Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 4.

7 April 1958.

Dhawuh wangsulanipun sang maharsi: "Wedha bakal anguwoh, yèn kang marsudi mau gêlêm sêsaji agni hotra, sarta sêsaji liya-liyane. Kasugihan bisa anguwoh, yèn dianggo mangun suka, sarta kanggo wèwèh kang padha pêpariman, panguwohe wong nambut silaning akrama iku sêsuta, wohe wong marsudi shastra, yèn dilakoni pituduhe, nalangsa, lan ngangkah ambêciki kalakuane."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun mangsuli pangandika makatên wau, sang maharsi lajêng ngandika malih dhatêng Sang Yudhisthira makatên: "Kaki prabu, apa nayakanira kang pamêtune mung saka anggone mupu beya, marang sakèhe among dagang saka praja liyan, golèk kauntungan ing prajanira, wus samurwat pamupune. Apa among dagang kang anane ing prajanira diaji-aji samurwate, sarta karaksa, padha gêlêm nggawa dagangane, ora kaprungu panggrêsulane, jalaran ora ana kang nukoni, utawa kakehan pambayare beya. Dhuh, kaki prabu, tansah anilingna swaraning wulang agama, sarta swara jalaraning olèh kauntungan, kang kawêdhar saka tutuke para wrêdha kang lêbda marang kawruh iku mau, sarta misungsunga madu lan martega sukci marang para brahmana, kanggo sarana bisane akèh pamêtune para among tani, utawa misungsung sapi, woh-wohan, lan kêmbang, kanggo sarana olèh sêsêbutan utama. Kaki prabu, apa sakèh kriya sarta undhagi sapadhane, kang padha nambut karya, wus ora kêkurangan piranti, lan ajêg anggone nampani opahan, sarta anggonira ngabdèkake para

--- 1147 ---

kriya sapêpadhane mau, sataun-taune aja luwih saka patang sasi, apadene sawuse rampung panggarape apa iya sira priksa sarta sira alêmbana. Yèn ngalêmbana ana ing ngarêpe wong kang bêcik pambêgane, sawuse sira pamèrake kagungane nuli kaganjara. Hèh pêpilihane darah Bharata, mituhua marang pituduhing pandhita, kang pancèn kudu sira lakoni, mêruhi lan mangrèh dirada, kuda, lan angusiri rata paprangan, yèn pituduhe bab sikêp lan mêruhi wataking gêgaman, panganggo, utawa piranti prang, sarta gêdhe pigunane ana ing kutha-kutha, lan panggonan kang kanggo bètèng, budinên kongsi sampurna ana ing sajroning kadhaton. Hèh ratu utama, apa sira uga prigêl sikêp saliring gêgaman, sarta mêruhi wadi kanggo amrih apêsing mungsuh. Ing prajanira sadhiyanana piranti kanggo nanggulangi yèn katêkan bêbaya gêni, kalêbon ula, sarta sato galak liyane, kang bisa anjalari pati, utawa raksasa. Sira wêruh marang sarupaning wajib, mula sira miloloa wong wuta, bisu, lumpuh, cacat liya-liyane, wong lola, para tapa kang ora darbe padunungan kang têtêp, kaya bapa anggone milala anake. Hèh, ratu binathara, apa sira wus bisa mangrèh wataking badan nêm warna, yaiku: dhêmên turu, ngêsèt, jirèh, nêpsu, ora duwe kakêncêngan lan dhêmên sêmaya?"

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi Prabu Yudhisthira bêbanthènging bangsa Kuru midhangêt pangandikanipun Maharsi Naradha, brahmana linangkung, makatên wau, saking kasoking panggalih, enggal nyungkêmi padanipun sang maharsi, kalihan matur

--- 1148 ---

makatên: "Pukulun, pangandika paduka wau, badhe kula èstokakên sadaya, awit kula andugi manawi kula ngèstokakên sadaya wau, badhe tansah wêwah-wêwah kabêgjan kula." Mangka Sang Yudhisthira têtêp kados aturipun dhatêng sang maharsi, inggih punika ngèstokakên sadaya wau, mila lajêng mangrèh para ratu saindênging bawana. Rikala samantên Maharsi Naradha ugi ngandika, manawi ratu wajib ngayami bangsa sêkawan pisan, inggih punika: brahmana, ksatriya, waisya, tuwin sudra, manawi makatên wontên ing marcapada jinurung ing dêlahanipun sagêd dêdunung ing kahyanganipun Bathara Sakra.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping gangsal, perangan Lokaphala Sabhakyana, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 6. SAMBÊTIPUN LOKAPHALA SABHAKYANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Prabu Yudhisthira, sangêt karênan dhatêng pangandikanipun Maharsi Naradha sadaya wau, mila saya wimbuh pamundhi-mundhinipun dhatêng sang maharsi. Nalika kadangu wangsulanipun sang prabu, cêkak nanging patitis.

Atur wangsulanipun Prabu Yudhisthira makatên: "Dhuh, pukulun sang maharsi, kasunyatanipun piwulang agami tuwin kasusilan ingkang paduka dhawuhakên satunggal-tunggal, punika têtela luhur saha maton. Kula sampun darbe pangangkah nêdya nglampahi sadaya wau, sakêtoking

--- 1149 ---

karosan kula, sadaya pandamêl ingkang sampun dipun tindaki para nata ambêg utami ing kina, punika têtela nguwoh kasaenan, awit sampun mawi pamilihing buddhi, murih kalampahan prayogi kula dalah para kadang Pandhawa sanès-sanèsipun, sami kêpengin langkung ing margi ingkang sampun kadalajah ing para nata ing jaman kina, nanging têtela kula botên sagêd langkung ing ngriku, manawi botên nulat lêkas anggènipun mangrèh cipta."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Pandhuputra Sang Yudhisthira, sasampunipun matur makatên, ing batos ngunandika punapa ingkang prayogi kaaturakên ing sang maharsi, wasana kèngêtan dhatêng karsanipun ingkang sampun dangu sumimpên ing têlênging panggalih, sarta anggènipun ngaturakên wontên ngarsanipun para brahmana miwah para ksatriya kathah, aturipun makatên: "Dhuh, maharsi, lampah paduka rikat kadi kêclaping cipta, paduka kawasa njajah jagad pintên-pintên ingkang sampun dumados ing kina, mila sampun saèstu paduka priksa isinipun jagad-jagad sadaya wau. Awit saking punika punapa pukulun wuninga pandhapi ingkang wêwangunanipun kadi pandhapi kula punika, utawi punapa saenipun wontên ingkang ngungkuli." Rêsi Naradha mèsêm, wasana alon wijiling pangandikanipun.

Pangandikanipun Rêsi Naradha makatên: "Kaki prabu, yèn ing marcapada ingsun durung tau wuninga pandhapa kang ginawe saka sêsotya nawa rêtna kaya pandhapa iki. Pancèn kadhatonira endahe tanpa sama yèn ing

--- 1150 ---

marcapada, nanging sira nêdya ingsun caritani kaanane pandhapa kêdhatone Bathara Yama, Bathara Baruna, Sang Hyang Indra, lan uga kadhatone Hyang Kuwera ing wukir Kelasa, apadene sira iya bakal ingsun caritani, kaanane sabha (pandhapa) ing kadhatone Sang Hyang Brahma. Ing kono bisa dadi pambirate rasa kang ora têntrêm. Sakèh pandhapa kang nêdya ingsun tuturake marang sira iku kabèh wangune dipiritake wanguning pandhapa iyasaning manusa lan dewa sarta dhapukan saka sakèhing wêwangunan kang wus kagêlar ing jagad-jagad iku kabèh. Wangun mangkono dianggêp bêcik dening para dewa, para pitri, para sadya (para dewa ingkang asor ugi dipun sêbut para gana), para pandhita, kang dhêmên sêsaji, lan wus bisa mangrèh cipta, para mauni ambêg rahayu, tanpa kêndhat asêsaji anut warahing Wedha, karo ingèstrèn brahmana, kagawa saka patakonira, mula ingsun bakal nyaritake sakèhing sabha, kang wus ingsun wêruhi."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi makatên pangandikanipun sang maharsi, Pandhawa tuwin têtungguling brahmana, lajêng sami tumungkul asta ngapurancang, ingkang mratandhani badhe andêlingakên pamiyarsa, nanging Sang Prabu Yudhisthira lajêng matur dhatêng sang maharsi makatên: "Pukulun, manawi paduka kêparêng nyariyosakên sabhanipun para dewa, kula tuwin sanès-sanèsipun, ingkang sami nglêmpak ing riki sangêt mangayubagya, awit sadaya sami kêpengin priksa kadospundi kawontênanipun. Dhuh, musthikaning

--- 1151 ---

brahmana, satunggal-tunggaling sabha ing kadhatoning dewa punika kadamêl saking punapa, ukuran panjang wiyar, tuwin inggilipun sapintên, sintên ingkang wontên ing sabhanipun Hyang Brahma, manawi nuju siniwaka, tuwin sintên ingkang ngadhêp Hyang Indra (Wasawa), ratuning dewa, tuwin sintên ingkang ngadhêp Bathara Yama, putranipun Hyang Wiwaswat, sintên ingkang ngadhêp Bathara Bharuna tuwin Hyang Kuwera. Dhuh, brahmarêsi, paduka mugi kaparênga ngandikakakên sêdaya, suwawi pukulun, tumuntên dipun wiwitana, awit adrênging kêpengin badhe mirêng, saya botên kenging pinambêngan. Maharsi Naradha lajêng mangsuli pangandika: "Kaki prabu, mara piyarsakna anggon ingsun nyaritakake sabha kabèh mau."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping nênêm perangan Lokaphala Sabhakyana, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 7. SAMBÊTIPUN LOKAPHALA SABHAKYANA PARWA.

Rêsi Naradha ngandika: "Wruhanamu Pandhawa, kadhaton ing kaswargan, kahyangane Bathara Sakra, iku kaanane sarwa adi, yaiku woh panggawene Bathara Sakra. Hèh têdhak Kuru, pandhapane kadhaton mau mawa praba sumunar kaya srêngenge, iyasane Bathara Sakra dhewe, iku bisa ngolah-ngalih panggonan, ukuran dawane ana satus sèkêt yojana, ambane satus, dhuwure limang yojana. Pandhapa mau angêlam-êlami, kang ana ing kono ora bisa tuwa,

--- 1152 ---

dadine sarana karahayon lan kabêgjan. Ing kono sininggêt-singgêt sarta didokoki palungguhan pira-pira, ing sakubênge tinanduran wiwitan kaswargan. Hèh, Pritaputra, yèn nuju siniwaka, ratuning dewa mau ana ing pandhapa kono, lênggahe anèng dhampar adi, jèjèr kalawan pramèswarine kang kêkasih Dèwi Kaci, kang sulistya ing warna sarta tanpa kuciwa. Bathara Sakra ratuning dewa, layak bae yèn diriya, awit sulistyane warnane nganti ora kêna dicandra, ngagêm makutha, gêlang lan kêlat bau, pinathik ing sêsotya. Pangagêmane sarwa putih, sangsangane uncèn-uncèn kêmbang mancawarna, sarirane katon sigrak, dêdêg lêncir mantêsi. Ratu binathara, dewa brêgas mau, yèn siniwaka ana ing pandhapane kaadhêp sagolongane para maruta, iya kang kapatah ngrukti kadhatone Hyang Indra. Kajaba para maruta, uga ana para siddha, para saddhya, para dewa kang sumunar cahyahe, sarta nganggo jamang kancana, lan para rêsi kaswargan, kabèh mau padha manganggo sarwa adi, dadi amimbuhi asrining pandhapa. Hèh, Pritaputra, para rêsi kaswargan iku wus padha sirna dosane, ambêge sukci prabane mancorong kadi urubing gêni, sêpi prihatin, wasis gawe sêsaji soma, Maharsi Parasara, Maharsi Sangka, Mauni Gosira, Maharsi Durwasa, Maharsi Krodhana, Maharsi Swena, Maumi[1] Dirgatama, Maharsi Pawitrapane, Maharsi Yacnawalkya, Maharsi Bhaluki, Maharsi Udhalaka, Maharsi Swetaketu, Maharsi Tandya, Maharsi Bandhayaki, Maharsi Awismat, Maharsi Gharista, Prabu Haricadra, Sang Hredya, Sang Krêsiwala,

--- 1153 ---

Sang Wataskanda, Sang Astri, Sang Wiswakarman, Sang Tumburu lan para rêsi liya-liyane manèh, kang wujud wanita utawa priya, sapêpadhane kang dhahare mung hawa bae, utawa dhahare mung gêni. Kabèh mau uga padha marak marang jawata kang gêgaman gêlap, iya ratuning tribawana. Kang seba ing pandhapa mau ora mung kang wus sun tuturake, isih ana manèh liyane, kaya ta: Sang Sahadewa, Sang Sunita, Sang Walmiki, kang sinung nugraha gêdhe, Sang Kamika, kang prasaja wicarane, Sang Praceta, kang ora tau cidra ngubaya, Sang Medatithi, Sang Mamadewa, Maharsi Pulastya, Rêsi Pulaha, Rêsi Kratu, Sang Bhayu, Sang Marici, Sang Sêntanu, kang sinung nugraha gêdhe, Sang Kaksiwat, Sang Gotaman, Sang Tarkya, Sang Asrawya, Sang Hiranmaya, Sang Sanwarta, Sang Dhehawiye, Sang Wiswasena, kang linuwih kasêktène, Sang Kanwa, Sang Katyayana, Sang Ghakya, Sang Kosika, kabèh dewa kang rumêksa banyu lan thêthukulan, dewa kang piyandêl, kapintêran, kaluwihan, kabêgjan, agama, kasênêngan. Dewaning pêdhagang, para dewa kang rumêksa mêndhung angin, galudhug, balêdhèg sapêpadhane, kang rumêksa keblat wetan, gêni pitu likur kang nglanturake gêni martega sêsaji, Bathara Agni, Bathara Sona, gêni kagungane Hyang Indra, Bathara Mitra, Bathara Sawitri, Bathara Aryaman, Bathara Bhaga, para wiswa, para sadhya, kang minangka guruning para dewa, Sang Wrehaspati, lan Sang Sukra, Sang Wiswawasu, Sang Citrasena, Sang Sumana, Sang Taruna, para dewa kang rumêksa sêsaji, pawèwèh marang brahmana, lintang-lintang, sarta dewa

--- 1154 ---

kang andayani mantra, kang kaucapake ing sêsaji. Kaki prabu, pira-pira apsara, kang endah warnane, lan para gandarwa kang manêmbrama Risang Satakratu [Indra], dewa pangrurah Asura Wala lan Writa, karo malenggot bawa, sarta kêkidungan. Kajaba kang wus ingsun caritakake mau, akèh brahmana, narendra, lan rêsi kaswargan kang têka utawa ninggal pandhapa mau, kabèh mawa praba sumorot kaya gêni murub, padha gêgêlang, kêlat bau lan jamang, saka oncèn-oncèn sêsotya, sangsangan sêkar rinonce, wahana rata kaswargan, kang warna-warna wangun lan rêrênggane. Rêsi Wrihaspati lan Rêsi Sukra, sabên ana prakara gêdhe têmtu rawuh ing kono. Para rêsi para dewa, lan liya-liyane sarta pandhita kang padha têtêp ing sêsanggêman, tanpa kêndhat têka lunga saka kono, kabèh padha wahana rata, kaya agême Bathara Soma, apadene guwayane, iya sumorot. Dhuh, narendra kang santosa baune, mangkono mau pandhapane Sang Hyang Indra kang wus ingsun sumurupi. Pandhapa mau sinung aran: Puskaramalini. Mara samêngko piyarsakna carita kaanane pandhapa kadhaton kahyangane Bathara Yama."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitu, perangan Lokaphala Sabhakyana, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 8. SAMBÊTIPUN LOKAPHALA SABHAKYANA PARWA.

Rêsi Naradha cariyos malih: Wruhanamu Yudhisthira, [Yudhis...]

--- 1155 ---

[...thira,] samêngko ingsun arsa nyaritakake pandhapa kêdhaton kagungane Bathara Yama, putrane Sang Hyang Wiwaswat. Pandhapa iku mau iyasane Bathara Wiswakarma, mara dêlingna dak wiwitane.

"Hèh, kaki prabu pandhapane Bathara Yama iku mawa praba kaya kancana sinangling, ambane luwih saka satus yojana pasagi, sadhengah kang dipengini para kang ana ing pandhapa mau têmtu banjur ana, banyu ing kono bisa adhêm utawa panas, bisa solan-salin rasa, kaya kang dikarêpake kang arêp ngombe, dene kang padha saba ing kono mau, sakèh para pandhita sukci, para brahmana kang mêsubrata lan kaanane sarwa sukci. Kabèh iku padha ngadhêp marang Bathara Yama, putrane Sang Hyang Wiwaswat. Yèn Ratu Prabu Yayati, Sang Nahusa, Sang Puru, Sang Makmatri, Sang Somaka, Sang Griga, nata pinandhita, Sang Trasdasya, Sang Kartawirya, Sang Sutasrawa, Sang Aristamêmi, Sang Sinsa, Sang Krêttawega, Sang Krêti, Sang Nimi, Sang Pratandhaka, Sang Siwi, Sang Mahatya, Sang Prêtulaksa, Sang Wrehatrata, Sang Wartta, Sang Maruta, Sang Kusika, Sang Sangkaswa, Sang Sankuti, Sang Druwa, Sang Caturaswa, Sang Sadaswormi, Sang Bharata, Sang Suratha, Sang Sumita, Sang Nisatha, Sang Nala, Sang Diwadasa, Sang Sumana, Sang Amwarisa, Sang Baghirata, Sang Wyaswa, Sang Sadaswa, Sang Wadraswa, Sang Prathuwega, Sang Praithusrawa, Sang Prisadasswa, Sang Wasumanas, Sang Supa, Sang Sumahawala, Sang Wrêsadgu, Sang Wrêsasena, Sang Purukutsa, Sang Dwaji, Sang Ratin,

--- 1156 ---

Sang Arstisena, Sang Dwinipa, kang luhur ing budhi Prabu Usinara, Sang Usinari, Sang Pundhirika, Sang Saryati, Sang Sarawa, Sang Suci, Sang Angga, Sang Rissa, Sang Wena, Sang Diswanta, Sang Sranjaya, Sang Jaya, Sang Banggasruri, Sang Sunitha, Sang Sinisadha, Sang Wahirana, Sang Karandama, Sang Walakika, Sang Sudyumna, Sang Madu ingkang kinawasa, Sang Aila, Sang Maruta, ratu kang misuwur ing bumi, Sang Kapotaroman, Sang Trinaka, Sang Sahadewa, Sang Arjuna, Sang Wyaswa, Sang Saswa, Sang Kresaswa, Prabu Sasawindu, Sang Rama, putrane Sang Dasarata, Sang Laksmana, Sang Pratardhana, Sang Alarka, Sang Kaksasena, Sang Gaya, Sang Goraswa, Sang Rama putrane Rêsi Jamadaknya, Sang Nabhaga, Sang Sagara, Sang Bhuridyumna, Sang Mahaswa, Sang Prithaswa, Sang Janaka, Prabu Waikya, Sang Warasena, Sang Purujit, Sang Janamêjaya, Sang Bramadhata, Sang Trigata, Prabu Uparicara, Sang Indradyumna, Sang Bhimajanu, Sang Gorapristha, Sang Kala, Sang Kaya, Sang Patma, Sang Musukundha, Sang Bhurisdyumna, Sang Prasenajid, Sang Aristamèni, Sang Sudyumna, Sang Prethalaswa, Sang Astaka, para ratu bangsa Matsa satus, para nata bangsa Wipa satus, bangsa Haya satus, para nata satus kang jêjuluk Drêtarastra, para nata wolung puluh kang sinêbut Janamêjaya satus, bisa olèh sêsêbutan para Brahmadatta. Sang Iri, dene kang disêbut Bhaswa, luwih rong atus, yèn kang disêbut Bhima satus, Sang Pratiwindya, Sang Naga, Sang Haya, Sang Palasa, Sang Kasa, lan satus kang jêjuluk Kusa, Sang Santanu, ratuning para ratu,

--- 1157 ---

sudarmane Sang Pandhita Usanggawa, Sang Sawatatha, Sang Dewaraja, Sang Jayatrata, pandhita raja kang limpat ing budi Sang Wresadarwa, dalah para nayakane, ratu sèwu kang lumrahe sinêbut Sasawindu, kang mati sabubaring sêsaji jaran pira-pira, sarta misungsung para brahmana, kaki prabu, Ratu Dhandhata kang sukci-sukci, gêdhe lêlabêtane, lan akèh kawruhe marang sastra, para andhèr anèng pandhapane Hyang Yama Sang Kala, putrane Hyang Wiwaswat, Sang Agyantya, Sang Matangga, Sang Kala, Sang Mrêtyu, para kang têtêp marang sêsaji, para sadda, yogi pira-pira, para pitri, golongane para Agniswata. Pênapa, Ukrapa, Swadawat, Warhisandha lan para pitri liya-liyane, kang padha awujud dewa, kang rumêksa jantraning mangsakala. Dewa kang misuwur dadi panglantur martega sêsaji, kabèh kang padha kêna ing dosa, bangsaning manusa kang padha mati sajroning mangsa padiding, para nayakane Hyang Yama kang pinatar mêruhi pêpasthèning manusa, sarta kaanan liya-liyane danyang prayangan kang rumêksa kayu lan sukêt, Sang Sapa, Sang Palasa, Sang Kasa, lan Kusa, kabèh mau uga padha marak dewaning adil, kang ngratoni para pitri, sak akèhe kang padha ana pandhapane Hyang Yama, kongsi ingsun ora bisa ngarani jênênge siji-siji. Hèh, kaki prabu, sutane Prita, pandhapa kang bangêt anêngsêmake mau bisa ngalih panggonan, manut karsane kang manggon. Saba iku bawera angilak-ilak; Bathara Yama anggone iyasa pandhapa iku mau nalika mêntas tapa kongsi mataun-taun lawase. Hèh, darah Bharata, endahe pandhapa

--- 1158 ---

mau wus ora kêna cinandra. Para Sadhasin kang kêncêng tapa bratane, têtêp prasêtyane ora cidra ucape, têntrêm lan sukci atine padha katon mancorong dening kasorotan praba kasukciane, panganggone sarwa sukci, padha nganggo gêlang oncèn-oncèn kêmbang wêton ing kahyangan ingsun, nganggo anting-anting, badane mawa têngêr kang nuduhake drajade, kabèh mau ajêg padha têka ing Sabha mau, gandarwa linuwih lan apsara pira-pira. Panganggone ora ngumpul kabèh padha ngunèkake têtabuhan lan ngidung, lan jêjogedan karo suka-suka. Hèh, atmajane Kunthi, gandawida kang gandane wangi ngambar, arume swarane para gandarwa, sarta ubale gandane oncèn-oncèn kêmbang, gêlang sarta kalung, kabèh mau amimbuhi sênênge kang lumêbu ing kono. Wong maèwu-èwu kang padha ambêg utama, warnane ora siwah lan para dewa, wêgig marang samubarang, andhèr padha linggih ing pandhapa mau. Hèh, kaki Yudhisthira, mangkono mau kaananing Sabha kagungane ratuning para pitri. Samêngko ingsun nêdya nyaritakake Sabha ing kadhatone Hyang Baruna, kang aran puskaramalini."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping wolu perangan Lokaphala Sabhakyana, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 9. SAMBÊTIPUN LOKAPHALA SABHAKYANA PARWA.

Rêsi Naradha wiwit cariyos malih: "Wruhanira,

--- 1159 ---

Yudhisthira, Sabha kagungane Bathara Baruna iku endahe tanpa timbang. Yèn ukurane padha lan Sabhane Bathara Yama akèh saka lan korine katon putih mêmplak, adêke ana sajroning banyu, dene kang iyasa uga Bathara Wiswakarma. Sakiwa têngêning pandhapa mau kêkayon kaswargan, kang dumadi saka sêsotya nawarêtna, sarta tanpa kêdhat ngêmbang, mênthil. Akèh maligi saka rêrambatan, kang adine tanpa upama, kabèh kêbak kêmbang, ana kang biru, kuning, irêng dadu, putih lan abang. Sabha iku mau sinaba manuk pira-pira kang êlare amancawarna, tansah ngocèh sêsauran, swarane anêngsêmake, hawane sêdhêngan, ora adhêm ora panas. Sabha ing kadhatone Hyang Baruna kang anyênêngake, sarta putih warnane iku sininggêt-singgêt dadi pirang-pirang singgêtan, lan dipirantèni palinggihan, pira-pira. Ing kono mau palênggahane Hyang Baruna sapramèswari, yèn pinuju siniwaka, dene pangagêmane nganggo tinêpi ing sêsotya nawarêtna, wêton kaswargan, kang padha seba lan manêmbah ing ratuning banyu mau, para aditya, kang padha kalung oncèn-oncèn kêmbang, nganggo gandawida jêbadan kang amrik angambar gandane, agême para jawata. Naga Basuki, Naga Taksaka, Naga Erawata, Naga Krêsna, Naga Lohita, Naga Padma, Naga Citra, kang sêkti mandraguna lan Naga Kamwala, Naga Aswatara, Naga Drêtarastha, Naga Walahaka, Naga Katimat, Kundhara, Kakotaka, Dananjaya, Panimat, Kundha, kang linuwih pangwasane, Prahlapa, Musikadha lan Janamêjaya, kabèh padha darbe ciri kang dayane bêcik, darbe mandhala sarta sirah akèh. Kabèh

--- 1160 ---

naga padha manêmbah, sarta angratu marang Hyang Baruna, kajaba kang wus ingsun tuturake mau, ana manèh yaiku sarupaning dewa kang darbe gada kêna kanggo gêgaman. Para daitya, lan danawa kang ana ing Sabha mau, padha nganggo anting-anting, jamang, lan kalung oncèn-oncèn kêmbang, kaya sangsangane para dewa, sarta wus padha antuk nugrahaning dewa, mula padha sura sêkti mandraguna, nanging sêngsêm marang panggawe kang kasar-kasar, ewadene dhêmên nêtêpi sêsanggêman, kaya ta sang wali, sutane Wirocana, Sang Naraka, juru nêlukake jagad Sang Sanghrapa, Sang Wipraciti, Sang Kalakanja, Sang Suhanu, Sang Durmuka, Sang Sangka, Sang Sumanan, Sang Sumati, Sang Gathodhara, Sang Mahaparswa, Sang Karthana, Sang Pithara, Sang Wiswarupa Sang Swarupa, Sang Wirupa, Sang Mahasiras, Sang Dasagriha, Sang Bali, Sang Megawasas, Sang Dasawara, Sang Titipa, Sang Witabuta, Sang Indratapana. Wruhanira, kaki prabu jiwane sagara papat, kali Bhagirati, kali Kalindhi, kali Widhisa, kali Wenja, kali Narmada kang bantêr iline, kali Wipasa, kali Satadru, kali Candrabaga, kali Saraswati, kali Irawati, kali Witasa, kali Sindu, kali Dewanadhi, kali Godhawêri, kali Krêsnawaswa, kali Kawêri, ratuning kali, kali Kimaduna, kali Wisalya, kali Wetarani, kali Trêtiya, kali Jisthila, kali Sun-, kali Songani, kang uga diarani kali Gêdhe, kali Marcanwati, kali Parnasa, kali Sarayu, kali Warawata, kali Langgali, ratuning kali, kali Karatoya, kali Atrèyi, kali Sahanarpa kang abang banyune, kali Laghanti, kali Gomati, kali Sandya, kali

--- 1161 ---

Trisrotasi, utawa kali liya-liyane manèh, kang sukci sarta misuwur dadi panggonan kang prayoga kanggo mbangun kasukcian, lan talaga, sumbêr, blumbang bèji, tuk gêdhe cilik, kabèh padha manêmbah ing Bathara Baruna, ana ing Sabha, linuwih kang wus ingsun tuturake mau. Dewa kang rumêksa keblat, jagad, gunung, lan sarupaning iwak padha mara seba marang ing Bathara Baruna. Padha gandarwa lan para apsara, kang sêngsêm marang gêndhing-gêndhing, padha amundhi-mundhi ing panjênêngane. Kajaba kabèh mau, sarupaning kang rumêksa gunung kang ana pêlikane, sarta kang nêngsêmake padha ana ing Sabha mau, karo padha sapocapan lan kanca-kancane. Patihe Bathara Baruna kang aran Susunabha, saanak putune, uga seba ing Sabhamu, jèjèr lan dewa kang rumêksa banyu sukci aran Go, dadi kabèh kang wus sun caritakake iku kêna diarani wêwêngkone Hyang Baruna. Wuningan ingsun ing kono iku, iya sabên ingsun nganglang bawana. Mara samêngko gatèkna caritaningsun, kaanane Sabha kadhatone Bathara Kuwera.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sanga, perangan Lokaphala Sabhakyana, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 10. SAMBÊTIPUN LOKAPHALA SABHAKYANA PARWA.

Rêsi Naradha cariyos malih: "Wruhanamu kaki prabu, yèn pandhapane Hyang Waisrawana (Kuwera), kang sumorot iku, dawane satus, ambane pitung puluh yojana dene,

--- 1162 ---

kang iyasa Sabha mau panjênêngane Bathara Kuwera dhewe, dumadi saka pangwasaning kasêktèn, kang tuwuh saka tapabratane. Sabha mau mawa praba mancorong kaya pucaking Kelasa, yèn katêmpuh soroting surya ing wanci esuk, padhanging sorote kongsi nyurêmake rêmbulan lan yèn disawang saka kadohan kaya tumèmpèl ing langit, awit dumadi saka kasêktèning dewa, sarta disangga para guhyaka, mula adine angluwihi. Ing Sabha mau sininggêt-singgêt, kang dianggo nyinggêt balabak kancana. Sawangane anyênêngake tur angganda arum, kaya jêbadan agême para dewa. Dene rêrênggane kabèh ginawe sêsotya nawa rêtna, warnane putih mêmplak, kaya mega tipis ing ngawang-awang, nanging mawa galêr kuning mancorong, dadi kaya mega putih kêndhit kilat. Ing jarambah digêlari babut iyasane para dewa, dhampare mung ana siji, luwih dening adi, yaiku palênggahane Hyang Prabu Waisrawana. Dewa kang wasis gawe sênênging ati, Bathara Waisrawana yèn lênggah siniwaka mangagêm kaprabon kang adi sarta angagêm anting-anting, dene garwane sadhomas padha marak kabèh. Ing Sabhane Hyang Kuwera mau ora tau sumuk, awit tansah kaisisan angin kang ambuncang gandaning kêmbang kayu mandara gêdhe ing patamanan utawa gandaning kêmbang mêlathi, mênur sarta tunjung kang ana ing banyu, utawa pinggiring kali Ayaka, sarta taman Nandana. Dadi ing kono ora ana kêndhate ganda arum, awit pancèn kanggo nyênêngake panggalihe ratuning yaksa mau. Hèh, kaki prabu, para dewa lan para gandarwa, kinêpung para apsara, padha sêsanti

--- 1163 ---

bêbarêngan, swara angêlam-lami ati. Dèwi Srakèsi, Dèwi Ramba, Dèwi Citrasena, Dèwi Mênaka, Dèwi Sucasmata, Dèsi[2] Carunetra, Dèwi Grataci, Dèwi Punjikastala, Dèwi Wiswaci, Dèwi Sahajanya, Dèwi Pramloca, Dèwi Urwasi, Dèwi Irah, Dèwi Wargha, Dèwi Sorawèyi, Dèwi Samici, Dèwi Wudwudha, Dèwi Lata, sarta para gandarwa, kabèh prigêl anjogèd utawa ngidung, uga padha marak ing dewaning kasugihan mau. Ing Sabhane Bathara Waisrawana iku tansah karungu swarane têtabuhan lan kêkidungan, awit ing kono akèh apsara kang padha anjogèd sarta gandarwa angidung, dadi saya gawe lênglênge kang padha ana ing kono, kajaba kang wus ingsun caritakake mau, kang padha marêk ing Bathara Kuwera ana manèh yaiku, golongane gandarwa, kang aran Kisnara, Nara, Manibadra, Sadanadha, Sang Swetabadra, Sang Guhyaka, Sang Kasêraka, Sang Ghandhakandhu, Sang Pradweta, kang linuwih pangwasane, Sang Kustuburu, Sang Sisaca, Sang Ghayakarta, Sang Wisalaka, Sang Warahakarna, Sang Tamrustha, Sang Palakaksa, Sang Palodhaka, Sang Hansacupa, Sang Sekawarta, Sang Wibhisana, Sang Puspanaga, Sang Pinggalaka, Sang Wrêksa Waspanikatha, Sang Cirawasa, lan para yaksa liya-liyane nganti maèwu-èwu kèhe. Dèwi Laksmi lan Sang Nala Kuwera, putrane Hyang Kuwera, iya padha ana pandhapa kono, para rêsi liya-liyane kaya ta para brahmana rêsi lan rêsi kaswargan, kang akèh kêrêp nêkani ing Sabha iku. Liya kang wus ingsun caritakake mau, akèh raksasa lan gandarwa kang padha ngadêg manêmbah ing dewaning kasugihan. Hèh, gêmbonging

--- 1164 ---

bangsa Kuru, Dèwi Uma sagarwane, yaiku Bathara Mahadewa, kang paningal têlu, sarta gêgaman trisula, sarta santosa langkape pangrurah Asura Bhaganetra, tansah pêpanggihan lan dewaning kasugihan, karana wus dadi mitra sinarawèdi, dene kang andhèrèkake dewaning ngadewa mau, lêlêmbut pira-pira kèhe kongsi maèwu-èwu, ana kang cebol, bucu, ana kang rupane nggêgilani, ana kang netrane mlerah abang, ana kang suwarane anggêgirisi, ana kang panganane daging mêntah, ana kang wujude mêdèni, kabèh padha sikêp gêgaman, lakune rikat kaya kêclaping kilat. Dene kang andhèrèk Dèwi Parwati kang tansah sênêng panggalihe, lan ora tau darbe sayah, para pangarêping gandarwa Sang Wisawasu, Sang Haya, Huhu,Tumbaru, Parwata, Sêlusa, Sang Citrasena, kang lêbda marang lêlagon, lan Sang Cetrarata, iya padha mundhi-mundhi dewaning kasugihan mau, apamanèh Sang Cakradaman, pangarêping Widyadara, sakawulane, uga padha mara seba ana ing Sabha kono. Lan ana manèh liyane kang uga marak ing Sabhane Bathara Kuwera, iya iku Kinara kang cacahe kongsi maatus-atus, para narendra pira-pira, tinindhihan Sang Bhagadatta, Sang Druma, Sang Hyang Indra, panggêdhening raksasa, Sang Nandamadana, sapandhèrèke para yaksa, gandawa,[3] lan raksasa pira-pira, Sang Wibisana, kang ambêk utama uga ana ing kono, manêmbah ing Bathara Kuwera kadange tuwa. Lan manèhe, para dewa kang rumêksa gunung Himawat, gunung Paripatra, gunung Windya, gunung Kelasa, gunung Mandera, gunung Malaya, gunung Durdara, gunung Maendra,

--- 1165 ---

gunung Gandamadhana, gunung Indrakila, gunung Sunawa, pagunungan iring wetan kulon lan gunung liya-liyane, nanging kang ana ngarêp lungguhe, yaiku dewa kang rumêksa gunung Mèru. Kang kaloka Sang Nandhaswara, Sang Mahakala, para lêlêmbut pira-pira kang kupinge lancip-lancip, sarta lambene nyoro, sarta Sang Kaksa, Sang Kuthimuka, Sang Dhanti, Sang Wijaya kang gêdhe nugrahane. Sapi putih kang kinawasa, kagungane Bathara Siwah, kang sora swarane, para raksasa lan pisaca liyane tanpa petungan cacahe, kabèh mau padha marak sarta manêmbah marang Hyang Kuwera. Risang Pulastya putrane Waisrawana, iku ing nguni panêmbahe kawarahake, mula kongsi diparêngake lênggah satata lan Hyang Siwah, dewaning para dewa, kang ndumadèkake tribawana. Dewa minulya kang tansah inguyun-uyun para dewa. Ing sawiji dina Hyang Bhawa (Siwah) kaparêng mêmitran lan Hyang Kuwera, wiwit nalika samana Hyang Bhawa sabên dina kêparêng pinanggih lan dewaning kasugihan ana ing Sabha mau, dene para dewa kang rumêksa musthika lan ratuning sêsotya nawa rêtna isining jagad têtêlu, kang pêparab Bathara Sangka lan Hyang Padma, sarerehane kang padha jinibah baurêksa sêsotya nawa rêtna, kabèh iya padha ngadhêp ing Bathara Kuwera.

Hèh kaki prabu, mangkono mau kaanan pandhapane Bathara Kuwera, kang nêngsêmake iku, dene adêke pandhapa mau ana ngawang-awang, lan bisa ngolah-ngalih saparan-paran. Mara samêngko piyarsakna, anggon ingsun

--- 1166 ---

nyaritakake Sabhane Bathara Brahma.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sadasa perangan Lokaphala Sabhakyana, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 11. SAMBÊTIPUN LOKAPHALA SABHAKYANA PARWA.

Rêsi Naradha cariyos malih: "Kaki prabu, mara gatèkna, dimèn tala-tala pamiyarsanira, marang caritaningsun bab kaananing Sabha ing Brahmapura. Sabha mau ora ana titah kang bisa nyaritakake kongsi mèpêr[4] kaya nyatane. Ing sajroning jaman krêta ing kuna, ana aditya luhur tumurun marang marcapada. Dewa mau banjur lêlana ngidêri bawana karo suka-suka, karsane arêp nguningani kaanane ing marcapada, karana panjênêngane wus nguningani Sabhane para dewa, kongsi Sabha ing Brahmapura pisan. Hèh, Pandhuputra, iya nalika samana dewaning raina anggone carita marang ingsun, Sabha kagungane Hyang Brahma, kang warna lan wangune kongsi ora kêna kacaritakake, ora kêna kacandra, sarta ora kêna kinira-kira, lan prabane Sabha mau sumunar amadhangi sagung dumadi. O, darah Bharata, nalika ingsun krungu pangandikane sang aditya (dewaning raina, iya Bathara Surya), yèn mangkono prabaning Sabha mau, ingsun kumênyut nêdya mêruhi, mula ingsun nuli matur marang panjênêngane sang aditya mangkene: "Dhuh, pukulun, kula kêpengin priksa Sabha sukci kagunganipun Bathara Brahma. Dhuh,

--- 1167 ---

gustining pêpajar, mugi kaparênga ngandikakakên pundi sarana ingkang sagêd anjalari kula priksa Sabha ngedap-edapi, ingkang minangka pangruwating dosa punika, punapa kêdah sarana tapa brata, punapa sarana nyênyakit sarira, utawi punapa kêdah sarana mantra tuwin guna piranti sarta kadospundi lêkasipun. Dhuh musthikaning darah Bharata, barêng dewaning raina mirêng atur ingsun kang mangkono, nuli mangsuli pangandika: "Anglampahana nêmbah ing Hyang Brahma, wujudipun: muja samadhi laminipun ngantos sèwu warsa." Padha sanalika mau ingsun nuli mangkat marang pagunungan Himawat. Ana ing imbanging gunung sukci iku anggon ingsun muja samadhi. Sarampunging anggon ingsun muja samadhi, Bathara Surya kang linuwih kasêktène, lan wus unggul lawan rasa kang ora bênêr, nuli rawuh sarta nggawa ingsun marang Sabha kagungane Hyang Brahma. O, kaki prabu, sayêktine Sabha mau wus ora kêna dicaritakake kaanane, awit sabên ingsun kêdhèp, warna lan wangun banjur salin babar pisan padha sanalika, mula wus têmtu yèn wong ora bisa nyaritakake sarana têmbung. Kaki prabu, gêdhe lan wujude ora kêna dicaritakake. Ingsun durung tau nyipati sêsawangan kang mangkono eloke, sing sapa lumêbu ing kono têmtu yèn kapandukan ing rasa mulya, hawane ora adhêm ora panas, sing sapa ana kono ora bisa krasa ngêlak sarta ngêlèh, lan sakèh rasa kang ora kêpenak têmtu banjur sirna padha sanalika, bokmanawa kang dianggo nglepa temboke iku bêbukaning sêsotya. Dene Sabha mau tanpa saka, tan

--- 1168 ---

kênaning rusak, langgêng salawase Sabha mau sorote mbalêrêngi, ora ana kang bisa ngêmbari, sorote nyurêmake srêngenge, dununge ana ing akasa, sorote kaya ngèsêmi marang kang nganakake padhanging raina. Hèh, kaki prabu, dewa kang luhur dhewe, iya sudarmane sagung dumadi iku salawas-lawase sabên siniwaka ana ing Sabha mau, dene kang iyasa panjênêngane dhewe, sarana dayaning kasêktène kang tanpa upama iku. Hèh, darah Bharata, Rêsi Daksa, Rêsi Praceta, Rêsi Pulaha, Rêsi Marici, Rêsi Kaswapa, Rêsi Bhrigu, Rêsi Atra, Rêsi Wasistha, Rêsi Gautama, Rêsi Anggiras, Rêsi Pulastya, Rêsi Kratu, Rêsi Praladha, Rêsi Kardhama, Rêsi Prajapati, lan Anggirasa, Atarwanwedha, para walikilya, para marici dewaning kalantipan. Wanci, kawruh, hawa, panas, banyu, bumi, pangrungu, pangganda, pandulu, pangrasa, rasa, kodrat, obahing kodrat, dewa kang nganakake bêbakalan (prakati), sarta jalaran kang ndumakèkake jagat kabèh padha marak ana ing Sabha mau, lênggahe anèng ngiringane Hyang Brahma. Kajaba iku isih ana manèh liyane kang uga marak Hyang Brahma, yaiku: Rêsi Agastya, kang linuwih sêkti, Rêsi Markandeya, kang antuk nugraha gêdhe, Rêsi Jamadagni, Rêsi Baratwaja, Rêsi Samwarta, Rêsi Cwawana, Sang Druwasa, rêsi linuwih, Rêsi Riswasrêngga, kang ambêg utama, kang kaloka Rêsi Sanatkumara, kang gêdhe nugrahane, sarta dadi puruhitan prakara yoga, Rêsi Asita, Rêsi Dhewala, Rêsi Jêgisawya, kang waspada marang kasunyatan, Rêsi Risawa, Rêsi Ajitasatru, Rêsi Mani kang sêkti mandraguna, dewaning

--- 1169 ---

kawruh bab kasarasan, saperangane wolu pisan, dewaning rêmbulan, lintang, sarta prênah pamanggone sakèh lintang, apadene para aditya, kang padha mawa praba nêlahi. Dewaning angin, dewaning sêsaji, dewa kang nuruti gêgayuhan kang dipinangkani sêsaji, dewa kang mawèh uripe kabèh, para linuwih sarta liya-liyane, nyêdhihake upama dicaritakake kabèh, iya padha mara seba, anèng pandhapa adi mau. Panunggalane manèh, kang padha ana Sabha kono, kaya ta dewaning kabêgjan, Hyang Kama, dewaning pêpenginan, kabungahan, gêgêthingan, laku kasutapan, katêntrêman, sarta bangsaning gandarwa rongpuluh golongan, bangsaning apsara, lan apsara liyane manèh pitung golongan, para lokaphala, dewa ratu kang ngayomi jagad pitu, iya iku Hyang Sukra, Hyang Wrihaspati, Hyang Wuda, Hyang Agaraka (Hyang Manggala), Hyang Sani, Hyang Rahu, sarta planèt liya-liyane manèh, dewa kang mangwasani sakèh mantra, kang kawursita ing Samawedha, lan mantra kang linuwih kang uga kacêtha ing Samawedha, dewa kang mangwasani lakuning tatacara, Hyang Harimat lan Wasumat, para aditya, lan Hyang Indra, Hyang Agni, sakarone yaiku kang sinêbut: Agnisoma lan Indrani, para maruta, Hyang Wiswakarma, para wasu, para pitri, dewa kang nguwasani sarupaning sêsaji kang wujud cuwèr, Wedha papat Rig, Sama Yajur lan Atharwawedha, sarupaning kawruh lan kagunan, babad, kawruh kang rèmèh-rèmèh sapanunggalane, pang-panganing Wedha, lintang, sêsaji, Hyang Soma, sarta para dewa liyane manèh, Hyang

--- 1170 ---

Sawitri (Gayatri), dewa kang nguwasani unggah-ungguhing basa pitung warna, pangrêti, kasabaran, kaelingan, kawicaksanan, kalantipan, suwur, pangapura, kidung ing Samawedha, kawruh sarupaning kêkidungan, lan sêsêndhonan, katrangan sarta ringkêsing piwulang, sakèh lêlagon, watoning sagung kawruh, wruhanira kaki prabu, kabèh mau padha seba dewaning dewa iku, ana ing Sabha kang elok mau. Hèh, darah Bharata, dewa kang mangwasani kesana, lawa, muhurta, rina, wêngi, patbêlas dina, sasi, mangsa, rupa nênêm, taun, yuga, rina wêngi, patang rupa, yaiku kang gumadhuh anèng manusa, para pitri, para dewa, lan brahma pribadi (kalanggêngan kang tan kêna rumak utawa kang ora owah gingsir), jantraning mangsakala, jantraning kautaman, kaki Prabu Yudhisthira, kabèh mau padha seba anèng kono. Dene Dèwi Aditi, Dèwi Diti, Dèwi Danu, Dèwi Surawi, Dèwi Winata, Dèwi Surasa, Dèwi Ira, Dèwi Kalika, Dèwi Dèwi, Dèwi Surama, Dèwi Sutami, Dèwi Prada, sarta Dèwi Kadru, para widadari, ibune para dewa mau, lan Dèwi Rudrani, Dèwi Sri, Dèwi Laksmi, Dèwi Bhadra, Dèwi Sasthi, kang mangwasani bumi Dèwi Gangga, Dèwi Hri, Dèwi Swaha, Dèwi Krêti, Dèwi Sura, Dèwi Kaci, Dèwi Pusthi, Dèwi Arundati, Dèwi Samêtri, Dèwi Asa, Dèwi Kiyati, Dèwi Grêsti, Dèwi Rati, lan widadari liya-liyane, iku mau padha marak ing panjênêngane dewa kang nitahake sagung dumadi. Ana manèh liyane, iya iku aditya, para wasu, para rudra, para maruta, para aswina, para wiswadewa, para sadya, para pitri, kang lakune rikat kaya

--- 1171 ---

kêclaping kilat. Hèh, kaki prabu, kawruhana kang patang pangkat, darbe wujud, katêlu ora, wus padha diwêruhi yèn para dewa raja kang misuwur, para agniswata, lan para garhapatya (golonganing para pitri kang têlu), iku palinggarane ing kaswargan, dene para pitri kang patang golongan, kang disêbut para somapa, para ekasrêngga, para caturwedha, para kala, iku kang tansah sinêmbah ing manusa patang golongan – brahmana, ksatriya, waisya, sudra. – Pitri kang patang golongan mau, padha rêna yèn sinajenan soma cuwèr, mula banjur paring nugraha, pitri pitung golongan pisan mau, karo suka rila pangidhêpe marang dewa kang kasêktène tanpa timbang iku, para raksasa, pisaca, danawa, guhyaka, naga, manuk lan sato liya-liyane, sarta sakèhing titah kang obah lan kang ora obah, uga padha manêmbah Hyang Brahma. Bathara Purandara, ratuning para dewa, Bathara Baruna, Bathara Kuwera, Bathara Yama, Bathara Mahasena, kang tansah ingiring Dèwi Uma, ora ana kêndhate rawuh ing Sabha kono, hèh Yudhisthira, Hyang Mahadewa (Hyang Kartikeya), uga angaji-aji Hyang Brahma ana ing Sabha mau. Wruhanira Pritaputra, Hyang Narayana, para rêsi kaswargan, para rêsi kang sinêbut para wakilya, utawa titah kang laire lumantar titah wadon, utawa ora linairake titah kang ora wadon, lan apa bae kang maujud ing tribawana, obah apa ora obah, uga padha ana ing Sabhane Bathara Brahma. He, Pandhuputra, panunggalane manèh yaiku para rêsi kang wus ora nurunake, cacahe wolung

--- 1172 ---

lêksa, sarta limang lêksa kang asêsutra priya, para isèn-isèning kaswargan, manawa kapengin priksa ing panjênêngane, uga nuli lumêbu ing kono, banjur linggih amarikêlu. Kawruhana, kaki prabu, sudarmane sagung dumadi, jiwane sakèh kumêlip, iya Brahma kang kamulyan saha kaluhurane tanpa timbang iku, têmtu paring pangayoman marang sakèh dumadi kang angidhêp ing panjênêngane, paring bungah marang para dewa, daitya, naga, brahmana, yaksa, manuk, kaleya, gandarwa, apsara lan titah linuwih liya-liyane, têmtu dipangandikani, diganjar, apa bae kang dadi kasênêngane. Hèh, darah Bharata, Sabha adisana pasewakane Hyang Brahma, iku ramene tanpa upama, awit ora ana pêdhote kang têka lan lunga. Ing kono bangêt wingit, sarta tansah ingaji-aji para brahmarsi, kadayan ing prabane Hyang Brahma kang mawèh sênênging ati, sarta katon adi. Hèh, singaning para ratu, Sabhane Hyang Brahma, kang wus ingsun tuturake mau, ing ngêndi bae wus ora ana kang madhani, yèn ing marcapada iya kaya Sabha ing Indraprastha, uga ora ana kang madhani. Hèh, darah Bharata, anggon ingsun mêruhi Sabha mau anèng ing jagading manusa, wus têtela yèn Sabhanira iki pancèn linuwih dhewe.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sawêlas perangan Lokaphala Sabhakyana, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 12. SAMBÊTIPUN LOKAPHALA SABHAKYANA PARWA.

--- 1173 ---

Aturipun Prabu Yudhisthira: "Dhuh, pêpêthinganing para wasis micara, manawi ngèngêti cariyos paduka mênggah kawontênanipun Sabha ingkang sampun kadhawuhakên, ing ngriku lajêng priksa, manawi para narendra ing marcapada, sakalangkung kathah ingkang sami dêdunung ing Sabhanipun Bathara Yama. Dhuh, guru, para daitya, ingkang pêpilihan, dewaning lèpèn, samodra, sami wontên ing Sabhanipun Hyang Waruna, para yaksa, para guhyaka, para raksasa, para gandarwa, para apsara, dewa agung ingkang wahana lêmbu, sami wontên ing Sabhanipun Hyang Kuwera, dene ingkang sami sowan wontên ing Sabha kagunganipun Hyang Brahma, punika para maharsi, para dewa, tuwin para ingkang mangwasani sagung kalangkungan. Dhuh, têtungguling mauni, ingkang paduka dhawuhakên sami manêmbah Hyang Sakra wontên Sabhanipun, inggih punika para dewata, gandarwa, sawarnining rêsi. Dhuh, maha mauni, paduka ngandika, manawi ingkang wontên Sabhanipun ratuning dewata wau, manawi ratu amung satunggal inggih punika narendra sampun dados rêsi, jêjuluk Prabu Haricandra, ratu misuwur wau, punapa kalangkungan ingkang sampun dipun tindaki, dene ngantos tampi nugraha, linuhurakên sami lan Sang Hyang Indra. Dhuh, brahmana linangkung, kadospundi nalika paduka pêpanggihan kalihan tiyang sêpuh kula Prabu Pandhu, ingkang samangkenipun dêdunung wontên ing jagading para pitri. Dhuh, kang minulya, punapa tiyang sêpuh kula botên mitungkas punapa-punapa ingkang kêdah paduka dhawuhakên ing kula. Dhuh,

--- 1174 ---

maha mauni, paduka kêparênga ngandikakakên piwêlingipun."

Dhawuh wangsulanipun Rêsi Naradha: "He, ratu binathara, iya dina iki uga ingsun arsa nyaritakake kabèh pakartine Prabu Haricandra. Wruhanira, kaki prabu, Prabu Haricandra iku ratu kang gêdhe pangwasane dadi ratu binathara mangrèh salumahing bantala, kabèh para ratu saisining marcapada padha anut miturut sadhawuhe. Hèh Pandhuputra, amarga saka pangwasaning gêgamane, Prabu Haricandra kongsi bisa mangrèh nagara-nagara, sapulone gêdhe-gêdhe pitu, dene anggone andon prang mung karo wahana ratane kang rinêngga ing sêsotya lan kancana. Kawruhana, barêng sang prabu wus kalakon bisa nêlukake jagad, nuli tata-tata arêp gawe sêsaji gêdhe kang diarani Rajasuya, sakèh para ratu kang wus dadi wawêngkone padha didhawuhi manjurung mas picis rajabrana, kanggo samêktaning sêsaji mau. Kabèh iya padha nyanggupi, malah kaduga atur dhahar, sarta misungsung para brahmana, kang wajib dipisungsung. Ing nalika sêsaji sang prabu tansah dêdana mas picis rajabrana, sing sapa kang darbe saka panêmbung banjur diparingi, tikêl lima saka panjaluke. Sabubaring sêsaji sang prabu misungsung para brahmana liyan nagara. Mula para brahmana padha bungah dening pisungsunge sang prabu mawarna-warna, tur kongsi luwih saka pangira-irane. Pisungsung mas picis kongsi ngundhung-undhung, mula para brahmana mau kongsi kawêtu ucape: "Misuwure Prabu Haricandra tamtu ngungkuli kabèh para ratu." Hèh, banthènging darah Bharata, awit mangkono kaanane,

--- 1175 ---

mula Prabu Haricandra, katon ngalela ana antarane para ratu maèwu-èwu ing marcapada. Sabubaring sêsaji sang prabu kawiwaha ing dewa dadi ratu binathara mangrèh nagara salumahing bumi, malah wiwit nalika samana dhampare sang prabu nuli katon sumorot prabane. Dhuh, kaki Yudhisthira, sarupaning narendra, kang bisa gawe sêsaji Rajasuya, iku bakal kawasa manjing ing kahyangane Bathara Indra, ing kono tampa kamulyan kaya kang dipilih ing Bathara Indra. Hèh, têdhak Kuru, sing sapa ratu, kang salawase urip ana marcapada, yèn pêrang ora tinggal pabaratan, uga diwênangake sasana ing Sabhane Bathara Indra, sarta mangun suka lan panjênêngane. Apamanèh ratu kang bisa mangrèh pribadine, gêlêm nglakoni sêsanggêman gêdhe, uga wênang manggon ing kono lan cahyane mancorong. Dhuh, narendraning bangsa Kuru, nalika sudarmanira kaki Prabu Pandhu, wêruh kabêgjane Prabu Haricandra, bangêt ngungun, nuli duwe pangarêp-arêp, mangka sudarmanira wêruh yèn ingsun kêrêp marang marcapada, mula pangarêp-arêpe nuli diwêkasake marang ingsun mangkene: "Dhuh, maharsi, bilih paduka pinanggih pun Yudhisthira, mugi kaparênga ngandika, manawi piyambakipun sampun mangrèh para ratu, sarta kadang-kadangipun taksih sami ambangun turut, kadhawuhana supados damêl sêsaji agêng, ingkang nama Rajasuya, dipun sumêrapna manawi piyambakipun sagêd damêl sêsaji wau, tiyang sêpuhipun têmtu lajêng kaparêng manjing ing Sabhanipun Bathara Indra, manggih kasênêngan ngantos mataun-taun, kados kawontênanipun Prabu Haricandra [Hari...]

--- 1176 ---

[...candra.]" Dene wangsulanipun marang sudarmanira mangkene: "Iya, aja sumêlang, wêkasira mau bakal ingsun tuturake marang sutanira kaki Prabu Yudhisthira, manawa ingsun tumurun marang marcapada." Sarèhning samêngko sira wus ngrungu pangarêp-arêpe ramanira, muga nuli lêkasana, karana yèn sira bisa sêsaji Rajasuya, sira bisa dêdunung ing kahyangane ratuning dewa, bêbarêngan lan para lêluhurira, kang wus sèlèh kuwadhagan, nanging kawruhana kaki prabu, wong gawe sêsaji Rajasuya iku akèh rubedane, jalaran ana golonganing raksasa kang aran Brahmaraksasa, iku pakaryane ngrêridhu sêsaji, dadi têmbe yèn sira wus wiwit sêsaji, têmtu nuli dirubeda. Ing wiwitaning sêsaji Rajasuya iku malah asring ana prang gêdhe, kang njalari têtumpêsaning para bangsa ksatriya, bisa uga kongsi anjalari rusaking bawana. Yèn ana dadakaning prakara cilik bae banjur dadi prakara gêdhe, kongsi gawe rusaking jagad. Hèh, ratuning para narendra, mula rasakna dhisik kongsi jêro, kapriye prayogane, kang titi pangrêksanira marang para kawula patang golongan (sudra, waisya, ksatriya, brahmana). Tansah mirantia niyat ngayomi, dimèn saya mundhak-mundhak gêdhening kabêgjanira, dadi banjur tansah rumangsa mulya, mbêbungaha para brahmana. Rèhning kabèh pitakonira wus ingsun wangsuli kongsi salêsih, mula ingsun nuli lilanana bacutake laku marang ing Dwarawati, prajane bangsa Dasarha."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Prabu Janamêjaya, sasampunipun

--- 1177 ---

ngandika kathah-kathah dhatêng Prabu Yudhisthira, Maharsi Naradha lajêng jêngkar saking Indraprastha, kadhèrèkakên para rêsi ingkang sami ndhèrèk rawuhipun, inggih punika: Rêsi Parijatha, Rêsi Rewata, Rêsi Somya, tuwin Rêsi Sumaka. Dhuh darah Kuru, sapêngkêripun sang maharsi, Sang Yudhisthira lajêng wiraosan lan para ari, prakawis lampahing sêsaji agêng, ingkang winastan Rajasuya."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih wêlas, perangan Lokaphala Sabhakyana, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 13. RAJASUYA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos: "Rikala mirêng pangandikanipun Rêsi Naradha makatên wau, Sang Yudhisthira ingkang utami pambêganipun, lajêng ngunjal napas, dhuh, narendra darah Bharata, malah ngantos dangu botên ngandika, labêt saking kuwuring panggalih, anggènipun ngraosakên gênging pakèwêt, manawi damêl sêsaji Rajasuya. Nanging sarêng ngèngêti kamulyanipun para nata ing jaman kina, tuwin ngêrtos, bilih sawarnining alam kang mulya punika kenging ginayuh sarana sêsaji, tuwin nindaki pandamêl sukci utawi tansah kèngêtan dhatêng cariyos anggènipun Prabu Haricandra damêl sêsaji Rajasuya, Prabu Yudhisthira lajêng katêtangi panggalihipun badhe wiwit tata-tata anggènipun karsa sêsaji Rajasuya.

--- 1178 ---

Catatan kaki:

1. Mauni (kembali)
2. Dèwi (kembali)
3. gandarwa (kembali)
4. mèmpêr (kembali)