Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 5

7 Mèi 1958.

Nalika samantên sang prabu tansah amundhi dhatêng sagung paranpara, tuwin para wrêdha, ingkang wontên ing Sabhanipun, mila sang prabu ugi lajêng gêntos ingaji-aji. Sasampunipun lêrêm ramening wiraosan, Sang Prabu Yudhisthira lajêng mratelakakên anggènipun karsa badhe damêl sêsaji Rajasuya. Sang Prabu Yudhisthira ratuning para ratu, pêpêthinganing bangsa Kuru, ngantos dangu anggènipun galih prakawis anggènipun damêl sêsaji. Kakêncênganing panggalih lajêng badhe wiwit tata-tata saupakartining sêsaji, awit karsanipun makatên wau kagalih botên nalisir saking adil, sarta tancêping karsa saking anggènipun nêdya amrih kamulyanipun para kawula, labêt saking sih parimarmanipun dhatêng para kawula sadaya, ngantos karêngkuh kadi putra. Mila ratu ingkang sampun sagêd ngipatakên kanêpson tuwin pêpenginan, saha adigunging panggalih, pangandikanipun botên sanès: "Mara padha sampêtana kang dadi kabutuhanmu." Dene swaraning sawiyah tiyang botên sanès kajawi amung rahayu Sang Dharmaputra, awit makatên kawontênanipun sang prabu saha para kawulanipun, mila botên wontên tiyang tuwuh raosipun nêdya mêngsah ing panjênênganipun, têmahan sang prabu lajêng sinêbut: Sang Ajatasatru, wrêdinipun, ingkang botên darbe mêngsah, pamêngkunipun dhatêng sawiyah tiyang, kados pamêngkunipun dhatêng kadang warga. Dene Sang Bhima anggènipun nindakakên sadaya dhawuhipun ingkang raka adhêdhasar adil, Sang Arjuna tansah angayomi para kawula saking panangsayaning mêngsah, sarana astanipun

--- 1179 ---

kanan kering, ingkang kaprigêlanipun nandukakên dêdamêl sami kemawon. Sang Sahadewa, ingkang lêpas ing budi, anggènipun ngadili sadaya prakawis, kalihan botên pilih asih. Manawi Sang Nakula sagêd sangêt ngêmong manahipun sadaya tiyang. Sang Sahadewa mungguh sangêt dados kanthinipun ingkang raka, anggènipun ngasta pusaraning kaprabon. Awit makatên kawontênanipun para ingkang anindakakên paprentahaning praja, mila ing Indraprastha botên wontên parapadu, botên wontên darbe raos sumêlang. Sawiyah tiyang ing wêwêngkon Indraprastha sami têtêp dhatêng kawajiban, dhumawahing jawah botên ngantos dados pangajabing tiyang, mila praja Indraprastha gêmah ripah loh jinawi, saking utaminipun panggalihipun Prabu Yudhisthira, têmah gêsangipun para kawula sami katingal tansah marsudi lampah ingkang prayogi, kados ta: ngawontênakên pirantos kangge sêsaji, rêmên nangkarakên rajakaya, olah siti, kriya, enggalipun tiyang ing Indraprastha sami tabêri ing damêl. Sadangunipun Prabu Yudhisthira, ingkang sêngsêm dhatêng katêmênan, punika taksih mangrèh praja Indraprastha, botên wontên panindhês, botên wontên tiyang kawasesa nagari, awit saking nunggak pambayaripun paos, botên wontên pagêring, botên wontên kabêsmèn, botên wontên tiyang pêjah jalaran karacun tuwin katênung. Rikala samantên kenging dipun wastani botên wontên colong jupuk, sadaya ingkang pinitados ing samukawis, botên wontên ingkang damêl pitunaning praja, tuwin sêsami-sami. Para ratu têlukan, ingkang nungkulipun jalaran saking nêm warni (kagêbak ing prang,

--- 1180 ---

saking manising rêmbag, tuwin sapanunggilanipun) kangge cihnaning sih saha sungkêmipun dhatêng Prabu Yudhisthira, punika sami asok bulubêkti glondhong pangarêng-arêng. Prabu Yudhisthira sêngsêm dhatêng kautamèn, mila pundi praja ingkang dados jajahanipun, lajêng kasawaban kautamènipun, têmah sami gêmah ripah tata arja. Langkung malih tiyang ing Indraprastha, anggènipun salakirabi atut runtut, mila gêsangipun botên wontên kacingkrangan. Binathara Prabu Yudhisthira, botên kewran dhatêng saliring kagunan, mila botên wontên kuciwanipun anggènipun ngasta paprentahan, tur dhasaring panggalihipun momot. Dhuh, Prabu Janamêjaya, pundi praja ingkang sami nungkul, têtiyangipun, wiwit para brahmana, ngantos para pangèn, sihipun dhatêng sang prabu, ngungkuli sihipun dhatêng tiyang sêpuhipun piyambak.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Ing satunggaling dintên Prabu Yudhisthira nimbali sadaya paranparaning praja, tuwin para ari. Sasampunipun sami sowan, lajêng kadangu bab lampah-lampahing sêsaji Rajasuya. Paranpara tuwin para kadang lajêng ngaturakên pamanggihipun ing panjênêngan nata, ingkang nalika samantên sampun kêbak raos kêpengin badhe damêl sêsaji agêng wau, aturipun makatên: "Mulya sintêna tiyangipun ingkang sasampunipun sagêd jumênêng nata lajêng nêdya mangrèh sasamining ratu, dipun pinangkani sêsaji ingkang sagêd dados sarana antuk kaluhuranipun Bathara Waruna. Dhuh, narendra darah Kuru, para mitra

--- 1181 ---

paduka sampun sami osik manahipun, manawi panjênênganipun sinuwun, sampun sayogi jumênêng nata binathara, mila sampun sêdhêngipun, paduka ngawontênakên sêsaji Rajasuya, dados sampun mangsanipun para ingkang sêngsêm dhatêng sêsanggêman, wênang cêthik latu sukci nêm panggenan, kalihan ngucapakên mantra Samawedha, dipun aturana murih sami kêparêng ngèstrèni jumênêng nata binathara. Sabibaring sêsaji Rajasuya, sasampunipun katêtêpakên jumênêng, paduka kalampahan sagêd ngundhuh wohing sêsaji paduka Rajasuya, saha Agnihotra, paduka lajêng wênang sinêbut ratuning para ratu. Dhuh, ingkang santosa baunipun, sampun botên sêmang-sêmang malih, manawi paduka têmtu sagêd ngawontênakên sêsaji Rajasuya, awit sadaya wawêngkon paduka sami sêtya ing panjênêngan nata. Gusti pêpundhèn kula, nadyan paduka nêdya sêsaji Rajasuya ing dintên punika ugi, têmtu sagêd kalampahan, mugi lajêng dipun dhawuhna, kadospundi kakêncênganing karsa, sampun dangu-dangu anggènipun anggalih."

Makatên wau atur wangsulanipun para nayaka, saha para putra santana. Dhuh, Prabu Janamêjaya, Prabu Yudhisthira, pangrurahing satru, dupi midhangêt ingkang ambingahakên, lêlandhêsan kautamèn, sarta kasunyatan wau, ing batos sakalangkung rêna, punapadene awit sang prabu priksa dhatêng wawrating kakiyatanipun, mila tansah kagagas ing dalên batos, wasana lajêng ngandika dhatêng para kadang, para dwitya, para nayaka, tuwin Rêsi Dumya, Rêsi Wiyasa,

--- 1182 ---

wigatos kadospundi sakecaning lampah anggènipun badhe damêl sêsaji agêng wau.

Pangandikanipun Prabu Yudhisthira: "Kawuningana Bhagawan, kula darbe kajêng badhe damêl sêsaji Rajasuya, kados limrahipun para nata binathara, saha agêng nugrahanipun. Wontênipun kula lajêng darbe kajêng makatên wau, amung nglêstantunakên kapitadosan saha cariyosan kina manawi kajêng kula makatên punika prayogi."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, ingkang paningalipun kadi roning tunjung, sakèndêling pangandikanipun Prabu Yudhisthira, para dwija tuwin para rêsi sanès-sanèsipun, lajêng sami matur ingkang suraosipun salaras kemawon, makatên: "Sinuwun, jêngandika priksa dhatêng wêwatoning kautamèn, mila pantês adamêl sêsaji Rajasuya." Dupi makatên aturing para ridwiya, miwah para rêsi, para nayaka saha para kadang kadeyan, lajêng sami matur gêntos-gêntos, ingkang suraosipun, sami nayogyani karsanipun sang prabu. Saking gênging pangatos-atos, nadyan sadaya sampun sayuk saabipraya, ewadene mêksa karaosakên ngantos dangu malih, jalaran ngèngêti kakiyataning prajanipun, punapa kuwawi nyamêktani upami saèstu ngawontênakên waragad makatên agêngipun wau, utawi punapa kalamangsanipun, saha pamêdaling nagari sagêd nyêkapi kangge nglêksanani. Awit panjênênganipun priksa, bilih anggènipun para linangkung botên nate piduwung dhatêng solah bawanipun, punika tamtu dipun wêwekani rumiyin[1] mila sadèrèngipun têtarosan

--- 1183 ---

kalihan Sri Krêsna, sang prabu dèrèng anêmtokakên karsanipun, jalaran Sang Yudhisthira priksa, manawi Sri Krêsna têtela botên kasamaran dhatêng obah-osiking bawana, sarta mandraguna sura sêkti, tuwin miyosipun dhatêng ing marcapada punika botên amung badhe mangun sukaning panggalih, têtela manawi sadaya solah bawanipun Sri Krêsna punika sampun botên siwah kalihan para dewa, mila Sang Yudhisthira manggalih, bilih Sri Krêsna têmtu sagêd ngrampungi sawarnining prakawis, sarta kuwawi nglampahi pandamêl ingkang sakalangkung awrat. Awit saking punika mila lajêng nglampahakên caraka dhatêng Dwarawati. Utusanipun Prabu Yudhisthira wahana rata, pangirit kuda ingkang plajêngipun rikat, mila botên dangu dumugi ing prajanipun bangsa Yadawa, marêk Sri Krêsna, ingkang ngadhaton wontên ing Dwarawati. Dupi midhangêt aturing caraka ingkang mratelakakên, manawi ingkang rayi Prabu Yudhisthira sampun kapengin pinanggih kalihan panjênênganipun, Sri Krêsna lajêng pangkat dhatêng Indraprastha sami sanalika. Kuda pangirit ratanipun Sri Krêsna plajêngipun rikat kadi kilat, ingkang ndhèrèkakên amung Sang Indrasena piyambak. Sadumuginipun ing Indraprastha, pinanggih Sang Yudhisthira, lajêng sami rêrangkulan. Sang Bhima anggènipun nampèni inggih kalihan raos sih trêsna, Sri Krêsna ugi lajêng ngaras padanipun ingkang bibi Dèwi Kunthi. Sabibaring ngaras padanipun ingkang bibi, lajêng dipun sungkêmi dhatêng sang kêmbar, wasana lajêng pinanggih Sang Arjuna, mitranipun sinarawèdi, ingkang sukaning panggalihipun [pangga...]

--- 1184 ---

[...lihipun] tanpa upami, sarêng priksa rawuhipun ingkang raka. Dupi sampun sawatawis lêrêm, saha sampun katingal inggar, Sang Yudhistira lajêng manggihi Sri Krêsna dhatêng pamondhokanipun, sarta tumuntên ngaturakên kadospundi karsanipun.

Aturipun Prabu Yudhisthira: "Kakang, kula darbe kajêng badhe sêsaji Rajasuya, nadyan sêsaji agêng wau mligi amung sêsaji kemawon. Dhuh, kakang mas Krêsna, paduka priksa kados punapa ubarampening sêsaji makatên wau. Ujaring wasita, ingkang wênang damêl sêsaji Rajasuya, punika amung sujanma ingkang sarwa samêkta, wontên ing pundi-pundi kaaji-aji, utawi bilih sampun jumênêng nata mangrèh para ratu. Para mitra saha para paranpara sampun sami nayogyani, dhuh, Krêsna, nanging namung pangandikanipun kakang ingkang dados jalaran kula sagêd nêtêpakên saèstu tuwin wandenipun, awit limrahipun tiyang punika amung amrih pakangsalipun piyambak kemawon, botên ngèngêti têtiyang sanès. Para paranpara kabêkta saking amung ngèngêti utaminipun tiyang damêl sêsaji, ngantos botên ngèngêti pakèwêdipun, dene sanèsipun gadhah pamanggih pundi ingkang prayogi tumrap badanipun, inggih lajêng dipun lampahi. Mila sabên sadaya wau dipun ajak têtarosan, amung lajêng anjurungi kemawon. Dhuh, kakang, nanging paduka botên makatên, paduka sampun langkung wicaksana tinimbang sadaya punika, awit kakang mas sampun sagêd ngêndhih kanêpson tuwin pêpenginan, mila kakang, suwawi lajêng kaparênga ngandikakakên pundi

--- 1185 ---

ingkang prayogi piyambak tumraping jagad."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tiga wêlas, perangan Rajasuya, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 14. SAMBÊTIPUN RAJASUYA PARWA.

Pangandikanipun Sri Krêsna: "Dhuh, narendra minulya manawi ngèngêti kawontênanipun yayi prabu, sampun pantês manawi ngawontênakên sêsaji Rajasuya. Dhuh, darah Bharata, ewadene kula mêksa badhe matur sawatawis dhatêng yayi prabu. Kawuningana, sadaya para isining marcapada, ingkang sinêbut ksatriya ing jaman punika, dèrèng kados para ksatriya ingkang kasirnakakên dhatêng Rêsi Rama, putranipun Rêsi Jamadagni. Dhuh, susunaning bawana, bêbanthènging darah Bharata, yayi prabu lêbda dhatêng wêwaton, ingkang kêdah dipun lampahi para ksatriya turun-tumurun kengingipun damêl sêsaji Rajasuya. Para darahing ratu, punika turunipun Prabu Ela tuwin Prabu Ismaku, dhuh, bêbanthènging darah Bharata, têdhak Ela lajêng pêncar dados satus pancêr, makatên ugi têdhak Ismaku inggih ngrêbda dados satus pêncar. Salajêngipun Prabu Yayati tuwin para Boja, tumangkar angêbêki lumahing bantala sarta sadaya para ksatriya, sami manêmbah dhatêng para narendra bangsa Boja, awit sami mujur lêlampahanipun. Kawuningana yayi prabu, ing wêkdal samangke Prabu

--- 1186 ---

Jarasandha, ingkang sawêg jinurung, tansah ingaji-aji para ratu ingkang nunggil sabangsa. Para ratu bangsa wau kasoran tandhing kasêktèn, mila lajêng nungkul dhatêng Prabu Jarasandha. Mila sang prabu kanthi sênêning panggalih anggènipun mangrèh para narendra ing praja têngah (Mathura), malah badhe misahakên rêrakêtan kula kalihan yayi prabu. Dhuh, darah Bharata, Prabu Jarasandha punika ratu ingkang luhur piyambak, sarta amargi mangrèh peranganing jagad ingkang têngah, mila pantês sinêbut nata binathara. Yayi prabu, nadyan Prabu Sisupala, ingkang linangkung kasêktènipun, mêksa ngayom dhatêng Prabu Jarasandha, lajêng dipun pangkat dados senapatining paprangan. Dhuh, Pandhuputra, Prabu Wakra, ingkang kinawasa, narendra bangsa Karusa, ingkang agêng pangaribawanipun yèn mangun yuda, inggih nungkul dhatêng Prabu Jarasandha, malah lajêng puruhita. Wontên malih ratu kalih, satunggal luhur ing budi, satunggalipun kasêktènipun linangkung jêjulukipun Prabu Dimbaka, tuwin Prabu Hansa, inggih nungkul dhatêng Prabu Jarasandha. Dene para ratu sanèsipun, ingkang sampun sami nungkul dhatêng Prabu Jarasandha, inggih punika: Prabu Dantawakra, Karusa, Karadha, Megawahana, ratu bandha-bandhu, elok saha sampun unggul lan Sang Puru, tuwin Sang Saraga. Wontên ratu malih ingkang kaprawiranipun angebat-ebati, ngratoni praja kang kilèn, pangwasanipun sampun prasasat Hyang Baruna, jêjuluk Prabu Bhagadatta, mitra sinarawèdi kalihan kang rama Prabu Pandhu ugi nungkul dhatêng Prabu Jarasandha, tur

--- 1187 ---

nungkulipun amung sarana pangglêmbuk, sarta pakarti ingkang sakalangkung alus, sanadyan Prabu Bhagadatta wau sangêt sih dhatêng yayi prabu, ngantos kadi bapa dhatêng sutanipun. Dhuh, darah Kuru, mangka ingkang ngidhêp dhatêng yayi prabu wiwit saking sihipun, amung para ratu ingkang bawahipun iring kilèn, kalihan bang kidul. Prabu Purujit, pamanipun yayi prabu saking ibu, ratu mandraguna sura sêkti, ingkang sampun damêl kaluhuranipun bangsa Kunthi, mêksa inggih nungkul. Para ratu ing praja Cèdi sisanipun, ingkang sampun sami kula sirnakakên, awit saking candhala budi, saha kumadewa-dewa, para ratu ambêg adigung, saha sami ngangge têtêngêr angêmbari têtêngêr kula, kabêkta saking sami tuna budi, inggih punika Prabu Waga, Prabu Pundra, tuwin nata ing Kirata, ingkang linangkung kaprawiranipun saha Prabu Pundra kalihan Prabu Wasudewa, ugi sami nyupêkêt dhatêng Prabu Jarasandha. Dhuh, ratuning para ratu, Prabu Bismaka, ingkang kinawasa, narendra bangsa Boja, mitranipun Hyang Indra, pangrurah senapatining mêngsah, ingkang darbe jajahan keblat sakawan, sarana kasêktènipun sagêd mikut para tandya, tuwin para Krathakosika saha para kadangipun Sang Akrati, ingkang kasêktènipun kadi Rêsi Rama, putranipun Rêsi Jamadagni, ugi kajajah ing Ratu Manggada. Kula sadaya punika sami kadang kadeyanipun, mila tansah sami nêdya damêl rênaning panggalihipun, nanging nadyan kula sadaya sami sangêt mundhi-mundhi dhatêng Prabu Bismaka, ewadene botên dipun paèlu, malah tansah damêl

--- 1188 ---

sakiting manahipun sadaya wau. Dhuh, yayi prabu, panjênênganipun Prabu Biswaka,[2] awit sulap dhatêng misuwuripun Nata Manggada, lajêng nungkul karana aris, babar pisan botên tumolèh dhatêng kaprawiran saha agênging bangsanipun. Elok yayi prabu, dene wontên ratu bangsa Boja wolulas ingkang lajêng tilar praja, ngungsi dhatêng bang kilèn, amung saking giris dhatêng Prabu Jarasandha. Makatên ugi bangsa Surasena, Prabu Bhadrakara, Prabu Wodha, Prabu Salwa, Prabu Patacara, Prabu Suskala, Prabu Mukutta, Prabu Kalindha, tuwin bangsa Kunthi, sampun ngunsi[3] sadaya. Dene para nata bangsa Salwayana sakadang warga, tiyang Pancala iring kidul, Kosala wetan, sami ngungsi dhatêng nagarinipun bangsa Kunthi. Bangsa Matawa, tuwin bangsa Salwapada, sami manahipun, tilar nagari ngungsi dhatêng bang kidul, punapadene bangsa Pancala sami kagegeran, awit giris dhatêng kaprawiranipun Prabu Jarasandha, mila tilar praja, pating salêbar ngupaya pangayoman. Dèrèng dangu saking dintên kalênggahan punika, pun Kangsa, ingkang botên jêjêg pikiripun punika, sasampunipun niyaya dhatêng bangsa Yadawa, lajêng ngrabi putrinipun Prabu Jarasandha kalih pisan, satunggal pêparab Dèwi Asti, satunggalipun Dèwi Prapti, kalih pisan punika kadangipun Sadewa. Dupi pun adigung wau angsal kanthi Prabu Jarasandha, ingkang makatên kathahing wadyabala, saha kasantosanipun, lajêng kalêksanan nêdya nganiaya saha ngilês-ilês bangsa Yadawa, nanging kawuningana, lêkasipun makatên punika adamêl piduwungipun, pun Kangsa

--- 1189 ---

kang candhala budi nglurugi para ratu pinisêpuh bangsa Boja. Sarêng para ratu wau dipun bêbujêng dening akrapipun piyambak, inggih punika pun Kangsa, lajêng sami mundhut pitulung ing kula. Saparipurnaning anggèn kula nrimakakên putrinipun Sang Aswata dhatêng Sang Akrura, kula kalihan kakang Sangkarsana (Baladewa) sami mitulungi para kadang warga kula wau, kalampahan Kangsa kalihan pun Sudaman pêjah, dening kakang Balarama tuwin kula nanging kawuninga yayi prabu sasirnaning raos giris ingkang jalaran saking pêjahipun Kangsa, lajêng karibêdan dening pamurinanipun Prabu Jarasandha. Dhuh, darah Bharata kula dalah para ulu-uluning bangsa Yadawa, ingkang taksih sami nêdhêng taruna ingkang cacahipun wontên wolulas golongan, sami andugi, nadyan ampuhipun sanjata cakra têmtu sagêd mrawasa mêngsah ingkang kataman, upami ngantos tigang atus taun anggèn kula nanggulangi panêmpuhipun Jarasandha, punika dèrèng mantra-mantra sagêd damêl tuwuhing pangajêng-ajêng sagêd ngundurakên Jarasandha, kabêkta saking agênging wadyabalanipun langkung malih pun adigung Jarasandha darbe mitra kalih, ingkang kasêktènipun sampun botên siwah lan para angejawantah, manawi tiningalan saking kasudiranipun, têtela ratu kalih wau têtungguling para kawasa ing marcapada. Dene naminipun Prabu Hangsa, tuwin Dhimbaka. Sakalihan wau botên têdhas papak-paluning pandhe sisaning gurindra, mila kula ngantos ngunandika, upami Jarasandha ngantos kêmpal kalihan ratu sakalihan wau, têmtu jaya ing jagad

--- 1190 ---

tiga punika. Dhuh, yayi prabu, musthikaning jagad, makatên wau botên amung pamanggih kula piyambak kemawon, para nata sanès-sanèsipun ugi darbe pamanahan makatên. Suwawi yayi prabu dipun piyarsakna babadipun ratu kalih wau.

Wiyosipun, ing nguni wontên narendra jêjuluk Prabu Hansa, ingkang prangipun kasoran kalihan kakang Prabu Baladewa. Sasampunipun prang tandhing salêbêtipun wolulas dintên. Dhuh darah Bharata, dupi Prabu Dhimbaka mirêng pawartosing pêpêkênan bilih Prabu Hansa sirna wontên madyaning palagan, sang prabu rumaos botên kadugi kantun wontên ing marcapada, mila Prabu Dhimbaka lajêng nglampus dhiri sarana nggêbyur ing lèpèn Yamuna.

Kawuwusa Sang Prabu Hansa, saunduripun saking paprangan, awit kasoran mêngsah kakang prabu, mangka lajêng mirêng wartos manawi Prabu Dhimbaka nganyut tuwuh, awit saking sêling panampi, Prabu Hansa lajêng labuh palastra, ugi nggêbyur ing lèpèn Yamuna. Dhuh, bêbanthènging para ratu, rikala Prabu Jarasandha mirêng pawartos, bilih mitranipun kalih pisan wau sami pêjah, lajêng dhawuh ambibarakên baris ingkang ngêpang praja Madura, saha kanggêg anggènipun nêdya nêluk-nêlukakên para ratu, mantuk dhatêng prajanipun ing Manggada, kalayan rumaos lola. Sapêngkêripun Prabu Jarasandha, sami rumaos ayêm pamanggèn kula wontên ing Madura. Nanging kawuningana randhanipun Sang Kangsa, putri Manggada kang endah ing warni, netranipun kadi ron tunjung, punika sangêt botên narimah dhatêng pêjahing priyanipun, lajêng tawan-tawan

--- 1191 ---

tangis dhatêng Manggada, wadul bapakipun Prabu Jarasandha, ucapipun makatên: "Dhuh, rama prabu, pangrurahing satru sakti, mugi pêpuliha pêjahipun putra mantu paduka." Nalika kula mirêng pawartos panggubêlipun putri kalih wau, lajêng kèngêtan dhatêng wiraosanipun para neneman bangsa Yadawa, prakawis kasantosanipun Prabu Jarasandha, ing ngriku sangêt putêg manah kula dalah para ksatriya sanès-sanèsipun, têmah sami nilar praja Madura. Rajabrana isining kadhaton lajêng kabage waradin dhatêng kadang kadeyan, murih botên ngèwêtakên pambêktanipun. Sarampunging tata-tata lajêng bêbodholan sadaya, lampah kula mangilèn. Nalika lampah kula dumugi praja ingkang nêngsêmakên, nama Kusastali, ingkang dumunung wontên ing sukuning wukir Rewataka, kula lajêng samu lêrêm ing ngriku, sarta mangun pabitingan. Praja wau kithanipun dipun bètèng sakalangkung kuwawi, kamanah ingkang ngantos botên sagêd kalêbêtan mêngsah nadyan ingkang nêmpuh punika prajurit dewa. Pandamêlipun sakalangkung prayogi, ngantos pawèstri sagêd tumut lumawan mêngsah saking lêbêt bètèng. Wiwit nalika samantên prajurit bangsa Yadawa darbe ungêl-ungêlan: aja wêdi. Ngantos dintên punika, yayi prabu, pun kakang lêstantun ngêdhaton wontên ing kitha ingkang sampun botên sumêlang dening pangrisaking mêngsah wau. Dhuh, singaning bangsa Kuru, bangsa Yadawa darbe pandugi manawi kitha ing parêdèn Rewataka punika botên sagêd risak dening mêngsah, mila para bangsa kula, têdhakipun pangrurah Madu,

--- 1192 ---

lajêng sirna girisipun dhatêng Prabu Jarasandha, têmah sami suka amrawata suta.

Dhuh, yayi Prabu Yudhisthira, nadyan para darahipun pangrurah Madu punika sami sêkti mandraguna, nanging saking kasantosaning wadyanipun Prabu Jarasandha, ngantos kapêksa ngungsi dhatêng parêdèn Gomanta, ingkang panjangipun wontên tigang Yojana, pucakipun sinung pajagèn, sabên sayojana wontên pajagèn salikur panggenan. Sabên pajagèn satunggal kêbak prajurit sikêp dêdamêl warni-warni, sabên sêlaning pajagèn, sabên sayojana wontên gapuranipun satus, sanginggiling gapura rinêksa para prajurit pêpilihan, ingkang kakêndêlanipun anggêgirisi. Para ksatriya ingkang botên kenging dipun kawontênakên wontên ing paprangan, sakalangkung kathah, sadaya wau inggih kalêbêt wolulas golongan, ingkang kula aturakên wau, inggih punika ingkang piniji rumêksa bètèng ing parêdèn Rewataka. Kawuningana yayi prabu, kathahipun kadang kadeyan kula, ingkang jalêr kemawon wontên wolulas èwu, sanèsipun malih, inggih punika: Sang Ahuka, putranipun satus, sami linangkung kaprawiranipun, ngantos kadi para dewa Sang Carudêsna kalihan kadangipun, ingkang pêparab Sang Cakradewa, Rohiniputra, suta kula Samba, ingkang kawontênanipun sampun sami kemawon kalihan kula, pitu pisan punika sami ksatriya ingkang sinêbut Atirata. Kajawi pitu wau taksih kathah panunggilanipun, ugi badhe kula aturakên, nanging botên sadaya, kados ta: Sang Krêtawarna, Anadrêsti, Samika, Samitinjaya,

--- 1193 ---

Kangka, Sangku, tuwin Kunthi, pitu punika pantês sinêbut Maharata. Lajêng putranipun Sang Prabu Andakaboja kalih, kalihan sang prabu piyambak, ingkang sampun kaparèng yuswa, punika sami prajurit sinakti, ampuh kadi bêlêdhèg. Para linangkung wau sadaya samangke ngêmpal kalihan bangsa Wrêsni.

Dhuh, musthikaning bangsa Kuru, yayi prabu sampun sayogi jumênêng nata binathara, mangrèh sakathahing para ksatriya. Kawuningana yayi prabu, manawi pamanggih kula yayi prabu botên wênang damêl sêsaji Rajasuya, bilih Prabu Jarasandha, ratu kinawasa punika taksih gêsang. Mangka Prabu Jarasandha narendra têtêlukanipun ngantos kathah sangêt, wontên ing salêbêting kithanipun ingkang binètèng santosa dumunung ing parêdèn, kadi singa ingkang andèkèk dirada borokanipun pintên-pintên wontên ing guwanipun. Dhuh, pangrurahing satru, Prabu Jarasandha manêmbah dhatêng dewa agung, dewaning adewa, ingkang anggarwa Dèwi Uma, panêmbahipun wau sarana tapa brata sakalangkung awrat, sarta kapengin sêsaji ingkang mawi pambiyantunipun para ratu jajahanipun. Awit saking punika mila Prabu Jarasandha lajêng darbe pangangkah nêdya nêlukakên para ratu salumahing bantala, dados kasêmbadan anggènipun kêpengin sêsaji wau. Sang prabu tansah lêlana andon yuda, pundi ratu ingkang sampun kasoran prangipun, lajêng kabanda, dipun boyong dhatêng prajanipun, mila wadya saha senapatinipun Prabu Jarasandha tansah matambah-tambah saya kathah. Dhuh, yayi prabu, kula tuwin

--- 1194 ---

bangsa Andaka, Wrêsni, tuwin bangsa Yadawa, sami nilar pradaya[4] Madura, ngungsi dhatêng Dwarawati, awit ajrih dhatêng angkararanipun[5] Prabu Jarasandha. Dhuh, ratu darah Kuru, manawi yayi prabu kagungan karsa badhe damêl sêsaji Rajasuya, mugi angluwarana para ratu ingkang wontên rêgêmanipun Prabu Jarasandha, nanging uwalipun wau dipun angkaha taksih sami gêsang. Dhuh, darah Kuru, sampun batên[6] wontên sarana sanèsipun malih ingkang kenging kangge minangkani sagêdipuni[7] kalampahan karsanipun yayi prabu, kajawi makatên punika. Dhuh, têtungguling para limpating budi, sêsaji Rajasuya ingkang badhe kawontênakên yayi prabu punika, sarananipun kêdah lampah makatên wau. Makatên mênggah pamanggih kula, dene yayi prabu nyumanggakakên. Yayi prabu atur kula wau, dipun raosna ingkang ngantos lêbêt, saha dipun lêlimbanga ing dalêm batos, punapadene kadospundi karsanipun yayi prabu dipun pangandikakna, dados kula lajêng sagêd manah sakecanipun."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan wêlas perangan Rajasuya, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 15. SAMBÊTIPUN RAJASUYA PARWA.

Wangsulanipun Prabu Yudhisthira: "Kakang prabu têtela lêpas ing budi, punapa wontên para wasis micara

--- 1195 ---

satimbang kalihan kakang prabu, salumahing bantala sakurêping akasa, botên wontên ingkang kasagêdanipun ambirat sêmang-sêmanging manah, satimbang kalihan kakang mas. Kawuningana, sadaya para ratu limrah sami tansah nggayuh kaluhuran, nanging ingkang kasêmbadan amung satunggal kalih awit têtelanipun darajad nata binathara punika botên gampil, tiyang ingkang purun maspadakakên kakêndêlanipun saha kasantosaning liyan, punika gampil manawi nêdya damêl ungguling badanipun, tiyang ingkang pancèn pantês kaaji-aji, awit sagêd ngêndhih mêngsahipun, punika sampun ambêkta suwur piyambak. Dhuh, paduka ingkang rumêksa kaluhuranipun bangsa Wrêsni, pêpenginan tuwin kajêngipun tiyang punika beda-beda tuwin warni-warni sangêt, kados kawontênanipun pêpêlikan ing jagad, punika inggih kathah sangêt warninipun. Kawruh punika awis sagêdipun kadarbe ing tiyang, manawi botên kaparsudi ing dunung ingkang têbih saking panggenan manusa, makatên ugi karahayon inggih awis sagêdipun dhumawah, manawi botên sarana dipun gayuh. Sarana nglampahi sêsanggêman ingkang langkung luhur tinimbang limrahing pêpenginan, pandugi kula, ingkang luhur piyambak punika katêntrêmaning manah, awit sarana têntrêming manah, kula lajêng sagêd dumugi ing kamulyan langgêng. Saking pangintên kula, nadyan kula kalêksanan sagêd sêsaji Rajasuya, ugi dèrèng sagêd tampi ganjaran ingkang luhur piyambak. Dhuh, kakang prabu, kadang kula ingkang limpat ing budi, nadyan para darah Kuru sami ngintên, bilih

--- 1196 ---

badhe wontên sraya ingkang minangka têtungguling para ksatriya, dhuh, sang linangkung, ewadene kula mêksa giris dhatêng angkara saha solah bawanipun Prabu Jarasandha. Kawuningana, kaprawiranipun kakang prabu ingkang botên sagêd kinawonakên wontên ing paprangan saha pangwasanipun kakang prabu punika, ingkang minangka pangayoman kula, dados manawi kakang prabu rumaos ulap dhatêng Prabu Jarasandha, punapa kula sagêd rumaos timbang kalihan ratu pinunjul punika, dhuh, Madawa, paduka darah Wrêsni ingkang pilih tandhing, samantên ing batos pitakèn, punapa Jarasandha, sagêd kawon mêngsah paduka, kakang Prabu Baladewa, Bhimasena tuwin Arjuna. Sabên kula kèngêtan dhatêng ingkang makatên wau, lajêng tanpa karêkat, awit sangêt sumêlang. Dhuh, kakang Kesawa, mila kula sampun botên sagêd matur punapa-punapa, kajawi amung pasrah jiwa raga ing kakang prabu, amung paduka puruhitan kula, ingkang luhur piyambak."

Sang Bhimasena ingkang wasis wicara, dupi mirêng pangandikanipun ingkang raka Sri Krêsna, saha Sang Yudhisthira sadaya wau, lajêng nambung sabda makatên: "Ratu kang tanpa kakêncêngan lan pambudidaya, iku candrane kaya umbrukan sêmut, nanging manawa gêlêm ngulir budi, nadyan kang ringkih bangêt, saha kanthi kawêwekan lan jêjêg panyêkêle paprentahan, suwe-suwe bokmanawa bisa nêlukake mungsuh kang gêdhe pangwasane, lan sarwa kalakon karêpe, mangka yèn juliking pambêbudi, ayak ora ana kaya kakang Krêsna, yèn karosan sapa padha aku, dene kaprigêlane

--- 1197 ---

sikêp gêgaman apa ana kaya Arjuna, dadi wong bisa nduga-nduga yèn wong têlu iku ngumpul dadi siji, têmtu bisa kalakon nguntapake patine Nata Manggada, kaya gêni agaraning kayu antigan, têtela bisa anyampurnakake sêsaji."

Dhawuhipun Sri Krêsna: "Sintêna tiyang ingkang dèrèng mumpuni ing kawruh, ingkang dipun manah amung kadadosanipun, botên ngèngêti gampil èwêting margi. Tiyang cubluk amung adrêng badhe mituruti kajêngipun piyambak. Kawuningana yayi prabu, mêngsah botên rampung amung kaapura kemawon, kula saha para kadang sadaya punika tamtu botên kasupèn dhatêng cariyos kawontênanipun Prabu Yowanaswin ing kina, punika sagêd jumênêng nata binathara, amung sarana agènipun[8] ngêngènthèng pajêking tiyangipun. Prabu Bhagirati sarana ngrakêt para kawula, sagêd jumênêng nata binathara. Prabu Kartawiriya sarana kasêktèn ingkang tuwuh saking tapa bratanipun têmahan sagêd jumênêng nata binathara. Manawi Prabu Bharata sarana kaprawiran tuwin kakêndêlan, nanging Prabu Maruta jumênêngipun nata binathara saking agênging kabêgjan. Yayi prabu kêpengin jumênêng nata binathara. Kawuningana, karsanipun yayi prabu punika têmtu badhe kalêksanan, awit saking utamining pambêganipun yayi prabu, kados ta: sêngsêmipun yayi prabu ngayomi para kawula, bêgja tuwin sampurnaning pangastanipun pusaraning praja, ambêgipun yayi prabu sadaya wau, ingkang sagêd nglêmggahakên[9] ing dhamparing nata binathara. Dhuh, pêpêthinganing darah Kuru, Prabu Jarasandha, putranipun prabu Wrêhatrata, punika

--- 1198 ---

makatên ambêgipun, mila ginadhang dados ratuning para ratu. Kintên kula sampun wontên ratu satus, saputra santana sadaya ingkang sampun kawon mêngsah Prabu Jarasandha, mila Prabu Jarasandha lajêng kaanggêp nata binathara. Para ratu ingkang pangagêmanipun ambêlêrêngi, sampun sami nungkul saha asok bulubêkti, glondhong pangarêng-arêng dhatêng Prabu Jarasandha, kuciwanipun Prabu Jarasandha dene sinung ambêg angkara, dados pangaji-ajining para ratu samantên wau botên damêl pamarêmipun. Nadyan sampun ngratoni ratu samantên kathahipun wau, ewadene taksih tansah lêlana andon yuda, nêdya nêlukakên para ratu sajagad. Para ratu ingkang nungkul, amargi kawon prangipun sampun mèh wontên satus, dhuh, Pritaputra, sampun saèstu para ratu ingkang alit-alit, botên wontên ingkang gadhah manah nêdya mêngsah Prabu Jarasandha. Dhuh, darah Bharata, Prabu Jarasandha sangêt amundhi-mundhi dhatêng Sang Hyang Siwah, mila darbe sêdya badhe najèkakên para ratu têtêlukanipun wau ing Bathara Siwah. Samangke para nata boyongan wau sadaya, sami dipun warangka wontên ing candhi Siwah, mila rumaos dipun anggêp sato kemawon, dados sangêt mêmêlas, ing mangka yayi prabu, ksatriya pêjah wontên ing madyaning paprangan punika kaaji-aji ing jagad, punapa kêkapanipun manawi para ksatriya botên saraya sabiyantu mêngsah Prabu Jarasandha. Kathahipun ratu ingkang sampun dipun warungku wau wontên wolung dasa nênêm, jangkêpipun satus amung kirang kawan wêlas, mangka manawi sampun sagêd jangkêp satus,

--- 1199 ---

Prabu Jarasandha tamtu lajêng nglampahi pandamêl daksiya. Mila sintêna ingkang sagêd mambêngi pangangkahipun Prabu Jarasandha, badhe nêlukakên para ratu malih wau, têmtu badhe misuwur satribawana, dene ingkang sagêd mênang mêngsah Prabu Jarasandha, têmtu mangrèh para ksatriya salumahing bantala.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping gangsal wêlas perangan Rajasuyaramba, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 16. SAMBÊTIPUN RAJASUYARAMBA PARWA.

Atur wangsulanipun Prabu Yudhisthira: "Dhuh kakang Prabu Krêsna, saking dahat kumacèlu dhatêng darajating nata binathara, ngantos lajêng ngudi sarana ingkang kenging kangge minangkani kasêmbadanipun pêpenginan kula wau. Dene ingkang minangka dêdamêl kula, inggih punika kêkêndêlan. Punapa botên murang kasusilan upami kula ngantos kamipurun ngatak kakang prabu supados anyirnakna Prabu Jarasandha. Dhuh, Janardhana, adhi Bhimasena, kalihan Arjuna, punika ingkang minangka netra kula, dene kakang prabu ingkang minangka manah kula, punapa kula sagêd lêstantun gêsang, bilih kapisah kalayan netra saha manah kula. Mangka nadyan Bathara Yama, botên sagêd ngundurakên barisanipun Prabu Jarasandha ingkang sakalangkung santosa saha anggêgirisi punika, kasêktèn kados punapa ingkang kagalih kuwawi kangge nanggulangi Prabu Jarasandha

--- 1100[10] ---

sawadyabalanipun, pangangkah badhe nyirnakakên Prabu Jarasandha punika kaplèsètipun malah damêl pituna agêng, awit saking punika punapa botên dipun wandèkakên kemawon? Dhuh, Sri Krêsna, suwawi dipun piyarsakna atur kula, manawi rêrantaman punika dipun wandèkakên, sêmunipun langkung prayogi tumrapipun kula, mila ngantos bingung manah kula pundi ingkang prayogi dipun lampahi. Têtelanipun sêsaji Rajasuya botên gampil sagêdipun kalêksanan."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Arjuna ingkang dèrèng dangu anggènipun antuk langkap kinawasa, endhong sapasang, ingkang jêmparingipun botên sagêd têlas, rata ingkang rinêngga daludak ciri wanara, saha kapisungsung Sabha dening Asura Maya, matur ingkang raka Prabu Yudhisthira makatên: "Kawuningana kakang prabu, sadaya ingkang sampun katampèn dhatêng para Pandhawa, kados ta: langkap gandhiwa, dêdamêling dewa saha jêmparing, kasêktèn, sraya, jajahan, suwur saha kaprawiran punika têrangipun botên gampil ginayuh, nadyan kathah tiyang ingkang kêpengin angsal sadaya wau. Sintêna ingkang sampun angsal suwur, punika tansah dipun angge wiraosanipun para ambêg utami sabên wontên pasamuan, inggih punika nalurinipun, ewadene ajinipun dèrèng mantra-mantra satimbang kalihan pangwasa. Dhuh, sinuwun, kadang kula sêpuh, botên wontên kasênêngan ingkang sagêdipun nênarik manah kula, langkung saking kaprawiran saha kasudiran, tur linairakên dados kulawarganing ksatriya ingkang misuwur kêkêndêlanipun.

--- 1201 ---

Ujaring wasita: tiyang ingkang tanpa kakêndêlan punika tanpa aji: kosokwangsulipun: tiyang ingkang kêndêl, nadyan botên linairakên saking kulawarga, ingkang misuwur kakêndêlanipun, ewadene tiyang wau sampun langkung luhur tinimbang para ksatriya ing jaman kina ingkang anggènipun ngindhakakên agênging misuwur saha rajabrananipun, dipun pinangkani saking anjarah-rayah. Nadyan sampun kathah lêlabêtanipun, nanging manawi tanpa kakêndêlan, tamtu botên sagêd ngrampungakên sadaya jêjibahanipun, mangka têtela manawi satunggaling lêlabêtan, punika anggènipun minangkani têmtu sinartan kakêndêlan, agênging kaprayitnan, dêrênging pangangkah, saha dhumawahing papêsthèn. Tigang prakawis punika ingkang sagêd dados jalaraning unggul, awit nadyan tiyang sampun sugih kakêndêlan nanging manawi weya tindakipun, dèrèng tamtu angsal kados kajêngipun, inggih amung saking kirang pangatos-atos. Kalampahanipun tiyang ingkang linangkung karosanipun ngantos sagêd kasoran dening mêngsahipun. Watak asor punika damêl katiwasanipun, para ingkang sami tanpa kakêncêngan. Makatên kawontênaning kabodhoan (Avidya) asring anjalari katiwasanipun ingkang linangkung kasantosanipun, mila para narendra ingkang kêpengin angsal kamênangan, kêdah nilar watak kalih warni wau – asor, bodho (avidya) – mênawi kakang prabu badhe sêsaji Rajasuya, kalampahanipun kêdah sarana anyirnakakên Prabu Jarasandha, saha angluwari para ratu, ingkang sami katawan, wigatos badhe kangge minangkani angkara murkanipun, kados botên wontên

--- 1202 ---

pandamêl utami langkung saking nyirnakakên Prabu Jarasandha, kosokwangsupipun manawi kula suminggah saking pandamêl awrat punika wau, jagad nganggêp dhatêng kula para Pandhawa, tuwin kakang Prabu Krêsna, punika taksih anguciwani, mangka nyatanipun pancèn sampun sarwa samêkta. Punapa kakang prabu botên lingsêm manawi mirêng ucapipun tiyang ingkang mastani kula dalah para kadang sadaya punika sami kuciwa. Sintên anggayuh darajat mauni, dipun pinangkani saking mangun katêntrêman, lajêng enggal nampèni pangangge sarwa jingga, makatên ugi para ksatriya, sabên sagêd unggul kalihan mêngsahipun, gampil kemawon manawi karsa jumênêng nata binathara, mila suwawi sami lumawan mêngsah ingkang misuwur ing jagad punika."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping nêmbêlas, perangan Rajasuya, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 17. SAMBÊTIPUN RAJASUYA PARWA.

Pangandikanipun Sang Wasudewa putra: "Dhuh, yayi Prabu Yudhisthira pun Arjuna cariyos pundi ingkang kêdah dados kasênênganipun para darah Bharata. Dhuh, yayi prabu, kula tuwin para ksatriya sanès-sanèsipun, punapa wontên ingkang sumêrap wanci badhe tilar donyanipun ing têmbe utawi kula dèrèng nate mirêng tiyang mungêl, manawi

--- 1203 ---

tiyang botên purun pêrang punika botên pêjah, mila para ksatriya wajib amêrangi sadaya mêngsahipun kalihan anêtêpi lampah ingkang sampun kapacak ing anggêr-anggêring prang. Inggih pandamêl makatên punika ingkang sagêd damêl bingahipun manahing ksatriya, bilih pandamêl kanthi patitising budi, tamtu badhe kasêmbadan sapangajêng-ajêngipun, samantên wau manawi botên rinubeda ing pêpasthènipun. Upami wontên prajurit kalih golongan sami paprangan, mangka kalih-kalihipun wau, sami kanthi patitising budi, saèstu botên wontên ingkang kawon utawi mênang, ewadene têmtu inggih badhe wontên ingkang nungkul salah satunggal, manawi lampahipun kirang patitis, lajêng dipun wastani botên mawi kawruh pangrakiting gêlar. Wusana badhe kasor prangipun utawi têtumpêsan wadyanipun, bilih ingkang tandhing wau sami sarwa wasis, wêkasanipun dèrèng sagêd amastani pundi ingkang badhe mênang prangipun. Dhuh, yayi prabu, rèhning makatên kawontênanipun, mila ugêr Pandhawa sampun kanthi patitising kawruh, punapa kuciwanipun manawi kula lajêng anggêpuk mêngsah kula, ingkang candranipun kadi toyaning lèpèn, têtela sagêd ngêsolakên kêkajêngan. Manawi pangapêsan kula sampun kasingitakên ngantos botên kasumêrêpan, lajêng pangkat nglurug ambêdhah bètènging mêngsah, kula tamtu manggih unggul. Tiyang ingkang lêpasing budi têmtu botên badhe mapagakên mêngsah ingkang sakalangkung santosa, manawi pinuju nindhihi wadya, ingkang sampun putus panggladhinipun. Yayi prabu pamanggih kula makatên: anggèn kula sami badhe nyirnakakên

--- 1204 ---

Prabu Jarasandha punika, kula kêdah sami lajêng anjujug ing kadhatonipun. Sasampunipun pinanggih piyambakan, lajêng katantang prang, kintên kula têmtu badhe unggul, kalihan botên adamêl kasangsaran agêng. Ing wêkdal punika ingkang tansah suka-suka amung Prabu Jarasandha, bêbanthènging jagad punika, awit kamênanganipun botên nate surêm, sampun prasasat jawata ingkang sasana ing têlênging batosipun sadaya dumados, ananging wontên wawasaning batos kula, Prabu Jarasandha samangke sampun cêlak kalihan pêjahipun, langkung malih kabêkta saking anggèn kula sadaya sami badhe ngayomi para kadang warga, mila kêdah prang mêngsah Prabu Jarasandha, kula sadaya têmtu sagêd anginggahi kamulyaning swarga."

Wangsulanipun Prabu Yudhisthira: "Dhuh, kakang Prabu Krêsna, mugi kakang prabu kaparênga nyariyosakên kawontênanipun Prabu Jarasandha, sapintên kasêktèn saha katiyasanipun, dene badanipun botên kobar nalika anggêpok sariranipun kakang prabu, candranipun kadi sulung kasalat urubing dilah."

Pangandikanipun Sri Krêsna: "Suwawi dipun piyarsakna yayi prabu, anggèn kula ngaturakên kawontênanipun Prabu Jarasandha, kados punapa kasêktèn saha katiyasanipun sarta punapa darunanipun dene kula tuwin kadang warga sanès-sanèsipun taksih ngugung kemawon dhatêng dêksuranipun, nadyan Jarasandha sampun marambah-rambah anggènipun nyênyamah dhatêng kula tuwin kadang warga kula.

Kawuningana yayi prabu, ing nguni praja Magada

--- 1205 ---

wontên narendra bandha-bandhu, jêjuluk Prabu Wrehatrata. Sabên Prabu Wrehatrata wau mangun yuda, sangêt adigung, awit wadyanipun wontên tigang aksohini, suwarninipun bagus, sêkti mandraguna, tanpa timbang ing marcapada kathah têtêngêr ingkang mratandhani sang prabu asring sêsaji agêng-agêng prasasat Bathara Indra ngejawantah. Manawi kamulyanipun sami kalihan Bathara Surya, panggalihipun momot kadi bumi, manawi mêngku duka kadi Bathara Yama, dewaning antaka, bandha-bandhu kadi Bathara Wisrawana. Ing saindênging bawana sami kaêlêban ing kasugihan saha pangwasanipun Prabu Wrehatrata, pusaka têtilaraning lêluhuripun kadi soroting surya, sagêd ambêntèri salumahing bantala. Dhuh, pêpêthinganing darah Bharata, ratu ingkang linangkung kasêktènipun wau, ngrama putri ing Kasi, ingkang miyos kêmbar kalih pisan. Putri kêmbar wau, sami sinung darajating hartawan. Pikiranipun sang prabu kalihan putri kalih pisan wau, tinangsulan ing prajanji ingkang winados, liripun botên nêdya kasumêrêpakên dhatêng sintêna kemawon, suraosing prajanji, pamêngkunipun sang prabu dhatêng pramèswari kalih pisan wau, botên badhe pilih kasih. Sang prabu tansah sih-sinisihan kalihan sakalihanipun, sajatosipun pancèn satimbang kalihan sang prabu, mila dhatêng pundi kemawon pramèswari kalih pisan wau tansah tut wingking, kadi dirada kinawasa dipun kinthil liman èstri kalih tuwin kadi dewaning samodra kadhèrèkakên widadari ingkang rumêksa lèpèn Gangga tuwin Yamuna. Nadyan sang prabu kalihan pramèswari kalih pisan wau, sami sawêg nêdhêng

--- 1206 ---

taruna, ewadene ngantos dangu sang prabu dèrèng kagungan putra. Kados punapa pambudidayanipun sang prabu, dipun pinangkani saking damêl sêsaji warni-warni malah ngantos sêsaji Homa.

Ing satunggaling dintên sang prabu mirêng pawartos, bilih Rêsi Cidhakosika, putranipun Rêsi Kaksiwat darah Gotama ingkang luhur ing buddhi, dupi sampun rampung anggènipun tapa brata, lajêng lêlana, samangke sampun dumugi wontên prajanipun, lêrêm sangandhaping kajêng agêng, mila sang prabu gêgancangan tindak ing palêrêmanipun sang brahmana, kadhèrèkakên pramèswarinipun kalih. Sasampunipun pinanggih, sang prabu nguncupakên asta, lajêng ngacungakên pisungsungipun warni mas picis rajabrana sakalangkung kathah. Saking katuju ing prana, mila sang rêsi lajêng matur dhatêng sang prabu makatên: "Dhuh, ratuning para ratu, kula sangêt trêsna ing panjênênganipun sinuwun. Dhuh ratu ingkang têtêp ing sêsanggêman suwawi sinuwun tumuntên dipun ngandikakna, wontên karsanipun sinuwun punapa, dene karsa rawuh ing palêrêman kula kadhèrèkakên pramèswari kalih pisan." - Dupi wontên pangandikanipun sang rêsi makatên wau, sang prabu ingkang lênggah ngapurancang, lajêng tumungkul kalihan marawayan wêdaling waspa saking paningalipun, awit kadi katêtangi rudahing panggalih, ingkang jalaran saking dèrèng pêputra, wasana sang prabu nêmbah sarwi mangsuli pangandika makatên: "Dhuh, ingkang rahayu ing buddhi, suwau kula sampun darbe sêdya tilar kaprabon,

--- 1207 ---

wigatos badhe ambangun tapa, dhêdhepok ing wana, awit kula rumaos apês lêlampahan kula, katandha kula botên asêsuta, lah punapa pigunanipun kêprabon saha misuwur kula punika."

Sri Krêsna nglajêngakên cariyosipun: "Rêsi kinawasa, ingkang lêrêm wontên sangandhaping kajêng manggo (pêlêm) agêng wau, dupi mirêng pangandikanipun sang prabu makatên, lajêng sêmadi êning (yoga), sanalika wau lajêng wontên wohing manggo ingkang dhawah ing pangkonipun Sang Mauni, katingal sampun matêng tur dèrèng dipun mantrani, nanging namung kabatos kemawon, sasampunipun lajêng kaaturakên sang prabu, kalihan pratela, manawi wohing manggo punika badhe dados sarana sang prabu kasêmbadan sapangajaping panggalih, aturipun Maha Mauni wicaksana wau makatên: "Sinuwun, lajêng kundura ing kadhaton jêngandika, awit èsthining panggalihipun sinuwun, sampun pinarêngakên ing dewa. O, kang ambêg utami, karsa jêngandika nêdya dhêdhepok ing wana dipun wandekna." Prabu Wrehatrata ingkang wicaksana, dupi mirêng pangandikanipun sang rêsi makatên wau, enggal mangraup padanipun sang bagawan, sasampunipun ngabêkti lajêng kundur dhatêng kadhatonipun. Dhuh, pêpêthinganing darah Bharata, Prabu Wrehatrata sampun katangsulan prasêtya, bilih botên badhe pilih asih pamêngkunipun dhatêng pramèswarinipun sakalihan, mila wohing manggo pêparingipun sang rêsi ingkang kadhawuhakên badhe dados sarananipun

--- 1208 ---

sang prabu kagungan putra, punika lajêng kaparingakên pramèswarinipun kalih pisan, sasampunipun kasigar dados kalih lajêng sami kadhahar. Sang Mauni botên nate cidra ing pangandika, mila sadaya pangandikanipun tamtu tumus dados lêlampahan. Pramèswari sakalihan wau lajêng sami nggarbini, mila sang prabu dahat suka sukur ing dewa.

Kawuningana sinuwun, dupi sampun mangsanipun, pramèswari sakalihan wau lajêng ambabar, nanging salah warni, bayi satunggal netranipun satunggal, pupunipun satunggal, baunipun satunggal, padharanipun sapalih, paraupan sapalih, malah pajalêranipun ugi amung sapalih, tur ingkang gêsang amung satunggal. Pramèswari kalih pisan sami gumêtêr mriksani putra makatên wujudipun punika. Pramèswarinipun Prabu Wrehatrata kalih sami kadang wau, saking kagètipun, ngantos sariranipun ngalumpruk tanpa bêbayu, sarta lajêng têtarosan kadospundi ingkang kêdah sami dipun lampahi. Awit saking pinêksa dening sangêt merang, mila kalihan awrating panggalih, ugi sami nglilakakên putranipun. Dhukun kalih ingkang sami mitulungi pramèswari anggènipun sami mbabar wau, enggal sami rumagang ing damêl, mituruti karsanipun sang pramèswari, inggih punika bayi ingkang salah warni kalih pisan wau kabuntêl, lajêng nêdya kabucal. Lampahipun mêdal kori butulan, sadumugining jawi balowarti buntêlan bayi kabucal, nyai dhukun lajêng sami wangsul dhatêng gêdhongipun sang pramèswari. Dhuh, yayi prabu, sapêngkêripun nyai dhukun, botên watawis dangu bayi salah

--- 1209 ---

warni wau dipun panggih raksêksi nama Jara, têdhanipun gêcok mêntah. Eloking pêpasthèn, nalika bayi kalih wau kadadosakên sabuntêl, dhatêng Raksêksi Jara, murih gampil pambêktanipun, sigaran bayi kalih wau lajêng kêmpal dados satunggal, wujud bêbayi wêtah, badanipun santosa, sarta gêsang. Saking ngungunipun, raksêksi ngantos kamitênggêngên pamawasipun dhatêng têtingalan ingkang sakalangkung elok wau, wasana tuwuh osikipun botên badhe kabêkta mantuk, awit badanipun atos kadi tosan. Sami sanalika wau, bayi nangis kalihan angoloh-oloh tanganipun ingkang kagêgêm ngantos abrit, swaranipun kadi swaraning galudhug. Mila saisining pura sami kagegeran, dene mirêng swaraning tangis ingkang makatên sêru tuwin agêngipun, enggal sami mêdal wigatos badhe nguningani piyambak, wujud punapa ingkang swaranipun makatên wau. Sang pramèswari ingkang sawêg bingung, awit sangêt prihatos, sarta payudaranipun katingal mantang-mantang kêbak toya sêsêpan, inggih lumajêng mêdal, karsanipun badhe mundhut wangsul putra ingkang kabucal nyai dhukun kala samantên.

Kawuwusa raksêksi dupi priksa dhatêng pramèswari sakalihan, ingkang têtela mêntas kagungan putra, mangka wujuding bêbayi katingal santosa, osiking batosipun makatên: "Padunungaku iki ana sajroning wêwêngkone sang prabu, kang bangêt kêpengin pêputra iku, apa patut yèn aku kongsi kolu mangan putrane, luwih bêcik dak aturne marang ratu kang ambêg utama iki bae."

--- 1210 ---

Catatan kaki:

1. § Ingkang dipun têmbungakên: dipun wêwekani ing ngriki punika, pikajêng- [teks terpotong]. (kembali)
2. Bismaka (kembali)
3. ngungsi (kembali)
4. praja (kembali)
5. angkaranipun (kembali)
6. botên (kembali)
7. sagêdipun (kembali)
8. anggènipun (kembali)
9. nglênggahakên (kembali)
10. Seharusnya halaman 1200. (kembali)