Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 9.

7 Sèptèmbêr 1958.

Tiyang cariyos manawi jêngandika sampun asarira kautaman, nanging kula dèrèng priksa kala punapa jêngandika tampi kabêgjan, tamtunipun tindak jêngandika ingkang ngandika akên kautaman punika botên miturut pitêdahipun para wrêdha, mangka panêmbah, dêdana, saha sinau, punika kêdah sinartan misungsung dhatêng para brahmana, nadyan sadaya wau dipun misungsung dhatêng para brahmana, nadyan sadaya wau dipun kêmpalakên, nugrahanipun botên wontên sapranêmbêlasipun tiyang ingkang asêsuta jalêr. Jêngandika sumêrap manawi nugrahanipun tiyang ingkang nglampahi sêsanggêman utawi tapa brata ngantos rambah-rambah punika tanpa tilas, manawi tiyang wau botên darbe anak, jêngandika botên sêsuta, sampun sêpuh, mangka nglampahi kasusilan ingkang botên lêrês, mila têmtu samangke badhe dhatêngipun sangsara andika saking astanipun para kadang warga, kados lêlampahaning babad, ingkang kacariyos wontên ing dêdongenganipun para wicaksana, ingkang badhe kula cariyosakên samangke, supados dados pêpèngêt jêngandika.

Ing kina wontên banyak sêpuh manggèn ing pinggir pasisir; banyak wau sadintên-dintên tansah nyariyosakên kautamèn, nanging lampahipun botên utami, dados cariyosipun wau amung nêdya kangge mulang pêksi sanès-sanèsipun. SumêrupaSumurupa Bhisma, pitêdahipun banyak dhatêng pêksi sanès-sanèsipun makatên: "Padha nglakonana utama, sarta sumingkira saka panggawe dosa:"- mila pêksi ingkang asring saba ing samodra ngriku, ugi lajêng sami nglampahi utami, saha tansah asung têdha dhatêng pun banyak/pêksi pintên-pintên wau sami slulup ing

--- 1311 ---

toya ngupados mangsan, sabên nigan lajêng dipun titipakên dhatêng pun banyak. Kawuwusa pun banyak, botên kasupèn dhatêng wataking banyak, inggih punika purun nêdha tigan titipanipun pêksi ingkang sami mitados, dangu-dangu saya katingal sudanipun. Kacariyos ing golonganipun pêksi-pêksi wau wontên pêksi lantip, ingkang sujana dhatêng akalipun banyak, mila lajêng nyatakakên, pinanggihipun têmên kados panduginipun ingkang makatên kalayan susah pêksi lantip wau kapêksa sanjang dhatêng pêksi sanèsipun kawontênanipun banyak. Dhuh, pêpêthinganing bangsa Kuru, pêksi-pêksi ingkang sampun mirêng cariyos cidranipun banyak wau, lajêng sami nyatakakên piyambak. Dupi têmên kados ujaripun pêksi lantip, banyak sêpuh wau lajêng dipun pêjahi pêksi kathah.

Dhuh, Bhisma, jêngandika kadi lêkasipun banyak sêpuh wau, dados manawi saking sangêting kanêpsonipun para ratu punika sami badhe nyirnakakên jêngandika. Sampun lêrês kemawon kados kawontênanipun pêksi pintên-pintên dhatêng banyak, ingkang nyidrani ingkang sampun mitados ing piyambakipun. Para lêbda dhatêng purana tamtu botên kasupèn dhatêng dongèng wau. He, Bhisma, dipun piyarsakna anggèn kula ngambal-ambali ungêl-ungêlan ingkang wontên ing dongèng wau, makatên: He, sira kang ngandêl marang kasantosaning suwiwinira, sira tansah ngucapake kawicaksanan, kang sinurung dening watak candhala, tandhane sira tansah nindaki panggawe dosa mangan êndhoging manuk kang miandêl ing sira, dadi nyimpang saka piwulang sira dhewe.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sakawan dasa satunggal, perangan Sisupala Bada, ing Sabha parwa.

__________

--- 1312 ---

BAB 42. SAMBÊTIPUN SISUPALA BADA PARWA.

Pangandikanipun Prabu Sisupala makatên: Ratu pinunjuling jagad, Prabu Jarasandha botên kêrsa tandhing prang kalihan Sri Krêsna, pangandikanipun makatên: "Krêsna iku darajade sabatur tukon," pangandika makatên wau kula èngêt-èngêt. Sintên tiyangipun ingkang mastani sae dhatêng lêkasipun Krêsna, Bhima saha Dananjaya, nalika badhe mêjahi Prabu Jarasandha, anggènipun badhe nyumêrêpi kaprawiranipun sang prabu, sarana lampah cidra, inggih punika nalika lumêbêt ing kadhatonipun Prabu Jarasandha botên mêdal ing gapuraning kadhaton, kalihan mangangge cara brahmana. Rikala sang prabu ngaturakên toya kangge wijiking têtamunipun, sang memba brahmana lajêng nyelaki kabrahmananipun, wujudipun lajêng api-api sawêg nglampahi sêsanggêman. Dhuh, darah Kuru, sarêng Prabu Jarasandha nyêgah dhahar, lajêng sami botên karsa nampèni dumadi. Punapa witipun Sri Krêsna botên nêtêpi kabrahmanan ingkang minangka kakudhungipun: ingkang saya judhêg anggèn kula manah, dene jêngandika kadugi nyimpangakên para Pandhawa saking margi lêrês, ewadene mêksa dipun anggêp tiyang sae, bokbilih ingkang sampun milih jêngandika ingkang ambêgipun kadi pawèstri, saha sampun wungkuk saking sampun kêkathahên taun, kangge paranpara, punika botên rumaos bilih dipun sasarakên."

--- 1313 ---

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Bhimasena ingkang sura sêkti têtungguling para prajurit, dupi mirêng pangandikanipun Prabu Sisupala ingkang dêksura, nyakitakên manah tuwin sêru kêdalipun wau, kadi sinêbit talinganipun, netranipun ingkang dhasaripun sampun wiyar, punika lajêng saya wiyar, bundêr kadi ron tunjung, saha abrit angatirah, sami sanalika wau tiyang sagêd nyumêrapi cêtha, manawi palarapanipun Sang Bhima anjêngkêrut lêmpit-lêmpitan, candranipun kadi lèpèn Gangga, ingkang pêjah dados tiga wontên ing lambunging ardi, saking sruning bêndu Sang Bhima akêrot-akêrot sangêt anggêgirisi, kadi Bathara Yama nalika badhe nglêbur jagad nalika wêkasaning jaman sakèndêling anggènipun kêrot, Sang Bhima lajêng jangkah dhatêng Prabu Sisupala, nanging enggal dipun sikêp dening Sang Bhisma, kadi Hyang Mahadewa nalika nyêgati Hyang Mahasesa, senapatining dewa, anjalari lilihipun, pangrurah satru Sang Bhimasena botên sagêd mangsuli pangandikanipun Sang Bhisma, candranipun kadi kawontênanipun samodra, sanadyan mangsa rêndhêng ewadene botên sagêd ngêlêpi dharatan. Dhuh Prabu Janamêjaya, kados punapa solah saha suwantênipun Sang Bhisma, ewadene botên damêl kêndhakipun Prabu Sisupala, awit sang prabu pancèn sudira ing ranangga, saha têtêp ing wataking priya. Nadyan Sang Bhima katingal tansah badhe jangkah dhatêng Prabu Sisupala, nanging botên pisan-pisan kapaèlu kadidene singa saèstu botên badhe maèlu, manawa katêmpuh ing sato alit. Dupi Sang Bhisma katingal saya mubal wirodhaning panggalih Prabu Sisupala lajêng ngandika kalihan sêmu mèsêm, pangandikanipun makatên: "Hèh, Bhisma, dipun umbara kemawon, [kema...]

--- 1314 ---

[...won,] supados para ratu ingkang wontên ing ngriki sagêd nêksèni pêjahipun Bhima, dening kasêktèn kula, mangsa bisaa oncat yèn durung ngungsi marang prajane Bathara Yama, têmtu bakal kaya sulung kang kêsalat ing gêni murub."- Sang Bhisma pinisêpuhing bangsa Kuru, têtungguling para limpat ing budi, dupi mirêng pangandikanipun nata ing Cèdhi makatên wau, lajêng ngandika dhatêng Sang Bhima."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sakawan dasa kalih, perangan Sisupala Bada, ing Sabhaparwa.

__________

BAB 43. SAMBÊTIPUN SISUPALA BADA PARWA.

Pangandikanipun Sang Bhisma: "Wruhanamu mas putu, Sisupala iki linairake dadi darah Cèdhi, nalika lair netrane têlu, baune papat, karo bêngok-bêngok, kaya jêriting kuldi, rama ibu apadene kulawargane padha prihatin. Yèn sudarmane ngarani kaanan mangkono mau cipta sasmita ala tumrap bangsa Cèdhi, mula sutane mau banjur nêdya dibuwang. Nanging nalika arêp dijunjung nuli ana swara tanpa warna, mangawuh marang sang nata ing Cèdhi, para nayaka utawa para brahmana kang padha nunggu bêbayi kang nêmbe lair iku, karo rasa judhêg, dene ana kaelokan mangkono, ujare swara mangkene: "He sang nata ing Cèdhi, sutanira kang nêmbe lair iku têmbe gêdhe bêgjane, sarwa linuwih kaprawirane, mula aja prihatin, dibêcik anggonira ngopèni bocah iku, awit têmtu ora bisa mati, kagawa saka durung têkan kala mangsane, nanging kang pinasthi anguntapake patine sutanira [suta...]

--- 1315 ---

[...nira] iku, samêngko wus lair."- Barêng ibune karungu ujaring swara mangkono mau bangêt giris atine, jalaran saka trêsnane marang sutane lanang, mula banjur mangsuli, ucape mangkene: "Kula sumungkêm ing pada paduka, dhuh, swara tanpa warna, ingkang andhawuhakên badhe kêdadosanipun anak kula jalêr, sanadyan paduka dewa utawi titah luhur sanès-sanèsipun. Dhuh, pukulun, mugi kaparênga ngandika malih, awit kula kêpengin sangêt priksa, sintên ingkang badhe mêjahi anak kula wau."- Pangandika mau nuli nyabawa manèh mangkene: "Sing sapa mangku banjur angrontogake baune kang kaya ula êndhas lima sajodho pinatèn, sarta bisa ngilangake netrane kang anèng bathuk, yaiku wong kang bisa matèni."- Para ratu mancapraja kang padha krungu pawarta ananing bayi anèh, lan swara tanpa warna iku uga banjur padha mênyang nagara Cèdhi, kapengin priksa nyatane. Para ratu mau têkane ing Cèdhi, diaji-aji marang sang prabu, sarta nuli diaturi mangku gênti-gênti, mèh kongsi ana ratu sèwu kang wus mangku, ewadene durung ana kang bisa anjalari kalakon kaya ujaring swara, sumêbaring pawarta, saya adoh kongsi têkan ing Dwarawati. Dupi Sang Sangkarsana lan Sang Janardana, pêpêthinganing darah Wrêsni iku mirêng pawarta elok mau, uga tumuli bêbodholan marang Cèdhi, arêp nyatakake pawarta mau, ngiras tinjo ingkang uwa, awit pramèswarine ratu ing Cèdhi iku kadange wadon ingkang rama Prabu Basudewa. Satêkane ing kadhaton Cèdhi, Sang Baladewa lan Sang Kesawa banjur angurmati kang wus padha ana ing kono, manut samêsthining pangaji-aji. Sawuse ngabêkti nata ing Cèdhi sapramèswarine, sarta warta-winartan karaharjane,

--- 1316 ---

nuli lênggah. Sawuse ksatriya bangsa Wrêsni sakaloron mau sakeca anggone lênggah, pramèswari Cèdhi ambopong kang putra, banjur kasèlèhake ing pangkone Sang Dhamodhara (Krêsna). Dhuh, Bhimasena, barêng bayi dipangku Sri Krêsna, lêngêne kang loro gogrog, netrane kang ana ing bathuk ilang. Sang pramèswari gugup sêmu ajrih, mula banjur prasabên marang Sri Krêsna, pulunane, pangandikane mangkene: "Kulup, Krêsna, kang pinunjul ing jagad, panggalih ingsun bangêt giris mêruhi lêlakon iki, mula panjaluk ingsun iki turutana, kulup sira panglipuring sagung dumadi kang padha prihatin, saha pangruwating rasa giris." Sri Krêsna mangsuli atur: "Dhuh, uwa dèwi, paduka lêbda dhatêng wêwatoning kasusilan mila sampun nyumêlangakên manawi botên badhe kula pituruti, suwawi kangjêng uwa tumuntên kêparênga andhawuhakên, mila kula lajêng sagêd minangkani, nadyan botên gampil dipun lêksanani."- Dhawuhe kang uwa: "Dhuh, putraningsun wong bagus, pêpêthinganing darah Yadu, wruhanira kulup, muga sira ngapuraa marang sapira dosane kakangira Sisupala."- Dhuh, uwa dèwi, nadyan upaminipun kakang mas Sisupala dosa dhatêng kula ingkang têmtunipun kaukum pêjah, mêksa badhe kula apura ugêr dosanipun wau dèrèng langkung kaping satus kemawon, mila kangjêng uwa sampun prihatos.

Sang Bhisma nglajêngakên cariyosipun: "Kaki Bhima, Prabu Sisupala kang ambêg candhala, mampang-mampang nantang prang marang sira iku angêndêl-êndêlake pangandikane sang Gowinda mangkono mau."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sakawan dasa tiga, perangan Sisupala Bada, ing Sabhaparwa.

__________

--- 1317 ---

BAB 44. SAMBÊTIPUN SISUPALA BADA PARWA.

Sang Bhisma nglajêngakên pangandikanipun: "Anggone ratu ing Cèdhi nantang prang marang sira iku satêmêne dudu karêpe dhewe, nanging kadayan dening karsane Sri Krêsna, gustining sagung dumadi. Kaki Bhisma, yèn ing marcapada kene sapa bae wani nyênyamah marang aku, kajaba si druhaka Sisupala, bokmanawa wong iku anggege pati. Ratu kang prawira iki dumadi saka saperangan kasêktène Sri Hari, bokmanawa iku samêngko arêp dipundhut bali, tandhane nata ing Cèdhi gêmbonging narendra, iku wis gêlêm ngucap sawêtu-wêtune bae, ora nganggo tumolèh marang kasusilan."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Mirêng pangandikanipun Sang Bhisma makatên wau, nata ing Cèdhi botên kuwawi mambêng kanêpsonipun têmah lajêng mangsuli pangandika malih makatên: "O, Bhisma, jêngandika tansah angunggul-unggulakên mêngsah kula malah ngantos kaladuk, dene anggèn jêngandika nggunggung kalangkunganipun Sri Krêsna ngantos ngadêg saking palênggahan, jêngandika tumindak kados lampahipun juru ngalêmbana. Hèh, Bhisma, manawi jêngandika pancèn rêmên anggunggung, suwawi para ratu punika dipun alêmbanaa sadaya, sampun amung Krêsna kemawon, awit kathah para narendra ingkang sami misuwur ing jagad, kados ta: Prabu Dharadha, nata ing praja Walhika, punika miyosipun mawi gara-gara lindhu agêng. Prabu Karna, ingkang mangrèh praja Angga tuwin Wangga, punika kakêndêlanipun kadi dewa kang apaningal

--- 1318 ---

sasra, langkapipun agêng, pilih tiyangipun ingkang kuwawi mênthang, baunipun santosa, ngagêm anting-anting saha kêre iyasan kaswargan, miyos saking garbaning ibu sampun angrasuk sadaya wau, cahyanipun mancorong kadi srêngenge. Prabu Karna sampun nate unggul prang mêngsah Jarasandha, prang tanpa dêdamêl, bèntênipun punapa kalihan Wasawa. O, Bhisma, Rêsi Drona punika pantês dipun gunggunga, punapadene Rêsi Aswatama, awit rama lan putra wau, têtela prajurit linangkung, dados pantês dipun alêmbana, jalaran manawi pêpêthinganing brahmana punika ngantos bêndu, saèstu kawasa anglêbur jagad saisinipun. Manawi narendra, kula dèrèng priksa ingkang tandangipun wontên paprangan kadi Rêsi Drona tuwin Risang Aswatama, kadospundi dene amung Krêsna ingkang jêngandika alêmbana, mangka sadaya wau têtela langkung tinimbang Krêsna. Kathah para ratu sanèsipun malih, ingkang kaprawiranipun ngungkuli Kesawa, kados ta: Prabu Duryudana, ingkang santosa baunipun, ratuning para ratu, luhuring kaprabon sajagad botên wontên nimbangi. Prabu Jayadrata, ingkang sêkti mandraguna, wasis nandukakên saliring dêdamêl, Sang Durma, gurunipun para Kimpurusa, sarta misuwur kaprawiranipun. Risang Saradwataputra, Rêsi Krêpa, ingkang sampun kaparêng yuswa, gurunipun para rajaputra darah Bharata, sêkti mandraguna, prajurit sinakti Prabu Rukmi, ingkang sulistya ing warni, têtungguling para prajurit sikêp jêmparing, lan sanès-sanèsipun sami jêngandika kèndêlakên kemawon. Sang sudira Prabu Bismaka, Prabu Dhatawaktra, Prabu Bhagadata, ingkang agêng kabêgjanipun, awit saking sêsajinipun. Prabu Jayatsena, nata ing

--- 1319 ---

Magada, nata ing Wiratha, Prabu Drupada, Prabu Sangkuni, Prabu Wrehatbala, Prabu Winda, Prabu Anuwinda ing Awanti, Sang Pandya, Sang Sweta, Sang Utama, Sang Sangka, Sang Wrêsasena, Sang Ekalawya, ingkang kinawasa Sang Kalingga, prajurit rata sinakti. Dhuh, Bhisma, manawi jêngandika têmên rêmên ngalêmbana, punapa darunanipun botên ngalêmbana Prabu Salya utawi para ratu sanès-sanèsipun. Sêmunipun jêngandika dèrèng nate mirêng pitêdahipun para wrêdha, ingkang sami ambêg utami, ingkang dhasar rêmên mêdhar kasusilan. Dhuh, Bhisma, punapa jêngandika sampun priksa saha ngrêtos dhatêng ingkang dipun wastani botên lêrês, tuwin ingkang kêdah dipun mulyakakên. Makatên punika wêwatonipun tiyang lajêng kêdah kaaji-aji. O inggih saking sakêdhikipun tiyang ingkang marah ing jêngandika, mila botên sampun-sampun anggèn jêngandika nggunggung Kesawa. Dados têtela manawi ngalêmbana wau tuwuh saking kabodhoan. Suwawi dipun waspadakna, punapa Kesawa pantês dipun alêmbana samantên punika. Kadospundi karsa andika, dene lajêng kadugi nêtêpakên, bilih sadaya dumados punika katarambas dening abdi pangènipun Sang Boja (Kongsa). Dhuh, darah Bharata, cariyos paduka botên mèmpêr kalihan nyataning kawontênanipun, kadi lêlampahanipun pêksi bulingga ingkang sampun nate kula cariyosakên ing nguni, kawontênanipun makatên: "Ing kina wontên pêksi bulingga manggèn ing peranganing ardi Himawat. Manawi ucapipun sae, nanging botên katumusan ing tindak, ucapipun makatên: "Aja sok sêmbrana" nanging tindakipun punika sêmbrana sangêt, tandhanipun rêmên sangêt nucuki daging, ingkang sêmlêmpit ing

--- 1320 ---

sêla-sêlaning untunipun singa sabên mêntas mêmangsa. Piyambakipun ngintên, manawi tindakipun makatên wau damêl sênêngipun singa, bokmanawi Sang Bhisma ndugi, manawi tindakipun sapisan punika dados karênanipun para narendra sadaya punika. Nyatanipun pamanggih jêngandika wau kosokwangsul kalihan pamanggihipun tiyang kathah, awit satunggal kemawon botên wontên ingkang mastani lêrês dhatêng cariyos andika sadaya wau.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi Sang Bhisma mirêng pangandikanipun sang nata ing Cèdhi, ingkang murang kasusilan, lajêng mangsuli pangandika makatên: "Pancèn nyata manawi kula ngangkah rênanipun para nata, awit botên kula samèkakên dami."- Sakèndêlipun Sang Bhisma, saya wimbuh dukanipun para nata, malah wontên ingkang wulunipun ngantos jêgrik. Wontên ingkang pratela, manawi Sang Bhisma ingkang kalèntu, malah para prajurit jêmparing lajêng ngandika wêngis: "Pun kiyanat Bhisma punika tiyang sêpuh, ananging rêmên anggêdêbus, ucapipun botên wontên ingkang nyata, dados kêdah botên dipun apura. Saèstunipun para nata punika sami manginggit-inggit dhatêng Sang Bhisma, mila sumangga lajêng dipun sirnakakên, kadi sato utawi suwawi dipun bêsmi kemawon." Sang Bhisma eyangipun para rajaputra darah Kuru, dupi mirêng wontên ratu ingkang wicantên makatên, lajêng ngandika sora: "Manawi makatên kemawon botên wontên wasananipun, ucap dipun wangsuli ucap, mila para nata sami kaparênga mirêngakên cariyos kula. Jêngandika badhe mêjahi sato, utawi kabêsmi, punika botên

--- 1321 ---

pisan-pisan damêl sumêlanging manah kula, awit jêngandika katingal rèmèh wontên pangraos kula. Jêngandika sumêrêpa, punika Sang Gowinda ingkang tan kenging sirna, inggih panjênênganipun ingkang kêdah kapundhi-pundhi, mila sintêna ingkang anggege antaka, suwawi kêparênga nantang Sang Madawa, ingkang kuliting sarira cêmêng saha asanjata cakra tuwin gada, tamtu lajêng nunggil kalihan dewa linangkung wau."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan dasa sêkawan perangan Sisupala Bada ing Sabhaparwa.

__________

Bab 45. SAMBÊTIPUN SISUPALA BADA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Nata ing Cèdhi ingkang mandraguna sura sêkti, dupi mirêng pangandikanipun Sang Bhisma makatên wau, lajêng kêpengin prang mêngsah Sang Wasudewaputra, mila lajêng nantang: "He, Janardana, mara padha prang kongsi nêmahi pati salah siji. Iya ing dina iki anggon ingsun arsa matèni sira, dalah para Pandhawa kabèh, awit wruhanira, Prabu Yudhisthira putrane Prabu Pandhu iku darajate angungkuli para ratu kabèh iki, gêlêm mundhi-mundhi ing sira, mangka sira dudu narendra, mula kudu sun sirnakake bêbarêngan lan sira. Wruhanira Krêsna ingsun darbe panêmu, sapa wonge kang kagawa wêwatêkane kaya bocah cilik, banjur gêlêm mundhi-mundhi marang sira, iku têtela yèn darajate padha

--- 1322 ---

lan batur tukon utawa wong urakan, dadi dudu narendra."- Sasampunipun ngandika makatên, Prabu Sisupala lajêng bêkuh-bêkuh têbah jaja kalihan jumênêng. Dupi Prabu Sisupala sampun botên ngandika malih, Sri Krêsna lajêng ngandika dhatêng para narendra wontên ing ngarsanipun para Pandhawa, aris wêdaling pangandika makatên: "Dhuh, para ratu ingkang sami wontên ing ngriki sadaya, sami sumêrapa, bilih Sisupala, ingkang asor budinipun punika ibunipun putri bangsa Sattwata, ewadene Sisupala nêmaha badhe mêngsah bangsa kula, inggih punika darah Sattwata. Mangka bangsa Sattwata botên nate damêl piawon ing piyambakipun, nanging piyambakipun tansah metani kawontênanipun bangsa Sattwata, prêlu ngupadosi kalèntunipun. Pun kiyanat wau rikala mirêng pawartos, bilih kula sakadang warga sami bêbodholan kesah dhatêng praja Pragyotesa, enggal-enggal dhatêng ing Dwarawati, wigatos praja Dwaraka badhe kadadosakên karang abang, mangka Sisupala punika kapenakanipun bapa kula. Nalika Prabu Boja cangkrama dhatêng ardi Rewataka, Sisupala nukup wadyabalanipun Prabu Boja, ingkang sami andhèrèk, wontên ingkang dipun pêjahi, wontên ingkang dipun banda kabêkta dhatêng nagarinipun. Siyang dalu Sisupala amung angajab-ajab pandamêl dosa, piyambakipun sampun nate ngrêsahi bapa kula anggènipun sêsaji kapal, sarana andhustha kapal sêsaji ingkang sawêg kaumbar, nanging dipun rêksa wadya sikêp dêdamêl. Saking sêngsêm dhatêng pandamêl dosa, Sisupala sampun nate nglajêngakên sêmahipun Wabru (Akrura), ingkang botên bêkti dhatêng priyanipun. Sawangsulipun saking nagari Dwaraka, kampir dhatêng prajanipun bangsa Suwira, ing ngriku Sisupala

--- 1323 ---

angrisak kadang warganipun piyambak, ngantos pamanipun saking ibu, malah sampun nate ambêkta lumajêng Dèwi Badra, ingkang tanpa dosa, putri ing Wisala, ingkang sampun pinacangakên kalihan Prabu Karosa. Sampun dangu anggèn kula nyabari dhatêng candhalanipun Sisupala, amung saking anggèn kula rumêksa panggalihipun kadangipun pawèstri bapa kula. Bêgja dening lêlampahan dintên punika sinêksèn ing para ratu kathah, mila sampun saèstu para ratu priksa piyambak piawonipun Sisupala ing kula, saha wuninga manawi anggènipun mungêl-mungêl wau botên ajêng-ajêngan kalihan kula. Sarèhning sampun kaladuk adigungipun, sarta sawênang-wênang tindakipun wontên pasamuwaning para ratu, mila pantêsipun kêdah dipun pêjahi. Kula sampun botên sagêd ngapura dhatêng sawênang-wênanging tandukipun dhatêng kula wau. Pun gêmblung punika inggih nate gandrung dhatêng Rukmini, anggènipun makatên wau bokmanawi inggih saking kêpenginipun tumuntên pêjah, tur gandrungipun botên kadumugèn, candranipun kadi bangsa sudra, têmtu botên kalampahan kêpenginipun badhe mirêngakên Wedha.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi para ratu ingkang sami ngêmpal ing Sabha wau, mirêng pangandikanipun Risang Wasudewaputra, lajêng sami mastani manawi Prabu Sisupala kalèntu patrapipun, ewadene Prabu Sisupala, ingkang gagah prakosa malah gumujêng latah-latah, lajêng ngandika makatên: "Hèh, Krêsna, apa sira ora wirang dene ana ngarsane para ratu pira-pira iki muni, yèn Rukmini iku bênêre aku kang darbe, hèh pangrurah madu, apa ana wong kang wani ngaku, yèn awake iku lanang, yèn awake mau muni ana ngarsane para ratu, manawa bojone wus tau dimèliki wong liya, bokmanawa liyane kowe ora ana. Hèh,

--- 1324 ---

Krêsna, kowe apa nêdya mêmitran apa dadi mungsuh, iku ora dak rasakake, awit aku ngrêti yèn kowe ora bisa gawe ulaping atiku."

Salêbêtipun Prabu Sisupala ngandika makatên wau, sang pangrurah madu angèsthi dêdamêlipun, inggih punika sanjata cakra, ingkang sampun damêl kêkêsipun para asura. Sami sanalika cakra katingal wontên ing astanipun Sri Krêsna; sang pinunjuling jagad wau lajêng pangandika sora: "Dhuh, para ratu ingkang sampun sami wontên ing ngriki sadaya, sami kêparênga midhangêtakên punapa sababipun mila dêgsuranipun Sisupala tansah kula apura, awit ing nguni sagah dhatêng ibunipun Sisupala, manawi badhe tansah kula apuntên, ugêr dèrèng langkung saking kaping satus kemawon; nadyan makatên pamundhutipun, ewadene kula sagahi. Dumugi dintên punika anggèn kula ngapuntên kalêpatanipun Sisupala ing kula sampun jangkêp kaping satus. Sarèhning piyambakipun taksih lêstantun anggènipun murang tata, suwawi sami dipun èstrènana anggèn kula mêjahi piyambakipun."

Sasampunipun ngandika makatên senapati bangsa Yadu, pangrurah satru sêkti Sri Krêsna, lajêng saking sruning bêndu, enggal anigas utamangganipun Sisupala sarana cakranipun. Nata ing Cèdhi ingkang santosa baunipun, dhawah ing siti kadi pucaking ardi sela sinambêring gêlap. Dhuh, Prabu Janamêjaya, sami sanalika wau para nata sadaya sami wuninga manawi wontên cahya mêdal saking sariranipun Prabu Sisupala inggih punika kasêktènipun sang prabu. Dhuh, nata binathara Janamêjaya, kasêktèn linangkung wau sawêdalipun saking sariranipun Prabu Sisupala, lajêng kèndêl sangajêng sampeyanipun [sam...]

--- 1325 ---

[...peyanipun] Sri Krêsna, ingkang paningalipun bundêr kadi ron tunjung sarta sinêmbah sagung dumadi, sasampunipun sawatawis lajêng manjing ing sariranipun Sri Krêsna, para nata sami kagawokan nguningani kaelokan wau. Nalika Prabu Sisupala kapagas jangganipun, sami sanalika lajêng jawah dêrês, gêlap sambêran, ngantos angorêkakên bumi, mangka suwaunipun ing ngawang-awang katingal padhang, samêndhang botên wontên mêndhung. Para narendra wau wontên ingkang botên sagêd ngandika, amung jêngêr kalihan mandêng dhatêng Sri Krêsna, wontên ingkang gigit-gigit lathi, wontên ingkang nglêrêsakên Sri Krêsna, ugi wontên ingkang muring-muring, ananging ugi wontên ingkang tansah ngêlipur sakiwa têngênipun. Para maharsi sami asêsanti angluhurakên Sri Krêsna, ingkang lajêng katungka sami bibaran. Sadaya para brahmana ingkang luhur ing budi, saha para narendra kinawasa, ingkang sami nglêmpak ing ngriku, dupi priksa kasêktènipun Sri Krêsna, lajêng sami manglingga murda ing panjênênganipun.

Prabu Yudhisthira enggal dhawuh dhatêng para ari murih sami damêl wiwahan, angrumati layonipun Prabu Sisupala, putranipun Prabu Damagosha, ingkang lajêng sami dipun èstokakên. Saparipurnaning miwaha layon, Prabu Yudhisthira lajêng anjumênêngakên putranipun, anggêntosi kaprabonipun ingkang rama, mangrèh praja ing Cèdhi, dipun sêksèni sadaya para ratu.

Kawuningana sinuwun, narendra bangsa Kuru, ingkang pinunjul sasamining ratu, katarimah sêsajinipun, intukantuk nugrahaning dewa, agêng kabêgjanipun. Sêsaji wau katingal anêngsêmakên tumrap para nem-neman, anggènipun ngupaya

--- 1326 ---

saubarampening sêsaji gampil, anggènipun nata enggal, sakathahing rubeda sirna, rajabrana tuwin pantun ngantos ngundhung-undhung kadi gunung, dhêdhaharan ngantos tirah-tirah, mila makatên awit dipun ayomi dhatêng Sang Kesawa. Dados Prabu Yudhisthira sagêd ngrampungakên sêsajinipun, têtêp kadi samêsthining dintên, dene ingkang rumêksa widadanipun Sang Janardana, kalihan sikêp sanjata cakra tuwin gada, saha langkap wasta sarêngga. Saparipurnaning sêsaji, Prabu Yudhisthira sêsukci, sasampunipun sêsukci lajêng dipun adhêp para ratu bangsa ksatriya, sarêng sampun cêlak para ratu wau lajêng sami matur makatên: "Dhuh, sang ambêg utami, awit saking agênging kabêgjanipun sinuwun, mila saya luhur darajatipun sinuwun, inggih punika anglênggahi darajating nata binathara. Dhuh, darah Ayamida, panjênênganipun sinuwun, ingkang amiyarakên misuwuripun bangsa Kuru, dhuh, ratuning bangsa Kuru, awit paduka sampun nindaki pakaryan agêng, mila paduka antuk nugrahaning agami ingkang agêng piyambak. Kula kalihan sadaya para ratu punika sampun nampèni sih parimarma saha pangaji-ajinipun sinuwun, ingkang langkung saking pangajêng-ajêng kula. Dhuh, ratu binathara, sowan kula punika wigatos nyuwun pamit badhe sami mantuk dhatêng prajanipun piyambak-piyambak, mila lajêng kaparênga madal pasilan.

Dupi Prabu Yudhisthira mirêng aturipun para ratu makatên wau, enggal mangsuli pangandika saha sangêt angaji-aji dhatêng sadaya wau, wasana lajêng dhawuh dhatêng para ari makatên: "Yayi, rawuhe ana Indraprastha kene, saka kaparênge dhewe, samêngko karsa kundur marang prajane sowang-sowang,

--- 1327 ---

mula sira padha nguntapna kundure kongsi têkan tapêl watêsing nagara Indraprastha."- Para putranipun Pandhawa, ingkang ambêg utami, lajêng sami ngèstokakên timbalanipun Prabu Yudhisthira, andhèrèkakên kunduripun para nata gêntos-gêntos, mawi kaurmatan sadarajatipun piyambak-piyambak. Sang Drêsthadyumna andhèrèkakên Prabu Wiratha, Sang Dananjaya andhèrèkakên Prabu Yajnasena, Sang Bhima andhèrèkakên Sang Bhisma tuwin Prabu Drêstharastra, Sang Nakula andhèrèkakên Brahmana Drona, ingkang ambêg sukci kalihan Sang Aswatama. Sang Sahadewa andhèrèkakên Prabu Suwala, dene para putranipun Dèwi Drupadi saha Dèwi Subadra, sami andhèrèkakên para ratu, ingkang angêdhaton ing parêdèn. Para ksatriya sanès-sanèsipun, sami andhèrèkakên para ksatriya sanèsipun malih. Para Brahmana sasampunipun sami ingurmatan samêsthinipun ugi lajêng sami bibaran.

Sapêngkêripun para nata saha para brahmana, Sang Wasudewaputra, ingkang kinawasa, ngandika dhatêng Prabu Yudhisthira makatên: "Dhuh, narendra darah Kuru, yayi prabu, kula ugi sampun kêpengin mantuk dhatêng Dwaraka, mila lajêng kaparênga madal pasilan. Walèh-walèh punapa yayi prabu, anggènipun sêsaji agêng rajasuya, sagêd kasêmbadan, punika amung saking agênging kabêgjanipun yayi prabu."

Dupi dipun pangandikani makatên, Prabu Yudhisthira lajêng mangsuli atur: "Dhuh, Guwinda, rumaos kula mila kula sagêd damêl sêsaji punika awit saking nugrahanipun kakang prabu, mila para ratu salumahing bantala ngantos kenging kula wêngku, saha lajêng sami dhatêng ing kadhaton kula kalihan bêkta pisungsung, punika ugi saking pangwasanipun [pangwasa...]

--- 1328 ---

[...nipun] kakang prabu. Dhuh, kakang prabu, manawi kula botên cêlak paduka kula botên sagêd rumaos bêgja, dhuh prajurit linangkung kadospundi anggèn kula sagêd jurungi kunduripun kakang prabu dhatêng Dwaraka, nanging sampun saèstu kakang prabu kapêksa kondur, awit saking kawajiban."- Kawuwusa Sri Hari ingkang ambêg utami, saha kasudiranipun misuwur satribawana, sakalangkung suka mrawata suta, dupi midhangêt aturipun ingkang rayi makatên wau. Ing nalika wau Prabu Yudhisthira lajêng dipun kanthi kaajak marêk ing ngarsanipun Dèwi Kunthi. Sasampunipun pinanggih, Sri Krêsna nêmbah sarwi matur: "Dhuh, kangjêng ibu, putra paduka yayi Prabu Yudhisthira samangke sampun anglênggahi dhamparing nata binathara, mila kula dipun parêngna wangsul dhatêng Dwaraka." Saunduripun saking ngarsanipun kang bibi, Sri Krêsna lajêng pamitan Dèwi Drupadi saha Dèwi Subadra. Sasampunipun puji-pinuji arja, Sri Krêsna miyos ing jawi kadhèrèkakên Prabu Yudhisthira. Sadumuginipun ing jawi Sri Krêsna sêsuci lajêng manêmbah ing dewa, kadi adat sabên, sarta pamitan dhatêng para brahmana konduripun dhatêng Dwaraka sagêd raharja. Ing ngriku pun Daruka, ingkang santosa baunipun, ngajêngakên rata adi, titihanipun Sri Krêsna, agêng angrêgêmêng kadi mêndhung. Sri Krêsna, kang luhur ing budi, saha paningalipun kadi ron tunjung, wuninga manawi ratanipun ingkang rinêngga daludag ciri garudha, sampun dipun ajêngakên, enggal dipun ubêngi kalihan susilaning patrap. Sasampunipun kêmput lajêng minggah ing rata pangkat dhatêng Dwaraka. Prabu Yudhisthira, ingkang ambêg paramarta sarta antuk nugrahaning dewa, agêng kabêgjanipun, [kabêg...]

--- 1329 ---

[...janipun,] tindak dharat wontên sawingkingipun ratanipun Sri Krêsna, kadhèrèkakên para ari. Dupi sampun sawatawis têbih, Sri Krêsna dhawuh dhatêng kusir supados rata dipun kèndêlakên, sarta lajêng nolèh Prabu Yudhisthira, sarwi ngandika makatên: "Dhuh, ratuning para narendra sajagad, mugi paduka siha dhatêng para kawula sadaya, ingkang sabar saha ingkang waspada pamêngkunipun yayi prabu, têtêp dados pandam pangayomanipun para putra santana, kados mega anggènipun sabên-sabên angeyubi titah ingkang sami kêpanasan, dipun kados kajêng ingkang ngrêmbuyung ronipun, anggènipun tansah dados panglinggaranipun sakathahing pêksi utawi nulada dewa kang anetra sasra tumrap ingkang lêpat ing pêjah." Dupi sampun dumugi anggènipun wiraosan, lajêng pamit badhe pêpêngkêran, wasana lajêng sami kondur dhatêng kadhatonipun piyambak-piyambak. Dhuh, Prabu Janamêjaya, ratu ingkang taksih wontên ing Indraprastha amung kantun Prabu Duryudana kalihan Sakuni, putranipun Prabu Suwala."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan dasa gangsal, perangan Sisupala bada ing Sabhaparwa.

__________

Bab 46. DYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana wiwit cariyos malih: "Sabibaring sêsaji Rajasuya, sêsaji ingkang luhur piyambak saha agêng rubedanipun, Maharsi Wiyasa rawuh ing ngarsanipun Prabu Yudhisthira kadhèrèkakên para rêsi siswanipun. Dupi Prabu Yudhisthira wuninga ingkang eyang rawuh, enggal jumênêng

--- 1330 ---

saking palênggahan, gurawalan mapakakên, kadhèrèkakên para ari sadaya. Sang Prabu amijiki sampeyanipun sang maharsi, lajêng atur palênggahan. Sang maharsi lênggah ing palênggahan adi, linemekan ing babut prangwadani ingkang sinêkar ing bênang mas. Dupi sampun sakeca lênggahipun, lajêng ngandika makatên: "Kaki prabu kang kapenak anggonira lungguh." Dupi sang prabu dalah para ari sadaya sampun satata lênggah, Rêsi Wiyasa kang wasis micara, lajêng ngandika malih makatên: "Dhuh, kaki Prabu Kunthiputra, awit saka kabêgjanira têmah saya wuwuh-wuwuh gêdhening pangwasanira, dene bisa angunggahi darajat nata binathara, nadyan kacêkêle kanthi rêkasa. Dhuh, sira, kang anjalari widadaning darah Kuru, sajatine mula para Kurawa padha nêmu kamulyan, iku kasawaban ing kanugrahanira. Dhuh, nata binathara, ingsun wus angluhurake sira, sarana anêtêpi samêsthining panêmbah marang dewa, mula ingsun lilanana mulih."- Dupi Prabu Yudhisthira ingkang ambêg adil, dipun pangandikani makatên wau, dhatêng Maharsi Dwipayana, lajêng angrungkêbi padha sarwi matur: "Dhuh, têtungguling para maha mauni, kawuningana kangjêng eyang, raosing manah kula tansah mêlang-mêlang, kintên kula, sanèsipun eyang maharsi botên wontên ingkang sagêd dados pambirating raos mêlang-mêlang wau. Rêsi Naradha nate ngandika, manawi tiyang damêl sêsaji Rajasuya punika wontên ewah-ewahan tiyang prakawis, sapisan angwontênakên ewah-ewahan ing kaswargan, kalih ing marcapada, kaping tiganipun wontên ing akasa. Pukulun, punapa prakawis agêng wau sampun kacuthêl sarana lêlampahan pêjahipun Nata Cèdhi punika kemawon?"

--- 1331 ---

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dhawuh wangsulanipun Rêsi Dwipayana Wiyasa, putranipun Rêsi Parasara, makatên: "Wruhanamu kaki prabu, sambikala mau bakal kalakon, suwene têlulas taun. Dhuh, ratuning para nata ing marcapada, malah dadi jalaran têtumpêsaning para ksatriya. O, darah Bharata, ing têmbe sira kang dadi jalaran tumpêsing ksatriya, salumahing bumi, sawuse para ksatriya sajagad nglumpuk, awit padha anjurungi alane Duryudana, têmahan kabèh mau banjur padha nêmahi pati, sarana pangwasane Bhima lan Arjuna. Lan manèhe kaki prabu, bêngi mêngko, sira bakal ngimpi wêruh Hyang Bhawa kongsi sawêngi muput. Iya iku dewa kang janggane nganggo ciri biru, jawata pangrurah tripura katon kaya lênggah sêmèdi, sadhuwuring gigire sapi lanang, pangunjukane diwadhahi cumplung kang rupane mêdèni, iku kang minangka titikan. Panjênêngane mau gustining sagung tumitah, dewaning para dewa, garwane Dèwi Uma, dene jêjuluke iya iku Hyang Hara, Hyang Sarwa, Hyang Wrêsa, kang sikêp sanjata trisula, sarta langkap aran pinaka, pangagêmane lulang sato. Dhuh, kaki prabu, sira bakal andulu Bathara Siwah, kang dêdêge gêdhe dhuwur, kulite putih kaya pucake gunung Kelasa, awahana sapi lanang ora kêdhèp-kêdhèp pamandênge mangidul, maspadakake ratuning para pitri anggone siniwaka. O, Yudhisthira, ratuning ratu, mangkono mau wujude impènira ing bêngi mêngko. Nanging sira aja sumêlang, awit ora ana wong kang bisa ngêndhih wasesaning mangsakala. Kaki prabu kariya basuki, ingsun arsa bali marang pagunungan Kelasa, pamujiningsun, muga

--- 1332 ---

anggonira mangrèh jagad iki kanthi kaprayitnan, kasantosan, nanging sing sabar yèn nandhang papa sangsara."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang linangkung Rêsi Krêsna Dwipayana, sasampunipun ngandika makatên, lajêng pangkat kondur, kadhèrèkakên para siswanipun ingkang sami anêtêpi sapitêdahing Wedha. Sapêngkêripun ingkang eyang, Prabu Yudhisthira sangêt prihatos, awit tansah rinubeda dening èngêtipun dhatêng pangandikanipun sang maharsi. Pangudaraosipun makatên: "Sapa kang bisa murungake papêsthèn, yèn mung dipengini bae."- Sasampunipun nglocita makatên, Prabu Yudhisthira ngandika dhatêng para ari makatên: "He kadangipun kakang, banthènging manusa, sira krungu dhewe pangandikane eyang Maharsi Dwipayana, sawise ingsun ngrungu pangandikane eyang mau, ing batin angudarasa: dene mangkene wohe, yèn têmên ingsun kang dadi jalaran tumpêsing para ksatriya, luwih bêcik ingsun bae kang mati. Yayi, manawa mangsakala nêtêpake mangkono, gèk apa pigunane ingsun urip."- Rikala Sang Palguna mirêng pangandikanipun ingkang raka makatên wau, lajêng mangsuli atur: "Dhuh, sinuwun, mugi sampun lajêng ngalumpruk, ingkang makatên angrisakakên panggalih, dhuh, ratuning para narendra sabumi, mugi mangun santosaning panggalih, katindakna sapakangsalipun." Prabu Yudhisthira ingkang sêtya tuhu ing wacana, lajêng mangsuli pangandika dhatêng ingkang rayi makatên: "Muga sira padha nêmua basuki, yayi, mara sêksènana anggon ingsun ngucapake prasêtya: wiwit dina kalênggahan iki, nganti têlulas taun lawase, ingsun ora bakal ngucapake têmbung gangsul marang kadang

--- 1333 ---

miwah marang para ratu salumahing bumi, sinartan nglakoni utama, sarta amung nêdya anut miturut sapamrayogane para kadang, lan manèh anggon ingsun nêtêpi prasêtya mau disumurupana ing ngakèh. Yèn mangkono tindak ingsun sarta ora ambedakake putrane dhewe lan sutaning liyan, têmtune ora ana pasulayan, lan sapa bae, awit amung saka pasulayan anane prang. Dhuh, bêbanthènging jagad, kadangipun kakang, manawa ingsun suminggah saka panggawe kang anjalari prang, mung tansah amrih sênênging liyan, ing sajrone urip ana ing marcapada ingsun ora bakal olèh sêsêbutan ala."

Kadang sêkawan ingkang tansah bangun turut dhatêng kadangipun sêpuh, sadaya sami mangayubagya. Prabu Yudhisthira ingkang ambêg paramarta, sasampunipun prasêtya ing ngarsanipun para kadang, wontên ing panangkilan, lajêng ambêbingah para brahmananipun saha manêmbah ing dewa, kanthi samêsthining lampah. Dhuh, darah Bharata, dupi ingkang sami nangkil sampun bibaran tuwin sasampunipun Prabu Yudhisthira dalah para ari, nglampahi kuwajiban nêmbah para dewa, lajêng lumêbêt kadhaton, kaayab para badhaya. Dhuh, ratuning bawana, Prabu Janamêjaya, rikala punika Sang Duryudana kalihan Sang Suwala tanaya, lajêng kapondhokakên ing Sabha ingkang sakalangkung nêngsêmakên punika."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan dasa nênêm, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

--- 1334 ---

Bab 47. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Bêbanthènging jagad Sang Duryudana, sadangunipun wontên ing Indraprastha, pakuwonipun wontên ing Sabhanipun Pandhawa, dene ingkang minangka sêsambènipun, sabên dintên mariksani kadhaton Indraprastha, ingkang ndhèrèk Sang Sakuni, pamanipun saking ibu. Ing ngriku panjênênganipun priksa yasanipun para dewa, ingkang ing Hastinapura dèrèng nate wontên kawontênan wau. Nuju satunggaling dintên nalika Sang Duryudana wau mubêng-mubêng mriksani kadhaton sauparêngganipun, ing ngriku priksa suyasa ingkang jrambahipun kristal, awit dèrèng nate wuninga, mila jrambah wau kadakwa toya, ingkang lajêng nincingakên nyampingipun, nanging sarêng kapidak lajêng priksa manawi panyananipun wau kalèntu. Botên watawis dintên saking lêlampahan punika, sang prabu priksa bèji karêngga ing sêkar tunjung mancawarna, ingkang kadamêl saking intên, akik, mirah, tuwin jumêrut nila widuri, saking bêninging toya, ngantos kagalih kaca kemawon, gadoskados ingkang sampun nate dipun pariksani, mila tanpa wigah-wigih lampahipun sang prabu, satêmah kacêmplung ing toya, dados kêmbroh sadaya pangagêmanipun. Sang Bhima, tuwin para punakawan saha parêkan sami gumujêng, priksa Sang Suyudana kajêgur bèji wau. Para parêkan enggal-enggal mêndhêt pangagêman ingkang lajêng kaaturakên Prabu Suyudana kagêm santun. Sang Bhima, Sang Arjuna, saha sang kêmbar, ngantos sami gumujêng, [gumu...]

--- 1335 ---

[...jêng,] priksa Sang Duryudana dene tansah kalintu panyananipun wau, mangka Sang Duryudana punika dhasar botên mêntala dhatêng pangerang-erang, mila kados punapa rêkaosing panggalih, dupi mirêng gumujêngipun sadaya wau, ewadene mêksa dipun sasabi ngantos barukut, nanging tansah maspadakakên dhatêng tanduking para Pandhawa. Dupi Prabu Duryudana cincing nyamping malih, ing nalika badhe ngidak jarambah kristal, awit dipun wastani toya, sadaya lajêng sami gumujêng malih. Malah Sang Duryudana nate numbuk kontên ngantos galuyuran, awit kawastanan mênga, ingkang sanyatanipun minêp. Amung kemawon inêbipun saking kristal. Sarêng manggih kontên malih kontên mênga dipun wastani kainêp, kalihan kasêsa anggènipun badhe ngêngakakên, têmahan dhawah karungkêp. Dupi manggih kori malih, ingkang mênga dipun galih minêp, mila cêngkelak wangsul. Dhuh, Prabu Janamêjaya, Prabu Duryudana priksa kathahing rajabrana nalika sêsaji Rajasuya, sarta dupi mêntas tansah kalintu pamawasipun wontên ing kadhaton Indraprastha lajêng pamit kundur dhatêng Hastinapura.

Prabu Duryudana sakalangkung ngênês nguningani kabêkjanipun Pandhawa, têmah panggalihipun osik nêdya lampah cidra, mila nalika kunduripun dhatêng Hastinapura ing samargi-margi tansah anggalih dhatêng lêlampahan saha ingkang dipun wuningani wontên ing Indraprastha. Risang Drêstharastraputra ngantos aclum pasuryanipun, nguningani kamulyaning Pandhawa, dene para nata salumahing bumi anut miturut, sabên tiyang anèm sêpuh tansah sami anguyun-uyun para Pandhawa. Punapadene ngèngêti misuwuring asmanipun, mila

--- 1336 ---

ingkang ginagas salêbêting panggalih botên sanès, kajawi Sabha ing Indraprastha saha kamulyanipun Prabu Yudhisthira, ingkang bokbilih botên badhe sagêd suda, saya lami saya wimbuh kathah, saking awrating panggalihipun, mila sakêcap kemawon botên ngandika kalihan ingkang paman, nadyan Sang Suwalaputra sabên-sabên matur warni-warni. Dupi Sangkuni priksa manawi sang prabu botên kadi padatanipun, sarta tansah angunjal napas, panjênênganipun putrèng Gandara lajêng matur pitakèn: "Anak prabu punapa ingkang dipun panggalih, dene amung tansah ngunjal napas kemawon?"

Prabu Duryudana mangsuli pangandika makatên: "Panjênêngan priksa piyambak nalika Prabu Sisupala, kasirnakakên dening pangagênging darah Satwata, satunggal kemawon botên wontên ratu ingkang pêpulih. Sêmunipun para nata sadaya punika sami kablêrêngan dening praba suwuring Pandhawa, mila botên murina dhatêng pêjahipun Prabu Sisupala, nanging inggih gèk sintên tiyangipun ingkang kadugi murina. Tindakipun Wasudewaputra ingkang sangêt dêksura punika amimbuhi kamulyanipun Pandhawa. Para ratu pintên-pintên ingkang sami mara seba, kalayan asok bulubêkti glondhong pangarêng-arêng, gurubakal gurudadi dhatêng yayi Prabu Yudhisthira. Patrapipun para ratu wau ngantos kadi waisya manawi asok paos. Sarêng kula priksa kaluhuranipun yayi Yudhisthira samantên wau, lajêng tuwuh kêmèrèn kula, nadyan ingkang makatên punika botên wajib dipun mèrèkakên."

Prabu Duryudana sasampunipun ngandika makatên wau, saya karêrantan panggalihipun, saya dangu saya bêntèr, wasana lajêng ngandika dhumatêng Rajaputra Gandara,

--- 1337 ---

makatên: "Paman kula badhe lêbu gêni kemawon utawi ngunjuk racun, punapa anggêbyur ing samodra, awit kula botên kuwawi gêsang kados makatên punika. Sintên ingkang kuwawi ningali mêngsahipun tansah mangun suka, kang mangka badanipun piyambak sawêg nuju sangsara sarta nyatanipun inggih darbe pangwasa saha kakêndêlan. Paman, kula sanès tiyang èstri, tamtu botên kuwawi ningali kabêgjan tuwin kamujuraning mêngsah ingkang sawêg angêbyuki. Manawi tiyang priksa, bilih mêngsahipun sagêd mangrèh jagad tanpa sisihan, tansah mubra-mubru, ngantos sagêd damêl sêsaji makatên agêngipun, punapa botên lajêng ngênês manahipun? Ing mangka paman, kula punika ugi ratu, nanging botên sagêd nggayuh kamulyan makatên wau saha botên darbe sraya ingkang purun biyantu kabutuhan kula. Awit saking punika mila kula lajêng darbe sêdya badhe nglampus dhiri. Sarêng kula priksa kamujuranipun yayi Prabu Yudhisthira, ingkang têtela linangkung, kula lajêng andugi bilih sadaya punika wontên wasesaning papêsthèn. La punapa dêrênging karsa punika tanpa guna. Dhuh, paman, Sang Suwalaputra, ing nguni sangêt pangangkah kula nêdya amrih sirnanipun yayi Prabu Yudhisthira, nanging sadaya sarana ingkang kula pedahakên botên sagêd dados jalaran kalêksananipun sêdya kula, malah yayi prabu saya andados kamulyanipun, candranipun kadi tunjung tuwuh ing sumbêr. Awit saking punika lajêng kula wastani manawi pêpasthèn têtela agêng pangwasanipun, sampun botên kenging dipun sêtiyari, dêrênging pangangkah botên andayani punapa-punapa. Suwawi paman dipun priksanana, para putranipun Prabu Drêtharastra, kabêgjanipun saya suda-suda.

--- 1338 ---

Kosokwangsul lan para Pandhawa, amung tansah wêwah-wêwah kabêgjanipun. Sarêng kula maspadakakên kamujuranipun Pandhawa, kados ta Sabhanipun, para cèthi parêkan, tuwin ingkang sami gêgujêngan, saya bêntèr manah kula, raosipun kadi sinlomot ing latu. O, paman, samangke jêngandika sampun priksa jalaraning prihatos kula, inggih punika mèri dhatêng kabêgjanipun Pandhawa, mila sadaya wau mugi paman karsa ngaturakên ingkang rama prabu."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan dasa pitu, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 48. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: Atur wangsulanipun Sang Sakuni: "O, anak Prabu Duryudana, panjênêngan sampun mèri dhatêng kabêgjanipun anak Prabu Yudhisthira. Wontênipun para putranipun Prabu Pandhu sami ngraosakên kabêgjan punika, sampun lêrês kemawon. Dhuh, ratu agêng, pangrurahing satru sêkti, anak prabu botên sagêd nyirnakakên Pandhawa sarana pangreka warni-warni, malah kathah pangrenah ingkang botên sagêd kalampahan. Sabên-sabên para Pandhawa sagêd oncat saking pangreka sadaya wau, kabêkta saking agênging kabêgjanipun. Para Pandhawa kalampahan ngrabi Dèwi Drupadi, dados lajêng antuk sraya Prabu Drupada dalah putranipun, tuwin Sang Wasudewaputra, ingkang sakalangkung santosa, sadaya sagêd mitulungi anggènipun nêdya nêlukakên para ratu saindênging

--- 1339 ---

bawana. Dhuh, anak prabu, rayi tuwan Prabu Yudhisthira sakadangipun sami angsal bageyan nagari pusaka saking ingkang rama, dene anggènipun saya luhur darajadipun punika, saking kasêktènipun, kadospundi dene anak prabu lajêng mèri dhatêng kabêgjanipun Pandhawa. Dananjaya angsal langkap gandhiwa, tuwin endhong ingkang jêmparingipun botên sagêt têlas, saha angsal dêdamêling dewa sanès-sanèsipun malih, sarana sadaya dêdamêlipun wau sampun sagêd nêlukakên para ratu saindênging bawana. Tumrap anak pituna punapa, dene lajêng mrihatosakên prakawis punika. Arjuna pangrurah satru sêkti, tanganipun kiwa têngên sami prigêl nandukakên dêdamêl, sampun sagêd mitulungi Asura Maya saking bêbaya pêjah nalika kobaripun wana Kandhawa, awit saking punika Asura Maya lajêng ngiyasakakên Sabha, saha misungsung wadya raksasa bangsa Kinara, inggih bangsa Kinara punika ingkang ambaurêksa iyasanipun Asura Maya. Anak prabu ugi mèri dhatêng adining Sabhanipun Pandhawa, mangka damêl pituna punapa tumrapipun anak prabu, manawi Pandhawa darbe Sabha punika. Anak prabu ngandika manawi botên darbe sraya, punika botên nyata, dhuh, darah Bharata, para kadang paduka sadaya sami ajrih asih ing panjênênganipun anak prabu, dene kanthi sanèsipun malih, inggih punika Rêsi Drona, ingkang linangkung kakêndêlanipun, saha kuwawi mênthang langkap agêng, dalah putranipun. Prabu Karna sutanipun Rada, prajurit linangkung, Rêsi Gotama (Krêpa), Prabu Somadata tuwin kula piyambak, kalayan para kadang, manawi anak prabu kaparêng ngêmpalakên sadaya wau, têntu kalampahan sagêd anêlukakên jagad.

--- 1340 ---

Pangandikanipun Prabu Duryudana: "Dhuh, paman prabu, manawi paman mangayubagya, kula kêpengin nêlukakên Pandhawa, mila punapa para prajurit linangkung sadaya wau kaparêng biyantu. Manawi kula kalampahan sagêd nêlukakên Pandhawa, sadaya para ratu tuwin Sabha elok punika tamtu lajêng dados darbèk kula."

Wangsulanipun Sang Sakuni: "Kawuningana anak prabu, pun Dananjaya, Wasudewaputra, Bhimasena, tuwin Prabu Drupada dalah putranipun, punika botên sagêd kasoran manawi prang, nadyan mêngsah para dewa pisan, sadaya wau botên sagêd kasoran, awit sadaya wau pancèn prajurit linangkung, kuwawi mênthang langkap agêng, parigêl sikêp saliring dêdamêl, sarta lakar sêngsêm dhatêng paprangan, ewadene sinuwun, kula darbe sarana kangge nêlukakên anak Prabu Yudhisthira, mila suwawi dipun piyarsakna anggèn kula ngaturakên sarana wau, manawi kagalih migunani lajêng dipun tindakna."

Wangsulanipun Prabu Duryudana: "Sêmunipun paman Gandara pakèwêd badhe nyariyosakên punika, suwawi paman sampun rangu-rangu enggal dipun pangandikakna, kadospundi rekadayanipun murih kula sagêd mikut para ari Pandhawa."

Aturipun Sakuni: "Kawuningana nggèr, anak Prabu Yudhisthira punika dhasaripun rêmên ngabotohan, mangka têmênipun ingkang rayi wau pituna dhatêng kawruhipun tiyang ngabotohan. Manawi Sang Yudhisthira katantang kasukan, saèstu botên kuwawi mambêng ardaning panggalih, dados têmtu purunipun, mangka anak prabu priksa piyambak manawi kasagêdan kula kasukan dhadhu pinunjul ing jagad, mila anak

--- 1341 ---

Prabu Yudhisthira prayogi dipun tantanga kasukan dhadhu. Dhuh, narendra darah Kuru, manawi dhadhu kenging katamtokakên kula mênang mungsuh sintên kemawon, dados sarana dhadhu kula sagêd angsal nagari saisèn-isènipun, ingkang lajêng kula aturakên anak prabu, nanging atur kula sadaya wau prayogi dipun unjukna ingkang rama Prabu Drêtarastra rumiyin, manawi ingkang rama marêngakên kemawon, sadaya rajadarbe saha nagari dalah para kawulanipun sadaya, têmtu kalampahan kula boyong."

Prabu Duryudana ngandika: "Prayoginipun paman prabu piyambak kemawon ingkang kêdah ngunjukakên sadaya wau ing kangjêng rama prabu, manawi kula mindhak kirang têrang anggèn kula munjuk."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan dasa wolu, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 49. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Prabu Janamêjaya, Sang Sakuni putranipun Natèng Gandara, sadèrèngipun Prabu Duryudana ngandika, ing batos sampun ngungun dhatêng agênging sêsaji Rajasuya, ingkang dipun wontênakên ing Sabhaning Pandhawa, mila dupi Sang Gandariputra, mangatak supados munjuk piyambak ing panjênênganipun sinuwun, lajêng jumênêng saking palênggahan, enggal marêk ingkang raka ipe, katut wingking ingkang putra pulunan, inggih Risang Duryudana.

--- 1342 ---