Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Image

Sêrat Mahabharata No. 7.

7 Juli 1958.

Dhuh Prabu Janamêjaya, rikala para ratu mirêng pangandikanipun Sri Krêsna makatên wau, sami suka amrawata suta, saha sangêt jumurung dhatêng utamining karsanipun Prabu Yudhisthira wau, mila lajêng matur sêsarêngan: "Dhuh Wishnu, sampun sumêlang ing galih, kula sadaya punika ingkang sami badhe ambiyantu sagêdipun kalêksanan sêsaji Rajasuya." Satêlasing aturipun, para ratu wau lajêng sami misungsung sêsotya nawa rêtna, katur Sri Krêsna, nanging kabêkta saking sihipun dhatêng para ratu wau, mila Sang Gurinda botên kêparêng nampèni sadaya, amung milih sakêdhik, murih sampun damêl cuwanipun para ratu kemawon.

Nalika punika putranipun Prabu Jarasandha, ingkang kêkasih Sang Sahadewa saha putra santana Magada, marak Sri Krêsna, kalihan misungsung mas picis rajabrana sakalangkung kathah, minangka tandhaning panungkulipun. Sasampunipun ngaras pada dhatêng Sri Krêsna, lajêng ngaturakên pisungsung, ingkang ugi katampèn dhatêng Sri Krêsna, sarta ngandika ingkang suraos anglipur prihatosipun Sang Sahadewa, badhe kajumênêngakên nata anggêntosi kaprabonipun ingkang rama. Sasampunipun kajumênêngakên, Prabu Sahadewa lajêng prajanji kêkadangan kalihan Sri Krêsna saha Pandhuputra sakalihan, wasana lajêng kadhawuhan wangsul dhatêng kadhatonipun ingkang rama, dene Sang Bhima tuwin Sang Dananjaya, kondur dhatêng Indraprastha, kalihan ambêkta sêsotya nawa rêtna saking para ratu ingkang sami nungkul, kathahipun tanpa petangan. Sadumuginipun ing Indraprastha anjujug ing palênggahanipun Prabu Yudhisthira, lajêng rêrangkulan, Sri Krêsna sarwi ngandika makatên:

--- 1147 ---

"Dhuh yayi Yudhisthira, pêpêthinganing narendra samarcapada, lampah kula saha yayi Bhima kalihan Arjuna, sami manggih kabêgjan, awit kalampahan sagêd nyirnakakên narendra kinawasa Prabu Jarasandha, dene ingkang nguntapakên pêjahipun Jarasandha, yayi Bhima; dene para ratu tawanan, ingkang kinunjara wontên ing Giribraja, sampun sami dipun luwari sadaya sarta rayi jêngandika yayi Bhima tuwin Arjuna, sami raharja, antukipun dhatêng Indraprastha, kulitipun babak kemawon botên."

Sasampunipun anglingga murda dhatêng Sri Krêsna, Prabu Yudhisthira lajêng ngrangkul Sang Bhima saha Sang Arjuna, kalayan kasoking panggalih. Nadyan Prabu Yudhisthira punika botên kagungan mêngsah, ewadene sagêd nêlukakên para ratu pintên-pintên, jalaran saking pandamêlipun para ari, mila sang prabu lajêng mangun suka kalihan para kadang. Botên dangu para ratu, ingkang sami dipun luwari saking pawarangkan ing Giribraja, lajêng sami nungka lampahipun Sri Krêsna. Sadhatêngipun ing Indraprastha dipun tampèni dening Prabu Yudhisthira, kalayan para ari sadaya, mawi tanduk ingkang ngrêsêpakên kados ta dipun bagèkakên urut sêpuh, dipun aturi argya. Sasampunipun sawatawis anggènipun sami pêpanggihan lajêng kalilan sami bêbodholan kundur dhatêng prajanipun piyambak-piyambak, sabab sampun kadangon anggènipun katilar. Awit saking punika, mila kunduripun para ratu dhatêng prajanipun sowang-sowang punika kalihan suka rêna, ingkang nawung raos kasok dhatêng kautamènipun Prabu Yudhisthira.

Dhuh Prabu Janamêjaya, dados Sri Krêsna, ingkang

--- 1148 ---

wicaksana, pêpêthinganing para ratu punika anggènipun nyirnakakên Prabu Jarasandha, mêngsahipun ingkang sinakti, kanthi pambiyantunipun Pandhuputra. Dhuh nata darah Bharata, Sri Krêsna rumaos sampun botên kagungan kalilip, mila sasampunipun lêrêm sawatawis, lajêng pamit dhatêng Prabu Yudhisthira, Dèwi Kunthi Dèwi Drupadi, Sang Bhimasena, Sang Palguna, tuwin sang kêmbar, wigatos badhe kundur dhatêng Dwarawati. Sasampunipun ngandika kathah-kathah dhatêng Sang Dananjaya lajêng pangkat kundur, wahana rata kaswargan, lampahipun rikat, kadi kêclaping kilat, nanging rodhanipun nyuwara gumaludhug, ngèbêki ing ngawang-awang. Rata punika jarahan saking Giribraja, ingkang sasampunipun kapasrahakên dhatêng Prabu Yudhisthira, lajêng kapisungsungakên dhatêng Sri Krêsna.

Dhuh pêpêthinganing narendra, sadèrèngipun pangkat kundur, para Pandhawa sami ngubêngi Sri Krêsna. Lampahipun urut kacang, Prabu Yudhisthira wontên ngajêng, wingkingipun para ari urut sêpuh.

Dhuh darah Bharata dados kunduripun Sang Dewakiputra, pangrurahing satru sêkti, punika sampun angsal kamênangan agêng, ingkang dados pambirat girisipun para ratu salumahing bantala, sarta amimbuhi misuwuripun para Pandhawa. Punapadene sampun sagêd ambêbingah panggalihipun Dèwi Drupadi. Prabu Yudhisthira botên kêndhat-kêndhat pangudinipun runtut kalihan wêwatoning kautaman, anggènipun ngayomi para kawulanipun, gampila anggènipun ngupaboga, sarta tansah sênêng manahipun.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan likur, perangan Jarasandha bhada, ing Sabhaparwa.

--- 1149 ---

BAB 25. DIGWIJAYA PARWA.

Rêsi WaisampayanWaisampayana cariyos malih: "Sang Arjuna putranipun Dèwi Kunthi, ingkang langkapipun nama gandhiwa, sarta endhongipun kalih sami botên sagêd têlas jêmparingipun, punapadene ratanipun rinêngga ing daludag ciri wanara saha Sabha (pandhapining kadhaton, ingkang kalênggahan ing ratu, kalanipun siniwaka), ing satunggaling dintên atur pamrayogi dhatêng ingkang raka Prabu Yudhisthira makatên: "Dhuh ratu têdhak Kuru, ing mangke kula sampun darbe langkap saha jêmparing linangkung, kasêktèn tuwin sraya ingkang anggêgirisi jajahan sarta wadyabala sakalangkung kathah, punapadene misuwur ing jagad tanpa tandhing, ingkang sajatosipun botên gampil ginayuh dening para ksatriya, nadyan sadaya wau limrah dados gêgeyongan, mila samangke kula kêdah anglampahi kautaman ingkang kados punapa malih, ingkang sagêd mimbuhi kamulyaning nagari, dhuh pêpêthinganing para nata, manawi pêthuk kalayan karsanipun kakang prabu, para ratu ing brang lèr badhe kula têtêpakên asok bulubêkti glondhong pangarêng-arêng dhatêng Indraprastha, awit saking punika mila benjing manawi sampun dumugi ing dintên ingkang prayogi kangge pangkat nglurug, kula badhe andhatêngi para ratu ing keblat wawêngkon dewaning kasugihan."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi Prabu Yudhisthira, ratu ambêg paramarta, punika mirêng aturipun ingkang rayi makatên wau lajêng

--- 1150 ---

mangsuli pangandika, ingkang mratandhani bilih aturipun ingkang rayi wau pêthuk kalihan karsanipun dhawuhipun makatên: "Hèh, bêbanthènging darah Bharata kadangipun kakang, nuli mangkata ngêlar jajahan, ingatase ksatriya wajib amrih gawe kêkêsing mungsuh, ambêbungah para mitrane, nanging angkatira mau yèn wus antuk palilah sarta nugrahaning para brahmana sukci, dimèn sira olèh kêmênangan, puwara bisa kasêmbadan sasêdyanira."

Wiwit nalika samantên Sang Arjuna lajêng tata-tata, sasampunipun samêkta lajêng pangkat wahana rata kaswargan, pêparingipun Bathara Agni, ingkang warninipun angebat-ebati, kalihan ngirit wadyabala agêng. Dene Sang Bhimasena, tuwin Sang Nakula miwah Sang Sahadewa, ugi sami bêbodholan pangkat nglurug, nadyan nêlukakên para ratu, sadaya sami ngirit wadyabala sakalangkung kathah, Sang Arjuna putraning dewa pangrurah Asura Paka, kalampahan sagêd nêlukakên para ratu ing talatah bang lèr, Sang Bhima nêlukakên ing bang wetan, Sang Sahadewa bang kidul, dene Sang Nakula para ratu ing bang kilèn. Sadangunipun para ari wau sami nglurug, Prabu Yudhisthira, ingkang ambêg adil, tansah ambêbingah para putra santana, miwah para nayaka tuwin para wadyabala sadaya.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping salangkung perangan Digwijaya, ing Shaba parwa.

__________

BAB 26. SAMBÊTIPUN DIGWIJAYA PARWA.

Prabu Janamêjaya matur dhatêng Rêsi Waisampayana: "Dhuh brahmana, mugi kaparênga

--- 1151 ---

nyariyosakên lêlampahanipun para Pandhawa, rikala nêluk-nêlukakên para ratu isining keblat sêkawan wau, awit botên wontên marêmipun anggèn kula mirêngakên cariyos lêlampahanipun para lêluhur kula."

Atur wangsulanipun Rêsi Waisampayana: "Kawuningana sinuwun, para ratu saindêngipun bawana punika sami katêlukakên dening para Pandhuputra, nanging badhe kula cariyosakên rumiyin, lêlampahanipun ingkang nglurug mangalèr.

Ingkang katêlukakên rumiyin piyambak dening Sang Arjuna, inggih punika para ratu ingkang mangrèh prajanipun bangsa Kulindha, panggêbagipun kanthi kasudiran ingkang anggêgirisi. Sasampunipun nêlukakên bangsa Kulindha, bangsa Anarta, tuwin bangsa Kalakuta, lajêng nêlukakên Prabu Sumandhala, dalah para ratu wêwêngkonipun. Dhuh Prabu Janamêjaya, pangrurah satru Sang Arjuna, ingkang astanipun kanan kering sami parigêl nandukakên dêdamêl, lajêng dhatêng pulo Sakala, nêlukakên Prabu Prêtiwindya, mawi pambiyantunipun Prabu Sumandhala. Pulo Sakala punika panunggalanipun wontên pitu, ing ngriku kathah batunipun, ingkang ngirit wadyabalanipun piyambak, mapagakên wadyanipun Sang Arjuna, pêrangipun sakalangkung rame. Dhuh darah Bharata, para ratu wau sadaya sami prajurit jêmparing linangkung, ewadene sami kasoran dupi mêngsah Sang Arjuna, ingkang lajêng dipun senapatèni piyambak dening Sang Arjuna, kabêkta nglurug dhatêng Pragyotisa. Prajanipun Prabu Bhogadatta. Pêrangipun Sang Arjuna mêngsah Prabu Bhogadatta wau sakalangkung

--- 1152 ---

rame, awit sang prabu kabiyantu dening bangsa Kirata, bangsa Cin, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang sami dêdunung têpining samodra, sadaya wau rêmên mangun yuda. Dupi sampun angsal wolung dintên wolung dalu anggènipun pêrang mêngsah Sang Arjuna Prabu Bhagadatta priksa manawi Sang Arjuna botên darbe sayah lumawan mêngsah, sami sanalika wau lajêng matur dhatêng Sang Arjuna, makatên: "Dhuh, rajaputra darah Kuru, ingkang panjang baunipun, kasêktèn jêngandika pantês kalihan warni jêngandika mila pantês dados sêsêkaring pabaratan, punapadene dados putraning dewa pangrurah Asura Paka, nggèr, kula punika putra-putranipun Bathara Indra, mila botên wangwang nyumêrêpi kaprawiran saha kasêktèn jêngandika, ananging kula sampun langkung sêpuh, mila saèstu botên kuwawi dangu manawi pêrang. Dhuh Pandhuputra, wontên kêrsa jêngandika punapa rawuh wontên ing praja kula, suwawi dipun dhawuhna kemawon, pun paman ingkang badhe minangkani, pun paman yêkti badhe nglêksanani, mila tumuntên dipun dhawuhna kemawon."

Dupi makatên pangandikanipun Prabu Bhogadatta, Sang Arjuna lajêng mangsuli ngandika: "Dhuh Prabu Bhogadatta, Prabu Yudhisthira pêpêthinganing darah Kuru, putranipun Bathara Darma, punika putus dhatêng wêwatoning kasusilan, sêtya tuhu ing wacana, sêngsêm dhatêng sêsaji ing dewa ingkang mawi misungsung kathah dhatêng para brahmana, awit saking punika kula kêpengin sangêt nyumêrêpi jumênêngipun Prabu Yudhisthira, dados ratu binathara. Kalêksananipun kula wau, bilih para ratu sampun sami asok bulubêkti dhatêng

--- 1153 ---

panjênênganipun, nanging punapa botên murang kasusilan, manawi kula matur dhatêng jêngandika supados asok bulubêkti dhatêng Prabu Yudhisthira, awit jêngandika mitranipun bapa kula, mila kula pinanganipinangkani sarana lampah ingkang dados kudanganing ksatriya, ingkang luhur ing budi, inggih punika sarana pêrang."

Sakèndêlipun Sang Arjuna, Prabu Bhogadatta lajêng ngandika malih: "Nggèr, jêngandika putranipun Dèwi Kunthi waruju, dene Prabu Yudhisthira punika pambajêngipun, mila manawi kula mituruti dhatêng karsa jêngandika, punika ugi kêdah mituruti dhatêng Prabu Yudhisthira. Suwawi, ênggèr, lajêng pangandikakna malih, punapa pamundhut jêngandika dalah para kadang sadaya dhatêng pun paman?"

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping nêm likur perangan Digwijaya, ing Shabaparwa.

__________

BAB 27. SAMBÊTIPUN DIGWIJAYA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sarêng dipun wangsuli makatên dening Prabu Bhogadatta, Sang Arjuna lajêng ngandika malih: "Dhuh, paman prabu, manawi jêngandika sampun anêtêpi kados ingkang kula cariyosakên wau punika inggih sampun anuruti sadaya panêdha kula dalah para kadang."

Sasampunipun nêlukakên ratu ing Pragyotisa, Sang Arjuna lajêng tindak mangalèr, wadyabalanipun Risang Pritaputra, tansah ambêdhah bètèng mikut para ratu ngantos dumugi ing kitha-kitha, ingkang dumunung ing parêdèn. Sarêng sadaya

--- 1154 ---

sampun sami nungkul, awit sampun kasoran pêrangipun, para ratu wau lajêng katêtêpakên sabên taun kêdah asok bulubêkti, glondhong pangarêng-arêng dhatêng Prabu Yudhisthira. Sasampunipun sami sumanggêm, saha sampun prajanji badhe bantu-binantu, para ratu lajêng sami andhèrèk Sang Arjuna anggènipun anggêpuk nagarinipun Prabu Trihanta, inggih punika praja ing Uluka. Pêrangipun Prabu Trihanta punika sakalangkung rame, Sang Arjuna ngêdalakên pangabaran, Prabu Trihanta ngantos botên sagêd nyumêrêpi dhatêng Sang Arjuna, têmahan ing batos nglocita, manawi Sang Arjuna têtela botên kenging linawan, mila sang prabu lajêng nungkul, pasrah jiwa raga. Sasampunipun nampèni panungkul saha prajanji apawong mitra, Sang Dananjaya lajêng pangkat anggêpuk prajanipun Prabu Senawindu, nganti Prabu Trihanta. Pêrangipun botên dangu, awit Prabu Senawindu lajêng tilar nagari. Sasampunipun ngawonakên Prabu Senawindu, lajêng andhatêngi Prabu Wamadewa, Prabu Sudaman, Prabu Susangkula, bangsa Uluka iring lèr sadaya.

Dhuh, Prabu Janamêjaya, nalika samantên wontên utusanipun Prabu Yudhisthira, ngêmban timbalan, andhawuhakên supados Sang Arjuna sampun anindhihi pêrangipun wadya ingkang ngêlar jajahan, nanging anglêrêmna sarira wontên ing prajanipun Prabu Senawindu. Dados ingkang nglurug amung senapatinipun kemawon, ewadene sanajan amung senapatinipun, sagêd ambêdhah nagari gangsal, dene Sang Arjuna lêstantun lêrêm wontên ing Dewaprastha, prajanipun Prabu Senawindu, sawadyanipun kawan golongan. Dupi sampun sawatawis anggènipun lêrêm, Sang Arjuna wiwit pangkat nglurug malih kalihan

--- 1155 ---

kadhèrèkakên para ratu ingkang sampun sami nungkul. Mênggah ingkang kagêbag pêrang rumiyin, inggih punika Prabu Wiswagaswa bêbanthènging darah Puru. Dhuh, sinuhun, dados sasampunipun unggul mêngsah para ratu parêdèn, Sang Pandhuputra lajêng ngrampit kithanipun nata darah Puru wau. Prabu Wiswagaswa kalampahan nungkul, sarta lajêng nêlukakên golonganing para durjana ingkang sami rêraton wontên ing rêdi-rêdi. Wontên ing ngriku lajêng anêlukakên pitung bangsa, inggih punika ingkang limrahipun dipun wastani golongan Utsagwasangkata. Pêpêthinganing manusa Sang Pandhuputra ugi sagêd nêlukakên para ksatriya bangsa Kasmira, sarta Prabu Lohita, sajajahanipun para ratu sadaya. Dhuh, narendra darah Bharata, para ksatriyanipun bangsa Trigarta, Dharawa, Kokonadha, tuwin sanès-sanèsipun malih, sami mapak pêrang. Sang Dananjaya sasampunipun unggul kalayan bangsa wau, lajêng ambêdhah praja Awisari, ingkang sangêt nêngsêmakên, sarta lajêng sagêd nêlukakên Prabu Rosamana, narendra ing praja Uraga. Dados wadyabalanipun Sang Dananjaya saya agêng, ngantos sagêd ambêdhah nagari ingkang binètèng mubêng sakalangkung santosa, nama Singapura, saha praja Suma tuwin Sumala. Nagari kalih punika kenging dipun wastani ngantos kados dipun radini dening putranipun Sang Hyang Indra, ingkang kaprawiranipun tanpa timbang punika. Saking nagari Suma, lajêng nêlukakên bangsa Malhika, ingkang botên kenging ginampil-gampil punika, nanging ugi kandhih dening Sang Palguna. Sasampunipun unggul pêrang mêngsah bangsa Malhika, Sang Dananjaya ngirit wadya pêpilihan, karsa anggêpuk bangsa Dharadha, tuwin bangsa

--- 1156 ---

Kamboja, tuwin golonganing para durjana, ingkang sami manggèn ing watês-watêsing nagari utawi ing wana agêng-agêng. Dhuh, ratu agung, Sang Hyang Indratanaya ugi nêlukakên bangsa Loha, ingkang sami rêraton, saha bangsa Kamboja iring wetan, tuwin bangsa Rêsika iring lèr. Campuhipun bangsa Rêsika kalihan wadyanipun Sang Dananjaya punika sangêt anggêgirisi ngantos kados para jawata mêngsah asura, nalika rêbatan Dèwi Taraka, garwanipun Hyang Wrihaspati, kados botên wontên pêpêrangan, ingkang kathahing pêpêjah kados nalika samantên. Dhuh, Prabu Janamêjaya, dupi bangsa Rêsika sampun sami têluk, lajêng katêtêpakên asok bulubêkti kapal wolu, ingkang ulêsipun kados wuluning pêksi jakatuwa ing dhadha. Kapal ulês mêkatên wau plajêngipun rikat kados kêclaping cipta, dene aslinipun saking praja bang lèr. Saking ngriku Sang Arjuna lajêng nêlukakên para ratu ingkang sami ngadhaton ing parêdèn Himalaya, tuwin Niskutha. Saking Niskutha lajêng dhatêng parêdèn pêthak saha lêrêm wontên ing imbanging rêdi wau.

Dumugi samantên wêkasanipun bab pitulikur, perangan Digwijaya Sabhaparwa.

__________

BAB 28. SAMBÊTIPUN DIGWIJAYA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Sang linangkung têtungguling Pandhawa, ingkang sêkti mandraguna, anjajah laladan parêdèn pêthak, nêlukakên bangsa Kimpurusha, ingkang dipun ratoni Prabu Dhurnaputra. Sasampunipun damêl pêjahipun para ksatriya pintên-pintên, bangsa Kimpurusha [Kimpuru...]

--- 1157 ---

[...sha] nungkul. Saking ing ngriku Sang Arjuna lajêng ngirit wadyabalanipun piyambak, adrêng badhe nglurug dhatêng praja Harataka. Nagari Harataka punika dipun ratoni bangsa Guhyaka. Kalampahanipun sagêd nungkul sarana kamitra, pamitranipun kalihan Prabu Guhyaka wau, ingkang sagêd dados sarana Sang Arjuna wuninga ing tlaga Manasa, saha tlaga tuwin sumbêr sanès-sanèsipun ingkang kaanggêp sukci dhatêng para rêsi. Sarêng rajaputra darah Kuru ingkang pinunjul ing jagad punika dumugi satêpining tlaga Manasa, lajêng nêlukakên para gandarwa, ingkang sami ngarah wontên rêdi Hataka, dene ingkang minangka tandhaning panungkul, para gandarwa kadhawahan misungsung kapal ingkang winastan titiri, kalmasa tuwin mandhuka. Anggènipun Sang Arjuna anjajah parêdèn wau kalantur ngantos dumugi praja Hariwara iring lèr. Karsanipun Sang Arjuna lakar badhe anggêpuk nagari wau. Dupi panjênênganipun Sang Dananjaya dumugi ing watês-watêsing nagari, lajêng dipun alang-alangi dening para wadya jagi tampingan. Kawontênanipun wadya tandhingan ingkang sami mambêngi lêbêtipun Sang Pritaputra wau, sadaya sami naracèk agêng-agêng inggil gagah prakosa tuwin mandraguna sura sêkti. Kalihan mèsêm ingkang jagi wau aturipun dhatêng Sang Arjuna makatên: "Dhuh Pritaputra, nagari punika botên sagêd katêlukakên. Manawi radèn pancèn ngupaya kasaenan, luwung wangsula ing ngriki kemawon. Dhuh sang asyta, jajahanipun Pandhawa sampun sakalangkung kathah, pedah punapadene kêrsa njajah ngriki. Sintên ingkang lumêbêt ing wêwêngkoning nagari ingkang kula jagi punika, yèn titah bangsaning manusa tamtu lêbur tanpa [tan...]

--- 1158 ---

[...pa] kukuban. Dhuh prajurit linangkung, kalakula dalah para kanca punika sami bingahing manah, dene samantên agênging jajahan Pandhawa. Walèh-walèh punapa radèn, ingkang sami dêdunung ing ngriki punika bangsa Kuru iring lèr, sarta sampun têtela manawi ing ngriki botên sagêd wontên pêprangan, awit nadyan panjênênganipun radèn piyambak ingkang sêkti mandraguna, ewadene manawi ngantos lumêbêt ing wêwêngkon nagari ngriki têmtu botên sagêd kadulu ing netraning manusa. Dhuh têdhak Bharata, wontên karsa punapa paduka, dene karsa nglêbêti ing nagari ngriki, suwawi radèn, dipun dhawuhna kemawon, tamtu lajêng kula pituruti."

Dupi makatên aturipun têtiyang ingkang jagi tampingan, Sang Arjuna lajêng mangsuli pangandika makatên: "Hèh, kisanak bangsa Kuru iring lor, wruhanamu, mula aku kongsi tumêka ing kene iki, awit kabuncang dening pêpenginan, yaiku kakang Prabu Yudhisthira kang ambêg adil, sadulurku kang tuwa dhewe, kalakona jumênêng nata binathara, mula yèn nagara kene pancèn ora kêna dilêboni manusa, aku iya ora bakal lumêbu, nanging kanthi prajanji wong-wong ing kono kudu asok bulubêkti marang kakang Prabu Yudhisthira. - Rikala têtiyang wau mirêng pangandikanipun Sang Arjuna makatên wau, lajêng sami misungsung warni pangagêman sakalangkung kathah, malah jamang, gêlang, kroncong jêne tinrètès ing sêsotya, saha bangsaning tênunan ingkang bênangipun jêne, sadaya sami wêdalan ing kaswargan.

Sang Arjuna bêbanthènging jagad, lêlana andon yuda dhatêng praja bang lèr, mêngsah para ksatriya utawi gêlêngadurjana [gêlênga...]

--- 1159 ---

[...durjana] pintên, dupi para ratu saha pangagênging durjana sampun sami nungkul, lajêng katêtêpakên kêdah asok bulubêkti glondhong pangarêng-arêng dhatêng praja Indraprastha. Warni-warni pisungsungipun ingkang sampun sami nungkul wau, kados ta: sêsotya nawa rêtna, tuwin rajabrana sakalangkung kathah, kapal, kapal bangsa titiri tuwin kalmasa, kapal ingkang ulêsipun kadi wuluning pêksi jakatuwa tuwin mêrak tur plajêngipun rikat kadi angin. Dhuh, Prabu Janamêjaya, dupi sang pinunjuling jagad Pritaputra wau sampun dumugi anggènipun nêlukakên para ratu saha sanès-sanèsipun, lajêng kundur dhatêng Indraprastha, kadhèrèkakên wadyabala agêng kawan golongan – wadya rêratu, wadya rangga, wadya dirada, tuwin wadya dharat – sadaya sêsotya nawa rêtna tuwin sanès-sanèsipun, jarahanipun pêrang lajêng kaaturakên dhatêng ingkang raka Prabu Yudhisthira. Sasampunipun katampèn sadaya, lajêng kaparêng madal pasilan."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping wolulikur, perangan Digwijaya ing Sabhaparwa.

__________

BAB 29. SAMBÊTIPUN DIGWIJAYA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Salêbêtipun Sang Arjuna lêlana andon yuda, nêlukakên para ratu bang lèr, Sang Bhimasena, ingkang linangkung kasêktènipun, pangkat mangetan nglampahi ayahanipun ingkang raka ingkang ambêg adil punika. Singaning darah Bharata, ingkang [ing...]

--- 1160 ---

[...kang] tansah damêl kêkêsing mêngsah wau, anggènipun nglurug mangetan kalihan ambêkta wadyabala sakalangkung kathah, wontên wahana rata, dirada, turangga tuwin dharat, samêkta sagêgamaning pêrang, botên wontên kuciwanipun, ingkang dipun lurugi rumiyin piyambak dening panênggak Pandhawa, nagarinipun bangsa Pancala, ingkang sakalangkung agêng punika, wêkasan kalampahan lajêng prajanji pawong mitra. Prajurit linangkung banthènging darah Bharata, botên dangu sagêd nêlukakên bangsa Gandhaka, tuwin Widheha sarta Dhasarna. Ing Dhasarna wontên narendra jêjuluk Prabu Sudarman, rame sangêt campuhipun Sang Bhimasena kalihan Prabu Sudarman wau tur sami nglugas raga, liripun sami botên ngagêm dêdamêl, nanging wêkasanipun sang prabu ugi lajêng nungkul. Nalika Sang Bhima nampèni panungkulipun, priksa bilih sampeyanipun sang prabu wontên panitikan bilih linangkung, mila lajêng kadadosakên têtindhihing para senapatinipun. Sang Bhima sawadyabalanipun anglajêngakên lampahipun mangetan, wêkdal punika jagad iring wetan gêtêr, dening agênging wadyabala ingkang dipun tindhihi Sang Bhima. Dhuh, Prabu Janamêjaya, têtungguling para rosa, ingkang pinunjuling jagad, sagêd mikut Prabu Rocamana, nata ing Aswameda, wontên ing paprangan. Sasampunipun nêlukakên Prabu Rocamana, kalihan ngatingalakên karosan ingkang anggêgirisi, lajêng lumêbêt ing talatah Pulindha iring kidul, malah ratunipun ingkang pêparab Prabu Sukamari ugi lajêng nungkul makatên ugi Prabu Sumitra, ugi lajêng pasrah jiwa raga. Dhuh Prabu Janamêjaya, nalika samantên Sang Bhimasena tampi dhawuh saking Prabu Yudhisthira kang ambêg adil suraos kadhawahan

--- 1161 ---

nglurugi Prabu Sisupala, ingkang sêkti mandraguna, saha linangkung kakêndêlanipun. Rikala nata ing Cèdhi Prabu Sisupala mirêng pawartos kadospundi karsanipun Sang Pandhuputra, sang prabu enggal-enggal mapagakên wontên watêsing nagarinipun. Sasampunipun pinanggih, agêng sangêt pakurmatan anggènipun nampèni Sang Bhimasena. Dhuh sinuwun, mila para senapati ing Cèdhi ugi lajêng sami aji-ingajenan kalihan para senapati bangsa Kuru, sarta sami bage-binage, kanthi suka rêna. Dupi sampun sami sakeca anggènipun lênggah, Prabu Sisupala karsa masrahakên kaprabonipun dhatêng Sang Bhimasena, pangandikanipun sêmu mèsêm makatên: "Dhuh radèn, wontên karsa jêngandika punapa, dene rawuh wontên ing Cèdhi?" - Sang Bhimasena mratelakakên kadospundi karsanipun Sang Prabu Yudhisthira. Sasampunipun dipun sagahi, Sang Bhima lajêng kêparêng lêrêm wontên kadhatonipun Prabu Sisupala ngantos tigang dalu. Dupi wadyabalanipun sampun mantun sayahipun, Sang Bhima lajêng nilar Praja Cèdhi, pangkat badhe nglurugi para ratu sawetanipun malih.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sangalikur, perangan Digwijaya ing Sabhaparwa.

__________

BAB 30. SAMBÊTIPUN DIGWIJAYA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Sang Bhima pangrurah satru sêkti, lajêng anêlukakên Prabu Srênimatu, ratu ing praja Kumara, tuwin Prabu Wrehatbala ing

--- 1262 ---

Kusaka, salajêngipun sarana ngêtok kakêndêlan, wêkasan sagêd nêlukakên Prabu Dirgayagana, ing Ayodya, têrus ambêdhah praja Gupalakaksa, bangsa Kusala iring lèr saha nêlukakên ratuning bangsa Malla, salajêngipun anjog ing nagari ingkang hawanipun ngêmu toya, ingkang ugi lajêng nungkul. Sang Bhima anggènipun nêlukakên para ratu wau botên ngantos dangu. Sang Bhima ingkang karosanipun pilih tandhing, lajêng mbêdhah nagari Bhalata, dados rêdi Sukcimanta ugi lajêng kabawah. Prabu Subahu, ratu ing Kasi ingkang pilih tandhing ing pêrang, inggih kalampahan katêlukakên sarana pêrang, mila lajêng dados jajahan Pandhawa. Bêbanthènging para Pandhuputra wau, sagêd nêlukakên Prabu Kratha, ratu agung ingkang ngratoni praja sakiwa têngêning Suwarsa, sarta nungkulipun wau ugi sarana dipun gêbak pêrang, kanthi kasudiran. Prajurit gung luhur wau sampun mbêdhah praja Matswa, bangsa Maladha, ingkang sakalangkung santosa, bêdhah praja Pasubumi, ingkang bètèngipun sakalangkung santosa. Saking Pasubumi lajêng nêlukakên Prabu Madhadara, tuwin Prabu Mahidara, saha bangsa Somodeya. Saking riku lajêng nêkuk mangalèr nggêpuk nagari Matswabumi, tuwin nêlukakên narendra bangsa Bharga, kalihan Narendra Misamba, saha Prabu Manimat lan sanès-sanèsipun ratu pintên-pintên. Sang Bhima ugi sagêd nêlukakên bangsa Sumala kidul, ngantos sagêd ambêdhah parêdèn Bhagawanta. Saking julikipun arakit gêlar Sang Bhima kalampahan sagêd unggul kalihan bangsa Samaka, saha Warmaka, ingkang dados jalaran unggul pêrangipun kalihan bangsa Saka tuwin para ambêg candhala. Saking riku Sang Bhima lajêng

--- 1263 ---

nêlukakên ratu pitu, sadaya sami bangsa Kirata, ingkang sami ngratoni praja sakiwa têngênipun ardi Mahendra. Sasampunipun narendra pitu wau nungkul sadaya, ksatriya linangkung ing guna kaprawiranipun wau lajêng ngrabasa bangsa Suma tuwin Prasuma. Bangsa kalih golongan punika lajêng sagah badhe biyantu Sang Bhima anggènipun lêlana andon prang. Rikala samantên sang panênggak lajêng nglurug dhatêng Magada, nanging wontên margi sampun sagêd anêlukakên ratu kalih asmanipun Prabu Dhêndha kalihan Dhêndhadara, ratu kalih punika ugi ndhèrèk lampahipun Sang Bhima dhatêng Giribraja, Prabu Sahadewa putranipun Prabu Jarasandha, dupi mirêng kalurugan Sang Bhima lajêng nungkul sagah atur bulubêkti dhatêng Indraprastha. Saking Giribraja, Sang Bhima lajêng nêlukakên Prabu Kansa, mawi pambiyantunipun Prabu Dhêndha, Prabu Dhêndhadara, tuwin Sahadewa.

Dhuh darah Bharata jagad iring wetan kêtêr dening agênging barisipun Sang Bhima. Kacariyos sang panênggak lajêng nglurugi Prabu Karna. Prajurit linangkung wau lajêng anglurugi para nata agêng-agêng ing tanah parêdèn. Sang Bhimasena sagêd unggul mêngsah ratu kinawasa ing praja Modhagiri, pêrangipun sakalangkung rame. Dhuh Prabu Janamêjaya, sarana pêrang rame Sang Bhima kalampahan sagêd nêlukakên ratu linangkung malih inggih punika Prabu Wasudewa, nata ing Dhundra tuwin Prabu Maheja, ratu ing Kasikakaca. Sasampunipun nêlukakên ratu kalih wau lajêng ambêdhah praja ing Waga, sarta têrus anêlukakên Prabu Samodrasena, Prabu Candrasena, Prabu Tamralipda, punapadene para

--- 1264 ---

ratunipun bangsa Karwata, ratunipun bangsa Sumo sarta para ratu ingkang sami ngadhaton urut têpining samodra, kalihan bangsa Mleca pisan. Sang Bhima ingkang linangkung pangwasanipun, putranipun Bathara Bayu, dhawuh dhatêng para ratu supados sami asok bulubêkti glondhong pangarêng-arêng. Para nata bangsa Mleca, ingkang sami ngadhaton ing tanah ngare, urut têpining samodra, ingkang kathah rawanipun, sami katêtêpakên asok bulubêkti warni kajêng candhana, kajêng garu, sinjang tênunan, sêsotya nawa rêtna, singêb saking wulu, kancana, salaka, tuwin karang bang, ingkang agêng ajinipun, wêdalan ing sagantên. Para ratu ingkang sampun nungkul wau sadaya, kenging dipun wastani anggrudug mas picis rajabrana, sêsotya nawa rêtna, sakalangkung kathah dhatêng Sang Bhima. Sasampunipun nampèni sadaya wau sang panênggak Pandhawa lajêng kundur dhatêng Indraprastha, dene rajabrana pisungsung saha jarahaning prang lajêng kaaturakên Prabu Yudhisthira.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa, perangan Digwijaya Sabhaparwa.

__________

BAB 31. SAMBÊTIPUN DIGWIJAYA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Sang Sahadewa ugi tampi dhawuhipun ingkang raka Prabu Yudhisthira, supados ngêlar jajahan, mila kanthi sukaning panggalih anggènipun lumampah nglurug dhatêng nagari bang kidul, ambêkta wadya sakalangkung kathah ingkang sami santosa-santosa. Rajaputra [Raja...]

--- 1265 ---

[...putra] darah Kuru Sang Sahadewa, mondraguna sura sêkti, ingkang minangka pêpucuk anggènipun nêluk-nêlukakên para têdhak Sudrasena, saha nêlukakên narendra ing Matsya, ngêndhih Prabu Dhantawakra, nata sinakti ingkang mangrèh bangsa Adiraja. Sasampunipun sagah asok bulubêkti lajêng kajumênêngakên nata malih, salajêngipun Sang Sahadewa nêlukakên Prabu Sukumara, Prabu Sumitra bangsa Matsya sanès-sanèsipun, sarta lajêng sagêd bêdhah prajanipun bangsa Nisadha, anêlukakên nagari ing parêdèn Gosrêngga saha mikut Prabu Srnimat ingkang sampun têluk. Sang Sahadewa lajêng ambêdhah praja Nawarastra, saking ngriku têrus anggêbag Prabu Kunthibuja, sang prabu botên karsa lumawan, amung lajêng nungkul kalihan suka rênaning panggalih. Saking prajanipun Prabu Kunthibuja, ksatriya linangkung darah Kuru wau lajêng tindak dhatêng saurut pagisikanipun lèpèn Carmanwati, wontên ing ngriku kapapag kalihan putranipun Prabu Jambaka, ingkang sampun nate kasor prangipun nalika mêngsah Wasudewaputra, Sang Wasudewaputra kalihan Sang Jambakatanaya wau sampun dangu anggènipun mêngsahan.

"Dhuh, Prabu Janamêjaya, Jambakaputra lajêng mapagakên prang, nanging wêkasanipun inggih kasoran dening Sang Sahadewa. Dupi sampun nêlukakên Jambakaputra, Sang Sahadewa lajêng mangidul, nêlukakên bangsa Seka sagolonganipun, lajêng katêtêpakên asok bulubêkti glondhong pangarêng-arêng gurubakal gurudadi, tuwin sêsotya nawa rêtna. Sadaya wadyanipun para ratu ingkang sampun sami nungkul wau dipun kêmpalakên dados satunggal, lajêng dipun tindhihi piyambak

--- 1266 ---

dhatêng Sang Sadewa, kabêkta nglurug dhatêng nagari ing sauruting lèpèn Narmada. Prajurit linangkung putranipun Bathara Aswin wau, kalampahan sagêd anêlukakên ratu prajurit sinakti kalih ing praja Aswanti, jêjulukipun Prabu Windha kalihan Prabu Anuwindha, sawadyabalanipun ingkang sakalangkung santosa. Sasampunipun namtokakê manawa sakalihan wau kêdah asok bulubêkti, Sang Sahadewa lajêng pangkat nglurug malih, dene linangkung kagêbag rumiyin praja Bhojakata. Dhuh, sinuhun, ingkang misuwuripun saya matambah-tambah, ing ngriku Sang Sahadewa kapapagakên dening Prabu Bhismaka, nata ing Bhojakata, prangipun sakalangkung rame, nanging dupi angsal kalih dintên kalih dalu, Prabu Bhismaka ingkang dèrèng nate kasoran manawi prang, samangke kalampahan nungkul, saking riku Sang Sahadewa ambêdhah nagari Kosika, saha para ratu ingkang mêngsah nagari-nagari sauruting lèpèn Wenda, nêlukakên bangsa Kantaraka, dalah para nata bangsa Kosala iring wetan, bangsa Kalakeya, tuwin bangsa Arambaka, Made, saha praja ing Made, ingkang dipun ratoni Prabu Munjaghrama. Sang Pandhuputra ugi nêlukakên bangsa Cina Awuka, tuwin para ratu ingkang sami wontên ing wananipun praja Made wau. Prabu Watadipa nalika samantên ugi lajêng nungkul. Dupi Prabu Watadipa sampun nungkul, Sang Sahadewa lajêng gêbag bangsa Kulindha, sasampunipun nungkul lajêng mangidul malih. Rikala samantên Sang Sahadewa lajêng prang tandhing kalihan Prabu Pandriya, ngantos sadintên muput botên mawi kèndêl, wêkasan Prabu PandtlyaPandriya kasoran. Dene Sang Sahadewa mangidul malih anjog ing guwa

--- 1267 ---

Kiskêndha, ingkang misuwur sakalangkung wingit, wontên ing riku Sang Sahadewa prang mêngsah ratuning wanara kalih, jêjuluk Prabu Menda, kalihan Dwiwida. Prangipun ngantos pitung dintên, wanara raja kalih pisan wau, ingkang tanpa sayah manawi prang, sakalangkung suka manahipun, dupi tandhing tiyasa kalihan Sang Sahadewa, ngantos kawêdal panguwuhipun dhatêng Sang Sahadewa makatên: "He, Pandhuputra, luwih bêcik padha lèrèn bae anggone prang iki, awit aku gêlêm ambiyantu kalakone karsane kadangira wrêda Prabu Yudhisthira, karo tanpa sambekala." Dupi prajurit linangkung Sang Sahadewa sampun nampèni raja kaputrèn saha sêsotya nawa rêtna pisungsung saking sang wanara raja lajêng pangkat ambêdhah nagari Maèspati. Sadumugining nagari wau Sang Sahadewa lajêng prang Sang Prabu Nila, têmpukipun wadya ing Maèspati kalihan wadyanipun Sang Sahadewa sangêt anggêgirisi, awit ajanging paprangan ngantos banjir ludira, malah tumrap Sang Sahadewa sangêt ambayani, awit Bathara Agni kaparêng ambiyantu prangipun Prabu Nila. Sadaya rata, dirada, para senapati, para wadyabala ing barisipun Sang Sahadewa ingkang panganggenipun saha rêrêngganipun sami saking waja katingal sami mêngangah kados latu. Sang Sahadewa sangêt sumêlang ningali ingkang makatên wau. Dhuh, Prabu Janamêjaya, saking sruning prihatos, Sang Sahadewa ngantos botên sagêd ngandika.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh sang dwija, wontên wigatos punapa têka Hyang Agni ngantos mapagakên prangipun Sang Sahadewa, mangka kalampahanipun Sang Sahadewa wau lêlana andon yuda, punika amung amrih

--- 1268 ---

kalêksanan anggènipun badhe damêl sêsaji agêng punika, dados inggih amung badhe damêl rênaning panggalihipun Bathara Agni.

Atur wangsulanipun Rêsi Waisampayana: "Dhuh, Prabu Janamêjaya, ing satunggaling dalu nalika Hyang Agni wau nyare wontên ing Maèspati, sangêt dipun pundhi-pundhi, saha bujakramanipun Prabu Nila ngantos langkung saking samêsthinipun. Kawuningana sinuhun, putranipun Prabu Nila kang endah ing warni, punika sabên kang rama sêsaji, tamtu tansah angladosi, lênggah ing sacêlakipun ingkang rama, sarta lajêng ngurubakên latu sêsaji. Nuju satunggaling dintên, rikala latu sêsajinipun Prabu Nila pêjah dipun gêsangakên sampun botên sagêd gêsang, nanging dèrèng dipun damu sang rêtnaning puri latu murub malih. Wiwit nalika samantên wiraosipun tiyang ing nglêbêt kadhatonipun Prabu Nila, punapa sawiyah griyanipun tiyang ing praja Maèspati, sami wiraosan, manawi Hyang Agni badhe anggarwa putrinipun sang prabu, ingkang manis èsêmipun punika. Punapadene sang dèwi ugi sumangga ing karsa. Nalika samantên Hyang Agni mancala warna brahmana manggihi sang dèwi, lajêng kawuningan dening Prabu Nila. Mila sang brahmana kacêpêng lajêng kadhawahan pidana samêsthining kalêpatanipun. Rikala Hyang Brahma mirêng dhawuhipun sang prabu makatên wau, duka yayah sinipi, lajêng dados latu murub mangalat-alat sami sanalika. Prabu Nila sangêt kagawokan, malah lajêng tumungkul amarikêlu, yayah konjêm ing siti, sarwi matur manawi panjênênganipun botên badhe suwala, kalihan masrahakên putrinipun. Sang Wibawasu

--- 1269 ---

(Agni) sangêt rêna nampèni putrinipun sang prabu, ingkang wimbanipun jait punika, wasana Hyang Agni ngandika, supados sang prabu darbea panyuwun, tamtu badhe dipun pituruti. Panyuwunipun sang prabu, manawi mangun prang wadyabalanipun sadaya sampun wontên ingkang tipis saha kuwur manahipun. Dhuh, Prabu Janamêjaya, wiwit nalika samantên sabên wontên mêngsah ingkang nêdya ngrabasa praja Maèspati, awit saking botên priksa dhatêng wêwados punika tamtu lajêng kobar dening pangwasanipun Bathara Utashana. Dhuh ingkang damêl widadaning darah Kuru, mila inggih wiwit nalika botên wontên priya ingkang purun ngrabi parawan ing praja Maèspati. Nanging Bathara Agni lajêng paring nugraha dhatêng para pawèstri ingriku, wujud kawênangakên milih priya pundi ingkang dipun kajêngakên. Dhuh, pêpêthinganing darah Bharata, para ratu mancanagari botên wontên ingkang purun ngrubeda prajanipun Prabu Nila awit ajrih dhatêng Bathara Agni.

Kawuwusa Sang Sahadewa sangêt sumêlang ing galih, amargi priksa manawi para wadyabalanipun sami kakêpang ing latu murub, têmah lajêng ngêningakên cipta kadospundi sarana ingkang sagêd damêl raharjaning wadyanipun. Sami sanalika wau ugi Sang Sahadewa mosik, kêdah manêmbah ing Bathara Agni mila enggal sêsukci. Dupi ingkang kawasa damêl sukcinipun sadaya kawontênan, sarwi matur makatên, dhuh dewa linangkung, kawuningana, kalampahanipun kula lêlana andon prang, punika saking anggèn kula amrih lumunturing sih paduka. Dhuh, dewa ingkang kawasa adamêl sukcinipun sadaya

--- 1270 ---

kawontênan, paduka minangka tutuking para dewa, paduka maujudipun prêluning sêsaji. Paduka sinêbut Pawaka, awit paduka sagêd damêl sukcining samukawis, paduka sinêbut Hyang Wahana, awit paduka ingkang nglantarakên martega sukci sasampunipun kaêsok ing latu, sagêdipun katampèn ing para dewa, mila Wedha anggêlarakên ing pundi-pundi, punika wigatos kangge mirantosi paduka, dados paduka lajêng sinêbut Sang Juthawedha, paduka têtungguling dewa, mila paduka sinêbut Sang Citrabanu, Sang Anala, Sang Wabhawasu, Sang Huwasa, Sang Jwanglana, Sang Saki, Sang Wiswanara, Sang Pinggêsa, Sang Plawêngga, Sang Bhuriteja. Paduka dewa ingkang dados jalaran dumadosipun Bathara Kumara (Kartikeya), paduka nyata sukci, paduka sinêbut Hyang Rudragarba, Sang Hiranyakrit. Dhuh, Hyang Agni, mugi paduka kaparêng paring kasêktèn, dene Bathara Bayu paring gêsang, dewa kang rumêksa bumi paring têdha tuwin kakiyatan, dewa kang rumêksa toya paring kabêgjan. Dhuh, Hyang Agni, paduka ingkang anjalari wontênipun toya, sakawit, sarta paduka sakalangkung sukci, tuwin paduka ingkang anjalari wontênipun Wedha, kangge ambiyantu murih kasêmbadan karsa paduka, paduka sinêbut têtungguling para dewa, punapadene tutuking dewa. Kasunyatan paduka samangke dipun katingalna, badan kula mugi dipun sucèkna. Para rêsi, para brahmana, para dewa, para asura, sabên dintên sami damêl sêsaji, ngêsok martega sukci ing latu, anut samêsthining lampah, lajêng sami sukci, awit kadayan dening

--- 1271 ---

pangwasa paduka. Suwawi pukulun, kaparênga ambabar sajatining pangwasa paduka, murih badan kula lajêng sukci. Dhuh, paduka ingkang andaludag kukus, paduka panglêburing sadaya dosa, ingkang tuwuh saking Bathara Bayu, sarta sarana ing sagung tumitah, mugi anucèkna kula, kula badhe manêmbah ing paduka, dhuh Hyang Agni, mugi paring nugraha ing kula, warni pameran, kabêgjan, kasagêdan tuwin kabingahan.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sintêna ingkang ngêsok martega sukci wontên ing latu, katur Bathara Agni, sarwi ngucap mantra kadi ingkang kula aturakên wau, badhe tansah manggih kabêgjan, langkung malih manawi ingkang ngucapakên mantra wau sampun sagêd mangrèh ciptanipun, tamtu badhe sinukcenan sadaya dosanipun.

Sang Sahadewa matur ing Bathara malih: "Dhuh, panglanturing sêsaji ingkang warni cuwèr, bok sampun makèwêti tiyang anggènipun badhe sêsaji." - Sang Sadewa, putranipun Dèwi Madri matur makatên wau, lajêng anggêlar rumput Kosa, ing siti, sangajêng wadyabalanipun, ingkang sawêg kataman raos giris, saha kuwur manahipun. Panjênênganipun lênggah ing rumput wau angêntosi dhatênging latu agêng, ingkang katingal ngalat-alat. Rikala punika Hyang Agni ugi botên karsa ambêsmi Risang Madriputra, candranipun kadi samodra ingkang botên nate angêlêbi dharatan, malah lajêng anyêlaki kalihan alon-alonan, sarwi ngandika, ingkang damêl sumêlangipun Risang Madriputra, pangandikanipun makatên: "Hèh, darah Kuru, wudharên pamêlêngira, nuli ngadêga, sajatine ingsun mung nyoba kakêncênganira, ingsun ora kasamaran marang

--- 1272 ---

tancêping ciptanira, sarta sêdyane kaki Prabu Dharmaputra, nanging kawruhana yèn ing kene isih diratoni dening darah Prabu Nala, dadi isih ingsun jurungi."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, dupi Sahadewa mirêng pangandikanipun Bathara Agni makatên wau, enggal manêmbah lajêng jumênêng kalihan tumungkul. Bathara Agni musna, sapêngkêripun Bathara Agni, Prabu Nila manggihi Sang Sahadewa, sabab sang prabu nampi timbalanipun Bathara Agni, supados sang prabu ngèstupada dhatêng Sang Sahadewa, guru ingatasing mangun yuda. Sang Sahadewa kêparêng nampèni panungkulipun Prabu Nila, mila lajêng katêtêpakên kêdah asok bulubêkti dhatêng Prabu Yudhisthira. Sasampunipun Prabu Nila prasêtya, bilih badhe ngèstokakên, Sang Sahadewa anglajêngakên anggènipun lêlana andon yuda. Lampahipun mangidul, lajêng ambêdhah praja Tripura, ingkang ratunipun linangkung kasêktènipun, saking Tripura lajêng ambêdhah prajanipun narendra darah Porawa. Sang prabu kasoran, mila lajêng ngayom dhatêng kaprabonipun Prabu Yudhisthira. Sasampunipun nêlukakên narendra darah Porawa, Sang Sahadewa lajêng prang mêngsah Prabu Akrêti, nata ing Sorastra, ngantos ngêtok kaprawiran sagêdipun unggul lan Prabu Akrêti, makatên ugi anggènipun nêlukakên gurunipun bangsa Kusika. Sang Sahadewa rajaputra, ingkang utami pambêganipun, lajêng kêkuwu ing praja Serastra. Salêbêtipun kêkuwu ing ngriku, Sang Sahadewa anglampahakên caraka dhatêng Prabu Rukmi (Bhismaka), ingkang ngadhaton ing Bhojakata, ingkang lêpas ing budi saha bandha-bandhu, tuwin mitranipun Bathara Indra

--- 1273 ---

wigatos kadhawahan ngantêp, punapa lumawan, punapa nungkul. Dhuh, Prabu Janamêjaya amargi Prabu Ahismaka saputranipun ngèngêti pamitranipun kalihan Sri Krêsna, mila lajêng sagah nungkul sarana aris. Sasampunipun dhawuh dhatêng Prabu Bhismaka kêdah asok bulubêkti dhatêng Prabu Yudhisthira. Sang Sahadewa lajêng bidhal mangidul malih, nêlukakên Prabu Surparaka, tuwin Prabu Kalakata, sarta para ingkang dêdunung ing Dhandhaka. Rikala samantên prajurit linangkung darah Kuru wau, lajêng nêlukakên narendra bangsa Mleca pintên-pintên, ingkang sami ngadhaton urut têpining samodra. Salajêngipun anêlukakên bangsa Nisaddha, bangsa Danawa, bangsa Karnaprawarna, bangsa Kalamuka, inggih punika turuning manusa ingkang salakirabi kalihan raksasa, punapadene sagêd ambêdhah nagari parêdèn Kulle, parêdèn Surabhipatna, pulo Têmbaga, saha rêdi Rawaka, prajurit linangkung kang ambêg utami wau, sasampunipun unggul kalihan Prabu Timanggila, lajêng nêlukakên tiyang wanan, ingkang dipun wastani bangsa Keraka, inggih punika bangsa manusa, nanging sukunipun namung satunggal. Ing ngriku Sang Sadewa lajêng lêrêm, ingkang kautus nêlukakên namung para senapatinipun kemawon. Kalampahan sagêd nêlukakên bangsa Pasandha, mbêdhah ing Sanjayanti tuwin bangsa Nayataka, ingkang lajêng katêtêpakên asok bulubêkti dhatêng Prabu Yudhisthira. Kajawi punika ugi nêlukakên bangsa Dhadya, bangsa Drawidha, bangsa Udrakerala, Andam, Talawana sarta bangsa Kalinga. Wontên malih nagari ingkang kêbêdhah, inggih punika ing Atawi ingkang sangêt anêngsêmakên, saha prajanipun bangsa Yawana. Dhuh, narendraning

--- 1274 ---

para ratu, pangrurah sarta sêkti Sang Madriputra wau, ingkang limpat ing budi, anggènipun lêlana andon yuda, ngantos pantog ing têpining samodra. Wontên ingriku lajêng nglêmpakakên caraka ngantêp Prabu Wibisana, ingkang misuwur ing jagad wayahipun Sang Pulastya, punapa prang punapa nungkul. Prabu Wibisana kalayan suka rênaning galih pasrah jiwa raga dhatêng para Pandhawa, awit ratu pinunjul ing bumi punika sampun andugi Sang Sahadewa kalampahan sagêd unggul kalihan para ratu linangkung pintên-pintên punika, awit sinisihan ing dewa, mila sang prabu lajêng utusan misungsung warni sêsotya nawa rêtna, raja kaputrèn warni-warni, kajêng apu tuwin candhana, saha sanès-sanèsipun wêdalan kaswargan, pangagêman adi, saha mutyara ingkang agêng aosipun dhatêng Sang Sahadewa. Sasampunipun nampèni pisungsung saking Prabu Wibisana, Sang Sahadewa kundur dhatêng nagarinipun piyambak.

Dhuh, Prabu Janamêjaya, makatên wau lêlampahanipun Sang Sahadewa anggènipun nêlukakên para ratu pintên-pintên sawênèh nungkul sarana aris, sawênèh kagêbag prang. Sasampunipun prasêtya badhe asok bulubêkti, sang linangkung putranipun Prabu Pandhu wuragil punika lajêng kundur dhatêng prajanipun. Dhuh Prabu Janamêjaya, jarahaning prang saha pisungsungipun para ratu sadaya wau lajêng kaaturakên Prabu Yudhisthira, kadang wrêdha, ingkang ambêg paramarta. Sasampunipun katampèn, Sang Sahadewa rumaos sakalangkung bêgja, dene sagêd angentasi damêl.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa satunggal perangan Digwijaya ing Sabdhaparwa.

--- 1275 ---

BAB 32. SAMBÊTIPUN DIGWIJAYA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Samangke kula badhe ngaturakên kasudiran saha kamênanganipun Sang Nakula, sarta kadospundi lêkas anggènipun nêlukakên para ratu, ingkang sampun nate nungkul dhatêng Risang Wasudewaputra. Lampahipun Sang Nakula saking Kandhawaprastha mangilèn, wadyabala ingkang katindhihan sakalangkung kathah, swaraning wadya saha gumludhuging rata paprangan ngantos anggorêgakên bumi. Ingkang kabêdhah rumiyin piyambak inggih punika nagari Rohitaka, ingkang wêwêngkonipun ngantos dumugi parêdèn. Bathara Kartikya senapati kaswargan, sangêt rêna dhatêng nagari wau, awit ing ngriku praja gêmah ripah loh jinawi, rajakaya pitik iwèn kathahipun ngantos tanpa petangan, makatên ugi sêsotya nawa rêtna. Prangipun Sang Nakula kalihan para Mattamauaraka ing nagari ngriku sakalangkung rame. Sasampunipun manggih unggul, Sang Nakula nglajêngakên lampah ambêdhah praja ingkang prasasat taksih wanan, punapadene lajêng anggêbuk nagari Serisaka, ingkang sakalangkung gêmah ripah lan tanah Mahetta. Wontên ingriku prangipun Sang Nakula mêngsah raja pandhita Prabu Akrosa sakalangkung rame, nanging wêkasanipun ugi kalampahan nungkul dhatêng Sang Nakula. Sasampunipun nêlukakên bangsa Dhasarna, Sawi, Trigarta, Adwista, Malawa, sarta bangsa gangsal golongan ingkang sinêbut bangsa Karnata, saha bangsa Dwaja ingkang dipun wastani para Madyamakeya, sarta Watadana, inggih

--- 1276 ---

punika sakathahing bangsa ingkang sami dêdunung ing Sarisaka wau. Saking riku Sang Nakula nglajêngakên anggènipun ngêlar jajahan, lajêng nêlukakên golonganipun bangsa Mleca, ingkang sinêbut bangsa Utawasangketa. Sasampunipun katêtêpakên asok bulubêkti, lajêng pangkat nêlukakên bangsa Gramaniya, ingkang sakalangkung santosa, dêdunung urut pasisir, ugi nêlukakên bangsa Godra tuwin Abhira, ingkang sami dêdunung urut pinggiring lèpèn Sarawati. Para bangsa ingkang panggêsanganipun misaya mina, saha para ingkang manggèn ing parêdèn, ingkang nagarinipun anut namining lèpèn Gangsal, inggih ingkang narajang nagari wau, kados ta parêdèn: Amara, praja Utarayotisa, praja Dipwakuta, tuwin Dwarapala. Amung sarana kaprawiran, Pandhuputra ingkang linangkung kakêndêlanipun wau sampun sagêt nêlukakên bangsa Ramata, bangsa Harajuna, lan para raja ing praja bang kilèn.

Dhuh, Prabu Janamêjaya, dene bangsa Yadawa sadaya, sami nungkul karana aris. Saking prajanipun bangsa Yadawa, prajurit linangkung wau lajêng nglêbêti nagari Sakala, kithanipun nagari Madraka, ingriku lajêng mêksa ingkang paman Prabu Salya, supados nungkul dhatêng Pandhawa, kalayan suka rêna. Dhuh, darah Bharata, Sang Nakula pancèn pantês dipun aji-aji dening kang paman, anggènipun nampèni kalihan wiwahan agêng, kalihan sukaning panggalih anuruti panyuwunipun ingkang putra kapenakan wau. Sasampunipun nampèni pisungsung warni sêsotya nawa rêtna sakalangkung kathah saking ingkang paman, lajêng pamit badhe nilar praja Madraka nglajêngakên anggènipun ngêlar jajahan. Botên watawis

--- 1277 ---

dangu lampahipun Sang Nakula sampun sagêd anêlukakên bangsa Mleca, ingkang kasar bêbudènipun, saha manggèn wontên ing têpi-têpining samodra, sarta nêlukakên bangsa Palawa, Karata, Yewana tuwin Saka. Dupi sampun kathah ratu ingkang sami nungkul saha asok bulubêkti, têtungguling bangsa Kuru, Sang Nakula lajêng kundur dhatêng prajanipun piyambak. Dhuh, Prabu Janamêjaya, rajabrana jarahan saha pisungsung ingkang kabêkta Sang Nakula sakalangkung kathah, dipun êmot unta sadaya iyêk-miyêk. Sadumuginipun ing Indraprastha, sadaya wau lajêng kaunjukakên dhatêng Prabu Yudhisthira.

Dhuh, sinuhun, têrangipun Sang Nakula ingkang nêlukakên para ratu ing bang kilèn, inggih kêbiat wêwêngkonipun Hyang Bharuna, saha sampun nate nêlukakên dhatêng Sang Wasudewaputra.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa kalih, perangan Digwijaya, ing Sabdhaparwa.

__________

BAB 33. SAMBÊTIPUN DIGWIJAYA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Prabu Yudhisthira ingkang ambêg adil, punika tansah angêgungakên pangayoman saha sagêd nanggulangi rubedaning mêngsah, mila para kawula sami têtêp ing kuwajibanipun piyambak. Pranataning nagari sae, pamupunipun paos adil, mila kitha-kitha tuwin dhusun-dhusun tansah mindhak rêjanipun, tumuruning jawah têtêp kadi mangsanipun, kaudayaning nagari Indraprastha, kados ta: nangkarakên rajakaya, among tani, tuwin kriya, sakalangkung majêng. Dhuh, Prabu Janamêjaya, salêbêtipun praja Indraprastha kawêngku dhatêng Prabu Yudhisthira, nadyan durjananipun mêksa botên purun wicantên dora, para kêkasihipun sang prabu botên wontên ingkang purun lampah sèdhèng.

--- 1278 ---