Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 10.

7 Octobêr 1958.

Prabu Drêstharastra kang wicaksana, saha landhêping ciptanipun kadi pangwasaning pandulu, nuju lênggah ing dhamparipun. Sasampunipun manêmbah Sang Sakuni tuwin Prabu Duryudana, lajêng matur: "Dhuh, narendraning bangsa Kuru, pêpêthinganing darah Bharata, kula pun Sakuni sowan, wigatos badhe angaturakên putra paduka kaki Prabu Duryudana, samangke paraupanipun pucêt, badanipun kêra, bêbasan kantun balung kalihan kulit kemawon, tuwin manahipun pêpês, labêt saking susah. Punapa kakang prabu botên karsa nguningani rêribêt ingkang nangsaya batosipun putra paduka pambajêng pun Duryudana, dene rêribêt wau sajatosipun sagêd nuwuhakên mêmêngsahan, mila prayoginipun kakang prabu maspadakna rumiyin dhatêng ingkang njalari wontênipun pêpêtêng punika."

Dhawuhipun Prabu Drêstharastra: "Kulup, Duryudana, apa mulane sira prihatin, hèh, rajaputra têdhak Kuru, yèn witing prihatin iku prêlu ingsun wuningani, bêcik nuli tutura. Pamanamu Gandara matur yèn paraupanira pucêt kaya dluwang, badanira kuru, prasasat kari balung lan kulit, atinira pêpês, awit ginrigitan ing rasa sêdhih. Ingsun ora bisa ngira-ira, sabab kang anjalari prihatinira mau. Kawruhana kulup, rajabrana isining kadhaton Astina, iku wus ana kawasanira, para kadang warga, putra santana lan para kawula pisan, apa ana kang wani nyulayani karêpira, panganggo lan pangan kongsi luwih-luwih, angungkuli sapêpadhanira, jaran tunggangan apadene pangiriting rata kabèh pêpilihan mula gèk apa kang njalari pucêting guwaya, lan kuruning badanira. Paturon adi, wadon kang endah, suyasa kang nêngsêmakên sauparênggane, sarta lêlangên apa

--- 1343 ---

wus cumawis kabèh dadi mung kari mundhut bae kulup, kaananira kongsi timbang lan para jawata, apa mulane sira banjur ngênês kaya wong kêkurangan."

Prabu Duryudana nêmbah lajêng matur: "Dhuh, kangjêng rama prabu, manawi ingkang têdha, punapa kula angge amung sakêcêpêngipun kemawon, ngantos kados kawontênanipun tiyang urakan, sarta amung tansah kodhêng, awit saking sampun sawatawis dangu, kula dados boyonganing raos mèri. Limrah sabên tiyang jalêr botên kuwawi ningali adigunging mêngsahipun, sarta salêbêting gêsang amung tansah nêdya ngêbrukakên mêngsahipun, saking anggènipun nêdya anguncati pamlindêring mêngsah. Dhuh, nata darah Bharata, kabingahan, saha sumakeyan punika pamurunging kamulyan, malah taksih wontên malih kalih ingkang sagêd pamurunging kabêgjan, inggih punika botên têgêlan tuwin jirih. Sintêna ingkang kawasesa ing watak makatên wau, botên sagêd nggayuh kamulyan ing donya. Dhuh, narendra darah Kuru, dupi kula nyumêrapi kabêgjanipun yayi Prabu Yudhisthira, kula lajêng botên marêm ningali rajadarbe kula sadaya punika. Kabêgjanipun Pritaputra anggumunakên, têmah damêl biyasing paraupan kula, sasampunipun kula priksa dhatêng mubra-mubruning mêngsah kula lajêng nolèh sangsara kula piyambak, kamulyaning mêngsah wau tansah ngatingali ing dalêm pangraos kula, mila paraupan kula pêthak kadi dlancang, badan kêra kantun balung kalihan kulit kemawon, manah kula ngênês. Yayi Prabu Yudhisthira ambiyantu para snataka brahmana ingkang pakaryanipun ngrukti bale wisma, kathahipun ngantos wolung dasa èwu, satunggal-tunggaling snataka dipun ladosi endhang tigang dasa.

--- 1344 ---

Kajawi brahmana samantên kathahipun wau, wontên brahmana sèwu malih, ingkang sabên dintênipun dipun ajak bujana wontên ing nglêbêt kadhaton ajangipun sadaya kancana. Nata Kamboja misungsung yayi Prabu Yudhisthira cucal sangsam ingkang dipun wastani kadali, wontên ingkang cêmêng, abrit tuwin klawu, kathahipun tanpa petangan. Kajawi punika Natèng Kamboja ugi misungsung singêb ingkang tênunanipun sakalangkung alus, kathahipun ngantos mangundhung-undhung, liman èstri maèwu-èwu, unta èstri tigang lêksa, ingkang kaumbar ing salêbêting balowarti, sajawining capuri Indraprastha. Sadaya wau bulu bêktinipun para ratu ingkang sampun sami nungkul dhatêng yayi prabu. Dhuh, susuhunaning bawana, para ratu têtêlukan wau ugi sami misungsung sêsotya nawa rêtna, manawi dipun tumpuk sami kalihan ardi Mèru, punika sadaya kangge ambiyantu anggènipun yayi prabu karsa sêsaji rajasuya. Salaminipun kula dèrèng nate priksa utawi mirêng, dene wontên rajabrana kados pisungsung ingkang sampun katampèn yayi Prabu Yudhisthira. Dhuh, kangjêng rama prabu tiyang sêpuh kula, dupi kula priksa rajabrana nglêmpak samantên kathahipun wau, kadarbe ing mêngsah kula, manah kula lajêng kuwur. Para brahmana ingkang sampun kapisungsung lêmbu dhatêng yayi prabu, sami kèndêl wontên ing gapura, wigatos, awit dipun êndhêg ingkang jagi kontên, botên dipun lilani lumêbêt kadhaton. Sadaya wau sami mbêkta pisungsung warni martega sukci, winadhahan ing kamandalu, kadamêl saking kancana. Dewaning samodra piyambak rawuh kalayan bêkta pangunjukaning para dewa, wêdalan saking sawarnining sagantên, ingkang langkung saking sadaya ingkang saking

--- 1345 ---

sarining sêkar saha têtuwuhan, katur ing Bathara Sakra. Dene pangunjukan pêparingipun dewaning samodra wau, dipun wadhahi ing bokor têmbaga pêthak. Manawi Sang Wasudewaputra, rawuhipun kalihan bêkta pisungsung sumpil adi kangge cidhuk siram. Sapraptanipun wontên ing kadhaton Indraprastha lajêng nyirami yayi Prabu Yudhisthira, toyanipun toya sagantên, wadhahipun guci kancana, cacahipun sèwu, tur sadaya sami tinarètès ing sêsotya nawa rêtna. Dhuh, rama prabu dupi kula nyumêrapi sadaya wau, manah kula kraos bêntèr anguntar-untar, awit kobar dening latu kamèrèn. Dhuh, pêpêthinganing darah Bharata, dados têrangipun goci wau sadaya sampun nate kabêkta dhatêng samodra wetan tuwin kidul, dene pambêktanipun dhatêng samodra kilèn sami kapundhak. Dhuh, sinuwun, sanadyan praja ing bang lèr punika botên gampil kaambah sawarnining titah, kajawi bangsaning pêksi, ewadene Arjuna sagêd angsal kamênangan wontên ing ngriku, têmah sadaya para ratu ingkang sami mangwasani nagari-nagari ing tanah lèr, lajêng katêtêpakên asok bulubêkti dhatêng Indraprastha. Wontên malih kaelokan ingkang badhe kula aturakên ing rama prabu, suwawi dipun piyarsakna. Sampun kaundhangakên, sabên kapirêng ungêling kalasangka kathah sêsarêngan, para brahmana ingkang kasêgah dhahar kathahipun sakêthi, mangka kawuningana, ing sadintên-dintênipun, kalasangka kathah mungêl sêsarêngan punika botên wontên kèndêlipun, dados sabên tiyang priksa manawi brahmana ingkang kasêgah bujana punika kathahipun tanpa wicalan. Mila dupi kula mirêng swaraning kalasangka ingkang tanpa kèndêl wau, wulu kula ngantos anjêgrig. Dhuh, nata ing Hastinapura, êpyaning suyasa, palênggahanipun para ratu ingkang sami rawuh badhe ngèstrèni sêsaji, biru

--- 1346 ---

anglangut tanpa têpi sakalangkung adi, sumilak kadi langit tanpa mêndhung, nanging lintang-lintangipun katingal abyor. Dhuh, ratuning bangsa Kuru, para ratu agêng-agêng sadaya sami rawuh ing sêsajinipun para Pandhawa ingkang sami misuwur ing jagad punika, tur rawuhipun wau sami ambêkta pisungsung warni-warni. Wontênipun ing ngriku para nata wau sampun kadi waisya kemawon, awit sami kêparêng ngladosakên dhêdhaharan dhatêng para brahmana. Dhuh, kangjêng rama prabu, sêsêmbahanipun Duryudana, kamulyanipun yayi Prabu Yudhisthira ingkang sampun kula sumêrapi sadaya wau, pangintên kula angungkuli ratuning dewa, utawi langkung saking kamulyanipun Hyang Yama, Sang Hyang Baruna, utawi ratuning para Guhyaka. Kawuningana sinuwun, dupi kula nyumêrapi kamulyanipun yayi Prabu Yudhisthira makatên wau agêngipun, manah kula lajêng botên sagêd têntrêm.

Sakèndêlipun Sang Duryudana, Sang Sakuni lajêng nyambêt pangandika, makatên: "Anak prabu ingkang têtela ambêg sudira, suwawi dipun piyarsakna, anggèn kula badhe ngaturakên, kadospundi sarananipun murih anak prabu sagêd angsal kamulyan kados ingkang sampun dipun panggih dhatêng anak Prabu Yudhisthira. Dhuh, darah Bharata, salumahing bantala sakurêbing akasa botên wontên titah ingkang kasagêdanipun dhadhu satimbang kalihan kasagêdan kula. Kula kadugi namtokakên sagêd mênang sabên kasukan dhadhu. Dhadhu badhe dhawah, kula sagêd priksa pêjah punapa gêsang, awit kula sampun darbe kawruh wêwadosing kasukan dhadhu. Prabu Yudhisthira punika ugi rêmên kasukan dhadhu, nanging limrah kados ingkang kathah-kathah, mila mugi yayi jêngandika dipun tantanga prang

--- 1347 ---

punapa dhadhu, kula têmtu unggul dhadhu mêngsah rayi jêngandika, awit rayi jêngandika tamtu botên sagêd nyumêrapi cidraning lampah kula, sadaya darbèkipun Prabu Yudhisthira tamtu badhe kula jarah, dados anak prabu lajêng gêntos sagêd ngraosakên kamulyan kados ingkang sampun kangge lêlumban para Pandhawa."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi Prabu Duryudana mirêng aturipun ingkang paman makatên wau enggal manêmbah sarwi matur ingkang rama makatên: "Dhuh, sasêmbahanipun Duryudana, paman Gandara ingkang julig kasukan dhadhu, sagah njarah gadhahanipun Pandhawa sarana dhadhu, mila mugi rama prabu kaparêng paring dhawuh dhatêng paman Sakuni nantang kasukan dhadhu Prabu Yudhisthira."

Prabu Drêtarastra mangsuli pangandika: "Wruhanamu kulup Duryudana, salawase ingsun durung tau ninggal pamanamu Ksaktri (Widura), awit iku paranparane kaprabon Hastina. Sawuse tarèn pamanamu kang wicaksana, iku ingsun lagi bisa andhawuhake, kapriye kaparênging karsane ingatase prakara iki. Pamanamu mau sinung kawicaksanan linuwih, sarta waspada marang anggêr kasusilan, dadi têmtu prasaja ature êndi kang bisa dadi prayoganira lan arinira Pandhawa, sarta bisa pituduh kapriye anggone nindakake panjalukira mau."

Aturipun Prabu Duryudana: "Manawi rama prabu têtarosan paman Ksaktri, tamtu badhe dipun pambêngi, o, rama prabu, manawi panyuwun kula sapisan punika botên dipun parêngakên, saèstu kula lajêng nglampus dhiri. O, narendra darah Kuru, sapêjah kula, paduka lajêng tanpa sangsaya

--- 1348 ---

mangun kamulyan kalihan paman Widura, sarta ngraosakên kamulyan ingkang tuwuh saking mangrèh jagad sadaya punika; têrangipun rama prabu sugêng, sarêng pun Duryudana punika angrisakakên kamuktèn."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Nalika Prabu Drêtarastra midhangêt aturipun ingkang putra makatên wau, lajêng kuwur raosing panggalih, mila karsanipun botên sanès kajawi amung badhe mituruti panyuwunipun putra, lajêng dhawuh dhatêng para nayaka, pangandikanipun makatên: "Enggal gawea suyasa adi kang kobèt sarta anêngsêmake, korine satus, sakane sèwu. Sawuse dadi banjur dhawuhna marang tukang ngukir supaya ngukir kabèh kayu sarta katrètèsa ing sêsotya. Aja kongsi ana gêbyog utawa tembok kang ora rinêngga ing mutyara, dadi ora kuciwa. Sarampunge banjur matura ing panjênêngan ingsun."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, saking anggènipun badhe ambêbingah panggalihipun ingkang putra, Prabu Drêtarastra lajêng dhawuh iyasa suyasa wigatos badhe kangge kasukan dhadhu, nanging sanalika wau sang prabu ugi lajêng utusan nimbali Sang Widura, awit salami-laminipun sang prabu dèrèng kêparêng anêtêpakên dhawuh, sadèrèngipun têtarosan ingkang rayi Sang Gunawan, nanging sapisan punika sang prabu adrêng anggènipun badhe mituruti panyuwunipun ingkang putra, nadyan sang prabu botên kakilapan dhatêng piawonipun tiyang ngabotohan. Sang Widura dupi mirêng pawartos panyuwunipun ingkang putra pulunan makatên, sami sanalika kabuka sawanganing batos, priksa manawi Hyang Kali sampun angrawuhi, gapuraning karisakan sampun mênga angêblag-êblag, mila gurawalan [gura...]

--- 1349 ---

[...walan] sowan ingkang raka sang prabu. Sasampunipun cêlak enggal angrungkêbi pada, sarwi matur: "Dhuh, ratu linangkung, kadangipun sêpuh Widura, kawuningana kakang prabu, kula botên nayogyani dhatêng karsanipun kakang ingkang sampun kadhawuhakên wau, nanging sarèhning sampun kalajêng dipun dhawuhakên, mugi kakang prabu kaparênga mekani kemawon, supados salêbêtipun para putra wau kasukan, sampun wontên solah bawa ingkang adamêl tuwuhing cêcongkrahan."

Prabu Drêtarastra mangsuli pangandika: "Dhuh, yayi Ksaktri, yèn isih ana parimarmaning jawata marang jênêng ingsun dalah para putra santana, têmtune ora ana garêjêgan, sajrone para putraningsun mau padha kasukan, mula panantang marang Yudhisthira iki dimèn dibacutake, aja kongsi wurung, nadyan kadadeyane ala apa bêcik jalaran sarupane lêlakon iku wus katata ing papêsthèn. Hèh, yayi rajaputra darah Bharata, yèn panjênêngan ingsun, Rêsi Drona, sarta kangjêng eyang Bhisma, apadene sira, padha gêlêm nunggoni, nadyan papêsthèn wus arêp nibakake bêbaya, bokmanawa bisa katulak. Mula yayi, enggal sira mangkata, nunggang rata, pangirite pilihana kang rikat playune, dadi dina iki uga sira bisa têkan ing Kandhawaprastha. Sutanira Yudhisthira timbalana, barênga salakunira, hèh, Widura kadange pun kakang, ingsun prasaja yèn mangkono mau karsaningsun, mula mangkata, wis aja mangsuli manèh, amarga pêpêsthèn iku rosa, mula ingsun nêdya sumendhe ing papêsthèn, kang angèl diwêruhi, sarta iya saka pangwasane pêpasthèn anane lêlakon kabèh iki."

--- 1350 ---

Dupi makatên dhawuhipun ingkang raka, Sang Widura ing batos namtokakên manawi punika dhumawahipun pêpêtêng sangsaranipun bangsa Kuru, mila unduripun Sang Widura saking kadhaton wau, kalayan nawung raos sakalangkung sungkawa, sarta lajêng mampir sowan Sang Bhisma.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan dasa sanga, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 50. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh, têtungguling para putus dhatêng Wedha, kadospundi kawontênaning lêlampahan, rikala Pandhawa kasukan dhadhu kalayan Kurawa, dene lajêng botên prayogi kadadosanipun. Kadospundi dene eyang-eyang kula Pandhawa lajêng sami nandhang sangsara, sintên para nata ingkang ugi wontên ing wiwahan kasukan dhadhu, sarta sintên ingkang ngubyungi wontênipun kasukan dhadhu wau, tuwin punapa botên wontên ingkang amambêngi. Dhuh, panjênênganing para dwija, mugi kaparênga nyariyosakên ingkang ngantos salêsih andharaning lêlampahan nalika kasukan dhadhu, kula kapengin sangêt mirêng cariyos wau, awit punika ingkang dados bêbuka sangsaraning jagat."

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Rêsi Waisampayana ingkang nyarira kasêktèn, saha putus dhatêng sadaya Wedha, siswanipun Rêsi Wiyasa, sarêng wontên pamundhutipun Prabu Janamêjaya makatên wau, ugi lajêng nyariyosakên sadaya kawontênaning lêlampahan.

--- 1351 ---

Pangadikanipun Rêsi Waisampayana makatên: "Dhuh, narendra agung pêpêthinganing darah Bharata, manawi panjênênganipun sinuwun adrêng badhe wuninga, suwawi dipun piyarsakna, badhe lajêng kula cariyosakên ingkang ngantos salêsih."

Dupi Sang Ambikaputra sampun midhangêt aturipun Sang Widura tumrap prakawis wau, saha sampun mundur saking ngarsa nata, sang prabu lajêng animbali ingkang putra Sang Duryudana, sasampunipun ngaras pada lajêng dipun pangandikani kalayan bisik-bisik makatên: "Kulup, Gandariputra, bok aja ngabotohan, kulup, pamanamu matur yèn panggawe ngabotohan iku ora bêcik. Sira sumurupa, pamanamu Widura iku wicaksana, êndi kang diduga ora makolèhi tumrap jênêng ingsun, têmtu wani mambêngi, mulane kulup, pituhunên pituture pamanira, awit kabèh mau bakal dadi kabêcikanira. Sajatine pamanira lêbda marang wêwatoning kawruh praja, ora beda kalawan kang kawêdharake Rêsi Wrêhaspati, kang sarwa linuwih lan wicaksana, gurune Hyang Wasawa, ratuning dewa. Kang wus kalakon ingsun durung tau ninggal atur pamrayogane pamanira Widura. Kulup Duryudana, pamanira Widura, kang wicaksana iku wajib dipundhi-pundhi, padha lan pinituwane bangsa Kuru liya-liyane, pamanamu Widura ora beda lan Sang Udawa, gone tansah ingaji-aji dening bangsa Wrêsni. Elinga kulup, sira aja nglakoni ngabotohan, awit ngabotohan têtela dadi wiji ora rukun, yèn karukunane wus wudhar, bisa gêmpurake nagarane. Mula kulup, kipatna anggonira nêdya ngabotohan, kulup, sira wus nampani kabèh saka ingsun, kaya kang kasêbut ing wêwatoning

--- 1352 ---

bapa biyung, yèn wèwèh marang anake lanang, yaiku rupa kalungguhan lan kabèh raja darbe tinggalane wong tuwane. Sira wus sinau kongsi lêbda marang sarupaning kawruh, lan dinama-dama ana ing karatone wong tuwanira, sarta bangêt ditrêsnani. Sira linairake dadi anak kang tuwa dhewe, dêdunung ing nagaranira dhewe, kapriye dene bisa rumasa kojur. Dhuh, putraningsun kang gagah prakosa, sandhang panganira luwih saka sapadha-padhanira, sarta angèl ginayuh dening salumrahing wong, pagene sira isih prihatin, kulup, putraningsun kang santosa baune, sira mangrèh nagara pusakane lêluhurira, wonge, sarta rajabranane, nagaranira tansah wuwuh-wuwuh, karone sira wus ora kuciwa, kaya putraning dewa ana ing kaswargan, sira kasinungan lêpasing budi, wajib sira ngaturake witing prihatin marang wong tuwanira, sarta endi kang dadi jalaran pêpêsing atinira.

Atur wangsulanipun Prabu Duryudana makatên: "Dhuh rama, têtelanipun kula tiyang mudha punggung ingkang kêbak piawon, awit sabên kula kèngêtan dhatêng kamulyaning mêngsah kula lajêng rumaos manawi ingkang kula angge saha kula têdha punika katingal rèmèh, ujaring tiyang kathah: manawi tiyang botên mèri kabêgjaning mêngsahipun, punika tiyang gêmblung. Kawuningana rama prabu, kabêgjan kula punika kabêgjan limrah dinarbe para putraning narendra, ingkang botên damêl pamarêming manah kula, mila sarêng kula priksa kabêgjanipun para sutanipun ibu Kunthi, lajêng rumaos kasakit-sakit. Walèh-walèh punapa rama prabu, dhasaring gêsang kula pancènipun kêdah santosa, awit kapêksa

--- 1353 ---

nyumêrapi dene saindênging bawana sampun kawêngku ing yayi prabu, para nipa, para citraka, para kunkara, para karaskara, tuwin para lohadiangga, wontênipun ing kadhatonipun yayi Prabu Yudhisthira kados têtêlukan. Rêdi Himawat, samodra, pagisikaning samodra, tuwin talatah sanèsipun, ingkang sami ngêdalakên sêsotya nawa rêtna, upami sagêda ngucap, tamtu sami ngakêni, bilih sugihipun rajabrana, têmtu botên mantra-mantra nimbangi kathahing rajabrana, ingkang kaklêmpakakên Pandhawa. Dhuh, binathara ing Hastinapura, kula dipun kadang ingkang sêpuh piyambak dening yayi Yudhisthira, dados wajib ingaji-aji, ananging sasampunipun kula dipun tampèni kanthi pangaji-aji kadi limrahing kadang sêpuh, lajêng dipun piji nampèni sêsotya nawa rêtna, bulubêktinipun para ratu dhatêng yayi Yudhisthira. Dhuh, rama prabu, dene kathahing sêsotya nawa rêtna ingkang dhatêng wontên ing Indraprastha, kula dèrèng nate priksa têtimbanganipun. Dhuh, rama prabu, saking kathahipun rajabrana, ngantos kula botên sagêd kangge rumagang malih, sabên kula ngaso margi saking sangêting sayah, sadaya ingkang sami mbêkta pisungsung saking mancanagari, ingkang ngêntosi kula, sampun tanpa petangan malih. Asura Maya damêl suyasa ingkang jarambahipun saking kaca ingkang pinêtha balumbang, wêninging toyanipun, ingkang kaisèn ing tarate miwah tunjung sayêktos, awit kula priksa tunjung tuwin tarate sayêktos, mila kacaning jarambah lajêng kula dugi toyaning balumbang, wusana nalika kula badhe langkung ing ngriku, kula nincingakên sinjang kula, sami sanalika wau Wrêkudara, gumujêng latah-latah, mawi mungêl awon, inggih punika kula dipun candra kadi

--- 1354 ---

tiyang sugih ingkang tinilar bandhanipun, dados bingung manawi mêngsahipun bêgja. Saking lingsêm kula, upami nalika samantên wontên dadakanipun, Wrêkudara tamtu kula prawasa mawi gada kula, ananging kula priksa upami anggèn kula amrih sirnanipun. Bhima wau, kula lampahi nalika samantên, tamtu botên sagêd kalampahan, malah badhe nampi lêlampahan kados Prabu Sisupala. Dhuh, darah Bharata, ucap pangerang-erang ingkang mêdal saking tutuking mêngsah wau, ingkang kados ambrastha manah kula, o, kangjêng rama prabu, ing sanès dintên malih, kula priksa balumbang ingkang wujudipun sami kalihan ingkang kula aturakên wau, nanging isi toya sayêktos, kula kintên jarambah kados ingkang sampun, mila kula tarajang purun kemawon, têmahan kula kacêmplung ing toya, pangangge kula kêmbroh, kapinujon Bhima kalihan Arjuna kok inggih nyumêrapi, lajêng gumujêng cêkakakan, pun Drupadi saparêkanipun ugi pating jêgigik, sadaya wau damêl pinggêting manah kula. Nalika yayi Prabu Yudhisthira priksa manawi pangangge kula têlês, lajêng suka pangangge supados kula angge santun, ingkang makatên saya amimbuhi karêrantaning manah kula. Dhuh, sinuwun, suwawi dipun piyarsakna malih anggèn kula ngaturakên kalingsêman ingkang sampun kula panggih sadangunipun wontên Indraprastha: Ing satunggaling dintên, kula kalintu panyana malih, kontên ingkang kula kintên minêb badhe kula wêngakakên, sarana kula dêdêl, nanging nyatanipun kontên wau mênga, dene ingkang katingal ing inêping kontên wau amung ayang-ayangan, mangka pandêdêl kula kalayan lumampah rikat, mila sarêng panduwa kula botên katanggor ing inêping kontên, jalaran kontên wau

--- 1355 ---

sampun mênga, kula lajêng dhawah karungkêp, ngantos bathuk kula bênjut katanggor jrambah. Yayi Nakula saha Sahadewa priksa, enggal lumajêng mitulungi kula, sasampunipun katangèkakên kula dipun kanthi adhi Nakula lan Sahadewa, kalayan pasêmon ingkang sangêt gêtun, punapadene Sahadewa ngantos rambah-rambah cariyos dhatêng kula kalihan mèsêm, ucapipun makatên: "Kaka prabu, punika kontênipun, utawi miyos ngrika kemawon," nanging Bhimasena amung tansah nggêgujêng sora, sarwi ngucap: "Kakangku Drêtarastraputra, galo lawange." O, kangjêng rama, kula ngantos botên sagêd mastani namanipun sakathahing sêsotya rêrêngganing kadhaton, awit saking anèhipun, inggih sadaya punika ingkang dados jalaran bêntèring manah kula, kangjêng rama.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 51. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Prabu Duryudana nglajêngakên aturipun: "Dhuh narendra darah Bharata, suwawi dipun midhangêtna anggèn kula ngaturakên kawontênan ingkang rêginipun kathah-kathah, darbèkipun para Pandhawa; sadaya wau pisungsungipun para ratu salumahing bumi, ingkang mèh sampun botên wontên ingkang dèrèng katêlukakên. Nalika kula priksa rajabrana samantên kathahipun, mangka sadaya darbèkipun Pandhawa, mêngsah kula, panon kula sumrêpêt, têmah ngantos dangu sêpi supe kadi tiyang kalêngêr. Suwawi, rama prabu, kapiyarsakna [kapiyar...]

--- 1356 ---

[...sakna] mênggah kawontênanipun rajabrana, damêlan saha wêdalan saking sakathahing nagari, saindênging jagad: Nata Kamboja, misungsung cucaling sato pêpilihan sakalangkung kathah, singêb saking wuluning sato bangsaning tikus, utawi sanèsipun ingkang sami angêrong, tuwin kucing, ingkang kawontênanipun sakalangkung êmpuk, kandêl saha alus, pinggiripun tinêpi ing sulaman bênang mas, kapal kathahipun tigang atus, sadaya wêdalan Titiri saha Kalmasa, ingkang rainipun mbalêngkuk kadi cucuking bèthèt, unta tigang atus, kuldi èstri tigang atus, sadaya lêma-lêma, awit dipun têdhani jaitun tuwin palusa. Brahmana pintên-pintên ingkang rêmên ngopèni rajakaya, saha anggarap pakaryan limrah pakaryaning brahmana, kados ta: damêl martega sasaminipun, sami misungsung dêdamêlan tuwin têtanêmanipun, dhatêng yayi Prabu Yudhisthira, sadaya sami dhêrak wontên ing gapuraning balowarti, amargi dèrèng kalilan lumêbêt. Maatus-atus kathahing brahmana ingkang sampun nate dipun pisungsung lêmbu tuwin siti dening yayi prabu, nalika samantên sami dhatêng ambêkta kamandalu kancana kaisèn martega sukci, badhe kapisungsungakên yayi prabu, ewadene ugi sami dhêdhêk wontên ing gapura botên dipun lilani lumêbêt. Para ratu trahing Sudra, ingkang sami ngadhaton urut têpining samodra, sami atur bulubêkti parêkan èstri saking nagari Karpasika kathahipun sakêthi, sadaya nracak endahing warni, dêdêgipun lêncir-lêncir, rambutipun kêtêl, dipun anggèn-anggèni sarwa kancana, punapadene para ratu wau ugi sami misungsung cucal sangsam ingkang dipun wastani Rangku, sakalangkung kathah, mangka wacucal wau nadyan para brahmana ugi sami nganggêp aji. Bangsa

--- 1357 ---

Werama, Paradha, Tungga, kalihan bangsa Kitawa, inggih punika bangsa ingkang gêsangipun amung saking têtuwuhan, ing toya lèpèn tuwin toya jawah, saha dêdunung sauruting pinggir pasisir, ing wana-wana, utawi saking sabrang, sami kèndêl sajawining gapura, awit botên dipun lilani lumêbêt dening ingkang jagi, dene pisungsung warni maenda, lêmbu, kuldi, unta, sêsotya nawa rêtna warni-warni. Prabu Bhagadhata, ksatriya agêng, ratu ambêk sudira ngadhaton ing Pragyotisa, saha narendra agêng ingkang kinawasa, mangrèh bangsa Mleca, angirit wadyabalanipun bangsa Yawana, ugi kèndêl sangajênging gapura, dèrèng sami sagêd lumêbêt ing kadhaton. Sang prabu ambêkta bulubêkti, kuda ingkang bantêr plajêngipun, saking sakathahing nagari-nagari ingkang misuwur kapalipun sae, cacahipun kapal sakalangkung kathah. Dupi sami dèrèng sagêd lumêbêt, lajêng sami mêdal malih prêlu ngaso dhatêng pakuwonipun, tuwin sarêng priksa kathah saha sae-saenipun pisungsungipun bangsa sanèsipun, sang prabu dhawuh dhatêng abdinipun, supados iyasa sabêt sakalangkung kathah ingkang cêpênganipun gadhing tinrètès ing intên barleyan, akik, jumêrut, nila tuwin widuri. Dhuh, rama prabu, kula ugi sumêrap, pintên-pintên bangsa ingkang wujuding anèh-anèh, saking ing pundi-pundi sami ngêntosi palilah lêbêtipun, wontên ing gapuraning balowarti. Sawênèh wontên ingkang darbe netra tiga, wontên ingkang netranipun kalih pisan manggèn ing bathuk, ugi wontên ingkang dipun wastani bangsa Usnika, bangsa Nisatta, bangsa Romaka, tuwin tiyang wanan, ingkang taksih sêngsêm mangsa janma, malah wontên bangsa raksasa ingkang sukunipun satunggal, ingajêngipun bangsa

--- 1358 ---

raksasa wau wontên ingkang mbêkta pisungsung kuldi sakêthi, ulêsipun mancawarni, nanging ulêsing wulu ing gulu sadaya cêmêng. Badanipun agêng, plajêngipun rikat, graitanipun landhêp, sarta sampun misuwur ing jagad, manawi kuldi bangsa pêpilihan, saha ulêsipun nêngsêmakên, kuldi wau wêdalan ing pasisir Wangku. Kathah ratu ingkang misungsung kancana, tuwin salaka murni, sakalangkung kathah, sadaya para ratu ingkang sami ambêkta pisungsung wau, ingkang dipun lilani lumêbêt rumiyin piyambak. Ratuning bangsa ingkang suku satunggal wau, pisungsungipun bangsa suku satunggal, warni kapal wanan pintên-pintên, ulêsipun wontên ingkang abrit baranang kados lombok abrit, pêthak mulus, lorèk kadi ulêsing kluwung, jêne sêmu abrit kadi mega ing wanci sandyakala, wontên ingkang cêplok-cêplok, sadaya sami rikat plajêngipun. Kajawi kapal wanan, ugi misungsung warni kancana sari. Nalika samantên kula ugi priksa bangsa Cin, bangsa Saka, Udra, tuwin bangsa Wanara, ingkang tandang tandukipun sarwa kasar. Bangsa Wrêsni, tuwin bangsa Harahuna, bangsa-bangsa ingkang sami dêdunung ing parêdèn Himawat, bangsa Nipa, tuwin bangsa ingkang sami manggèn ing sauruting pinggir sagantên, sadaya sami ngêntosi wontên sakanankeringing gapura. Têtiyang ing Walhika atur bulubêkti warni kuldi sakêthi, pilihan sadaya saha ulêsipun ing gulu cêmêng sarta sampun kulina lumampah sadintên angsal kalih atus pal, wandanipun sae, sami bêtah dipun damêlakên sarta misuwur. Katingalipun sae, damêl sêngsêm, wulunipun lumêr alus. Kajawi punika bangsa Walhika wau ugi misungsung singêb tênunan ing Cin, tuwin samakan cucal rangku, tênunan saking lawe

--- 1359 ---

ingkang alus-alus, utawi sinjang sutra ingkang saking wuluning ulêr tuwin kupu. Sinjang wiyar pintên-pintên èwu tênunan saking lawe pêthak, mêmplak kadi sêkar tunjung, sadaya alus panggarapipun, saha bulubêkti sanès-sanèsipun ingkang kabêkta bangsa Walhika, kamusan saking cucaling menda gèmbèl, sabêt suduk saha sabêt malêngkung, sakalangkung lancip saha landhêp, wadung paprangan ingkang sampun ginendra, sadaya damêlan nagari-nagari bang kilèn, kathahipun tanpa wicalan. Dupi bangsa Walhika sampun nampèkakên bulubêktinipun, ingkang warni lisah wangi tuwin sêsotya nawa rêtna, ugi lajêng sami kèndêl wontên sacêlaking gapura kadhaton. Bangsa Saka, bangsa Tukara, bangsa Kangka, bangsa Romaka, tuwin têtiyang ingkang sami darbe cula, punika sami asok bulubêkti warni dirada agêng-agêng saha kapal salêksa, tuwin jêne pintên-pintên, sadaya wau sami kèndêl wontên ing jawi, awit botên dipun lilani lumêbêt ing balowarti. Dene para ratu bang wetan, lajêng dipun parêngakên lumêbêt ing suyasa ajanging sêsaji, sasampunipun katampèn pisungsungipun warni samukawis ingkang rêginipun awis-awis, kados ta: babut prangwadani, tatumpakan warni-warni, pasareyan nekawarni, pangagêman ingkang mawi tinrètès ing sêsotya nawa rêtna, dêdamêl pintên-pintên, sami rinêngga-rêngga sakalangkung endah, jêmparing cêlak tuwin panjang, sarta sanès-sanèsipun malih.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt satunggal, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

--- 1360 ---

Bab 52. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Prabu Duryudana nglajêngakên aturipun: "Dhuh, kang kalis ing dosa, mugi dipun piyarsakna anggèn kula ngaturakên rajabrana agêng pisungsungipun para ratu saindênging bawana, ingkang katur yayi Prabu Yudhisthira. Sakathahing bangsa ingkang dêdunung sakiwa têngêning lèpèn Salodha, ingkang ilinipun narajang ing pasitèn têngah-têngahing parêdèn lor, kalihan Mandara, inggih punika tiyang-tiyang ingkang gêsangipun sênêng wontên ngandhap yoming wana padêlingan ing Kicaka, kados ta bangsa Saka, bangsa Ekasana, bangsa Arga, bangsa Pradhara, Kulindha, Tanggana tuwin sanès-sanèsipun malih, sami asok bulubêkti warni mas ore, ngantos pintên-pintên tumpuk, katakêr kalihan drona. Êmas ore ingkang wêdalan saking siti, wêdalipun kagondhol ing sêmut, mas ingkang makatên wau dipun wastani jêne sêmut. Bangsa-bangsa ing tanah parêdèn, ingkang dêdêg-pangadêgipun agêng inggil, sami mbêkta bulubêkti comara (kêbut panjang)§ Bokmanawi wontênipun rema kathah dipun kalêmpakakên lajêng kagêm nyambêt ukêlipun para putri nama cêmara, piridan saking nginggil punika. saking bobot utawi rambuting tiyang, wontên cêmêng, pêthak, mêncorèt, punapadene misungsung maduning sêkar ingkang sagêd gêsang ing parêdèn Himawat utawi maduning sêkar misiliya campaka, saha oncèn-oncèn sêkar kadamêl sangsangan, wêdalan ing nagarinipun bangsa Kuru iring lèr, têtanêman adi wêdalan praja iring lèr utawi saking ardi Kelasa, sadaya

--- 1361 ---

sami kèndêl sacêlaking gapura, ngêntosi palilah, lênggahipun tumungkul sami botên purun dêngèngèk. Ing ngriku lajêng priksa pangagênging bangsa Kerata pintên-pintên, sadaya sami sikêp dêdamêl angajrih-ajrihi, sêmunipun sami bêngis-bêngis pambêganipun, padanipun sami nêdha wowohan tuwin pala kapêndhêm, pamanggènipun wontên ing salêngkèh-lêngkèhing parêdèn Himawat iring lèr utawi wontên tanah Karosa, sauruting pinggir pasisir utawi sakiwa têngênipun parêdèn Lohitya. Dhuh, kangjêng rama prabu, sasampunipun masrahakên upêtinipun, warni kajêng garu, candhana, mênyan cêmêng, cucaling sato ingkang awis rêginipun, kancana, kathahipun ngantos angundhung-undhung, lisah wangi ingkang kabêkta ing bangsa Kirata salêksa, sato saha pêksi adi-adi, wêdalan saking wana ingkang awis kaambah ing janma manusa, lajêng sami dipun purih ngaso wontên ing pamondhokan. Para ksatriya darah ngawirya ingkang putus pasinaonipun sikêp saliring dêdamêl, kathahipun ngantos tanpa wicalan, ingkang sami ambêkta pisungsung katur yayi Prabu Yudhisthira, kados ta ksatriya bangsa Kirata, Dharadha, Sura, Weyamakar, Udhumawara, Durwibhaga, Paradha, Wahlika, Kasmira, Yodeya, Kumara, Goraka, Hangsakayana, Siwi, Trigata, narendra ing Madras, tuwin Hakekarya, Amyasta, Kongkura, Warksya, Wastrapa, Sahaphala, Wasataya, Moleya, Kasudraka, Malawa, Pundriya, Kunkura, Sakawangga, Pundra, Sanawatya tuwin bangsa Ghaya. Tiyang bangsa Sawangga, Kalingga, Magada, Tamralipta, Supundraka, Dowalaka, Sagharaka, Patrorna, Sesawa, tuwin bangsa Karna Prawarana. Pintên-pintên bangsa ingkang nyuwun palilah lumêbêt, ananging awit saking kêparêngipun yayi Prabu Yudhisthira [Yudhis...]

--- 1362 ---

[...thira] ingkang jagi gapura kadhawuhan mangsulakên, ewadene manawi purun ngêntosi sarta pundi ingkang pisungsungipun sayogi kalêbêtakên ing kadhaton, ugi dipun lilani malêbêt. Para ratunipun bangsa warni-warni wau sami misungsung dirada nyèwu, ingkang gadhingipun ngantos sami kalihan luku, sadaya sami ingulêsan kancana, sarta dipun palanani sarwa abrit kadi sêkar têrate. Dirada ingkang maèwu-èwu wau sami pangawak prabata, pinangkanipun sami saking sakiwa têngênipun talaga Kamyaka, saha dipun jala kangge panulak dêdamêling prang, sadaya kapilih ingkang watakipun botên gêtapan, amargi pisungsungipun botên prêlu tumuntên dipun lilani lumêbêt ing kadhaton. Dhuh, rama prabu, kathah para narendra sanès-sanèsipun, sami atur pisungsung sêsotya, kangge nyamêktani sêsajinipun yayi Prabu Yudhitsthira. Bathara Cetrarata, ratuning gandarwa, mitranipun Bathara Indra, paring turangga, plajêngipun rikat kadi angin, kathahipun 40, dene Sang Gandarwa Raja Tamburu misungsung kapal satus ulêsipun sadaya kadi warnanipun ron pêlêm, sami pinarbotan sarwa kancana. Dhuh, têdhak Kuru, ratu misuwur golongan bangsa Mleca, ingkang nama bangsa Sukara, misungsung pintên-pintên atus dirada pêpilihan, Prabu Wiratha, narendra bangsa Matsya, misungsung dirada kalih èwu, sadaya parabotipun sami sinêkar kancana. Dhuh, rama prabu, nata ing nagari Pandhu Prabu Wasudhana, atur pisungsung dirada nêmlikur, turangga kalih atus, sadaya pêpilihan, punapadene taksih misungsung rajabrana sakalangkung kathah. Prabu Yajnasena, warni-warni pisungsungipun dhatêng Pandhawa, ingkang piguna kangge sêsaji, kados ta: parêkan taksih rara kênya kathahipun

--- 1363 ---

kawan wêlas èwu, abdi panakawan salêksa, sasemahipun, dirada pilihan pintên-pintên atus, rata nêmlikur, pangiritipun dirada, kalihan masrahakên nagarinipun, manawi prêlu supados dipun biyantu. Sang Wasudewaputra, darah Wrêsni ingkang tansah amrih luhuripun yayi Arjuna, paring dirada pilihan ngantos kawan wêlas èwu. Manawi punika sampun layak kemawon, awit Arjuna punika pancèn kêkasihipun Sri Krêsna, mila punapa panyuwunipun Arjuna têmtu dipun pituruti. Sri Krêsna karsa angundurakên wancinipun kundur dhatêng karang kadewatan, bilih prêlu mitulungi Arjuna, makatên ugi Arjuna, purun nyajèkakên gêsangipun manawi kangge prêlunipun Sri Krêsna. Nata ing Cola, tuwin ing Pandya, sami misungsung goci kancana, sakalangkung kathah sami kinêbakan lisah candhana, damêlan parêdèn Malaya tuwin mbêkta kajêng candhana saha garu wêdalan ing ardi Dhardhuras, kathahipun ngantos matumpuk-tumpuk, ugi misungsung sêsotya ingkang sorotipun ambalêrêngi, sarta sinjang tênunan kancana, ewadene botên lajêng kalilan lumêbêt. Nata ing Singgêla misungsung sêsotya pilihan, nama lapis lasuli, wêdalan sagantên, mawi mutyara ngantos mangundhung-undhung saha plana dirada kathahipun maèwu-èwu, ugi misungsung abdi tiyang cêmêng sakalangkung kathah, ingkang sadaya pojoking maripatipun abrit kadi tambaga, sampun dipun panganggèni sae tinêpi kancana cinêplok ing sêsotya. Sang prabu ugi ngêntosi wontên sacêlaking wiwara kadhaton. Para brahmana tanpa wicalan, para ksatriya têtêlukan, para waisya tuwin sudra, saking sihipun dhatêng yayi prabu, sami atur pisungsung, malah bangsa Mleca, saking ajrih asihipun sami dhatêng, amung kapengin ngadhêp yayi

--- 1364 ---

prabu, tiyang warni-warni, agêng alit, andhap luhur, sae punapa awon pambêganipun, saking sawarnining nagari, kathahipun tanpa wicalan, saking warni-warninipun ingkang ngênggèni, prajanipun yayi Prabu Yudhisthira lajêng kados nglêmpaking jagad.

Dupi kula priksa, bilih para narendra pintên-pintên isining marcapada, sami misungsung mawarni-warni ingkang sarwa aji, dhatêng yayi prabu, manah kula sangêt karêrantan, saking manah, punapa botên prayogi pêjah kemawon. Dhuh, ratuning bangsa Kuru, sasêmbahanipun Duryudana, ing mangke kula badhe ngaturakên kawulanipun yayi prabu tuwin para tiyang ingkang sami dipun cadhongi têdha, punapa ingkang taksih mêntah, punapa ingkang sampun rinatêngan. Kawuningana kangjêng rama, wadyanipun ingkang wahana dirada saha turangga wontên satus èwu yuta, wadya rata satus kêthi, manawi wadya dharat botên sagêd nacahakên. Wontên panggenan ingkang minangka kangge nakêri têdha, wontên ingkang ngratêngi, sanès panggenan malih kangge nyadhongi, ramening swaranipun tiyang ingkang sami nêdha, ngantos kamirêngan saking ing pundi-pundi. Tiyang-tiyang saking sakathahing bangsa, ingkang sami wontên ing prajanipun yayi prabu botên wontên ingkang botên katuwukan ing têdha tuwin ngunjuk, saha dipun panganggèni jangkêp. Wontên snataka brahmana wolung lêksa wolung èwu, ingkang dipun ayomi yayi prabu, sadaya sami têtêp ing kawajibanipun ngrukti bale wisma. Sabên brahmana satunggal dipun aturi parêkan tigang dasa, mila brahmana samantên kathahipun wau, sami kanthi sukaning manah anggènipun mêmuji ing dewa, supados mêngsahipun yayi prabu sami

--- 1365 ---

nungkul. Wontên brahmana salêksa prasêtya botên badhe nêtêsakên wiji, sabên dintên para brahmana ingkang makatên wau, sami dipun bujakrama ing kadhatonipun yayi prabu, malah yayi Dèwi Yajnaseni piyambak ngantos botên purun nêdha, sadèrèngipun cêtha pamriksanipun, bilih sadaya sampun sami nampèni pandumanipun piyambak-piyambak. Dhuh, nata darah Bharata, ing jagad amung wontên bangsa kalih ingkang botên asok bulubêkti dhatêng yayi prabu, inggih punika bangsa Pancala, awit marasêpuhipun, kalihipun bangsa Hadaka saha Wrêsni, awit punika mitranipun.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt kalih, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 53. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Prabu Duryudana nglajêngakên aturipun: "Para ratu ingkang pinundhi-pundhi ing jagad, kalis ing dosa, saha kaparêng nglampahi sêsanggêman ingkang awrat-awrat, putus dhatêng Wedha dalah Wedangga, botên kewran dhatêng lampahing sêsaji, sukci lair batos, sêngsêm dhatêng kautaman asmanipun misuwur, saha sampun winiwaha agêng, nalika jumênêng narendra, punika sami marêk saha manêmbah dhatêng yayi prabu. O, rama prabu, kula ugi priksa jawi (banthèng èstri) pintên-pintên èwu, punapadene bokor têmbaga pêthak, kangge wadhahing puhaning jawi, kathahipun sami kalayan kathahing jawi pisungsungipun para ratu, kangge pirantosing [piran...]

--- 1366 ---

[...tosing] sêsajinipun yayi prabu. Dhuh, darah Bharata, kathah para narendra ingkang kalayan lêgawaning manah sami misungsung cêmung adi pintên-pintên, sadaya kaisèn toya, wigatos badhe kangge nyirami yayi prabu, nalika badhe wiwit sêsaji. Prabu Walhika piyambak ingkang nggèrèt rata kancana, titihanipun yayi prabu, dene ingkang ngrakiti Prabu Sudhaksina, kapalipun kapilihakên wêdalan Kamboja, ulêsipun pêthak. Prabu Sunita, ingkang agêng pangwasanipun, mulung saking karsanipun piyambak, kaparêng ngampil têkên kaprabonipun yayi prabu, ingkang masang daludak nata ing Cèdhi, dene para ratu ing bang kidul andhèr sami mirantos badhe ngagêmakên kêrenipun yayi prabu. Prabu Wasudhana, ratu agêng, ngajêngakên dirada kaprabon, ingkang umuripun sampun suwidak taun, Nata Manggada ngampil sangsangan sêkar saha jamang, Prabu Matsya jumênêng sacêlaking rata, dene Prabu Ekalawiya ngampil canela, nata ing Ngawanti ngampil cêmung isi toya nugraha, ingkang badhe kagrujugakên ingkang wêkasan, Prabu Cèkitana ngampil endhong, nata ing Kasi ngampil langkap, Prabu Salya ngampil sabêt, ingkang blongsong dalah sacathokipun Rêsi Domya, Rêsi Wisaya, kalihan Rêsi Naradha, saha Rêsi Dewala, putraning Asita, sami jumênêng sarwi ngêpyur-êpyurakên toya nugraha dhatêng yayi prabu. Para maharsi sami nênggani kalayan suka rêna, para rêsi sanèsipun, ingkang sami misuwur ing jagad, dalah putranipun, Rêsi Jamadagni, sami ngrêrampa yayi Prabu Yudhisthira, kalihan botên kèndêl-kèndêl ngucapakên mantra, kadi lêkasipun para maharsi kaswargan manawi muja mantra dhatêng Hyang Indra. Satyaki ingkang kaprawiranipun pinunjul ing jagad, karsa

--- 1367 ---

nongsongi, Arjuna kalihan Bhima sami ngubêti, dene pun kêmbar ngampil cêmara.§ Kêbut kadamêl saking rambut utawi bobat. Dewa ingkang kahyangan ing samodra rawuh kalihan bêkta sumpil sakalangkung agêng, mawi rinêngga ing tangsul, kagunganipun Hyang Baruna, sakancana rêrêngganipun, wawrat sèwu niskas, ingkang misungsungakên Bathara Wiswakarma. Ing Kalpa ingkang sampun kapêngkêr sumpil wau sampun kaparêngakên dhatêng Hyang Indra, ingkang maringakên Bathara Prajapati. Cidhukipun inggih sumpil wau anggènipun Sri Krêsna nyirami yayi Prabu Yudhisthira, nalika badhe amiwiti sêsaji. Dhuh, kangjêng rama, sumrêpêt panon kula, nyumêrapi sadaya wau. Dhuh, ratuning bangsa Kuru, tiyang sagêd dhatêng samodra wetan, kidul saha kilèn, nanging ing marcapada botên wontên tiyang ingkang sagêd dumugi ing sagantên lèr, ewadene mêksa kajajah dening Pandhawa. Awit nalika kula inggih wontên ing suyasa ajanging wiwahan, kula mirêng swaraning kalasangka maatus-atus, ingkang kadamêl saking sumpil sagantên, mangka sumpil ingkang kenging kangge salumprèt punika amung wêdalan ing sagantên lèr, lajêng sabên tiyang namtokakên, bilih sauruting pasisir samodra lèr sampun dados jajahan Pandhawa. Kawuningana rama prabu, nalika kula mirêng kalasangka wau dipun ungêlakên sêsarêngan, wulu kula anjêgrig, kombul atma kula, malah para ratu ingkang alit manahipun sami kalêmpêr. Drêsthadyumna, Satyaki, para ari putranipun paman Prabu Pandhu gangsal pisan tuwin Sang Kesawa, sadaya sami prawira, warnanipun pêkik-pêkik, sami mèsêm

--- 1368 ---

nyumêrapi kawontênanipun para ratu sadaya wau. Dhuh, rama prabu, rikala samantên pun Wibhatsu lajêng misungsung brahmana pangajêng, brahmana satunggal lêmbu kabincih gangsal atus, tur sadaya singatipun sami kaurung kancana. Yayi Prabu Yudhisthira, putranipun ibu Kunthi, saparipurnaning sêsaji Rajasuya, lajêng tampi nugraha agêng, kadi ingkang sampun katampèn Prabu Haricandra, tuwin Sang Rantidewa Sang Nabhaga, Sang Jowanaswa, Hyang Manu, Prabu Pritu, putranipun Sang Wega, Sang Bhagirata Sang Prabu Yayati, malah nugrahanipun Sang Nahusa pisan, botên satimbang lan kabêgjanipun yayi prabu. Dhuh, tiyang sêpuh kula, dupi kula sumêrap dhatêng samantên agênging kabêgjanipun Pritaputra, ing batos kula osik: "Kula botên prêlu lêstantun gêsang wontên ing marcapada, dhuh, ratuning bawana, manawi tiyang wuta ngêtrapakên pasangan ing guluning lêmbu sêpasang têmtu lêmbunipun ucul, mangka makatên wau kawontênan kula dalah para kadang, dados sampun têmtunipun manawi lare dados diwasa, tiyang sêpuh tamtu anyêlaki pêjahipun. Dhuh, ratuning bangsa Kuru, dupi kula nyumêrapi sadaya wau, manah kula kuwur botên sagêd têntrêm, nadyan sampun karaosakên lêbêt, ewadene botên sagêd nglipur, inggih awit punika ingkang damêl risaking manah kula, paraupan kula pucêt, badan kêra bêbasan kantun balung kalihan kulit."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt tiga, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

--- 1369 ---

Bab 54. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Pangandikanipun Prabu Drêstarastra: "Kulup, sira iku putraningsun pambarêp, mijil saka pramèswariningsun kang tuwa dhewe, mula aja mèrèkake Pandhawa, awit sabên wong darbe mèri tamtu rumangsa sangsara, sarta bakal siniksa ing jamaning pati. Dhuh, pêpêthinganing darah Bharata, arinira Yudhisthira ora tau laku cidra, rajabranane iya rajabrananira, dhuh putraningsun, yèn bab mitrane iya mitranira, lan iya ora tau mèrèkake sira. Yèn bab sraya lan mitra, sira iya darbe, pagene sira isih mèri, apa iku ora tuwuh saka avidya (kabodhoan), ambok aja mangkono kulup, aja kabanjur-banjur mèri, lan biratên prihatinira. Dhuh, Duryudana, yèn sira melik marang kaluhuran kang tuwuh saka sêsaji, para brahmana padha aturana ngrakit sêsaji gêdhe kang aran Saptatantu, tamtu para ratu salumahing bumi padha karsa rawuh karo sênênging panggalih anggawa pisungsung rajabrana, sêsotya nara rêtna, kaya kang kapisungsungake kadangira kaki Prabu Yudhisthira. Hèh, kaki prabu, melik marang darbèking liyan iku asor-asoring asor, kosok baline sing sapa narima sadarbèke dhewe têmtu rumangsa mulya, karan wus nêtêpi sadharmane dhewe, aja pisan darbe pangangkah nêdya andarbèki darbèking liyan. Sambutên pakaryanira dhewe dikongsi rampung, rêksanên kang bêcik, apa kang wus dadi darbèkira, iya iku kang minangka panêngêran kaluhuran sajati. Sing sapa lêstari santosa sajroning mangka bisane katêkan sêdyane, nastiti ngati-ati, nalangsa, têmtu tansah nêmu bêgja. Kulup, para

--- 1370 ---

anak-anake yayi Prabu Pandhu iku pikire santosa, kaya baunira aja nganti nglokrokake bau, nanging tansah pathênthêngna. Atinira aja kongsi tansah liwung melik bandhane kadangira, o, kaki prabu, aja mèri marang anake pamanira yayi Pandhu, awit bandhanira timbang lan bandhane Pandhawa, mangka cêcongkrahan lan kadang iku dosa gêdhe. Kawruhana kulup, eyang-eyangira iku iya eyang-eyange Pandhawa, manawa anuju sêsaji sira angêgungna dêdana, narimoa nampani wohe pêpenginanira kang bêcik-bêcik, manguna suka lan wanita kang ora ngrusak pagêr ayu, sarta têntrêmna atinira."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt sêkawan, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 55. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Aturipun Prabu Duryudana: "Tiyang tuna budi punika nadyan kathah ingkang dipun sumêrapi, ewadene botên ngrêtos dhatêng wosipun. Warah ingkang kawursita ing sêrat sukci candranipun kadi irus, nadyan kangge nyidhuk jangan, ewadene botên priksa raosipun. Dhuh, kangjêng rama, paduka botên kakilapan dhatêng samukawis, ewadene taksih damêl bingunging manah kula. Kula kalihan panjênênganipun rama prabu punika kadi palwa kalih kagandhèng dados satunggal, sabên satunggal kabuncang ing ombak, satunggalipun ugi katut, punapa panjênênganipun kangjêng rama dèrèng nate nggalih ingkang ngantos lêbêt dhatêng kawontênan paduka piyambak, utawi punapa rama prabu kagungan panggalih badhe mêngsah kalihan kula. Para

--- 1371 ---

putra saha para sraya paduka sami nandhang karisakan, sadangunipun paduka jumênêng narendra, makatên wau manawi kula dalah para kadang saha sraya kula sami nêtêpi pitêdah ingkang paduka dhawuhakên wau. Witing karisakan wau têmtu badhe dhumawah, manawi tiyang badhe tansah kajêglong-jêglong, bilih ingkang anênuntun punika tansah anut pamrayoginipun tiyang sanès, punapa tiyang ingkang panuntunipun makatên lêkasipun wau sagêd manggih margi ingkang sakeca. Dhuh, kangjêng rama prabu, paduka sarwa linangkung, tansah mituhu ing para sêpuh, saha sampun sagêd mangrèh panggalih, mila sampun bêbingung manahipun tiyang tuna budi kados pun Duryudana, ingkang sawêg karibêdan anggènipun ngupaya pamarêm. Hyang Wrehaspati ngandika, manawi narendra beda kalayan tiyang kathah, narendra wajib angrêksa kalayan pangatos-atos pundi ingkang dados kabutuhanipun, ambêk ksatriyan ugi sagêd katitik saking kabêgjanipun ingkang saking anggènipun nêtêpi kawajibanipun, nadyan pandamêl ingkang dipun tindaki wau nênuntun dhatêng kautamèn, punapa dosa, punika lêrêsipun kêdah botên karaosakên, ingkang prêlu punika têtêpipun ing wajib. Dhuh, pêpêthinganing bangsa Kuru, sintêna ingkang kapengin ngrêbat kabêgjanipun mêngsah, ingkang sawêg angrêbda, kêdah sagêd ngawonakên mêngsahipun wau nadyan sarana lêkas kados punapa kemawon, candranipun kadi kusir ingkang mangrèh sarana sambuk dhatêng kapalipun ingkang taksih ajaran; para wasis sikêp dêdamêl pratela, manawi sadaya sarana ingkang kangge ngawonakên mêngsah punika wasta dêdamêl, dados botên amung kenging natoni kemawon, nadyan anggènipun nandukakên sarana alus punapa

--- 1372 ---

sarana kasar. Titikaning mêngsah punapa rowang punika botên wontên ing pangucap utawi wujud. Dhuh, sinuwun, sintên ingkang damêl tatu punika inggih mêngsahipun ingkang dipun tatoni. Kawuningana rama prabu, tansah botên narimah punika wijining kabêgjan, mila tiyang kêdah botên narimah. Dhuh, rama prabu, sintên ingkang darbe pangangkah sagêdipun angsal kabêgjan punika ratu, ingkang sajati. Botên wontên tiyang lirwa dhatêng kabêgjan saha rajabrananipun, awit rajabrana ingkang sampun dinarbe saha dipun kalêmpakakên punika sagêd ugi dipun alap ing tiyang sanès. Wajibing narendra kêdah tansah prayitna, nadyan salêbêtipun têntrêm botên wontên dahuru. Sang Hyang Indra kalampahan nigas jangganipun Asura Namuci, saking anggènipun ngatos-atos utawi nêtêpi wajibipun dhatêng mêngsah. Ratu ingkang botên darbe karsa punapa-punapa utawi brahmana ingkang tansah ngundêr botên nate mêdal saking griyanipun, punika badhe dados mangsaning bumi, candranipun kadi kodhok kauntal ing sawêr. Dhuh, rama prabu, botên wontên tiyang lajêng dados mêngsah, ingkang tanpa jalaran. Tiyang tamtu lajêng darbe mêngsah manawi sabên dintên tansah ngupadosi kalêpataning liyan, sintên ingkang awit saking weya ngantos botên manah dhatêng mêngsahipun, ingkang tansah saya matambah-tambah kasantosanipun, punika kenging dipun wastani anjabut jiwanipun piyambak, candranipun kadi tiyang sakit botên kenging dipun upakara. Mêngsah punika nadyan botên mutawatosi, nanging manawi anggènipun mangun kasantosan dipun umbar kemawon, tamtu sagêd damêl karisakan, botên beda kalayan raja, sakawit amung nêdha oyot, nanging dangu-dangu sagêd ngêbrukakên [ngê...]

--- 1373 ---

[...brukakên] dêlêgipun. Dhuh, dhuh, Ayamida, bok sampun rumaos sênêng manawi mangsah paduka manggih kabêgjan. Pamrayogi ingkang kula aturakên wau pikajêngipun sampun lena dhatêng sadaya pandamêling mêngsah, têmtunipun para wicaksana ngakêni manawi lêrês makatên. Sintêna ingkang nêdya minangkani indhaking kasugihanipun, punika dipun kados indhaking badanipun manusa, ingkang tansah mindhak-mindhak agêng ngantos diwasa, awit pangwasa punika manawi dipun ugung lajêng andados kemawon. Kabêgjanipun Pandhawa tansah kula angkah, nanging sapriki dèrèng kacêpêng, dene samangke manah kula tansah sêmang-sêmang, awit kawontênan kula sarwa kacomprengan, dados kêdah dipun rampungi, sampun tansah makatên kemawon. Upami lêstantun makatên, punapa kalampahan sagêd ngêkap, punapa pêjah wontên ing papêrangan. Dhuh, rama prabu, manawi kula amung tansah ngraosakên makatên kemawon, gèk punapa pigunanipun kula gêsang wontên marcapada, dene pangwasipunpangwasanipun Pandhawa sabên dintên saya mindhak-mindhak, nanging pangwasaning Kurawa botên nate wêwah."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt gangsal, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 56. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Aturpun Sakuni dhatêng Prabu Drêtarastra makatên: "Dhuh, kakang prabu, têtungguling sadaya tiyang ingkang antuk kabêgjan, kula ingkang badhe ngrêbat kabêgjanipun anak Pabu Yudhisthira.

--- 1374 ---