Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855

1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata

Sêrat Mahabharata No. 3.

7 Marêt 1958.

MAHABHARATA

Parwa II.

SABHA PARWA.

__________

BAB I. SABHAGRIHA PARWA.

Aum, sasampunipun sumungkêm ing padanipun Hyang Narayana tuwin Maharsi Nara, ingkang sami maujud priya, saha luhur ing pribadi, punapadene padanipun Dèwi Saraswati, kula kêdah angucap JAYA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: Kawuningana sinuwun, pun Asura Maya, sasampunipun manêmbah dhatêng Sang Arjuna, lajêng matur ngantos marambah-rambah, aturipun makatên: "Agêng sangêt sambutan kula ing panjênênganipun radèn, inggih punika nalika kabujêng Bathara Agni, lajêng kacêgat dening Sri Krêsna badhe kadhawahan cakranipun, awit saking punika mila panjênênganipun radèn kêparênga ngandika, punapa ingkang kêdah kula aturakên, minangka wêwangsulanipun, sih wêlasipun radèn ing kula."

Wangsulanipun Sang Arjuna makatên: "Dhuh, asura dibya, nganti rambah-rambah anggonmu nawani marang aku, kang mangkono wus padha lan pisungsung

--- 2 ---

ajèn-ajèn gêdhe ing aku, pangarêp-arêpku ora liya mung padha nêmua basuki, êndi krêjêting ciptamu bêcik banjur lakonana, aja nganggo ewuh-pakewuh tandukmu marang aku, dadi aku banjur ora ewuh-pakewuh ing kowe."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh narendra darah Bharata, Sri Krêsna tansah pinêksa-pêksa dhatêng Sang Maya, badhe dipun pisungsung pramila Sri Krêsna ngunandika salêbêting panggalih pundi ingkang prayogi, wasana Sang Wasudewaputra (Sri Krêsna) gusti saha kawulanipun sadaya dumadi, lajêng ngandika dhatêng Sang Maya makatên: "Hèh, putrane Dèwi Diti, kowe iku têtungguling undhagi, mangka kowe duwe sêdya arêp malês kabêcikane Arjuna, utawa arêp misungsung marang aku, ora ana kang bêcike kaya yèn kowe ngiyasakake kang ambêg adil, dene wangune iya sakarêpmu bae, mung nggonmu gawe bae kang bêcike sarta kang anèhe kongsi wong marcapada ora ana kang bisa niru, nadyan wus maspadakake pamawase. Hèh, Asura Maya, wangune iripna kadhatoning dewa, kadhatoning asura, lan kadhatoning manusa."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rikala Asura Maya mirêng pangandikanipun Sri Krêsna makatên wau, sukaning manahipun tanpa upami, mila lajêng matur manawi badhe tumuntên dipun wiwiti panggarapipun karaton, sarta kaangkah sagêdipun sami kalayan karatonipun ratuning dewa. Sri Krêsna saha Sang

--- 3 ---

Arjuna kundur dhatêng Kandhawaprastha, lajêng nyariyosakên kasagahanipun Asura Maya dhatêng Prabu Yudhisthira, sarta Sang Yudhisthira ugi lajêng dipun panggihakên kalihan Sang Maya. Dhuh, Prabu Janamêjaya, sang asura sangêt kasok manahipun dhatêng tandukipun Prabu Yudhisthira ing piyambakipun. Nalika samantên asura darahipun Dèwi Diti wau, lajêng nyariyosakên lêlampahanipun ratu danawa ingkang jêjuluk Prabu Wrêsaparwa. Sasampunipun tamat anggènipun cariyos, lajêng nyarèhakên napas, kalihan ing batos angunandika kadospundi anggènipun badhe ngiyasakakên kadhatonipun Pandhawa, ingkang misuwur ing jagad punika. Sang Asura Maya, danawa sura sêkti mandraguna, saking lêganing manahipun, mila tansah nêdya mituruti sapamundhutipun Sri Krêsna saha para prita putra sadaya, enggal namtokakên dintên badhe wiwitipun anggarap. Dupi sampun dumugi dintên ingkang sampun pinilih, lajêng ngawontênakên sêsaji, sarta bêbingah para brahmana ingkang cacahipun maèwu-èwu, kasunggata puhan kadekekan gêndhis saha dhahar. Punapadene dipun pisungsung mas picis rajabrana, mawarni-warni. Saparipurnaning sêsaji, Sang Maya milih papan ingkang nêngsêmakên inggih punika nadyan mangsa rêndhêng, marêng, katiga, tuwin labuh, hawanipun mèh botên beda, lajêng kapêndhêt gangsal èwu dhêpa pêsêgi, kangge capuri kadhaton."

Dumugi samantên wêkasanipun bab sapisan, perangan Sabhagriha ing Sabhaparwa.

--- 4 ---

BAB 2. SAMBÊTIPUN SABHAGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Sang Dhanardana, ingkang sayogi pinundhi-pundhi ing jagad, ngantos sawatawis lami anggènipun wontên ing Kandhawaprastha, awit rumaos kraos, dene para putranipun Dèwi Prita tansah angaji-aji ingkang nawung raos sih trêsna. Sasampunipun dumugi anggènipun sih-sinisihan, saha paring pamrayogi kathah-kathah, ugi lajêng osik kêpengin kundur dhatêng Dwaraka, mila lajêng pamit ingkang ibu Dèwi Kunthi, tuwin Sang Prabu Yudhisthira. Rikala Sri Krêsna, ingkang paningalipun sumorot kadi lintang, saha wajib pinundhi-pundhi sagung dumados, punika nyungkêmi padanipun ingkang ibu Dèwi Kunthi, sirahipun tansah ingarasan dhatêng ingkang ibu. Sasampunipun ngaras padanipun ingkang ibu, enggal nyêlaki Dèwi Subadra. Saking sihipun dhatêng kadang èstri, nalika nyêlaki wau kalihan kêmbêng-kêmbang nênggak waspa. Dupi sampun cêlak ingkang rayi rinangkul kalihan dipun warah aji, ingkang botên gampil ginayuh ing manusa, saha sagêd nênuntun dhatêng kasaenan. Sang dèwi anggènipun nampèni kanthi raos kasok. Sakèndêling pangandikanipun ingkang raka, Dèwi Subadra lajêng matur supados Sri Krêsna kêparênga andumugèkakên piwêlingipun dhatêng para kadang warga ing Dwaraka. Sami sanalika wau Sri Krêsna lajêng paring nugraha dhatêng sang dèwi, wasana nilar ingkang rayi têrus pamit Dèwi Drupadi, tuwin Rêsi

--- 5 ---

Dumya. Sri Krêsna manggihi para pulunan, inggih punika para putranipun Pandhawa. Dupi para putra priksa rawuhipun ingkang uwa enggal sami ngaras pada saha lênggah ngêpung Sri Krêsna, kados para dewa manawi ngêpang Bathara Indra. Sri Krêsna ingkang daludakipun mawa ciri garudha, karsanipun sadèrèngipun pangkat karsa damêl sêsaji, sêsukci, saha ngrasuk busana kaprajuritan rumiyin, mila rikala samantên dhawuh supados dipun pirantosana sêkar, saha gandawida, ingkang gandanipun amrik ngambar, wigatos badhe kasajèkakên para dewa, tuwin para brahmana. Sasampunipun kaladosakên sêkar saha gandawida, Sri Krêsna, lênggah angapurancang, jangga manglung marikêlu, sarwi ngucapakên mantra. Saparipurnaning sêsaji, Sri Krêsna pinanggih para brahmana ingkang wajib binêktèn, kalihan ngaturakên dhêdhaharan, warni puhan lêgi kagodhog sajêndhêlipun, wowohan tuwin êmas. Nalika ngaturakên wau Sri Krêsna kalihan matur, supados para brahmana sami kêparêng paring nugraha, sarta mêmuji karaharjanipun. Sabibaring atur dhêdhaharan, lajêng misungsung pèni-pèni rajapèni. Dupi sampun katampèn, Sri Krêsna lajêng lumampah angubêngi para brahmana, sarta lajêng minggah ing rata kancana sakalangkung endah, rinêngga ing daludag ingkang pucak dandanipun sinung rêca tarkya (garudha), ing nglêbêt rata kaisèn gada, cakra, sabêt, langkap nama swarêngga, sarta dêdamêl sanès-sanèsipun malih. Kuda pangiriding ratanipun nama: sêwiya, tuwin sugriwa, nalika samantên marêngi pajar wulan, petanging dintên dhawah

--- 6 ---

rahayu. Saking anggènipun angaji-aji, saha sih trêsnanipun dhatêng Sri Krêsna, Prabu Yudhisthira ngantos angusiri ratanipun, saha pamanggènipun wontên ing nglêbêt rata kapara wingkingipun Sri Krêsna. Dene pun Daruka kusiripun Sri Krêsna, ingkang misuwur ing jagad, amung kadhawuhan ngamping-ampingi kemawon. Sang Arjuna ugi ndhèrèk nunggil sarata kalayan ngasta camara (kêbut) garanipun kancana, sarta botên kèndêl-kèndêl anggènipun ngêbuti Sri Krêsna. Sang Bhima, ingkang gagah prakosa, tuwin sang kêmbar, punapadene para brahmana, saha tiyang-tiyang isining kitha, sami nguntapakên, dharat ing wingking rata. Rikala Sri Krêsna kaajap ing Pandhawa gangsal saha sanès-sanèsipun wau, pangraos kula sinuwun, kados guru ingkang kairingakên para siswanipun ingkang sami bêkti. Sarêng sampun sawatawis têbih, Sri Krêsna, pangrurahing satru sêkti, ngrangkul Sang Arjuna kalihan bêbisik. Sasampunipun sawêg pamit dhatêng Sang Yudhisthira, Sang Bhima tuwin sang kêmbar, kalihan kinêkêp-kêkêp. Dhuh, Prabu Janamêjaya, dupi lampahipun sampun angsal satêngah yojana. Sri Krêsna ngandika, supados anggènipun nguntapakên sampun ngantos têbih-têbih. Sasampunipun ngandika makatên, Sang Guwenda [Sri Krêsna] enggal jèngkèng astanipun badhe ngrangkul sampeyanipun Sang Yudhisthira, nanging Sang Kunthiputra lajêng nyandhak astanipun Sri Krêsna, katarik, supados Sri Krêsna jumênêng, ingkang lajêng kaaras mêstakanipun, sarwi matur: "Mugi manggiha arja kunduripun kakang prabu."

--- 7 ---

Dupi Sri Krêsna mirêng pangandikanipun Prabu Yudhisthira makatên wau, lajêng ngandikakakên margi ingkang badhe dipun langkungi kunduripun dhatêng Dwarawati, tuwin mitungkas supados tumuntên wangsul, kundur dhatêng Kandhawaprastha. Sri Krêsna nilar Pandhawa kalayan suka rêna, cinandra kadi Sang Hyang Indra kundur dhatêng Amarawati. Para Pandhawa lêstantun taksih maspadakakên lampahing ratanipun Sri Krêsna, ngantos botên katingalan, ewadene panggalihipun taksih kadi andhèrèkakên salampahipun Sri Krêsna. Para Pandhawa sami lam-lamên dhatêng kasaenanipun Sri Krêsna, suwarninipun Sri Krêsna tansah cumithak wontên ing dalêm pangraosipun, mila kunduripun dhatêng praja kalayan mandhêg mangu. Dupi para Pandhawa sampun botên katingalan, Sri Krêsna enggal ngêtap kudanipun pangirit rata sumêbut, wasana dumugi ing Dwaraka. Lampahing ratanipun Sang Dewakiputra, ingkang kinusiran Daruka, sami kalihan ibêring garudha, dene ingkang ndhèrèkakên Sri Krêsna, amung prajurit sinakti Sang Satyaki."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Yudhisthira kadhèrèkakên para ari saha para kawula, botên watawis dangu dumugi ing kadhatonipun. Para ari, para brahmana tuwin sanès-sanèsipun, lajêng kêparêng bibaran, dene sang prabu lumêbêt ing kênyapuri, pinanggih Dèwi Drupadi. Sri Krêsna sadumugining Dwarawati, lajêng marak Prabu Ugrasena, sarta para pinisêpuhing bangsa Yadawa. Sasampunipun lajêng ngabêkti ingkang rama tuwin ingkang ibu, sarta lajêng rêrangkulan

--- 8 ---

dhatêng Sang Bhalarama. Dupi sampun uwal saking pangrangkulipun ingkang raka, Sri Krêsna gêntos ngrangkul dhatêng Pradyumna, Sang Samba, Sang Nisata, Sang Carudêsna, Sang Gadha, Sang Aniroda, tuwin Sang Bhanu. Dupi sampun anggènipun wartos-winartos, lajêng bibaran. Sri Krêsna enggal pinanggih garwanipun ingkang pêparab Dèwi Rukmini.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih, perangan Sabhagriha, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 3. SAMBÊTIPUN SABHAGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Asura Maya matur dhatêng Sang Arjuna, têtungguling para ungguling yuda, makatên: "Kula nyuwun pamit badhe kesah, nanging badhe tumuntên wangsul malih. Ing nguni nalika para danawa badhe damêl sêsaji wontên satêpining tlaga Windu, kula nglêmpakakên wanda (bandha) pintên-pintên kangge nyamêktani sêsaji wau. Kawontênanipun bandha wau sakalangkung kathah saha anêngsêmakên, inggih punika warni sêsotya nawa rêtna, kula dèkèk ing Kêlasa ingkang iring lèr, pucakipun ardi Mênaka, dados wontên kadhatonipun Risang Wrêsaparwa, ingkang rahayu budi. Dhuh, têdhak Bharata, walèh-walèh punapa radèn, rajabrana agêng wau samangke dèrèng wontên cicir, mila badhe kula bêkta mriki sadaya. Awit anggèn kula

--- 9 ---

ngiyasakakên kadhatonipun para Pandhawa punika, badhe tumuntên kula garap sarta pandamêl kula, mawi rinêngga ing sêsotya nawarêtna, murih misuwur ing jagad. Dhuh, ksatriya darah Kuru, èngêt kula ing lêbêtipun tlaga Windu wontên gada agêngipun anggêgirisi darbèkipun danawa raja, nalika mêntas kangge nyirnakakên mêngsahipun, lajêng kadèkèk ing ngriku. Gada wau bobotipun sakalangkung awrat, kajêngipun wulêt, tur ginêgêl-gêgêl ing jêne, saèstu botên nguciwani kangge anêmpuh mêngsah, manawi katandhing wawrating pangwasanipun, sami kalihan gada sakêthi. Pangraos kula gada wau mantêsi manawi dipun agêm raka jêngandika Sang Bhimasena, kadi langkap gandhiwa tumrap panjênênganipun radèn. Kawuningana radèn, ing talaga Windu ugi wontên slumprètipun saking sumpil agêng nama Dewadatta, swaranipun sakalangkung sora, punika kagunganipun Hyang Baruna. Sadaya wau badhe kula pêndhêt, lajêng kula aturakên ing panjênênganipun radèn."

Sasampunipun matur makatên, têtungguling asura wau lajêng pangkat, lampahipun ngalèr ngetan, tumuju dhatêng ardi Mênaka, salèring ardi Kêlasa. Parêdèn Mênaka wontên ingkang pucakipun agêng nama Hiranyasrêngga, ing ngriku kêbak sêsotya nawarêtna. Ing sacêlakipun Hiranyasrêngga wontên tlaga nama Windu. Prabu Bhagirati nate martapa wontên têpining tlaga Windu ngantos mataun-taun, wigatos kêpengin priksa dhatêng suwarninipun Dèwi Gangga, ingkang pawingkingipun ugi sêsilih Dèwi Bhagirati, ngagêm asmanipun sang prabu. Dhuh, pêpêthinganing darah

--- 10 ---

Bharata, ing kina Sang Hyang Indra ugi sampun nate damêl sêsaji kaping satus rambahan wontên ing têpining tlaga Windu. Kangge rêrênggan ing papan ajanging sêsaji, Sang Hyang Indra angêdêgakên pathok kadamêl saking sêsotya nawarêtna, wontên satêpining tlaga wau, kathahipun tanpa petangan, punapadene kapasangan wadhah sêsaji kadamêl saking kancana, nadyan sadaya wau botên anut wêwaton, nanging katingal sakalangkung asri. Hyang Indra ingkang anetra sasra, priyanipun Dèwi Kaci, antuk nugraha agêng saking sêsajinipun wau. Hyang Mahadewa, kang langgêng gustining sagung tumitah, sasampunipun ndumadosakên sakathahing jagad-jagad saisèn-isènipun, ugi lajêng lêrêm ing tlaga Windu, kasêmbah-sêmbah saha kapundhi-pundhi para suksma maèwu-èwu. Bathara Narayana, Rêsi Nara, Hyang Brahma, tuwin Hyang Stanu, ugi nate damêl sêsaji wontên ing ngriku, sasampunipun patrap kaping sèwu rambahan, wontên satêpining tlaga Windu, Hyang Wasudewa nate damêl sêsaji ngantos pintên-pintên taun, dene wigatosipun mila damêl sêsaji makatên laminipun, amung anggènipun nêtêpakên jêjêring kautamèn saha agami. Nalika samantên ing ngriku pinasangan pathok linapis kancana pintên-pintên ugi dipun dèkèki papan wadhah sêsaji, tinrètès ing sêsotya, mila katingal sumorot ambalêrêngi.

Dhuh, darah Bharata, Sang Maya punika asura bangsaning ngaluhur. Sadumuginipun ing ngriku lajêng mêndhêt gada saha salumprèt ingkang wontên ing nglêbêt toya, sarta rajabrana darbèkipun Raja Danawa Sang Wrêsaparwa,

--- 11 ---

ingkang kathahipun tanpa petangan, rinêksa ing para raksasa tuwin yaksa, sadaya wau kabêkta pun Asura Maya dhatêng Kandhawaprastha, kangge ngiyasakakên kadhatonipun Risang Pandhuputra. Kadhaton yasanipun Sang Maya punika, sakalangkung adi, sami kalihan kadhatonipun para dewa, ingkang kadamêl saking manik amancawarni, kados ta: mutyara, intên, mirah nilawiduri, saha akik ingkang sae-sae, elok, sarta misuwur. Sadumugining Kandhawaprastha, gada linangkung wau, lajêng kapisungsungakên dhatêng Sang Bhima, dene slumprèt agêng punika, kaaturakên Sang Arjuna ingkang suwantênipun slumprèt Sri Dewadatta punika damêl mirising jagat. Dhuh, nata binathara Sri Janamêjaya, kadhaton iyasanipun Sang Maya punika, sadaya sakanipun jêne (mas), jêmbaring capuri wontên gangsal èwu dhêpa pêsagi, wujud saha wêwangunanipun mirip kalayan kadhatonipun Bathara Agni, Bathara Surya, Soma. Sêsawanganipun sakalangkung adi, mawa sorot ambalêrêngi, nyurêmakên soroting srêngenge. Sajatosipun sunaripun wontên kalih, inggih punika katingal ing kawadhagan, kalihan ginaib, kenging dipun wastani kasasaban ing pêpadhang. Manawi tiningalan saking katêbihan sumorot kadi sawangan ing ngantariksa, ing wanci sandyakala. Kadhaton wau agêng inggil, hawanipun asrêp, gêbyokipun kancana, mawi kaukir sakalangkung elok, ngantos angungkuli ing sudarma, kadhatonipun Sri Krêsna, utawi kadhonipun[1] Hyang Brahma. Kadhatonipun Pandhawa wau, rinêksa raksasa bangsaning kinkara kathahipun wolung èwu, dêdêgipun sami gagah prakosa anggêgirisi,

--- 12 ---

mripatipun abrit, kupingipun jêpiping, sami sikêp dêdamêl warni-warni, sarta sadaya sami sagêd mahawan gêgana. Ing nglêbêt capuri kadhaton wontên bèjinipun asri rinêngga ing tunjung pêpêtan, ronipun kadamêl saking intên bumi, gagangipun barleyan, ugi kajêng apu, dinamêl saking sêsotya, pinggiripun sinaba ing pêksi toya, toyanipun bêning sumorot, ngantos dhasaripun katingal wela-wela, bulus saha ulamipun, ingkang totok sisik kancana, sami katingalan. Undhak-undhakan saking pinggir dumugi ing dhasaring tlaga, kadamêl saking akik mancawarni. Anginipun ngidid, nêmpuh tunjung miwah kayu apu pêpêtan wau, sami ebah têmah agêbyar-gêbyar. Dene pinggiripun, katêpi ing sela cêndhani tinrètès ing jumêrut sinêling mirah. Saking wêninging toya, bèji, saha rêrêngganipun adi-adi wau, mila kathah para narendra tamu, ingkang kacêmplung ing ngriku, awit kagalih dharatan kemawon. Sakubênging kadhaton wontên wiwitanipun agêng-agêng warni-warni, ronipun kêtêl angrêmbuyung, pangipun mantiyung, labêt saking kawratan ing sêkar miwah wohipun. Sakubênging bèji wontên taman angêlam-lami, sêsêkaranipun sami mêkar gandanipun amrik ngêbaki ing awang-awang. Kajawi bèji ingkang sampun kula aturakên wau, sinuwun, ing sanès panggenan ugi kathah sêndhang, tuwin umbulipun, ingkang kasaba ing banyak widhe cakrawaka, tuwin pêksi karandawa. Ing ngriku botên wontên prahara, nanging anginipun ngidid, mila sawêwêngkon capuri kadhaton andon angganda arum angambar, saking gandaning sêsêkaran ingkang kabuncang ing maruta mandawa wau,

--- 13 ---

têmah mawèh sênêngipun para Pandhawa, anjalari tuwuhing raos mulya. Danguning panggarapipun Sang Maya ngantos kawan wêlas wulan. Sasampunipun paripurna lajêng kapasrahakên dhatêng Sang Yudhisthira."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tiga, perangan Sabhagriha, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 4. SAMBÊTIPUN SABHAGRIHA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: Nalika Prabu Yudhisthira badhe lumêbêtipun sapisan ing kadhaton anggènipun ngiyasakakên Asura Maya punika, mawi misungsung dhêdhaharan rumiyin dhatêng para brahmana kathahipun malêksa-lêksa. Wujuding dhêdhaharan inggih punika bubur campur prêsan, martega tuwin madu, dene dhêdhaharan sanès-sanèsipun, warni wowohan tuwin pala pêndhêm sarta panggang ayam kathahipun tanpa petangan. Sadaya brahmana ingkang dhatêng saking liyan nagari dipun sunggata jêmbati (bubur campur martega), ulam kaolah warni-warni, sawarnining gêgorengan, pangunjukan warni-warni, tuwin kapisungsung lêmbu nyèwu. Dhuh, Prabu Janamêjaya, para brahmana sami suka manahipun, mila tansah ngucap ing batos: "Dina iki têtela dina kang mulya" mila kapirêng sora wontên ing kaswargan. Narendraning bangsa Kuru wau, sasampunipun nyunggata saha misungsung [misung...]

--- 14 ---

[...sung] para brahmana, lajêng manêmbah ing dewa, sarwi angêsok gandawida, kasarêngan ungêling gangsa. Pasamuwan agêng wau, kathah juru bêksa, kêkidungan, badhud tuwin para undhagi sawarnining yêyasan, sami ngatingalakên kasagêdanipun piyambak-piyambak. Rikala Prabu Yudhisthira, putranipun Bathara Dharma, punika lumampah kadhèrèkakên para ari kacandra kadi Bathara Indra manawi wontên Kaindran. Sang Yudhisthira dalah para ari sadaya lajêng lênggah wontên ing nglêbêt kadhaton, manggihi para narendra tamu saking mancanagari tuwin para rêsi, kados ta: Rêsi Dewala, Rêsi Satya, Rêsi Sarpamali, Rêsi Mahasira, Rêsi Arwawasu, Rêsi Sumitra, Rêsi Maitreya, Rêsi Sunaka, Rêsi Wali, Rêsi Wana, Rêsi Dawya, Rêsi Stulasira, Rêsi Krêsna Dwipayana, Rêsi Suka, Rêsi Sumanata, Rêsi Jailini, Rêsi Paila, para siswanipun Rêsi Wiyasa, inggih punika kula piyambak, dalah para sadhèrèk sanès-sanèsipun. Rêsi Witri, Rêsi Yadnapagiya, Rêsi Lomaharsana dalah putranipun, Rêsi Apsuhomya, Rêsi Domya, Rêsi Animadawiya, Rêsi Kusika, Rêsi Damosnisa, Rêsi Trowali, Rêsi Parnada, Rêsi Maunjayabna, Rêsi Wayubaksa, Rêsi Parasarpiya, Rêsi Sarika, Rêsi Waliwaka, Rêsi Saliwaka, Rêsi Satyapala, Rêsi Krêtagama, Rêsi Jahukarna, Rêsi Sikawat, Rêsi Alama, Rêsi Jariyataka, Rêsi Parwata, punika rêsi agung ingkang pêparab Rêsi Markandeya, Rêsi Pawitrapani, Rêsi Sawarna, Rêsi Bhaluki, Rêsi Galawa, Rêsi Janggabandhu, Rêsi Raibya, Rêsi Kopawega, Rêsi Bhrigu, Rêsi Hariwabru, Rêsi Kawandhin, Rêsi Wabrumali, Rêsi Gotama, Rêsi Paingga, Rêsi Waraha,

--- 15 ---

Rêsi Sunaha, Rêsi Sandhilya, ingkang linangkung kasêktènipun, Rêsi Kukura, Rêsi Wêkujangga, Rêsi Kalapa, sarta Rêsi Katha, para mauni, kados kapratelakakên ing ngajêng wau sami ambêk utami, limpat ing buddhi, sampun sagêd mangrèh cipta saha pêpenginanipun, putus dhatêng Wedha saha Wedhangga, botên kewran dhatêng kasusilan, tuwin kalis ing dosa, anggènipun sami rawuh wau amung angurmati Prabu Yudhisthira, anggènipun pindhah kadhaton. Sêsantinipun para rêsi wau damêl bingahipun Prabu Yudhisthira, punapadene para ksatrya agêng-agêng ugi kathah ingkang sami tumut angèstrèni, kados ta: Prabu Munyakètu, ingkang misuwur kautamènipun, Prabu Wiwardaka, Prabu Sagramyita, Prabu Durmuka, Prabu Ugrasena, ingkang linangkung kaprawiranipun, Prabu Kakrasena, Prabu Sêmaka, ingkang pilih tandhing ing prang, Prabu Kapatha, Narendra Kamboja, Prabu Kampaka, Prabu Kampana, ingkang tansah damêl gêtêring manahipun bangsa Lawana, ingkang kawontênanipun kadi Bathara Indra anggènipun tansah damêl gêtêripun para asura tuwin Kalakeya, Prabu Yathasura ratu ing Mandraka, Prabu Pandriya, ratu ing Udara, tuwin nata ing Andaka Prabu Sumitra, Prabu Gaiwya, pangrurah satru sêkti, Prabu Sumana ratuning bangsa Kirata, Prabu Canur, ratuning bangsa Kiyana, Prabu Dhewarata, Prabu Bhoya, Prabu Bhimarata, Prabu Srutayuda, nata ing Kalingga, Prabu Jayasena Ratu Manggada, Prabu Sukarman, Prabu Cêkitana, Prabu Puru, pangrisak barising mêngsah, Prabu Kêtumata, Prabu Wasudhana, Prabu Waidheha, Prabu Krêtaksana, Prabu Sudarman,

--- 16 ---

Prabu Anirudda, Prabu Srutayu, ingkang sakalangkung prakosa, Prabu Supraja, ingkang pilih tandhing ing prang, Prabu Karmayit, ingkang bagus warninipun, Prabu Sisupala, nata ing Karusa saputranipun, saha para ksatriya nem-neman bangsa Wrêsni, ingkang suwarninipun pêkik-pêkik kadi para dewa, inggih punika Sang Ayuka, Sang Wikritu, Sang Ghada, Sang Sarana, Sang Akrura, Sang Krêtawarman, Sang Dyumatsena, ingkang kaprawiranipun pinunjul, tiga pisan wau sami para maharata bangsa Kekaya, Sang Yajnasena, darah Somaka. Para ksatriya ingkang sami kula aturakên asmanipun wau sami bandha nadu, kathah wadyabalanipun, dene panunggilanipun taksih kathah sangêt, ingkang botên kula aturakên asmanipun, nadyan inggih sami ksatriya agung-agung. Sadaya para ksatriya saha para rêsi wau, sami ngêntosi Prabu Yudhisthira, wontên ing Sabha bokmanawi yèn jawi ngriki paseban sami tumut bingah dene Prabu Yudhisthira tampi nugraha, para rajaputra ingkang sawêg nêdhêng taruna, mangagêm wacucaling sangsam, ingkang sami puruhita dhatêng Sang Arjuna, ugi sami mêmuji karaharjan saha kamulyanipun Prabu Yudhisthira. Dhuh, Prabu Janamêjaya, para rajaputra darah Wrêsni, kados ta: Sang Pradyumna, putranipun Dèwi Rukmini, Sang Sambha, Sang Yuyudana, putranipun Prabu Satyaka. Inggih punika Sang Sudaman, Sang Akiruda, Sang Sewya, sadaya wau sami puruhita sikêp dêdamêl dhatêng Sang Arjuna, ugi sami nglêmpak ing Sabha. Dhuh ratuning jagad, taksih kathah narendra sanèsipun malih, ingkang ugi rawuh ing Kandhawaprastha, [Kandhawa...]

--- 17 ---

[...prastha,] mahargya Sang Yudhisthira. Sang Gandarwa Citrasena, tuwin Sang Gandarwa Raja Tanburu, dalah para nayakanipun agêng-agêng, saha gandarwa raja sanès-sanèsipun, para apsara, ingkang sami paramêng lêlagon miwah gêndhing, sarta para kinara, ingkang lêbda dhatêng kêkidungan, sadaya angurmati Risang Pandhuputra, kalayan gêndhing saha kidung ing kaswargan, para rêsi andhèr wontên ing Sabha badhe paring nugraha dhatêng Prabu Yudhisthira, kadi para têtungguling dewa manawi ngêntosi miyosipun Bathara Brahma."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sêkawan, perangan Sabhagriha, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 5. LOKAPALA SABHAKYANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, darah Bharata, nalika Pandhawa ingkang misuwur ing jagad, lênggah wontên ing Sabha manggihi sadaya tamunipun, Hyang Naradha, Rêsi Kaswargan, mêntas nganglang jagad kêparêng mampir ing ngriku. Sang Maharsi Naradha punika lêbda dhatêng Wedha miwah Upanishad, pinundhi-pundhi para jawata, wasis nyariyosakên Purana, malah sagêd nyariyosakên lêlampahan ingkang sampun kadadosan, ing Kalpa ingkang sampun kapêngkêr, botên kewran dhatêng kawruh niaya, sarta dhatêng kasunyataning piwulang [piwu...]

--- 18 ---

[...lang] kasucian. Botên kewran dhatêng angga nêm prakawis inggih punika kawruh bab kêdaling têmbung, kasusatran patitisipun manawi ngucapakên saukara ukaraning têtêmbungan, katranganing têmbung utawi ukara ingkang sami. Katranganing pranatan agami, tuwin kawruh palintangan, titis dhatêng larasing sadaya swara, ingkang kasêbut ing sêrat sukci, sarta priksa pundi ingkang kêdah dipun pilihakên, sagêd nêrangakên sadhengah piwulang ingkang katingalipun kados botên turut, dipun pinangkani saking nyariyosakên jêjêring piwulang. Panjênênganipun wau sarwa prasaja, santosa, saha lêpasing budi, sambegana, lêbda dhatêng kawruh praja, tuwin tatacara. Tansah niti pilahing awon sae, sagêd nêrangakên nyataning kadadosanipun piwulang. Manawi nimbang lêrês lêpating prakawis kalihan wêwaton gangsal prakawis, botên nguciwani, pratitis sangêt manawi jawab pandangonipun Hyang Wrihaspati, sabên wawan pangandika. Sang maharsi tansah anjangkung dhatêng têtêping tumindakipun agami, kabingahan, kabêgjan, saha karahayon. Panjênênganipun sang maharsi punika botên kewran dhatêng saebah osiking jagad, guruning piwulang Sangkya tuwin Yoga, saha tansah anggêgasah mêmêngsahanipun para dewa kalihan para asura. Sagêd dhatêng kawruh mangun prang miwah dhatêng katêntrêman, priksa dhatêng wêwatoning dumados, sarana dipun titi kadadosanipun sagêd paring pitêdah pranataning katêntrêman, pranatan prang, pranatan angangkatakên wadyabala, pranataning nanggulangi pandhêsêking mêngsah, pranataning sêsingitan

--- 19 ---

sarta tatanan manawi badhe mêwahi kathahing wadyabala. Lêbda dhatêng paprangan, nanging ugi lêbda dhatêng lêlagon, botên sagêd kandhih dening japa mantra, guna tuwin pirantos saha sot, enggalipun sang maharsi botên kewran dhatêng agal alus. Dhuh Prabu Janamêjaya, ingkang ndhèrèk lampahipun sang maharsi wau Sang Parijatha, Sang Rewata, Sang Somya, saha Sang Sumaka. Sang rêsi gumrojog tanpa larapan, saha sakalangkung rêna nguningani Pandhawa makatên kawontênanipun wau. Rikala wau sang maharsi lajêng paring nugraha dhatêng Prabu Yudhisthira, sarta mêmuji mugi sang prabu tansah unggul sabên mangun prang.

Kawuningana, sinuwun, nalika pambajêngipun Pandhawa priksa sang maharsi rawuh, enggal jumênêng saking palênggahan, gurawalan amapagakên. Sasampunipun kinurmatan samêsthinipun, sang maharsi lajêng kaancaran lênggah, dipun sêgah argya, madu tuwin sanès-sanèsipun, ugi dipun pisungsung lêmbu, awit Prabu Yudhisthira botên kewran dhatêng wêwatoning wajib, mila ugi misungsung sêsotya nawa rêtna, kalayan sukaning panggalih. Maharsi Naradha sakalangkung suka nguningani bêktinipun sang prabu saha para Pandhawa sanès-sanèsipun. Para maharsi saha panunggilanipun malih, ingkang sami ngêmpal ing ngriku, sadaya ugi angurmati dhatêng Maharsi Naradha. Sasampunipun sami satata lênggah, sang maharsi lajêng ngandikakakên prakawis agami, kasênêngan tuwin kabêgjan.

Pangandikanipun Rêsi Naradha makatên: "Hèh, kaki

--- 20 ---

Prabu Yudhisthira, apa pamêtune nagara wus sira tanjakake kang migunani, apa sira lêstari ngèlingi kautaman sarta tumolèh marang kasênênganing urip, utawa apa ora karêm dening iku mau. Hèh, ratuning bawana, apa lêstari anggonira nindaki panggawe kang mêmarah marang kaluhuran, nanging runtut lan agama, utawa kabêgjan, kaya lêkase para lêluhurira, sarta mêruhi têlung prakara, yaiku: kabêcikan, piala, utawa ora maèlu marang ala lan bêcik, apa wus ora nêrak pêpalining agama, anggonira ngupaya kabêgjan, sarta ora ngrusak wêwaton rong prakara mau, kang mung saka anggone amburu kabungahan, awit kabungahan iku anggampangake kablingêring wong. Hèh, kang jaya ing palagan, sira dhêmên gawe bêcik marang sarupaning dumadi, sira wêruh wêwatoning karuntutan, apa anggonira amrih runtute kabèh iku, manut wêwarahing agama, kabêgjan lan kasênêngan, sarta apa anggonira ambage wanci kanggo nglêksanani iku mau wus prayoga. Hèh, kang tan kalepetan ing dosa, apa sira wus niti lakune panggawe pitung rupa, yaiku: minihi gawe pasulayan, pamasesa, panrima, pawèwèh, japa mantra, piranti, kadhukunan lan sihir. Sira narendra, dadi kudu mêngku watak nêm prakara, yaiku: micara julig bisa maor sambu, elingan, putus marang kasusilan miwah kawruh praja. Apa sira uga wus nitik darbèking mungsuh patbêlas rupa, nanging luwih dhisik kudu mêruhi kakiyatan lan karingkihanira dhewe. Dene wujude kang ingsun arani darbèking mungsuh

--- 21 ---

patbêlas rupa mau, yaiku: 1. nagara, 2. bangsa, 3. wadya rata, 4. wadya dirada, 5. wadya jaranan, 6. radya dharatan, 7. kabar nagara kang pêrlu-pêrlu, 8. gêgaman, 9. tandhoning pangan, 10. kèhing wadya sarta balanjane, 11. parentahe agamane kang kêncêng, 12. butuhing nagara, 13. pamêtune nagara, 14. kèhe dodolan lan waragang, kang kêna diarani satruning nagara. Hèh, pêpêthinganing narendra, sira kudu anggatèkake lakuning kabudayan wolung rupa, yaiku: têtanèn kriya lan sapanunggalane, nanging sawuse nyumêrêpi pamêtuning nagaranira, lan pamêtune nagaraning mungsuh, sarta sawuse rêrukunan lan mungsuhira, hèh, pêpêthinganing darah Bharata, pamuiningsun para nayakanira pitu (1. senapati kang rumêksa pabitingan, 2. senapati kang nindhihi wadyabala, 3. kang mangagêngi pangadilan, 4. nayaka ingkang mangwasani parentahan, ingkang botên patos wigati, 5. pangagênging brahmana, 6. ingkang kajibah rumêksa kasarasan, 7. pangagênging para ahli petang), aja kongsi sulap dening pangwasaning mungsuh, sarta aja kongsi padha ngêndho anggone nindakake kawajibane, apadene padha mbangun turuta marang sira. Têlik kang sira pitaya, padha nayaka, utawa sira dhewe, aja pisan-pisan mêdharake karsanira marang mungsuh. Apa kang wus dilakoni dening mitra, mungsuh, utawa praja liyan, banjur têtêpna yèn têtela mangkono iku karêpe. Apa sira wus miranti manawa sawanci-wanci katêkan mungsuh, apa sira wus maspadakake adhêdhasar adil, marang wong saka mancapraja, kang sira durung wanuh, sarta marang wong-wong kang sêmune

--- 22 ---

kaya ngulatake marang panggawenira. Hèh, prajurit linuwih, apa kang sira pilih dadi nayaka, iku wong kang ambêge mirib lan sira, wong tuwa, utawa wong kang patitis kawruhe, marang êndi kang kudu utawa ora dilakoni, darah murni, utawa wus kasumurupan yèn bêkti marang sira. Hèh Yudhisthira, kalakone narendra olèh kamênangan iku manawa nayakane bêcik-bêcik. Hèh, kaki prabu, apa prajanira wus dirêksa ing para nayaka kang putus ing shastra, lan nayaka kang wicaksana kudu sira cêdhakake. Apa para mungsuhira wus ora ngrubeda tumindake paprentahaning. Sira aja karêm turu sarta limbon, yèn sawanci-wanci ana gawe, enggal tangia, nadyan sira ora kasamaran marang witing kabêgjan. Apa ing sabên wêngi sira uga ngrasakake êndi panggawe kang kudu utawa ora katindake ing dina sesuk, apa sira yèn mutus prakara ora nganggo tataringan lan yèn tataringan apa wong liya ana kang krungu, sarta apa karêpira sabên-sabên kawruhan ing sadhengah wong kang anèng sawêwêngkoning kaprabonira? Yèn sira gawe pranatan pilihên kang gêdhe pigunane tumrap kabèh wong sarta kang gampang dilakoni, yèn mangkono kaanane, pranatan mau têmtu ora dipakewuh tumindake. Aja kongsi weya marang para among tani, mula angkahên kapriye bisane para among tani ora wêdi mrasajakake kaanane marang sira. Apa kang padha sira patah anindakake sarupaning pranatan, iku wus padha sira pilih wong-wong kang padha kêna dipitaya, ora pangawak prabu, pintêr lan rigên. Hèh, narendra kang ambêg sudira, pangarêp-arêp ingsun, para kawulanira [kawu...]

--- 23 ---

[...lanira] padha wêruha, manawa sira têmtu bisa ngrampungi sarupaning bot-repoting prajanira, dadi ora mung dumunung anèng pangarêp-arêp, sarta ora nuli digarap. Apa kang sira patah mulang muruk para putra santana, lan para senapatinira iku, wus sira pilih guru kang wus putus marang agal alus, bisa nyumurupake kongsi têrang siswane, titi marang wêwatoning kasusilan, utawa kawruh liya-liyane. Aja wêdi nglilahake wong sèwu kanggo lirune wong siji, manawa wong sêwu mau bodho, nanging kang siji mau nyata wong pintêr. Apa sakèhing bètèng isining nagaranira, wis diisèni rajabrana, pangan, gêgaman, banyu, piranti warna-warna, sarta wus ana prajurit panah kang titis, lan ana undhagine. Wruhanira, kaki prabu, nayaka siji bae yèn pancèn pintêr lan sudira ambêge, bisa nêlukake hawa nêpsune, wicaksana sarta mulur nalare, iku bisa urun kabêgjan gêdhe marang ratu utawa pangeran dipatine, mula ingsun takon marang sira, apa sira wus duwe nayaka kang mangkono kaanane. Apa sira wus ngudi nyumurupi tirta wolulas, darbèke mungsuhira, lan tirta limalas, darbèkira dhewe? mataha têlik julig têlu kang kanggo mêruhi tirtaning mungsuh, têlu kanggo tirtanira dhewe mau, nanging têlik siji lan têlik liyane aja kongsi ngêrti yèn iku têlikira. Hèh, pangrurahing satru, waspadakna pangrurahing mungsuhira, nanging sêdyanira mau aja kongsi kawruhan. Hèh, kaki prabu, apa brahmana pêpundhènira iku, analangsa ambêge, darah murni misuwur linuwih, ora mêrêng, luhur ambêge. Apa kang sira patah gawe

--- 24 ---

sêsaji sabên dina ing sangarêpe gêni sukci, iku wus sira pilih pancèn brahmana kang wus sayogya nglakoni mangkono limpat sarta prasaja budine, lan yèn gawe sêsaji Homa apa ora tau oncat wancine kang amarga ngêntèni sira. Utawa sajrone sira sêsaji iya ngêntèni sarampunge? Apa para nujum palintangan kang sira abdèkake iku iya putus marang kawruh wirasat lantip marang sasmita, sarta bisa ngêndhih pakartining kodrat. Apa anggonira matah pakaryaning para kawula wus patitis, upamane kang andhap-asor kapapana ing panggonan kang kêna diambah ing wong kang watake ngarah apa, dene kang asor budine kapapana ing panggonan kang isine remah-rèmèh. Apa kang sira patah nindakake parintahan pêrlu, iku wus milih nayaka kang ora culika ambêge, sarta kawruhe agal alus, luwih tinimbang pêpadhane manusa. Apa kawula kang luput nuli sira pidana kang abot. Hèh, banthènging têdhak Bharata, apa para nayaka anggone nindakake parentah wus anut kaya parentahira, ora nyapèlèkake marang sira, kaya para brahmana tukang sêsaji anggone ngrèmèhake marang wong kang babar pisan wus ora bisa gawe sêsaji, kaya wong wadon kang daksiya lan nasar lakune. Apa senapatining paprangan iku wus sira pilih kang santosa, kêndêl, pintêr, sabar, utawa putus kawruhe marang wadining prang, darahing ksatriya bêkti marang sira, sarta pancèn wus pantês anglungguhi drajat kasenapatèn, sêrêng ing gawe, sarta bêcik kalakuane, lan prawira punjul. Apa wus ajêg anggonira mbalanja lan awèh pangan lawan wadyanira, ora onya saka

--- 25 ---

wanci kang wus tinamtokake kangge nyadhongi lan mblanja. Apa sira wus ora tau ngurangi pêpancine, awit walêting balanja sarta lungsène anggone nyadhongi pangan, iku nuwuhake laku kang ora prayoga, marang wadyanira, malah asring kongsi gêlêm njarah-rayah. Kang mangkono diarani piala gêdhe ana panganggêpe para wicaksana. Apa kang padha dadi panggêdhening prajanira iku darahing ngaluhur sarta padha bêkti marang sira, kanthi lagawaning ati. Pangarêp-arêp ingsun, aja kongsi ana wong durung bisa mangrèh ardane, sira lilani nindakake parentah kang kudu kadhawuhake marang sakèh wong kang dadi wawêngkonira. Apa wadyanira wus bisa ngêntasi panggawe pêrlu, sarana ngêtok kaprawirane ora ana cuwa atine, kang banjur ora sira parêkake, utawa ora sira undhaki pangan lan pêpancine, wong pintêr, wong nalangsa, putus marang sarupaning kawruh, padha ganjarên mas picis rajabrana, lan unggahna pangkate, nanging kang laras lawan kabisane. Hèh, bêbanthènging darah Bharata, apa sira wus ngayomi anak rabine wong kang wus ngêtohake patine sarta anggone labuh ing sira. Hèh, atmajane Prita, apa mungsuh kang wus tanpa daya, sarta nungkul amarga kasoran prange mungsuh sira, wus sira ayomi, kanthi sih trêsna, kaya sih trêsnaning bapa marang sutane. Hèh, ratuning bawana, apa sira bisa momor lan sarupaning golongan, lan wus bisa ngalap sihing ngakèh, kaya sihing suta marang bapa biyunge. Hèh, pêpêthinganing darah Bharata, yèn sira miyarsa, manawa prajaning mungsuhira nandhang karusakan,

--- 26 ---

enggal lurugana prang, ngirit wadya têlung golongan, dhuh, pangêndhaking satru, nanging anggonira ngangkatake wadyanira, ngêntènana manawa wus tamat anggonira niti sakèhing sasmita kang sira têmu, sarta manawa wus rampung pangrancange anggonira nêmpuh, kang kongsi kêna katamtokake yèn bakal unggul, iku gumantung ana mandhasar rolas warna (inggih punika, sadhiyan tambaha wadya, ngawontênakên papan pasingidan, tuwin sapanunggilanipun malih), sarta sawuse kabèh wadyabalanira nampani balanja. Hèh, pangrurah satru sêkti, yèn bisa antuk sarana, kabèh kondhange senapatining mungsuh, padha warêkana rajabrana, nanging kang alus, aja kongsi kanca-kancane ana kang wêruh, mung bae pilihên êndi kang pancèn sugih pêpenginan, nanging kênane sira tumindak mangkono iku, yèn sira wus bisa mangrèh cipta, sarta ngêndhakake kêkarêpanira dhewe. Sadurunge sira mangkat nglurug, sira kang bisa supêkêt marang wadyabalanira dhingin, sarta sadurunge mangkat prajanira santosakna dhisik, kêthokên pambudidayanira anggonira arêp unggul. Sawuse kêna sira têlukake, ngangkaha bisa ngayomi, kongsi wong têlukanira iku padha karima atine. Apa wadyanira patang golongan, yaiku: 1. wadya kang putus panggladhine, 2. wadya andhungan kang kanggo mbiyantu yèn pêrlu, 3. wadya tukon, 4. wadya kang durung rampung panggladhine, kang sagolong-golongane ana sacamu, uga têtêp isi wolung warna, kaya ta: wadya rata, wadya dirada, wadya turangga, wadya dharat, para kundhang, kang kapatah nggawa piranti, para têlik kang wus

--- 27 ---

tamat marang prajaning mungsuh, lan wadya kang nggawa kêkandha sarta daludak, iku wus padha rampung panggladhine, lagi kêna diangkatake. Hèh, ratu binathara, yèn nggêpuk mungsuhira aja sira maèlu mangsa, panèn apa pacêklik kêna bae. Para wadyabalanira padha parentahana, supaya padha anêtêpi wajibe dhewe-dhewe, sarta padha tulung-tinulungan, nadyan sajrone ana nagarane dhewe, apadene ana nagarane mungsuh. Hèh, kaki prabu, sira mataha wadya kang kêna pinitaya, juru ngrukti papan, panganggo lênga utawa jêbadah[2] kang sira pêrlu nganggo, kabèh rajabrana, wadhahing tandhon pangan, panggonan wadhahing piranti prang, gêdhong panggonane bocah wadon, kudu karêksa ing kawula kang sih trêsna sarta kawistara tansah ngangkah kabêcikanira. Kaki prabu, kang dhingin sira maspadakna para kawula lan pramèswari utawa janma liya-liyane kang padha ana jro kadhatonira, kanggo karêksane karaharjanira, sawuse titi pamawasira marang kawula, nuli maspadakna marang kadang kadeyanira. Hèh, kaki Yudhisthira, apa nayakanira lan liya-liyane, durung matur rêrasan lan sira, bab kèhing waragat kang kanggo tuku pangunjukan, waragat kanggo cangkrama, sarta kanggo anggêganjar marang wong wadon. Apa kêkurangane waragat pancène kanggo kabèh mau, nuli sira êjogi saka pamêtunira dhewe. Para putra santana, para luhur, sarta para among dagang, wong tuwa utawa liya-liyane, apamanèh wong sangsara, apa wus sira ngrujug sandhang pangan, mas picis rajabrana. Apa nayaka kang sira pitaya ambayar sakèh kabutuhanira, [kabu...]

--- 28 ---

[...tuhanira,] rigên, satiti, bêcik marang kanca, lan dhêmên marang karaharjanira, mangka ora darbe kaluputan, kongsi sira lèrèni saka panggaweane? Hèh, darah Bharata, apa sira ngawulakake wong pilihan, asor pambêgane, lan wong kang sêmbrana, sarta sawuse sira tinting wêwatêkane banjur sira patah ing kawajiban kang laras lan watake. Hèh, ratu linuwih, apa kang sabên-sabên sira utus nindakake karsanira iku dudu wong candhala budi, dhêmên wadul, dhêmên mêmungsuhan utawa durung diwasa. Apa anggonira maspadakake kaananing prajanira, iku nganggo pambiyantune wong cilik utawa ngutuh, wong durung diwasa, utawa wong wadon. Apa wong tani ing jroning nagaranira ora kaprungu panggrêsahe. Apa ing ngêndi-êndi wus sira iyasani wadhuk patandhoning banyu, dadi wong among tani ora kêbangêtên anggoning tansah ngarêp-arêp tibaning udan. Apa wong tani wus ora kêkurangan wiji utawa pangan. Wong tani kang ora duwe winih, padha wènèhana, kang minangka lirune, sira anjupuka saprapating kauntungane. Kaki prabu, apa pambudi patang prakara, yaiku: among tani, kriya, nangkarake rajakaya, lan potang silih, kang nindakake kabèh mau wong kang prasaja ambêge, awit kamulyane para kawula mau gumantung ana ing kono. Apa sujanma lima, ambêg sudira lan wicaksana, kang sira patah nindakake parentah limang warna, yaiku: 1. kang kapatah rumêksa tata têntrêm, 2. nguwasani bètèng, 3. nguwasani lakuning dagang, 4. nguwasani têtanèn, 5. nguwasani pangadilan iku anggone nindakake kawajibane padha tulung-tinulung

--- 29 ---

lan kancane. Kanggo amrih rahayune nagara, lan desa-desa, bêcik ditata kaya ta: kutha, padhukuhan, padhukuhan kadadèkna siji lan desa sacêdhake. Kudu kaurutake sarta karêksa kang têrtip. Apa durjana kang ngrusuhi kutha, lan padesan wêwêngkonira, wus padha cêkêl sarta dioyak dening para rumêksa praja, nadyan durjana mau manggon ing peranganing gunung utawa guwa-guwa pisan. Hèh, kaki prabu, apa wong wadon isining nagaranira, wis padha sira ayomi, ewadene pamujiningsun, sira aja mitaya prakara wigati marang wong wadon, lan aja nglairake wadi marang wong wadon. Hèh, ratune bangsa Kuru, manawa sira krungu yèn prajanira katêkan bêbaya, nadyan wus sira pirantèni apa kang dadi panulake, ewadene sira iya aja lêstari ngenak-enak, ana jroning kadhaton, karo mangun sukaning panggalih. Saparo apa sapratêloning wêngi anggonên nendra, kang sapratêlon anggonên ngrasakake agama, kang sapratêlone manèh kanggo ngrasakake lakune amrih mulyaning praja. Hèh, Pandhuputra, kang ajêg anggonira tangi, nanging nuli rêrêsika lan manganggoa, sawuse banjur miyosa siniwaka wawan sabda lan para nayakanira kang limpat ing budi. Apa sira tansah rinêksa ing janma panganggo abang, lan kang sarwa adi, karo wus sikêp pêdhang ligan. Hèh, ratu linuwih, tandukira marang kang kudu tampa paukuman, apa kang kudu kawisudha, marang janma kang sira trêsnani utawa ora, nulata lêkase dewaning adil. Hèh, atmajane Prita, yèn usada kanggo lêlaraning raga kudu medahake tamba lan cêcêgah, yèn kanggo maluya laraning ati migunakake pituduhe para

--- 30 ---

wrêdha. Pamujiningsun muga sakèhing dhukun kang padha rumêksa kasarasanira, padha putus marang kawruh kasarasan wolung prakara, sarta padha sungkêm lan bêkti ing sira. Hèh, darah Bharata, apa sira kêrêp kêpêtêngan anggonira nêdya ngadili marang wong-wong kang padha njaluk adil marang sira, kagawa saka pilih kasihira, cupêting kawruh utawa adigunging ambêg, apa saka kamelikan. Apa sira tau nyuwak pêpancine para wong kang wus dhongkol, kang padha nyuwun pangayoman ing sira, kagawa saka sih trêsna, sarta ngandêl marang kabêcikanira. Apa wong ing nagaranira ana kang ngalap opah marang mungsuh, banjur padha sakuthon, gawe dhadhakan cêcongkrahan lan sira. Êndi mungsuh kang ringkih enggal têlukna sarana kêkiyataning wadyabala, dene mungsuh kang rosa kalahna dening kajuligan lan kaprawiraning wadyanira. Apa para panggêdhe ing wêwêngkonira padha bêkti marang sira, apa kabèh mau padha gêlêm labuh pati, kosokbaline apa sira uga ngaji-aji marang para brahmana lan para wicaksana manut sapira lêlabêtane marang prajanira, yaiku anggone rumêksa nagara sarana kaluwihanira. Wruhanira, Yudhisthira, wus ora sêmang-sêmang manèh, yèn pangaji-ajinira mau nuwuhake kabêgjan. Apa sira pracaya marang agama kang awêwaton Wedha têlu iku, sarta wus diidhêp janma pira-pira sadurunge sira dumadi. Apa kanthi pangati-ati anggonira nulad lêkase wong-wong kang ngidhêp iku mau. Para brahmana kang putus marang saliring kawruh, padha aturana bujana ing kadhatonira. Sunggatanên dhêdhaharan kang mirasa

--- 31 ---

lan kang mawèh kasarasaning badan. sajrone para brahmana mau bujana, tunggonana, sabubaring bujana nuli pisungsungên mas picis. Darbea sêdya arêp gawe sêsaji Wajapeya lan Pundharika, kongsi sampurna, karo ora karêgêdan ing kamurkan, mung mêlênga sawiji nêdya nêtêpi sêsajinira. Angajènana para luhur sarta pandhuwuranira, para wrêdha, para jawata, para pandhita, brahmana sarta kayu gêdhe-gêdhe, kaya ta: wit baniyan kang ana padesan, kang dadi pêpundhène wong-wong ing kono. Hèh, ratu kang tan kalèpèntan[3] ing dosa, aja pisan gawe sêrik sarta kanêpsone sapa bae. Apa sira lêstari rinakêtan brahmana kang tansah misungsung woh-wohan kang makolèhi. Hèh, kaki prabu, apa sêdya lan panggawenira wus kaya kang ingsun tuturake kabèh mau. Apa sira wus gawe luhuring uripira, gawe misuwur sarta ambiyantu anêtêpaka[4] tatanan agama, karo gawe kasênêngan, lan kabêgjan. Sing sapa ratu anut sapituduh ingsun iki, nagarane têmtu yèn kalis ing bêbaya sarta kasangsaran, bisa mangrèh jagad, saha ngrasakake kamulyan gêdhe. Pamujiningsun, aja ana wong bêcik ambêge, sukci atine lan kaaji-aji ing ngakèh, kongsi kapidana saha pinilara, awit kadakwa nindaki kadurjanan, dening nayakanira kang tuna ing budi, sarta kasasar lakune, awit tinuntun ing pêpenginan. Hèh, pêpêthinganing manusa, muga nayakanira aja kongsi ngluwari durjana kang kacêkêl anggone maling sarta wus kacihna utawa kasêksèn yèn nyata gêlêm nglakoni kadurjanan, kang anggone ngluwari mung saka watak

--- 32 ---

ngarah apa. Hèh, Yudhisthira, muga nayakanira aja ana kang gêlêm nampani rêruba, dadi yèn ana kawulanira kang sugih prakara lan kawulanira kang mlarat, lêstari jêjêg adile. Apa sira wus ora nglakoni panggawe patbêlas warna, yaiku panggawe apêse para nata, kaya ta: 1. ora pracaya marang dewa, 2. ora têmên, 3. nêpsu, 4. ora wêweka, 5. dhêmên sêmaya, 6. ora dhêmên sêsajèn ing padunungane para wicaksana, 7. kêsèt, 8. atine ora jênjêm, 9. têtarèn mung marang wong siji, 10. tataringan lan wong ora wêruh marang kawruh lakuning pangupaboga, 11. murungake rêrantaman, kang wus katêtêpake, 12. dhêmên ngêndhakake apa kang wus karêmbug ing parêpataning para nayaka, 13. ora nggarap sadhengah kang têtela migunani, 14. nglakoni panggawe karo ora dipikir dhisik. Wruhanira kaki prabu, nadyan ratu binathara, kang bandha-bandhu, bisa kalakon tiba saka dhampare, yèn gêlêm nglakoni panggawe patbêlas warna iku. Kajaba kabèh mau, apa sira wus ngundhuh wohe anggonira marsudi Wedha, sarupaning shastra, kasugihan, sarta anggonira nambut silaning akrama?

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Satêlasing pangandikanipun sang maharsi, Prabu Yudhisthira nêmbah sarwi matur: "Dhuh, maharsi, mugi kaparênga ngandikakakên, kadospundi wujuding wohing marsudi Wedha, shastra, sugih tuwin nambut sinaling akrama?"

__________

--- 1146 ---

Catatan kaki:

1. kadhatonipun (kembali)
2. jêbad (kembali)
3. kalepetan (kembali)
4. anêtêpake (kembali)