabrata samêsthining sêsanggêman, lajêng nilar sariranipun wadhag, lumêbêt ing alaming para pitri. Kawuningana sinuwun, nanging wontên jamaning antaka, sang rêsi botên ngundhuh wohing kasutapan, ingkang

--- 1092 ---

sampun kaajêng-ajêng. Dupi sang rêsi botên sagêd angsal kados pangajêng-ajêngipun, lajêng pitakèn dhatêng para jawata ingkang sawêg sami ngadhêp dewaning antaka, kadospundi dene piyambakipun amung dipun kèndêlakên kemawon. Ucapipun makatên: "Dhuh, para dewa, suwawi kula dipun sumêrêpna, kadospundi dene ing ngriki botên sagêd angsal kados pangajêng-ajêng kula, mangka ujaring wasita, ing pundi kemawon botên wontên ingkang botên kenging dipun pinangkani saking tapabrata, kados ingkang sampun kula lampahi. Punapa ing ngriki sanès panggenan wohing kasutapan kula, sarta kula dipun paringana priksa, punapa witipun têka wontên kula ing ngriki botên dipun wêngani kontên kajêng kadospundi ingkang kêdah kula lampahi, murih sagêd ngundhuh wohing kasutapan, ingkang kula lampahi."

Dhawuh wangsulanipun dewa makatên: "Dhuh, brahmana, suwawi dipun piyarsakna anggèn kula nyariyosakên kawontênaning lampah ingkang kêdah dipun têtêpi, saha dados jalaraning tiyang sagêd têtêp ing kawajibanipun, ngundhuh wohing pandamêlipun, inggih punika wiwahaning agami, bêkti dhatêng sêsanggêman, tuwin nurunakên (putra wayah, sapiturutipun), dene sarananipun: sêsaji, tapabrata, saha apêputra. Lêrês andika sampun dados pandhita, sampun damêl sêsaji, nanging dèrèng sêsuta. Manawi jêngandika botên asêsuta, jêngandika botên sagêd winênganan gapuraning alam kang luhur. Mila darbea pangangkah sagêdipun sêsuta. Ujaring Wedha, bilih suta jalêr punika, ingkang sagêd ngêntas bapa biyungipun saking alam

--- 1093 ---

ingkang dipun wastani alam put (naraka). Dhuh, brahmana pêpêthingan, mila lajêng ngangkaha sagêdipun apêputra."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rikala Rêsi Mandhapala mirêng pangandikanipun dewa makatên wau, karêrantan salêbêting panggalih, kadospundi sagêdipun tumuntên pêputra kathah. Sami sanalika wau sang rêsi èngêt, manawi titahing dewa punika, ingkang wrêdèn piyambak bangsaning pêksi, mila sang rêsi lajêng mancala warni Sarngga, sarta lajêng nunggil kalihan pêksi Sarngga èstri nama Jarita. Sang rêsi pêputra sêkawan, diwasanipun pêksi putra sêkawan wau sami putus dhatêng Wedha. Nanging nalika taksih wujud tigan sampun katilar dening sang rêsi, ingkang lajêng ngrama pêksi Sarngga sanèsipun malih, nama Lapita. Dhuh, dharah Bharata, nalika pandhita linangkung wau, nuju mangun sih kalihan garwanipun nèm, wigatos sagêda tumuntên kagungan putra malih, dene Jarita, saking sangêt rumêksa, murih tigan ingkang isi putranipun sang rêsi wau, sagêd lêstantun sapanginggilipun, mila Jarita tansah nênggani tiganipun. Rikala tiganipun nêtês, ugi lajêng dipun gêmatèni, sacaraning pêksi Sarnggaka, manawi ngopèni anakipun. Ing satunggaling dintên, nalika Rêsi Mandhapala lêlangên kalihan garwanipun nèm, ingkang sêsilih Lapita, sang rêsi priksa Bathara Agni langkung ing sacêlakipun, mangka sang rêsi botên kasamaran manawi Bathara Agni wau nêdya ambrastha wana Kandhawa, dunung panusuhipun garwanipun sêpuh, dalah para putra, ingkang taksih sami kêmêdom [kêmê...]

--- 1094 ---

[...dom] laripun. Saking anggènipun nêdya ngayomi putranipun, mila sang brahmana lajêng matur ngarih-arih ing Bathara Agni, supados pambêsminipun wana Kandhawa sampun ngantos ngatutakên putranipun, panêmbungipun makatên: "Dhuh, Hyang Agni, tutukipun sagunging para dewa, dados panglanturipun martega sêsaji, dhuh, pangruwating dosa, ingkang tansah ebah, sarta botên kasumêrapan pamanggèn jêngandika ing badanipun sadaya dumados. Para wicaksana ngandika, manawi jêngandika punika gumêlaripun, ingkang ESA saha mêngku ambêk tigang prakawis: para sujana sarjana sami sêsaji ing jêngandika, sarta nêksèni manawi jêngandika atutuk wolu. Para maharsi ngandika manawi jêngandika kamulanipun sadaya dumados, jêngandika ingkang ngrisak saha andumadosakên sadaya. Awit para brahmana tansah angluhurakên ing jêngandika mila sami kawasa nginggahi alam kamulyan. Saanak rabinipun pancadan pandamêlipun piyambak. Dhuh, Hyang Agni, jêngandika cinandra kadi mêndhung ing ngawang-awang, minangka lurubing balêdhèg, ingkang urupipun sagêd ngrisak sadaya titah. Dhuh, ingkang sunaripun sumorot ambalêrêngi inggih ingkang pangandikanipun lajêng dados Wedha, sadaya dumados, nadyan ingkang ebah punapa ingkang botên ebah, sadaya kapurba wasesa ing kasêktèn jêngandika. Sadaya martega sêsaji, utawi dhêdhaharan ingkang katur para pitri, punika jêngandika ingkang nêtêpakên tumindakipun. Manawi kalimpadanipun buddhi jêngandika sampun prasasat Bathara Wehaspati, jêngandika ugi Bathara Aswin

--- 1095 ---

sakêmbaran, Bathara Surya, Bathara Soma, tuwin Bathara Bayu."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, Prabu Janamêjaya, rikala Bathara Agni, kalingga murda makatên dhatêng Brahmana Mandhapala, sangêt panuju ing galih, lajêng mangsuli pangandika makatên: "Hèh, rêsi linuwih, sira darbe panjaluk apa marang jênêng ingsun." – Sang rêsi matur kalihan sangêt angaji-aji makatên: "Dhuh, pêpundhèn kula, manawi jêngandika ambasmi wana Kandhawa, mugi kaparênga ngayomi anak-anak kula." – Dhawuh wangsulanipun: "Aja sumêlang aku kang bakal rumêksa, kalakone suta-sutamu padha lêstari raharja." – Awit saking makatên kawontênanipun, mila nalika Bathara Agni ambêsmi wana Kandhawa botên karsa nyirnakakên para putranipun Rêsi Mandhapala.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus tigang dasa satunggal, perangan Kandhawa dhaha ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXXII. SAMBÊTIPUN KANDHAWA DHAHA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Rikala kabêsminipun wana Kandhawa, para putranipun Rêsi Mandhapala, ingkang sami taksih alit wau, inggih sangêt prihatos, saha têlas pangajêng-ajêngipun, awit botên priksa sarana punapa sagêdipun uncat saking bêbaya, ingkang anggêgirisi punika, pun Jarita ngantos kawêdal sambatipun

--- 1096 ---

makatên: "Dhuh, jagad dewa bathara, sampun saèstu latu agêng ingkang sangêt anggêgirisi punika, badhe ambrastha jagad ngantos tumpês tapis. Adhuh, dene samêngko wus saya cêdhak lan panggonaku, gèk kapriye bakal kadadeyane. Anak-anakku isih padha cilik-cilik, durung duwe wulu, sikile durung kuwat kanggo lumayu, mangka iya mung anakku iki kang rumêksa para lêluhure kang wus lalis, bisane nêmu kamulyan, dadi iya mung dhèwèke kang bangêt dak sumêlangake. Adhuh, dene gêni iki saya andadi urube, mramang marang ngêndi-êndi, wit-witan kang gêdhe-gêdhe padha murub kasalat ing gêni, gèk kêpiye bisane slamêt, aku ora bisa mabur karo anggawa anak-anakku kabèh, dadi aku kapêksa ora ninggal dhèwèke. Kongsi bingung anggonku ngrasakake, êndi kang kudu dak tinggal lan êndi kang kudu dak gawa, kêpriye kang kudu dak lakoni, supaya ora ninggal wajibing anak-anak. Hèh anak-anakku kapriye panêmumu wus dak kêtog pambudidaya anggonku nêdya nggawa oncat marang kowe, nanging mêksa ora olèh sarana. Saka judhêge atiku, kongsi duwe panêmu kowe kabèh niyat dak dhêkêmi bae, nadyan mati dadi bisa barêng, dimèn ora ana kang kari prihatin. Bapakmu kang têgêlan ambêge, anggone ninggal aku durung suwe. Nalika arêp mangkat nganggo ninggal wêkas: anakku Si Jaritari, iki kang majibi amrih widadaning turunku, awit iku sutaku pambarêp, nanging sutaku kang panggulu Si Sarisrika, iku kang bakal bêbranahan, dadi bakal gawe ngrêbdane turuning lêluhurku. Yèn anakku kang angka têlu Sistamwamitra, iku têmbe sêngsêm marang tapabrata

--- 1097 ---

nanging yèn Si Drona kang wuragil, bakal dadi têtunggule para putus marang wedha. Nanging kowe têmtu sumurup yèn gêni iki kang dadi pêpalange wêkas kabèh mau. Samêngko wus ora bisa ngupaya sarana manèh, bisane kowe kabèh padha nêmu basuki aja kasangsaya dening gêni gêdhe iki."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Pêksi alit-alit wau, wontên ingkang lajêng mangsuli wicantêning biyungipun, ingkang sangêt prihatos, wicantênipun makatên: "Biyung, kabirata sumêlanging manah, anggèn jêngandika ngraosakên kawontênan kula dalah para sadhèrèk punika, prayogi jêngandika lajêng ngungsi dhatêng panggenan ingkang têbih kalihan latu agêng punika, kula dalah para sadhèrèk dipun tilara kemawon, awit nadyan kula kalihan para sadhèrèk sami pêjah, manawi jêngandika taksih sugêng, tamtu sagêd pêputra malih, kosokwangsulipun manawi kula sakadang ingkang gêsang, dèrèng tamtu manawi sagêd nurunakên. Dhuh, pangayoman kula, pamanggih kalih prakawis wau, dipun raosna ingkang ngantos lêbêt, pundi ingkang angsal kangge rumêksa widadaning darahipun lêluhur kula, mugi lajêng dipun lampahana, sampun amung kawratan sih dhatêng anak, manawi makatên kados cipta sasmita sirna jêngandika dalah para putra sadaya, pangajêng-ajêng kula, bapa kula ingkang kêpengin dêdunung ing alam kang mulya, ugi sagêda katurutan."

Dupi Jarita mirêng wicantêning anakipun makatên wau, lajêng mangsuli: "Nggèr, sacêdhake kayu iki ana rong tikus, bêcik banjur padha lumêbua ing kono. Sawuse

--- 1098 ---

kowe padha lumêbu, banjur arêp dak tutup lêmah, nanging dak dokoki bolongan cilik. Panêmuku mung iku kang pakolèh dhewe tumrap ing kowe, ingatase bêbaya gêni iki. Yèn gênine wus mati, aku bakal tumuli bali, mbukak tutup mau, manawa kowe kêpengin uncat saka bêbaya pati kang samêngko wus nyêdhaki, bêcik turutên, pamrayogaku iki."

Wangsulanipun pêksi sutanipun: "Kula sami dèrèng gadhah wulu, dados warni kula amung kados thêngkêlan daging kemawon. Manawi kula lumêbêt ing rong tamtu lajêng kamangsa tikus, ingkang manggèn ing ngriku, awit kula gadhah sumêlang, manawi kalampahan kados pangintên kula punika, mila kula ajrih lumêbêt ing ngriku. O, inggih bêgjanipun lêlampahan kula, dene kêpêksa nêmpuh bêbaya punika salah satunggal. Manawi kula nguncati latu katêdha tikus, manawi nêbih saking tikus, tamtu pêjah kabêsmi. Kula ngantos botên sagêd dugi-dugi, punapa bapa kula anggènipun karaya-raya ngantos ngawontênakên kula punika, amung lajêng risak samantên kemawon, kadospundi sagêdipun wilujêng, nanging biyung, upami bêbaya kalih wau kêdah kula pilih salah satunggal, kula luwung pêjah kabêsmi, tinimbang kamangsa ing tikus. Ingkang makatên atêgês pêjah nistha nanging pêjah sarana kabêsmi ing latu, punika kaanggêp utami."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus tigang dasa kalih, perangan Kandhawa dhaha, ing Adiparwa.

__________

--- 1099 ---

BAB CCXXXIII. SAMBÊTIPUN KANDHAWA DHAHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Jarita wicantên malih: "Wruhanamu nggèr, tikus kang manggon ing kono kang dak tuturake mau, wus mati kagondhol ing alap-alap, iya iku nalika tikus mêtu saka êronge, mula aja sumêlang lumêbua ing rong iku." Wangsulaning anakipun: "Kula dèrèng pitados manawi tikus kang manggèn ing êrong punika têlas sadaya, gèk ing êrong wau lajêng dipun ênggèni tikus sanèsipun malih. Mangka kosokwangsulipun manawi latu, dèrèng tamtu manawi pêmrèmènipun dumugi ing ngriki, awit samangke agninipun sampun ambalik. Manawi kula lumêbêt ing rong, sampun têtela manawi lajêng katêdha ingkang manggèn ing rong ngriku, dados mêsthi pêjah sami sanalika, nanging manawi kula botên kesah-kesah saking ngriki, dèrèng kantênan manawi pêjah. Dhuh, biyung, tinimbang sampun tamtu pêjah, rak langkung prayogi manawi sagêd ugi taksih gêsang, mila prayogi biyung ngungsi piyambak murih sagêd wilujêng, dados bokmanawi têmbe sagêd sêsuta malih."

Jarita wicantên malih: "Aku wêruh dhewe, yèn alap-alap pêpêthinganing manuk iku anggone rambah-rambah niyup mudhun, pêrlu anggondholi tikus kang padha manggon ing rong iku. Nalika alap-alap mau mabur karo anggondhol tikus, nuli dak tututi, karo dak uwuh: "He ratuning alap-alap, marga kowe wus anggondholi tikus, mungsuhe manuk

--- 1100 ---

cilik-cilik, muga dewa ngèstrènana marang pamujiku, kowe aja darbe mungsuh sarta paring palilah sira bisa dêdunung ing kaswargan, karo amadan êmas." Sawuse alap-alap mau anyêmpal-nyêmpal tikus, aku pamitan karo puji-pinuji karaharjan, sarta ninggal dhèwèke, mulane ênggèr enggal lumêbua ing êronge tikus, ngandêla têmtu wus ora ambêbayani, awit tikus kang manggon ing kono iku wis digondhol alap-alap, ora ana kang kèri, iku aku mêruhi dhewe." Sutanipun mangsuli malih: "Dhuh, biyung, kula mêksa dèrèng pitados manawi alap-alap sagêd nêlasakên tikus isining rong punika, sadèrèngipun kula priksa piyambak manawi nyata sampun botên wontên tikusipun. Kula dalah para sadhèrèk, saèstu botên badhe purun lumêbêt ing ngriku." Wangsulanipun Jarita: "Aku wêruh dhewe, yèn nyata wis êntèk, mula aja sumêlang, pituhunên pituture biyungmu."

Wangsulanipun sutanipun: "Biyung, kula botên mungêl manawi jêngandika ngicali sumêlanging manah kula, sarana nyariyosakên lêlampahan ingkang botên nyata, punika botên pisan-pisan, awit lampah ingkang dipun lampahi ing tiyang ingkang sawêg kajudhêgan ing manah, punika botên kenging dipun wastani, bilih sampun kamanah ngantos lêbêt. Kula dèrèng nate damêl kasaenan dhatêng jêngandika, sarta jêngandika dèrèng priksa ugi, sintên sanyataning kawontênan kula, ewadene jêngandika karaya-raya nêdya ngayomi kula, ngantos kadugi nglilahakên gêsang jêngandika piyambak. Jêngandika taksih ênèm, endah ing warni, tur sagêd ngupaya bapa kula, ingkang bokmanawi badhe sagêd pêputra

--- 1101 ---

malih, mila nglilahna kula dalah para sadhèrèk, lumêbêt ing alaming kamulyan, sarana kabêsmi ing latu punika. Langkung malih manawi kula sagêd lêstantun gêsang, têmtu inggih sagêd pinanggih malih kalayan kula, lajêng têtunggilan salami-laminipun."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi makatên wangsulanipun, Jarita lajêng nilar wana Kandhawa, nêdya ngungsi ing panggenan ingkang sakintên latu botên dumugi ing ngriku. Hyang Agni saya andados urubipun, pamrèmènipun saya anyêlaki panggenanipun para anakipun Rêsi Mandhapala wau, nanging sarêng Bathara Agni saya cêlak, Jaritani, pêksi sutanipun sang rêsi ingkang sêpuh piyambak, lajêng wicantên."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus tigang dasa tiga, perangan Kandhawa dhaha, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXXIV. SAMBÊTIPUN KANDHAWA DHAHA PARWA.

Jaritani wicantên: "Para wicaksana tansah maspadakake êndi bêbaya kang bisa anjalari tiwase, mula manawa nêmu pakewuh kang bakal dadi pambukaning patine, banjur ora bisa gawe kuwuring panggalihe, nanging wong kang tuna budhi, sêpi ing kawêwekan, mula manawa ngintên bakal tumêka ing pati, banjur giris dening

--- 1102 ---

kaananing pati, têmah ora nate krasa mulya."

Sarisrêkta, sutanipun Jarita, sanjang dhatêng sadhèrèkipun sêpuh makatên: "Kakang, kowe têtela santosa ing budi lantip. Kakang, samêngko wus têtela yèn aku lan para sadulur iki, dicêdhaki bêbaya pati, mangka wus ora samar manèh, yèn sadulur papat iki, kang pintêr sarta kang kêndêl mung siji, mula kakang kapriye panêmumu."

Samitra, sutanipun Jarita pandhadha, nglairakên pamanggih makatên: "Kadang kang tuwa dhewe, iku diarani pangayomaning para kadang, dadi iya kakang pambarêp, kang kawajiban ngêntas adhi-adhine manawa nandhang kasusahan, mula yèn kakang pambarêp wus ora bisa mitulungi, kang anom manèh bisaa mitulungi."

Pun Drona sutanipun Jarita wuragil, ugi lajêng wicantên: "Mara padha sawangên dewaning gêni kang ambêg dasiya, sarta lidhah lan tutuke pitu, rikat têmên mrèmène mênyang ngêndi-êndi, samêngko mèh têkan kene, adhuh prabane ambalêrêngi, sarta kang katrajang padha sirna gêmpang.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kawuningana sinuwun, anak-anakipun Rêsi Mandhapala, punika sêkawan pisan sami bêkti ing para dewa, mila sasampunipun sami wicantên makatên wau, lajêng sami nglingga murda dhatêng Bathara Agni. Dhuh, Prabu Janamêjaya, suwawi dipun piyarsakna, anggèn kula nirokakên panglingga murdanipun paksi alit-alit wau dhatêng Bathara Agni.

Panglingga murdanipun Jarita makatên: "Dhuh, Hyang

--- 1103 ---

Agni jiwaning hawa kang ngèbêki bawana, paduka babading gêsangipun sadaya têtuwuhan ing marcapada. Dhuh, Hyang Sukra (Agni), paduka putra tuwin sudarmaning toya. Dhuh, ingkang linangkung kayêktènipun, urup paduka ingkang prasasat sunaring srêngenge, punika tansah marèmèn minggah mandhap, sarta dhatêng pundi-pundi."

Dene panglingga murdanipun Sarisrêkta makatên: "Dhuh, jawata, kang daludak kukus, samangke biyung sampun nilar kula, mangka kula dèrèng nate priksa dhatêng bapa kula, tur wulu kula dèrèng sami thukul, kula dalah para sadhèrèk sami tanpa pangayoman, sanèsipun paduka, dhuh, Hyang Agni, kula ingkang taksih sami alit-alit, punika dipun ayomana, sarana wujud paduka ingkang sakalangkung mulya, tuwin warni pitu punika. Kakêncêngan kula dalah para sadhèrèk amung badhe ngayom ing pangwasa paduka. Dhuh, Hyang Agni, amung paduka ingkang paring bêntèr sagung dumadi. Dhuh, sêsêmbahaning bawana, sanèsipun paduka, sintên ingkang nyêmbuh bêntèripun sunaring surya, mugi paduka kêparêng paring pangayoman dhatêng kula dalah para sadhèrèk, ingkang taksih sami alit-alit. Sajatosipun kula punika rêsi. Dhuh, Hyang Hawyawahana, mugi kêparêng menggok dhatêng sanès panggenan kemawon, ing pundi ingkang dados panujuning panggalih."

Ucapipun Samwamitra makatên: "Hyang Agni, ingkang mangwasani sagung kawontênan ing marcapada, inggih ingkang rumêksa saha ngayomi sagung titah, paduka panglanturing martega sêsaji, paduka ugi pêpêthinganing

--- 1104 ---

martega, ingkang sinajèkakên. Para wicaksana ngandika manawi paduka punika kamulyan tunggal, ingkang maujud dados kawontênan tanpa wicalan punika. Dhuh, Hyang Agni, paduka ingkang ndumadosakên tribawana, dalah isèn-isènipun, sarta inggih ingkang ngukut ing têmbe, paduka ingkang njalari wontên tuwin sirnanipun jagad saisèn-isènipun sadaya."

Samangke gêntos panglingga murdanipun Drona makatên: "Dhuh, gustining sagung dumadi, inggih ingkang anjalari wontênipun têtêdhan ingkang katêdha sagung titah, dene dayaning têtêdhan mawèh rosaning badan, mila têtela manawi paduka ingkang kawasa murbawasesa sadaya kawontênan. Dhuh, Hyang Sukra, saking tutuk paduka kawêdharing Wedha, paduka manuksma ing surya, lajêng nêsêp sakathahing toya ing nglêbêting siti, saha nêsêp sadaya ingkang cuwèr, pamêdaling siti, lajêng kalêpèh dados jawah, anggêsangi sadaya têtuwuhan. Dhuh, Hyang Agni, têtuwuhan ingkang ronipun ijêm angrêmbuyung, punika ugi saking pangwasa paduka. Inggih saking paduka wontênipun sakathahing talaga, sumbêr-sumbêr tuwin samodra ingkang antuk nugrahaning dewa punika. Dhuh, ingkang cahyanipun ambalêrêngi, badaning manusa punika kawasesa ing pangwasanipun Hyang Baruna (Dewaning Toya), dhuh, pukukun, kula botên kuwawi nampèni bêntèring sunar paduka, mugi sampun andamêl sirna kula, nanging malah ngayomana. Dhuh, ingkang paningal abrit kadi têmbaga sinangling, jangga abrit sarta margi paduka,cinirènan ing sarwa cêmêng, mugi paduka

--- 1105 ---

botên anrajang padunungan kula dalah para sadhèrèk sadaya, dipun piyaka kados toyaning samodra, paduka tansah paring pangayoman dhatêng sakathahing pagriyan ingkang wontên ing pagisikanipun."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dewa ingkang minangka tutuking Brahma [Agni] wau, dupi midhangêt panglingga murdanipun pun Drona, sakalangkung rêna, sarta lajêng èngêt wêwentehan kasagahanipun dhatêng Rêsi Mandhapala ing nguni, mila lajêng mangsuli pangandika: "Hèh, Drona, sira têtela yèn rêsi, awit kang sira ucapake, minangka panglingga murda marang jênêng ingsun mau, kaananing Hyang Brahma, iya kasunyataning Wedha, mula kanthi suka rênaning panggalih nggon ingsun anuruti panjalukira. Aja maras, karana wong tuwanira Rêsi Mandhapala wus darbe panêmbung, supaya ingsun angayomi marang sira lan para sadulurira, lan kang sira ucapake iku adi tumrap panjênêngan ingsun. Hèh pêpêthinganing brahmana, enggal tutura, sira darbe panjaluk apa, ingsun bangêt rêna midhangêt panglingga murdanira mau, hèh brahmana, muga sira nêmua basuki."

Atur wangsulanipun Drona: "Dhuh, Hyang Sukra, sakathahing kucing isining wana ngriki punika, tansah damêl sumêlanging manah kula dalah para sadhèrèk, mila kucing wau dipun brasthaa sadaya."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rikala samantên Bathara Utashana ugi lajêng mituruti panyuwunipun pêksi Sarnggaka, ingkang taksih alit

--- 1106 ---

wau, sarta ngandikakakên, punapa wigatosipun mila mbêsmi wana Kandhawa."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus tigang dasa sêkawan, perangan Kandhawa dhaha ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXXV. SAMBÊTIPUN KANDHAWA DHAHA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: Dhuh, narendra darah Kuru, Rêsi Mandhapala sakalangkung kuwatos angèngêti kawontênaning para sutanipun, nadyan sang rêsi sampun nyuwun pangayomanipun Bathara Agni, ingkang ugi sampun dipun sagahi, saking awrating panggalih sang rêsi ngantos kawiyos pangandikanipun dhatêng garwanipun ênèm, ingkang nalika samantên nuju ndhèrèk lêlangên sang rêsi pangandikanipun makatên: "Lapita, anak-anakku isih padha cilik-cilik, dadi ora bisa golèk pangungsèn, gèk kapriyè kadadeyane, manawa gênine saya andadi. Marga kaububan ing angin, anakku têmtu nêmahi bilai, apa biyunge bisa ngungsèkake, wong wadon kang mêmêlas iku, kaya apa biyunge yèn ora olèh sarana kanggo amrih rahayune suta-sutane. Dhuh, jagad dewa bathara, gèk kaya apa sambate, awit anak-anake têtela durung bisa medahake suwiwine, gèk kapriye polahe anakku Si Jaritari, Sarisrêka, Samwarana lan Drona, mendah bingunge biyunge."

"Dhuh, têdhak Bharata, Rêsi Mandhapala ngandika

--- 1107 ---

dhatêng garwanipun nèm makatên wau, kalihan kêmbêng-kêmbêng nênggak waspa, têmah Lapita lajêng katêtangi raosipun mèri dhatêng sihing priya ing marunipun, katandha sampun asêsuta, wasana sêndhu wangsulanipun: "Punapa paedahipun panjênêngan mrihatosakên para putra, awit sadaya wau sami adrajat rêsi, mila saèstu sami sinung kasêktèn linangkung, dados têmtu botên kobar dening latu. Panjênêngan sampun para putra wau dhatêng Bathara Agni, wêkdal samantên kula ugi wontên sacêlak panjênêngan, wasana dewa linangkung wau ugi sagah badhe mitulungi. Bathara Agni punika pinangkanipun sadaya wujud, saèstu botên badhe cidra ing pangandika. Lêrêsipun panjênêngan sampun suminggah saking raos sanggarunggi, saha nêdya makangsalakên salah satunggal, nanging panjênêngan samangke tansah sumêlang, awit saking anggèn panjênêngan rumêksa titah satunggal, inggih punika Jarita, maru saha mêngsah kula. Dados têtela manawi sih trêsna panjênêngan ing kula botên timbang kalihan ingkang dhatêng pun Jarita. Sintêna ingkang wayuh, manawi pilih kasih, badhe kasumêrêpan, manawi kataman pakèwêd, pundi ingkang sangêt anggènipun mrihatosakên, inggih punika dununging sihipun. Dhuh, brahmana, nadyan panjênêngan sih trêsna ing maru kula, nanging bok sampun sêmu nyamah dhatêng garwa ingkang sawêg ngladosi. Rèhning makatên kawontênanipun, prayogi panjênêngan tumuntên dhatêng panggenanipun Jarita ingkang sangêt panjênêngan sihi, langkung saking sih panjênêngan ing kula, dene kula badhe lêstantun gêsang piyambak,

--- 1108 ---

dados sami njagi paukumaning kalêpatan, dene kula ngantos dipun gêpok ing priya ingkang awon bêbudènipun."

Nalika Rêsi Mandhapala mirêng aturipun Lapita, garwanipun nèm makatên wau, lajêng mangsuli pangandika: "Wruhanamu kalane aku manjanma marang marcapada iki ora kaya pangiramu iku. Sajatine arêp nurunake, mula tansah mrihatinake anak-anakku. Wong kang mbuwang rajadarbèke, kang sabab dene wus duwe pêpenginan liyane iku kalèru, wong kang mangkono bakal kacamah sarta kaerang-erang ing jagad, aku kapêksa ninggal kowe, dadi samêngko kowe wus luwar saka pangwasane priya, kowe kêna nuruti surasaning karêpmu, gêni gêdhe kang ngobong sakèh wit-witan, iku gawe sumêlang, wasana nusahake atiku, têmahan kongsi tuwuh panggaweku kang klèru."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi latu katingal nisih, botên narajang susuhipun pêksi Sarnggaka, Jarita, ingkang sangêt sih ing anak-anakipun, enggal wangsul anuwèni anak-anakipun, ingkang lajêng priksa manawi anak-anakipun sami rahayu, nadyan makatên ewadene ugi sami nangis, makatên ugi biyungipun, enggal angrukupakên suwiwinipun dhatêng anak-anakipun. Dhuh, narendra darah Bharata, nalika samantên Rêsi Mandhapala dhatêng, nanging anak-anakipun botên wontên ingkang maèlu, nadyan ngantos marambah-rambah anggènipun sang rêsi andangu dhatêng para putranipun, saha dhatêng Jarita, ewadene mêksa botên wontên ingkang mangsuli."

Rêsi Mandhapala ndangu dhatêng garwanipun, makatên:

--- 1109 ---

"Jarita aku takon marang kowe, anak-anakku papat iki êndi kang pambarêp, kang pandhadha, kang sumêndhi, lan kang wuragil, anggonku takon iki saka bangêting wêlasku. Apa mulane sakêcap bae kowe ora gêlêm mangsuli, bênêr aku wus ninggal kowe saanakmu, nanging ana ing paran aku ora bisa olèh pamarêm."

Wangsulanipun Jarita: "Panjênêngan andangu putra pambajêng, panggulu, pandhadha, saha wuragil punika wontên wigatosipun punapa, rak sae ngêndikan kalihan Lapita, ingkang manis èsêmipun, taksih ênèm sarta tansah kagagas ing batos, dene kula ingkang sarwa kuciwa, punika prayogi dipun tilara kemawon."

Rêsi Mandhapala mangsuli pangandika: "Ingatase wong wadon nadyan ana ing jaman kang mulya, apa ana ing marcapada, kang dadi jalaran ora têntrêming atine iku mung anggone mèrèkake marune, utawa bedhangane bojone, liyane wus ora ana manèh, kang bisa ngurupake ati mêmungsuhan, kang wêkasane gawe sumêlang atine. Nadyan Dèwi Arundati kankang bêcik lan bêkti ambêge, kongsi misuwur tanpa timbang yèn sapêpadhaning wadon, ewadene iya butarêpake marang Rêsi Wasistha, priyane kang sukci saha alus budine, sarta tansah amrih kamulyaning garwa. Dèwi Arundati tau ngerang-erang priyane, Mauni linuwih iku, mangka Sang Mauni iku kagolong rêsi gêdhe pitu kang wus misuwur satribawana. Kagawa Dèwi Arundati duwe lêkas mangkono, mula banjur dicandra kaya gêni linimputan ing kukus, utawa kaya lintang cilik kang dumunung ing antarane

--- 1200Seharusnya halaman: 1110. ---

lintang gêdhe pitu, dadi têmtu gèk katon gèk ora, sarta kaya gawe kuciwane kang pitu mau, anggonku ngrabi ing kowe iku pêrlu kanggo sarana widadaning turunku. Aku durung tau ngalani kowe, kaya Rêsi Wasistha iya ora tau tumindak kang kurang prayoga marang Dèwi Arundati garwane, mangka kowe iya butarêpake aku kaya lêkase Dèwi Arundati marang Rêsi Wasistha ing nguni. Dadi wong lanang kudu tansah prayitna marang wong wadon, nadyan wus dadi bojone, awit manawa bojone mau wus anak-anak, iku lagi suda panggagase marang lakine."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi sang rêsi sampun kèndêl anggènipun ngandika, putra sakawan enggal marêpêki sarta anyungkêmi padaning rama, mila sang rêsi lajêng ngandika ingkang damêl bingah saha marêming para putranipun."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus tigang dasa gangsal, perangan Kandhawa dhaha, ing Adiparwa.

__________

BAB CCXXXVI. SAMBÊTIPUN KANDHAWA DHAHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dene pangandikanipun Rêsi Mandhapala dhatêng para putranipun makatên: "Nggèr, anggonku ora nuli marani iku, kawruhana, ing nguni aku wus matur marang Bathara Agni, supaya paring pangayoman marang kowe kabèh.

--- 1111 ---

Panjênêngane wus kaparêng mituruti panyuwunku mau kagawa saka aku wus ngandêl marang kasaguhane Bathara Agni, lan wêruh marang utamane ambêge biyungmu, sarta kasêktènmu dhewe-dhewe, mulane nggèr, kowe aja ngandhut rasa muring-muring marang aku. Wruhanamu, kowe kabèh iku rêsi linuwih putus marang Wedha, nadyan Bathara Agni uga priksa marang kaananmu kabèh."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang brahmana linangkung Rêsi Mandhapala, sasampunipun angecani dhatêng para putranipun makatên wau, lajêng pindhah saking ngriku sagarwa putranipun sadaya."

Makatên punika cariyos kawontênanipun pêksi Sarnggaka, nalika kabêsmènipun wana Kandhawa. Dewa ingkang cahyanipun mbalêrêngi punika krodha, lajêng murub mangalat-alat sundhul ing ngawiyat, enggal nêmpuh wana Kandhawa, dipun dumbani Sri Krêsna kalihan Sang Arjuna, mila Bathara Agni kalampahan ngunjuk gajih tuwin nêsêp sungsuming sato, saha talutuhing tanêman ing wana wau, kalihan suka rênaning panggalih. Dupi wana sampun sirna gêmpang, latunipun sampun mèh pêjah. Hyang Purandara (Indra), kadhèrèkakên ing para marut, rawuh ing Kandhawa, manggihi Sri Krêsna tuwin Sang Arjuna, wasana ngandika: "Sira wus padha nuduhake kasudiran miwah kaprawiran, kang bokmanawa para dewa ora bisa nimbangi. Ingsun bangêt rêna nguningani lêkasira mau, mula sira ingsun parêngake darbe panyuwun, têmtu ingsun pituruti, nadyan yèn tumrape wong liya ora kêna kalilahake."

--- 1112 ---

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Rikala punika Sang Arjuna lajêng nyuwun dêdamêl agêmipun Sang Hyang Indra sadaya, mila Sang Indra lajêng dhawuhakên wanci anggènipun badhe maringakên, dhawuhipun makatên: "Hèh, sutane Pandhu, ingsun bakal maringake kabèh gêgaman ingsun marang sira, manawa sira wus bisa gawe rênane panggalihe Bathara Mahadewa. Hèh, rajaputra têdhak Kuru, ngandêla ingsun têmtu ora kasamaran marang wanci anggon ingsun matêdhakake gêgaman kabèh mau, ingsun bakal masrahake sakèhing gêgaman ingsun kang bisa ngêtokake gêni, lan gêgaman liya-liyane, kaya ta sanjata wayawya, minangka ganjaran anggonira mbangun tapa. Dene Sri Krêsna nyuwun, supados mitranipun kalihan Sang Dananjaya punika sagêda lêstantun salaminipun. Ratuning dewa marêngakên, sarta lajêng imbal wacana malih kalihan Sang Arjuna, Sri Krêsna, saha Bathara Utashana, Hyang Indra kundur dhatêng kaswargan dados Bathara Agni kalampahan ambêsmi wana Kandhawa saisèn-isènipun, latu lajêng sirêp piyambak, mila Sang Hyang Agni sangêt sukaning panggalih ngandika dhatêng Sang Acyuta [Krêsna] makatên: "Hèh, gêmbonging para ksatriya, bangêt panarimaningsun marang sira sakloron, mula sira ingsun nugrahani kang pantês lan kaananira, yaiku sira bisa têka ing ngêndi kang sira karêpake." Sasampunipun ngandika makatên, Bathara Agni musna, dene Sri Krêsna, Sang Arjuna, saha Asura Maya, lajêng sami mangun sukaning panggalih, sarta lajêng lêrêm

--- 1113 ---

ing pagisikaning lèpèn ingkang sangêt anêngsêmakên.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih atus tigang dasa nênêm perangan Kandhawa dhaha, ing Adiparwa.

__________

ADIPARWA

TAMAT.

__________

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---