Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

[Bab 70, halaman 1438-1441, hilang]

--- 1442 ---

ingatase sira apa ana samubarang kang angèl sira garap."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

BAB 71. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Prabu Karna ngandika: "Saking pamanggih kula para ingkang sami wontên ngriki punika, wontên tiga ingkang sampun wontên sanginggiling sadaya pangwasa punika, Sang Bima, Sang Widura, tuwin gurunipun para rajaputra darah Bharata. Pratandhanipun dene tansah ngandika sakênyoh-kênyohipun dhatêng bandaranipun, tansah anglêpatakên, tuwin botên nate muji amrih saenipun. He, Drupadi, kowe wêruha, batur tukon, anak lanang lan wong wadon, iku ora darbe wêwênang apa-apa darbèni rajabrana ora wênang, kabèh olèh-olèhane kang saka anggone ngupaya iku, yèn batur tukon, kang anduwèni bandarane, yèn anak lanang bapake; kowe rabine batur tukon kang wus ora darbe wênang apa-apa, mula bêcike nuli lumêbua ing karatone Prabu Drêtarastra bae, banjur lêladia marang putra santanane. Mangkono iku kawajibanmu samêngko. Bandaramu dudu Pandhawa, nanging para Drêtarastraputra. Hèh, wadon kang endah warnane, bêcik miliha wong lanang kang ora andadèkake batur tukon awakira, sarana diêtohake dhadhu. Kowe têmtu wus sumurup, yèn wong wadon iku nadyan dianggêp batur tukone lakine, nanging ora cacad, yèn wong wadon mau arêp laki karo wong lanang liyane. Mara Drupadi

--- 1443 ---

miliha laki liyane. Awit Nakula, Bhima, Yudhisthira, Sahadewa apamanèh Arjuna, padha wis dadi jarahan; he, Yajnasèni, sira iku samêngko wus dadi batur tukon, bojomu iya wus dadi batur tukon, dadi ora wênang andarbèni sira manèh. Apa Yudhisthira ora ngira yèn urip iku ana pigunane, mangkono uga kaprawiran, lan wêwatêkaning lanang, dene ana ngarsane para ratu, kêduga nglilahake putri Pancala, kanggo totahantotohan dhadhu.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Bhima ingkang brangasan ambêkipun, dupi mirêng pangandikanipun Prabu Karna makatên wau, pasêmonipun katingal pêtêng ndhêdhêt, sarwi angêsês-êsês, awit Sang Bhima sangêt bêkti ing kadang wrêdha, sarta pinêksa dening kautamèn saha kawajiban, mila nadyan kados punapa kemawon dukanipun, dipun pilaur amung ngêsês-êsês, tingal marakata abrit, kadi mêdal dahana, wasana lajêng matur dhatêng ingkang raka makatên: "Dhuh, Yudhisthira kakangku, nadyan tansah digêgasah sarta dijarag, kapriye bisamu tumandang, awit aku dalah para sadulur kabèh iki têmên wus dadi batur tukon, upama si kakang ajoa angêtokakeangêtohake Drupadi tênan apa mungsuh wênang tumindak mangkene."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi Sang Prabu Duryudana mirêng pangandikanipun Sang Bhimasena makatên wau, lajêng ngandika dhatêng Prabu Yudhisthira, ingkang amung tumungkul kalihan botên ngandika sakêcap-kêcapa, kadi têlas budinipun, pangandikanpun makatên: "Yayi prabu, yayi Bhima, Arjuna, lan si kêmbar, iku kawulanira, dadi kang wênang mangsuli

--- 1444 ---

pitakone Drupadi mung yayi prabu, mara matura sarasaning atimu, apa yayi prabu ngira, yèn Drupadi ora wênang diboyong."

Saking anggènipun nêdya anggêgasah Prabu Karna, saha ngerang-erang Sang Bhima, sasampunipun ngandika makatên wau dhatêng Prabu Yudhisthira, Sang Duryudana lajêng cincing ngantos pupunipun ingkang agêngipun sawit pisang katingalan dening Dèwi Drupadi, saha katingalan mawa têngêr ingkang mratandhani, bilih sakalangkung rosa.

Dhuh, Prabu Janamêjaya, kados punapa dukanipun Sang Bhimasena paningalipun ingkang abrit, awit saking sruning wirang, lajêng manthêlêng anggêgirisi, sarwi manguwuh sora, ngantos kapiyarsa cêtha dening sadaya ingkang sami wontên pambujana wau. Pangraosipun para nata, panguwuhipun Sang Bhima wau, landhêpipun langkung saking jêmparing mawa wisa. Panguwuhipun Sang Bhima makatên: "Muga Wrêkudara aja bisa lumêbu ing kahyangane para lêluhure, yèn ora bisa ngrêmuk pupune Duryudana kiwa, manawa ing têmbe wus padha arêp-arêpan ana ing paprangan."

Saking sruning bêndu sadaya babahan sanga ing sariranipun Sang Bhima, sami kêmukus kados badhe ngêdalakên latu, kadi murênging dolok kang tansah katingal plêtikipun. Sami sanalika wau, Sang Widura lajêng ngandika makatên: "Dhuh, para narendra ingkang sami ngêmpal ing ngriki sadaya, suwawi sami dipun yêktasana, têmtu ing darahipun Prabu Pratipa badhe wontên karisakan agêng, ingkang saking kanêpsonipun Bhimasena. Walèh-walèh punapa, bêbaya agêng wau sampun katêtêpakên dening pêpasthèn, badhe kangge ngrisak darah Bharata. Para putranipun kakang Prabu Drêtarasta, kalampahan sami

--- 1445 ---

ngabotohan, sampun botên purun mirêngakên pitêdah sae, salêbêtipun ngabotohan lajêng sami pabên prakawis pawèstri, putrining ratu. Kawuningana kakang prabu, praja paduka sampun dumugi wêwangên têlasing tata raharjanipun. Suwawi dipun pirsanana, para Kurawa sampun sami ngrêmbag dununging kalêpatan. Dhuh, sadaya para bangsa Kuru, anèm sêpuh, dhawuh pangandikaning dewa ingkang kula ucapakên punika dipun simpêna ing nglêbêting panggalih, kangge pêpèngêt, manawi ing pakêmpalanipun para narendra, mangka wontên lêkas ingkang nyamah kautamèn tamtu ingkang wontên pakêmpalan wau cacad, manawi anggènipun anak Prabu Yudhisthira ngêtohakên pun Drupadi wau, sadèrèngipun Yudhisthira dados boyongan, awit têtela manawi Yudhisthira bêndaranipun Drupadi. Nanging manawi tiyang anggènipun ngêtohakên punapa kemawon tiyang wau sampun dados rencang tumbasan, upami tiyang wau mênang, punika dipun candra kadi tiyang supêna manggih rajabrana. Kulup Yudhisthira, marga sira mung miturut sapangatage yayi Sakuni ing Gandara, dadi sira bêgja, Drupadi ora wênang didarbe sapa bae."

Rikala Prabu Duryudana mirêng pangandikanipun Sang Widura makatên wau, lajêng mangsuli pangandika: "Kula amung ngêntosi wangsulanipun Bhima, Arjuna, tuwin Nakula saha Sahadewa, mila mugi dipun puriha mungêl, manawi yayi Yudhisthira sanès bêndaranipun, yèn sami purun pratela makatên, Yajnasèni lajêng kula luwari saking anggènipun dados rencang tumbasan."

Sang Arjuna ngandika: "Kakang Prabu Yudhisthira, putranipun Dèwi Kunthi, punika sadèrèngipun kasukan, têtêp

--- 1446 ---

ratu kula, nanging sasampunipun kakang prabu wau angêtohakên sariranipun piyambak ngantos kawon, punika lêrêsipun sintên ingkang nggadhahi bêndara? Pitakèn kula punika Kurawa ingkang kêdah anjawab."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kawuningana sinuwun, nalika samantên ing sanggar palanggahanipun Prabu Drêtarastra kalêbêtan sagawon ajag, lajêng ambaung sora, ingkang dipun timbangi bêngingèhing kuldi, punapadene pêksi ingkang sami saba dalu, sami umyung asêsauran. Sang Widura ingkang botên kewran saebah osiking jagad, punapadene Dèwi Gandari, putrinipun Prabu Suwala, sami sampun ngrêtos wahananipun sadaya wau. Sang Bhisma, Rêsi Druna saha ingkang linangkung Rêsi Krêpa, sami ngandika sakalangkung sora, makatên: "Swisti, swisti (amin, amin)."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, Dèwi Gandari tuwin Sang Widura, sami karanta-ranta tangisipun, kalihan matur dhatêng Prabu Drêtarastra kadospundi badhe kadadosanipun sasmita wau wasana Prabu Drêtarastra lajêng ngandika: "He, Duryudana kang angkara murka, he si candhala budi, aja sira bacut-bacutake anggonira mêmirang bojone senapati bangsa Kuru iki."- Prabu Drêtarastra, kang wicaksana sarta lêbda dhatêng sawarnining kawruh, sasampunipun ngandika makatên wau, lajêng mawas têlênging panggalih ngèsthi kawicaksanan, karsanipun badhe ngêntas para putra santana tuwin kawulanipun saking bêbaya, mila lajêng ngrêrapu putri Pancala, pangandikanipun makatên: "Hèh, mantuningsun Drupadi, sira têtela wadon utama kang bêkti ing kasusilan, minangka têtungguling para mantuningsun kabèh, sira kêpengin apa nggèr

--- 1447 ---

si bapa kang bakal minangkani."

Atur wangsulanipun sang dèwi makatên: "Dhuh, narendra darah Bharata, manawi panjênênganipun sinuwun karsa angganjar, saha kula dipun wênangakên darbe panyuwun, kula nyuwun supados putra paduka Prabu Yudhisthira, ingkang têtêp dhatêng kawajiban, dipun luwarana saking anggènipun dados boyongan, murih rarencangipun dolanan anak kula, botên mastani, anaking batur tukon dhatêng pun Pritiwindaya. Pun Pitriwindaya punika putranipun ratu pêpêthinganing jagad, punapa botên mêmêlas sangêt saupami kalampahan dipun sêbut: anake batur tukon."

Dhawuh pangandikaipun Prabu Drêtarastra: "Hèh, putri linuwih, panyuwunira mau ingsun parêngake. Mara Drupadi sira darbe panjaluk apamanèh, tutura bae, têmtu ingsun turuti. Panggalih ingsun adrêng arsa ganjar ing sira manèh, awit pantêse ganjaranira ora mung samono bae."

Dèwi Drupadi manêmbah sarwi matur: "Dhuh, ratu kang ambêg utami, mugi Sang Bhimasena, Arjuna, tuwin sang kêmbar dipun luwarana saking anggènipun dados rencang tumbasan, saha dêdamêlanipun sadaya dipun paringna malih."

Dhawuh wangsulanipun Prabu Drêtarastra: "Dhuh, putri kang antuk nugrahaning dewa, panyuwunira, ingsun parêngake manèh, apa panyuwunira kang kaping têlune, awit saka pangrasaningsun, durung cukup yèn sira mung ginanjar rupa loro bae. Sira kang misuwur utama, mula iya mung sira kang sayoga dadi têtungguling para putri mantuningsun."

Sang dèwi matur. "Dhuh, musthikaning para ratu, dhuh, darah Bharata, kang kaloka, kawuningana sinuwun, kamurkan

--- 1448 ---

damêl sirnaning kautamèn, mila botên prayogi manawi kula, dipun parêngakên darbe panyuwun ngantos rambah kaping tiga. Awit saking punika mila kula ajrih darbe panyuwun malih karana manawi waisya wênang darbe panyuwun warni satunggal, ksatriya kalih, yèn ksatriya priya tiga, nanging yèn brahmana wênang darbe panyuwun warni satus. Dhuh, sinuwun, manawi para priya kula sampun kaluwaran saking kasangsaran, warni dados rencang tumbasan sarta wênang ngrêgêm dêdamêl, kula pitados manawi badhe sagêd antuk kamulyan, ingkang sarana utami.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa satunggal, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

BAB 72. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Prabu Karna ngandika: "Ing marcapada ngriki dèrèng nate wontên pawèstri dipun wastani ayu, awit anggènipun nglampahi kados pokalipun Drupadi – pawèstri satunggal karabi priya gangsal.- Para Pandhawa kalihan Kurawa sampun waringutên, nanging Drupadi sagêd mitulungi Pritaputra. Manawi panyandra kula, Drupadi punika baita, ingkang bêkta Pandhawa dhatêng ing pagisikan, nalika Pandhawa sampun mèh silêm ing têngah samodra."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Bhimasena ingkang sangêt manginggit-inggit, dupi mirêng pangandikanipun Prabu Karna makatên

--- 1449 ---

wau, panggalihipun sangêt karêrantan, têmah kawiyos pangandikanipun makatên: "Yayi, Arjuna, ing nguni Sang Dewala ngandika, manawa ing garbaning manusa iku isi cahya têlu, yaiku wiji kang banjur dadi anak, dadi pakarti, sarta dadi kapintêran. Têtela dumadine kabèh kang maujud iki saka têtêlu mau. Manawa urip wus arêp angoncati, badane ora sukci, disingkang-singkang kadang kulawargane. Cahya têlu mau kang piguna tumrap manusa, ananging cahya mau samangko surêm dening pangerang-erang kang ngênani garwane. O, Arjuna, wong bagus, kadangipun kakang, apa Drupadi kang nandhang pangerang-erang samono mau, bisa anak-anak lanang kang migunani tumraping Pandhawa."

Atur wangsulanipun Sang Arjuna: "Dhuh, kakang Bhimasena, manawi para luhuring budi saèstu botên karsa maèlu dhatêng têmbung kasar ingkang kaucapakên dening tiyang asor darajadipun, tiyang ingkang pancèn pantês kaaji-aji, saha rêmên malês sae dhatêng ingkang sami damêl kasaenan ing badanipun, saèstu botên purun manah piawoning mêngsah, ingkang dipun èngêt-èngêt amung ingkang sae-sae."

Nalika samantên Sang Bhima lajêng matur dhatêng ingkang raka makatên: "Kakang prabu, apa mungsuh kabèh kang wus padha ngumpul ana ing kene iki, ora luwih bêcik dak sirnakake saiki, dadi ora ana kang makèwuhi kakang prabu anggone jumênêng nata binathara." Sang Bhima dalah para ari sadaya, nalika punika tansah tumolèh nganan ngering, paningalipun manthêlêng, labêt saking sruning duka, kadi singa ingkang wontên satêngah-têngahing sato alit-alit. Nanging Sang Arjuna ingkang sadaya pandamêlipun botên kalepetan dosa,

--- 1450 ---

tansah ngarih-arih ingkang raka, namung Sang Bhimasena, prajurit linangkung ingkang santosa baunipun punika, malah saya mubal-mubal dukanipun, prasasat mêdal latunipun, mila katingal saya anggêgirisi, imba jangkêrut, netra nyurêng, amarbabang, kadi Bathara Yama nalika triwikrama karsa anglêbur bawana ing wêkasaning jaman. Dene Sang Yudhisthira, botên kêndhat-kêndhat pangandikanipun dhatêng ingkang rayi Sang Bhimasena, suraos, sampun kalantur anggènipun nglajur dêduka. Ingkang rayi enggal rinangkul lungayanipun sarwi dipun pangandikani makatên: "Aja mangkono yayi, bêcik mênênga bae, sarta sarèhna atinira."

Sasampunipun ngarih-arih Sang Bhimasena, ingkang netranipun mrêbabang labêt saking sangêt duka, Sang Yudhisthira lajêng mrêpêki ingkang uwa Prabu Drêtarastra, sasampunipun lênggah nêmbah lajêng matur."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa kalih, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

BAB 73. SAMBÊTIPUN DYUTA PARWA.

Aturipun Prabu Yudhisthira makatên: "Dhuh, uwa prabu, pêpundhèn kula mugi kaparênga ngandika, kadospundi ingkang kêdah kula lampahi dalah para ari sadaya, dhuh, darah Bharata, awit para Pandhawa amung badhe miturut sadhawuhipun kangjêng uwa kemawon."

Dhawuh wangsulanipun Prabu Drêtarastra makatên: "Kulup, Ayatasatru, sira padha nêmu kamulyan, sira samêngko

--- 1451 ---

wus ingsun lilani mundur saka ngarsaningsun, nuli têntrêma panggalihira dimèn lêstari raharja. Awit saka parentah ingsun, nagara sarta sakèh rajabrana darbèkira, samêngko dadia darbèkira manèh. Kulup, èstokna pamrayogane wong tuwanira iki, awit iki têtela yèn migunani lumrah kaya pituture wong tuwa-tuwa liyane. Dhuh, kaki Prabu Yudhisthira, sira tamat marang sarasaning kasusilan kang têtela jêro bangêt iku, apadene sira sinung kawicaksanan, watakira nalangsa, sarta bêkti marang wong tuwa. Wruhanamu kulup, panitikane wong kang limpat ing budi iku têmtu momot pamêngkune marang sakèh kaluputaning wong, o, pêpêthingahingpêpêthinganing darah Bharata, mituhua sira marang pituduh kang mêmarah têntrêming ati, nadyan wadung iku têdhas kanggo nêgor kayu gêdhe, nanging mlèsèt bae yèn kawadungake watu itêm, lire: sira tansah mituhu marang pitutur bêcik, nanging ora nêdhasi marang Duryudana. Kang diarani wong pêpêthingan iku, wong kang ora ngrasakake panggawe alane mungsuh, nanging kang dieling-eling mung kabêcikane bae. Kaluputaning mungsuh tansah dilali-lali, èsthine nêdya sumingkir saka mêmungsuhan. Kang diarani wong utama kang dielingi kabêcikaning mungsuhe, nanging ora ngrasakake marang panggawe ala kang katandukake dening mungsuh marang awake. Para ambêk utama manawa gawe kabêcikan marang wong ora pisan-pisan kapengin diwalês. Dhuh, Yudhisthira, anakku, kang gêlêm ngucapake têmbung kang nyêrikake ati, kalane garêjêgan, iku mung wong asor budine. Wong tanpa ngrasa yèn kongsi gêlêm mangsuli manawa diunèni ala. Nanging yèn wong utama pinunjul, têmtu ora gêlêm ngrasakake utawa nyathêt unèn-unèn kang natoni ati, nadyan

--- 1452 ---

kang ngucap mau mungsuhe utawa dudu. Awit yèn wong bêcik têmtu dhêmên maspadakake rasane dhewe, dadi banjur bisa nimbang pangrasane wong liya, mulane mung tansah ngèlingi kang bêcik-bêcik, ora maèlu marang pialaning mungsuhe, kang tumanduk ing awake. Yèn sira anggarap samubarang, kang uwis-uwis kaya lumrahe wong bêcik manawa anggêgarap, wus diwêwekani dhisik, dadi têmtu ora bisa kaladuk nadyan ingatase kauntungan, apa kabungahan lan kabêcikan. Wêkas ingsun marang sira kulup, aja pisan nggagas sumêngite tanduke kakangira Duryudana, bêcik ngèlingana ibunira Gandari utawa ingsun bae, dene yèn nuju kèlingan marang kakangira, banjur eling-elingên kabêcikane bae. Dhuh, darah Kuru, sira ngèlingana yèn ingsun sudarmanira kang wuta lan wus kapara tuwa, nanging samêngko isih urip. Kalakone ingsun ngidèni anggone padha dhadhu, iku mung saka kêpengin wêruh marang lêlabêtane para kinasih lan para mitra, utawa saka kapengin ingsun nguningani kasantosan, lan kalêmbèkane kakangira. Kaki prabu, bangsa Kuru, kang sira ratoni, nganggo para yayi Widura, kang limpat ing budi, putus marang saliring kawruh, pancène têmtu tampa sêdhih. Yudhisthira iku wus ambadan kautaman, Arjuna momot, Bhimasena prawira, si kêmbar iku padha bêkti marang dhêdhuwurane, dhuh, Ayatasatru, sira padha nêmua kabêgjan samêngko sira sakadangira padha balia marang Indraprastha, karo nglêstarèkake sih-sinisihan lan kadangira nak-sanak, sarta tansah angèsthia marang kautaman."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Ratu ambêk paramarta, Prabu Yudhisthira, pêpêthinganing darah Bharata, sasampunipun wontên dhawuhipun

--- 1453 ---

ingkang uwa Prabu Drêtarastra, sarta sasampunipun anêtêpi wajibing ênèm dhatêng para wrêdha, lajêng pangkat kundur dhatêng Kundhawaprastha dalah para ari sadaya. Sadaya sami nitih ratanipun piyambak-piyambak, nanging Dèwi Drupadi nunggil sarata kalayan Prabu Yudhisthira. Lampah kunduripun para Pandhawa dhatêng praja Indraprastha wau kanthi sukaning panggalih."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa tiga, perangan Dyuta ing Sabhaparwa.

__________

BAB 74. ANUDYUTA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Paman bhagawan, kadospundi kawontênanipun para Kurawa, dupi priksa para Pandhawa sampun tampi idinipun Prabu Drêtarastra, kundur saking Hastinapura, kalayan dipun parêngakên bêkta wangsul rajabrana saha sêsotya nawarêtna, ingkang sampun dipun kêkap mêngsahipun, lajêng kundur dhatêng Kandhawaprastha kalihan suka rêna."

Rêsi Waisampayana wiwit cariyos malih: "Sinuwun, dupi Sang Dusasana mirêng pangandikanipun Prabu Drêtarastra dhatêng para Pandhawa, suraos marêngakên Pandhawa wangsul dhatêng prajanipun, enggal-enggal marêpêki Sang Duryudana, lajêng matur dhatêng ingkang raka kalayan sangêt prihatos. Nalika samantên Prabu Duryudana taksih ingadhêp para nayakanipun dene aturipun Dusasana makatên

--- 1454 ---

dhuh, para senapatining paprangan, ingkang sami wontên ing mriki, mugi sami karsa anggatosakên atur kula dhatêng kakang Prabu Duryudana: "Dhuh, kakang prabu sadhèrèk kula sêpuh, sadaya rajabrana jarahaning kamênanganipun, samangke kaawut-awut kangjêng rama prabu, wujudipun bandha wau sampun katampèkakên malih dhatêng mêngsahipun Kurawa." Rikala Prabu Duryudana kalihan Prabu Sakuni mirêng aturipun Sang Dusasana makatên wau, sakalihanipun wau sami sinasarakên dening raos murka, mila lajêng sami sayuk saeka kapti, nêdya ningkês Pandhawa. Sasampunipun golong rêmbagipun, Sang Duryudana enggal marak ingkang rama, Sang Wicitrawiryaputra. Sasampunipun ngaras pada, lajêng matur kalihan angasih-asih makatên: "Dhuh, sêsêmbahanipun Duryudana, punapa rama dèrèng nate mirêng dongèng ingkang mratelakakên pangandikanipun Maharsi Wrêhaspati, gurunipun para jawata, nalika wiraosan kalihan Bathara Sakra, prakawis kawruh kawicaksanan saha kawruh praja. Dhuh, sinuwun, dene pangandikanipun Rêsi Wrêhaspati wau makatên: Mungsuh kang tansah kaliru anggone ngrakit gêlar, utawa kalintu panêmpuhe, iku gampang dikalahake sarana laku kang kaya apa bae. Dhuh narendra bangsa Kuru, manawi rajabrana agêng kula anjarah darbèking Pandhawa, punika kula pisungsungakên para ratu saindênging bawana, kangge sarana anggèn kula badhe ngrakêt, manawi sampun kenging manahipun, lajêng kula purih ambiyantu anggèn kula nêdya lumawan Pandhawa. Manawi sagêd kalampahan kemawon punapa Kurawa badhe sumêlang ningali kakiyatanipun Pandhawa. Manawi tiyang nêmaha angumbar sawêr mandi ingkang galak, wontên

--- 1455 ---

ing githok saha gêgêripun, punapa lêkasipun wau botên mutawatosi, awit punika sagêd ugi damêl tiwasipun; punapa botên langkung prayogi dipun singkirake kemawon. Dhuh, rama prabu para sutanipun paman Pandhu, ingkang sami sawêg mubal kanêsonipun, sampun sami numpak rata paprangan, kula candra kadi sarpa mandi, ingkang kapidak pêthitipun; upami dipun kèndêlakên kemawon, têmtu sagêd ambêbayani tumraping Kurawa, malah sagêd ugi Kurawa têtumpêsan. Samangke Arjuna sampun ngrasuh kêrenipun, endhong pusaka sampun dipun sandhang, punapadene langkap gandhiwa kalihan tansah angunjal napas, netranipun sumorot anggènipun mawas ngiwa nêngên, kalayan sangêt angatos-atos. Malah pawartosipun Bhimasena sampun ngrakiti ratanipun, dados samangke têntu sampun mangkat kalayan mandhi gadanipun ingkang anggêgirisi punika dene pun Nakula sampun wahana rata kalayan nyêpêng sabêt saha tamèngipun ingkang wangun jêram saajar. Dados para Pandhawa sadaya wau samangke sampun wahana rata ingkang kinêbakan sawarnining dêdamêl, pangkat mantuk, botên dangu têmtu sampun dumugi ing Kandhawaprastha lajêng mêpak wadyanipun. Upami Pandhawa wau dipun tututi lajêng dipun têdha rajabrananipun, tamtu botên purun ngapura malih, para Kurawa lajêng dipun tandangi. Punapa kintênipun Pandhawa ngapura dhatêng tiyang sampun damêl sangsara saha wirangipun Drupadi? Kangge rumêksa karaharjanipun rama prabu, dalah para putra santana saha sadaya para kawula, kula kêdah dhadhu mêngsah Pandhawa malih, wigatos amung sagêda nyingkirakên Pandhawa dhatêng ing wana. Dhuh, ratuning bawana, manawi sarana dhadhu, têtula Kurawa

--- 1456 ---

sagêd nêlukakên Pandhawa. Ingkang minangka totohan anggènipun dhadhu wau, kula badhe angwontênakên prajanji, sintên ingkang kawon, nadyan Kurawa punapa Pandhawa, kêdah sumingkir saking praja manggèn ing wana, laminipun kalih wêlas taun, panganggenipun cucal sato, taun ingkang kaping tiga wêlasipun kêdah manggèn ing salah satunggalipun nagari, nanging kalayan sêsingidan. Upami salêbêtipun sêsingidan wau ngantos kasumêrêpan, kêdah manggèn ing wana, laminipun kalih wêlas taun malih, salajêngipun sabên-sabên makatên. Pandhawa Kurawa botên wontên bèntênipun, pundi ingkang kawon, lajêng katêtêpakên anglampahi makatên wau. Awit saking punika rama prabu, mugi dipun parêngna dhadhu sapisan malih dados Pandhawa katimbalana kados ingkang sampun kalampahan. Dhuh, kangjêng rama, narendra darah Bharata, sajatosipun prakawis punika dados kawajiban agêng tumrapipun Kurawa, panjênênganipun rama prabu saèstu botên kakilapan dhatêng kajuliganipun paman Gandara manawi kasukan dhadhu. Manawi Pandhawa purun dhadhu malih mawi prajanji makatên wau, kenging katêntokakên badhe kendhang wana laminipun kalih wêlas taun, sêsingidan wontên salah satunggaling nagari sataun. Wêwangên samantên dangunipun punika, punapa botên sampun ngoyot santosa jumênêngipun Kurawa wontên ing Hastinapura, awit Kurawa lajêng badhe ngupaya sraya, ingkang anggêgirisi, mawi dipun bêbingah manahipun, dados manawi sampun dumugi wêwangên antukipun Pandhawa punika sampun samêkta upami Pandhawa lajêng badhe nuruti kanêpsonipun. Dhuh, darah Bharata, rêrantaman sadaya wau, mugi dadosa panujuning panggalihipun rama prabu."

--- 1457 ---

Prabu Drêtarastra ngandika: "Para Pandhawa nuli timbalana bali nadyan wus têkan prajane uga timbalana bali, tutura yèn prêlune katantang dhadhu manèh."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Nalika mirêng pangandikanipun Prabu Drêtarastra makatên wau, Rêsi Drona, Prabu Samaduta, Prabu Wahlika, Rêsi Krêpa, Sang Widura, Rêsi Aswatama, Sang Yuyutsuh, putranipun Prabu Drêtarastra mijil saking pawèstri bangsa waisya, Prabu Burisrawa, Sang Bhisma tuwin Sang Wikarna, prajurit rata sinakti, sadaya sami sêsarêngan matur Prabu Drêtarastra, aturipun makatên: "Mugi sampun dipun parêngakên kasukan malih, prayogi manawi sih-sinisihan kemawon." Dhuh, Prabu Janamêjaya, nanging Prabu Drêtarastra sampun botên maèlu babar pisan dhatêng aturipun sadaya wau, awit sampun kalimput ing sihipun dhatêng putra, mila dhawuh nimbali Pandhawa malih.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa sêkawan, perangan AnudytaAnudyuta (dan di tempat lain). ing Sabhaparwa.

__________

BAB 75. SAMBÊTIPUN ANUDYTA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, nata binathara, Dèwi Gandari kang ambêk utami, awit saking sihipun dhatêng para putra, têmah sangêt sungkawanipun nguningani lêlampahanipun para putra makatên wau, awit saking punika mila sang dèwi lajêng

--- 1458 ---

marêk ing ngarsanipun Prabu Drêtarastra sami sanalika, kalihan matur makatên: "Dhuh, sinuwun, rikala Duryudana lair, yayi Widura ingkang wicaksana matur ing panjênêngan nata, supados kaparênga anyirnakakên kalilipipun bangsa Kuru punika, awit nalika lair pun Duryudana mawi rambah-rambah jêrit, swaranipun kadi pambaunging sagawon ajag, damêl mirisipun ingkang sami mirêng. Sadaya kawontênan nalika lairipun pun Duryudana wau, samangke sampun têtela manawi badhe kalampahan kados wêcanipun para linangkung, manawi Duryudana badhe dados jalaran têtumpêsaning bangsa Kuru. Suwawi dipun titènana kemawon. Dhuh, darah Bharata, murih panjênênganipun sinuwun botên kabalabak ing toyaning samodra kasangsaran, ingkang tuwuh saking kalintuning tindak paduka pribadi, dhuh, pêpundhènipun Gandari, mugi sampun tansah anjurungi kemawon dhatêng panyuwunipun para candhala budi ingkang sami kapilare punika. Dados panjênênganipun sinuwun botên dados jalaran risaking bangsa. Sintên tiyang ingkang purun ambibrah tanggul panulaking toya banjir ing prajanipun, manawi tanggul wau sampun dados utawi sintên ingkang purun ngurubakên malih latuning griya kabasmi, manawi sampun pêjah? Dhuh, ratuning bangsa Kuru, sintên ingkang nêmaha damêl saksêrikipun Pandhawa ingkang sadu budi, dhuh, Sang Ayamidha (Drêtarastra), nadyan panjênênganipun sinuwun sampun botên kakilapan dhatêng sadaya wau, ewadene kula mêksa ngèngêtakên, sarta lajêng dipun raosana kanthi wêning panggalih. Mugi panjênênganipun sinuwun anêtêpna sapitêdahipun sêrat sukci kemawon; sêrat sukci punika nadyan isi wêwaton prayogining lampah tumrap prakawis punapa

--- 1459 ---

kemawon, ewadene botên sagêd dados pambênganing piawonipun para candhala budi. Dhuh, sinuwun, tiyang ingkang dèrèng mumpuni ing kawruh, manawi anggêgarab saèstu botên kados para wrêdha. Paduka mugi kaparênga tumindak ingkang prayogi, murih dados têtuladhanipun sadaya para putra, ingkang wêkasanipun paduka botên kapisah lan para putra, ingkang jalaran saking kasinggêt dening kasêktèning mêngsah, wujudipun pêjah dening mêngsahipun ingkang sêkti mandraguna punika. Dhuh, sinuwun, mugi paduka kaparêng nyirnakakên kaliliping bangsa Kuru, nadyan kula priksa manawi paduka ing nguni botên tega, labêt saking gênging sihipun sinuwun ing putra. O, sinuwun, sêmunipun wêkdal punika sampun dumugi mangsa sirnaning bangsa Kuru, awit saking piawonipun Duryudana. Dhuh, pêpundhènipun Gandari, mugi sampun kalajêng-lajêng kalimput ing panggalih, mugi nindakna têtêping adil; panjênênganipun sinuwun ing nguni sampun kawuningakên dhatêng katêntrêman, kautamèn, saha patitising ngasta pusara kaprabon, mila têmtu sinuwun botên kakilapan, bilih kabêgjan ingkang dhatêngipun sarana pandamêl awon, punika têmtu botên widada. Nanging sadhengah ingkang dipun pinangkani saking ambêk paramarta, punika badhe sagêd ngoyod saha turun-tumurun sami kasrambah wibawa."

Kados punapa pamilutanipun Dèwi Gandari, supados sang prabu tumolèh dhatêng kautamèn, ewadene sampun botên wontên pigunanipun, sang prabu malah mangsuli pangandika makatên: "Gandari, manawa ing wêktu iki wus têkan mangsa kala rusaking bangsa Kuru, apa ora luwih bêcik manawa tumuli kêlakon pisan, awit ingsun wus rumangsa ora kuwawa

--- 1460 ---

nanggulangi, dak lajure bae karêpe anak-anakku. Hèh, bocah Hastina, mara para Pandhawa enggal timbalana bali, pêrlu dimèn banjur padha dhadhu manèh lan kakang-kakange."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa gangsal, perangan Anudyuta ing Sabhaparwa.

__________

BAB 76. SAMBÊTIPUN ANUDYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Duta pangkat, sarêng sampun pinanggih kalihan Prabu Yudhisthira, lajêng matur makatên: "Dhuh, narendra darah Bharata, kula ngêmban timbalanipun ingkang uwa Prabu Drêtarastra, dhawuhipun: "Hèh, Pandhuputra, kaki Prabu Yudhisthira, sira nuli balia banjur dhadhu manèh."

Prabu Yudhisthira ngandika kadi angudaraos: "Sarupaning tumitah padha ngundhuh wohing panggawene dhewe-dhewe, dadi bêcik yèn wong ora nduwa marang dhawuhing dewa, kang ngawasani iku mau bae. Tibaning wohing panggawe ora kêna disinggahi, dadi ingsun dhadhu apa ora, iku sajatine padha bae iki panantang utawa dhawuhe uwa prabu, dadi wajib dak lakoni, nadyan ingsun wêruh bakal dadi jalaran karusakan, ananging têmtu ingsun lakoni."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Nadyan langka upami wontên sato gêsang abadan kancana, ewadene Prabu Rama sagêd kalimput dening kamayaning kidang kancana. Sayêktosipun, manawi tiyang

--- 1461 ---

sampun dumugi mangsa dhumawahing pêpasthèn kojur, têmtu lajêng kuwur manahipun, mila sasampunipun ngudaraos makatên wau, Prabu Yudhisthira lajêng pangkat dhatêng Hastinapura malih kadhèrèkakên para kadang. Prabu Yudhisthira botên kakilapan manawi Prabu Sakuni anggènipun dhadhu, sarana lampah cidra, ewadene karsa dhadhu mêngsah Suwalaputra malih. Rawuhipun para prajurit linangkung, putranipun Prabu Pandhu wontên ing Sabha anjaning kasukan, damêl kagètipun para mitra. Enggal mapan lênggah sawega badhe kasukan. Inggih makatên pamêksaning pêpasthèn."

Sami sanalika wau Prabu Sakuni marêpêki Prabu Yudhisthira kalihan ngandika: "Anak Prabu Yudhisthira, Prabu Drêtarastra sampun maringakên wangsul sadaya rajabrana kagunganipun anak prabu, ingkang sampun kula kêkap. Makatên kawajibaning tiyang sêpuh dhatêng pulunanipun, nanging samangke mugi dipun piyarsakna atur kula punika. Anak prabu sajatosipun taksih wontên ajèn-ajèn agêng langkung saking sadaya ingkang sampun sami dipun tohakên; suwawi sami dipun tohakên inggih punika: sintêna ingkang kawon anggènipun dhadhu, kêdah mangangge kuliting sato, gêsang wontên wana dangunipun kalih wêlas taun, taun kaping tiga wêlasipun kêdah manggèn ing salah satunggaling nagari kalayan namur, laminipun sêtaun. Manawi salêbêtipun namur wau kasumêrêpan, lajêng kêdah manggèn ing wana malih ngantos kalih wêlas taun, sarta sasingidan ing nagari malih. Manawi kasumêrêpan inggih makatên malih, dados manawi Kurawa kawon inggih lajêng nglampahi makatên wau, dene manawi anak prabu kawon, sadaya Pandhawa dalah Dèwi Drupadi ugi

--- 1462 ---

kêdah nglampahi kados atur kula punika. Ing wêkasaning taun, ingkang kaping tiga wêlasipun, Pandhawa punapa Kurawa kêdah masrahakên wangsul nagari isinipun, ingkang dipun kuwasani salêbêtipun tiga wêlas taun wau. Dhuh, anak Prabu Yudhisthira, makatên wau gêlênging rêmbagipun Kurawa, mila suwawi lajêng wiwit dhadhu malih."

Dupi ingkang sami wontên ing ngriku sadaya sami mirêng panantangipun Sang Suwalaputra makatên wau, lajêng sami nudingi dhatêng Prabu Sakuni kalihan raos muring-muring, tuwin sangêt sumêlang, awit sadaya sami rumaos, bilih pandamêl makatên botên pantês dipun tindaki para ksatriya, têmahan sami ngandika: "Adhuh, kêbangêtên têmên, apa mitra-mitrane Prabu Duryudana ora ana kang pêpèngêt, yèn panggawe mangkono iku bangêt mutawatiri. Dhuh, Prabu Drêstarastra, nadyan putra paduka Sang Duryudana ngrêtos utawi botên dhatêng awoning sêdyanipun makatên wau, wajibipun sinuwun kêdah pêpèngêt, kadhawuhna salugunipun, manawi punika badhe botên prayogi kadadosanipun."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Nadyan Prabu Yudhisthira ugi mirêng piyambak pêpèngêt makatên wau, nanging awit rumaos lingsêm upami katantang botên ngêdali, dados anggènipun dhadhu malih punika amung nêdya nêtêpi utamining ksatriya. Prabu Yudhisthira lantip sarta sampun priksa kadospundi badhe kadadosanipun, inggih punika manawi têtumpêsaning bangsa Kuru sampun dumugi kalamangsanipun."

Pangandikanipun Prabu Yudhisthira: "Paman Gandara, para ratu punika kawontênanipun kados kawontênan kula,

--- 1463 ---

anggèning nêdya anêtêpi kautamaning ksatriyanipun, mila punapa amung katantang dhadhu kamawonkemawon sampun mundur, awit saking punika, paman, suwawi kula ajangi."

Prabu Sakuni mangsuli pangandika: "Rumiyin ingkang minangka tohipun anggèn kula dhadhu mêngsah anak prabu, punika sadaya rajadarbe, sêsotya nawa rêtna, pitik iwèn, rajakaya, dirada, rata, rencang tumbasan jalêr èstri tuwin sanès-sanèsipun malih, ananging suwawi anak prabu samangke totohan kasantosaning panggalih, pundi ingkang kawon, punapa panjênêngan punapa kula, kêdah ngalas kalih wêlas taun, kawêwahan sataun malih kangge sasingidan wontên salah satunggaling panggenan. Dhuh, darah Bharata, makatên tohipun, punika kula sawêg kadugi dhadhu malih."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, panantangipun Prabu Sakuni makatên wau dipun sanggêmi dhatêng Prabu Yudhisthira, mila putra Gandara enggal ngasta dhadhunipun; botên dangu kamirêng bêngokipun: "Kula mênang anak prabu."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa nênêm, perangan Anudyuta ing Sabhaparwa.

__________

BAB 77. SAMBÊTIPUN ANUDYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Amargi kawon anggènipun dhadhu, mila Prabu Yudhisthira lajêng mirantos badhe pangkat dhatêng wana, para Pandhawa gêntos-gêntos [gêntos-...]

--- 1464 ---

[...gêntos] lukar pangagêman ksatriyan, lajêng santun cucaling sangsam. Dupi Sang Dusasana priksa manawi Pandhawa sampun mangagêm cucaling sangsam, kecalan nagari, saha badhe pangkat dhatêng wana, lajêng manguwuh sora makatên: "Kakang Prabu Duryudana, samêngko têtêp jumênêng nata binathara. Para Pandhawa kasoran, dadi padha nantang, sangsara, kêna diarani: Kurawa gampang têkane kaswargan, kari milih bae mêtu dalan kang êndi, kang rumpil, apa kang rata, amarga wiwit dina kalênggahan iki ingatase kamulyan Kurawa luwih luhur tinimbang mungsuhe, mangkono uga bab suwene ênggane nguwasani jagad, dadi kêna diarani Kurawa wus bisa nggayuh luhur-luhuring gêgayuhane manusa ing marcapada. Pritaputra kabèh wus padha kacêmplung naraka langgêng saka wasesane Kurawa, dadi kelangan kabêgjan kang salawas-lawase ora bisa bali manèh. Pandhawa kang maune anggêguyu sêmu ngerang-erang marang kakang Prabu Duryudana, amarga ngêlungake kasugihane, samêngko kalakon ngalas, kasugihane dijarah, amarga kasoran dening Kurawa, samêngko wus cucul kêrene kang pating galêbyar sorote, lan kêdah panganggone iyasan kaswargan, salin lulang kaya panganggone kang wus katêtêpake nalika arêp wiwit dhadhu. Pandhawa kang ambêk adigung, dene tansah sêsumbar yèn sajagad ora ana kang madhani, samêngko têmtu krasa dhewe sapira kasangsarane utawa ngrêti yèn kaanan iku kaya pari gabug. Nadyan Pandhawa nalika manganggo ksatriyan kaya linuwih lan lungguh anjumênêngana sêsaji, ewadene barêng nganggo lulang mênjangan, banjur êntèk cahyane ora mantra-mantra pantês anjumênêngana sêsaji. Prabu Jajnasena,

--- 1465 ---

narendra darah Somaka, klèru bangêt dene putrine katrimakake marang Pandhawa, awit Pandhawa candrane kaya wong birèn. He, Drupadi, apa kowe bisa sênêng, nonton bojomu padha manggon ana ngalas, manganggo lulang manjangan kang wus tanpa wulu kagawa wus êntèk rajadarbèke, bêcik kowe miliha wong lanang liyane bae para ksatriya kang padha ana kene iki pilihên salah sawiji. Kowe wêruh, yèn para Kurawa kang padha nglumpuk anèng kene iki kabèh, ambêge padha sabar-sabar, wus bisa mangrèh pêpenginan sarta bandha-bandhu, miliha Kurawa siji banjur ladènana, dadi kowe ora katut sangsara nandhang papa, awit para Pandhawa samêngko wus nyamlêng lan pari gabug utawa kewan kamusan, apa pedahmu karaya-raya tut buri Pandhawa, kang kudu urip kasrakat, pari gabug arêp ko kapakake manèh."

Pangandikanipun Sang Dusasana ingkang pêdhês, saha sangêt nyêrikakên manah wau, kawêdharipun wontên ngajêngipun para Pandhawa kasêksèn para ratu, mila Sang Bhima, ingkang pancèn brangasan pambêganipun, mirêng pangandika makatên wau, enggal jumênêng saking palênggahan, lajêng nyêlaki Sang Dusasana kalihan manguwuh sora, ingkang suraos malês ngerang-erang, kados singa ing ardi Himalaya nyêlaki sagawon ajag, pangandikanipun makatên: "He bangsat, kang candhala budi, apa uni mangkono mau dudu unine wong edan, kowe kumaki, ana ngarêpe para ratu akèh, gêlêm muni sakêcoh-kêcohe bae, kang wose mamèrake julige Sakuni. Apa maling pantês dipamèrake? Kowe natoni atine Pandhawa sarana têmbung kang ampuhe ngungkuli panah kaswargan, mulane têmtu aku bakal malês nyublês atimu ana têngahing

--- 1466 ---

paprangan, he, asu, prasêtyaku iki cathêtên ana ing utêgmu sarta sakèh kang padha lumaku wira-wiri ing burimu, apa amarga saka nêpsu utawa saka ardane kamurkane utawa niyat anjangkung kowe, uga bakal dak lêbokake marang Yomani, sakadang warga sarta anak putune kabèh."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Bhimasena ingkang sampun mangagêm cucaling sangsam, nalika ngandika makatên wau, kalayan sangêt duka, ewadene botên nangsaya mêngsahipun, awit saking botên karsa murang margi utami. Kosokwangsul kalihan Sang Dusasana, botên rumaos lingsêm, manawi ngandika utawi tumindak ingkang asor sangêt, mila sarêng dipun pangandikani makatên wau, malah lajêng jogedan, kalihan nguwuh sora. "He, sapi, aja crèwèt."

Sang Bhima mangsuli pangandika malih: "He, si candhala Dusasana, kowe isih wani muni mangkono, kowe kaduga kumaki dene Kurawa mênang dhadhu nganggo laku culika, aku tutur ing kowe, yèn Wrêkudara kongsi ora nyudhèt dhadhamu lan angokop gêtihmu, ana ing têngah-têngahe papan ajanging paprangan, muga aja kongsi ngunggahi alam mulya. Uniku satêmêning rasaku, mangsa marêm-marêma atiku yèn durung matèni Drêstharastraputra ana paprangan, kasêksèn para prajurit akèh."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sawêdalipun para Pandhawa saking Sabha ajanging pasamuan, saking lêganing panggalihipun Prabu Duryudana lajêng mlampah sawingkingipun cakêt kalihan nirokakên lampahipun Sang Bhima. Sang Bhima nolèh lajêng ngandika: Hèh, wong gêmblung, aja ngira yèn sarana patrap mangkono

--- 1467 ---

mêpêsake atiku, dieling, sawuse aku matèni kowe, banjur numpês wadyabalamu kabèh, aku wangsulan." Sang Bhima, ingkang gagah prakosa, tuwin sumêngah pambêganipun, sangêt muring-muring, nanging sangêt dipun sayuti, lumampah ing wingkingipun cakêt ingkang raka Prabu Yudhisthira nalika mêdal saking kadhatoning Kurawa, lajêng kawiyos pangandikanipun malih makatên: "Têmbe aku kang matèni Duryudana, Dananjaya matèni Karna, Sahadewa matèni Sakuni. Ora sapisan bae anggonku ngucapake têmbung mangkono iki, pamrèhku supaya dewa ngèstrènana pangarêp-arêpku mau. Yèn Pandhawa wus kalakon arêp-arêpan prang lan Kurawa, Duryudana bakal dak gêcêk-gêcêk karo gadaku, banjur dak kurêpake ing nglêmah, dak idak-idak êndhase, dene si druhaka Dusasana, kang dhêmên muni ala, bakal dak kokop gêtihe, kaya singa ngokop gêtihe sato borokane."

Sang Arjuna matur: "Dhuh, kakang mas Bhimasena, manawi para linangkung èsthining pênggalih punika mbotên amung kawêdhar ing wicara kemawon, mila mbenjang ngancikipun taun kaping kawan wêlasipun saking dintên kalênggahan punika, Kurawa sagêda ngraosakên kababaring èsthi wau sarana pandamêl."

Sang Bhima ngandika malih: "Jagad bakal ngrasakake gêtihe Duryudana, Karna, Sakuni, papate Dusasana."

Aturipun Sang Arjuna: "Dhuh, kakang mas Bhimasena, kadang kula sêpuh, kula badhe ngèstokakên dhawuhipun kakang mas, mêjahi Prabu Karna, ingkang ambêgipun jail, mèrèn ungêlipun awon tuwin sumangkeyan, anggèn kula mêjahi wau wontên ing paprangan. Saking anggènipun nêdya damêl lêganing

--- 1468 ---

panggalihipun ingkang raka Sang Bhima, lajêng prasêtya manawi badhe numpês Prabu Karna sawadyabalanipun sadaya sarana jêmparingipun. Sang Arjuna matur malih: "Dhuh, kakang mas, manawi ucap kula punika botên têtêp dados lêlampahan, parêdèn Himawat badhe mancêlat saking dumuginipun,dunungipun surya ical pajaripun, soroting rêmbulan ical dayanipun asrêp. Kakang mas sadaya wau têmtu kalampahan ing benjing taun kaping kawan wêlasipun saking dintên punika, manawi kakang Duryudana botên karsa mangsulakên sadaya darbèking Pandhawa karana aris.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sakèndêlipun Sang Arjuna, Sang Sahadewa putranipun Dèwi Madri, ingkang sêkti mandraguna saha pêkik warnanipun, awit saking saruning pamuring-muringipun dhatêng Prabu Sakuni, tansah ngêsês-ngêsês kadi sarpa sarta lajêng ngumbulakên astanipun ingkang santosa punika, sarwi nguwuh sora: "Hèh, Sakuni, kowe têtêp dadi klilipe para ratu Gandara, apa kowe duwe pangira, yèn para nata iku bakal nurut kaya dhadhumu. Sumurupana yèn ênggonmu natoni panggalihe kakang prabu, ngungkuli tumanduke panah kang bangêt ampuhe, eling-elingên têmtu aku bakal nêtêpi dhawuhe kakang mas Bhimasena, matèni kowe sawadyabalamu ana ing paprangan, mula yèn kowe duwe wêkas apa-apa, nuli tindakna, mupung durung kabacut mati. Hèh, Suwalaputra, ora watara suwe aku têmtu matèni kowe dalah wadyabalamu kabèh, ugêr pêrangmu têtêp kaya anggêr-anggêring ksatriyan, yèn ana paprangan."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, Sang Nakula ingkang sulistyaning warninipun tanpa timbang ing jagad, mirêng panguwuhipun ingkang rayi makatên wau, lajêng nyambêti pangandika

--- 1469 ---

makatên: "Kabèh para putrane uwa Prabu Drêtarastra, kang candhala budi, padha angajap pati saka pêpasthène, hèh, kang padha mrojongi pialane Duryudana, sarta kang padha ngucapake têmbung pangerang-erang kang nyêrikake ati, lan sapa kang wus gawe kawirangane Drupadi, ing nalika ana pasamuan dhadhu, têmtu bakal dak pêksa lumêbu yomani, sakèh panyamah marang Drupadi, dak tulis kongsi jêro ana ing têlênging batin, mula samangsa wus ana dhawuhe kakang Prabu Yudhisthira, kabèh Kurawa têmtu banjur dak babadi padha sanalika."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para bêbanthènging jagad gangsal pisan, ingkang astanipun sami rosa-rosa, sasampunipun nglairakên saraosing panggalih, mawi dipun tangsuli prasêtya, sadaya lajêng sami marak ing Prabu Drêtarastra."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa pitu, perangan Anudyuta ing Sabhaparwa.

__________

BAB 78. AMBÊTIPUNSAMBÊTIPUN ANUDYUTA PARWA.

Aturipun Prabu Yudhisthira: "Dhuh, sadaya para darah Bharata, kangjêng eyang Bhisma, ingkang sampun kaparèng yuswa, Prabu Somadata, Prabu Wahlika, Rêsi Drona, Rêsi Krêpa, tuwin para narendra bangsa Kuru sanès-sanèsipun, Sang Aswatama, kangjêng paman Widura, uwa Prabu Drêtarastra, kalihan sadaya para putra, kakang Yuyutsuh, Sang Sanjaya, saha para ingkang sami minangka isèn-isèning kadhaton Hastina, mugi sami kantuna raharja, lêstantun ngantia benjing saantuk kula."

--- 1470 ---