Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 2.

7 Fèbruari 1959.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sadaya ingkang sami wontên ing ngriku, botên wontên ingkang ngandika sakêcap, awit sami rumaos lingsêm, dene ing golonganipun bangsa Kuru wontên lêlampahan makatên wau, nanging ing batos sami mêmuji ing dewa, supados Sang Yudhisthira, ingkang rahayu budi punika, manggih arja sadangunipun tilar praja, ngantos wangsul malih."

Dupi ngantos sawatawis mêksa botên wontên ngandika, Sang Widura lajêng ngandika dhatêng Sang Yudhisthira makatên: "Kakang bok Dèwi Prita iku putrining narendra gêdhe, kang pantês ingaji-aji, prayogane kudu aja kongsi katut dêdunung anèng alas, awit sarirane kakang bok iku ringkih, wus kaladuk ing yuswa, sarta kulina anèng kamulyan, mula bêcik kèri ana ngomahku, dak anggo pêpundhèn. Pituhunên kulup tuture si paman, dhuh, anak-anak Pandhawa, si paman nyangoni basuki, anggèr."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Atur wangsulanipun para Pandhawa dhatêng Sang Widura makatên: "Kula dalah para ari amung badhe ngèstokakên dhawuhipun kangjêng paman, awit paduka pamanipun Pandhawa, têtêp dados lintuning bapa. Dhuh, kangjêng paman, kula dalah para ari sadaya, botên badhe lênggana manawi wontên dhawuhipun kangjêng paman kemawon, saèstu lajêng sami dipun lêksanani. Dhuh, kang luhur ing budi, suwawi dipun dhawuhna kemawon karsanipun kangjêng paman, Pandhawa saèstu lajêng anglêksanani."

--- 1471 ---

Dhawuh wangsulanipun Sang Widura: "Dhuh, kaki Prabu Yudhisthira, mara rungunên anggèr, panêmune si paman mangkene: Wong kang wus dikalahake sarana laku cidra, iku bênêre ora kêna disiksa, sarana dirusak rajadarbèke. Kulup Yudhisthira, sira lêbda marang wêwatoning kasusilan, Dananjaya yèn pêrang durung tau kasoran, Bhimasena minangka pangruwating satru, Nakula juru nglumpukake rajabrana, dene Sahadewa rigên marang samugawe barang gawe, Rêsi Dyumna, têtunggule para putus marang Wedha, Drupadi sêngsêm marang kautaman, lan nastiti ngati-ati. Kabèh mau padha sih-sinisihan, dadi banjur rumangsa bêgja manawa padha patêmon. Wruhanamu kulup, têmtu ora ana pangawasaning mungsuh kang bisa misahake anggonmu padha sih-sinisihan mau, mangka sira tansah ngêgungake panrima, mula mungsuhmu têmtu padha ewa kulup, darah Bharata, pisahmu lawan sarupaning rajadarbe, ugêr kowe sabar bae, iku malah piguna gêdhe tumrap Pandhawa. Awit salakumu mangkono mau, têmtu ora ana mungsuh kang kuwat nandhingi, nadyan mungsuhmu mau darde pangwasa kaya Bathara Indra pisan. Ing nguni kowe wus padha winarah dening Sang Mèrusawarni ana ing pagunungan Himawat, ana ing Waranawata diwulang eyangira dhewe, Rêsi Dwipayana Krêsna, ana ing pucake gunung Bhrigu, kawarah dening Rêsi Rama, ana pagisikaning kali Saraswati diwulang ing Bathara Sambu. Kowe uga wus padha ngrungu piwulange Maharsi Asita, duk nalika ana pagunungan Arjana, ana pagisikane kali Kalmasi, sira wus kasiswakake dening Maharsi Bhrigu. Dene têmbe bakal kawarah dening Rêsi Narada, lan Brahmanamu Rêsi Domya. Yèn kowe ana ing alam sadhuwure

--- 1472 ---

alam iki têmbe, kowe aja kalalèn marang piwulange para rêsi kabèh mau. O, Pandhuputra, yèn kalimpataning budi kowe angungkuli Prabu Pururawas, putrane Dèwi Ila ing kuna, yèn pangwasa ngungkuli para ratu salumahing bumi, yèn kautaman luwih saka para rêsi. Mulane kaki prabu, kang santosa pangangkahira marang unggule paprangan ing têmbe, kaya kamênangan kang gumadhuh ing Bathara Indra, yèn krodha dikaya Bathara Yama, nanging êrèhên dikongsi miturut, bisa wèwèh kaya Bathara Kowera bisa mangrèh kamurkan kaya Bathara Baruna, o, darah Bharata, darbea panggayuh bisaa olèh pangwasaning rêmbulan, bisa gawe sênênging ati, darbe pangwasaning banyu, kang kuwat ngrasakake samubarang, mêntala kaya bumi, kowe olèha pangwasa kaya srêngenge, olèha karosan saka angin, sarta olèha kamurahan saka anasir liya-liyane manèh. Muga nêmua karahayon, linuputna ing kasusahan, aku bangêt mêmuji bisaa andulu kowe manèh bali mrene karo sênêng. Anak Prabu Yudhisthira, muga anindakna sarupane kang bênêr lan bêcik bae, marang sing sapa kang bênêr lan bêcik bae, marang sing sapa kang padha nandhang sangsara, kang padha kasandhung pakewuh, siha marang sakèhing dumadi. Kulup Kunthiputra, amangkata anggèr, wong tuwa-tuwa wus padha nglilani kabèh, iya muga nêmua basuki ing saparan-paranmu. Ing donya durung ana wong bisa mêruhi ênggonmu nindaki panggawe dosa. Pamujiku muga bisaa kêtêmu lan kowe manèh, balimu mrene muga kanthia nugraha, sarta katêkana sasêdyanira."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa wolu, perangan Anudyuta ing Sabhaparwa.

__________

--- 1473 ---

BAB 79. SAMBÊTIPUN ANUDYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rikala Dèwi Krêsna badhe pangkat andhèrèk para Pandhawa dhatêng ing wana, marak ingkang ibu Dèwi Prita, kang misuwur ing jagad, wigatos nyuwun pamit. Sang dèwi ugi pamitan dhatêng para putri isining kadhaton Hastinapura tur sadaya lajêng sami bela sungkawa. Dèwi Krêsna rêrangkulan kalihan para putri wau, sarta kabêkta saking anganggenipun[1] kasêsa badhe pangkat. Rikala samantên ing pondhok Pandhawa lajêng kapiyarsa swaraning tangis mawurahan; Dèwi Prita sangêt karanta-ranta ningali Dèwi Krêsna nalika badhe pangkat, wusana lajêng ngandika, swaranipun pêdhot-pêdhot sarta sêrêt, labêt saking sruning prihatos, pangandikanipun makatên: "Nggèr, putriningsun, nadyan kataman panandhang samono abote, sira aja sêdhih nini, sira putus marang wajibing wong wadon, solah bawanira ora tau nalisir saka kautaman. Dhuh, putri kang manis èsême, dadi wus ora prêlu sira sun tuturi kawajibaning wadon marang priyane; sira wadon kang sukci, tandang-tandukira wus mratandhani yèn putrining narendra, mungguh bangêt dadi têtimbangane para Pandhawa. Bêgja Kurawa dene ora sira obong sarana gêni kanêpsonira, nini, rahayua lakunira, ingsun mêmuji saka kene, yèn wong wadon kang ayu, têmtu ora rusak kautamane nêmu lêlakon kang wus ora kêna disingkiri. Sira tansah kaayoman ing kautamanira dhewe, mula ora suwe têmtu tampa kamulyan manèh, awit kautaman tuke kabèh kamulyan lan kasênêngan. Wêkas ingsun

--- 1474 ---

marang sira nini, sasuwene sira ana alas, tansah waspadakna putraku si Sahadewa, aja kongsi atine pêpês dening panandhang."

Dèwi Drupadi matur sandika, kalihan daleweran waspanipun. Nalika samantên sang dèwi ngagêm nyamping salêmbar, tur katambas ing rah, awit sang dèwi pinuju nggarapsantun, mangka mbotên dipun lilani santun dening Kurawa, ukêlipun wudhar, rekmanipun rembyak-rembyak, wusana lajêng mundur saking ngarsanipun ingkang ibu marasêpuh, unduripun wau, kalayan kasêsêgên, saking danguning karuna. Dèwi Prita tut wuri kalihan sangêt karêrantan, anggènipun ngêtutakên Dèwi Drupadi wau ngantos sawatawis têbih. Ing ngriku sang dèwi priksa para putranipun sami ngagêm kuliting sangsam, jumênêng sarwi tumungkul, labêt saking sangêt lingsêm, tur dipun rêrampa mêngsahipun, ingkang tansah suka-suka, sarta pinandêng kanthi raos dening para mitranipun. Sang dèwi sigra lumajêng murugi para putranipun, lajêng dipun rangkul gêntos-gêntos sarta pinitungkas kathah-kathah, kalayan suwantên sêrêt saha pêdhot-pêdhot, pangandikanipun makatên: "Nggèr, sira padha ambêg utama, paramarta, ora kuciwa ing gawe, sarta andhap asor. Sira padha luhur ing budi, kapriye dene mêksa kêtaman panandhang kang bangêt sangsara, gèk mêtu ngêndi dalane kasangsaran mau. Ingsun ora ngêrti dene sira kêna pidana mangkono, gèk saka kaluputane sapa. O, iya nggèr, ingsun kang nglairake sira, dadi têmtu saka dosaningsun, kang anjalari sira padha sangsara, nadyan sira padha utama. Sira sugih kasêktèn, kaprawiran, karosan, kasantosan lan pangwasa, ewadene bisa dirêbut kasugihanira

--- 1475 ---

kabèh, dadi urip sangsara, kudu dêdunung ana ing alas. Upama ing nguni ingsun sumurup, manawa pêpasthènira kudu manggon ing alas, sasedane sudarmanira Prabu Pandhu, mangsa sira padha ingsun gawa marang Hastinapura, têmtu lêstari anjrak anèng Satasrêngga bae. Dadi bêgja têmên lêlakone ramanira iku, dene sagêd ngundhuh wohe tapa bratane; sêmune wuninga marang lêlakon kang bakal kalakon, mula kang diajap-ajap mung bisane ngunggahi kamulyaning swarga bae. Têmahan kalakon, dadi ora katut rusak dening kasangsaraning para putra. Bêgja têmên yayi Dèwi Madri, dene bisa liwat ing dalan kautaman, kang anjog ing pamudharan. Sêmune yayi dèwi wêruh marang lêlakon iki, dhuh, yayi, yayi kadang ingsun sira anggêp pangayoman, guru, lan katrêsnanira, sarta ingsun kang sira pitaya, dene kêpêksa nandhang prihatin mangkene gêdhene. Kulup para putraningsun kabèh, sira têtela janma pêpêthingan, sarta aji gêdhe tumrap jênêng ingsun, anggon ingsun nganakake sira, kanthi prihatin sarta laku kang abot bangêt; apa sawuse sira lair lan diwasa ingsun kuwat pisah lan sira, aku gawanên nggèr, aja kok tinggal. Nini Dèwi Krêsna, apa kowe kalakon ninggal ibunira, luwih bêcik ingsun mati bae, awit sarupaning urip iki têmtu ora luput ing pati. Apa Dèwi Data kakilapan marang pêpasthèning patiningsun, kirane mangkono, tandhane durung dikukut. Krêsna, Krêsna kang ngadhaton ing Dwarawati, adhine Karsana, sira apa kakilapan marang lêlakon iki, kapriye dene ora tumuli ngêntas kasangsaraningsun lan para arinira iki, sira tanpa wiwitan lan wêkasan, têmtu ngluwari sarupaning wong sangsara kang ngèsthi ing sira, apa ujare para wicaksana, kang mangkono mau ora

--- 1476 ---

nyata? Para putraningsun ora tau tinggal kautaman, luhur, prawira, lan sudira, mula apa pantês nêmu sangsara kang samono. O, muga diwalêsana para putra iki, para pinisêpuh bangsa Kuru kaya ta Sang Bhisma, Rêsi Drona, Rêsi Krêpa, lan liya-liyane, kapriye dene bêbaya iki bisa ngêbyuki bêbarêngan, mangka para pinisêpuh mau lêbda marang kasusilan, lan kawruh praja. Dhuh, Prabu Pandhu, ingkang swarga, punapa paduka kakilapan, dene negakakên para putra, ingkang ambêg utami, ngantos dipun singkirakên, ingkang jalaranipun kawon anggènipun dhadhu. Dhuh, Sahadewa, sira aja mèlu kakang-kakangira, kulup, dhuh, dununging wêlasasih ingsun, Madriputra, sih ingsun marang sira luwih saka sih ingsun marang raganingsun dhewe, ingsun aja sira tinggal, wêlasana ibunira, kakang-kakangira dimèn padha mangkat marang alas, awit kapêksa dening sêsanggêman, nanging sira kulup, nêtêpana kautaman, rumêksa ibunira kang wus tuwa lan rusak atine iki."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para Pandhawa sami nglêlipur ingkang ibu ingkang sêsambat angaru-ara, dupi sampun lipur sawatawis, Pandhawa pangkat dhatêng wana kalayan sangêt prihatos. Sang Widura ingkang sangêt trênyuh panggalihipun, lajêng gêntos ngimur-imur Dèwi Kunthi, sarta lajêng dipun boyongi dhatêng padalêmanipun. Para putri saha para putra santananipun Prabu Drêtarastra, dupi sami mirêng manawi Pandhawa kasingkirakên dhatêng wana, sarta Dèwi Krêsna dipun larak Sang Dusasana dhatêng Sabha palênggahanipun para ratu, ingkang sami ngèstrèni wiwahan kasukan dhadhu, putra santana sami jêrit karuna, kalihan sangêt nutuh Sang Duryudana, ingkang

--- 1477 ---

sêpuh-sêpuh sami lênggah jêngêr mbotên mobah-mosik, kalihan pasuryanipun sami tinutupan ing asta kanan kering. Prabu Drêtarastra tansah mangangên-angên kadospundi kawontênaning bêbaya ingkang badhe dhumawah ing para putranipun, têmah tansah mêlang-mêlang raosing panggalih, tuwin mbotên têntrêm. Sang prabu sêdya ngêningakên cipta, nanging botên jênak lênggahipun, mila lajêng utusan nimbali ingkang rayi Sang Widura, pangandikanipun makatên: "Enggal timbalana yayi Ksata, barênga salakunira."

Dupi wontên timbalanipun ingkang raka sang prabu, Sang Widura gupuh lumêbêt kadhaton, sadumuginipun ing ngarsa nata, kadangu kadospundi kawontênanipun para Pandhawa, nalika pangkat saking Hastinapura, awit sang prabu panggalihipun sangêt sumêlang.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa sanga, perangan Anudyuta ing Sabhaparwa.

__________

BAB 80. SAMBÊTIPUN ANUDYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Sang Widura ingkang priksa sadèrèngipun winarah, dèrèng ngantos tata lênggahipun, sampun kadangu, pangandikanipun makatên: "Yayi Ksata, ingsun caritanana kapriye solahe sutanira kaki Prabu Yudhisthira nalika mangkat marang alas, kapriye polahe Bhimasena, Arjuna, si kêmbar, Rêsi Domya, lan Drupadi, kang misuwur ing jagad, yayi, adrêng karsaningsun midhangêtake caritanira bab kabèh mau."

--- 1478 ---

Sang Widura nêmbah lajêng matur: "Dhuh, nata darah Bharata, kaki Prabu Yudhisthira, putranipun kakang bok Dèwi Kunthi, rikala lumampah pangkat dhatêng wana, paraupanipun mawi dipun tutupi ing sinjangipun, Bhima ngiling-ilingi baunipun kiwa têngên, pun Yisnu mlampah wingkingipun Bhima kalayan nyawur-nyawurakên wêdhi, bilih Madri putra pun Nakula, ingkang kabagusanipun tanpa timbang, badanipun dipun balonyohi ing lêbu, dene Sahadewa rainipun dipun pupuri. Pun Drupadi, ingkang endah warnanipun, netra blalak-blalak, kêkinthil sawingkingipun tansah mandêng pun Yushisthira kalayan nangis, luhipun daleweran, nanging paraupanipun dipun tutupi rambutipun, dhuh, nata binathara, sadhèrèk kula sêpuh, manawi Rêsi Domya astanipun anggêgêm rumput kusa kalihan botên kèndêl-kèndêl angucapakên mantra, ingkang anggêgirisi, kasêbut wontên ing Sumaweda, punika suraos anglingga murda ing Bathara Yama."

Prabu Drêstarastra andangu malih: "Yayi Widura, mara pun kakang caritanana, apa karêpe Pandhawa, dene nalika angkate saka Hastinapura, mangkono lêkase."

Aturipun Sang Widura: "Nadyan kaki Prabu Yudhisthira punika ratu agêng ambêgipun paramarta sarta adil kalampahan dipun wirang-wirangakên dening putra paduka, praja saha kasugihanipun dipun jarah, ewadene botên gigrik manahipun, katandha botên purun nyimpang saking kautamèn. Dhuh, darah Bharata, tandukipun Yudhisthira, dhatêng kadang warganipun lêstantun rumakêt, rajabrananipun dipun kawonakên sarana lampah cidra, nadyan bokmanawi batosipun nêpsu sangêt nanging kenging dipun wastani botên purun manthêlêngakên [manthêlêng...]

--- 1479 ---

[...akên] mripatipun, punika ing batos ngunandika makatên: "Aku ora pisan-pisan nêdya brastha wong kang wus mirang-mirangake aku, marga saka sêruning kanêpson. "Dhuh, ratu têdhak Bharata, suwawi dipun piyarsakna anggèn kula ngaturakên saraosing manahipun Bhima, salêbêtipun lumampah, pangkat dhatêng wana. Salêbêtipun lumampah Bhima sakêdhap-sakêdhap ngiling-ilingi baunipun kiwa têngên ingkang dipun pathênthêngakên, solah makatên punika upami kumêcap makatên: "Yèn karosane tangan, apa ana wong kang nimbangi aku. Kawuningana kakang prabu, Bhimasena ngêndêlakên karosanipun, mila salêbêtipun lumampah lêngênipun dipun katingalakên, suraos kêpengin badhe medahakên karosaning tanganipun, kangge nyirnakakên mêngsah. Dene pun Arjuna, putranipun kakang bok Dèwi Kunthi, ingkang pantês ngangge langkap pun gandhiwa tut wingking salampahipun Yudhisthira kalayan nyawur-nyawurakên wêdhi, solah makatên wau, suraosipun Arjuna badhe ngudani jêmparing dhatêng mêngsahipun wontên ing paprangan. Dhuh, kakang prabu, pun Arjuna suka sumêrêp dhatêng sadaya tiyang, manawi botên rêkaos anggènipun ngudani jêmparing mêngsahipun wau, mayar kadi anggènipun nyawur-nyawurakên wêdhi. Pun Sahadewa salêbêtipun lumampah, kalihan pupuran, suraosing manah makatên: sajroning sangsara muga aja kongsi ana wong wêruh marang aku. Kawuningana kakang prabu, Nakula nalika pangkat, badanipun mawi kaborehan lêbu, makatên wau ing batos mungêl: aku kang gawe kayuyuning para wadon kang padha andulu, nanging wêktu iki aja kongsi mangkono. Bilih pun Drupadi, tapihipun amung salêmbar, sata rahipun tambas, gêlungipun wudhar, sarwi nangis kalara-lara, luhipun [luh...]

--- 1480 ---

[...ipun] daleweran, punika batosipun mungêl: têmbe yèn wus antuk patbêlas taun saka dina iki, raine wong-wong kang gawe sangsaraku mangkene iki, sawuse lakine, anak, sanak kadang, lan katrêsnane padha mati ana paprangan, sawuse sêsukci saka anggone gubras gêtih, rambute diore, sarta sawuse sêsaji banyu, marang kang padha mati ana ing paprangan, nuli bali marang karaton Hastina, karo kalara-lara nangis.- Dhuh, kakang prabu, Rêsi Domya, ingkang lêbda saliring kawruh, sarta sampun mangrèh angkara murkanipun, nalika pangkat kalihan bêkta rumput kosa, kaconcongakên ngidul ngilèn, lumampah ing ngajêng piyambak, botên kèndêl-kèndêl ngucapakên mantra isining Samaweda, minangka panglingga murda ing Bathara Yama, patrapipun sang brahmana makatên wau, suraosipun: ing têmbe manawi para darah Bharata sampun sami sirna wontên ing paprangan, para brahmana saha gurunipun para bangsa Kuru lajêng sami ngidungakên Samamantra, supados ingkang pêjah wontên ing paprangan sami manggih kamulyan, tiyang isining praja Hastina sami tumut prihatos, kalayan tansah manguwuh makatên: mara padha dulunên gustining bangsa Kuru padha tindak mênyang alas, têrang yèn kamituwaning bangsa Kuru padha ora idhêp isin, pikire kaya bocah cilik, anggone nyingkirake para putrane Prabu Pandhu iku têmtu mung saka êpèhe pikire, samêngko katiwasane wong Hastina, dene kapisah lan para Pandhawa, dadi wus ora duwe gusti kang bêcik manèh, apa aku lan kowe kabèh bisa darbe trêsna marang Kurawa, kang watake asor lan cêthil bêthithil.- Dhuh, kakang prabu sasêmbahan kula, makatên wau suraosipun solahing para Pandhawa, rikala pangkatipun dhatêng wana, sami nêdahakên [nêdah...]

--- 1481 ---

[...akên] gêgêbênganing manahipun sarana pasêmon. Sakesahipun para Pandhawa saking Hastinapura lajêng wontên gara-gara anggêgirisi, ing gêgana blêdhègipun sêsambêran, kilat thathit liwêran, mangka ing awang-awang samêndhang kemawon botên wontên mega saha mêndhungipun, bumi gonjing ngantos ambal-ambalan, Asura Rahu ngatingal badhe nguntal srêngenge, nadyan sanès mangsaning grahana. Daru tuwin têluh braja sami pating clorot, sagawon ajak, pêksi bêluk, blêgêtupuk, dandang, saha sato galak sanèsipun, sami mungêl sêsauran wontên ing candhi-candhi, pucaking kajêng padhanyangan, pagêr banon baluwarti saha wuwunganimg griya-griya. Dhuh, kakang prabu, kathah cipta sasmita awon, ingkang kapirêng punapa kadulu, sadaya wau nyasmitani, manawi darah Bharata badhe têtumpêsan, inggih punika kadadosaning anggèn paduka ngrojongi piawon.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, Prabu Janamêjaya, salêbêtipun Prabu Drêtarastra wiraosan kalihan Sang Widura, Maharsi Naradha ngatingal ing samadyaning Kurawa anggènipun sami suka-suka. Rawuhipun wau mawi kadhèrèkakên para maharsi. Dupi sampun kasumêrêpan ing sadaya ingkang sami wontên ing ngriku, sang maharsi ngandika ingkang sangêt anggêtêrakên manah, makatên: "Patbêlas taun saka dina kalênggahan iki, para Kurawa bakal têtumpêsan dening kasêktène Bhima lan Arjuna, awit saka klèrune tindake Duryudana." Sang maharsi ingkang sampun antuk nugrahaning Wedha, têtungguling para rêsi kaswargan, sasampunipun ngandika makatên, lajêng mahawan gêgana, sarta botên katilarlan[2] malih. Sapêngêkêripun sang

--- 1482 ---

maharsi, Sang Duryudana, Sang Karba, miwah Sang Suwalaputra, lajêng sami rumaos manawi amung kantun Sang Brahmana Drona, ingkang sayogi dipun suwuni pangayoman, mila Sang Duryudana enggal marak sang rêsi, sasampunipun pinanggih lajêng masrahakên nagarinipun. Sang brahmana dipun ipuk dhatêng Sang Duryudana, Dusasana, Karna saha darah Bharata sanès-sanèsipun, lajêng mangsuli pangandika makatên: "Para wicaksana sami ngandika, manawi para Pandhawa punika putraning dewa, mila botên sagêd kasoran prangipun, nanging nadyan makatên wau kawontênanipun para Pandhawa, ewadene amargi para Drêtarastraputra saha para ratu punika sami sangêt-sangêt pamêksanipun, mila ugi badhe kula pituturi, kalayan sakêthoking pangwasa kula nggèr, pêpasthèn punika sakalangkung kawasa, kula têmtu botên sagêd sumingkir saking wasesaning pêpasthèn. Para Pandhuputra sami dhatêng wana wigatos anêtêpi janji, dados badhe dêdunung wontên ing wana laminipun kalih wêlas taun, sugêngipun kadi para brahmacara, sabibaripun saking wana lajêng kêdah manggèn ing salah satunggaling nagari kalihan sêsingidan, laminipun sataun, nanging manawi sampun dumugi wêwangênipun kêdah sumingkir wau, têmtu wangsul dhatêng praja kalayan sangêt nêpsu, inggih ing nalika punika mangsanipun Kurawa sami prihatos, jalaran Pandhawa tamtu nêdya nandukakên walês dhatêng Kurawa. Ing nguni kula nate ngrêbat nagarinipun Prabu Drupada, dene jalaraning garêjêgan wau, saking tanduking pamitran. Dhuh, para darah Bharata, dupi Prabu Drupada nagarinipun kula jarah, sang prabu sangêt merang, mila lajêng damêl sêsaji ing dewa, nyuwun supados pinaringan putra ingkang sagêd mêjahi kula.

--- 1483 ---

Awit sang prabu dipun biyantu dening Rêsi Yaja kalayan Rêsi Upayaja jalêr èstri ingkang jalêr sinung nama Drêsthadyumna, punika mijil saking latu sêsaji, dene ingkang putri sêsilih Dèwi Krêsna, punika titah manusa kang tanpa cacat, mijil saking papan wadhah sajèn, nalika sang prabu sêsaji punika. Kawuningana, anak prabu, Sang Drêsthadyumna têtela putra pêparinging dewa, ingkang dumadosipun pêrlu kapatah nguntapakên kula. Drêsthadyumna cahyanipun sumorot, nalika mijil saking latu sêsaji, punika sampun ngendhong jêmparing, angiwa langkap, tuwin sampun ngangge kêre. Sarèhning kula punika titah ingkang kenging pêjah, mila têmtu ajrih dhatêng Sang Drêsthadyumna, mangka pangruwating satru sêkti. Drêsthadyumna wau tamtu mbiyantu Pandhawa, dados manawi kula kalampahan ajêng-ajêngan prang mêngsah putra Pancala, punika kula têmtu nêmahi pati. Dhuh, anak-anak Kurawa, manawi ing marcapada ngriki, botên wontên ingkang sangêt kula ajrihi kajawi Sang Drêsthadyumna. Dewa ngandika: "Drêsthadyumna iku wus pinasthi bakal matèni Drona," makatên wau sampun kamirêng ing ngakathah saha dipun pitados ing sintêna ingkang sami mirêng cariyos punika, lumahing bantala mbotên wontên tiyang ingkang botên mirêng pangandikaning dewa makatên wau. Dhuh, anak Prabu Duryudana, mangsa ingkang sangêt anggêgirisi wau tamtu badhe andhatêngi, manawi kula lêksanani karsanipun anak prabu, mugi anindakna samukawis ingkang kagalih migunani tumrap sariranipun anak prabu. Sagêd ngendhangakên para Pandhawa punika, sampun kagalih manawi karsanipun anak prabu sampun kalêksanan, raos mulya ingkang

--- 1484 ---

tuwuh saking sagêd nyirnakakên para Pandhuputra wau, umuripun amung sakêdhap sangêt, candranipun kadi yomipun wit tal, manawi mangsa badhidhing botên pisan-pisan migunani. Dhuh, darah Bharata, mugi kaparênga damêl sawarnining sêsaji, angêgungna ganjaran, saha ambêbingaha para kadang warga saha para kawula dipun lêgakna anggènipun mangun sukaning manah, awit kawan wêlas taun saking dintên kalênggahan punika, anak prabu badhe katêmpuh bêbaya agêng."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi Prabu Drêstarastra midhangêt pangandikanipun Rêsi Drona makatên wau, lajêng dhawuh dhatêng Sang Widura makatên: "Dhuh, yayi Ksata, Guru Drona iki ngandikakake sanyatane bae, mula enggal tututana anak-anakmu Pandhawa, banjur ajakên bali, dene yèn wus ora gêlêm iya aja dipêksa, amung tandukira bae kang bêcik, lan nawung rasa sih para putraningsun Pandhawa turutên sakarêp-karêpe bêbungahên, gawanana gêgaman, rata, prajurit dharat dimèn ngupaya panggonan êndi kang dikarêpake."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping wolung dasa, perangan Anudyuta ing Sabhaparwa.

__________

BAB 81. SAMBÊTIPUN ANUDYUTA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos malih: "Dhuh, Prabu Janamêjaya, sasampunipun Pandhawa pangkat dhatêng wana, awit kawon anggènipun dhadhu, Prabu Drêtarastra tansah

--- 1485 ---

mêlang-mêlang panggalihipun, salêbêtipun lênggah kalihan raos botên jênjêm tuwin tansah ngêsês-êsês, Sanjaya ngabyantara nata, manêmbah lajêng matur: "Dhuh susunaning bawana, paduka samangke sampun mangwasani jagad saisèn-isènipun sadaya, sarta sampun kasêmbadan anggènipun sinuwun karsa nyingkirakên para Pandhawa, kadospundi dene panjênênganipun sinuwun, malah lajêng sangêt prihatos?"

Prabu Drêtarastra ngandika: "Sapa kang ora prihatin, manawa wong bakal arêp-arêpan prang mungsuh para bêbanthènging bawana kang wasis prang wahana rata, tur kabiyantu dening para mitra-mitrane, kang têtela pinunjul ing jagad."

Sanjaya matur malih: "Punapa makatên wau sanès pêndamêl, ingkang dados panujuning panggalihipun sinuwun manawi ngantos kalampahan paprangan agêng, ingkang têtela dados jalaran karisakaning donya. Putra paduka Prabu Duryudana, ingkang asor ing budi, sarta tanpa wirang, sampun marambah-rambah kaèngêtakên dhatêng Sang Bhisma, Rêsi Drona, saha Rêsi Krêpa, dene dhawuh dhatêng abdi darah Sota, nimbali garwanipun para Pandhawa ingkang sangêt dipun sihi, ambêkipun utami, wigatos amung badhe dipun camah. Adhuh, gusti kula, sinuwun, dewa punika manawi karsa midana tuwin anggêmpal pangwasa, punapa andhawahakên kasangsaran, sadèrèngipun têmtu ambingungakên manah rumiyin, awit dipun bêbingung ing para dewa, mila tiyang ingkang badhe kataman panandhang wau lajêng kuwalik panganggêpipun, sabên sampun cêlak kalihan dhumawahing pêpasthèn wau, piawon dipun anggêp sae, makatên raosipun tiyang ingkang nindaki pandamêl dosa, tur sasampunipun kalintu, lajêng dipun kurêbi. Kang lêpat rumaos

--- 1486 ---

lêrês, ingkang lêrês dipun cuthik-cuthik. Dados tiyang ingkang badhe nandhang karisakan punika têmtu santosa anggènipun ngurêpi piawon, saha kalêpatan. Dewaning papêsthèn punika manawi badhe ngrisak, rawuhipun botên mawi mandi gada ingkang lajêng kapupuhakên ing sirah, nanging malah kosokwangsul. Anèhipun dene tiyang ingkang badhe sangsara punika sabên wontên piawon sangêt dipun sêngsêmi, awit katingal sae, nanging kasaenan katingal awon. Sang Duryudana, ingkang tuna budi, dalah srayanipun, sami damêl kasangsaranipun piyambak, ingkang wujudipun purun anglarak Dèwi Drupadi dhatêng Sabha palênggahanipun para ratu, para brahmana, saha para rajaputra. Punapa pigunanipun Dèwi Drupadi kabêkta dhatêng pambujanan, mangka sang dèwi punika putrinipun Prabu Drupada, warninipun pinunjul, limpat ing budi, têtêp dhatêng wajib miwah kasusilan, miyosipun botên lumantar pawèstri, nanging mijil saking latu sukci. Salêbêtipun sang dèwi dipun larak-larak dening Dusasana, tansah mandêng para kakungipun, awit nuju anggarapsari, dados nyampingipun amung salêmbar mila rah tambas katingal wontên ing nyamping. Nadyan sang dèwi tansah mandêng para priyanipun, nanging tanpa damêl, Pandhawa sampun botên darbe wêwênang, praja saha rajadarbèkipun sampun kajarah dening Kurawa, panganggenanipun ksatriyan sampun dipun balèjèti, awit sampun dados rencang tumbasan, namung Pandhawa têtêp sêtya dhatêng kautaman, mila botên karsa ngayomi garwanipun, dipun palaur risak panggalihipun. Sang dèwi ingkang kalara-lara nangis saha sangêt bêndu wontên ngarsanipun para ksatriya pintên-pintên dipun cêcamah, saha

--- 1487 ---

dipun wirang-wirangakên dening Sang Duryudana sarta Prabu Karna sarana wicara kasar kanthi nyêrik-nyêrikake manah. Punapa pantês manawi putrinipun Prabu Drupada, mangka dados pramèswarinipun Pandhawa, lajêng dipun makatênakên wau. Dhuh, gusti pêpundhèn kula, sinuwun, wontên panganggêpipun Sanjaya, sadaya wau sasmita, bilih badhe wontên lêlampahan ingkang sangêt anggêgirisi."

Prabu Drêtarastra ngandika: "Hèh, Sanjaya, sorote netrane Drupadi, nalika kalara-lara atine, iku kang dadi jalaran kobare jagad iki, upama kalakon mangkono apa putraningsun ana salah-salah siji kang ora katut kabrastha? Rabine para darah Bharata rasane padha bae lan Gandari, barêng padha wêruh Drupadi, kang utama ambêge iku dilarak-larak marang pasamuan, banjur padha anjêrit bêbarêngan, padha nguwuh anggrêsah, malah samêngko isih padha nangis, dalah para parêkan iya padha bela nangis. Para brahmana padha mêngku duka dene mangkono tanduke para putraningsun marang Drupadi, mula sorene banjur ajak-ajakan ora sêsaji agni hotra, têmah ana prahara gêdhe blêdhèg nyambêr-nyambêr, kilat thathit liwêran, ndaru, têluh braja pating clorot ing awang-awang, Asura Rahu anguntal srêngenge, nadyan ora mangsane grahana, têmtu bae gawe kagèting wong sanagara. Sakèh rata paprangan, tunggangane para darah Bharata padha kobong, panjêran bandera padha rubuh, kang mangkono sasmita ala tumrap para darah Bharata palanggarane Duryudana kalêbon asu ajag, kang banjur ambaung, tinimbangan pambêngingèhing kuldi saka sarupaning panggonan. Kangjêng uwa Bhisma, Rêsi Drona, Rêsi Krêpa, Sang Somadata, sarta Prabu Wahlika

--- 1488 ---

kang luhur ing budi, padha ninggal pasamuan, nalika iku dièngêtake yayi Widura, mula ingsun nuli ngandika marang Drupadi, mangkene: "Nini Krêsna, sira ingsun wênangake darbe panjaluk, mula enggal tutura, apa kang sira karêpake, marga saka karsaningsun, Pandhawa banjur kamardikakake saka anggone dadi boyongan, ingsun parêngake bali marang prajane, nunggang rata paprangan sarta sikêp gêgaman." Yayi Widura tau tutur mangkene: Drupadi kalarak dhatêng pambujanan, punika badhe dados jalaran tumpêsipun para darah Bharata, awit putrinipun Nata Pancala punika panjanmanipun Bathari Sri kang tanpa cacad, wigatos badhe ngladosi Indra gangsal ingkang manjanma wujud para Pandhawa, para putranipun kakang Prabu Pandhu, kang têtela pinunjul ing jagad, têmtu sagêd ngawonakên dhatêng tiyang ingkang sampun nyamah pun Drupadi makatên wau, punapadene para maharata bangsa Wrêsni, tuwin para prajurit jêmparing kinawasa ing Pancala, punapa trimah ningali kemawon, dados Arjuna wangsulipun têmbe kalihan ngirit wadyabala Pancala, kaayoman Sang Basudewaputra, ingkang kaprawiranipun tanpa timbang, prajurit prawira pun Bhimasena saèstu wangsulipun benjing kalihan angobat-abitakên gadanipun, kadi Hyang Yama manawi karsa nglêbur bawana. Punapa para nata srayaning Kurawa wontên ingkang kuwawi nadhahi dhumawahing gadanipun Bhima, dhuh, kakang prabu, manawi pamanggihipun Widura, bokmanawi langkung prayogi manawi Pandhawa punika dipun trêsnani, awit Pandhawa têtela langkung prawira tinimbang Kurawa. Panjênênganipun sinuwun ugi sampun mirêng pawartos manawi ingkang kinawasa [kina...]

--- 1489 ---

[...wasa] Prabu Jarasandha ingkang misuwur ing jagad tanpa tandhing, ewadene pêjah dening pun Bhima, amung sarana asta, botên mawi dêdamêl. Dhuh, nata binathara, prayoginipun sampun ngantos mêmêngsahan kalihan Pandhawa, sae rêrukunan, dhuh, kakang prabu, mugi para putra paduka dipun rukuna kalihan Pandhawa, sampun ngantos kadangon, manawi kakang prabu kêparêng mituruti aturipun Widura têmtu manggih kabêgjan agêng. He, Sanjaya, putrane Gawalgana, rêmbuge yayi Widura marang ingsun iku nyênêngake sarta utama bangêt, duk samana ingsun ora anggugu marang ature yayi Widura mangkono mau, kagawa saka kabotan sih marang Duryudana."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping wolung dasa satunggal, perangan Anudyuta ing Sabhaparwa.

__________

SABHAPARWA TAMAT.

--- 1 ---

Catatan kaki:

1. anggènipun (kembali)
2. katilaran (kembali)