Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855

1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata

Sêrat Mahabarata No. 8.

7 Agustus 1958.

Mila ing Indraprastha botên nate kêkirangan jawah, ugi botên nate bêna, botên wontên pagêring, pacêklik, kabêsmèn tuwin botên wontên tiyang pêjah nèm. Para ratu ing mancapraja ingkang sami rawuh ing Indraprastha botên wontên ingkang nangsaya dhatêng Prabu Yudhisthira, sadaya têntu nêdya ambiyantu utawi angaji-aji, punapadene ngaturakên bulubêkti, dados botên nyuwun supados dipun sunggata utawi lumawan prang. Gêdhonging rajabrana kagunganipun sang prabu, isi sêsotya nawê rêtna, ingkang upaminipun katanjakakên botên sagêd têlas salêbêtipun satus warsa, amargi Prabu Yudhisthira manggalih sampun nyêkapi kathahing rajabrana, mila dêrêng karsanipun anggènipun badhe sêsaji. Para nayaka saha para mitra sami mangayubagya dhatêng karsanipun sang prabu makatên wau. Ing satunggaling dintên para mitra saha para nayaka sami marak panjênênganipun sang prabu, wigatos badhe matur makatên: "Dhuh, ratu kang misuwur ing jagad, samangke kados sampun sayogi panjênênganipun sinuwun ngawontênakên sêsaji agêng, milo[1] sampun ngantos katalompe, tumuntên andhawuhna tata-tata." – Kawuninga sinuwun, dèrèng ngantos kèndêl aturipun sadaya wau, kasaru rawuhipun Sri Hari, ingkang sêsilih Sang Kesawa, jiwaning Wedha saha kamulanipun sangung dumados. Manawi para wicaksana, panjênênganipun sinêbut: botên sagêd kasor, pêpêthinganing sadaya dumados, kajatèn saha panglêburing jagad saisèn-isènipun sadaya, ingkang botên kakilapan dhatêng lêlampahan ingkang kapêngkêr, samangke tuwin ing têmbe, pangrurah Kèsi, têtunggulipun bangsa Wrêshni, pambirating sumêlang salêbêtipun bêbaya, pangrurah satru sêkti, ugi sinêbut Risang

--- 1279 ---

Wasudewaputra. Dupi Sang Wasudewaputra wau ngandika, manawi badhe misungsung Prabu Yudhisthira, ingkang ambêg paramarta, lajêng dhawuh ngêrig wadya bangsa Yadawa. Sasampunipun samêkta, lajêng bêbodholan, lêbêtipun kitha Indraprastha kalayan surak-surak. Gumuruh swaraning tiyang gumulung swaraning rodha rata, yayah ngorêgakên bantala. Dados rawuhipun Sang Madawa wau kalihan ambêkta rajabrana sakalangkung kathah, têmah mimbuhi gênging samodra rajabrana kagunganipun Pandhawa, mila saya adamêl kêkêsipun para mêngsah. Dupi karawuhan Sri Krêsna, saisining praja Indraprastha sami bingah manahipun, candranipun kadi nagari-nagari ingkang awis kapajaran srêngenge, sarêng srêngenge katingal, awit ngancik mangsa bêntèr, utawi kadi nagari-nagari ingkang hawanipun bêntèr, manawi anginipun nuju ngidit. Pamapagipun Prabu Yudhisthira nalika rawuhipun Sri Krêsna, punika kanthi raos sakalangkung bingah saha pangaji-aji agêng, mila dupi sampun pinanggih, lajêng ngaturakên puji arjanipun. Dupi Sri Krêsna, Prabu Yudhisthira, Rêsi Domya, Rêsi Dwipayana, Sang Bhima, Sang Arjuna, sang kêmbar saha para brahmananing praja, sampun sami satata lênggah, Prabu Yudhisthira matur ing Sri Krêsna, makatên: "Dhuh kakang Prabu Krêsna, kalampahanipun para ratu sajagad punika nungkul dhatêng Pandhawa, botên sanès amung saking kakang prabu. Dhuh, pêpêthinganing bangsa Wrêshni, ugi saking sih parimarma paduka, kalampahanipun kula darbe rajabrana samantên kathahipun punika. Dhuh Dewakiputra, tumanjaning arta punika badhe kula tata anut anggêr-anggêr, inggih punika kula pisungsungakên para brahmana agêng-agêng, saha katur ing Bathara Agni. Dhuh, Madawa, ratuning [ra...]

--- 1280 ---

[...tuning] bangsa Dhasarba, paduka mugi lajêng paring palilah anggèn kula dalah para kadang sadaya, tuwin kakang prabu badhe sêsaji Rajasuya. Dhuh, Gowinda, ingkang panjang baunipun, mugi paduka kaparêng angèstrèni sêsaji, ingkang badhe kula wontênakên punika, awit manawi sarana palilahipun kakang prabu, saèstu kula badhe sagêd ngundhuh wohing sêsaji agêng punika."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sri Krêsna sangêt mangayubagya dhatêng kautamènipun Sang Yudhisthira makatên wau." Wasana lajêng ngandika makatên: "Dhuh, musthikaning darah Bharata, mugi yayi prabu sagêd widada anggènipun nampèni darajading ratu binathara punika. Yayi prabu piyambak kemawon angwontênakên sêsaji wau, awit manawi yayi prabu sagêd ngundhuh wohing sêsaji agêng wau, kula dalah para sadhèrèk sanès-sanèsipun, rumaos sampun angsal nugraha agêng, kenging dipun wastani sampun kadumugèn ingkang dadon[2] pangajêng-ajêngipun." Sajatosipun kula amung amrih prayoginipun ngakathah, yayi prabu, tumuntên sêsajia miturut saraosing panggalih, dene Nakula dipun dhawuhana kemawon, kajibahan pakaryan punapa, kula amung badhe ngèstokakên dhawuhipun yayi prabu. Wangsulanipun Prabu Yudhisthira makatên: "Dhuh, kakang Prabu Krêsna, dupi kula priksa rawuhipun kakang prabu, ing ngriki katingal rêna, kula lajêng anêmtokakên, manawi sêsaji kula badhe nguwoh samêsthènipun, dados kajêng kula sampun kalampahan."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi makatên pangandikanipun Sri Krêsna. Prabu Yudhisthira kaparêng tata-tata piyambak ubarampening sêsaji, dipun

--- 1281 ---

ladosi para ari sadaya. Prabu Yudhisthira pangrurah satru ngandika dhatêng ingkang rayi Sang Sahadewa, têtungguling para guruning paprangan, saha pangagênging nayaka, makatên: "Yayi, sira mataha nayaka, supaya andhawuhakên marang brahmananing praja, nuli kon padha ngganêpake sakèhing piranti, kang prêlu kanggo sêsajiningsun, sarta apa sadhawuhe Rêsi Domya banjur padha dilêkasana, lan dititia aja kongsi ana kakurangane. Sang Indrasena, Sang Wisena, lan Sang Puru, yèn panuju ing karsa, ingsun aturi nata nglumpukake sarupaning pangan prêlu kanggo pasugatan. Têtungguling bangsa Kuru têlu mau aturana wahana rata bae, dimèn dikusiri Si Arjuna, êndi dhaharan kang mirasa, gondawida, sarupaning jêbadan kang arum gandane, diklumpukna dadi sakèh brahmana kang kaparêng ngèstrèni sêsajiningsun têmbe, ora cuwa panggalihe."

Sang Sahadewa lajêng andhawuhakên sadaya wau, sasampunipun samêkta sadaya lajêng munjuk ingkang raka sang prabu. Dhuh, Prabu Janamêjaya, rikala samantên Rêsi Dwipayana lajêng dhawuh dhatêng para brahmana ingkang sampun nyarira Wedha, supados dados brahmananing sêsaji. Dene ingkang minangka brahmananipun Rêsi Dwipayana piyambak. Rêsi Susaman, pêpêthinganing darah Dananjaya, ingkang ngidungakên saliring mantra ing Samawedha, Sang Yajnawalkiya, umating brahmana ingkang sakalangkung bêkti, minangka Adyaryunipun Rêsi Pailu, putranipun Wasu, kalihan Rêsi Domya, sami dados Hotrining sêsaji. Dhuh, darah Bharata, para siswa saha para putraning brahmana wau sadaya naracak putus dhatêng Wedha, mila dipun dadosakên Hotraga sadaya wau sami

--- 1282 ---

ngêmpal sangajêng panggènaning sêsaji. Sasampunipun mêmuji saha ngujubakên wigatosing sêsaji, lajêng sami manêmbah ing dewa. Saparipurnaning manêmbah lajêng lumêbêt capuri panggènaning sêsaji. Sadumugining nglêbêt capuri lajêng dhawuh dhatêng para margangsa, supados sami miwiti ngadêgakên panggung saha griya sarta sanès-sanèsipun. Dupi sampun dados lajêng rinêngga saha kasiraman ing gandawida. Sasampunipun samêkta sadaya, musthikaning para ratu Prabu Yudhisthira dhawuh dhatêng Sang Sahadewa, ingkang minangka têtungguling nayaka, pangandikanipun makatên: "Dhuh, yayi, sira nuli ngulêmana sarupaning wong kang padha dêdunung ana ing Kandhawaprastha." Sarêng tampi dhawuhing raka makatên wau, Sang Sahadewa lajêng nyêbar utusan, pangandikanipun dhatêng para utusan wau makatên: "Kowe lumakua nyuruhi brahmana, ksatriya, waisya, sarta sudra kang pantês manjing pasamuan, saka timbalane kakang prabu, kabèh mau padha didhawuhi ngèstrèni sêsajine panjênêngane nata."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para utusan lajêng sami rumagang ing damêl, nimbali para ingkang sami sampun kadhawuhan wau; sadaya sami dhatêng, malah para ingkang sami dèrèng têpang kalihan sang prabu pisan, ugi sami sowan. Dhuh, Prabu Janamêjaya, dupi sampun dumugi mangsa badhe wiwiting wiwahan, Prabu Yudhisthira, putranipun Dèwi Kunthi, lajêng katêtêpakên dados jêjênênging sêsaji dening para brahmana. Sabibaring ngucapakên mantra, Prabu Yudhisthira, ingkang ambêg paramarta, têtungguling para ratu, lajêng lumêbêt ing panggenan

--- 1283 ---

ajanging sêsaji, cahyahipun sumorot, sampun tanpa prabeda kalihan Bathara Dharma, manawi ngejawantah. Lampahipun sang prabu wau kadhèrèkakên para brahmana maèwu-èwu, para kadang, saha putra santana, para nayaka, para narendra mancanagari cacahipun tanpa petangan sarta para punggawa mantri. Nalika samantên kathah brahmana lêbda dhatêng kawruh sarta putus dhatêng Wedha dalah sapang-pangipun saking liyan nagari, ingkang sami nêdya tumut ngèstrèni sêsajinipun sang prabu, para margangsa ingkang pinatah mirantosi pamondhokanipun, para brahmana dalah para siswanipun, ibut anggènipun nyambut damêl. Sasampunipun rampung anggènipun damêl griya-griya pamondhokan, lajêng dipun pirantosi pangagêman, dhêdhaharan, tuwin sêkar warni-warni sakalangkung kathah. Dhuh, narendra darah Kuru, Sang Prabu Yudhisthira sangêt bêkti dhatêng brahmana, mila para brahmana sadaya sami amrih kamulyanipun sang prabu. Salêbêtipun sami lênggah ngadhêp kawontênaning sêsaji, sami wiraosan ingkang migunani tumrap sadaya utawi ningali para juru bêksa ingkang ngatingalakên kaprigêlanipun tuwin sanès-sanèsipun malih. Rame swantênipun para brahmana anggènipun sami wiraosan, sinambi dhahar sunggatanipun sang prabu, botên kêndhat-kêndhat amirêng swara: "Wènèhana, panganên, aja taha-taha." - Dhuh, Prabu Janamêjaya, Prabu Yudhisthira punika agêng pisungsungipun dhatêng para brahmana, kados ta: lêmbu maèwu-èwu, lèmèk pasareyan, arta jêne sakalangkung kathah, punapadene parêkan ayu-ayu, juru ngladosi sang brahmana.

Makatên wau wiwiting sêsajinipun Prabu Yudhisthira, ksatriya pinunjuling jagad, putranipun Prabu Pandhu ingkang

--- 1284 ---

misuwur, kawontênanipun sami kemawon kalihan sêsajinipun Hyang Sakra ing kaswargan. Rikala samantên sang prabu pêpêthinganing para ratu wau, dhawuh dhatêng Sang Nakula, supados lumampah dhatêng praja Astina, ngaturi Sang Bhisma, Rêsi Drona, Prabu Drêtarastra, Sang Widura, Rêsi Krêpa, tuwin para kadang sapandhèrèkipun sadaya.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa tiga perangan Rajasuyika, ing Sabdhaparwa.

__________

BAB 34. SAMBÊTIPUN RAJASUYIKA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Nakula, ingkang tansah bêkti dhatêng kadang wrêdha, sadumuginipun ing Astinapura, lajêng marak Sang Bhisma tuwin Sang Prabu Drêtarastra, matur kautus ngaturi ingkang eyang saha ingkang uwa kaparênga rawuh ing Indraprastha mawi dipun wantos-wantos mugi karsaa rawuh. Pinisêpuhipun bangsa Kuru tuwin turunipun, dupi tampi ulêman saking Pandhawa lampahipun anut kados ingkang kasbut ing kasusilan ugi lajêng sami kaparêng rawuh, kalihan sukaning panggalih. Lampahipun Sang Bhisma saha Rêsi Drona, mawi jinajaran ing para brahmana pintên-pintên. Dhuh, Prabu Janamêjaya, para ksatriya mancanagari, ingkang sami priksa dhatêng pigunanipun sêsaji, lajêng sami rawuh ing Indraprastha, wigatos badhe priksa dhatêng suwarninipun Prabu Yudhisthira saha dhatêng suyasa ingkang kangge sêsaji agêng wau. Sadaya sami ambêkta pisungsung, sêsotya nawa rêtna saha

--- 1285 ---

sanès-sanèsipun, ingkang sami agêng aosipun. Dhuh, darah Bharatha,[3] dene kawontênanipun ingkang sami rawuh ing Indraprastha, inggih punika: Prabu Drêtarastra, Sang Bhisma, tuwin Sang Widura, ingkang lêpas ing budi, saha para kadang Kurawa sadaya, katindhihan Sang Duryudana, Prabu Suwala, Nata Gandara, tuwin Sang Sakuni, ingkang sakalangkung julig, Sang Acala, Sang Wrêsaka, Prabu Karna, têtungguling para wadya rata, Prabu Salya, ingkang pangwasanipun angedap-edapi tuwin Prabu Walhika, ingkang gagah prakosa, Sang Somadata, Sang Bhuri, ksatriya darah Kuru, Sang Burisrawa, saha Sang Sala, Sang Aswatama, Rêsi Krêpa, Rêsi Drona, Prabu Jayadrata, nata ing Sindu, Prabu Yajnasena saputranipun, narendra linangkung Prabu Salwa. Prabu Bagadata, nata ing Pragyotisa, ingkang linangkung manawi mangrèh turangga pangirit rata paprangan, kadhèrèkakên wadyabalanipun, bangsa Mleca saurut têpining samodra tur kathah rawanipun, para ratu ing tanah parêdèn, sakalangkung kathah, Prabu Wrehatbala, Prabu Wasudewa, ratuning bangsa Pundriya, nata ing Wangga tuwin Kalingga, Prabu Akarsam, Prabu Kuntala, tuwin ratu bangsa Malawa, saha Andraka, para nata bangsa Drawadha tuwin Singgêla, nata ing Kasmira, Prabu Kunthiboja, ingkang sura sêkti mandraguna, saha Prabu Gorawahana, para ratu pambêg sudira ing Walhika, Prabu Wiratha kalihan putranipun kalih, tuwin Prabu Mawila ingkang linangkung panguwasanipun sarta para narendra, saha prabu anèm sanès-sanèsipun saking mancapraja. Ingkang sura sêkti mandraguna Prabu Sisupala kalihan putranipun, ugi rawuh ing wiwahaning sêsaji; dene pêpêthinganing bangsa Wrêsni ingkang rawuh, inggih punika: Sang Rama (Baladewa), Sang Aniruda,

--- 1286 ---

Sang Kanaka, Sang Sarana, Sang Gada, Sang Pradyumna, Sang Samba, Sang Carudêsna, ingkang langkung kasêktènipun, Sang Ulmuka, Sang Isatha, Sang Anggawaha, ingkang ambêg sudira, saha ksatriya bangsa Wrêsni sanès-sanèsipun, kathahipun tanpa wicalan, sadaya sami maharata kinawasa.

Dhuh, Prabu Janamêjaya, kathah sanès-sanèsipun malih para ratu ing madya desa, ingkang rawuh angèstrèni sêsaji Rajasuya, sêsajinipun Prabu Yudhisthira punika. Dhuh, sinuwun, saking kaparêngipun Prabu Yudhisthira, para ratu sadaya wau kadhawuhan ngiyasakakên pakuwon ing papan ingkang kathah kajêngipun agêng-agêng saha balumbangipun, punapadene sabên pakuwon dipun samêktanana dêdhaharan sarta pangunjukan ingkang sarwa miraos. Risang Dharmaputra sangêt ngaji-aji dhatêng para narendra têtamunipun. Para nata wau nalika nêmbe rawuh têmtu dipun papagakên sarta lajêng dipun panggihi; manawi sampun sawatawis lajêng kaaturan ngaso ing pakuwonipun, ingkang sampun kapirantosakên. Kawontênaning pakuwonipun para ratu sadaya wau, manawi tiningalan saking katêbihan, katingal agêng inggil, warninipun pêthak, kadi pucakipun ardi Kelasa, manawi linimputan ing salju, awit kadamêl saking sela cêndhani; sadaya candhela mawi linangse ing rajut saking bênang mas, dene rêrêngganipun sarwa sae, pasrènipun sarwa samêkta, undhak-undhakanipun sami botên rêkaos dipun inggahi, jêrambahipun ginêlaran ing babut prangwêdani. Urut balandar saha tarisipun sami tinêpi ing buntal uncèn-uncèn sêkar, saka-saka binlêbêt ing uncèn-uncèn sêkar, ginombyokan uncèn-uncèn mutyara. Ing nglêbêting gêdhong-gêdhongipun, botên kêndhat karatus miwah kinêpyuran ing gandawida, [gan...]

--- 1287 ---

[...dawida,] mila gandanipun amrik angambar, nadyan tiningalan saking papan ingkang têbihipun sayojana, ewadene katingal pêthak, dumunung ing sêla-sêlaning kêkajêngan ingkang ronipun katingal ijêm angrêmbuyung, kadi paraupaning pawèstri ingkang manguk ing gubah candhana. Kori saha jandhelanipun sami kinêmbar-kêmbar saha wiyar-wiyar, mila botên makèwêdi upami dipun langkungi tiyang kathah sêsarêngan, awit banonipun pakuwon wau dinamêl saking sela cêndhani, ingkang tinêpi ing mas manik, mila katingalipun kadi pucaking Himawan, manawi katêmpuh soroting srêngenge. Para ratu têtamu wau, sasampunipun sami lêrêm ing pakuwonipun piyambak-piyambak, ngantos sirna sayahing sarira, ingkang saking anggènipun mêntas lumampah têbih, lajêng sami ningali Prabu Yudhisthira anggènipun jênêngi sêsajinipun, inggih punika lênggah kinêpang para sadhasa tuwin amisungsung para brahmana. Dhuh, Prabu Janamêjaya, mila suyasa ingkang kangge ajanging sêsaji wau kabêkan ing para narendra, brahmana tuwin para maharêsi, kadi kaswargan ingkang kêbak dening para dewa.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa sakawan perangan Rajasuyika ing Sabdhaparwa.

_________

BAB 35. SAMBÊTIPUN RAJASUYIKA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Rikala samantên Prabu Yudhisthira marêpêki ingkang eyang Maharsi Wiyasa Sang Bisma, Rêsi Drona, Rêsi Krêpa, Rêsi Aswatama, Sang Duryudana Sang Wiwingsati, kalihan matur: Mugi paduka sadaya sami kaparênga paring idi anggèn kula damêl sêsaji punika. Sakathahing [Saka...]

--- 1288 ---

[...thahing] rajabrana ingkang wontên ing ngriki punika sadaya kula sumanggakakên ing panjênêngan, mila kados putusaning pangrêmbag badhe tumanjanipun, lajêng kadhawuhna ing kula, badhe lajêng kula èstokakên."

Sasampunipun matur makatên, Risang Pandhuputra pambajêng, ingkang nalika punika katêtêpakên dados jêjênênging sêsaji, mbage pakaryan punapa ingkang katindakakên para pinisêpuh, para kadang tuwin sanès-sanèsipun. Sang Dursasana pinatah mangwasani lumadosipun dhêdhaharan, saha lampahing wiwahan, Sang Aswatama among tamu para brahmana, Sang Sanjaya nampèni saha mangsuli pisungsungipun para narendra, dene Sang Bhisma miwah Rêsi Drona, kaaturan mêmanuki lampahing sêsaji, pundi ingkang prêlu utawi botên prêlu dipun wontênakên. Rêsi Krêpa kaaturan mangwasani sadaya sêsotya nawa rêtna, jêne salaka sasaminipun ingkang kêdah dipun pisungsungakên dhatêng para brahmana dene sanès-sanèsipun para ksatriya sami pinatah ing karya ingkang runtut kalayan kasagêdan saha watakipun. Prabu Walhika, Prabu Drêtarastra, Prabu Samadata tuwin Prabu Jayadrata, kairit Sang Nakula kawuningakakên sadaya kawontênanipun sêsaji, sadaya sami rêna panggalihipun, rumaos kadi wontên ing kadhatonipun piyambak-piyambak. Sang Widura, ingkang mumpuni dhatêng kasusilan sarta ingkang pêparab Sang Ksata, kawênangakên mangwasani sadaya arta, ingkang kêdah kawêdalakên kangge waragad, dene Sang Duryudana mangwasani para nayaka ingkang kawajiban nampèni bulubêkti saking para narendra. Sri Krêsna pancêr bawana, kamulaning sadaya tumitah, saking kapengin sagêdipun kalêksanan karsanipun, ngantos

--- 1289 ---

kaparêng mijiki sampeyanipun para brahmana.

Awit para ratu dalah para putranipun punika sami kêpengin priksa dhatêng suwarninipun Prabu Yudhisthira saha dhatêng suyasa ingkang kangge ajanging sêsaji Rajasuya, mila mbotên wontên ingkang pisungsungipun kirang saking bobot utawi pangaos sèwu. Têtelanipun sawiyah tiyang sami angaji-aji dhatêng Prabu Yudhisthira, mila kathahing pisungsung sêsotya nawa rêtna ngantos tanpa petangan. Para ratu mancanagari sami oncor-oncoran anggènipun misungsung dhatêng ratuning bangsa Kuru, ingkang jêjuluk Mahaprabu Yudhisthira. Mila makatên sêmunipun pancèn kanthi pangangkah, murih sêsajinipun Prabu Yudhisthira wau sagêd kalampahan kalihan prayogi. Dhuh, Prabu Janamêjaya, papan ajanging sêsaji agêng wau sakalangkung prayogi, awit katata wontên ing suyasa agêng-agêng, ingkang sêmonipun pancèn kaangkah sagêdipun kaangge salami-laminipun. Griya inggil-inggil yayah sumundhul akasa, mawi dipun rêksa ing wadyabala kathah, saking inggilipun suyasa, têmah damêl pakèwêting ratanipun dewa ingkang sami ningali. Pakuwonipun para ratu tuwin para brahmana sami dipun rêngga-rêngga ing sêsotya nawa rêtna, kadi rata titihanipun para dewa, makatên ugi busana saha upacaraning kaprabonipun para ratu mancanagari, mila tiningalan sangêt ngêlam-lami. Kasugihanipun Prabu Yudhisthira sami kalihan kasugihanipun Bathara Waruna ngantos sagêd ngurubakên latu warni nênêm ing sêsajinipun, punapadene dananipun sakalangkung kathah, sawiyah tiyang sami dipun bingahakên manahipun, sarana dipun uja punapa ingkang dados pêpenginanipun. Kathahing têtêdhan ngantos kadi samodra, rajabrana pisungsung saking para ratu botên kenging

--- 1290 ---

dipun cariyosakên, nadyan kathahipun tiyang sami dhatêng ing wiwahaning sêsaji wau wêdi ing panggisikaning sagantên, ewadene botên wontên tiyang ingkang botên katuwukan ing têdha tuwin kasênêngan. Para dewa ingkang sami rawuh ugi dipun bêbingah, sarana kasunggata ing idha martega sukci) homa, sarta sêsaji warni cuwèr, ingkang kaêsokakên ing latu, dene para maharsi ingkang lêbda dhatêng saliring mantra, manawi para brahmana anggènipun bêbingah dipun pisungsung ing dhêdhaharan saha mas picis rajabrana. Para ksatriya, waisya tuwin sudra, sami kaajak bujana andrawina.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa gangsal, perangan Rajasuyika ing Sabhaparwa.

__________

BAB 36. ARGYA HARANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Ing dintên wêkasaning wiwahan, dupi Prabu Yudhisthira sampun siniram ing tirta nugraha, para brahmana rêsi, ingkang sampun sami pantês pinundhi-pundhi, saha para nata suruhan, sadaya sami kaaturan lumêbêt ing papan ajanging sêsaji perangan nglêbêt, ingkang nalika punika sampun ginawêran. Para maharsi katindhihan Maharsi Naradha, saha para ratu sami lênggah ing ngriku, kados para dewa manawi wontên ing Sabhanipun Hyang Brahma, nunggil kalihan para rêsi ing kaswargan. Dene ingkang sami kaangge wiraosan para maharsi wau sadangunipun lalênggahan, inggih punika tatanan ingkang sampun tumindak salêbêtipun sêsaji,

--- 1291 ---

pangandikanipun: "Punika pancènipun botên makatên," enggalipun amung badhe amrih sae, malah wontên ingkang pancènipun darajad asor, ananging saking saening pratikêlipun, lajêng katingal linangkung, ingkang nyatanipun luhur katingal asor. Dene ingkang sami limpat ugi lajêng urun rêmbag, kacandra kadi pêksi dhandhang, manawi priksa daging mêntah, tamtu lajêng sami angroyok, para lêbda dhatêng agami saha têtêp dhatêng sêsanggêman, sami suka-suka wiraosan prakawis lêrês lêpating tindak. Kawuningana sinuwun, ing nglêbêting gawar wau kêbak dening para jawata para maharsi tuwin para brahmana, mila katingal angyunyunakên manah, kadi langit ing wanci dalu, manawi lintangipun nuju katingal pating galêbyar. Dhuh, Prabu Janamêjaya, tarup wêwangunan adi palênggahanipun Prabu Yudhisthira, punika pancèn têtela anggumunakên, ingkang ing ngriku kinêpang dening para ingkang sami têtêp ing sêsanggêman.

Rêsi Naradha sakalangkung rêna nguningani kanugrahanipun Prabu Yudhisthira rikala damêl sêsaji. Dhuh, ratuning bawana, nalika Mauni Naradha priksa para ksatriya agêng-agêng nglêmpak ngantos samantên kathahipun wau, ing batos nglocita: "Aku kelingan pangandika kang dak rungu nalika ana kahyangane Bathara Brahma: iku panjanmane para dewa marang ing marcapada. - Dhuh, Prabu Janamêjaya, mila sang maharsi lajêng nggalih, manawi pasamuan punika sanyatanipun kalêmpakanipun para dewa, ingkang ngraga ksatriya, ingkang panjênênganipun lajêng èngêt dhatêng Sri Hari (Hyang Narayana), ingkang paningalipun kadi ron saroja punika. Awit Hyang Naradha priksa, manawi Bathara Narayana, ingkang

--- 1292 ---

luhur pribadi, saha kamulanipun sadaya dumados, ing nguni ngandika dhatêng para ingkang sami dêdunung ing kaswargan makatên: "Sira padha manjanmaa marang marcapada, sawuse sira padha patèn-pinatèn ana paprangan, sira nuli balia marang kaswargan." - Saking anggènipun amrih kalêksanan pangandikanipun panglêburing jagad, Risang Narayana wau, ugi lajêng manjanma mawujud ksatriya. Dados maharsi Naradha priksa, manawi gustining sarwa kumêlip, ingkang ugi sinêbut Bathara Sambu, sasampunipun ngandika makatên, lajêng manjanma dados darahipun Prabu Yadu, miyos dados bangsa Andaka Wrêsni. Wontênipun ing marcapada agêng kabêgjanipun, cahyanipun mancorong, candranipun kadi rêmbulan dumunung ing antawisipun lintang, dupi wontên ing antawisipun para ksatriya. Mila sang maharsi ugi wuninga, manawi Bathara Hari, ingkang kaprawiranipun ingalêmbana dhatêng para dewa tuwin Bathara Indra, punika nalika samantên ugi wontên ing ngriku. Sang maharsi ingkang botên kasamaran dhatêng panjanmanipun Bathara Narayana, inggih dewa ingkang ngaji-aji sagung manusa wau ngudaraos makatên: "Panjênêngane kang dumadi saka pangwasane dhewe iku kang bakal anjalari baline para dewa iki marang kadewatan." - Dhuh, sinuwun, Sang Rêsi Naradha, inggih ingkang nyarira kawicaksanan, têtungguling para lêbda dhatêng kasusilan, salêbêtipun ngudaraos makatên wau, lênggahipun wontên ing tarub wêwangunan kalihan raos gêtêr.

Dhuh, Prabu Janamêjaya, rikala samantên Sang Bhisma mangatag dhatêng Sang Yudhisthira, pangandikanipun makatên: "Hèh, têdhak Bharata, prayogane para nata iki aturana argya,

--- 1293 ---

awit panjênêngane kabèh iki pancèn wênang kapisungsung argya. Dhuh, kaki Prabu Yudhisthira, ujaring wasita, kang wênang kaaturan argya iku: 1. guru, 2. brahmana, kang manggêdhèni sêsaji, 3. sanak sadulur, 4. snataka brahmana, 5. mitra, 6. narendra. Para wicaksana ngandika, manawa kang ingsun pratelakake mau ana kang têtunggalan dadi sapanggonan kongsi sataun utawa luwih, iku wênang disunggata argya kulup, para ratu kabèh iki wus kongsi suwe anggone têtunggalan, mula nuli dhawuhna ngladèkake argya, dene kang kudu didhisikake anggone ngladèni bae iku êndi kang dianggêp luhur dhewe.

Rikala Prabu Yudhisthira mirêng dhawuhipun ingkang eyang makatên wau, lajêng mangsuli matur. "Dhuh, kangjêng eyang, têdhaking Kuru, mugi kaparênga andhawuhakên para ratu ingkang sami ngêmpal ing ngriki punika, sintên ingkang kêdah kaladosan rumiyin."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, nata têdhak Bharata, Sang Bhisma, putranipun Prabu Santanu, sarana kalimpataning budi wuninga, manawi salumahing bumi kurêping akasa punika, têtela Sri Krêsna ingkang pinunjul piyambak, mila Sang Bhisma lajêng ngandika: "Panjênêngane Sri Krêsna iku kayadene srêngenge kang madhangi jagad iki, kasêktène, kasantosan lan kasudirane ora ana kang ngungkuli, têtêp kaya soroting srêngenge, kang têtela luwih saka sarupaning kaanan kang mawa cahya. Supaya ajanging sêsaji iki padhang sarta têntrêm dening prabane, kayadene nagara kang arang kapadhangan srêngenge, nalika kasorotan srêngenge utawa nagara kang panas hawane yèn nuju kasiliran angin.

--- 1294 ---

Sakèndêlipun pangandikanipun Sang Bhisma, Sang Sahadewa tanggap cipta sasmita enggal angladosakên argya, ingkang kaladosakên rumiyin piyambak kunjuk dhatêng têtungguling bangsa wrêsni. Sri Krêsna ugi kaparêng nampèni kadi limrahing têtamu ingkang sinunggata. Nanging kawuningana sinuwun, Prabu Sisupala sangêt botên narimah, dupi priksa Sang Wasudewaputra ingkang kaaturan argya rumiyin piyambak. Nata ing Cèdhi, ingkang sêkti mandraguna sangêt bêndu dhatêng Sang Bhisma tuwin Sang Yudhisthira, punapadene dhatêng Sri Krêsna, kagalih sami murang kasusilan.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa nênêm perangan Argyaharana ing Sabhaparwa.

__________

BAB 37. SAMBÊTIPUN ARGYAHARANA PARWA.

Prabu Sisupala ngandika: Dhuh, Prabu Yudhisthira, ksatriya bangsa Wrêsni punika manawi nunggil kalihan para ratu agêng-agêng kados pakêmpalan ing ngriki dintên punika, piyambakipun botên wênang kaurmatan sami lan para ratu. Dhuh, Pandhuputra, dados pangaji-aji jêngandika dhatêng Sri Krêsna makatên punika amung sinurung dening sih, nanging botên wêwaton kasusilan, ingkang makatên botên pantês dipun tindaki para Pandhawa, ingkang misuwur ing jagad, dados têtelanipun para Pandhuputra sami taksih kapilare, dèrèng priksa dhatêng kasusilan tuwin dèrèng mangrêtos dhatêng patitising tingkah. Ganggaputra cêtha manawi tuna budi, dene kadugi mrayogi makatên. Dhuh, Yudhisthira, ingkang kasusra utami, lêrêsing tandang tanduk jêngandika tansah damêl bingahipun tiyang

--- 1295 ---

kathah, dados lajêng wajib tampi pangaji-aji ing pasamuaning para ratu saha para wicaksana. Kadospundi dene Krêsna, darah Dhasarha, jêngandika urmati samantên wontên pasamuaning para ratu agêng-agêng, mangka Krêsna sanès narendra. He, Prabu Yudhisthira, manawi Krêsna jêngandika galih sêpuh piyambak tinimbang para ratu, ingkang sami ngêmpal ing ngriki samangke, punapa lêrês, awit Prabu Wasudewa wontên, sabên tiyang priksa manawi Prabu Wasudewa langkung sêpuh. Upami Wasudewaputra jêngandika galih minangka pangayoman saha ingkang damêl marêming panggalih, punapa inggih lêrês, awit Prabu Drupada ugi wontên ing ngriki. Dhuh, narendra darah Kuru, punapa Krêsna jêngandika akên guru, punapa lêrês manawi Rêsi Drona wontên. Upami Krêsna dipun anggêp rihdwija, inggih mêksa botên pantês kaaturan argya rumiyin piyambak, awit Maharsi Dwipayana wontên, punapadene Sang Bhisma ingkang tan kenging pêjah, bilih botên saking karsanipun piyambak, ugi wontên ing ngriki. Dhuh, Prabu Yudhisthira, pundi lêrêsipun, dene Wasudewaputra kasêgah argya rumiyin piyambak. Rêsi Aswatama, ingkang lêbda dhatêng saliring pangawikan, inggih wontên ing ngriki, kapirit saking punapa têka Krêsna dipun luhurakên samantên punika. Mangka Sang Duryudana, têtungguling para ratu, mangrèh sasamining ratu wontên, makatên ugi Rêsi Krêpa, gurunipun para rajaputra darah Kuru, kadospundi dene Krêsna kaaji-aji langkung saking sakalihan wau. Dhuh, Pandhawa, kadospundi dene Rêsi Domya, gurunipun para Kimpurusa dipun langkungi kemawon. Jêngandika priksa, bilih Prabu Bhismaka, ingkang pilih tandhing ing prang, Prabu Pandya, ingkang wêwijanganing [wêwija...]

--- 1296 ---

[...nganing] sarira mratandhani sarwa sae, punapadene têtungguling para ratu Prabu Rukmi saha Prabu Ekalawya, tuwin Prabu Salya, narendra ing Madraka, sami wontên ing ngriki, punapa wigatosipun dene Sri Krêsna ingkang kaladosan argya rumiyin, makatên ugi Prabu Karna, ingkang maciya-ciya sêsumbaripun wontên ngarsanipun para ksatriya sarta nyata linangkung kaprawiranipun ugi wontên ing ngriki, mangka Sang Karna punika siswanipun Brahmana Jamadagni, ingkang sangêt dipun sihi, sarta sampun sagêd ngêsorakên ratu pintên-pintên ing paprangan, amung sarana karosanipun, kadospundi dene jêngandika botên kasamaran manawi Sri Krêsna pangrurah madu, sanès brahmana ingkang dados pangajênging sêsaji, sanès guru, ugi sanès ratu binathara. Dhuh, ratu darah Kuru, dados kalampahanipun Sri Krêsna kaaji-aji samantên punika amung ngangkah lêganing panggalih jêngandika piyambak. Dhuh, darah Bharata, manawi karsa andika amung badhe mundhi-mundhi Sri Krêsna langkung saking samurwatipun, gèk punapa pedahipun, para narendra sadaya punika sami kadhatêngakên ing ngriki, punapa amung badhe dipun wêwirang. Mangka kula dalah para ratu agêng-agêng ngantos kadugi misungsung dhatêng Pandhuputra punika botên saking ajrih utawi darbe pangangkah punapa-punapa, kajawi amung saking katêmbung sarana wicara arum utawi amung nuruti karsanipun Prabu Yudhisthira anggènipun jumênêng nata, dados wênang damêl kautamèn, inggih punika sêsaji Rajasuya, kadospundi dene lajêng dipun cêcamah ingkang minangka wêwangsulanipun. Dhuh, Prabu Yudhisthira, wontên karsa jêngandika punapa, dene Sri Krêsna kaaturan argya rumiyin piyambak, punapa amung badhe damêl wirangipun

--- 1297 ---

para ratu wau sadaya punika, awit Sri Krêsna punika botên darbe tandhaning narendra. Dhuh, Dharmaputra, kautamèn jêngandika misuwur sajagad, samangke kula priksa manawi kalèntu, ingkang mêstani punika, têtela tiyang tuna budi sarta botên priksa dhatêng kautamèn. Sri Krêsna linairakên dados bangsa Wrêsni sarta sampun sagêd nyirnakakên Prabu Jarasandha, ingkang kaloka, nanging sarana lampah cidra. Dhuh, Prabu Yudhisthira, samangke sampun pisah lan ambêk adil sarta tuwuh watak jêngandika ingkang asor, tandhanipun jêngandika nyêgah argya dhatêng Sri Krêsna rumiyin piyambak.

Sasampunipun ngandika makatên wau Prabu Sisupala lajêng tumolih dhatêng Sri Krêsna kalihan ngandika: "Hèh, Madawa, para putranipun Dèwi Kunthi sami piduwung, dene tumindak ingkang botên adil, pramila wajib jêngandika pitulungi supados karaos sênêng, kadi raos sênêng ingkang jêngandika panggih, tuwuh saking anggèn jêngandika tampi sêgah argya rumiyin piyambak punika. O, Krêsna, kadospundi têka jêngandika kadugi nampèni pangaji-aji ingkang botên lêrês punika, nadyan botên saking karsa jêngandika, nanging saking karsanipun para Pandhuputra, awit saking anggènipun amundhi-mundhi ing jêngandika, têmtu jêngandika rumaos sangêt miraos, kadi sêgawon andilat martega sêsaji kathah, awit têmahan dipun sukakakên ingkang gadhah, dados botên wontên ingkang ngrêsahi. Punapa punika sanès panyamah tumrap para ratu, nanging bokmanawi malah kosokwangsul, jêngandika dipun wirang-wirangakên dhatêng Bangsa Kuru. Dhuh, pangrurah madu, pangaji-aji dhatêng para ratu tumrap ingkang sanès

--- 1298 ---

ratu punika candranipun kadi pawèstri, ingkang botên kaayoman pangwasaning priyanipun, tuwin sawangan adi tumrap tiyang wuta, dados samangke para ratu sampun sami priksa piyambak, kadospundi kawontênanipun Prabu Yudhisthira, Sang Bhisma tuwin Sang Wasudewaputra.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa pitu perangan Argya Harana ing Sabhaparwa.

__________

BAB 38. SAMBÊTIPUN ARGYA HARANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sami sanalika wau Prabu Yudhisthira enggal marêpêki Prabu Sisupala, kalayan ngarih-arih, pangandikanipun makatên:

"Dhuh, ratuning manusa, pangandika ingkang makatên botên prayogi ingatasipun sang prabu, dhuh, narendra ing praja Cèdhi, punika damêl tatuning manah, dados botên nuntun dhatêng karahayon. Sinuwun sampun nyênyeda eyang Bhisma, manawi murang kautamèn. Kawuningana sinuwun, kathah para nata ingkang sêpuhipun langkung saking jêngandika, sami mangayubagya, manawi argya, ingkang kawitan punika kaaturakên Sri Krêsna, mila mugi kaparênga nglêrêmakên panggalih sawatawis, kadi ratu sanès-sanèsipun punika. Dhuh, Sisupala, eyang Bhisma priksa sintên sajatinipun Sri Krêsna; bokmanawi pamawas jêngandika dhatêng sanyatanipun Sri Krêsna, waspadanipun dèrèng kados pamariksanipun kangjêng eyang Bhisma."

--- 1299 ---

Dupi Prabu Yudhisthira kèndêl anggènipun ngandika Sang Bhisma lajêng nyambêt pangandika: "Sintêna ingkang botên nayogyani Sri Krêsna kaladosan argya rumiyin piyambak, botên sayogi dipun arih-arih sarana wicara arum. Para senapati punika manawi sagêd unggul kalayan mêngsahipun wontên ing paprangan, mêngsahipun ngantos kalampahan nungkul, lajêng wênang paring kamardikan saha dados gurunipun ingkang dipun têlukakên wau. Para nata ingkang wontên ing ngriki sadaya, sintên ingkang botên rumaos kasoran manawi tandhing kasêktèn lan Sri Krêsna, darah Satwata, wontên ing paprangan, mila Sri Krêsna ingkang ujwalanipun dèrèng nate surêm, wajib sami dipun pundhi-pundhi langkung saking sadaya para ratu, ingkang wontên ing ngriki, malah para ratu sadaya punika kemawon, ingkang kêdah ngaji-aji ing panjênênganipun, sadaya kumêlip pantês angidhêp ing panjênênganipun. Pintên kemawon têtungguling ksatriya, ingkang sampun kasoran prang mêngsah Sri Krêsna. Walèh-walèh punapa, sadaya dumados punika sami kasamadan dening Sri Krêsna, botên wontên ingkang kalangkungan. Mila Sri Krêsna sayogi dipun aji-aji langkung saking sadaya para wicaksana saha para ratu, ingkang sami wontên ing ngriki. Mugi sampun ngantos kawiyos pangandikanipun ingkang kirang prayogi, tuwin salah dalèh. Kawuningana para narendra sadaya, pundi ingkang langkung sêpuh, ingkang kula purih ngladosi rumiyin. Kula nate mirêng pangandikanipun para wicaksana: sapintên kalangkunganipun Sang Sori (Sri Krêsna), ingkang botên krewan[4] saebah osiking jagad, kula ngantos rambah-rambah mirêng cariyos lêlampahanipun Sri Krêsna wiwit timur. O, nata ing Cèdhi, anggèn

--- 1300 ---

kula angaji-aji Sang Janardana, dewa ngejawantah, sasêmbahanipun para dewa, inggih tukipun kabêgjan saha kaluhuran, punika langkung saking sasamining para ratu, botên awit saking nêdya sêmbranan utawi botên awit Sri Krêsna punika kadangipun Pandhawa saha kanthi pangangkah supados angsal pitulunganipun, botên pisan-pisan, nanging amung pinêksa dening suwur, saha kaprawiran, tuwin mujuring lêlampahanipun, punapadene para ingkang sami wontên ing ngriki sampun sami amaspadakakên, têtelanipun inggih Sri Krêsna ingkang kêdah kaaji-aji langkung saking sadaya punika. Yèn brahmana ingkang wênang tampi pangaji-aji agêng punika ingkang luhur pangawikanipun, nanging manawi ksatriya inggih ingkang linangkung kaprawiranipun, manawi waisya ingkang sugih bandha, yèn sudra ingkang sêpuh umuripun, mila Sang Gowinda kaaji-aji samantên punika, awit pinêksa dening sabab kalih warni, sapisan saking kaprawiran, kaping kalihipun saking putus dhatêng sadaya Wedha dalah Wedangga. Punapa ing marcapada wontên ingkang kalangkunganipun satimbang lan Sri Krêsna. Sajatosipun Sang Asyuta sampun nyarira sadaya watak ingkang dipun wastani sae, kados ta: lantip, nalangsa, santosa, sênêng tuwin bêgja. Dhuh, para nata, ingkang wontên ing pasamuan punika sadaya samangke sampun sami priksa anggènipun Sri Krêsna dipun urmati samantên wau, dene Sri Krêsna sarwa linangkung. Panjênênganipun punika kenging sinêbut ingkang anênuntun, guru, tuwin bapa, mila wajib kapundhi-pundhi saha tampi argya rumiyin piyambak. Sang Hresikesa punika kenging dipun wastani brahmana ingkang dados pangagênging sêsaji, pantês dipun pisungsung

--- 1301 ---

rara kênya anakipun sintên kemawon. Panjênênganipun punika snataka inggih ratu, saha mitra, awit makatên kawontênanipun, dados pantês dipun pundhi-pundhi Pandhawa, tuwin awit Sri Krêsna punika sangkan paraning dumados, mila jagad saisinipun, ingkang ebah utawi botên ebah, punika dipun wontênakên kangge nyamêktani Sri Krêsna. Panjênênganipun punika awyakta prakriti – maha luhur ingkang botên kawêdhar – ingkang andumadosakên sadaya titah, langgêng tuwin botên kenging ginayuh dening sadaya sarana, mila panjênênganipun ingkang botên nate surut suwuripun punika lajêng kaluhurakên langkung saking sanès-sanèsipun. Kawuningana: cipta, pangraos, anasir ingkang alus piyambak, angin, hawa bêntèr, toya, wanci, bumi, saha titah gêsang sakawan golongan (titah ingkang ngêndhog, manak, têtuwuhan, tuwin dumados saking rêrêgêd) punika sadaya kapurba wasesa ing panjênênganipun, makatên ugi surya, rêmbulan, sadaya lintang tuwin sakathahing keblat. Sadangunipun sadaya kawontênan punika sagêd ebah ngiwa nêngên, majêng mundur, tuwin minggah mandhap, punika inggih Sri Krêsna ingkang mangwasani wontên ing alam pundi kemawon, malah kahyangipun para jawata pisan. Kawontênanipun Sri Krêsna sami lan sêsaji agni hotra, ugi minangka têtungguling sêsaji Wedha, Gayatri, têtunggulipun sadaya ukuran, kadi ratu mênggahing manusa, yèn lèpèn Sri Krêsna punika samodra, tuwin rêmbulan ingatasipun lintang, Sri Krêsna kadidene surya tumrapipun sadaya kawontênan ingkang sumorot, manawi rêdi Sri Krêsna punika rêdi Mahamèru, manawi pêksi panjênênganipun wau garudha. Dhuh, para ratu, mugi sampun kagalih panjang-panjang, Sisupala

--- 1302 ---

punika dèrèng sapintêna yuswanipun, mila sampun saèstu dèrèng waspada dhatêng kawontênanipun Sri Krêsna, ingkang tansah dados pocapan wontên ing pundi-pundi. Bokmanawi nata ing Cèdhi botên priksa kautamèn ingkang nênuntun dhatêng gêgayuhan ingkang luhur, mangka sintêna ingkang kapengin tampi nugrahaning dewa, inggih kêdah lampah utami. Para nata wrêdha, para nata nèm, utawi para ratu agêng-agêng ingkang sami ngêmpal ing ngriki, sintên ingkang mastani Sri Krêsna botên wênang kaormatan samantên utawi sintên ingkang botên mundhi-mundhi, dene manawi Sisupala mastani, yèn lampahing pangaji-aji punika botên lêrês, sampun tumut-tumut dipun umbara kemawon.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa wolu, perangan Atgya[5] Harana ing Sabhaparwa.

__________

BAB 39. SAMBÊTIPUN ARGYA HARANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Bhisma kang linunjul ing jagad, sasampunipun ngandika makatên wau lajêng kèndêl. Sami sanalika punika Sang Sahadewa manguwuh dhatêng Prabu Sisupala kalayan têmbung wêngis, pangandikanipun makatên: "Sintên ingkang botên kuwawi ningali anggèn kula angaji-aji dhatêng kakang Prabu Krêsna, ingkang cêmêng sariranipun, pangrurah Kèsi, sêkti mandraguna tuwin kêndêl, punika sirahipun badhe kula angge kèsèt, pundi ingkang têmên purun, suwawi mangsulana têmbung ingkang patitis. Manawi para nata ingkang limpat ing budi,

--- 1303 ---

tamtu nglêrêsakên pangaji-aji dhatêng Sri Krêsna makatên wau awit Sri Krêsna ingkang tansah paring pitêdah ing jagad, Sri Krêsna ugi guru, tuwin bapa, mila pantês dipun ladosana argya rumiyin piyambak saha pinundhi-pundhi."

Sakèndêlipun ngandika Sang Sahadewa lajêng anggêdrugakên sampeyanipun, dene para ratu saha para wicaksana botên wontên ngandika sakêcap, sami sakala wau lajêng wontên jawah sêkar ingkang dhumawah ing sirahipun Sang Sahadewa, saha wontên swara tanpa rupa, makatên: Bagus, bagus,-. Kawuwusa Maharsi Naradha, ingkang pangagêmipun saking cucaling sangsam cêmêng, botên kasamaran dhatêng ingkang sampun badhe kalampahan, pambirating kasamaranipun sadaya dumados, priksa ing jagad pundi kemawon, lajêng ngandika ingkang sakalangkung wigatos, makatên: "Sing sapa ora angaji-aji marang Sri Krêsna, kang paningale kaya ron saroja, dianggêp kaya wus mati bae, nadyan isih bisa obah ora prêlu diarih-arih."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Sahadewa kang sampun sarira bathara, ingkang angaji-aji ing para brahmana sasampunipun manêmbah dhatêng ingkang wajib sinêmbah, enggal anglajêngakên anggènipun angladosakên argya, ananging dupi Sri Krêsna kaparêng nampèni argya, ingkang kaladosakên rumiyin piyambak, Sang Sunita (Sang Sisupala), pangrurahing satru sêkti lajêng duka yayah sinipi, tingalipun angatirah, sarta lajêng ngandika makatên: "Wontên kula ing ngriki minangka pangajênging para ratu sadaya punika, mangka samangke wontên lêlampahan makatên, suwawi para ratu karsa jêngandika kadospundi. [kados...]

--- 1304 ---

[...pundi.] Punapa lêpat manawi kula dalah para ratu sadaya punika lajêng prang mêngsah bangsa Wrêsni tuwin Pandhawa ingkang samangke sampun kêmpal ing ngriki sadaya."- Sasampunipun ngandika makatên, Prabu Sisupala, ratuning bangsa Cèdhi, lajêng darbe karsa badhe makèwêt lampahing sêsaji.

Gêntos kacariyos para ratu sêsuruhan, ingkang dipun tindhihi Prabu Sisupala, ugi lajêng kabaranang runtik; saking sruning bêndu ngantos katingal pucêt pasuryanipun, wasana ngandika: "Lêrês, kula dalah para kanca kêdah nganggêp botên lêrês lampahing sêsajinipun Prabu Yudhisthira, saha pangaji-aji dhatêng Krêsna samantên wau."- Awit saking kapêtêngan ing kanêpson, para nata wau ngantos sirna dugi prayoginipun, ngantos kawiyos anggènipun ngêndêlakên gêdhag-gêdhigipun, tur ngantos rambah-rambah, awit sadaya ugi rumaos dipun cêcamah, mila nadyan tansah ingarih-arih para mitranipun, ewadene botên sagêd lilih, paningalipun nyurêng, kalihan gêrêng-gêrêng, kadi sima rinêbat borokanipun. Sri Krêsna priksa kathahipun para ratu balabar kadi samodra bêna, sami ngirit wadyabala, kathahipun tanpa wicalan, sadaya sampun sawega dêdamêl, nêdya ngêbyuki bangsa Wrêsni saha Pandhawa."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa sanga, perangan Argya Harana ing Sabhaparwa.

__________

BAB 40. SISUPALA BADA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi

--- 1305 ---

Prabu Yudhisthira priksa, bilih para ratu samantên kathahipun wau, sadaya sami mêngku bêbêndu, ingkang candranipun kadi samodra katêmpuh prahara agêng ing wanci nalika hawa sami ajèr, panjênênganipun lajêng matur ingkang eyang Sang Bhisma, têtungguling para limpat ing budi, saha eyangipun para ksatriya bangsa Kuru, ingkang mirib lan Hyang Puruhita (Indra) manawi matur ing Sang Hyang Wrehaspati, aturipun Prabu Yudhisthira makatên: "Kawuningana eyang, para ratu agêng-agêng ingkang kathahipun kadi samodra bêna, sadaya sami runtik, awit saking punika mila kangjêng eyang kaparênga ngandika, kadospundi ingkang kêdah kula lampahi, mugi sêsaji kula sagêd kalêksanan kalayan prayogi, saha para wadyabala kula botên nandhang sangsara."

Dupi Prabu Yudhisthira, ingkang lêbda dhatêng wêwatoning kasusilan, saha ambêg paramarta matur makatên wau, Sang Bhisma lajêng mangsuli pangandika makatên: "Hèh, pêpêthinganing bangsa Kuru, aja sumêlang, awit asu ora bisa ngalahake macan, wruhanira, sadurunge ana apa-apa ingsun wus namtokake laku kang pakolih lan gampang kanggo mangrèh jagad. Yèn saka pamawasku para ratu iki kabèh dak candra kaya asu nyêdhaki singa turu karo jêgug. Kaki prabu, aiku[6] para ratu anggone nantang Sri Krêsna; kang dak candra kaya singa turu, dene samêngko isih kèndêl bae. Sadurunge Sang Asyuta jumênêng saka palênggahane, Natèng Cèdhi tansah bêbangus para ratu suruhan, supaya wani karo singa. Dhuh, kaki prabu, Natèng Cèdhi kang ora sapira sêsurupane, angkate marang Yomani kapengin diuntapake Sang Asyuta (Sri Krêsna), jiwaning sagung dumadi, nanging aja angajak

--- 1306 ---

para ratu pira-pira. Dhuh, têdhak Bharata, têmtune Hyang Wisnu mundhut bali kasêktèn kang ginadhuh dening Sisupala. Hèh, pêpêthinganing para limpat ing budi, Kunthiputra, ciptane ratu ing Cèdhi utawa para ratu liya-liyane, wus padha kuwur, karsane Sisupala nata ing Cèdhi, sapaya[7] para ratu suruhan kabèh iku ambalènana awake. Dhuh, Yudhisthira, Sang Madawa iku kang ndumadèkake sarta kang ngukut sagung dumadi, kang padha dêdunung ing jagad têtêlu iki.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Prabu Janamêjaya, nalika Prabu Sisupala mirêng ngandikanipun Sang Bhisma makatên wau, lajêng mangsuli pangandika kalayan têmbung dêksura."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sêkawan dasa, perangan Sisupala Bada ing Sabhaparwa.

__________

BAB 41. SAMBÊTIPUN SISUPALA BADA PARWA.

Pangandikanipun Prabu Sisupala makatên: "Jêngandika tiyang sêpuh, ingkang damêl kawiranganing tiyang ênèm, kadospundi dene jêngandika piyambak botên wirang têka ngajrih-ajrihi para ratu sarana ngucapakên cariyos ingkang botên nyata. Jêngandika pinisêpuh bangsa Kuru, ingkang nglênggahi darajat, angka tiga (botên nambut silaning akrama = wadat tanpa krama) mila pantês mêdharakên lênggahing kasusilan, namung anggèn andika nuntun kasusilan dhatêng bangsa Kuru punika candranipun kadi baita ingkang

--- 1307 ---

kacancang kalihan baita, utawi kados tiyang wuta katuntun ing tiyang picak, punapa malih jêngandika sampun damêl sêriking para ratu sadaya punika, sarana angunggul-unggulakên kaprawiranipun Sri Krêsna, kados ta: anggènipun Sri Krêsna mêjahi Putana tuwin sanès-sanèsipun. Jêngandika tuna budi reka-reka gumaib, kadospundi dene têka karaya-raya ngalêmbana Krêsna. Kula gumun dene lidhah jêngandika botên lajêng rontang-ranting. Nadyan tiyang bodho kemawon têmtu sagêd nyeda Krêsna, kadospundi dene jêngandika, ingkang misuwur sugih kawruh purun angluhurakên pangèn lêmbu. He, Bhisma, manawi Krêsna nalika alit sangêt mêjahi pêksi wolung, punika gèk anèhipun wontên pundi; yèn bab kakêndêlan kados ta: anggènipun mêjahi Aswa, tuwin Wresawa, punika punapa sampun andika manah anèh, nyatanipun kalih pisan punika pancèn botên gadhah kaprawiran, piyambakipun sagêd ngawonakên têtumpukan kajêng sarana sukunipun, kados ta: rata, punapa punika anggumunakên. O, Bhisma, punapa kaelokanipun Krêsna, punapa anggènipun nyanggi rêdi Gowardana ngantos pitung dintên punika, mangka nyatanipun ardi wau sanès ardi, sami kemawon kalayan unthuk sêmut. Jêngandika nate nyariyosakên, nalika Krêsna wontên pucaking ardi, nêdha têtêdhan sakalangkung kathah, ingkang rikala samantên kathah tiyang ingkang sami gumun. Hêm, jêngandika ngakên priksa dhatêng patitising kasusilan, punapa makatên punika jêngandika anggêp anèh, punapa ingkang anèh punika botên anggènipun Krêsna purun mêjahi Kangsa, ingkang sêkulipun sampun nate dipun têdha. Têtela manawi jêngandika bangsa Kuru ingkang anglingsêm-nglingsêmakên. Jêngandika nyata dèrèng priksa dhatêng patitising kasusilan, dados sajatosipun [saja...]

--- 1308 ---

[...tosipun] jêngandika dèrèng nate mirêng pitêdahipun para linangkung, mila ing mangke kula badhe cariyos dhatêng jêngandika. Para utami saha para sarjana sami paring pitêdah dhatêng para ingkang sumêdya lampah sae, bilih dêdamêl punika sampun ngantos dipun tamakakên dhatêng pawèstri, lêmbu, brahmana tuwin dhatêng tiyang ingkang sampun nate katêdha sêkulipun, utawi tiyang ingkang griyanipun sampun nate dipun eyubi. He, Bhisma, saèstunipun sampun ginrujuk toya piwulang ingkang makatên wau. Kabêkta saking anggèn jêngandika kapengin ngalêmbana Kesawa, jêngandika lajêng nyariyosakên kaluhuran, saha kathahing kawruhipun, sarta sêpuhing umuripun. Jêngandika dugi manawi kula botên ngrêtos dhatêng sadaya punika, dados upami miturut rêmbag jêngandika, kula sami jêngandika purih mundhi-mundhi dhatêng tiyang ingkang purun mêjahi pawèstri tuwin lêmbu, manawi makatên, lah pundi pigunanipun piwulang luhur. He, Bhisma, lah punapa tiyang ingkang makatên pokalipun punika ugi pantês dipun alêmbana. Sarêng Janardana mirêng pangalêm jêngandika: iki têtungguling para linuwih; iki gustine sagung dumadi: sêmunipun lajêng dipun akêni, mangka sajatosipun sadaya wau botên nyata. Kêkidungan ingkang kinidungakên juru ngidung, punika sanadyan rambah-rambah anggènipun ngidungakên, ewadene botên andayani punapa-punapa tumrap tiyangipun; lakar nyata yèn satunggal-tunggaling titah sami gadhah kawignyan piyambak-piyambak, upaminipun pêksi bulingga, punika rêmênanipun nucuki daging sliliting singa, dados lampahipun wau sangêt mutawatos, nanging manawi kasagêdan jêngandika lampah asor punika jêngandika warahakên

--- 1309 ---

dhatêng Pandhawa, sampun botên sêmang-sêmang malih, manawi putranipun Prabu Pandhu punika rêmên nindaki pandamêl dosa, tandhanipun sami mungêl, manawi Krêsna pantês pinundhi-pundhi, langkung malih jêngandika ingkang kawajibakên nênuntun, jêngandika sampun ngrêtos dhatêng kautaman, nanging jêngandika murang margi utami, dados jêngandika punika dosa agêng. He, Bhisma, manawi tiyang sampun sumêrap dhatêng kawontênanipun piyambak, bilih utamining pambêgan saha luhuring kawruhipun, upami badhe tumindak utami, patrapipun punapa inggih kêdah kados lêkas jêngandika. Dhuh, Bhisma, manawi jêngandika têmên waspada dhatêng kasusilan saha limpat ing budi, punapa jêngandika sagêd rumaos bêgja, dene sagêd bêkta lumajêng Dèwi Amba ingkang utami pambêganipun, awit Dèwi Amba sampun trêsna dhatêng priya sanèsipun, ewadene jêngandika rumaos prawira saha utami. Sadhèrèk andika Sang Wicitrawirya, punika lêkasipun mèmpêr kalayan lampahipun para ambêg sae saha utami, tandhanipun dupi priksa kadospundi kawontênanipun Dèwi Amba, lajêng botên karsa mundhut garwa, nadyan tansah jêngandika odhok-odhokakên. Jêngandika agahan ngakên utami, ewadene randhanipun sadhèrèk jêngandika ngantos kalampahan dipun pupu ing tiyang sanès, ngantos asêsuta kalih, nadyan pamêndhêtipun wau miturut wêwaton sae. Samangke pinanggih wontên pundi kautaman jêngandika, dados anggèn jêngandika karaya-raya nglampahi wadad, awit saking cupêting budi utawi kêkèsètan punika tanpa guna.

--- 1310 ---

Catatan kaki:

1. mila (kembali)
2. dados (kembali)
3. Bharata (kembali)
4. kewran (kembali)
5. Argya (kembali)
6. yaiku (kembali)
7. supaya (kembali)