Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855

1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata

Sêrat Mahabharata No. 12.

7 Dhesèmbêr 1958.

Wangsulanipun Prabu Sakuni: "Dhuh, anak Prabu Yudhisthira, Sang Nakula punika kêkasihipun anak prabu, suwawi katingalna wujudipun, mangka botên wande dados tiyang kula, manawi Sang Nakula sampun kula kêkap, gèk sintên malih ingkang badhe kaêtohakên."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sarwi ngandika makatên wau, Prabu Sakuni kalihan nyêbar dhadhunipun, sasampunipun Prabu Yudhisthira nyêbar dhadhu gêntos, Sang Sawalaputra alok malih, hara ta, Nakula kenging kula yêktos."

Prabu Yudhisthira ngandika: "Paman sumêrapana manawi yayi Sahadewa punika ingkang kula wênangakên ngasta pangadilan ing karaton kula, sarta wontênipun jagad ngriki, Sahadewa misuwur kalangkunganipun, nadyan piyambakipun botên pantês dipun angge totohan, ewadene mêksa kula tohakên, kula trêsna sangêt ing piyambakipun."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi makatên pangandikanipun Prabu Yudhisthira, Prabu Sakuni enggal bucal dhadhu, ugi mawi lampah cidra, botên dangu kapyarsa pambêngokipun: kula ingkang mênang."

Prabu Sakuni ngandika malih: "Anak prabu, samangke kêkasihipun anak prabu, inggih punika Madriputra sakalihan sampun dados gadhahan kula, nanging sêmunipun anak prabu pakèwêt badhe ngêtohakên Bhimasena tuwin pun Dananjaya."

Prabu Yudhisthira ngandika: "He, paman Gandara, têtelanipun paman isi watak candhala, dene kawistara nêdya damêl cungkrah kula kalihan para kadang ingkang nunggil budi, ingkang makatên punapa botên murang kasusilan?"

--- 1407 ---

Wangsulanipun Prabu Sakuni makatên: "Tiyang liwung saking katungkul dhatêng salah satunggaling kasênêngan, punika inggih lajêng numbuk-numbuk, wasana kacêmplung ing sumur. Wontên ing ngriku lajêng botên sagêd mêntas. Manawi golonganing rajaputra darah Bharata, anak prabu ingkang kathah piyambak yuswanipun, punapadene ingatasipun kawruh, paduka pinunjul. Dhuh, pêpêthinganing darah Kuru, mila, mugi angêgungna pangaksama dhatêng kalèntu kula wau. O, anak Prabu Yudhisthira, saèstu anak prabu botên kêkilapan, manawi para botoh punika sabên ngabotohan asring-asring kawêdal têtêmbunganipun ingkang botên pantês kamirêngakên, nadyan manawi botên nuju kasukan tamtu botên kadugi mungêl makatên wau, malah ngantos wontên salêbêtipun supêna pisan, tamtu botên kadugi ngucapakên."

Pangandikanipun Prabu Yudhisthira makatên: "Suwawi, paman dipun priksanana pun Arjuna ingkang asring ambibrahakên gêlaripun mêngsah, kadi kawontênaning baita nyabrang samodra, Arjuna prajurit ingkang tansah unggul kalihan mêngsahipun, inggih putranipun narendra ingkang agêng lêlabêtanipun, têtela yèn lananging jagad, nadyan botên pantês upami dipun tohakên, ewadene samangke kalampahan kula tohakên."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Sakuni ingkang tansah jujul anggènipun ambucal dhadhu, sasampunipun Prabu Yudhisthira ngandika makatên wau, lajêng ambucal dhadhunipun kalihan lampah cidra malih, wasana alok malih: la dalah kula mênang malih."

Rikala punika Prabu Sakuni ngandika malih: "Sang Palguna, têtungguling para sikêp langkap, sarta tanganipun

--- 1408 ---

kanan kering sami kemawon parigêlipun nandukakên dêdamêl, samangke sampun kula boyong, mila kêkantunaning bandha kagunganipun anak prabu mugi dipun êtohna pisan. Dhuh, Pandhuputra, kadang paduka ingkang dados dununging sih, pun Bhimasena samangke dipun tohna."

Prabu Yudhisthira ngandika: "Paman Sakuni, nadyan Bhimasena botên pantês kula tohakên, ewadene kula têmah paman priksa manawi ari kula ingkang gagah prakosa punika senapatining Pandhawa linangkung manawi wontên ing paprangan, tan prabeda kalihan jawata kang sikêp balêdhèg, inggih dewa pangrurahipun para danawa. Bhimasena ingkang sudira rananggana, gulunipun kadi guluning singa jalêr, alisipun jait mêlêngkung, netranipun gilar-gilar, botên mêntala dhatêng panyamah saha pangerang-erang, karosanipun sajagad botên wontên ingkang nimbangi têtungguling prajurit sikêp gada, pangrurahing satru sêkti."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sakèndêling pangandikanipun Prabu Yudhisthira, Prabu Sakuni mbucal dhadhunipun, ugi mawi lampah cidra saha lajêng manguwuh; Bhima kenging kula."

Prabu Sakuni ngandika malih: "Anak prabu, sakathahing rajabrana, kuda, dirada, tuwin para kadang, sampun têlas kaêtohakên sadaya, samangke punapa ingkang badhe kaêtohakên malih?"

Prabu Yudhisthira ngandika: "Ingkang dèrèng dipun kêkap mêngsah amung kantun kula piyambak, pambajêngipun sarta dipun trêsnani para kadangipun, manawi paman prabu ngantos sagêd mênang malih kula lajêng masrahakên dhiri."

--- 1409 ---

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Sakuni ingkang lêbda ambucal dhadhu sarana lampah cidra, sasampunipun ngandika makatên, lajêng pratela dhatêng sadaya para ratu, ingkang sami wontên ing ngriku, prakawis anggènipun sampun amboyong Pandhawa sadaya, wasana lajêng ngandika dhatêng Sang Yudhisthira, makatên: "Anak prabu dunung kêkasih paduka dèrèng katut kaêtohakên, inggih punika Dèwi Drupadi, Krêsna, putri Pancala. Suwawi dipun êtohna, manawi anak prabu sagêd mênang, badhe kula luwari saking anggènipun anak prabu dados boyongan."

Prabu Yudhisthira ngandika: "Anggèn kula kasukan, mêngsah paman prabu taksih nêdya kula lajêngakên dene ingkang kula tohakên yayi Dèwi Drupadi ingkang dêdêgipun pidêksa, dhadhanipun wêwêg, netra blalak-blalak kadi sêkar tunjung ing mangsa labuh, tur badanipun angganda arum angambar, kadi sêkar tunjung, sulistya warna kadi Dèwi Laksmi ingkang sêngsêm dhatêng sêkar têrate, sawanganipun angrêsêpakên manah, datan pae kalihan pangejawantahipun Dèwi Sri. Nadyan tiyang jalêr punapa èstri sami asih trêsna dhatêng pun Drupadi, awit yayi dèwi alus bêbudènipun. Rajabrananipun yayi dèwi punika kaendahan tuwin kautamèn, wasis dhatêng saliring pakaryaning èstri, ambêg wêlasên, wicaranipun manis, mila sabên tiyang èstri sami kapengin mêndhêt sadhèrèk, nanging manawi tiyang jalêr sami kapengin ngrabi, awit yayi dèwi migunani kangge sarana ngupaya kautamèn, kabingahan saha rajabrana. Drupadi ngantos lingsir dalu sawêg tilêm, dene tanginipun enjing sangêt, lajêng niti dhatêng para kawulanipun, ngantos dumugi pangèn maenda tuwin lêmbu

--- 1410 ---

ugi katiti punapa botên kakirangan têdha tuwin pangangge. Saking ramenipun nambut karya, ngantos bathukipun kêbak karingat, katingal manang-manang kadi sêkar mawar kataman bêntèring surya. Putri ing Pancala punika bangkèkanipun nawon kêmit, rambutipun cêmêng ngandhan-andhan, lambenipun abrit, ula-ulanipun ndêgèg: dhuh, paman Swalaputra, yayi dèwi kang gilig lambungipun wau, ingkang kula tohakên samangke."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi makatên pangandikanipun Prabu Yudhisthira, para wrêdha lajêng sami manguwuh: aja-aja, kang mangkene mirang-mirangake.- Rikala samantên sadaya ingkang sami wontên ing ngriku, sadaya sami gêtêr panggalihipun. Para nata katingal sami kucêm guwayanipun, pratandha sami sungkawa. Risang Bhisma, Rêsi Drona, tuwin Rêsi Krêpa, sami kumyas riwenipun, Sang Widura astanipun kêkalih pisan katutupakên mêstakanipun, kados patrapipun tiyang sampun botên darbe pangajêng-ajêng, paningal mriksani ngandhap, kuwur raosing panggalih, mila tansah angêsês-êsês kadi sawêr, nanging Sang Drêtarastra sakalangkung bingah, sabên-sabên andangu: "Sida kêna apa ora." Sang Prabu Drêtarastra ngantos kawistara manawi panggalihipun jujul, awit sêlak kêpengin priksa kawusananipun. Prabu Karha, Sang Dusasana, sami cukakakan gumujêng, nanging sanèsipun punika sadaya sami ngutahakên waspa. Prabu Sakuni astanipun mathênthêng sirahipun dêngèngèk, katingal kumaki, pangandikanipun sêmu ngerang-erang, tanpa kèndêl, wasana ngandika makatên: hara ta, rak kula sayêktos ingkang mênang, kalihan ngukupi dhadhu ingkang taksih pating salêbar."

--- 1411 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak gangsal, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

BAB 66. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Prabu Duryudana ngandika: "Paman Ksakta, suwawi Drupadi, garwanipun Pandhawa, ingkang sangêt dipun trêsnani punika, katimbala mriki supados ngêluti godhong punika, manawi ndaga dipun ruda pêksaa, èstri cilaka punika dipun sukanana panggenan nunggil kalihan para parêkan."

Wangsulanipun Sang Widura: "Dhuh, wong tuna budi, apa kowe durung sumurup manawa panggawe kang nyarikake ati kaya lêkasmu iku, kêna kaupamakake nalèni gulune dhewe, utawa ancik-ancik pucuk êri. Yèn diupamèkake sato, kowe iku kidang ambeda macan, apa pancèn nêmaha bisane padu. Lêkasmu kabèh mau dak candra ora beda lan nyogok ula mandi wisane, kang lagi ngalekar, ana ing sirahira. Hèh, si angkara murka, bok aja kok bacut-bacutake anggonmu natoni atine Pandhawa, kang mangkono kêna diarani nyidham Yomani. Hèh, Duryudana panêmuku Drupadi ora kêna kok anggêp batur tukonmu, awit nali[1] Yudhisthira ngêtohake Yajnasèni, iku awake wus dadi boyongane mungsuhe, dadi nalika mau Yudhisthira wus ora darbe wêwênang ngêtohake sang dèwi. Anggonmu ngukup Drupadi iku kaya kaananing pring, bisane uwoh iku yèn wus arêp mati. Si cubluk kongsi saprene iku durung ngrêti, yèn wong dhadhu iku nganakake mêmungsuhan, lan rasa bingung kang kongsi angrisakake ati. Yèn wong bêcik apa kaduga ngucapake [ngucap...]

--- 1412 ---

[...ake] wicara kang wêngis lan kang gawe tatu atine wong liya. Yèn wong utama apa gêlêm nêlukake mungsuh sarana dhadhu kang pambuwange dhadhu sarana laku cidra. Yèn para sarjana, apa gêlêm ngucapake wicara kang mirang pêpelinging Wedha, sarta nênuntun marang Yomani, sarana nyêrikake atining wong liya. Wong-wong padha ngènthèngake têtêmbungan kang cumlêkit, dadi sabên-sabên natoni atine wong liya, wêkasan kang padha tatu atine mau, rina wêngi mung tansah gêtêm-gêtêm, awit atine tatu kongsi jêro. Manawa lele kongsi gêlêm nyarab pancing, sawuse têkan ing gurung panguntale, nuli disêndhal, dene si paman mancing, barêng wus têkan ngêntasan, êndhasing lele banjur digêcak, gurunge disuwèk prêlu kanggo gampangake anggone jupuk pancinge. Mulane Duryudana, aja katungkul nyarapi bandhane Pandhawa, nggèr, bok aja mungsuh Pandhawa, para putrane kakang bok Dèwi Prita ora tau ngucapake têmbung kang nyêrikake ati. Mung wong asor budine, kang gêlêm nglakoni kaya solahing asu gêlêm muni ala marang wong luhur darajade, kaya ta: marang para kang nêmaha manggon alas nglakoni ngrukti bale wisma, wong tapa brata, sarta para kang lêpas ing budi. Lah kapriye dadine, têka Duryudana ora ngira yèn wong nyia-nyia wong, iku wong ngancik lakuning lawang Yomani, kang gêgirisi gèk kaya apa olèh-olèhane, dene para Kurawa kang akèh-akèh sarta Dusasana sajrone ngabotohan gêlêm tumindak mangkono, mangka nadyan waloh kanthi pisan, yèn kacêmplungake ing banyu, iya bisa silêm. Kosokbaline watu uga ana kang kumambang, prau kèrêm, kapriye dene Drêtarastraputra kang candhala budi iku ora kengguh dening pitutur bêcik, têtelane sang

--- 1413 ---

prabu arêp nyoba ngrusak bangsa Kuru. Manawa mitrane pitutur wêwaton kawicaksanan, sarta bisa anjalari bêcik, wus ora dipaèlu, nanging bujuk saya dadi, iku têtela arêp nêmu karusakan gêdhe, bangêt gêgirisi, kang kasandhang ing bangsa Kuru kabèh."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak nênêm, perangan Eyuta[2] ing Sabhaparwa.

__________

BAB 67. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Awit saking mongkoking panggalih Sang Duryudana: "He paman Ksatta, ora wirang ngucapa mangkono." Sasampunipun ngandika makatên sang prabu nolèh pratikamin[3] ingkang ngadhêp ing sawingkingipun kalihan dhawuh makatên: "Pratikamin, Drupadi timbalana mrene saiki, aja wêdi marang para Pandhawa paman Widura dimèn lêstari gone nglindur kagawa saka wêdine marang para Pandhawa, sarta ora tau ana unine kang bêcik marang Kurawa."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Pratikamin, turuning bangsa Sota, dupi tampi dhawuhing gusti, enggal lumampah dhatêng pamondhokanipun Pandhawa, candranipun kadi sêgawon lumêbêt ing song panggenan sima, sarta lajêng pinanggih Dèwi Drupadi. Dupi sampun cêlak kalihan lênggahipun sang dèwi, lajêng nyêmbah

--- 1414 ---

sarwi matur: "Dhuh, Dèwi Drupadi, raka paduka Prabu Yudhisthira, saking kasarêng anggènipun dhadhu, ngantos kasupèn, dene karsa angêtohakên paduka, têmahan kawon, dados paduka samangke sampun dados boyonganipun Prabu Duryudana, sarta dipun timbali dhatêng pambujanan, sarêng salampah kula. Dhuh, Sang Yajnasèni, kula kapatah paring pandamêlan dhatêng sang dèwi, kadi limrahing parêkan."

Dhawuh wangsulanipun Dèwi Drupadi: "Dhuh, Pratikamin, apa têmên mangkono, awit yèn putraning narendra apa kasukan bae kongsi ngêtohake garwane, kagawa saka panasing panggalih anggone kalah dhadhu, nganti kasupèn karsa angêtohake garwane."

Atur wangsulanipun Pratikamin: "Dhuh, pramèswari nata, Sang Ayatasatru, putranipun Prabu Pandhu, sadaya kagunganipun sampun têlas kasukakakên mêngsahipun. Ingkang taksih kantun garwa, mila ugi lajêng dipun tohakên, gusti, raka paduka suwau ngêtohakên para kadang, para kadang kakêkap mêngsah lajêng sariranipun dipun tohakên, wêkasan angêtohakên paduka."

Dèwi Drupadi ngandika: "He, darah Suta, kowe matura marang botoh dhadhu kang kalah iku, dhisik êndi anggone ngêtohake aku, lan anggone ngêtohake sarirane dhewe. Yèn wus dipangandikani enggal kowe balia mrene nuturake kapriye pangandikane, ing kono aku banjur tut wuri salakumu."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Pratikamin wangsul, sadumugining Sabha dunung anggènipun sami kasukan, lajêng ngaturakên pangandikanipun Dèwi Drupadi dhatêng Prabu Yudhisthira, ingkang

--- 1415 ---

lênggah wontên têngahipun para narendra pintên-pintên, aturipun makatên: Kawuningana sinuwun, pramèswari paduka dhawuh ing kula, supados munjuk ing panjênênganipun sinuwun, minangka sêsulihipun rayi paduka, makatên: "Dhuh, ratu darah Bharata, nalika paduka kawon, lajêng angêtohakên badan kula, punika punapa paduka taksih darbe wênang, sintên ingkang paduka tohakên rumiyin, punapa kula punapa sarira paduka."

Rikala punika Prabu Yudhisthira kodhêng kadi kumbul atmanipun, mila botên mangsuli punapa-punapa dhatêng Pratikamin. Wasana Sang Duryudana ngandika: "Putri Pancala timbalana mrene, dimèn matur dhewe bae. Dadi kabèh kang ana ing pasamuan iki mirêng kabèh, anggone pitakon marang priyane."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Utusan miturut, enggal wangsul dhatêng pamondhokan Pandhawa kalayan susah manahipun. Dupi sampun pinanggih lan Dèwi Drupadi lajêng matur: "Kawuningana gusti, paduka katimbalan dhatêng ing Sabha dening para ingkang sami wontên ing Sabha, têrangipun Prabu Duryudana ratu kang tuna budi punika, sampun botên kuwawi gondhèli kamulyanipun."

Dèwi Drupadi mangsuli ngandika: "Satêmêne sarupaning lêlakon wus katata dening Hyang Wasesajati, kamulyan diparingake marang para linuwih, nanging kasangsaran marang tuna budi. Para wicaksana ngandika, manawa kautaman iku gêgayuhaning manungsa kang dianggêp luhur dhewe. Dadi yèn wong sêngsêm marang kautaman, kautaman bakal

--- 1416 ---

asung nugraha marang wong mau. Mula para Kurawa bok aja tinggal kautaman. Hèh, Pratikamin kowe balia, banjur ngaturna kabèh atur kang alêlandhêsan kautaman mau, têmtu aku ora bakal suwala, ugêr wis dirampungi dening para wrêdha lan para lêbda marang kasusilan."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Satêlasing pangandikanipun sang dèwi darah Sota wangsul; sadumugining Sabha lajêng ngaturakên sadaya piwêlingipun Dèwi Drupadi wau, ananging ingkang sami wontên ing Sabha, sadaya amung lajêng tumungkul sakêcap botên wontên ingkang ngandika, awit sami èwêt dhatêng Prabu Duryudana, ingkang nalika samantên katingal sangêt angêdir-êdirakên."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, Prabu Yudhisthira sampun mangrêtos dhatêng osiking Prabu Duryudana, mila Sang Yudhisthira lajêng tumolèh dhatêng abdi ingkang kenging pinitados, kalihan ngandika, supados abdi wau pinanggih sang dèwi, andhawuhakên karsanipun, inggih punika: nadyan sang dèwi wêkdal punika nuju tuwuh ing wijinipun, sarta amung ngagêm nyamping salêmbar, malah nadyan katingal pusêripun pisan, tur kalihan karuna, inggih kadhawuhan marak ingkang rama Prabu Drêtarastra. Dhuh, Prabu Janamêjaya, ingkang kautus wau gêgancangan dhatêng pondhokipun sang dèwi. Dupi sampun pinanggih, andhawuhakên kaparêngipun kang raka. Rikala punika para Pandhawa sami sangêt sungkawa, awit botên darbe sarana kangge nanggulangi wasesanipun Duryudana, sarta kabanda dening prajanji ingkang sampun dipun sanggêmi. Prabu Duryudana sakalangkung bingah, priksa Pandhawa

--- 1417 ---

sami katingal prihatos, mila lajêng dhawuh dhatêng Pratikamin makatên: "Hèh, Pratikamin, Drupadi timbalana, dimèn para Kurawa bisa mangsuli dhewe marang pitakonan mau."- Kawuningana sinuwun (Janamêjaya), Pratikamin, darah Sota wau nadyan botên suwala dhatêng ratunipun, nanging ing sêmu kawistara manawi manahipun nyapèlèkakên dhatêng gustinipun, katandha sangêt ajrih dhatêng Dèwi Drupadi, dene ngantos kamipurun matur: Kadospundi sinuwun, atur kula dhatêng Dèwi Drupadi.

Dupi Prabu Duryudana mirêng aturipun darah Suta makatên wau, lajêng ngandika dhatêng kadangipun: "Yayi Dusasana, darah Sota iki, marga saka bodhone sêmu wêdi marang Wrêkudara, mula sira dhewe mangkata, timbalana putrine Yajnasena, yèn puguh pêksanên, tuturên yèn bojo-bojone sarta awake iku wus ana wasesaning Kurawa, dadi wus ora wênang gawe apa-apa manèh."

Nalika Sang Dusasana mirêng dhawuhipun ingkang raka makatên wau, jumênêng saking palênggahanipun, paningalipun katingal baranang abrit, lajêng dhatêng ing pondhokipun Dèwi Drupadi. Sasampunipun pinanggih lajêng ngandika: "Hèh, putri Pancala, Krêsna, payo tut buria salakuku, bêktimu marang para priyamu samêngko kipatna, lan nolèha kakang Prabu Duryudana kae. Dhuh, putri kang blalak-blalak mripate, nuli ngadêga, sarta rumangsaa yèn kowe kawulane Kurawa, mara mênyanga ing Sabha. Wruhanamu kowe samêngko wus dadi boyongane Kurawa, kasêksèn ing para ratu, dadi wus sah."- Nalika Dèwi Drupadi mirêng pangandikanipun Sang Dusasana makatên wau, sang dèwi jumênêng kalayan sakalangkung

--- 1418 ---

karêrantan panggalihipun, pasuryanipun katutupan asta kalih pisan, sarta lajêng lumajêng nêdya nunggil kalihan para putri isining kadhaton Hastinapura. Dupi Sang Dusasana priksa manawi sang dèwi lumajêng, lajêng ambêngok sora, labêt saking sangêt bêndu, kalihan anjangkah anututi. Sang dèwi kasaut kenging ukêlipun, dados rikmanipun ingkang ngandhan-andhan, cêmêng sêmu wilis, sarta panjang punika kumlawèr, awit wudhar ukêlipun. Dados rikmanipun sang dèwi ingkang dèrèng dangu mêntas kagrujug ing toya nugraha, kamantran ing para brahmana, inggih punika nalika sêsaji Rajasuya, samangke kajambak dening Sang Dusasana, putranipun Prabu Drêtarastra, lêkasipun Sang Dusasana makatên wau, suraos nêpak kasudiranipun para Pandhawa. Sang dèwi kajambak lajêng dipun larak dhatêng Sabha, botên wontên ingkang mitulungi, nadyan sang dèwi pancènipun darbe pangayoman linangkung. Sariranipun dipun oyok-oyok, mila gumêtêr, kadi pisang manawi nuju katêmpuh prahara agêng. Salêbêtipun kalarak wau, sang dèwi astanipun mringkus anyêngkêrêm nyampingipun, murih sampun ngantos nincing. Nadyan sang dèwi jêlih-jêlih, nanging swaranipun sampun botên sagêd sora, awit saking gêtêring panggalih saha capening sarira, pangandikanipun sang dèwi.

"Nadyan aku wus kaboyong, nanging bok aja siya-siya mangkene, hèh, candhala budi, aku isih bisa lumaku ora susah kok larak-larak, wêruha Dusasana aku mung nganggo tapih salêmbar."- Sang Dusasana sampun botên maèlu babar pisan dhatêng sêsambatipun sang dèwi, lêstantun kemawon anggènipun nglarak-nglarak, sang dèwi tansah sêsambat ngaru-ara,

--- 1419 ---

ingkang dipun sambati Sri Krêsna tuwin Sang Jisnu, awit punika pangejawantahipun Bathara Narayana kalihan Maharsi Nara. Nalika punika Sang Dusasana malah sugal pangandikanipun makatên: "Kowe dêksura dene mung nganggo jarit salêmbar, mula ngantia wuda pisan, ora prêlu dak paèlu, wêruha kowe samêngko wus kajarah ing Kurawa, têtêp dadi batur tukone Kurawa, gêlêm ora gêlêm kudu nyambut gawe kaya lumrahe parêkan."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dèwi Drupadi ingkang bêkti ing kakungipun dipun larak Sang Dusasana, rikmanipun ngantos rembyak-rembyak, nyampingipun ingkang sapalih sampun jêbol, saking sangêting duka panggalihipun kadi kabêsmi, dene sêsambatipun makatên: "Ing kene kêbak wong mumpuni ing sawiyah kawruh, padha dhêmên gawe sêsaji, dadi wus prasasat Bathara Indra, malah pira-pira kang darajade luwih saka darajatku sarta pantês sinêmbah-sêmbah, ewadene aku ora bêtah suwe ana ing kene, awit kabèh mau mung padha mandêng bae, wêruh ana laku daksiya. Hèh, Dusasana, kang candhala budi, lan daksiya marang sapadha-padha, aku aja kok larak, yèn kongsi kawingkis tapihku, bojoku têmtu ora bisa ngapura ing kowe, nadyan kowe minta sraya Bathara Indra pisan, têmtu yèn pagas gulumu. Sang Dharmaputra samangke katalenan dening prajanjine, saka anggone nêtêpi janji, dadi ora murang kautaman, kongsi mung kèndêl bae. Kasusilan têtela jêro rasane, mula iya mung para antuk pêpadhang kang wêruh sarasane kasusilan. Aku kongsi kaduga muni mangkene ana ngarsane, mêngksa[4] salawas-lawase, sanadyan panjênêngane mau dak rasa siring lan kasusilan,

--- 1420 ---

ewadene aku ora tau wani kumêcap. He, si kiyanat Dusasana kowe wani nglarak aku kongsi mangkene ana ngarsane para prajurit bangsa Kuru kang linuwih, panggawemu iki bangêt daksiya, ewadene ora ana kang murina, têtelane kabèh kang anèng kene iki tunggal sêdya lan kowe, o, jagad dewa bathara, anèh dene mirang-mirangake têmên, dadi para darah Bharata wus kaoncatan kautaman, wus ora katabêtan watak ksatriya, sabên ana laku murang wêwalêr, para darah Kuru ora tau ora nyaruwe. O, ya jagad dewa bathara, ora jagad pramudita, Rêsi Drona, sarta Sang Bhisma, samangko wus sirna kautamane, mangkono uga Sang Ksatta, kang ing nguni luhur ing budine, malah panjênêngane Prabu Drêtarastra pisan, iya wus padha liwung dening piala. Anèh têmên, dene para pinituwane bangsa Kuru, ana tindak mangkene têka mênêng bae."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dèwi Krêsna kang gilig lambungipun punika, makatên wau sêsambatipun sang dèwi nglirik para kakungipun, ingkang nalika punika sampun kadi kabrastha ing latu Yomani, karsanipun Dèwi Krêsna, supados tangia dukanipun, lajêng karsa ngrêbat sariranipun. Raosipun para Pandhawa nalika kecalan nagari dalah sadaya isinipun, botên mantra-mantra awrat, manawi katandhing kalihan nalika dipun lirik ingkang garwa, ingkang nawung raos nyuwun pangayoman. Dupi Sang Dusasana priksa manawi para Pandhawa botên murinani sêsambating garwanipun saya sêru anggènipun ngontang-antingakên Dèwi Krêsna, kalihan gumujêng cukakakan sarwi anguwuh sora: "Iya kaya ngene iki wujude batur tukon Drupadi.- Priksa panganiayanipun Sang Dusasana makatên wau, Sang

--- 1421 ---

Karna sangêt rêna panggalihipun, mila ugi lajêng gumujêng alatah-latah. Prabu Sakuni, Rajaputra Gandara kêplok-kêplok, sangêt mangayubagya dhatêng lêkasipun Sang Dusasana. Kajawi ksatriya tiga wau, kalihan Sang Duryudana, sadaya ingkang sami wontên ing Sabha, karaos sakalangkung sumêlang priksa Dèwi Drupadi dipun larak-larak dening Sang Dusasana wau. Dupi Sang Bhisma priksa Dèwi Drupadi sakalangkung kalara-lara, lajêng ngandika makatên: "Dhuh, putri kêkasihing dewa, marga saka jêro rasaning kasusilan, kongsi aku ora bisa mutusi prakara iki, mung yêktine wong ora wênang ngêtohake bandhaning liyan, yèn ora saka palilahe kang darbe. Kajaba iku ana manèh kang muni, yèn wong wadon kudu miturut sapakon utawa tatananing priyane. Yudhisthira wênang nglilahake kabèh rajadarbèke, nanging Yudhisthira ora wênang ambubrah wêwatoning kasusilan, awit Yudhisthira dhewe wus nglênggana: "Kula kawon," mula aku wus ora bisa bênêri prakara iki. Nadyan Sakuni ora ana kang nimbangi kajuligane yèn dhadhu, ewadene Yudhisthira bêrung bae anggone totohan, mungsuh Sakuni, sarta ora gêlêm mratelakake, yèn Sakuni cidra lakune."

Aturipun Dèwi Drupadi: "Prabu Yudhisthira dipun ulêmi, sadumuginipun ing ngriki, lajêng dipun tantang dhadhu, kamêngsahakên botoh julig, asor, saha purun lampah cidra, mangka sang prabu dèrèng sapintêna kasagêdanipun dhadhu, manawi katandhingakên para botoh, kadospundi dene lajêng dipun wastani, manawi laki kula ambêrung anggènipun ngabotohan. Para Pandhawa dipun bêbujuk saha dipun tantang dening botoh kang balubud, saha watakipun botên rêsik, mila lajêng

--- 1422 ---

katiwasan, punapa ratunipun bangsa Kuru botên priksa dhatêng akalipun para candhala budi wau, dene anjurungi kemawon dhatêng piawonipun, dhuh, darah Kuru, ingkang sinêmbah-sêmbah para putra tuwin santananipun, mugi paringa nggalih sayêktos dhatêng atur kula, sarta lajêng dipun lêrêsana."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kathah-kathah pangandikanipun Sang Dusasana ingkang damêl tatuning manah saha nyênyamah dhatêng Dèwi Krêsna, ingkang kalara-lara karuna, sarta sêsambat mêlasarsa, kalihan nglirik dhatêng Prabu Yudhisthira. Dupi priksa Dèwi Drupadi dipun pisakit saha dipun nyênyamah wau, Sang Wrêkudara sangêt murina, langkung malih sarêng ngèngêti, bilih sang dèwi dumugi mangsa tuwuhing wijinipun (mêntas nggarap sari) mangka rasukanipun ngantos ngalingkap, nyampingipun jêbol ing pucuk, rumaosipun Sang Bhima, kaladuk anggènipun mêmirang, mila lajêng mandêng ingkang raka kalihan pasêmon ngatak supados ingkang raka ngamuka."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak pitu, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

BAB 68. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Sang Bhima matur dhatêng ingkang raka: "Kakang prabu, nadyan ing ngomahe para botoh iku padha ana wong wadon urakan bae, ewadene durung tau ana kang diêtohake anggone ngabotohan, kagawa saka botoh mau bangêt sih marang somahe, rajabrana pira-pira, sarta pisungsung saka

--- 1423 ---

nagara Kasi, sêsotya nawa rêtna, rajakaya pitik iwèn, gêgaman sarta kêre pira-pira, utawa liya-liyane pisungsung saka para ratu ing jajahan Indraprastha, sarta nêgarane kakang prabu dhewe, aku dalah para kadang, kabèh wus dadi jarahan, iku durung bisa nangèkake kanêpsonku, awit si kakang iku gustiku, nanging barêng kakang prabu kongsi karsa ngêtohake putri Pancala, iku aku krasa yèn ora bênêr, awit wong kang ora dosa apa pantês yèn kongsia kasiksa mangkono. Kalakone Drupadi kasiya-siya dening Kurawa, kang budine asor, drêngki, sarta ngutuh, iku amarga Drupadi dadi bojone Pandhawa, lan saka panggawene kakang prabu. Aku kang murinani Drupadi, mula kongsi wani ngoso-oso sadulur tuwa, Sahadewa enggal jupuka gêni, dak obonge bae tangane kakang prabu."

Mirêng pangandikanipun ingkang raka Sang Bhima makatên wau, Sang Arjuna matur: "Dhuh, kakang mas Bhimasena, saèngêt kula kakang mas dèrèng nate ngandika ingkang makatên, dados têtela manawi kasusilanipun kakang mas risak dening pandamêling mêngsah ingkang angkara murka. Kakang mas ugi ingkang santosa, sampun keguh dening pangrêncananing mêngsah, ngèngêtana kasusilan luhur, manawi darahing awirya punapa wontên ingkang kadugi nyantulani kadangipun sêpuh ingkang nyata utami. Kakang prabu katantang kasukan dening mêngsah kang asor ing budi, saking anggènipun badhe nêtêpi ksatriyanipun, mila nadyan kakang prabu sampun nêmaha anindakakên sadaya pandamêl asor, ewadene mêksa dipun têmpuh, awit kakang prabu nêdya anêtêpi utamining ksatriya, punapa lêkas ingkang makatên wau botên kadi anyêmbuh misuwuripun para Pandhawa?"

--- 1424 ---

Wangsulanipun Sang Bhima: "O, panêngah adhiku, upama aku ojoa wêruh, yèn pambarêpku mung dipêksa dening utamane ambêge, arak wus tak obong dhèk mau-mau."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Wikarna, putranipun Prabu Drêtarastra, dupi priksa manawi para Pandhawa sangêt kawlasarsa, dene garwanipun kacêcamah wontên ngarsanipun lajêng manguwuh sora, makatên: "Dhuh, para narendra, ingkang sami wontên ing ngriki sadaya, mugi kadêrênga nggalih dhatêng pitakènipun Dèwi Yajnasèni, manawi Kurawa ingkang ngrêmbag prakawis punika lêstantun anggènipun tumambuh, awit amung saking sêngsêmipun ngumbar angkaraning manah, tamtu para Kurawa badhe tumuntên bêbodholan lumêbêt ing prajanipun Hyang Yama. Eyang Bhisma tuwin rama Prabu Drêtarastra, punika pinisêpuhipun bangsa Kuru, punapadene paman Widura, ingkang luhur ing budi, kadospundi dene botên kaparêng sami paring pangandika. Rêsi Drona, saha Rêsi Krêpa, gurunipun para Kurawa tuwin Pandhawa, ugi sami wontên ing ngriki, punapa pambênganipun, dene pêpêthinganing para dwija sakalihan wau, botên kaparêng mangsuli pitakènipun sang dèwi? Suwawi para ratu, sami kêparênga ngandika sapamanggihipun piyambak-piyambak, sampun ngantos pilih sih utawi dhasar gêgêthingan. Sasampunipun katimbang salêbêting panggalih, lajêng kêparênga ngandikakakên, kadospundi putusanipun. Nadyan ngantos marambah-rambah panguwuhipun Sang Wikaratna[5] makatên wau, ewadene satunggal kemawon botên wontên ingkang kaparêng ngandika. Ngantos dangu Sang Wikarna anggènipun nyarantosakên kalihan ngrêmêt-ngrêmêt astanipun

--- 1425 ---

piyambak saha ngêsês-ngêsês kadi sawêr, ewasamantên mêksa botên wontên ingkang mangsuli, mila Sang Wikarna lajêng ngandika malih: "Dhuh, para bangsa Kuru tuwin para narendra ingkang samangke sampun sami ngêmpal ing ngriki, nadyan wontên utawi botên wontên ingkang kaparêng mangsuli, kula têmtu badhe nglairakên pamanggih kula, kadospundi adilipun prakawis punika. Suwawi dipun piyarsakna atur pamanggih kula: Dhuh, para ratu, miturut pangandikanipun para wicaksana; ingkang dados jalaran apêsipun para ratu, punika wontên sêkawan: 1. bêbêdhag, 2. rêmên ngunjuk, unjuk-unjukan kang ngêndhêmi, 3. ngabotohan, 4. sêngsêm dhatêng pawèstri. Sintêna tiyangipun ingkang sêngsêm dhatêng sêkawan warni wau salah satunggal, têmtu asring murang kautaman. Limrahipun tiyang botên ajrih ngraosakên awoning pandamêlanipun tiyang sanès, awit kamanah manawi punika botên wontên bêbayanipun. Pandhuputra sirik dhatêng piawon wau, mila sarêng katantang dening para asoring budi, lajêng purun kasukan, ngantos kabaranang purun ngêtohakên Dèwi Drupadi, mangka sang dèwi wau putrinipun Prabu Drupada ing Pancala, garwanipun Pandhawa gangsal. Kalawau yayi Prabu Yudhisthira ngêtohakên sariranipun, sasampunipun kakêkap paman Gandara, lajêng ngêtohakên Dèwi Krana. Dene kalampahanipun kaêtohakên, awit katantang totohan malih kalihan paman Sakuni, saha dipun bêbujuk sarta dipun pêpanas inggih nalika punika anggènipun sang dèwi lajêng kaêtohakên, awit makatên kawontênanipun, pramila Dèwi Drupadi botên wênang dipun kêkap."

Sakèndêlipun Sang Wikarna, ing Sabha wau kapiyarsa umyung swaranipun, awit lajêng sami purun mratelakakên

--- 1426 ---

pamanggihipun piyambak-piyambak; ingkang kathah sami anyondhongi pamanggihipun Sang Wikarna, kalayan nêtêpakên manawi Suwalaputra kalintu tindakipun. Rikala punika Prabu Karna, Sutaputra, saking sangêting duka, ngantos tilar kasusilan, inggih punika makatên pangandikanipun: "Hèh, Wikarna, ing marcapada akèh laku kang ora turut utawa panggawe panêrak, dadi, yèn kowe nêpsu dening laku mangkono mau, kanêpsonmu mau têntu bakal ngobong awakmu dhewe, candrane kaya gêni kang saka agaran, iya gêni iku kang angobong kang diagar mau. Kang para lênggah ana ing kene, nadyan tansah digêgasah dening Drupadi, mêsa lêstari padha kèndêl bae, kang mangkono wus kêna kanggo pasêksèn manawa Drupadi wus kêna kaboyong. O, Wikarna, dadi mung kowe dhewe kang muni têrang yèn kapilare utawa pancèn isih jêgêr, dadi têntu wani kaya unine wong tuwa. Hèh, Wikarna, têtela kowe durung wêruh marang kang diarani jatining kasusilan, tandhane lêkasmu ngawur bae, ngarani Dèwi Krêsna ora wênang diboyong. Hèh, wong cubluk, Wikarna, wêwaton apadene muni mangkono mau, mangka pambarêping Pandhawa muni, yèn ngêtohake, rajadarbèke kabèh kang isih, mangka kang isih mung Drupadi. Sapa kang ora wêruh yèn Drupadi iku darbèke Pandhawa; unine Yudhisthira mangkono mau kasêksèn kabèh kang padha ana ing kene. Prabu Sakuni ngatak supaya ngêtohake Drupadi. Pandhawa sanggup, banjur wêwaton apa, dene kowe muni yèn Drupadi ora kêna dikukup, utawa yèn ora pantês bangêt Drupadi digawa rene awit pinuju nganggo tapih salêmbar, mula samêngko aku nêdya tutur marang kowe, pagene dene mangkono panggarape marang Drupadi, kowe sumurupa

--- 1427 ---

Wikarna, para dewa ngandika, yèn wong wadon ora wênang darbe priya luwih saka siji, dadi Drupadi iku nêrak pêpalining dewa, dene Krêsna lakine lima, iku têtela yèn wadon ora sukci, apa ora wis sabênêre bae, dene tapihe mung salêmbar, dilarak mênyang pasamuan. Yèn aku, nadyan kongsi diwudani pisan, iku pantês bae, durung kêna diarani panggawe dosa. Kabèh darbèking Pandhawa, kaya ta gajah, rajabrana, Drupadi sarta liya-liyane, mula nadyan para Pandhawa pisan iku wus kaboyong dening Sang Suwalaputra. Yayi Dusasana, gêmaib ucape Wikarna, aku gêmaib mara yayi, Pandhawa padha dhèdhèlana panganggone, Drupadi sêndhalên tapihe."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, rikala para Pandhawa mirêng ucapipun Prabu Karna makatên wau, sadaya lajêng sami lukar pangagêman, kabucal ing siti, wusana lajêng sami lênggah malih. Dhuh, darah Bharata, Sang Dusasana nyêndhal nyampingipun Dèwi Krêsna wontên têngah-têngahing pasamuan, pangandikanipun lakar nêdya dipun lukari."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kawuningana sinuwun, nalika Dèwi Drupadi badhe dipun sêndhal nyampingipun dening Sang Dusasana, sang dèwi ing batos ngèsthi Sri Hari, nanging tutukipun sêsambat angaru-ara, makatên: "Dhuh, Gowinda, ingkang ngêdhaton ing Dwaraka, dhuh, Sri Krêsna, ingkang sih trêsna dhatêng pangèn èstri ing Wrindawana, dhuh, Kesawa, punapa paduka kakilapan suwawi dipun tingalana lêkasipun Kurawa anggènipun nangsaya ing kula. Dhuh, dewa, garwanipun Dèwi Laksmi, dhuh tuwan, pêpundhèn ing Wraya (Wrindawana), dhuh, pangruwating prihatos, Janardana, mugi kula dipun luwarana saking panangsayaning Kurawa

--- 1428 ---

ingkang kadi robing samodra pasang punika. O, Krêsna, Krêsna, risang mahayogi, jiwanipun sagung dumadi, ingkang nitahakên kang sarwa kumêlip, dhuh, Gowinda, mugi kaparênga ngêntas jasad kula ingkang sangêt kawlasarsa, rêmpu manahipun, awit dêdunung ing tênggah-têngahing Kurawa, ingkang asor ing budi."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, makatên wau sambatipun sang dèwi, nalika panggalihipun ngèsthi Sri Krêsna, inggih Hyang Hari, gustinipun sagung tribawana, nadyan sang dèwi sangêt kawlasarsa, pasuryanipun katutupan ing astanipun kiwa têngên, saha panggalihipun sangêt wirang, ewadene lêstantun mancorong kemawon guwayanipun. Sri Krêsna karaos utawi mirêng dhatêng sêsambatipun Dèwi Drupadi, mila lajêng karsa badhe têdhak dhatêng Hastinapura. Saking sangêting wêlasipun, nguningani sangsaranipun sang dèwi, ingkang nalika samantên katingal gawang-gawang ing paningalipun, Sri Krêsna lajêng lumajêng palênggahanipun sarta lajêng mangkat dharat kemawon. Wêkdal Dèwi Yajnasèni sambat nyuwun pangayomanipun Sri Krêsna, ingkang ugi sinêbut Sri Hari, Bathara Wisnu, inggih Bathara Narayana, sami sanalika wau Bathara Dharma rawuh ing sacêlakipun sang dèwi, nanging sarana lêlimunan. Dhuh, nata binathara, sabên nyampingipun sang dèwi dipun sêndhal dening Sang Dusasana, Bathara Dharma lajêng nasapi sariranipun sang dèwi sarana sinjang sanèsipun malih. Pintên kemawon kathahipun nyamping ingkang kadhèdhèl ing Dusasana, saking sariranipun sang dèwi, ewadene sabên kasêndhal ing nglêbêt sampun wontên sinjang malih, rumaosipun ingkang sami nyumêrapi, sariranipun sang dèwi kados mêdal sinjangipun [sinjang...]

--- 1429 ---

[...ipun] warni-warni. Makatên punika anggènipun ngayomi Dèwi Drupadi. Sami sanalika wau ing Sabha ajanging pasamuan lajêng dados sakalangkung rame. Dupi para ratu priksa kaelokan, langkung saking kaelokan ingkang sampun nate dipun wuningani wontên ing marcapada, ing batos lajêng nglêrêsakên dhatêng Dèwi Drupadi sarta Sang Drêtarastra kalintu.

Gêntos kawuwusa Sang Bhimasena, saking sêruning duka ngantos kawiyos prasêtyanipun ingkang sangêt anggêgirisi. Nalika prasêtya wau swaranipun sora, kalayan amênyêt-mênyêt astanipun piyambak sarta lathinipun katingal kumitir. Prasêtyanipun makatên: "Hèh, para ksatriya isining marcapada, kang samêngko padha ngumpul ana ing kene, mara padha rungunên prasêtyaku, awit prasêtya kang bakal dak ucapake iki, durung tau dianggo prasêtya ing wong sarta ing têmbe iya têmtu ora bakal ana manèh. Mara para ksatriya padha sêksènana, yèn aku kongsi ora nêtêpi kaya prasêtyaku kang arêp dak unèkake ing kene, muga aku aja bisa ngambah dalan kang padha diliwati para lêluhurku kang wus padha sawarga. Aku prasêtya yèn ing têmbe aku têmtu sarosa anjêbol dhadhane si angkara murka, kang candhala budi, iya darah Bharata kang kaya durjana ambêge iki ana ing têngah-têngahing paprangan lan manawa wus bêdhah dhadhane mêngko aku kongsi ora gêlêm ngokop gêtihe, muga aku aja bisa ngambah dalan kang wus dilangkungi wong tuwaku."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para ingkang sami mirêng prasêtyanipun Sang Bhima makatên wau, wuluning sarira ngantos sami jêgrig saha sami nglêrêsakên manawi Sang Bhima prasêtya makatên

--- 1430 ---

punika, têmahan ing batos sangêt nêtah dhatêng Sang Drêtarastraputra. Kawuningana sinuwun, ngantos sayah Sang Dusasana anggènipun andêdêl nyampingipun Dèwi Drupadi, ewadene sariranipun sang dèwi lêstantun kasasaban ing nyamping ingkang saya sae. Dados Sang Dusasana botên kasêmbadan pangajêng-ajêngipun, wasana lênggah rumaos sakalangkung merang. Para ingkang sami wontên ing ngriku dupi priksa Dèwi Drupadi makatên lêlampahanipun wau, saha priksa para Pandhawa, ingkang wontênipun ing antawisipun para manusa sampun prasasat dewa ngejawantah, lajêng sami kawiyos pangandikanipun: "Lah yèn mangkono kadadeyane iki apa para Drêtarastraputra iku ora padha kawirangan." Nadyan anggènipun sami ngandika makatên wau botên sora, nanging dumadakan sagêd sêsarêngan kathah kawêdharipun, mila kamirêng ngantos sora, ngantos damêl prindinging kulitipun ingkang sami mirêng. Ingkang sami adil pambêganipun sami ngandika: "Kapriye dene ora ana Kurawa kang mangsuli pitakone Dèwi Drupadi" mila lajêng kapirêng swara sora, suraos nutuh dhatêng Prabu Drêtarastra, Sang Widura, ingkang lêbda dhatêng kasusilan. Ingkang sami nutuh wau kalayan sami ngumbulakên astanipun, sami gêntos nyasmitani, supados kèndêl anggènipun sami pating barêngok, kalihan ngandika makatên: "Dhuh, ingkang sami wontên ing Sabha ngriki, sami dipun piyarsakna ucap kula, dhuh, para ksatriya, Dèwi Drupadi pitakèn tur pitakènipun wau kalihan kalara-lara karuna, kadospundi dene Kurawa botên wontên jawab pitakènanipun, punapa kautamèn saha kasusilan sampun risak wontênipun ing darah Kuru, awit manawi ing pakêmpalanipun tiyang sae-sae, dipun

--- 1431 ---

dhatêngi tiyang sangsara, punika sami kalihan tiyang kabêsmi, tamtu kêdah mêjahi latu ingkang bêsmi badanipun tiyang wau sarta lajêng dipun usadani tatunipun murih kraos asrêp. Manawi ingkang dhatêng wau tiyang ingkang sangsara, kêdah lajêng dipun ayêm-ayêm manahipun, sarana dipun caosi piwulang kasusilan saha kasunyatan, mangka ing pasamuan ngriki samangke kadhatêngan tiyang sangsara, nêdha pangadilan, tur panêdhanipun wau wêwaton kasusilan. Para ingkang sami wontên ing ngriki sami kawajiban mangsuli ingkang dhêdhasar adil, sampun pisan makantukakên salah satunggal saha sampun dhêdhasar murina. Dhuh, para ratu tuwin sanès-sanèsipun ingkang sami wontên ing ngriki sadaya, kalawau Sang Wikarna sampun anjawab pitakènipun Dèwi Drupadi, awêwaton pamanggih saha kawruhipun piyambak, lêrêsipun sadaya punika ugi kêdah nglairkên sapamanggih saha sêsêrapanipun piyambak-piyambak. Sintêna ingkang wontên ing pakêmpalaning ngakathah, ngrêtos dhatêng kasusilan, mangka botên purun mangsuli dhatêng pitakènaning tiyang, punika sami kalihan tiyang ampun anglampahi sapalihing lampah cidra, dene manawi tiyang makatên wau, anggènipun mangsuli botên sanitaning pamanggihipun piyambak, punika têtêp dosa lampah cidra. Tumrap prakawis punika para wicaksana anggènipun damêl pêpiridan sami nyariyosakên cariyos kina, lêlampahanipun Prahladha, putranipun Rêsi Anggirasa, makatên: "Ing kina wontên ratu jêjuluk Prahladha. Sang Prabu pêputra sinung nama Wirocana. Nalika Sang Daitya Wirocana wau ngupaya jatukrama, pinanggih kalayan Sang Sudanwan, putranipun Rêsi Anggirasa, lajêng sami garêjêgan, witing pabên rêbatan pawèstri, têmahan

--- 1432 ---

lajêng sami ngêtohakên jiwanipun, ucapipun: Aku luwih luhur tinimbang kowe. Satunggalipun mangsuli makatên wau ugi, enggalipun sakalihanipun ingkang pabên wau, lajêng sami marak Prabu Prahladha, wigatos nyuwun pangadilan, aturipun Sang Wiracana kalihan Sang Sudanwan dhatêng sang prabu makatên: "Mugi paduka kaparênga paring pangandika salêrêsipun, sampun ngantos cidra, tiyang kalih punika pundi ingkang langkung luhur. "Sang Prahladha kagèt, dene garêjêgan ingkang witipun rêbat luhur. Ing nalika wau sang prabu mandêng Sang Sudanwan. Sarêng Sang Sudanwan kapandêng sang prabu lajêng nêpsu sangêt, ubaling kanêpsonipun sampun prasasat urubing gadanipun Bathara Yama, kalayan matur makatên: "Manawi sinuwun botên ngandika salêrêsipun utawi botên kaparêng mangsuli, mugi jawata kang sikêp balêdhèg, anandukna balêdhègipun ing mustaka paduka, murih rêmuk dados sawalang-walang." Dupi sang daitya raja mirêng aturipun Sang Sudanwan makatên wau, sariranipun gumêtêr, kadi ron waringin katêmpuh ing angin, awit panggalihipun sangêt sumêlang, mila enggal marak ing Hyang Kaswapa, ingkang wicaksana, wigatos têtarosan, atur pitakènipun Prabu Praladha makatên: "Dhuh, sang wicaksana, paduka lêbda dhatêng anggêr kasusilanipun para dewa, para asura, tuwin para brahmana, kawuningana bagawan, kula manggih prakawis ingkang botên gampil dipun rampungi dening para wajib, kula nyuwun pamrayoginipun bagawan, kadospundi kadadosanipun tiyang ingkang dipun pitakèni mangka botên purun mangsuli utawi mangsuli ingkang botên sanyatanipun. Tiyang makatên wau ing dêlahanipun dipun dèkèk wontên ing pundi? Suwawi brahmana [brah...]

--- 1433 ---

[...mana] kaparênga ngandikakakên jawabipun atur pitakèn kula punika." Pangandikanipun Brahmana Rêsi Kaswapa makatên: "Wong wêruh tênan marang bab kang dadi pitakonaning wong mangka ora gêlêm mangsuli, amarga saka lumuh utawa gêthing, apa saka wêdi, iku dhêndha awake dhewe sèwu pasase Bathara Waruna. Wong kang dipriksa pangadilan anggone nêksèni prakara kang disumurupi netrane lan karungu ing karnane, mangka wangsulane ora sêsurupane iku iya dhêndha awake dhewe sèwu pasase Bathara Waruna, dene pasas iku ajine satimbang lan paukuman sataun. Mulane sapa sumurup marang pitakonan kang ditakokake wong, kudu mangsuli satêmêne, manawa, ing pakumpulane wong bêcik ana kautaman rusak dening laku dosa, iku candrane kaya ana wong katancêpan panah badane, wajibe kang ana pakumpulan kudu andudut panah mau, yèn ora gêlêm dudut, têmtu bakal kataman panah dhewe. Manawa ing pakumpulan ana laku ora bênêr, mangka wong kang padha kumpulan iku ora nyaruwe, pakumpulan kang tuwuh saka laku ora bênêr mau, kang saparo disandhangake marang panggêdhening pakumpulan mau, kang saprapat tumiba marang kang nglakoni, dene kang saprapat manèh didum rata marang kang ana pakumpulan mau. Nanging kosokbaline, manawa wong kang nglakoni dosa mau nuli diputus kanthi adil, pangarsaning pakumpulan iku banjur ruwat kabèh dosane, dene liya-liyane kang padha mèlu kumpulan, iya padha olèh nugraha. Hèh, Praladha, sing sapa ditakoni bab lakuning kasusilan, mangka ora mangsuli satêmêne, iku lêluhure pitung turunan têkan dhèwèke, sarta turune kongsi pitung turunan, padha ilang nugrahane saka

--- 1434 ---

anggone nglakoni panggawe bêcik, susahe wong kang kelangan kabèh rajadarbèke, wong kang kelangan anak lanang, wong nandhang kaluputan, wong kang pisah lan kanthine, wong wadon kang tininggal lakine, wong kang rajadarbèke kabèh kapundhut ing ratune, wong wadon kang kapengin anak ora kalakon, wong kang dicangkêrêm ing macan, wong wadon dimaru, wong kelangan kauntungane, amarga saka panggawe sêksi gorèh, miturut pangandikane para dewa, kasusahan kabèh mau têtela undha-usuk. Sakèh kasusahan mau durung sak susahe saksi kang ora tutur satêmêne, awit anane wong digawe saksi iku sabab wong mau wêruh, krungu sarta ngrêti marang bab kang dadi prakara, mula sêksi wajib tutur satêmêne. Saksi kang têmên iku nugrahane saka anggone nêtêpi agama, têmtu ora bisa êntèk, sarta ora bisa kelangan rajadarbèke kadonyan." Sakèndêling pangandikanipun Rêsi Kaswapa, Sang Praladha mundur saking sang rêsi, lajêng pinanggih putranipun, kalihan ngandika makatên: "Kawruhana kulup, Sudanwan luwih luhur tinimbang sira ora beda kaya Rêsi Anggirasa, sudarmane Si Sudanwan, iku têtela luwih luhur tinimbang ingsun, mangkono uga ibune Si Sudanwan, uga luwih luhur tinimbang ibunira. Amarga saka iku kulup, Wirocana, Si Sudanwan nuli dhaupna lan somahira." Dupi makatên pangandikanipun Prabu Praladha, Sang Sudanwan lajêng mangsuli atur makatên: "Awit sang prabu têtêp lampah utami, botên kandhih dening sihipun dhatêng putra, mila mugi dewa paring nugraha dhatêng putra paduka, sagêd gêsang ngantos satus warsa."

--- 1435 ---

Sang Widura nglajêngakên pangandikanipun: "Mugi ingkang sami wontên ing ngriki sami kaparêng anggalih dhatêng sanyataning kasusilan punika, sasampunipun kagalih ngantos salêsih lajêng kaparênga sami mangsuli dhatêng pitakènipun Dèwi Drupadi."

Rêsi Waisampayana cariyos malih: Sanadyan para nata ingkang sami lênggah wontên ing Sabha punika ugi mirêng dhatêng pangandikanipun Sang Widura makatên wau, ewadene satunggal kemawon botên wontên ingkang karsa ngandika, amung Prabu Karna ingkang lajêng ngatag dhatêng Sang Dusasana makatên: "Yayi, parêkan anyar Si Drupadi iki singkirna saka kene, banjur iridên marang kadhaton." Dupi Sang Dusasana mirêng pangandikanipun Prabu Karna makatên wau, Sang Dusasana jumênêng lajêng ngajak sang dèwi, kalarak dhatêng kênyapuri. Sang dèwi ingkang bêkti ing kakung, saha samangke sampun tanpa karêkat, sariranipun dharêdhêg, punika sambat-sambat dhatêng para Pandhawa, kalayan sangêt kawlasarsa.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak wolu, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

BAB 69. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Dèwi Drupadi ngandika: "Hèh, wong ala Dusasana, kang candhala budi, aja ko larak dhisik, aku arêp muni: aku wus diwulang kapriye kang diarani susila, nanging têka ana

--- 1436 ---

ing Hastina kongsi tumêka samêngko durung dak lakoni, bokmanawa iki wujude halate. Dhuh, para pinisêpuhipun bangsa Kuru, ingkang wontên ing ngriki sadaya, suwawi dipun tampènana sêmbah pangabêktinipun Drupadi, ananging mugi paduka angêgungna pangaksama, dene atur kula makatên punika botên kula aturakên nalika kula sawêg dhatêng pambujanan ngriki, awit kula dipun glandhang dening Dusasana, dados manah kula lajêng kuwur."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dèwi Drupadi ingkang dipun wirang-wirangakên, tur botên wontên ingkang mitulungi, dipun glandhang sarosanipun, malah langkung rosa tinimbang kalayan nalika lêbêtipun dhatêng Sabha. Dupi sang dèwi dhawah, lajêng anjêrit karuna kalara-lara, ingkang lêrêsipun botên wajib nampèni panyamah samantên punika, sambatipun sang dèwi makatên: "Dhuh, jagad dewa bathara, salawas-lawase aku durung tau dadi tontonan mangkene iki. Ing nguni aku iya disawang para ratu akèh, nanging dianggo sayêmbara, ewadene samêngko aku dilarak marang ing pakumpulane para ratu akèh karo dipilara. Salawas-lawase aku dêdunung ing kadhaton adi, prasasat ora tau diwêruhi ing wong lanang, ora tau kêpanasên lan kanginan, samêngko diglandhang marang pakumpulan karo dianiaya anèng ngarsane para ratu. Aku putri kang tansah dipingit dening para Pandhuputra, dadi têmtu ora kêna digrayang wong liya, samêngko kalakon dipilara lan dilarak-larak dening wong candhala budi karo diunèni ala mangkene iki, dadi têgêse para Kurawa iki kataman panandhang, awit anake wadon utawa mantune wadon, nêmaha dianiaya

--- 1437 ---

mangkene ana ing pasamuan, apa patut yèn aku dipidana samene iki, bokmanawa samêngko iki wus wiwit ngancik jaman pisahan ingatase aku, apa ana kasangsaran liyane kang gêdhene ngungkuli kasangsaranku iki? Nadyan aku wujud wadon, dilairake dadi darahing aluhur, ewadene kalakon diglandhang lumêbu ing panggonan, kang dianggo kalumpukane wong lanang. Êndi kang dadi panitikane, yèn para nata kang padha ngumpul ana ing kene iki rahayu budi. Yèn saka pangrunguku, para nata jaman kuna durung tau kalakon anggawa pramèswari marang pakumpulane wong lanang. Dadi para Kurawa samêngko wus ninggal laku utama kang diaji-aji para lêluhure. Upama padatan kuna kang diaji-aji para lêluhure mau durung dirusak, têmtune wadon sukci, pramèswarine Pandhuputra, kadange wadon Drêthadyumna, sarta mitrane Wasudewaputra, apa bisa kalakon mangkene? He, Kurawa, apa kowe padha kêlalèn, marga dibêbingung dening pialamu, aku pramèswarine Prabu Yudhisthira, kang ambêg paramarta, sarta aku iya putrining narendra kang sadarajad lan Prabu Yudhisthira, mara prasajaa bae, apa aku arêp kok dadèkake parêkan, apa sawangsulamu bakal dak tampani karo panarimaning ati. Si druhaka kang ambêg durjana iki, kang ngrusak kabêcikane bangsa Kuru, kang misuwur satribawana, kêbangêtên têmên anggonmu nyamah marang aku. O, Kurawa, aku ora kuwat suwe manèh urip ana ing marcapada, yèn kongsi kobacutake anggonmu mêmirang. Dhuh, para ratu, ingkang sami wontên ing ngriki, paduka sami kêparênga mangsuli atur kula punika.

Catatan kaki:

1. nalika (kembali)
2. Dyuta (kembali)
3. § Abdi èstri, pangagênging parêkan, bokmanawi: nyai agêng manawi ing tanah Jawi. (kembali)
4. mangka (kembali)
5. Wikarna (kembali)