Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855

1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata

Sêrat Mahabharata No. 11.

7 Nopèmbêr 1958.

Sasampunipun kenging, lajêng kula unjukakên kakang prabu, katingalipun kaki Prabu Duryudana sangêt prihatosipun prakawis punika. Dhuh, kakang prabu, nanging kaparênga ningali putra Tuwan Prabu Yudhisthira. Para lêbda dhatêng dhadhu tamtu sagêd mênang mêngsah tiyang ingkang botên priksa wêwadosing dhadhu. Dados rajadarbèking Pandhawa tamtu badhe kula jarah, ingkang botên mawi ambabakakên kulit. Dhuh, darah Bharata, kawuningana, ingkang minangka langkap kula, inggih punika tohipun, dene dhadhu ingkang kangge lintuning jêmparing, kasagêdan dhatêng pambucaling dhadhu, punika kêndhêngipun, nanging papan ingkang sinêbaran dhadhu punika ingkang minangka rata paprangan tumpakan kula."

Prabu Duryudana nyambêti atur: "Dhuh, ratuning bangsa Kuru, paman Sakuni têtela linangkung kasagêdanipun dhadhu, mila mugi rama prabu paring palilah anggènipun paman Gandara badhe kasukan dhadhu mêngsah Pandhawa."

Dhawuh wangsulanipun Prabu Drêtarastra: "Kawruhana kulup, salawase aku mung manut mituruti ing saprayogane pamanira yayi Widura, kang têtela linuwih, mula ingsun arsa têtarèn dhisik, sawise rampung lagi bisa andhawuhake kapriye prayogane prakara iki."

Prabu Duryudana matur malih: "Dhuh, darah Korawa paman Widura tansah damêl samuwakis ingkang anjalari kabêgjanipun Pandhawa, dados batosipun têtela manawi sihipun paman Widura pancèn beda kalayan pamêngkunipun dhatêng Kurawa, mila sampun saèstu rama prabu tansah dipun pambêngi sampun ngantos mituruti panyuwun kula wau. Dhuh, têdhak Kuru, punapa wontên tiyang badhe nyampêti kabutuhanipun [kabutuhan...]

--- 1375 ---

[...ipun] piyambak, mung nggandhul dhatêng rêmbaging tiyang sanès. Tiyang botên tamtu nunggil pangangkah, mila tamtu beda caking panggarapipun dhatêng sakathahing pandamêlan ingkang ginarap. Tiyang gêmblung ingkang tansah sumingkir saking sadaya ingkang damêl tuwuhing raos sumêlang punika adhakanipun malah lajêng cilaka, kados sato alit-alit ingkang sumingkir saking toya jawah, lajêng nyêlaki dilah murub. Dhumawahing sêsakit, punapa dhumawahing adilipun Hyang Yama, punika ugi botên ngêntosi manawi tiyang wau sampun bêgja, mila salêbêtipun tiyang taksih gêsang tuwin saras, wajib anuruti sakajêng-kajêngipun piyambak, sampun dadak ngêntosi manawi sampun bêgja."

Dhawuh wangsulipun[1] Prabu Drêtarastra: "Kulup, mêmungsuhan lan arinira Pandhawa iku sirikan ingsun. Wruhanamu cacongkrahan iku ngowahake katêntrêmaning ati, sarta bisa dadi gêgaman ampuh. Dhuh, kaki prabu, mara titènana bae, karêpira iku yèn kongsi kalakon, bêgja-bêgjane têmtu bakal prang rêrêmpon kang anggêgirisi, têmah pira-pira kasangsaran kang padha sinandhang, upama kalakon mêngkono têmtu nganakake pira-pira catur kang pêdhês-pêdhês, lan panah kang ampun-ampuh."

Atus wangsulipun Prabu Duryudana: "Ingkang miwiti wontênipun kasukan dhadhu punika tiyang ing jaman kina sangêt, dados tamtu botên mêmarah utawi anjalari tatukaran ingkang mawi medahakên dêdamêlaning prang. Mila atur pamrayoginipun paman Sakuni, mugi dipun piturutana, sarta rama prabu lajêng kêparênga dhawuh angrancangakên panggarapipun suyasa. Sarana lampah ngabotohan ingkang sagêd

--- 1376 ---

dados pambikaning wiwara kaswarganipun para Kurawa, dados Kurawa lajêng sami manggih kamulyan. Sajatosipun sarana ngabotohan kalayan lampah cidra, tiyang sagêd nêmtokakên bilih mênang. Kawontênanipun para Pandhawa samangke punika langkung luhur tinimbang para Kurawa, nanging manawi dipun saranani ngabotohan Kurawa sagêd sami lan Pandhawa, mila rama prabu lajêng ngawontênakên kasukan dhadhu, Kurawa mêngsah Pandhawa."

Pangandikanipun Prabu Drêtarastra: "Kulup, tuturira mau ora gawe panujuning panggalih ingsun, mbok nindaki panggawe kang sakira migunani tumrap badanira bae, manawa kalakon sira nindaki panggawe kaya kang sira tuturake mau, têmtu bakal piduwung wuri, awit kang sira tuturake mau tindak kang nistha, kang mangkono pamburine ora nguwoh kabêgjan. Sajatine lêlakon iki wus kalêbu wêcane pamanmu Widura, kang têtela linuwih, sarta lakune dêdalan kawicaksanan saha lêpasing budi. Wruhanamu Duryudana, bêbaya gêdhe kang pinasthi dadi jalaran têtumpêsaning para ksatriya iku kaya wus tumuli tumiba.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Makatên wau pangandikanipun Prabu Drêtarastra, ratu ingkang botên kasinungan kêkêncêngan. Sang prabu andugi manawi pêpasthèn punika pangwasanipun linangkung saha botên kenging dipun singkiri. Kados sampun pinasthi, manawi sang prabu ing wêkdal punika lajêng botên budidaya malih, amung nurut aturipun ingkang putra kemawon, mila sami sanalika wau sang prabu ngandika sora, dhawuh dhatêng para nayaka makatên: "Mara bocah Hastina, supaya

--- 1377 ---

banjur diwiwitana nggone gawe suyasa adi. Sawuse rampung panggarape, dijênêngna kadhaton Bêling. Disakani sèwu, kabèh dikêmbang kancana cinêplik ing sêsotya aran: lapis lasuli; didokokana kori satus amba dawane rong pal. Para nayaka lajêng sami tumandang ing damêl, para undhagi, saha pangukir, sasaminipun, kathahipun ngantos maèwu-èwu, tur kalayan sukaning manah anggènipun nggarap kawajibanipun piyambak-piyambak, sadaya kapilih para tukang ingkang wêgig-wêgig, mila botên ngantos dangu rampunging panggarapipun suyasa wau, ingkang lajêng rinêngga-rêngga dening rêrênggan sae-sae. Dupi sampun sarwa samêkta lajêng munjuk ing panjênênganipun Prabu Drêtarastra, manawi pandamêlipun suyasa sampun rampung, saha sampun karêngga-rêngga, katingal anêngsêmakên, sarta sampun ginêlaran babud prangwadani. Prabu Drêtarastra ingkang lantip graitanipun, rikala samantên lajêng nimbali ingkang rayi Sang Widura. Sasampunipun marêk lajêng dipun pangandikani makatên: "Yayi, enggala sira mangkata marang Kandhawaprastha, sutanira kaki prabu timbalana mrene sakadange kabèh, prêlu ingsun purih nonton suyasaningsun kang nêmbe dadi, iya iku suyasa kang tinrètès ing sêsotya nawa rêtna; ing gêdhong-gêdhonge wus diisèni pasareyan adi, lan ginêlaran ing babud prangwadani, sarta kanggo amprih[2] rêkêting kêkadangan, anane ing suyasa mau nganggo disartani kasukan dhadhu.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt nêm, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

--- 1378 ---

Bab 57. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Drêtarastra nuruti panggonjêngipun ingkang putra, nanging awit sang prabu wuninga, manawi pêpasthèn têtela botên kenging dipun sêtiyari, mila lajêng nêtêpakên karsanipun, nanging Sang Widura, têtungguling para limpat ing budi, sangêt botên nayogyani dhatêng karsanipun ingkang raka makatên wau, mila lajêng sumêmbah sarwi matur makatên: "Dhuh, kakang prabu, kula botên nayogyani karsanipun kakang prabu sapisan punika, bok sampun kagungan karsa makatên, awit pangudinipun Widura, punika sagêd dados jalaran têtumpêsaning bangsa Kuru, manawi anak sami cêcongkrahan, tamtu badhe ngawontênakên kasangsaran, awit saking punika pun Widura botên nayogyani dipun sartani kasukan dhadhu wau."

Dhawuh wangsulanipun Prabu Drêtarastra: "Manawa pêpasthène ora bakal têkan ing pati, tukarane para putraningsun lan kadange dhewe iku, ora dadi sumêlanging panggalih ingsun. Yayi Widura, sagung dumadi iki saobah osike ana purba wasesane Kang Maha Kawasa, iya kang nata pêpasthèn, dadi solah bawane dumadi iku ora tuwuh saka karêpe dhewe-dhewe, mula yayi enggal mangkata marang Kandhawaprastha, dhawuhna marang kaki Prabu Yudhisthira manawa ingsun timbali, angkate barênga salakunira."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt pitu, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

--- 1379 ---

Bab 58. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Nadyan Sang Widura sangêt botên nayogyani dhatêng karsanipun ingkang raka sang prabu, ewadene mêksa nglêksanani dhawuh. Lampahipun dhatêng Indraprastha awahana rata, pangiritipun kuda pêpilihan, badanipun sakalangkung kuwawi, plajêngipun rikat, nanging botên notol. Lampahipun Sang Widura botên manggih pakèwêd, mila enggal kemawon dumuginipun ing Indraprastha, sarta lajêng anjujug ing kadhaton. Rawuhipun Sang Widura ingurmatan para brahmana kathahipun tanpa wicalan. Wontênipun ing kadhaton ingkang kawontênanipun kadi kadhatonipun Hyang Kuwera wau, Sang Widura enggal pinanggih ingkang putra Sang Prabu Yudhisthira. Sang Ajamida ingkang sêtya tuhu, saha wontênipun ing marcapada botên darbe mêngsah, dupi priksa ingkang paman rawuh, gurawalan amapagakên, saha ngaturakên pambage, wasana lajêng nungsung pawartos kaarjanipun ingkang uwa, sinuwun ing Hastinapura dalah para putranipun sadaya, aturipun Prabu Yudhisthira makatên: "Dhuh, kangjêng paman Ksatta, punapa darunanipun dene rawuhipun paman ing kadhaton kula kalihan pasêmon ingkang nawung raos botên rêna, punapa kangjêng paman manggih pakèwêd ing margi, punapa sami arja saha têntrêming pamanggih, pamuji kula mugi para Kurawa tansah ambangun turut ing panjênênganipun uwa prabu, makatên ugi sadaya para kawula, mugi tansah amrih tumindaking pranatanipun uwa prabu."

--- 1380 ---

Sang Widura mangsuli pangandika: "Panjênêngan kakang prabu sapramèswari, dalah para putra, kabèh padha suka basuki, para putra santana lêstari sungkêm trêsna ing panjênêngane sinuwun. Pangastane kaprabon kongsi kaya Bathara Indra, panjênêngane amrih undhaking pangwasane, dene têkaku ing kene sapisan kautus andangu kapriye karaharjan saha katêntrêmanira, kaping pindhone iku andhawuhake timbalane uwakira kakang prabu marang sira, lan para ari kabèh, padha katimbalan marang Hastinapura, dene prêlune didhawuhi nonton suyasa iyasane panjênêngan nata kang lagi dadi, sarta kaanane mirib kadhatonira. Kulup Pritaputra sira padha sowan marang Hastinapura, banjur padha bujana andrawina lan padha kadangira ana ing suyasa anyar mau, dene kanggo minangkani amrih saya rakête anggone kêkadangan, nganggo dianani têtandhingan kasukan dhadhu. Kaya apa rênane kakang prabu apadene aku dhewe, yèn anak prabu kalakon sowan, banjur patêmon lan para Kurawa kabèh. Ana ing pasamuan dhadhu sira bakal katêmu lan para botoh dhadhu, kang ditimbali kakang Prabu Drêtarastra, dadi sira bakal wêruh laku cidra kang ditindakake dening botoh mau ana ing kono, wose mung mangkono mau kalakone ingsun kongsi tumêka ing karatone anak prabu iki. Angkatira bisaa barêng salakuku. Kulup padha sira èstokna timbalane uwakira mau."

Atur wangsulanipun Prabu Yudhisthira: "Dhuh, kangjêng paman, manawi kula kalampahan kasukan dhadhu mêngsah para kadang Kurawa, kula sumêlang manawi dados dadakaning cacongkrahan. Punapa tiyang ingkang sampun priksa dhatêng piawonipun tiyang ngabotohan, tiyang wau purun ngabotohan,

--- 1381 ---

ewadene kadospundi kaparêngipun kangjêng paman, ingkang sagêd dados jalaran prayogi tumrap Pandhawa, awit kula dalah para ari sadaya tamtu amung badhe ngèstokakên dhawuhipun kangjêng paman kemawon."

Wangsulanipun Sang Widura: "Aku uga wus sumurup manawa ngabotohan iku tuking kasangsaran pira-pira, kaya apa anggonku mambêngi supaya aja kongsi sida nganakake pasamuan kang nganggo kasukan dhadhu, ewadene kakang prabu kêncêng, aku ora kaparêng mangsuli manèh, nuli didhawuhi mangkat nimbali anak prabu. Hèh, janma pêpêthingan, sarèhning sira sumurup wadi-wadine mau, mula aku tumêka ing prajanira, muga sira banjur nglakonana êndi kang sakira piguna tumrap sira."

Prabu Yudhisthira mangsuli atur: "Kajawi para putranipun uwa Prabu Drêtarastra, sanèsipun sintên malih botoh ingkang purun lampah cidra, tumut wontên ing pasamuan ngriki? Dhuh, paman Widura, mugi kaparênga ngandikakakên sintên tiyangipun ingkang badhe dhadhu kamêngsahakên kula, saha sintên kemawon kawontênanipun sadaya wau, ingkang sami badhe kasukan mawi totohan agêng?"

Pangandikanipun Sang Widura: "Yaiku Prabu Sakuni nata ing Gandara, botoh dhadhu julig, prigêl mbuwang dhadhu sarana laku cidra, sarta kêndêl totohan; kajaba Prabu Sakuni, kang wus padha miranti yaiku Wiwingsati, Prabu Citrasena, Prabu Satyawrata, Purumitra, lan Jaya."

Prabu Yudhisthira matur: "Sêmunipun para botoh ingkang sami julig-julig wau anggènipun sami ngubyungi wontênipun kasukan dhadhu, amung sami ngêndêlakên cidranipun, nadyan sayêktosipun sadaya punika pinêksa ing pêpasthènipun

--- 1382 ---

piyambak-piyambak. Sêmunipun lêlampahan sadaya dumados punika kapurbawasesa ing pangwasanipun ingkang andumadosakên jagad, dene ingkang nata punika papêsthèn, dados kamardikan botên wontên. Dhuh, ingkang wicaksana, kula botên sagêd nglêksanani dhawuhipun uwa prabu, ingkang kalampahanipun sarana pandamêl asor. Têka lêrês, manawi bapa punika tansah badhe makangsalakên sutanipun. Dhuh, paman Widura, paduka sasêmbahanipun para Pandhawa, mugi paringa pangandika pundi ingkang prayogi kula lampahi, awit kula sampun botên nêdya kasukan dados tamtu botên badhe majêng, manawi botên dipun tantang, nanging kintên kula pun Sakuni, kang candhala ing budi tamtu badhe nantang kula, mangka manawi wontên ingkang nantang, saajang-ajanging ajang tamtu kula ajangi, awit kula sampun prasêtya, kula botên badhe ajrih, manawi wontên ingkang purun nantang kula.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Yudhisthira, ingkang ambêg paramarta, sasampunipun matur makatên dhatêng ingkang paman, lajêng dhawuh tata-tata, awit sang prabu badhe tumuntên pangkat dhatêng Hastinapura. Enjingipun malih sang prabu pangkat, kadhèrèkakên para kadang kadeyan, punggawa mantri sarta pramèswari Dèwi Drupadi sapawonganipun. Nalika badhe pangkat, Sang Prabu Yudhisthira ngudaraos wontên sacêlakipun ingkang paman, ingkang babarpisan botên katarik saking timbalanipun ingkang uwa, pangudaraos makatên: "Kumêlape atine wong kang wus rumangsa, yèn bakal kawasesa ing pêpasthèn ala, iku candrane [can...]

--- 1383 ---

[...drane] kaya sumrêpêting netra nalika mêruhi sêsotya coplok saka ngêmbanan. Wong kang binalênggu kongsi ora bisa polah iku mung kudu pasrah marang kang sipat murah lan asih."

Sasampunipun ngudaraos makatên, bêbanthènging darah Bharata, Prabu Yudhisthira minggah ing rata, pisungsung saking Prabu Walhika, ngrasuk busana kaprabon, kadhèrèkakên para kadang kadeyan sadaya, cahyanipun sumorot kadi srêngenge, lampahipun jinajaran para brahmana. Tindakipun Sang Prabu Yudhisthira punika, kenging dipun wastani saking panyurunging mangsakala. Sadumuginipun ing Hastinapura, lajêng lumêbêt kadhaton, sowan ingkang eyang Sang Bhisma Rêsi Drona, Rêsi Krêpa, jawatan asta kalihan Prabu Karma, Rêsi Aswatama, saha lajêng sami rêrangkulan ngantos sawatawis dangu. Sasampunipun lajêng anyêlaki Prabu Somadata. Prabu Duryudana, Prabu Salya, Prabu Sakuni, tuwin para ratu sanès-sanèsipun ingkang sami dipun sêdhahi pasamuan dhadhu. Sasampunipun pinanggih lan para nata sadaya wau, Prabu Yudhisthira lajêng anyêlaki palênggahanipun Sang Drusasana sakadangipun sadaya, saha Sang Jayadrata, lajêng sami rêrangkulan gêntos-gêntos. Sasampunipun waradin anggènipun pêpanggihan kalayan sadaya wau, Prabu Yudhisthira lajêng lumêbêt ing palênggahanipun Prabu Drêtarastra, kaêtut wingking para ari sadaya. Ing ngriku Prabu Yudhisthira lan para ari sami priksa Dèwi Gandari, ingkang bêkti ing priya, lênggah ingadhêp para putri mantunipun, candranipun kadi lintang rohini samadyaning lintang alit-alit. Sang prabu ngaras padanipun [pada...]

--- 1384 ---

[...nipun] ingkang ibu, lajêng dipun nugrahani tuwin dipun bagèkakên, saking ngarsanipun Dèwi Gandari lajêng marak ingkang uwa Prabu Drêtarastra, kang wicaksana. Dhuh, Prabu Janamêjaya, Prabu Yudhisthira tansah ingaras sirahipun dhatêng ingkang uwa, makatên ugi para Pandhawa sanès-sanèsipun. Dhuh, sinuwun, rikala para Kurawa priksa rawuhipun para Pandhawa, sadaya sami amrawata suta, nanging botên dangu lajêng kadhawuhan ngaso ing pakuwon ingkang sampun kasadhiyakakên. Para putri isining kadhaton Hastinapura, kairit Dèwi Dusalah, sami tinjo dhatêng pakuwonipun para Pandhawa. Para putri mantunipun Prabu Drêtarastra sami ewa sêmu mèri, priksa endah saha jinurungipun Dèwi Yajnasêmi, mila sasampunipun wartos-winartos karaharjanipun, lajêng sami pêpisahan, dene Pandhawa lajêng sêsukci nglampahi pitêdahing agami, ingkang kêdah katindakakên sabên dintên. Saparipurnaning manêmbah ing para dewa, lajêng sami ngrasuk busana kêkonyoh saha gandawida jêbat candhana, sarta misungsung para brahmana, ingkang lajêng paring nugraha saha sêsanti. Dupi sampun mangsanipun dhahar lajêng kaladosan dhahar sakalangkung miraos, dalunipun sami lêrêm ing gêdhong pamondhokanipun piyambak-piyambak, nanging para pasindhèn botên kèndêl-kèndêl sami kêkidungan, binarung ungêling gangsa, suwantênipun angrêrangin. Sawungipun[3] saking anggènipun sare, para Pandhawa sampun mirêng swaraning gangsa binarung ing gêgerongan, dados têtelanipun wiwit rawuh wontên ing pamondhokan, ngantos sare sarta wungu malih, punika tansah mirêng swaraning gangsa tuwin pangidungipun para pasindhèn, temah rumaos sakalangkung mulya. Sasampunipun sêsukci saha

--- 1385 ---

nêtêpi warahing agami, para Pandhawa lajêng lumêbêt ing Sabha, kaurmatan para kadang Kurawa saha ratu ingkang sampun wontên ing ngriku, mirantos badhe kasukan.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt wolu, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 59. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para putranipun Dèwi Prita, dipun tindhihi Prabu Yudhisthira, sarawuhipun ing Sabha enggal angrakêti para ratu, ingkang sampun wontên ing ngriku, panjênênganipun lajêng sami ngabêkti dhatêng dara[4] wrêdha, saha tundhuk dhatêng sasami-sami. Sadaya sami kacawisan palênggahan adi, tumumpang ing babut alus saha kandêl. Dupi para Pandhawa sampun satata lênggah, Prabu Sakuni, putranipun Prabu Sulawa, manguwuh dhatêng Prabu Yudhisthira makatên "Anak Prabu Yudhisthira, suwawi dipun priksanana para ingkang sami ngabêkti Sabha punika sadaya wau sami ngêntosi anak prabu. Dhuh, pêpêthinganing narendra darah Bharata, punapa botên langkung prayogi manawi lajêng wiwit kasukan dhadhu kemawon, saha nêtêpakên pintên kathahipun."

Prabu Yudhisthira mangsuli pangandika: "Kawuningana paman prabu, kula kaparênga matur, manawi kasukan ingkang mawi lampah cidra, punika pandamêl dosa, dados nistha ingatasipun ksatriya, têbih saking kautamèn. Kadospundi

--- 1386 ---

dene paman prabu karsa nantang kasukan. Dhuh paman, para wicaksana botên nayogyani dhatêng lampah ngabotohan, langkung malih dhatêng para botoh ingkang purun cidra. Paman bok sampun kasami kalihan pidak padarakan, dene badhe dipun jarah sarana lampah cidra."

Wangsulanipun Prabu Sakuni: "Utaminipun tiyang ngabotohan, manawi priksa ingkang dipun wastani mênang tuwin kawon, sarta sagêd nandukakên cidra dhatêng mêngsahipun ngantos botên kasumêrapan, botên wangwang dhatêng agênging toh, ngrêtos lênggahing ngabotohan, inggih punika mulat dhatêng mêngsah, dhuh Pritaputra, nanging kêdah momot dhatêng gangsuling solah bawanipun mêngsah, dene ingkang asring damêl sêriking manah, punika rak saking tohipun, dados sanès dhadhunipun. Mila kasukan dipun wastani awon, jalaran saking mawi toh. Sampun tansah rangu-rangu, samangke ingkang prêlu dipun rampungi rumiyin punika totohanipun, suwawi nggèr pintên totohanipun."

Pangandikanipun Prabu Yudhisthira: "Pêpêthinganing para mauni, ingkang pêparab Rêsi Dewala, putranipun Rêsi Asita, pitêdah margi ingkang anjog ing swarga utawi ing Yomawi saha kahyangan sanèsipun. Pitêdahipun wau mawi mratelakakên, bilih tiyang ngabotohan mawi lampah cidra, mêngsah ingkang sanès botoh, punika dosa, ngangkah unggul salêbêtipun pêrang, ingkang botên mawi nandukakên cidra dhatêng mêngsahipun, punika kasukan kangge kasarasaning sarira, ingkang sae piyambak; ngabotohan punika ugi kasukan, nanging botên sae kados kasukan ingkang sarana pêrang. Para ingkang pantês ingaji-aji tamtu sami botên nandukakên

--- 1387 ---

lampah cidra utawi kanakalan, punika sinêbut utami dhatêng para ambêk adil. Dhuh, paman Prabu Sakuni, rajabrana ingkang minangka kanthi anggèn kula sinau biyantu pakaryaning para brahmana. Manawi dhêdhasar watak ksatriyan pangudinipun dhatêng kaluhuran, punika botên sarana kasukan ingkang asor punika (ngabotohan), manawi kasukan ingkang luhur punika pêrang ingkang sampun sah. Nadyan mêngsah pisan, punapa prayogi manawi badhe dipun têlukakên sarana ngabotohan ingkang mawi lampah botên lêrês, ingkang makatên punika dipun anggêp sasar.

Prabu Sakuni mangsuli: "O, anak prabu, wontênipun darah ngawirya sami rêbat pangwasa kalihan sasami-sami darahing ngawirya, punika wigatosipun amung saking anggènipun badhe mênang, dados botên saking anggènipun kasinungan manah cidra. Makatên ugi para sarjana anggènipun pêpanggihan sami rêbat lêrês kawruhipun, punika ugi botên darbe sêdya ingkang awon, nanging saking anggènipun badhe pados unggul. Punapa kajêng pados kamênangan punika kenging katêtêpakên awon. O, Prabu Yudhisthira, kalampahanipun tiyang pintêr sangêt dhadhu, nantang tiyang ingkang dèrèng sapintêna kasagêdanipun, punika ugi sinurung dening kajêng ngupaya kamênangan. Tiyang ingkang wosing lampah nyêlaki ing liyan, punika ugi saking pados unggul, ingkang makatên punapa inggih mèmpêr mênawi dipun wastani kajêng ingkang asor? Hêm, anak prabu, punapa bèntênipun kalihan bangsa ksatriya anggènipun nantang mêngsahipun punika ugi pados têlukan, inggih makatên wau wiwitipun tiyang lajêng mêmêngsahan, dados ingkang sami dipun angkah punika mênangipun. Mila manawi

--- 1388 ---

anak prabu anggalih, manawi cêlak kula kalihan anak prabu punika adamêl tangining watak ingkang kirang prayogi, utawi anak prabu punika pancèn ajrih, prayogi botên tumut kasukan kemawon."

Prabu Yudhisthira mangsuli pangandika: "Paman Gandara, manawi kula katantang, suwawi kula ajangi, awit makatên punika sampun dados sêsanggêmaning ksatriya. Paman prabu saèstu botên kakilapan, manawi pêpasthèn punika sakalangkung kawasa, mangka kula sadaya punika sami kawêngku ing pêpasthènipun piyambak-piyambak. Namung kula pitakèn, wontênipun ing pasamuan ngriki, badhe dipun mêngsahakên sintên anggèn kula kasukan. Sintên ingkang purun ngêmbari toh kula, suwawi sami lajêng dipun wiwiti kemawon."

Nalika samantên Prabu Duryudana nambung ngandika: "Yayi prabu, aja sumêlang ing galih, aku bakal nuli utusan jupuk rajabrana gêdhe, sarta sêsotya nawa rêtna, mung kang makili anggonku kasukan mungsuh yayi prabu paman Gandara."

Wangsulanipun Prabu Yudhisthira: "Kasukan dipun wakili ing liyan punika murang anggêring kasukan, punapa kakang prabu karsa lampah makatên, ewadene manawi sampun kula èngêtakên, kakang prabu mêksa adrêng, sampun kadangon, sae tumuntên dipun wiwiti."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt sanga, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 60. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Dupi sampun tapuk kasukan para nata dipun sêpuhi Prabu Drêtarastra, sami lênggah wontên ing Sabha, lênggahipun jèjèr-jèjèr [jèjèr-...]

--- 1389 ---

[...jèjèr.] Dhuh Prabu Janamêjaya, Sang Bhisma, Rêsi Drona, Rêsi Krêpa, tuwin Sang Widura ingkang luhur ing budi, sami wontên sawingkingipun para nata, kalayan nawung raos sakalangkung sungkawa. Para narendra ingkang jangganipun kêkêr kadi luguning[5] singa, saha linangkung ing guna kasêktènipun, sami jèjèr kalih-kalih, nanging wontên ing palênggahanipun piyambak-piyambak. Palênggahanipun para ratu wau inggil-inggil, panyulam saha panggarapipun langkung dening sae. Dhuh Prabu Janamêjaya, suyasa wau katingal saya wimbuh asri, awit kawimbuhan abyoring busana saha sênênging guwayanipun para ratu ingkang sami lênggah ing ngriku.

Dhuh, darah Bharata, nalika samantên lajêng wiwit kasukan.

Prabu Yudhisthira ngandika: "Kakang Duryudana punika wujudipun ingkang kula tohakên, sangsangan oncèn-oncèn mutyara wêdalan saking samodra, nalika kinêbur para dewa, lan para asura, duk ing jaman kina. Suwawi dipun priksanana endahipun tanpa sama, mawi sinêling ing kancana sari. Dhuh ratu agung nyakrawati, lajêng rajabrana warni punapa ingkang kaêtohakên kakang prabu, ingkang ajinipun mirib kalihan gadhahan kula."

Wangsulanipun Prabu Duryudana: "Darbèkku kang rupa sêsotya nawa rêtna, lan rajabrana akèh bangêt, mung owêle dene aku kongsi ora bisa metung, iku dikukuba kabèh yèn pancèn aku kalah."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Nalika samantên Prabu Sakuni kang wasis angopyok dhadhu, enggal ngasta dhadhunipun, sasampunipun Prabu Yudhisthira nimbangi, Prabu Sakuni lajêng manguwuh

--- 1390 ---

sora dhatêng Prabu Yudhisthira: "Kula ingkang mênang nak prabu."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 61. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Prabu Yudhisthira ngandika: "Rèhning paman prabu ingkang mênang dados inggih ngêkap tohipun nanging lêkasipun paman kawistara botên salêrêsipun. Dhuh, paman Sakuni, sampun dupèh mênang, suwawi totohan ingkang langkung kathah malih. Kula darbe guci endah pintên-pintên, isi niskas maèwu-èwu, kajawi punika bandha kula warni kancana, salaka, saha pêlikan sanès-sanèsipun, prasasat botên sagêd têlas, dhuh paman prabu, inggih sadaya punika ingkang dados toh kula."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rikala samantên wiwit sami ngopyok dhadhu malih, wasana Prabu Sakuni nguwuh sora dhatêng Prabu Yudhisthira, putranipun Prabu Pandhu pambajêng, panguwuhipun makatên: "Kula malih ingkang mimpang nggèr."

Prabu Yudhisthira ngandika: "Paman Prabu Gandara, kula darbe rata kaprabon, pusaka sangêt dipun rêmêni dening para Pandhawa, inggih ingkang kula tumpaki sowan kula ing ngriki ajinipun sami lan rataning narendra sèwu rêrêginipun pantês kalihan wujudipun, lèmèkipun cucal sima, roda tuwin dandaning daludakipun binlosong mas, mawi kacanthelan ing gêntha pintên-pintên, mila sabên lumampah swaranipun kumrusuk, rodhanipun nyuwara gumludhug, kadi suwantêning samodra pasang, [pa...]

--- 1391 ---

[...sang,] utawi jawah sênêmèni, pangiridipun kuda wolu, sadaya pêpilihan, tuwin sampun misuwur wontên ing nagari kula, ulêsipun pêthak gilap, kadi sunaring rêmbulan, plajêngipun rikat, ngantos botên wontên sato dharat ingkang sagêd uncat saking dhumawahipun sukuning kapal wau, sabên katrajang. Inggih rata punika ingkang kula tohakên samangke."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi Prabu Sakuni mirêng pangandikanipun Prabu Yudhistira makatên wau, enggal ngasta dhadhunipun, lajêng kasêbar kanthi solah ingkang nawung raos angerang-erang. Dupi Prabu Yudhisthira sampun nyêbar gêntos, Prabu Gandara alok sakalangkung rosa mênang malih."

Prabu Yudhisthira ngandika: "Paman, kula gadhah parêkan sakêthi, sadaya sami nêdhêng parawan, tuwin jangkêp darbe prabotipun, kados ta: kêlatbau, gêlang kancana, kalung niskas jêjamang, sinjangipun sutra, borèhipun jêbat candhana anting-antingipun barleyan, kasagêdanipun wontên suwidak sêkawan warni, jogèt saha ngidungipun sae, sarta prigêl lêlados manawi wontên tamu jawata, snataka brahmana, tuwin narendra. Dhuh, paman prabu, parêkan sakêthi punika ingkang kula tohakên."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Sakuni lajêng ngasta dhadhu, sarta mawi patrap ingkang botên prasaja malih, wêkasanipun lajêng ambêngok: kula ingkang mênang."

Prabu Yudhisthira ngandika: "Paman Sakuni, ingkang kula tohakên samangke panakawan sèwu, sadaya sami prigêl lêlados sèwu pisan wau panganggenipun sarwa sutra, lantip-lantip dhatêng

--- 1392 ---

cipta sasmita, nèm sêpuhipun cêkapan, tur sampun sami sagêd mangrèh kanêpsonipun, sadaya ngangge anting-anting, kawajibanipun ngladosi tamu, dados tamtu prigêl mundhak bèri kancana, ingkang kêbak piring jêne kaisenan dhêdhaharan."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Sakuni putranipun Prabu Suwala, anggènipun nyutak dhadhu kalihan gumujêng, sarta dipun tutup dening alok: kula mênang malih."

Pangandikanipun Prabu Yudhisthira: "Paman prabu sumêrêpa, kula gadhah rata paprangan pintên-pintên, makatên ugi dirada paprangan, kathahipun sami kalihan kathahing rata, sadaya pirantos saha dandanging daludak sami kancana, kuda pangiritipun sadaya sampun kulina kangge prang, dene prajuritipun ingkang numpaki sami lêbda dhatêng paprangan, balanjanipun nyèwu arta salaka, sabên wulanipun, nadyan nuju prang punapa kalanipun têntrêm, paman, inggih punika toh kula."

Rêsi Waisampayana cariyosipun: "Sakèndêlipun Prabu Yudhisthira, Prabu Sakuni, kang candhala ing budi, saha batosipun nêmaha mêmêngsahan kalihan Prabu Yudhisthira, enggal nyêbar dhadhunipun; sasampunipun Sang Yudhisthira nimbangi nyêbar, Sang Suwalaputra ambêngok: têmtu kula ingkang mênang."

Prabu Yudhisthira ngandika: "Paman Prabu Gandara, samangke ingkang sêdya kula tohakên, sadaya kapalipun Arjuna, pisungsungipun bangsa Titiri, Kalmasa, tuwin saking Sang Gandarwa Raja, sadaya sampun samêkta saprabotipun, awit sarêng Sang Gandarwa Raja Cantrarata (Anggaraparna) punika

--- 1393 ---

kasoran prangipun mêngsah Arjuna, lajêng misungsung kapal-kapal wau, mêdal saking sukaning manahipun sang gandarwa raja piyambak."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Sakuni, ingkang tansah mirantos badhe nyidra mêngsahipun dhadhu, enggal ambucal dhadhunipun malih, wasana lajêng nguwuh: Hêm, kula malih ingkang mênang, anak prabu."

Prabu Yudhisthira ngandika: "Sumêrapa paman, kula taksih darbe rata paprangan, saha tumpakan sanès-sanèsipun malih, kuda pangiridipun sakalangkung kathah, sadaya kuda pêpilihan, punapadene kula darbe prajurit sinêlir nêm lêksa, prajurit samantên wau, pêpilihan saking bangsa warni-warni, sabên bangsa kapilih sèwu, sadaya sami prawira saha kêndêl, sabên dintên kacadhongan puhan saha sêkul sae, dêdêg-pangadêgipun gagah prakosa, dhadhanipun wiyar, inggih punika paman ingkang kula tohakên, samangke."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sarêng mirêng pangandikanipun Prabu Yudhisthira, Prabu Sakuni ambucal dhadhu tur pambucalipun mawi lampah dosa, wasana ambêngok: anak prabu kula mênang malih."

Pangandikanipun Prabu Yudhisthira: "Paman, ingkang badhe kula tohakên samangke, gadhahan kula nidhi (sêsotya ingkang awis rêginipun) kawan atus, wadhahipun pètên alit saha tipis, kadamêl saking tosan, tinêpi têmbaga, satunggal-satunggalipun nidhi, rêginipun sami kalihan rêgining balebekan kancana jata rupa tulèn saha awis piyambak rêginipun, bobot gangsal dronika."

--- 1394 ---

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Awit Prabu Sakuni sampun tansah sawega badhe ambucal dhadhunipun, mila sarêng sampun têrang anggènipun Sang Yudhisthira ngandikakakên, dhadhu sinêbar, kalihan solah ingkang mêmanas panggalih; sasampunipun Prabu Yudhisthira nyêbar dhadhu, Prabu Sakuni mêthênthêng kalayan bêngok: kula ingkang mênang."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak satunggal, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 62. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Kasukan wau manawi kalajêngakên têmtu damêl sangsaranipun Prabu Yudhisthira, awit saking punika nadyan sawêg rame-ramenipun sami dhadhu, Sang Widura, pangrurahing raos sêmang-sêmang matur dhatêng ingkang raka Prabu Drêtarastra makatên: "Dhuh kakang prabu, ratu binathara darah Bharata, dipun piyarsakna aturipun Widura, nadyan bokmanawi atur kula punika botên dados panujuning panggalih, nanging manawi kakang prabu kaparêng ngagêm, tamtu sae kadadosanipun, candranipun kados jampi tumrap tiyang sakit, utawi tiyang ingkang sampun badhe pêjah. Rikala anak Prabu Duryudana miyos lajêng jêrit sakalangkung sora, kadi swara pambaunging sêgawon ajag, sabên tiyang mastani, manawi punika sasmita badhe têtumpêsaning têdhak Bharata. Kawuningana kakang prabu, ingkang makatên atêgês manawi Duryudana badhe

--- 1395 ---

dados dadakan surutipun kakang prabu saputra santana sadaya. O, sêsêmbahanipun Widura, dados kadhatonipun kakang prabu punika dipun ênggèni sagawon ajag, maujud pun Duryudana, mila kakang prabu ngantos kakilapan, dene jalaran panggalihipun kakang prabu kasasaban ing karsa ingkang mokal-mokal. Suwawi dipun midhangêtna anggèn kula ngambali pangandikanipun Rêsi Sukra, murih kakang prabu wuninga, suraosipun makatên: "Ing nguni wontên juru ngupaya madu dhatêng parêdèn inggil, tiyang wau nadyan pinanggih ingkang dipun padosi, botên ngèngêti manawi sagêd dhawah saking pucaking rêdi, ingkang dipun pènèki, mila tiyang wau tansah minggah dhatêng pucaking rêdi, ingkang saya mutawatosi, pangangkahipun amung sagêda angsal madu ingkang saya kathah, awit botên narimah dhatêng madu angsal-angsalanipun ing dintên ingkang sampun kapêngkêr, wusana dhawah, dados jalaraning pêjahipun. "Kawontênanipun anak Prabu Duryudana kados juru ngupaya madu, ingkang botên narimah sakêdhik wau. Anak prabu botên ngèngêti lêlampahan ing têmbe, awit katungkul kasukan dhadhu, dados anak prabu samangke punika sawêg katungkul iyasa mêngsah ingkang anggêgirisi, dene ingkang dipun angge ambakali anggènipun iyasa mêngsah wau kadangipun para Pandhawa. Anèhipun têka botên manah dhatêng bêbaya, ingkang badhe kadadosan. Dhuh, narendra wicaksana, saèstunipun kakang prabu dèrèng kasupèn dhatêng lêlampahanipun para ratu bangsa Boja, saking anggènipun rumêksa karaharjanipun para kawula para ratu wau kadugi nglilahakên darahipun satunggal, awit manawi botên karsa nglilahakên darahipun satunggal wau, bangsa Boja sadaya badhe kalepetan piawonipun, inggih

--- [1396] ---

punika para ratu bangsa Handaka, bangsa Yadawa, tuwin bangsa Boja, sayuk saeka kapti nêdya nglilahakên Prabu Kangsa pawingkingipun dupi wontên panyuwunipun para kawula, Sang Kangsa dipun sirnakakên pisan, dene ingkang mrajaya Sri Krêsna pangrurah satru sêkti. Pêjahipun Kangsa wau damêl bingahipun para kawula sadaya, laminipun ngantos satus taun, mila mugi kakang prabu dhawuh dhatêng Arjuna, supados mêjahi Duryudana. Manawi Duryudana sampun kalampahan sirna, para kawula bangsa Kuru sami sagêd bingah manahipun sarta sagêd mulya salami-laminipun. Dhuh, ratu darah Kuru, kang wicaksana, icalipun dandang kagunganipun kakang prabu, kaparênga mundhut mêrak, inggih punika anak-anak Pandhawa tinimbang kakang prabu ngêla-êla sêgawon ajag, langkung prayogi ngingaha sima pisan. Kawuningana kakang prabu, tiyang wênang mêjahi akrabipun satunggal, manawi têtela dados karaharjanipun sadaya akrab. Manawi kangge rumêksa nagari dipun wênangakên sêsaji tiyang sadhusun, dene manawi kangge rumêksa jiwanipun piyambak, jagad saisinipun punika wênang kasajèkakên sadaya. Ingkang kula aturakên punika pangandikanipun Rêsi Kawiya dhatêng para asura raja, murih tega anglilahakên Asura Yamba wêkdal sawêg kalairakên saking garbaning biyungipun, awit Rêsi Kawiya priksa dhatêng lêlampahan ingkang badhe saha sampun kalampahan, wuninga dhatêng osiking manahipun sagung tumintak.[6] Manawi tumrap mêngsahipun Rêsi Kawiya dados tuking raos giris. Kacariyos ing kina wontên satunggiling narendra, dhawuh dhatêng kawulanipun, supados sami budidaya, sadaya pêksi-pêksi wanan, ingkang sami sagêd ngawontênakên jêne (mas)

--- 1397 ---

purun nusuh ing nglêbêt kadhatonipun sang prabu. Nanging sarêng sang prabu kenging pambujuk, lajêng dhawuh supados pêksi-pêksi wau sami dipun pêjahi. Dhuh, pangrurah satru sêkti, saking sangêt kèlu dhatêng pambujuking para candhala, saha saking sruning karsa badhe bingah-bingah ingkang tuwuh saking darbe mas, sang prabu kalimput, lajêng karsa mêjahi pêksi-pêksi wau, dados bêgjanipun lajêng sirna, awit jêne ingkang pamêndhêtipun sarana mêjahi pêksi wau, manawi sampun têlas, lajêng botên sagêd angsal jêne malih. Enggalipun sang prabu lajêng malarat sangêt. Dhuh, kakang prabu, sampun niksa Pandhawa, awit saking kêpengin andarbèni gadhahanipun, kados kawontênanipun ratu, ingkang kula aturakên wau. Manawi kakang prabu amung anjurungi ardaning kamurkan, ing têmbe têmtu kaduwung, kados sang ratu anggènipun mêjahi pêksi. Dhuh, darah Bharata, sampun kalajêng-lajêngakên anggènipun mrithili anak-anak Pandhawa, ingkang candranipun kados sêkar. Sampun nulad lampahipun para tukang sade sêkar, sabên dintên ngrontogi sêkar saking witipun ing patamanan, awit saking anggènipun kapengin angsal kauntungan. Pandhawa sampun dipun risak, bêbasan dipun grigiti ngantos dumugi ing dhangkèlipun, kadi kawontênaning mawa, dangu-dangu saèstu sagêd andadosakên arêng glondhong kajêng agêng. Dhuh, kakang prabu, mugi lêlampahan punika sampun dipun lajêng-lajêngakên, murih kakang prabu sampun ngantos kacêmplung Yomani saputra santana, nayaka, saha para wadyabala sadaya, awit para putra paduka sintên ingkang kagalih sagêd mapagakên krodhanipun para pritaputra, punapa Sang Hyang Indra, ingkang kawajibakên mangrèh para dewa,

--- 1398 ---

karsa nangsaya dewa. Kawuningana kakang prabu, paduka kawajibakên mangrèh para darah Bharata.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak kalih, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 63. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Pangandikanipun Sang Widura: "Ngabotohan punika wiji cêcongkrahan, sarta anjalari botên rukun, kadadosanipun têmtu anggêgirisi, ewadene putra paduka Duryudana damêl dadakaning lêlampahan ingkang anggirisi wau awit Duryudana damêl mêngsah ingkang kaprawiranipun tanpa timbang. Para darahipun Prabu Pratipa, Prabu Santanu sawadyabalanipun, ingkang tandangipun damêl ulaping mêngsah, dalah srayanipun, bangsa Walhika, têmtu badhe têtumpêsan, krana saking piawonipun Suyudana, amargi Suyudana liwung dening pangrêncananing pêpenginan, wêkasan badhe nglarutakên kabêgjan saha karaharjaning praja Hastinapura, candranipun kadi banthèng liwung awit kataton, punika ngantos damêl pokahing singatipun. Dhuh, kakang prabu, tiyang ingkang ambêg sudira tuwin para sarjana, punika manawi ngrèmèhakên pamanggihipun piyambak, lajêng miturut pamanahipun tiyang sanès, tamtu badhe kataman ing raos sakalangkung prihatos, candranipun kados numpak baita wontên ing sagantên, mangka dipun kêmudhèni lare alit. Duryudana samangke sawêg ngabotohan mêngsah Pandhuputra, kakang prabu bingah, awit Duryudana mênang, mangka walèh-walèh punapa, kakang prabu, manawi pamanggih kula, inggih punika ingkang anjalari pêrang,

--- 1399 ---

ingkang wohipun: tiyang pintên-pintên sami sirna. Makatên punika pandamêl ngabotohan anggènipun nasarakên. Kakang prabu ngintên sae, mangka nyatanipun badhe nguwoh lêlampahan ingkang êrês-êrêsi manah. Kakang prabu amung anjurungi dhatêng pamanggihipun kaki Prabu Duryudana kalihan pamrayoginipun Prabu Sakuni, têmahan andamêl sungkawaning panggalih paduka piyambak. Paduka tilar kawêwekan, kadospundi dene lêlampahan ingkang anjalari cêcongkrahan kalihan anak Prabu Yudhisthira punika paduka lajur kemawon. Dhuh, turunipun Prabu Santanu, kawuningana, para têdhakipun Prabu Pratipa, ingkang samangke sampun ngêmpal ing Sabhaning Kurawa, suwawi kamirêngna anggèn kula nyariyosakên wêdharing piwulang kawicaksanan, mugi sampun wontên ingkang nêmaha lumêbêt ing latu agêng murub mangalad-alad, sangêt anggirisi, amung saking mituruti panêdhanipun tiyang gêmblung. Manawi Ayathasatru, putranipun kakang Prabu Pandhu, ingkang samangke sawêg katungkul kasukan dhadhu, ngantos tangi kanêpsonipun, pun Bhima, Arjuna, Nakula tuwin Sahadewa ugi muring-muring, upaminipun, awit saking judhêging manah, lajêng nyobi minta pêngayomanipun para ratu sadaya punika, gèk kadospundi wangsulanipun para ratu punika. Dhuh, kakang Prabu Drêtarastra, paduka kenging dipun wastani sampun prasasat tambang rajabrana ingkang saking dhadhu, rajabrana ingkang pinangkanipun saking anggènipun mênang ngabotohan mêngsah Pandhawa, para ingkang wontên ing ngriki sadaya sampun sami priksa kajuliganipun Prabu Gandara, manawi kasukan, ratu parêdèn Prabu Sakuni lêbda dhatêng cidraning tiyang kasukan, mila prayogi manawi Prabu Sakuni kadhawahan [kadha...]

--- 1400 ---

[...wahan] kundur dhatêng nagaranipun piyambak. Dhuh, kakang Prabu Drêtarastra, sadhèrèk kula sêpuh, mbok sampun ngawontênakên dadakaning pêrang mêngsah Pandhawa.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak tiga, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

Bab 64. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Prabu Duryudana nambung pangandika: "Paman Ksatta, panjênêngan rêmên gunggung kaprawiraning mêngsahipun Kurawa, sarta sangêt ngrèmèhakên dhatêng kula dalah para ari sadaya, para Drêtarastraputra panjênêngan candra kadi lare alit, punapa paman dèrèng priksa, manawi tiyang ingkang nêdya damêl ungguling kêkasihipun, sarana damêl kasangsaranipun ingkang botên dipun sihi, punika lajêng dados mêngsahipun ingkang kaangkah sangsara wau, pangalêm saha panacadipun punika têmtu badhe anguwoh. Paman Widura, lidhah saha cipta jêngandika nyidrani batos panjênêngan piyambak, panyatrunipun paman ing kula ingkang kawêdal wontên pangandika, punika agêngipun dèrèng kados ingkang kacêtha ing panggalih. Salami-laminipun paman tansah dipun pundhi-pundhi para Kurawa, samangke makatên punika wêwalês panjênêngan dhatêng bêktinipun. Panjênêngan kula candra kadi sawêr ingkang kapangku kalihan dipun êlus-êlus, tamtu taksih purun nyakot; panjênêngan kadi ambêking kucing amung tansah damêl pitunanipun ingkang sami ngêla-êla. Para sujana sarjana sami ngandika: manawi ingkang dipun

--- 1401 ---

wastani, juru ngukir dosa ingkang julig piyambak punika: tiyang ingkang damêl cilakaning gurunipun. Dhuh, paman Widura, kadospundi dene panjênêngan botên ajrih nindaki dosa makatên wau. Mangka sampun têtela lajêng angsal kamulyan agêng, mila mugi sampun nyawiyah dhatêng Kurawa, saha ngandika sakênyoh-kênyohipun, ingkang damêl tatuning manah, punapa kula nyuwun pamrayogi dhatêng paman, pedah punapa paman tansah anggêdêbus. Piawon makatên mugi dipun mantunana, paman èngêta, sampun kalajêng-lajêng damêl sêriking manahipun tiyang ingkang kodrating kalairanipun langkung luhur tinimbang sarira piyambak. Ingkang wajib nênuntun saha ngulatakên ing tiyang punika amung satunggal, botên kalih utawi langkung, sarta anggènipun nênuntun wau wiwit wontên ing garbaning biyungipun, dados kula punika sampun gadhah guru piyambak sarta kula inggih tansah anut miturut sapitêdahipun, kadi toya anggènipun tansah amurugi ing pundi panggenan ingkang lêdhok-lêdhok. Wontênipun tiyang kabêntus-bêntus ngantos buncur, saha ngantos purun ngêlus-êlus sawêr punika inggih saking panuntuning ciptanipun, dados anggèn kula nglampahi makatên punika inggih saking panuntuning cipta kula piyambak, dados manawi tiyang mêksa kemawon anggènipun badhe nuntun, tamtu malah lajêng dados mêngsah. Nanging manawi amung suka pamrayogi, tur anggènipun mrayogi wau namung raos nêdya nyantosakakên pamitranipun, manawi tiyang ingkang limpat budinipun, tamtu purun ngantawisakên, yèn têmên sae tamtu purun ngangge. Tiyang ambêsmi kapur barus botên manggih awunipun, manawi botên purun tumuntên mêjahi urubing latunipun.

--- 1402 ---

Tiyang kêdah botên suka pangayoman dhatêng mitranipun mêngsahipun utawi dhatêng tiyang ingkang tansah mèri dhatêng ingkang ngayomi tuwin dhatêng tiyang ingkang awatak candhala. Paman Widura, pamrayoginipun paman kesaha saking ngriki, dhatêng pundi kemawon, kula sumangga; pawèstri palanyahan punika nadyan kawêngku ing priya ingkang gumati, mêksa kadugi nilar lakinipun.

Sakèndêlipun Prabu Duryudana, Sang Widura lajêng matur dhatêng Prabu Drêtarastra makatên: "Dhuh, nata binathara ing Hastinapura mugi kakang prabu ngandikakakên saraosing panggalih kadi sêksi nalika kadangu ing pangadilan, sarta dhêdhasar adil, kadospundi kadadosanipun bandara, ingkang botên dhahar aturing kawula, ingkang pancèn kapatah mulang muruk, saha ngèngêtakên. Têrang manawi panggalihipun para ratu punika limrahipun botên lana, suwau paring pangayoman, nanging wêkasanipun nundhung."

Pangandikanipun Prabu Drêtarastra makatên: "Dhuh putraningsun, kapriye têka cupêt têmên budimu, dene si paman sira bocahake bae. Mara nggèr rasakna kang jêro, yèn wong kamitra ing ratu, sarta bisa nuduhake klirune tindake kang dimitra mau, iku apa bocah cilik. Wong-wong candhala budi têmtu sungkan, yèn diajak bêbarêngan nggarap panggawe bênêr, kaanane kaya wadon palanyahan, têmtu sêdhih nunggal sapanggonan lan wong bêcik, têtelane pitutur bêcik ora dadi panujune pikirira, candrane kaya priya kang wus umur suwidak taun, tamtu ora disênêngi parawan. Kaki Prabu Duryudana, putraningsun dadi sira yèn kêpengin ngrungu têmbung kang nyênêngake ciptanira, tumrap panggawenira bêcik apa

--- 1403 ---

ala, takona bae marang wong wadon, wong gêmblung lan wong tuna budi utawa sapêpadhane, ing donya kene akèh wong kang sênêng sarta nggugu marang wong kang kêbak dosa, lan arang wong kang prêtitis yèn amituturi, mêngkono uga kang gêlêm ngrungokake iya arang bangêt. Kang diarani sajatining sraya tumrap panjênêngan nata, iku wong kang wus ora maèlu, apa ature mau dadi panujuning panggalihe sang prabu apa ora, kabèh solah bawane dhêdhasar kautaman, kalamangsa ucape ora nyênêngake, nanging yèn gêlêm ngrasakake unine iku dadi wulang kang migunani. O, ratu agung, darah Bharata kulup, êmbok ngunjuk banyu kawruh, kang diunjuk para luhur ing budi, sarta ngêmohana ombèn-ombène kang padha asor budine. Panalangsa iku kaya jamu, rasane pait nyêthak, kêmramyas ora nyênêngake, nanging bisa marasake. Kulup, manawa sira nalangsa, kautamanira bisa bali manèh, ênggèr pangajape si paman ora liya, kajaba kakang Prabu Drêtarastra saputra santanane padha bêgja lan misuwur, sarèhne aku sira tundhung, iya padha kariya basuki, aku tumuli arêp mangkat pamujiku para brahmana ngaranana bêcik marang aku. Dhuh, darah Kuru, lêlakon iki manjinga dadi piwulang tumrap aku lan aku mêkas, para luhur aja dhêmên ambeda ula galak, kang mandi wisane."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak sêkawan, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

--- 1404 ---

BAB 65. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Prabu Sakuni ngandika: "Anak Prabu Yudhisthira, sampun kathah anggèn panjênêngan ngawonakên rajabrananipun Pandhawa, dhuh Pritaputra, manawi pancèn taksih wontên ajèn-ajèn ingkang pantês dipun angge totohan, mbok dipun ngandikakakên."

Pangandikanipun Prabu Yudhisthira makatên: "Dhuh, paman Suwalaputra, nadyan kula priksa manawi rajadarbèk kula ngantos botên wontên tiyang ingkang sagêd mratelakakên, nanging punapa pigunanipun paman pitakèn prakawis punika. Suwawi paman, kula aturi ngandika kemawon, pintên tohipun, punapa atusan, ewon lêksan punapa yutan utawi langkung saking samantên, kula botên ajrih. Paman Gandara, samangke rajabrana kula, kula tohakên sadaya."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi Prabu Sakuni mirêng pangandikanipun Prabu Yudhisthira makatên wau, enggal ambucal dhadhu, kalayan pratingkah ingkang botên prasaja. Dupi Prabu Yudhisthira ugi sampun nyêbar dhadhu gêntos, Sang Suwalaputra ambêngok: kula ingkang mênang, anak prabu."

Prabu Yudhisthira ngandika: "Dhuh, paman Sakuni, kula darbe lêmbu, kapal, lêmbu pêrêsan sapêdhètipun saha menda kathahipun tanpa wicalan, sadaya wau kula dhawuhi andèkèk ing papan ngare, ing gêdhaganipun lèpèn Narnata kalihan lèpèn Sindhu. Dhuh, paman, inggih sadaya wau ingkang minangka toh kula."

--- 1405 ---

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Sakuni ingkang tansah sawega badhe nyêbar dhadhunipun, dupi dipun pangandikani makatên dhatêng Prabu Yudhisthira, lajêng tumandang ing damêl, inggih punika nyêbar dhadhu, nanging pambucalipun mawi lampah cidra. Sasampunipun sawatawis lajêng ambêngok: kula ingkang mênang malih."

Prabu Yudhisthira ngandika: "Paman priksa manawi kula darbe nagari, jajahan, sarajabrananipun, sami kula tohakên, kajawi gadhahanipun para brahmana malah têtiyangipun ing nagari-nagari kula wau, kajawi para brahmananipun sadaya kula tohakên. Dhuh, paman prabu, sadaya wau sampun dados gadhahan kula."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sakèndêlipun Prabu Yudhisthira, Prabu Sakuni ambucal dhadhu kalihan lampah cidra, sarta ngandika: Anak prabu katingalana, kula ingkang mênang."

Pangandikanipun Prabu Yudhisthira: "Para rajaputra ingkang sami ndhèrèk lampah kula dhatêng ing ngriki, guwayanipun katingal sumorot, sami kêkalung niskas, dalah panganggenipun sadaya, punika darbèk kula, samangke kula tohakên."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Nalika samantên Prabu Sakuni ugi ambucal dhadhunipun, kalihan cidra, tuwin ambêngok: nggèr, para rajaputra sadaya punika samangke dados gadhahan kula."

Pangandikanipun Prabu Yudhisthira: "Paman prabu ingkang kula tohakên samangke ari kula Nakula, ingkang santosa baunipun, gulunipun kadi guluning sima, netranipun sumunar, sarta taksih nêdhêng taruna."

--- 1406 ---

Catatan kaki:

1. wangsulanipun (dan di tempat lain). (kembali)
2. amrih (kembali)
3. Sawungunipun (kembali)
4. para (kembali)
5. guluning (kembali)
6. tumindak (kembali)