Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 6.

7 Juni 1958.

__________

Pun rasêksi botên kêdhèp-kêdhèp anggènipun mandêng bêbayi ingkang sampun warni kados limrahipun bayi, tur cahyanipun mancorong kadosdene surya nalika mêntas kasasaban ing mêndhung, wusana lajêng matur dhatêng Prabu Wrehatrata makatên: "Dhuh Prabu Wrehatrata, lare punika putra paduka, mila mugi dipun tampènana, minangka pisungsung kula ing panjênênganipun sinuwun. Kawuningana sinuwun, bayi punika putra paduka ingkang nêmbe kamiyosakên saking pramèswari paduka sakalihan, dumados saking panguwaosipun Maharsi Candhokosika, dene kalampahanipun lajêng kula pupu, awit kabucal dening dhukun ingkang mitulungi pramèswari paduka nalika babaran."

Sri Krêsna nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh têtungguling darah Bharata, bayi enggal katampèn ing putri Kasi, ingkang lajêng dipun sêsêpi." Prabu Wrehatrata sakalangkung rêna, mila lajêng andangu dhatêng rasêksi ingkang nalika samantên mancala warni pawèstri endah ing warni, pangandikanipun makatên: "Dhuh kang kulite alus kaya sêrating tunjung, sira iku sapa dene nglilahake bayi iki marang jênêng ingsun, apa sira widadari kang lagi mangun sukaning panggalih?"

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitulas Rajasuyaramba ing Sabhaparwa.

BAB 18. SAMBÊTIPUN RAJASUYARAMBA PARWA.

Sri Krêsna nglajêngakên cariyosipun: Atur wangsulanipun

--- 1211 ---

rasêksi makatên: "Dhuh ratuning para ratu, mugi dinirgakna ing yuswa, walèh-walèh punapa sinuwun, kula punika rasêksi, nama kula pun Jara, mila wujud manungsa punika, awit saking pangwasaning kasêktèn kula. Sadangunipun kula dêdunung wontên ing nglêbêt karatonipun sinuwun, rumaos sakalangkung mulya, awit tansah sinêmbah-sêmbah ing tiyang pintên-pintên, sabên dintên pandamêlan kula tansah andhatêngi sakathahing griya padununganipun manungsa. Dene dumados kula saking pangwasaning dewa ingkang dumados pribadi, limrahipun ngakathah kula dipun sêbut Griyadeyadèwi (widadari ingkang ambaurêksa griya), kalampahanipun kula katurunakên dhatêng marcapada, punika kapatah nyirnakakên para danawa, sintên ingkang purun damêl pêpêthan kanthi raos bêkti, saha pangangkah nêdya maujudakên suwarni kula, inggih punika gambar tiyang èstri ênèm, kinêpang ing lare kathah lajêng kadèkèk ing griyanipun, anggènipun dêdunung ing ngriku têmtu manggih bêkja, kosokwangsulipun manawi tiyang sakulawarga, botên purun ngawontênakên makatên, têmtu tansah suda-suda kabêgjanipun, sarta asring manggih rêribêt. Dhuh sinuwun, mila mugi anggambara tiyang èstri, ananging kaupamèkna wujud kula, kakêpung ing lare kathah, lajêng kagantunga ing tembok kadhaton. Sinuwun, sapintên suka sukur kula, dene sadangunipun kula manggèn ing kadhatonipun sinuwun, sabên dintên tansah ingaji-aji, wujudipun tansah dipun sajèni sêkar konyoh, jajan pêkên, utawi samukawis ingkang damêl sênênging manah kula, tuwin kinutugan ing dupa. Ing rèhning kados makatên

--- 1212 ---

pangaji-aji ingkang kula tampèni, mila ing sabên dintênipun tansah ambudidaya anggèn kula badhe ngaturakên piwalês ing panjênênganipun ingkang sinuwun. Dhuh ratu ingkang ambêk utami, sarêng kula nyumêrapi kawontênanipun bayi kêkalih ingkang salah warni, inggih punika kawontênanipun namung sasigaring bayi limrah, kabucal ing sajawi balowarti, enggal kula pêndhêt. Sarêng bayi kalih wau kula klêmpakakên dados satunggal bungkus, murih gampil pambêkta kula, wusananipun tanpa kanyana-nyana, bayi kalih wau lajêng dados wujud satunggal kados salimrahing bayi, sarta katingal taksih gêsang. Dhuh ratu agung, makatên punika ambokmanawi saagêng-agênging kabêkjanipun sinuwun, dene kula namung minangka jalaran wêtahipun bayi wau, saha bêgja dene botên kula mangsa. Sintên ingkang botên priksa, mênawi kasênêngan kula punika mangsa janma, kula sagêd nguntal ingkang agêng-agêng, nadyan ardi Mèru kula sagêd nguntal. Ananging awit saking wontên kula ing kadhaton paduka tansah kaaji-aji, mila bayi punika minangka pisungsung kula ing panjênênganipun sinuwun."

Sri Krêsna nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun mungêl makatên wau, Rasêksi Jara lajêng musna, sami sapalênggahan: Prabu Wrehatrata wangsul dhatêng kadhaton kalihan ambêkta putranipun. Sadumuginipun ing kadhaton, lajêng andhawuhakên damêl wiwahan miyosipun ingkang putra, saha sêsaji minangka pangaji-ajinipun sinuwun ing rasêksi, ingkang ambaurêksa griya, murih para kawula

--- 1213 ---

sadaya ugi sami sêsaji dhatêng ingkang ambaurêksa griyanipun piyambak-piyambak."

Saking kaparêngipun Sang Prabu Wrehatrata, ingkang pangwasanipun botên siwah kalihan Bathara Brahma, putranipun wau kaparingan nama Jarasandha (têgêsipun ingkang dipun kalêmpakakên dening Nyai Jara), mila makatên awit ingkang anjalari putranipun wau wêtah kados salimrahing bayi, rasêksi ingkang nama Jara.

Kacariyos, pun Jarasandha punika sampun wiwit nalika taksih abrit, sampun gadhah kasêktèn. Indhaking agêng saha karosanipun enggal sangêt, candranipun kados latu sêsaji ingkang kaêsokan martega suci. Sunaring prabanipun sabên dintên saya wimbuh mancorongipun kados rêmbulan ing tanggal ênèm, mila tansah andamêl bingahipun rama ibu.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping wolulas perangan Rajasuyaramba ing Sabhaparwa.

BAB 19. SAMBÊTIPUN RAJASUYARAMBA PARWA.

Sri Krêsna nglajêngakên cariyosipun: "Botên dangu kalihan lêlampahan ingkang kula aturakên wau, yayi prabu ingkang linangkung Rêsi Candhakosika rawuh ing Magada malih. Dupi sang prabu mirêng pawartos, bilih sang rêsi rawuh ing prajanipun, enggal-enggal miyos sajawining kitha, karsa mêthukakên rawuhipun sang maharsi, kadhèrèkakên para nayaka tuwin para brahmananing praja, para kadang

--- 1214 ---

kadeyan saha pramèswarinipun kalih pisan. Dhuh, yayi prabu, sasampunipun pinanggih, sang rêsi enggal dipun usapi toya pasuryanipun, punapadene sampeyanipun dipun wijiki. Dupi sampun lênggah lajêng kaaturan argya, malah Prabu Wrehatrata lajêng dhawuh, supados sadaya tiyang saisining kitha Magada, nadyan bayi, kados ta: putranipun ingkang sangêt dipun sihi wau, ugi dipun bêktaa marak rawuhipun sang maharsi, sadaya pêndamêlan dipun kèndêlna, wigatos sampun ngantos wontên tiyang ingkang botên mahargya rawuhipun sang maharsi. Dhuh, yayi Yudhisthira, saèstunipun kalihan suka rênaning panggalihipun Rêsi Candhakosika nampèni pangaji-ajinipun Nata Magada samantên wau, mila ngantos kawiyos pangandikanipun makatên: "Dhuh, ratu ambêg paramarta, sarana kawaspadan kula sagêd priksa lêlampahan ingkang dèrèng winarah. Dhuh, ratuning para ratu, kula sagêd nyumêrapi kados punapa pêkiking suwarninipun putra jêngandika ing têmbe, sapintên kasêktèn, kaprawiran saha kakêndêlanipun, wontên ing pamawas kula sampun katingal gawang-gawang. Putra jêngandika sabên mindhak agêng wimbuh pêkik, tuwin kaprawiranipun, mila para ratu salumahing bantala, botên wontên ingkang satimbang kalihan putra jêngandika, pundi ratu ingkang purun lumawan, saèstu badhe manggih karisakan, sadaya dêdamêl nadyan tumandukipun saking karosanipun para dewa, ewadene botên badhe anggègrèkakên wuluning sariranipun putra jêngandika, dhumawahipun sadaya dêdamêl ing sariranipun, kadi alun tumêmpuh ing selakarang. Putra

--- 1215 ---

jêngandika badhe katingal ngalela wontên ing antawisipun para ksatriya ingkang sami ngrasuk makutha. Prabanipun badhe nyurêmakên suwuripun para ratu sajagad, kados sunaring surya, saèstu sagêd nyurêmakên sadaya kawontênan ingkang mawa cahya. Nadyan ratu sugih wadya rata, dirada, turangga, tuwin dharat, manawi purun mapagakên prangipun putra jêngandika, saèstu badhe sirna tanpa kêkapan, kadi sulung lumêbêt ing dilah murub, dados putra jêngandika punika badhe nêlasakên kabêgjanipun para ratu samarcapada, kadi kawontênanipun samodra anggènipun nampèni toyaning lèpèn bêna, nalika ing mangsa rêndhêng. Rajaputra punika sangêt rumêksa dhatêng bangsa kawan golongan pisan, kadi bumi anggènipun anggêmatèni dhatêng sadaya tanêm tuwuh, saha isinipun sadaya, nadyan awon punapa sae. Sadaya para ratu ing marcapada sami anut miturut saparintahipun putra jêngandika, awit sadaya wau sami rumaos butuh, kados sadaya gêsang ingkang taksih abadan wadhag, saèstu ambêtahakên Hyang Bayu, putra jêngandika, ratu ingkang pangwasanipun tanpa timbang ing marcapada, ing têmbe badhe sagêd patêmon kalihan Hyang Rudra, inggih Bathara Hara, dewaning dewa, pangrisaking tripura." Dhuh, pangrisaking satru sêkti, yayi prabu, sasampunipun ngandika makatên, rêsi agung Risang Condhakosika, èngêt dhatêng kawajibanipun, mila lajêng pamitan dhatêng Prabu Wrehatrata, bilih badhe nglajêngakên lampahipun. Sapêngkêripun sang maharsi, Prabu Wrehatrata, nata ing Magada, kundur. Sadumuginipun pura sang prabu nimbali para nayaka

--- 1216 ---

sadaya. Sasampunipun ngêmpal lajêng dipun pangandikani, manawi sang prabu kêparêng sèlèh kêprabon, dene ingkang kagantosakên Sang Jarasandha, putranipun ingkang sêkti mandraguna punika, mila sasampunipun anjumênêngakên putra, sang prabu lajêng dhêdhepok wontên ing wana, kadhèrèkakên pramèswarinipun kalih pisan. Sawêg mêngkêr kemawon ingkang rama saking kadhaton, Prabu Jarasandha lajêng lêlana andon yuda. Dupi sampun sawatawis dangu anggènipun adhêdhepok wontên ing wana Prabu Wrehatrata lajêng murut ing kasidan jati, sêsarêngan lan pramèswari kalih pisan, sadaya wêcanipun Rêsi Condhakosika punika kanyataan, Sang Prabu Jarasandha agêng kabêgjanipun, pangastanipun kaprabon sampun botên siwah kalayan ingkang rama. Lamining ngalami, dupi Sang Kangsa pêjah dening kakang Prabu Sangkarsana (Baladewa Wasudewaputra, Prabu Jarasandha prasêtya manawi badhe mêngsah kakang Wasudewaputra Balarama). Dhuh yayi Prabu Yudhisthira, Prabu Jarasandha, anggènipun nyawatakên gadanipun saking ing Giribraja dhatêng Madura ngantos kaping sangang dasa. Nalika samantên kula wontên ing Madura, mangka praja Giribraja punika têbihipun saking Madura wontên sangang dasa yojana, ewadene gadanipun Jarasandha sagêd dumugi ing Madura. Têtiyang Madura sami kagegeran, mila enggal matur ing kula. Panggenan ingkang kadhawahan gada wau sinung nama Gadamasan, Prabu Jarasandha gadhah sraya kalih pêparab Prabu Hansa kalihan Prabu Dimbaka. Sakalihanipun wau wasis dhatêng kasusilan, mbotên tumama dening saliring

--- 1217 ---

dêdamêl, yèn nimbang prakawis adil. Ing ngajêng kula sampun nyariyosakên kawontênanipun Prabu Hansa kalihan Prabu Dimbaka, ingkang kasêktènipun sampun botên siwah lan para dewa, mila manawi ratu kalih wau, dipun tindhihi Prabu Jarasandha, sampun botên nguciwani dipun mêngsahakên ratu salumahing bantala punika. Awit saking makatên kawontênanipun, mila para ksatriya bangsa Kukkura, Handaka tuwin Wrêsni, nadyan makatên kasantosan saha kaprawiranipun, mêksa dèrèng purun mapagakên prangipun Prabu Jarasandha, wigatos amung amrih rahayuning bangsanipun kalayan ngêntosi manawi sampun dumugi mangsakalanipun."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sangalas perangan Rajasuyaramba, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 20. JARASANDHA BHADA PARWA.

Sri Krêsna ngandika malih: "Kawuningana yayi prabu, sarêng Prabu Hansa tuwin Prabu Dimbaka, saha Kangsa, sawadyabalanipun sirna sadaya dening mêngsahipun, dados inggih sampun dumugi mangsa sirnanipun Prabu Jarasandha. Nanging manawi badhe dipun kawonakên wontên ing paprangan sarana ngabên bala. Prabu Jarasandha nadyan dipun mêngsah dewa kabiyantu sagung asura botên sagêd kasoran, dados sagêdipun kawon. Prabu Jarasandha kêdah dipun ajak prang tandhing sami ijèn, tur sampun mawi dêdamêl, dipun rampungi sarana asta kemawon. Kawuningana yayi prabu,

--- 1218 ---

manawi prakawis pratikêl wontên kula, dene karosan wontên yayi Bhima, nanging kula tuwin yayi Bhima kêdah dipun ayomi yayi Arjuna. Kula, yayi Bhima, kalayan Arjuna punika kadi latu agaran saking kajêng antigan, têtela sagêd damêl sampurnaning sêsaji, dados kenging katamtokakên sagêd nyirnakakên Nata Magada. Bilih Prabu Jarasandha dipun panggihi tiyang tiga punika, ingkang sampun ngantos wontên tiyang priksa, lajêng dipun tantang prang sami ijèn, tamtu purun nandhingi, awit lingsêm manawi dipun wastani jirèh sarta awit saking ngêndêlakên gêdhag-gêdhig, tamtu ingkang kapilih badhe dipun mêngsah yayi Bhima. Yayi Bhima badhe kalampahan sagêd mêjahi Prabu Jarasandha, kados Bathara Yama manawi anjabut jiwanipun tiyang ambêg adigung. Dhuh, darah Bharata, manawi yayi prabu pancèn pitados dhatêng kula, saha sampun sagêd nampèni saraosing manah kula ingkang kababar ing atur sadaya wau, suwawi yayi prabu, sampun ngêngêcêr lampah enggal-enggal maringna yayi Bhima kalihan yayi Arjuna."

Rêsi Waisampayana cariyos: Dupi makatên pangandikanipun Sri Krêsna, Sang Prabu Yudhisthira lajêng tumolèh dhatêng ingkang rayi sakalihan, ingkang pasêmonipun katingal bingah, mila lajêng matur dhatêng Sri Krêsna makatên: "Dhuh, sang asuta, kadang kula sêpuh, mbok sampun ndadak dipun dêdangu, kakang prabu pêpundhènipun Pandhawa, dados kula dalah para ari sadaya tansah nêdya nglêksanani dhawuhipun kakang prabu. Dhuh, Gowinda, sadaya ingkang badhe linampahan, saèstu sampun karaosakên, ngantos lêbêt,

--- 1219 ---

kakang Krêsna têmtu mbotên badhe ngloropakên Pandhawa, ingkang sampun masrahakên jiwa raganipun, kula pitados manawi pun Jarasandha sampun katingal sirna wontên pamawasipun kakang prabu, para tawananipun sampun sami dipun luwari, dene kula katingal sampun sêsaji Rajasuya. Dhuh gustining sarwa kumêlip, pamuji kula mugi sampun kirang pangatos-atos kemawon murih têtêp kadi ingkang sampun kacêtha ing dalêm pamawas, awit manawi kakang prabu mbotên wontên ing marcapada kula mbotên kadugi gêsang, awit kula têmtu tansah susah kadi tiyang nandhang roga, ingkang sampun sirna rajadarbèkipun, punapadene Parta botên kadugi kantun, manawi kakang prabu minggah ing jamaning para pitri, kosokwangsulipun Sri Krêsna, ugi mbotên badhe karsa dêdunung ing marcapada manawi Parta mbotên wontên. Ing salumahing jagad, kurêbing akasa, mbotên wontên mêngsah sêkti mandraguna ingkang sagêd unggul mêngsah Sri Krêsna kalihan Arjuna. Pun Bhima ingkang gagah prakosa, sêmbada kalihan wawujudanipun, ingkang karosanipun misuwur satribawana, janji kanthi yomipun kakang prabu kalihan Arjuna, punapa wontên pakaryan ingkang botên rampung dening Bhima. Prajurit manawi tinindhihan ing senapati ingkang wicaksana, punika agêng pigunanipun. Para sujana sarjana ngandika: "Wadyabala kang tanpa senapati iku tanpa kêkiyatan, mula kudu ditindhihi senapati kang julig marang gêlaring paprangan." Tiyang lantip sami ngilèkakên toya dhatêng papan ingkang lêdhok, kangge nglêksanani [nglêk...]

--- 1220 ---

[...sanani] sakabutuhanipun. Juru misaya mina, manawi mêndhêt ulam ing balumbang, tamtu toyanipun kapadosakên ilèn-ilèn papan ingkang lêdhok, utawi katawu, makatên ugi para senapati sabên nindhihi wadyabala mapagakên mêngsah, tamtu tansah maspadakakên barisaning mêngsah, pundi ingkang kirang santosa enggal dipun têmpuh. Awit kakang prabu putus dhatêng kawruh praja miwah paprangan, mila kula amung pasrah sapurba wisesanipun kakang prabu. Paduka sampun misuwur ing jagad, sêdya kula punika kalampahanipun kalihan mbotên kirang satunggal punapa, kula sumanggakakên kakang prabu. Dhuh, kadang kula ingkang sinung kawicaksanan, pun Arjuna amung badhe ndhèrèk sadhawuhipun kakang prabu, yayi Bhima nglêksanani sapakènipun Arjuna. Kakang prabu maujuding kajuligan, Bhima maujuding daya, dene Arjuna maujuding pangwasa. Manawi tiga wau ngêmpal dados satunggal, saèstu sagêd ngrampungakên pakaryan agêng, ingkang kalampahanipun kêdah kanthi kakêndêlan linangkung."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi makatên wau aturipun Sang Yudhisthira dhatêng Sri Krêsna, ksatriya pinunjuling jagad, tiga pisan wau lajêng sami mangkat dhatêng Magada, pangagêmanipun namur panganggenipun para snataka brahmana. Sadaya para kadang kadeyan saha para mitra sami mêmuji karaharjaning lampah. Kawuwusa Sri Krêsna ingkang sariranipun mawa praba kadi soroting surya, Sang Arjuna kadi soroting rêmbulan, tuwin Sang Bhima ingkang prabanipun kadi

--- 1221 ---

soroting latu, saya wimbuh sudira, panggalihipun, dupi pinuji-puji ing para kadang warga saha mitra. Têtiyang isining kitha Indraprastha, dupi priksa angkatipun ksatriya tiga wau, Sang Bhima lumampah wontên ing ngajêng, Sri Krêsna wontên ing wingking jèjèr kalihan Sang Arjuna, lajêng sami namtokakên, bilih Prabu Jarasandha badhe kalampahan antaka, awit tiyang sami kraos manahipun, bilih Sri Krêsna kalihan Sang Arjuna punika, ingkang jinibah mranata jagad têtiga punika, dening Sang Hyang Kawêkas, ingkang ambagi bêgja cilaka, saha kasugihan tuwin kamlaratanipun satunggal-tunggaling tiyang. Sawêdalipun saking kitha, lajêng anjog ing Kurujanggala, ing ngriku priksa talaga sakalangkung asri, kathah tunjungipun. Sarêng sampun anglangkungi tlaga, lajêng wiwit ngancik parêdèn Kalakutha, nyabrang lèpèn Gandhaki, Sadhakira, (Karateya) Sarkarawarta, tuwin sanès-sanèsipun malih ingkang sirahipun ugi wontên parêdèn ngriku. Sasampunipun nyabrang lèpèn Sarayu, lajêng dumugi ing talatah Kosala wetan, nrajang praja Kosala lajêng dumugi ing Mitila. Ing ngriku nyabrang lèpèn Mala, Carmanti, Gangga, tuwin Sun, langkah lèpèn Sun, lajêng ngêncêng mangetan, wasana dumugi talatah Magada, ingkang dumunung ing têngah-têngahipun tanah Kusamma. Dupi lampahipun sampun dumugi lêngkèhing rêdi Gorata, saindênging nagari Magada, katingal cêtha. Ing Magada kathah rajakayanipun, tiyangipun limrah sami sugih-sugih, ing ngriku kathah toya, sawanganipun nêngsêmakên, awit kathah

--- 1222 ---

kêkajênganipun ingkang agêng-agêng ayom angrêmbuyung.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih dasa, perangan Jarasandha Bhada, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 21. SAMBÊTIPUN JARASANDHA BHADA PARWA.

Ing nalika punika Sang Wasudewaputra ngandika: "Hèh, yayi Arjuna, mara dulunên praja Magada kang gêmah ripah loh jinawi iku, têka mangkono mulyane, rajakaya pitik iwèn kangsi tanpa petungan, kali-kali, sumbêr, talaga lan balumbang, padha lubèr-lubèr banyune, omah gêdhe-gêdhe, wangune bêcik-bêcik, patamanane akèh, padha kêbak kêmbang lan tanduran adi, têtela yèn praja Magada durung tau katêmpuh bêbaya gêdhe. Pagunungan kang ngêpung praja Magada, pucake kang dhuwur ana lima, iya iku gunung Wehara, Wrisawa, Rêsinara lan Cetyaka, kabèh katon angêlam-êlami, pucake dhuwur, akèh kêkayone kang ayom-ayom, pange kongsi têpung lan kiwa têngêne, bisa ngucap, kaya arêp ngayomi praja Giribraja. Dene kêkayon kang ana lambunging pagunungan mau kabèh padha angganda wangi, lan adi sawangane, kaya ta kayu lodra, kang pucuk êpange kêbak kêmbang, iya anèng kono kang linuwih Sang Gotama anggone pêputra Sang Kaksiwat, sarta putri liya-liyane manèh, kang suwure ngêbaki jagad, dene saka garwa paminggir – wanudya bangsa sudra – aran Sang Usinari, kang pêputra

--- 1223 ---

Usinara. Kalakone sira katurunake marang marcapada pinarintah ing ratu, wujud manusa, iku pinêksa dening turune Sang Gotama, kanggo pasêksèn kabêcikane sang rêsi marang para ratu. Wruhanamu yayi, iya gunung iku kang tansah ditêkani para ratu gêdhe-gêdhe ing Angga, Wangga, lan nagara liyane ing jaman kuna, wigati puruhita marang Rêsi Gotama. Para ratu mau anèng padhepokane sang maharsi padha rumangsa suka rêna, saha mulya. Mara yayi Arjuna, dulunên gunung kang kêbak kayune pipala lan lodra kang endah warnane, sakiwa têngên dhepok sang maharsi iku, alas iku wus wiwit kuna dadi padunungane naga aran: Arwudha, naga Sakrawapin, sakarone iku padha pangrurahing satru, naga Swastika sarta naga pêpêthingan liyan manèh, kaya ta: naga Mani. Hyang Manu ngandika, yèn nagarane bangsa Magada ora bisa katêmpuh bêbaya larang udan, kajaba Hyang Manu Sang Kosika lan Sang Manimat, uga parimg nugraha marang praja Giribraja. Kagawa Prabu Jarasandha mangkono kaananing prajane sarta ora gampang dilêboni mungsuh, mula dèrèng sêdyane arêp nglakoni panggawe kang gawe karusakane ratu liya-liyane, mula bêcik nuli ditandangi, dimèn ilang adigunge.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kalihan wiraosan makatên wau, Sri Krêsna kalihan Sang Bhima saha Sang Arjuna, ksatriya sêkti mandraguna, têtiga wau labêtipun ing watêsing praja Magada, lampahipun nêdya anjujug ing Giribraja, brahmana, ksatriya, waiswawaisya tuwin sudra, sami sênêng manahipun,

--- 1224 ---

awit sami botên kakirangan sandhang têdha, sabên dintên tansah bingah-bingah. Lumêbêtipun ing kitha, ksatriya têtiga wau botên miyos gapuraning sakèthèng, nanging langkung ing tarowongan lambunging ardi Cetyaka, ingkang kabutul dening Sang Arjuna sarana jêmparingipun, mangka rêdi Cetyaka punika pêpundhèning para lêluhuripun Prabu Jarasandha, dalah para tiyang ing Giribraja. Kawuningana sinuwun, Prabu Wrehatrata, ing nguni mêjahi raksasa sinakti nama Risawa, sapêjahing raksasa, lajêng dipun kêlèti kulitipun kangge tambur, dados tiga, tambur wau kasingidakên wontên ing lambunging rêdi wau, sabên badhe wontên bêbaya ingkang nêmpuh praja Giribraja, tambur wau lajêng mungêl botên kèndêl-kèndêl, nanging nalika Sang Arjuna anjêmparing lambunging ardi Cetyaka, jêmparingipun narajang ing papan pasingidaning tambur pusaka wau, têmah ajur dening jêmparing, mila têtiyang ing Giribraja botên pisan-pisan mirêng sasmita, ingkang mratandhani kadhatêngan mêngsah, kados ingkang sampun kalampahan. Enggalipun Sri Krêsna tuwin Sang Bhima saha Sang Arjuna, badhe nêlukakên bangsa Magada, punika dipun pinangkani saking mêjahi ratunipun, tuwin ngrisak pêpundhènipun rumiyin, ardi Cetyaka ingkang agêng saha inggil, pucakipun tansah sinêmbah-sêmbah, ginrujug ing gandawida, binorehan ing jêbat warni-warni, sinajenan ing sêkar ngantos mangundhung-undhung punika, enggal dipun gêmpur sarana dêdamêlipun, ksatriya linangkung tiga wau. Sasampunipun jugrug lajêng lumêbêt ing

--- 1225 ---

kitha kalihan sukaning panggalih. Para brahmana ing praja Magada, ingkang mbotên kasamaran dhatêng saobah osiking bawana, sami munjuk ing panjênêngan nata, kawontênaning cipta sasmita awon ingkang sami dipun sumêrapi. Kados punapa kagètipun Prabu Jarasandha, ngantos kados dirada jinojoh ing tosan abrit, mila enggal lumêbêt ing sanggar palanggatan, karsanipun badhe mambêngi dhatênging bêbaya, sarana sêsaji saha tarak brata. Dhuh, Prabu Janamêjaya, saking karsanipun para ksatriya pinunjuling jagad têtiga wau, anggènipun mêngsah Prabu Jarasandha, amung sarana asta kemawon, mila malêbêtipun ing kitha sampun botên sikêp dêdamêl, namur sanataka brahmana. Ing nalika wau sang anamur brahmana priksa arjaning praja, ramening pêkên, kathahing sambiwara ingkang anggêlar dêdaganganipun sarwa adi. Pintên-pintên pawèstri sade sêkar mawarni-warni, sakalangkung endah, gandanipun arum, damêl lêganipun ingkang sami badhe tumbas. Kathah griya panggenan sade têtêdhan. Lampahipun Sri Krêsna, Bhima, saha Sang Arjuna, sarêng wontên ing kitha lajêng langkung ing margi agêng, karsanipun ngiras badhe mriksani sadaya wau. Kawuningana sarêng lampahipun sang namur brahmana dumugi sangajênging tiyang dhasar sêkar, sami ngrêbat oncèn-oncèn sêkar lajêng kagêm sangsangan, dene singêbipun sang namur brahmana wau polèng ingkang rinaja wêrdi mancawarni, kalung sêkar tuwin ngagêm anting-anting sêsotya, sarta lajêng lumêbêt ing balowarti kadhatonipun Prabu Jarasandha, candranipun kadi singa ing

--- 1226 ---

Himalaya badhe ndhingkik rajakaya. Dhuh, Prabu Janamêjaya, baunipun sang namur warna, ingkang agêng atos kadi kajêng sala punika sami dipun lorèngi borèh kacampur kalihan jêbat candhana saha ratus. Têtiyang ing Magada sangêt kagawokan nyumêrapi brahmana nyalawadi, dene jêngganipunjangganipun agêng, pranajanipun wiyar, kados dirada. Dhuh, darah Bharata, lêbêtipun ing capuri kadhaton, para linangkung tiga wau mêdal ing kori butulan, dumuginipun capuri kadhaton ngantos langkung kori tiga. Nadyan kori butulan, ewadene inggih kathah tiyang jagi saha tiyang langkung. Ksatriya tiga wau botên ewah pasêmonipun, malah saya wimbuh sumringah sarta bingar. Dupi lampahipun sampun dumugi ing kori ingkang nglêbêt piyambak, Sri Krêsna pitakèn ing pundi suyasanipun sang prabu. Sasampunipun katêdahakên Sri Krêsna dalah Pandhuputra sakalihan, lajêng sami anjujug ing palanggatan, awit Prabu Jarasandha wontên ing ngriku.

Gêntos kawuwusa Prabu Jarasandha, ingkang mêsu brata wontên ing palanggatanipun, dupi kaaturan wuninga, bilih wontên snataka brahmana dhatêng, gurawalan mapagakên, saha ajêng atur pambagya karaharjanipun sang nêmbe rawuh, kalayan samêsthining pangaji-aji. Sajatosipun tiga pisan wau, sanadyan botên namur brahmana inggih mêksa pantês dipun aji-aji samantên, dipun wijiki sampeyanipun, dipun sunggata madu, tuwin sunggata sanès-sanèsipun samêsthining argya saha dipun pisungsung lêmbu. Pangandikanipun Prabu Jarasandha nalika mapagakên

--- 1227 ---

punika makatên: "Mugi sami manggih arja rawuhipun sang brahmana ing ngriki." Dhuh, Prabu Janamêjaya, Sang Bhima kalayan Sang Arjuna mbotên mangsuli pangandika, namung Sri Krêsna ingkang lajêng mangsuli makatên: "Dhuh, ratuning para nata, mugi sampun dados jalaraning rêngu, brahmana kalih punika sawêg nglampahi tapa bisu, anggènipun cantênan amung sabên ing wanci têngah dalu, dados inggih mangke têngah dalu anggènipun badhe nanggapi pangandikanipun sang prabu." Sang namur brahmana lajêng kapondhokakên ing palanggatan, dene sang prabu lajêng kondur dhatêng kadhaton. Dupi sampun wanci têngah dalu, sang prabu wangsul dhatêng palanggatan, karsanipun badhe manggihi brahmana tamunipun, awit sang prabu sampun kawiyos prasêtyanipun, ingkang kamirêng tiyang sanagari, inggih punika sabên mirêng pawartos manawi prajanipun kadhatêngan snataka brahmana, tamtu lajêng kapapagakên saha kaboyong dhatêng kadhatonipun, nadyan mirêngipun pawartos wau ing wanci têngah dalu. Sang prabu sangêt amundhi-mundhi dhatêng tamunipun ingkang panganggenipun nyalawadi punika, ewadene para pêpêthinganing ksatriya, tiga pisan ingkang sêkti madraguna, pangruwating satru wau babar pisan mbotên timbang. Malah Sri Krêsna anggènipun mangsuli pangandika sêmu kumlewa: "Inggih mugi gampila sinuwun anggènipun ngudi karahayon." Sasampunipun mangsuli makatên dhatêng Prabu Jarasandha, sang mimba brahmana tiga pisan wau lajêng sami pandêng-pinandêng, nanging lajêng kasaru ingancaranan lênggah

--- 1228 ---

Prabu Jarasandha: Suwawi brahmana, lajêng kaparênga lênggah ingkang sakeca." Mila sang namur brahmana ugi lajêng mapan lênggah, cahyanipun katingal sumorot, kadi latu sêsaji. Dhuh, narendra darah Kuru, Sang Jarasandha ratu ingkang sêngsêm dhatêng katêmênan, ing batos nglocita: "Têka anganèh-anèki solah bawane tamu brahmana iki" - dangu-dangu kawiyos pangandikanipun makatên: Ingkang sampun kula sumêrapi, lumampah ing bantala punika botên wontên brahmana ingkang nglampahi snataka, kaparêng ngagêm sangsangan oncèn-oncèn sêkar, kajawi manawi mangsanipun kêdah ngagêm makatên, kadospundi dene sang brahmana lajêng kaparêng ngagêm sangsangan sêkar, sarta punapa darunanipun, dene lêngêning asta kering, sami gèthèk kadi tabêting kulit mêntas kasabêt kêndhênging langkap? Manawi nitik kawontênaning pangagêman, saha sangsangan sêkar tuwin ngagêm konyoh gandawida, ingkang sanès wancinipun ngagêm makatên, nanging pantês manawi jêngandika brahmana, amung solah bawanipun sang brahmana punika ingkang mratandhani manawi ksatriya, mbok sampun mawi tatèdhèng, sintên sinambat? Kawuningana brahmana, katêmênan punika minangka kasêktèning ratu. Punapa witipun dene sang brahmana lajêng karsa gêmpur ardi Cetwaka, lumêbêting kitha, mbotên langkung ing margi, ingkang sampun wontên. Sêmunipun jêngandika sangêt nyalawadi. Punapa jêngandika botên ajrih dhatêng wasesaning ratu? Kula priksa manawi kasêktèning brahmana dumunung wontên pangandika, nanging mbotên wontên ing pandamêl. Walèh-walèh punapa,

--- 1229 ---

sadaya lêkas jêngandika punika sulaya kalihan lampahing brahmana, ingkang jêngandika tulat, mila suwawi walèha sanyatanipun, punapa ingkang jêngandika kajêngakên, sarta punapa wigatosipun, dene rawuh jêngandika ing ngriki mawi tanduk ingkang botên salêrêsipun, enggalipun jêngandika pinanggih kalihan kula punika kagungan karsa punapa.

"Sri Krêsna ingkang luhur ing budi, wasis ngandika, saha linangkung kakêndêlanipun, sarêng dipun pitakèni makatên wau dening Prabu Jarasandha, enggal mangsuli pangandika kalihan pasêmon ingkang ngawistarani manawi botên kumêdhap ing galih."

Pangandikanipun Sri Krêsna makatên: "Sang prabu mastani ing kula tiyang tiga punika. Snataka brahmana, nanging kawuningana sinuwun, brahmana, ksatriya, tuwin waisya, punika wênang nglampahi snataka. Lampah wau tumrap satunggal-tunggaling golongan, mbotên sami. Upaminipun ksatriya nglampahi snataka, mangka têtêp kados mêsthining sêsanggêmanipun, inggih badhe angsal kamulyan; tiyang ingkang ngagêm sêkar, punika padatanipun, sadaya ingkang dipun garap badhe kadadosan. Kawuningana sinuwun, ksatriya punika manawi ngatingalakên kasêktènipun, sarana tanduk, nanging botên sarana wicara. Dhuh, Wrehatrataputra, mila ksatriya mbotên ampuh wicaranipun. Dhuh, Prabu Jarasandha, kasêktènipun dewa ingkang nitahakên sarwa tumuwuh, punika kadèkèk wontên ing tanganipun ksatriya. Manawi sang prabu badhe priksa sanyatanipun, têmtu kalampahan dintên punika ugi. Dhuh, Narendra Magada, manawi tiyang

--- 1230 ---

lumêbêt ing padununganing mêngsahipun, kêdah mbotên langkung margi samêsthinipun, kosokwangsulipun manawi dhatêng dununging mitranipun, kêdah mêdal samêsthining kori. Makatên ungêling anggêr-anggêr sukci. Sinuwun, kula prasêtya salami-laminipun, manawi kula ngantos lumêbêt ing padununganing mêngsah, kula mbotên badhe nampèni pangaji-ajinipun."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping salikur, perangan Jarasandha bhada, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 22. SAMBÊTIPUN JARASANDHA BHADA PARWA.

Prabu Jarasandha mangsuli pangandika: "Saèngêt kula, kula dèrèng nate gangsul solah bawa kula kalihan jêngandika, malah yêktinipun sampun kula tintingi dangu, ewadene mêksa dèrèng pinanggih punapa darunanipun, dene sang brahmana nganggêp mêngsah ing kula, ingkang dèrèng nate pinanggih. Suwawi brahmana, kaparênga mangsuli sanyatanipun kemawon, kados lampah ingkang kaanggêp utami para wicaksana; tiyang ingkang dipun pambêngi kajêngipun, punapa dipun têrak sirikanipun, punika adhakanipun lajêng sakit manahipun. Ksatriya, ingkang ngrisak kasênêngan tuwin manêmbah ing tiyang ingkang mbotên darbe kalêpatan, nadyan ksatriya wau punjul samining ksatriya, saha lêbda dhatêng kasusilan, ewadene nandhang dosa ingkang badhe nguwoh kasangsaran, manawi lêrêsipun lampah kasatriyan punika

--- 1231 ---

kaanggêp prayogi piyambak dening para ambêk utami isining jagad tiga punika. Sintêna ingkang putus dhatêng kasusilan, tamtu rêmên dhatêng tindaking ksatriya ingkang nêtêpi kasatriyanipun. Kawuningana brahmana, lampah kula sadaya nêtêpi wajibing ksatriya kanthi pêpadhanging budi, mila saèstu mbotên badhe wontên tiyang wawêngkon kula ingkang saksêrik, awit saking tanduk kula, dados jêngandika dakwa mêngsah ing kula wau kalintu."

Pangandikanipun Sri Krêsna: "Dhuh, kang santosa baunipun, kawuningana, wontên satunggaling tiyang ingkang dêrêng anggènipun nêdya amrih widadaning bangsanipun, dhatêngipun tiyang tiga punika ing praja jêngandika, wigatos anglêksanani ayahanipun. Dhuh, Prabu Jarasandha, sampun wontên pintên-pintên ratu isining marcapada, ingkang jêngandika bêdhah prajanipun, makatên wau pandamêl daksiya, murang margining wêlasasih, kadospundi têka jêngandika rumaos mbotên darbe dosa, dhuh ratu pinunjul ing bumi, punapa ratu kenging tumindak sawênang-wênang dhatêng sasamining ratu, ingkang utami pambêganipun, mangka tanduk jêngandika dhatêng para narendra sangêt daksiya. Jêngandika nêmaha badhe nganiaya para ratu. Ingkang sampun jêngandika tawan, wigatos kangge sêsaji ing Bathara Rudra. Dhuh, Wrehatrataputra, pandamêl dosa ingkang sampun jêngandika lampahi wau, sangêt angrêrujit manah kula, kabêkta kula tiyang tiga punika nêdya nggayuh kautamèn, dados rumaos wajib rumêksa widadaning kautamèning bawana. Mêjahi tiyang kathah ingkang awit kangge sêsaji ing dewa

--- 1232 ---

punika dèrèng nate wontên ratu tumindak makatên, kadospundi têka jêngandika agahan badhe sêsaji gêsanging manusa, kaaturakên ing Bathara Sangkara. Têtiyang, ingkang sadrajad kalihan jêngandika, amung jêngandika anggêp sato, katandha jêngandika kadugi badhe nyajèkakên para ratu wau. Dhuh, Prabu Jarasandha, punapa wontên piawon ingkang langkung saking pandamêl jêngandika. Sadaya titah têmtu badhe ngundhuh wohing pandamêlipun. Awit saking anggèn kula badhe ngayomi dhatêng para ingkang sami nandhang sangsara, dados jagad tata raharja, mila kula dalah sadhèrèk kula kalih punika sami dhatêng ing ngriki, wigatos nêdya mambêngi pandadranipun piawon jêngandika, ngantos pintên-pintên para kadang warga kula ingkang sami sirna. Jêngandika andugi manawi ing marcapada mbotên wontên ksatriya ingkang satimbang kalihan jêngandika. O, Jarasandha, pamanah makatên wau kalintu. Dhuh, ratu linangkung, punapa wontên ksatriya ingkang agêng-agêng ingkang luhur bêbudènipun, saha ngaosi dhatêng kaluhuraning para lêluhuripun, sungkan ngênyami kamulyan ing swarga, ingkang witipun amung giris dhatêng kasudiran jêngandika, kalampahan mbotên kadugi prang tandhing mêngsah jêngandika. Mangka ksatriya ingkang majêng prang punika ginadhangan kamulyan warni kalih, manawi pêjah minggah swarga, manawi gêsang misuwur ing jagad, mbotên beda kalihan tiyang sêsaji ing dewa. Lampah ingkang sagêd nuntun dhatêng kaswargan, punika wontên sakawan; nunggil lan brahmana, anggayuh suwur, tapa brata, tuwin pêjah prang. Ewadene [Ewa...]

--- 1233 ---

[...dene] ingkang tiga punika dèrèng kenging katamtokakên swarga, nanging pêjah wontên paprangan punika ingkang kenging katamtokakên, sarta kenging kangge minangkani sagêdipun misuwur kados ingkang sampun kasarira ing panjênênganipun Bathara Indra. Punapadene pêjah pêrang punika ugi dipun wastani damêl lêlabêtan agêng, mila Hyang Indra makatên agêng ing kamulyanipun, awit ing nguni ugi kaparêng nglilahakên sugêngipun wontên ing paprangan, wasana sasampunipun unggul mêngsah para asura, lajêng mangrèh isining jagad têtiga. Gèk mêngsah sintên ingkang kenging katamtokakên bilih sagêd nuntun dhatêng swarga, manawi botên mêngsah jêngandika, ratu mandraguna sura sêkti, sakalangkung santosa, wadyanipun tanpa petangan. Dhuh, Narendra Magada, sampun kalajêng-lajêngakên anggèn jêngandika nyênyamah dhatêng sasamining manusa, sumêrapa manawi satunggal-tunggaling gêsang, punika sami kasinungan kasudiran piyambak-piyambak, ingkang sagêd ugi angungkuli jêngandika, nanging amargi jêngandika ingkang sawêg jinurung, mila jêngandika ingkang katingal kêndêl piyambak. Dhuh, Jarasandha, kula tiyang tiga punika ugi darbe kapurunan ingkang satimbang kalihan andika, mila kadugi lumawan. Dhuh, Nata Magada, enggal ngucapa prasêtya, bilih badhe nilar kaluhuran saha adigunging ambêg jêngandika, manawi jêngandika kasoran anggèn jêngandika pêrang tandhing. Dhuh, Prabu Jarasandha, manawi jêngandika priya sajati, lêbêt jêngandika ing kahyanganipun Bathara Yama, sampun andadak kadhèrèkakên putra santana,

--- 1234 ---

nayaka saha wadyabala pintên-pintên, sampun kados lêkasipun Prabu Dhamwodbhawa, Prabu Kartawirya, Prabu Utara, tuwin Prabu Wrehatrata, sadaya wau murutipun ing kasidan jati sêsarêngan kalihan para nayaka saha wadyabalanipun, awit kenging alad dene nyênyamah dhatêng golongan sanginggilipun. Dhuh, ratu pinunjul sasamining ratu, pangajêng-ajêng kula amung saprakawis, inggih punika kalampahana anggèn kula nêdya ngluwari para nata saking wasesa andika. Samangke jêngandika sampun botên sêmang-sêmang, manawi tiyang tiga punika têtela sanès brahmana. Wruhanamu Jarasandha, ingsun kang aran Hresikesa, ingkang uga pêparab Sori, dene ksatriya loro iki putrane Prabu Pandhu. Hèh, Nata Magada, yèn sira nyata prawira, mara pêrang padha ijèn, praptaningsun iki arêp nari, apa sira ngluwari para ratu, kang wus padha sira tawan, apa sira lumêbu Yomani, mara pilihên salah siji."

Wangsulanipun Prabu Jarasandha: "Wruhanamu Krêsna, ingsun durung tau anawan ratu kang durung ingsun kalahake anèng paprangan, mara takonana êndi ratu kang sun tawan ora sarana ingsun pikut ing madyaning ngadilaga. Hèh Hresikesa, kang lêbda marang sarupaning kawruh, ujaring wasita, panggawe kang pantês tinulat tinêpa-têpa dening para ksatriya, yaiku nêlukake mungsuhe, sarana kaprawiran, kang banjur kadadèkake batur tukone. Hèh, Krêsna, ing nguni ingsun wus muni, yèn anggon ingsun nawan para ratu iku nêdya ingsun sajèkake marang para dewa, apa aku bisa muni yèn para narendra tawanan iku samêngko

--- 1235 ---

ingsun luwari, mung saka pamêksaning rasa sumêlang yèn nandhang dosa, luwih manèh ingsun wus tutur manawa panggawe kaya kang ingsun tindaki iku kuwajiban gêdhe ingatase ksatriya, dadi ingsun kudu mapagake pêrang, apa ngadu bala anuduhake kawasisaning ngrakit gêlar, apa pêrang tandhing siji padha siji, apa sira krubut loro, utawa têlu pisan, maju barêng apa siji-siji, mara Krêsna pilihên, sira sun sarah bae."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun ngandika makatên dhatêng Sri Krêsna, Prabu Jarasandha lajêng anjumênêngakên nata putranipun, ingkang pêparap Sang Sahadewa, anggêntosi kaprabonipun, awit sangêt pangantha-anthaning panggalih anggènipun badhe mapak pêrangipun prajurit linangkung tiga wau, ngantos sirna salah satunggal. Dhuh, pêpêthinganing darah Bharata, sanalika wau Prabu Jarasandha kados katêtangi èngêtipun dhatêng sirnaning senapatinipun kêkalih, ingkang pinunjul ing jagad, pêparab Sang Kosika, kalihan Sang Citrasena, ingkang limrahing ngakathah sinêbut Prabu Hansa kalihan Prabu Dhimbaka. Kawuningana sinuwun, Sri Sori (Krêsna), ingkang sêngsêm dhatêng kasutapan, pangrurahing asura madu utawi kadangipun taruna sang Bhaladewa, têtungguling sujanma ingkang sami sagêd mangrèh cipta, sarana kawaspadan nguningani papêsthènipun Prabu Jarasandha, ratu sêkti mandraguna punika, sami sanalika katingal wela-wela, manawi Prabu Jarasandha pêjah sarana astanipun Sang Bhima, malah dhawuhipun Hyang Brahma,

--- 1236 ---

Prabu Jarasandha botên sagêd pêjah dening bangsa Yadawa.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih likur, perangan Jarasandha bhada, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 23. SAMBÊTIPUN JARASANDHA BHADA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sri Krêsna, têtungguling sujanma wasis micara mangsuli pangandika dhatêng Prabu Jarasandha makatên: "Mara sang prabu janma têlu iki pilihên salah siji, êndi kang kudu tandhing lan sira, awit têmtune iya mung siji kang bakal ngadêg anèng ngarsamu." Dene ingkang dipun pilih minangka tandhingipun inggih punika Sang Bhima. Rikala samantên para brahmana, ingkang sami wontên ing salêbêting palanggatan enggal mirantos konyoh jêne kangge maèsi lêmbu, oncèn-oncèn sêkar tuwin sanès-sanèsipun, ingkang mrabawa rahayu, punapadene mirantos usada kangge ngusadani manawi sang prabu nandhang kanin. Wontên brahmana ingkang rakit sêsaji, kangge rangkening pamuji amrih unggulipun Prabu Jarasandha. Dene sang prabu piyambak lajêng ngrasuk busana prajuritan, kados limrahing ksatriya manawi majêng pêrang, kados ta mêcat makuthanipun, rikmanipun kaukêl kêncêng, nyamping kacancutakên, lajêng jumênêng jèjèr ngêntosi mêngsahipun manawi sampun sawega. Panggalihipun [Pang...]

--- 1237 ---

[...galihipun] Sang Prabu Jarasandha, kacandra kados samodra pasang badhe nêmpuh pagisikan. Sang prabu manguwuh dhatêng Sang Bhima makatên: "He, Bhima, sira kang ingsun pilih dadi tandhing ingsun pêrang, luwih bêcik salah siji bae kang nêmahi pati, dadi ora ngêkèhake karusakan." Sasampunipun manguwuh makatên, Prabu Jarasandha, ingkang sampun nawan para ratu agêng-agêng punika, enggal anjangkah Sang Bhima, kadi tandangipun Asura Wala nalika nêmpuh ratuning dewa, ing jaman kina. Sadangunipun Prabu Jarasandha, ngrasuk busana prajuritan wau, Sang Bhima pamit dhatêng Sri Krêsna, manawi badhe mapagakên krodhanipun Prabu Jarasandha, mila Sri Krêsna lajêng mêmuji ing dewa, supados Sang Bhima unggul pêrangipun mêngsah Prabu Jarasandha. Dupi Sang Jarasandha anjangkah, enggal dipun tampèni dening Sang Bhima. Bêbanthènging jagad sakalihan, inggih punika Sang Bhima kalayan Sang Jarasandha sami mandraguna sura sêkti, lajêng campuh ulêng-ulêngan, kalihan sami rêna panggalihipun, ingkang pêrang tandhing wau sami ngangkah badhe damêl pêjahing mêngsahipun, nanging kalih pisan sami nglugas raga (mbotên mawi dêdamêl), mila dupi sampun cêlak lajêng kantaran bau, tuwin jegal-jinegal sampeyan, goco-ginoco untir-inguntir, udrêg-udrêgan, swaranipun kadêbugan ngantos anggogrogakên balowarti, uwal anggènipun gujêr-ginujêr lajêng sikêp-sinikêp jangga, bêkuk-binêkuk, babit-binabit, utawi têkak-tinêkak, sarta banting-binanting, kalamangsa dêdêr-dinêdêr, kalihan jumênêng, kalamangsa sami gêgulungan ing

--- 1238 ---

siti, sami rêbat wontên nginggil, sirah kaabên sami sirah, sakalangkung sora, mila kêkonangipun katingal ngantos kadi gêbyaring kilat, jênggirat sami tangi, lajêng binte-bininte, saha jotos-jinotos, saking rosaning panjotos damêl njarêming jêrowan, ingkang lêbêt pamanggènipun, awit kalamangsa ing ngandhap, kalamangsa tinangkis, ananging ugi asring tinadhahan ing pranaja, mila mbotên kêndhat-kêndhat kapirêng swara jêmprèt, awit amung kalayan asta, mila ingkang asring inggih sami sêndhal-sinêndhal, larak-linarak, kadi dirada atêtarungan, sami migunakakên têlalenipun. Saya dangu saya riwut tandangipun ingkang bandayuda, ngantos kadi singa kalih rêbat pawèstri. Nalika wau sami candhak-cinandhak bangkèkan, lajêng sêndhal-sinêndhal, pundi ingkang mrucut panggêgêmipun lajêng kasawatakên dhawah têbih, sawangsulipun lajêng gêlut ingkang dipun wastani pristabangga, wujudipun gêntos-gêntos nêdya ngurêpakên mêngsahipun. Dupi mbotên wontên ingkang kasoran, enggal sami nandukakên kaprigêlaning asta, ingkang dipun wastani sampurna murca, tuwin purnakumba, wujudipun astanipun ingkang sami bandayuda wau lajêng papulêtan dados satunggal untir-inguntir ngantos kadi tamparaning dhadhung, sabên uwal lajêng nyabêtakên lêngênipun kiwa têngên dhatêng mêngsahipun, dhumawahing asta sami nyuwantên jumêbrèt, makatên wau tandangipun Prabu Jarasandha nalika mêngsah Sang Bhima. Dhuh, darah Bharata, tiyang sanagari kados ta: para brahmana, ksatriya, waisya, tuwin sudra, nadyan èstri, malah tiyang ingkang sampun sêpuh pisan, sami lumêbêt

--- 1239 ---

ing nglêbêt puri, ngêmpal sacêlaking palanggatan, wigatos ningali anggènipun pêrang tandhing, mila ing nglêbêt capuri kadhaton pêpêt uyêl-uyêlan, ngantos katingal njêmblèk dados satunggal. Suwantên dhumawahing asta ing sariraning mêngsah punapa suwantêning jangga nalika kabêkuk nêdya kapèpètakên ing siti, pambintêning sampeyan, sarta dhumawahing badan ing siti, saya dangu rosa têmah ngorêgakên bantala, kados sela itêm dhumawah ing siti. Têtela manawi ingkang pêrang tandhing wau sami pêpilihaning ksatriya sarta linangkung kaprigêlanipun pêrang tanpa dêdamêl. Saking anggènipun ngangkah ungguling pêrangipun, mila sangêt ngatos-atos, pundi ingkang kaplèsèt tamtu lajêng mancolot ngadêg malih, ingkang mratandhani manawi pancèn sami cukat saha tangginasipun. Dhuh, sinuwun, pêrangipun Sang Bhima mêngsah Prabu Jarasandha, sangêt anggêgirisi, awit sami prajurit kawasa, kadi Asura Writa, nalika campuh pêrang mêngsah Bathara Wasawa ing kina, kalamangsa ingkang ningali sami mundur, jalaran sumêlang manawi kababit ing asta. Prajurit linangkung kalih-kalihipun wau, tansah dêdêr-dinêdêr, larak-linarak, goco-ginoco, tabok-tinabok, saha cakruk-cinakruk, dugang-dinugang, ngantos damêl mirisipun ingkang sami ningali. Ngasonipun amung manawi sumbar-sumbaran, sakèndêlipun sêsumbar, ugi lajêng wiwit campuh malih manawi sampeyan nuju têmpuk kalihan sampeyan, asta sami asta, mawi nyawara kumêpruk, kadi swaraning sela kaabên lan sela. Sakalihanipun wau jajanipun sami wiyar-wiyar, baunipun agêng saha

--- 1240 ---

panjang, atos kadi gada tosan. Dene wiwitipun pêrang Prabu Jarasandha mêngsah Sang Bhima wau, anyarêngi tanggal sapisan wulan kartika, rampungipun tanggal tiga wêlas, siyang dalu mbotên mawi ngaso lêstantun anggènipun pêrang tandhing, dados sami mbotên dhahar, mbotên ngunjuk, tuwin mbotên sare. Dupi ngancik tanggal kaping kawan wêlas wanci dalu, Prabu Jarasandha, nata ing Magada, katingal kêndho tandangipun, sêbab saking karaos sayah. Dhuh, Prabu Janamêjaya, rikala Sri Krêsna priksa manawi Prabu Jarasandha kêndho tandhingipun, lajêng ngandika ingkang suraos ngèngêtakên panggalihipun Sang Bima makatên: "Dhuh, Pritaputra mungsuh kang wus sayah mêsakake yèn dibacutake, wêkasan anêmahi pati, hèh, yayi Bhima, ratu iki aja katêlukake urip. Dhuh, darah Bharata, mula mbacuta bae anggonira bandayuda, tanpa gêgaman, nanging ngêtoka karosan anggonira nandhingi mungsuh kang wus ora sapira karosane iku." - Nalika sang pangrurah satru putranipun Prabu Pandhu panênggak, dipun pangandikani makatên wau, lajêng ngrêtos kadospundi kawontênanipun Prabu Jarasandha samangkenipun, mila osiking panggalih, nêdya mungkasi mêngsahipun. Rikala punika prajurit kinawasa, rajaputra darah Kuru, enggal ngêtog karosan saha kêkêndêlan, nêdya ngawonakên prajurit sinêkti Prabu Jarasandha, ingkang dumugi samantên dèrèng nate kasoran prangipun."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tiga likur, perangan Jarasandha bhada ing Sabhaparwa.

__________

--- 1241 ---

BAB 24. SAMBÊTIPUN JARASANDHA BHADA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi Sang Bhima dipun pangandikani Sri Krêsna makatên wau, èsthining cipta gêgolong nêdya mêjahi Prabu Jarasandha, mila lajêng mangsuli atur makatên: "Dhuh, Krêsna kakangku, bêbanthènging darah Yadu, si candhala Jarasandha, kang samêngko ngêtog karosan anggone lumawan aku, têmtu ora dak apura manèh." - Sarêng makatên atur wangsulanipun kang rayi, Sri Krêsna lajêng ngatak malih, suraos sampun ngantos kadangon, enggal dipun rampungna, pangandikanipun makatên: "He, yayi Bhima, karosan kang wus sira darbe, apadene kasêktèn pêparinge Bathara Maruta, sajatining sudarmanira, dina iki tuduhna maring Prabu Jarasandha." - Sami sanalika wau, Sang Bhima enggal nyêpêng bangkèkanipun mêngsahipun, lajêng kaputêr ing sanginggiling mêstaka. Dhuh, bêbanthènging darah Bharata, Sang Jarasandha kaputêr asta satunggal wontên sanginggiling mêstakanipun ngantos satus ubêngan, wasana lajêng kakêplèkakên ing pupu, boyok kadêngkèk kalandhêsan ing jêngku têmah putung. Sasirnaning mêngsahipun Sang Wrêkudara lajêng anggêrêng sarêng lan jêritipun Jarasandha, têmah damêl gêtêring manahipun tiyang pintên-pintên wau. Têtiyang Magada sami jêngêr, tiyangipun èstri ingkang wawrat sampun sêpuh, lajêng kêdadak anglairakên anak, awit saking kagèting manahipun. Tiyang Magada ingkang têbih

--- 1242 ---

kalihan kadhaton, nalika mirêng suwantên jêritipun Prabu Jarasandha, ingkang kabarung gêrêngipun Sang Bhima wau, andugi manawi pucaking Himawat gugur, utawi wontên siti njêmblong. Sri Krêsna, Sang Arjuna, saha Sang Bhima, sami anjunjung kunarpanipun Prabu Jarasandha, kabêkta dhatêng wiwara kadhaton. Sasampunipun sae anggènipun mapanakên kadi patraping tiyang tilêm, lajêng sami mêdal ing jawi. Sadumugining jawi Sri Krêsna dhawuh dhatêng tiyang Magada, supados rata titihanipun Prabu Jarasandha, ingkang rinêngga daludag sakalangkung asri, enggal dipun pasangana kuda pangirit, saha lajêng dipun ajêgna. Dupi rata sampun dhatêng, Sang Arjuna tuwin Sang Bhima enggal kadhawahan nitih rata punika, lajêng angluwarana para nata, ingkang sami kawarangka Prabu Jarasandha ing nguni. Sasampunipun linuwaran, para raja wau lajêng sami marak sang linangkung têtiga, kalihan misungsung warni-warni sakalangkung kathah, minangka tandhaning panungkul. Ksatriya tiga ingkang mindha brahmana, lajêng sami mêndhêt dêdamêlipun, ingkang kasingidakên wêkdal badhe lumêbêt ing kitha Magada. Dados wêdalipun saking praja Giribraja, sang pinunjuling jagad têtiga wau, kalihan wahana rata kaswargan, titihanipun Prabu Jarasandha, sarta kaajab para narendra ingkang mêntas sami dipun luwari. Ingkang ngusiri Sri Krêsna, dene Sang Bhima, pangrurah satru sêkti, saha Sang Arjuna, ingkang astanipun kiwa têngên sami kemawon prigêlipun anglêpasakên jêmparing, jèjèr wontên sawingkingipun Sri Krêsna.

--- 1243 ---

Dupi rata kaswargan wau tinitihan Sang Bhima saha Sang Dananjaya, ingkang ngusiri Sri Krêsna, lajêng katingal saya wimbuh asri. Inggih rata punika ingkang tinitihan Bathara Wishnu kalihan Bathara Indra, nalika mêngsah para asura. Dene ingkang dados jalaraning pêrangipun para asura, mêngsah para dewa têmah ngawontênakên pêpêjah pintên-pintên punika jalaran saking rêbatan Dèwi Taraka, pramèswarinipun Hyang Wrihaspati. Makatên wau kawontênanipun Sri Krêsna, wêkdalipun saking kitha winangun asri, dumunung ing pasitèn ingkang kinêpang parêdèn. Rikala Sang Hyang Indra nitih rata, ingkang kajarah Sri Krêsna punika, sagêd mêjahi asura sêkti sangang dasa sanga. Rata wau mawa praba sumorot, rinêngga ing gêntha tanpa petangan, manawi kalampahakên rodhanipun nywara gumaludhug anggêgêtêri. Sintêna ingkang wahana rata wau, mangka kangge pêrang, botên sagêd kasoran, manawi kangge nêmpuh mêngsah, botên wontên ingkang kuwawi nanggulangi. Mila Sri Krêsna, Sang Bhima saha Sang Arjuna, sakalangkung suka mrawata suta, dupi kalampahan sagêd anjarah rata wau. Sintêna ingkang tumingal sami kagawokan priksa pantêsipun sang ungguling ayuda tiga wau, sarêng wahana rata punika. Ing rata wau wontên dandaning daludag, ingkang botên kasumêrapan ing pundi tumancêpipun. Dayanipun daludag wau amimbuhi prigêlipun ingkang numpaki, manawi sikêp dêdamêling pêrang, dene corakipun kadi kaluwung, sagêd katingalan saking panggenan ingkang têbihipun sayojana. Rikala badhe mêdal saking kitha Giribraja, Sri Krêsna angèsthi

--- 1244 ---

garudha, ingkang lajêng dhatêng sami sanalika, katingal agêng angrêgêmêng kadi kajêng pandayanganing padhusunan. Garudha, ingkang mangsa sarpa, agêngipun anggêgirisi wau, mincok ing rata, dene pangiridipun sami nyabawa sora, sangêt angajrih-ajrihi. Ingkang makatên saya damêl mirisipun ingkang sami tumingal, saha prabaning garudha, mimbuhi soroting rata, ngantos anyurêmakên soroting srêngenge ing wanci têngange, dados mbotên wontên titah ingkang kuwawi mandêng. Dhuh, Prabu Janamêjaya, nadyan dandaning daludag rêngganing rata wau kenging dinulu, ewadene manawi kataman dêdamêl punapa katêmpuh ing samukawis, mbotên risak, kadi kawontênaning ayang-ayangan, nadyan katingal, nanging manawi katêmpuh samukawis botên dados jalaraning risakipun. Dados wêdalipun Sri Krêsna, kalihan sang panênggak saha panêngah Pandhawa saking kitha Giribraja, punika anitih rata kaswargan ingkang anggêgirisi punika. Rata wau ing nguni gumadhuh Prabu Wasu, ganjaran saking Bathara Sawa, lajêng dhawah Prabu Wrehatrata, wasana tumurun dhatêng Prabu Jarasandha, Sri Krêsna ingkang tingalipun kadi ron tunjung, saha misuwur ing jagad tiga, sadumugining ing jawi kitha, kèndêl wontên ing ara-ara wiyar tuwin waradin. Ing ngriku anggènipun nampèni sowanipun tiyang sapraja Magada, kairid para brahmananipun, sarta lajêng sami angaji-aji kadi limrahipun tiyang dhatêng ingkang sampun nêlukakên ratunipun. Wontên satunggaling tawananipun Prabu Jarasandha, ingkang sasampunipun dipun luwari lajêng matur dhatêng Sri Krêsna makatên: "Dhuh,

--- 1245 ---

ingkang santosa baunipun, ing dintên punika paduka sampun sagêd ngêntas para ratu saking embaganing talaga Jarasandha, panganggêp kula tuwin para ratu ingkang sami sangsara, panjênêngan kalihan Sang Bhima saha Sang Arjuna wau sampun anindaki pandamêl utami, ingkang mbotên kenging kacandra ing têmbung. Dhuh Sri Krêsna, pangejawantahipun Bathara Wishnu, paduka kawasa ngêntas kula dalah para ratu sadaya saking bêbaya, mila mendah kados punapa misuwuring asma paduka ing têmbe, awit suwau, kados punapa kêpenginipun kula sadaya luwar nalika wontên salêbêting pawarangkan, ing nglêbêt bètèng karatonipun Prabu Jarasandha, wigatos badhe kangge sarana, anggènipun Prabu Jarasandha ngupaya kabêgjan. Dhuh, pêpêthinganing manusa, kula dalah para sadhèrèk ratu tawanan sadaya sami pasrah jiwa raga, mila suwawi kêparêngan ndhawuhakên, punapa ingkang kêdah sami kula lampahi. Dhuh, gusti pêpundhèn kula, nadyan paduka mundhut ingkang mbotên gampil kalêksananipun, ewadene para ratu sadaya punika nêdya minangkani."

Dhawuh wangsulanipun Hresikesa makatên: "Dhuh, kadang-kadang kula, para ratu sadaya punika, jêngandika sami sumêrapa, manawi yayi aji Yudhisthira ing wêkdal punika nêdya damêl sêsaji Rajasuya. Sajatosipun Prabu Yudhisthira punika ambêg utami, sarta sampun pantês upami jumênêng nata binathara, mila saking panêdha kula dhatêng para ratu sadaya, sami kêparênga mbiyantu anggènipun yayi aji Yudhisthira damêl sêsaji Rajasuya."

--- 1146Seharusnya halaman 1246-1261. ---