Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 3.

7 Maart 1959.


SÊRAT MAHABHARATA.

WANA PARWA. Bab 1. Aranyaka Parwa.

Sasampunipun manêmbah ing Sang Narayana, tuwin Sang Nara, ingkang sami maujud priya, sarta luhur piyambak, punapadene dhumatêng Sang Dèwi Saraswati, kula kêdah angucap: "Jaya."

Kacariyos Sang Prabu Janamêjaya ngandika dhatêng Bagawan Waisampayana makatên: "Dhuh, têtungguling para dwija, kadospundi solah bawanipun para lêluhur kula, Risang Pandhuputra, pêpêthinganing bangsa Kuru, sasampunipun kawon anggènipun kasukan dhadhu, awit saking pangrênahipun Drêtarastraputra, kalihan para nayakanipun, sarta dipun têtangi kanêpsonipun sarana kacamah tuwin kaerang-erang, mawi têmbung ingkang damêl tatuning manah. Kadospundi pambudidayanipun Sang Pritaputra, ingkang kasudiranipun prasasat Bathara Sakra, sasampunipun sirna pangwasanipun, dêdunung wontên ing salêbêting wana, sarta winasesa kanthi tanduk daksiya. Sintên ingkang andhèrèkakên lêbêtipun dhatêng samodra kasangsaran. Saking pundi asalipun dhêdhaharan ingkang kadhahar; dhuh, sang rêsi, ingkang kasumbaga, têtungguling para

--- 2 ---

brahmana? Kadospundi lêlampahanipun para wira wau wontên ing wana salêbêtipun kalih wêlas warsa? Kados punapa kawontênanipun sang dèwi, musthikaning wanodya ingkang bêkti ing kakung, susila ing budi, sarta têmên wicaranipun, dupi kataman panandhang ingkang sanès lêrêsipun punika? Lah, sang tapa, jêngandika kaparênga nyariyosakên ngantos salêsih sadaya, awit kula kapengin sangêt mirêng aluraning lêlampahanipun prajurit ingkang linangkung kakêndêlan tuwin kautamènipun punika, sajatosipun dêrênging kapengin kula badhe anyumêrapi wau sampun tanpa upami."

Rêsi Waisampayana ngandika: Sasampunipun kawon anggènipun dhadhu, dipun erang-erang sarta dipun pêpanas, kalihan tindak dêksura dening Drêtarastraputra kalihan para nayaka tuwin mitranipun, lajêng kasingkirakên saking nagari Hastina, wêdalipun langkung gapuraning kitha ingkang nama yardamana, sarwi ambêkta dêdamêlipun, kairingakên Dèwi Krêsna, lampahipun mangalèr. Indrasena saprikancanipun tuwin pangiringipun, sadaya tiyang kawan wêlas, dalah semahipun sami tut wuntat, awahana rata gêgancangan. Têtiyang salêbêting kitha, sami karêrantan manahipun nyumêrapi lampahipun para Pandhawa, wêkasan sami kalair pamudalèhipun, nêtah dhatêng Sang Bhisma, Sang Widura, Sang Drona, tuwin Sang Gotama. Nalika tiyang-tiyang wau sami ngêmpal, sampun tanpa ringa-ringa sami angucap, ingkang makatên ucapipun: "Aku sakulawargaku, malah nagaraku, têmtu padha sirna, yèn Duryudana, kang dirojongi Suwalaputra, Karna lan Dusasana, iku melik marang nagara iki. Kadang wargaku, tatacaraku, kasusilanku,

--- 3 ---

lan kabêgjanku têmtu bakal tanpa tilas, yèn si druhaka kang kabiyantu dening wong-wong kang ambêg candhala iku melik marang karaton iki. Mendah bêcike upama ora ana lêlakon mangkono mau. Ambêge Duryudana lumuh kasor, sêpi kautaman, dhêmên pasulayan lan kadange kang isih cêdhak, dhasare bêbudène melikan, gumêdhe lan nguthuh. Jagad têmtu bakal karusakan yèn dikaratoni Duryudana, wis bêcik banjur padha tut wuri Pandhawa bae. Ksatriya kang bisa unggul lan kanêpsone, kang sadu budi, kang sumbaga lan nungkul ing kasukcian."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun mungêl makatên, têtiyang wau lajêng sami pangkat, nututi lampahipun para Pandhawa. Dupi sampun pinanggih kalihan Pandhuputra, lajêng nêmbah sarwi matur makatên: "Kula saprikanca, sami ngaturakên sêmbah pangabêkti ing panjênênganipun gusti kula. Paduka badhe tindak dhatêng pundi, dene nilar kula wontên ing salêbêtipun prihatos, kawula badhe tansah tut wingking ing satindak paduka. Kados punapa trênyuhing manah kula, sumêrêp paduka dipun kawonakên kanthi lampah culika dening mêngsah ingkang tanpa wêlas, punapa prayogi bilih paduka nilar kawula ingkang sêtya tuhu, sarta tansah rumêksa karaharjan paduka. Kula mbotên kadugi nandhang karisakan, amargi kawêngku dening Prabu Kuru, dhuh bêbanthènging manusa, kaparênga midhangêtakên atur kawula. Kacariyos awon saenipun tiyang punika manut kakêmpalanipun. Pangangge, toya, tuwin wiji punika manawi kaukup ing sêkar lajêng katularan arumipun, makatên [ma...]

--- 4 ---

[...katên] ugi wêwatêkaning manusa, punika ugi sagêd katularan dening kêmpalanipun, dados tiyang têtunggilan kalihan tiyang punggung, punika nuwuhakên sasar, kosokwangsulipun tatunggilan kalihan tiyang sae, nênuntun dhatêng kautamèn, awit saking punika, sintêna ingkang anggayuh pamudharan, kêdah tansah nyarawung para wicaksana, para wrêdha, para ambêg utama, tuwin para sukci, sukur antuk para ingkang sêngsêm kasutapan. Sadaya wau amung sagêd pinanggih wontên sujanma, ingkang lêbda dhatêng Wedha, têdhak saha pandamêlipun sukci. Tatunggilan kalihan sujanma makatên wau nugrahanipun langkung saking maos sêrat-sêrat sukci. Tiyang ingkang mbotên sagêd anêtêpi sawulanging agami, kados kula punika sagêd antuk barkahing agami, amung saking sarawungan kalihan sujanma ingkang pratitis tindakipun, sarta badhe kalepetan ing dosa. Sanadyan amung sumêrap, punapa amung gagêpokan kalihan piawon, punapadene sarawungan kalihan tiyang makatên wau, lajêng suda-suda kautamènipun, tuwin malih mbotên sagêd anggayuh kasukcianing jiwa. Nunggil kalihan tiyang asor ing budi ngrisakakên pambêgan, kêmpalan kalihan tiyang mbotên awon mbotên sae, inggih mbotên punapa-punapa, wondene bilih kakêmpalan kalihan para utami ngindhakakên kasaenan. Wêwatakan ingkang kaprahipun winastan kautaman mangka kautamèning agami, witing kabêgjan tuwin kasênêngan, ingkang panyawanging ngakathah kaluhurakên ing Wedha sarta dipun anggêp luhur dening para sarjana punika salah satunggal utawi sadaya, sami pinanggih wontên panjênênganipun gusti kula."

--- 5 ---

Prabu Yudhisthira ngandika: "Ingsun rumangsa bêgja dene katarik saka sih sarta wêlasira marang ingsun, sira kabèh lan para brahmana iki, padha nganggêp ingsun wong utama, saka satêmêne ingsun ora kasinungan kabèh mau, ewadene ingsun lan para ari darbe panjaluk saprakara marang sira kisanak, kagawa saka trêsna lan wêlasira marang ingsun, sêmune kisanak lêga minangkani sapamitaningsun mau. Kawruhana, eyang Bhisma, uwa Prabu Drêtarastra, paman Widura, ibu Dèwi Kunthi lan liya-liyane kabèh kang padha sih marang ingsun, isih kèri ana ing jroning kutha Hastina. Yèn kisanak pancèn nêdya amrih sênênge panggalih ingsun, sarta têmên wêlas lan amrihatinake ingsun, padha dibêcik pangrêngkuhira marang para panjênêngane, anggonira mrihatinake wêtuningsun saka nagara, iku kêna diarani langkah, mulane kisanak, nuli padha balia, ngèlingana marang kadang warganingsun, kang sun pasrahake mau, manjinga dadi têtanggungane kisanak, awit amung ing kono iku dununging jiwaningsun, dadi iya mung sarana iki, kang bisa gawe karênaning panggalih ingsun."

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun dipun pangandikani makatên dening Prabu Yudhisthira, têtiyang wau lajêng sami ngadhuh sêsarêngan: "Adhuh gusti pêpundhèn kawula." Awit saking trêsnaning manahipun ingkang tuwuh saking kasaenanipun para Pandhawa, têtiyang wau rumaos awrat anggènipun badhe pamitan wangsul.

Sarêng tiyang pintên-pintên wau sampun sami wangsul para Pandhawa lajêng minggah ing rata, nglajêngakên lampahipun [lam...]

--- 6 ---

[...pahipun] dhatêng pambucalanipun nama wana Pramana, wana agêng satêpining lèpèn Gangga. Sarèhning dumuginipun ing ngriku sampun ngajêngakên sêrap surya, para Pandhawa lajêng sami mêndhêt toya sukci, dalunipun lêstantun sami lêrêm wontên ing ngriku. Awit saking kapêtêging raos sisah kang tanpa upami, dalu punika para Pandhawa kajawi ngunjuk toya, mbotên wontên karsa dhahar punapa-punapa, dene para brahamana ingkang sami andhèrèkakên punika wontên kalih golongan, satunggal golonganipun brahmana ingkang sêsaji latu, satunggalipun mbotên makatên punika wau dalasan sasiswanipun, sarta kulawarganipun sami tut wuntat salampahipun para Pandhawa. Kabêkta saking sihipun, pramila ing dalu wau ugi sami nyare wontên ing ngriku. Prabu Yudhistira katingal ngalela wontên ing antawisipun para brahmana. Dupi surya sampun silêm ing jalanidhi, sanalika ing wana wau sakalangkung sêpi, mbotên wontên sabawaning walang ngalisik. Para brahmana cêthik latu kalayan mawedhastuti, ingkang swaranipun arum angundhang, têmah mawèh ayêming panggalihipun para Pandhawa, saparipurnaning anggènipun mawedha, lajêng sami bawa raos."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sapisan, perangan Aranyaka ing Wanaparwa.

__________

BAB 2. SAMBÊTIPUN ARANYAKA PARWA.

Para brahmana ingkang gêsangipun saking papariman punika sadaya sami andhèr wontên ngarsanipun para Pandhawa,

--- 7 ---

ingkang utami tindakipun sarta luhur ing budi. Nalika wiwit badhe lumêbêt ing wana, ingriku Prabu Yudhisthira ngandika: "Sasampunipun kecalan karaton tuwin kamulyan, punapadene sakathahing rajadarbèk kula, ing mangke kula badhe lumêbêt ing wana kanthi prihatosing manah. Ingkang badhe kula têdha: wowohan oyod-oyodan, lan angsal-angsalanipun anggèn kula bêbêdhag, mangka sawêg wananipun kemawon sampun mutawatosi, awit kathah sato galak. Saking pamanggih kula sang maharsi badhe sami sangsara, jalaran saking kasêpèn tuwin kasrakat. Sangsaraning brahmana damêl rudatosing dewa, têmahan kula ingkang tampi bêbêndu. Mila bagawan, paduka kula aturi wangsul kemawon, dhatêng pundi ing sakarsa paduka."

Wangsulanipun brahmana: "O, sinuwun, sêdya kula lêstantun nunggil kalihan paduka, punapa prayogi manawi sinuwun nilar kula. Kula sakalangkung panuju ing manah, nyumêrapi kasêtyan paduka dhatêng kasusilaning agami. Para dewa saèstu sih trêsna dhatêng titah ingkang sami ngluhurakên panjênênganipun, langkung malih dhatêng brahmana, ingkang utami lêlabêtanipun."

Prabu Yudhisthira matur: "Dhuh, sang dwija, kula inggih mundhi-mundhi ing para brahmana, ananging gênging panandhang ingkang kula tampèni punika adamêl bawuring manah. Para sadhèrèk kula ingkang kabêbahan ngupados wowohan, oyod-oyodan, sarta mbabêdhag, kabêkta saking awrating manah ngraosakên kasusahanipun pun Drupadi, saha icaling karaton kula, ing mangke lêsu badanipun. Adhuh, gèk kados punapa malih pambudidaya kula, manawi sadhèrèk kula wau ngantos andoko,

--- 8 ---

kula mbotên kuwagang nyulihi pandamêlanipun ingkang sakalangkung awrat punika."

Atur wangsulanipun brahmana: "Paduka sampun mrihatosakên têdha kula, awit kula piyambak ingkang badhe ngwontênakên. Sêdya kula amung badhe andhèrèkakên sarta rumêksa karaharjan paduka, sarana pangwasaning puja mantra, punapadene sadangunipun sênêng sami têtunggilan, kula ingkang manah darahipun sinuwun, dalasan para ari, punika pangajaping manah kula."

Prabu Yudhisthira matur: "Pukulun, dhawuh paduka dahat kalingga murda, bingahing manah kula sampun tanpa upami, manawi lêstantun têtunggilan kalihan sang dwija. Amung sarèhning sawêg kataman lêlampahan, kula kapêksa lênggana dhatêng apês sarta asoring kawontênan kula. Punapa kula mêntala ningali paduka sami nandhang prihatos, ingkang sanès lêrêsipun, langkung malih kabêkta saking wêlas paduka ing kula, lajêng nêdya minangkani têdha kula, mêdal saking rêkaosing sarira paduka piyambak. Ah, kaniaya têmên, Kurawa kang asor ing budi."

Maharsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rikala Prabu Yudhisthira sêsambat makatên wau, sarwi marawayan wêdaling kang waspa, lajêng mangkurêp ing siti karuna kalara-lara. Brahmana Sunaka, ingkang lêbda dhatêng kawruh kasampurnan, sarta putus dhatêng saneayoga, enggal marêpêki lajêng angimur-imur risang kawlasasih, pangandikanipun makatên: "Kawuningana sinuwun, sababing panandhang ingkang maèwu-èwu cacahipun sarta

--- 9 ---

sababing ajrih ingkang atusan wicalanipun, punika amung sagêd masesa tiyang mudha punggung, nanging mbotên sagêd masesa para wicaksana. Para mursiding budi kados panjênênganipun sinuwun, nglêngkara sagêda prihatos jalaran kasasarakên pandamêl ingkang sulaya kalihan kasunyatan, kêbak piawon warni-warni, tuwin ingkang ngrisak katêntrêman. Sinuwun, ing têlênging batos paduka wontên sumbêring kawruh, mêngku watak wolung prakawis, ingkang sagêd nanggulangi sadaya piawon. Kabukanipun tiyang dhatêng kawruh wau, manawi marsudi sruti (Wedha), tuwin sêrat-sêrat sukci, sujanma ingkang kados paduka, tamtu mbotên badhe lêsu, amargi saking ngraosakên kamlaratan tuwin prihatosing mitra, ingkang jalaran saking panandhang tumraping badan tuwin manah. Suwawi kapiyarsakna, kula badhe mêdharakên wêdharaning sloka, ingkang duk ing kina asring kinidungakên dening sang kasumbaga Prabu Janaka. Kidung manawung piwulang panggulawênthahing manah. Isining jagad punika sami kasandhangan ing sakit utawi prihatos. Samangke kapiyarsakna kadospundi sarananipun ngènthèngakên kasusahan, ingkang badhe kula pratelakakên kalayan raringkêsan tuwin ngronce. Sêsakit sambêtipun kalayan kawontênan ingkang adamêl sakit, nyambut damêl awrat tuwin kaoncatan samukawis pakarêman, kawan prakawis punika ingkang damêl sangsaraning badan. Sakiting badan punika sagêd ènthèng dening jampi, wondene sakiting manah, sagêd cabar dening pamêlêng dhatêng sanès prakawis. Jalaran saking makatên wau para wicaksana, bilih badhe ngènthèngakên prihatos tiyang, pambudinipun sakawit, dipun cêlakakakên[1] kalihan katrêsnanipun, sarta dipun sukani

--- 10 ---

punapa pêpenginanipun. Kados upaminipun tosan abrit, manawi kadèkèk ing bokor isi toya, lajêng damêl bêntèring toya ing bokor wau, makatên ugi sangsaraning manah damêl sakiting badan. Kadosdene toya sagêd adamêl sirêping latu, makatên ugi kawruh kasunyatan sagêd nyirêp manah cidra. Manawi cipta punika têntrêm, badanipun wadhag inggih lajêng lêrêm. Sêmunipun raos karêm punika tukipun sadaya sisahing manah. Raos makatên punika ingkang damêl sadaya titah lajêng rumaos sangsara sarta prihatos. Inggih raos marêm witipun sadaya papa, ajrih, tuwin sakit. Saking sêngsêm tuwuhipun pêpenginan, inggih saking sêngsêm karêmipun dhatêng saening kadonyan, kalih pisan punika dados witing piawon. Ananging ingkang kasapisan wau langkung asor tinimbang ingkang kaping kalih. Kados upaminipun latu sapêlik ingkang kalêbêtakên ing kajêng growong, sagêd ambrastha kajêng wau dalasan oyodipun pisan, makatên ugi raos karêm, punika nadyan amung sakêdhik, sagêd nêlasakên kasaenan lan kabêgjan. Tiyang ingkang amung sumingkir saking sacêlaking kawontênan kadonyan, punika mbotên kenging winastan mbotên karêm, kados wangsulanipun nadyan wontên ing sacêlakipun kadonyan, nanging sumêrap piawonipun, punika ingkang têtela mbotên karêm. Manawi tiyang sampun uwal saking pêpenginan asor sarta manahipun sampun mardika saking samukawis ing donya, inggih punika sajatining samyasi (sèlèh kadonyan), jalaran saking anggènipun lampah makatên mila manahipun botên karêm dhatêng mitra tuwin kamulyan, ingkang sagêd kagayuh. Makatên malih karêmipun tiyang dhatêng dhirinipun piyambak, saèstunipun sirna dening kawruh, kados kawontênanipun ron tunjung, mbotên

--- 11 ---

sagêd têlas dening toya, makatên ugi tiyang ingkang sampun sinung kawêwekan, sintêna ingkang kulina maos sêrat-sêrat sukci, sarta sampun sinukcèn ing toya kawruh, mbotên katut dening panggèndènging kadonyan. Tiyang ingkang katut dening panggèndènging kawontênan lair, punika dados boyonganing kamelikan, awit tuwuhing pêpenginan ing manahipun, pangorongipun dhatêng kadonyan lajêng wêwah-wêwah, ngoronging manah têtela kaèbêkan dosa, sarta dados tuking angkara. Ngorong ingkang kaèbêkan dosa wau, lajêng anuntun pandamêl sasar. Bêgja sintêna ingkang sagêd sumingkir saking pangoronging manah, ingkang tiyang punggung limrah mbotên sagêd nanggulangi, sarta mbotên sagêd mudha saking risaking badan wadhag, inggih punika sajatining sêsakit ingkang damêl cilakaning manusa ing salami-laminipun, nadyan tuwuh wontên ing manah, ewadene sagêd damêl risaking kawujudan, kadosdene mawa kasasaban ing brambut utawi kadosdene pangobaring latu dhatêng pang aking urup-uruping latu wau. Makatên ugi tiyang ingkang rêgêd watakipun, tamtu manggih karisakan saking kamurkan ingkang tuwuh ing manahipun piyambak, kados titah ingkang kasinungan gêsang tansah mrihatosakên pêjah. Ugi tiyang ingkang mangun kamuktèn lan kawibawan, tamtu tansah ngandhut sumêlang, ajrih dhatêng ratu, tuwin kalurahanipun, punapadene ajrih dhatêng toya, latu, malah dhatêng kadang warganipun ugi ajrih. Kadosdene daging sacuwil ingkang dipun êpe, manawi kacanthèlakên katêdha pêksi, yèn kasèlèhakên ing siti, katêdha ing sato, yèn wontên ing toya katêdha ing ulam, makatên kawontênanipun tiyang wibawa, ing pundi-pundia kathah sambekalanipun. Sakathahing

--- 12 ---

kawibawan, wisanipun dumunung wontên ing dhirinipun piyambak. Tiyang ingkang andugi, bilih kabêgjan punika dumunung wontên ing kawibawan, tamtu lajêng kêncêng pangrêgêmipun dhatêng kawibawan wau, saking dèrèng sumêrapipun dhatêng sajatining kabêgjan. Pramila para wicaksana mastani, yèn indhaking kawibawan punika badhe damêl andadranipun kamurkan tuwin kabodhoan. Sajatosipun amung kawibawan ingkang dados tuking watak cêthil, panas baranan, angkuh, sumêlangan sarta ngangsa-angsa. Saking pamawasipun para wicaksana, sangsaraning tiyang punika pinanggih wontên ing kasugihan. Tiyang ingkang sêngsêm tuwin angakahi kawibawan punika kalorop ing kasangsaran ingkang tanpa wêkasan, punapa malih sagêdipun angsal kawibawan punika kemawon, sampun waragad kasusahan, malah asring ngantos kaecalan gêsang. Panggayuhipun dhatêng kawibawan wau sarta tiyang ingkang ginulang ing kasugihan, inggih dados mêngsah utawi kanthining kawibawan, sanadyana bandha punika kadekekan sangsara, nanging sampun ngantos tiyang angawut-awut bandha.

Kawuningana, amung tiyang bodho ingkang sêpên panarimah, dene para wicaksana tansah angêgungakên ing panarimah, dhahga dhatêng kadonyan punika tanpa pamarêm. Panarimah punika kabêgjan ingkang luhur piyambak, pramila para wicaksana wêwarah, manawi panarimah punika gêgayuhan sajati, awit para wicaksana wuninga bilih lêstantunipun ênèm, kabagusan, gêsang, bandha, kasênêngan, tuwin kêmpalipun kalayan ingkang dipun trêsnani; wasana lajêng mbotên kapengin dhatêng sadaya wau, awit saking punika tiyang ingkang sampun ngantos kalajêng-lajêng anggènipun ambêbêdhag

--- 13 ---

kadonyan, ingkang nuwuhakên kasangsasaran,[2] mbotên wontên tiyang sugih sagêd suminggah saking kasisahan, makatên wau wigatosipun. Dene para luhuring budi mangayubagya dhatêng ingkang sami nêdya ambirat pêpenginanipun dhatêng kadonyan. Sawênèh wontên tiyang ngangkah kadonyan, wigatos kangge sarananing kautamèn, nanging langkung sae manawi mbotên dadak mawi ngangkah dhatêng kadonyan, awit lajêng prayogi babarpisan botên kagêpok ing balêthok, katimbang wisuh sasamunipun gupak. O, sinuwun, mbotên prayogi paduka ambujênga kadonyan, manawi sanyata anggayuh dhatêng kautamèn, suminggah saking kamelikan dhatêng kadonyan.

Prabu Yudhisthira ngandika: O, bagawan, anggon kula tumolèh dhatêng kadonyan punika botên badhe kula angge sarana angugung sukaning manah, ing pangangkah badhe kula angge mitulungi para brahmana. Tangèh katarika dening kamelikan, lan punapa paedahipun tiyang bêbrayan kados kula punika, manawi mbotên sagêd anggêmatosi kulawangsanipun. Sagunging titah kawistara sami andum têdha dhatêng kukubanipun, dados tiyang ingkang bale wisma kêdah nglilahakên saperanganing têdhanipun dhatêng para yatin tuwin para brahmacari, ingkang sampun mbotên niyat ngratêngi têdhanipun piyambak, punapadene kêdah mirantosi rumput kangge palênggahan, papan kangge palêrêman, toya kangge wijik, saha ngicalakên ngorongipun, kaping sakawanipun, têmbung arum. Tiyang utawi griyanipun sampun ngantos kasêpênan sakawan prakawis wau, mila kêdah wontên ambèn kangge palêrêmanipun tiyang sayah, palênggahan kangge tiyang ingkang kadangon anggènipun ngadêg, toya kangge tiyang kasatan, sarta sêkul kangge tiyang

--- 14 ---

kaluwèn. Tamu kêdah tinanggapan kalayan têmbung arum manising ulat, tuwin rêsêping manah. Tiyang ingkang gadhah griya kêdah ngadêg lajêng mapagakên ngancarani lênggah, kanthi susilaning tanduk, sanajan ingkang makatên wau amung tatakramining kalairan. Tiyang ingkang mbotên nindakakên agnihotra[3] utawi mbotên gêmatos dhatêng lêmbu, mbotên manah dhatêng sanak sadhèrèk, tamu, tuwin mitra, anak, semah sarta rencang, punika nandhang dosa, mila sampun ngantos tiyang ngratêngi têdha kangge badanipun piyambak punapa malih sampun ngantos tiyang mragat sato, bilih mbotên kangge sêsaji ing dewa, para luhur, tuwin dhatêng tamu. Sampun ngantos tiyang ambukti têtêdhan wau, manawi sanès sisaning sêsaji ing dewa tuwin para lêluhur. Manawi tiyang nyêbar têdha ing siti wanci enjing lan sontên, kasajèkakên kangge têdhaning sagawon, candhala, tuwin pêksi, tiyang wau winastan sêsaji waswadewa.[4] Tiyang ingkang nêdha wigêsa (sêsaji sêgah tamu) punika sami kalihan ambukti dhêdhaharaning dewa. Têtêdhan sisaning sêsaji dhatêng para dewa, lan para lêluhur, punika ingkang nama dhaharing dewa. Têtêdhan sisaning sêgah tamu,

--- 15 ---

nama wigêsa, punika sami kalihan sêsaji ing dewa. Sumèhing pasêmon dhatêng paran[5] tamu, sarta sêgah ingkang kaancarakên ing tamu, punika daksina,[6] inggih punika ingkang kawastanan sêsaji gangsa prakawis. Tiyang suka têdha kanthi eklasing manah dhatêng tiyang kesah têbih, mangka dèrèng nate wanuh, punika damêl kasaenan agêng. Tiyang bale wisma ingkang anêtêpi pêpacak ing nginggil wau, punika damêl kautamèn, lah bagawan, kadospundi panggalih paduka ingatasipun ingkang kula aturakên sadaya wau?"

Brahmana Sunaka nglajêngakên pangandikanipun: "Ing donya kathah rêmbag ingkang sulaya kalayan wêwaton, kathah pratingkah, ingkang katingalipun kemawon sae, nanging sampun pamarêmipun tiyang tuna budi, amargi kasasaban ing kabodhoan tuwin kamurkan, sarta katut dening kamelikan. Para sasar purunipun nindaki pandamêl, ingkang katingalipun utami, kangge pamarêming pangajêng-ajêngipun dhatêng kamulyan ing alaming pêjah. Tiyang ingkang makatên kasasarakên dening pangraosipun, [pangraos...]

--- 16 ---

[...ipun,] kalayan mêlok-mêlokakên, candranipun kados kusir ingkang nyimpang saking margi ingkang kêdah linampahan, awit saking bandholing kuda pangiriting rata. Indriya nênêm punika manawi wontên salah satunggal ingkang gathuk kalayan pakarêmanipun, tamtu manah lajêng tuwuh kapengin badhe ngraosakên kasênêngan ingkang tuwuh saking pakarêmaning indriya wau. Bilih tiyang kalajêng-lajêng sêngsêmipun dhatêng taman langêning salah satunggalipun indriya, pangajêng-ajêng lajêng kados dipun urub-urubi, têmahan lajêng ngawontênakên kadadosan, candranipun kados lêmut, buta ijo, kapêr tuwin sapanunggilanipun malih, ingkang sami pêjah kabêsmi, amargi saking sêngsêmipun dhatêng pajaring dilah, makatên ugi tiyang kabrastha dening latuning panggodha, awit pangupayanipun dhatêng taman langêning indriya, jinantonan ing pêpenginan, lajêng ngawontênakên lêlampahan, ingkang makatên wau raos jatinipun pêtêng, amargi kasasaban dening pakarêmaning indriya, ingkang kaupaya tanpa kèndêl, utawi silêm ing damêl panglimunaning kabodhoan tuwin panasaran, ingkang kinintên kabêgjan, ngantos kasupèn dhatêng sajatining gêgayuhan, kados upami nyakra panggilinganing rodha ingkang tanpa wêkasan, makatên kawontênaning titah, amargi saking bodho, pandamêl tuwin pêpenginan, mila maambal-ambalan tumitah ing donya, tansah santun-sumantun wujudipun, anggung tumiba lair, angubêngi sajêmparing têbanipun dumadi, wiwit brahmana ngantos dumugi pucuking rumput. Samangke wontên ing toya, lajêng wontên ing siti, kalamangsa wontên ing akasa.

Makatên lampahing gêsang ingkang tanpa kawruh. Lah ing mangke kapiyarsakna lampahipun para wicaksana, ingkang

--- 17 ---

ngangkah dhatêng kautamèn, sarta panggayuhipun dhatêng pamudharan. Sêrat Wedha asung warah: tiyang anindaki pandamêl, nanging tilar abimana[7] damêl sêsaji, sinau Wedha, wèwèh, tapa brata, têmên ing wicara, miwah tindak, momot, nyêgah hawa napsu, sarta tilar pêpenginan, punika kuwajiban wolung prakawis, ingkang minangka dhasaring margi sanyata; ingkang sakawan prakawis, ing nginggil, punika pambukaning wiwara ingkang anjog alaming para pitri, mila katindakna tanpa abimana. Ewadene sêkawan prakawis ingkang kantun, punika gêgayuhanipun para bhakta[8] kangge minangka pancatan inggahipun dhatêng kaswarganipun para dewa. Para marsudi kasuksman ingkang sukci, kêdah anêtêpi wolung prakawis wau. Tiyang sèlèh kadonyan, kangge sarananing angsal katêntrêman, kêdah tumindak ing damêl ingkang sêpi pamrih, têmên-têmên pamèpèripun dhatêng hawa murka, sêtya anggènipun nglampahi sêsanggêman, bêkti ing guru, ngatos-atos panêdhanipun, tabêri sinau Wedha, tilar wohing pandamêl tuwin mbotên ngumbar pêpenginan. Sabab saking tilar pêpenginan tuwin raos ewa, para dewa kawasa anggayuh kamulyan, saking têtêp anggènipun yoga, mila Rudra, Sadya, Aditya, Wasu, Aswin sakêmbaran sagêd mangrèh saliring dumadi.

Dhuh, atmajanipun Kunthi, paduka kaparênga mulat lêlabêtanipun para sèlèh pandamêl, ingkang saking pangangkahipun [pangang...]

--- 18 ---

[...kahipun] piyambak, sarta sagêd anggayuh yoga sarana tapa brata, mila paduka dumugi samantên punika, nama kapotangan dhatêng lêluhur kakung putri, awit punika tuwuh saking sêsajinipun para lêluhur. Ing mangke paduka ngangkaha katarimah sarana tapa brata, kangge kamulyaning para lêluhur. Sajanma ingkang katarimah kasutapanipun sagêd kadumugèn sasêdyanipun, mila sinuwun, nglampahana tapa, murih sagêd kasêmbadan pangangkah paduka.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih, perangan Aranyaka ing Wanaparwa.

__________

BAB 3. SAMBÊTIPUN ARANYAKA PARWA.

Rêsi Waisampayana ngandika: Kawuningana, Prabu Yudhisthira, atmajanipun Dèwi Kunthi, satêlasing pangandikanipun Brahmana Sunaka, lajêng tumolèh dhatêng para ari, sarta ngandika: "Kawruhana, sang maharsi, kang putus ing Wedha iki, karsa angêtutake lêbuningsun marang alas. Kagawa saka apêsing dhiriningsun, ingsun ora bisa misungsung dhahare, mangka ingsun ora bisa pisah lan panjênêngane, nanging banjur kapriye anggon ingsun ngaturake dhahar. Lah, samêngko kapriye panêmunira yayi, êndi kang sayoga linakonan dening wong kang utama watake sajroning nandhang lêlakon kang mangkene iki?"

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun amêpêt pancadriya,

--- 19 ---

maladi samadhi êning sakêdhap, Bagawan Dumeya sarana yoga, wuninga pundi lampah ingkang sayogi linampahan. Ing ngriku lajêng matur dhatêng Prabu Yudhisthira: "Duk ing kina wontên lêlampahan anggêgirisi, inggih punika sadaya titah gêsang sami kaluwèn. Ing nalika wau Bathara Sawita: dewaning srêngenge, kamiwêlasên nguningani sèsining bawana makatên kawontênanipun wau, mila lajêng tumindak kados pakartining bapa, ingkang amrih karahayoning anakipun. Sakawit Hyang Sawita lumampah mangalèr, kalihan angirup toya lantaran prabanipun, nuntên wangsul mangidul malih, dumugi sanginggiling bumi, sarwi gumolong bêntèring sariranipun, ing nalika wau gustining tanêm tuwuh, inggih punika rêmbulan, anyorotakên pajaripun, têmpuk kalihan prabaning srêngenge, lajêng dados mêndhung, mêndhung pupul dados toya, gumrojog mangandhap dhumawah ing siti damêl panyêminipun tanêm tuwuh.

Dados sanyatanipun inggih prabaning srêngenge ingkang manrang soroting rêmbulan, racut dados toya, adamêl thukuling wiji dados têtanêman, ingkang mêngku raos nêm prakawis sarta dados têdhanipun sakathahing gêsang ing bumi. Têtelanipun têdha ingkang mikuwati sadaya gêsang, punika sadaya gêsang, punika sanyatanipun isi dayaning srêngenge, pramila inggih srêngenge punika sudarsanipun sajati ingatasipun sadaya dumadi.

Awit saking punika sinuwun, mila tiyang punika kêdah ngayom ing Bathara Sawita. Para ratu minulya rêmbêsing kusuma, saèstu sagêd ngayomi kawulanipun, sarana dêrênging

--- 20 ---

subrata. Ingkang kaloka panjênênganipun Prabu Kartawirya, Wedya, tuwin Prabu Nahusa, sami sagêd ngêntas papa sangsaranipun para kawula, amung saking puja bratanipun. Ingkang punika, sinuwun, rèhning paduka sampun sinukcèn ing tirta, utamining lampah paduka pribadi, paduka kaparênga nulad lêlabêtanipun para narendra wau, kaparênga tapa brata murih lajêng sagêd ngayomi para brahmana, kanthi tindak utami.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Kadospundi Prabu Yudhisthira pêpêthinganing bangsa Kuru, panêmbahanipun dhatêng srêngenge, saking anggènipun nêdya ngayomi para brahmana?"

Maharsi Waisampayana ngandika: "Mugi andêlingna pamiyarsa sarta amuntua sukcining panggalih, sampun ngantos kamomoran. Dhuh, sinuwun, narendra ingkang kinawasa, kaparênga anggatosakên sawatawis, kula badhe nyariyosakên satunggaling prakawis ingkang ngantos salêsih. Suwawi kapiyarsakna anggèn kula mratelakakên namanipun srêngenge satus wolung warni, kados aturipun Bagawan Dumya dhumatêng Risang Pritaputra ingkang luhur ing budi, inggih punika: Arka, Sawitra, Rawi, Gabantimatya, Aya, Ka, La, Mrityu, Da, Tri, Prabakara, Priti, Bi, Apa, Teja, Wa, Yu, kang tanpa sisihan, Soma, Wrihaspati, Sukra, Budha, Anggaraka, Indra, Wiwaswatya, Dipatsu, Suci, Sori, Sadecara, Brahma, Wishnu, Rudra, Skandha, Waisrawaha, Yama, Waityutagna, Jatraragni, Ainta, Tejasampati, Dharmadwaya, [Dharmadwa...]

--- 21 ---

[...ya,] Wedhakarttri, Wedangga, Wedhawahana, Kreta, Treta, Dwapara, Kali, Kang Kêbak Rêgêd Warni-Warni, Kala, Kasta, Muhurta, Kasyapa, Yamadaya, Kasana, Samyatsarakara, Aswata, Kalacakra, Bhitawashu, Purusha, Satwata, Yogên, Wyakawyaka, Sanatana, Kaladyaksa, Wiswakarman, Tamonuda, Waruna, Sagara, Ansu, Jimita, Jiwana, Aritan, Bhutasraya, Bhutapati, Sastri, Samartaka, Wanhi, Sarwadi, Alolupa, Ananta, Kapila, Bhanu, Kamada, Sarwatasuka, Jaya, Wisala, Parada, Manas, Suparna, Sigraga, Prandarana, Danwantari, Dumakètu, Adidewa, Aditisuta, Dwadasatman, Arawidaksa, Pitri, Matri, Witamaha, Swargaswara, Prajadwara, Moksadwara, Triwistapa, Dehakartri, Prasattanman, Wiswatan, Winwaatamuka, Caracaratman, Suksmatman, ingkang maha asih. Punika wau sadaya jêjulukipun Bathara Surya satus wolu, ingkang pangwasanipun tanpa timbang, kados pangandikanipun Hyang Brahma. Manawi nyuwun kabêgjan, mawia angucapakên mantra makatên: "Kula sumungkêm ing tuwan, dhuh bathara, ingkang gumêbyar kados jêne, utawi latu, pêpundhènipun para dewa, para pitri tuwin para yaka, sarta ingkang dados sêsêmbahanipun para asura, niracara tuwin sadya." Sintêna ingkang ngucapakên mantra wau kalayan pêlênging cipta ing wanci palêthèking srêngenge, badhe

--- 22 ---

angsal jodho, sagêd nurunakên wiji, sagêd antuk kasugihan, sarta kèngêtan dhatêng kawontênanipun ingkang sampun, punapadene jalaran saking ngucapakên mantra wau, tiyang sagêd angsal kasantosan tanpa kaèsthi. Mila prayogi tiyang angucapakên mantra wau kanthi pamêlêng. Saking anggènipun nindakakên makatên, tiyang kawawa nampèni kasisahan sarta wana, latu sagantên tuwin samukawis ingkang menginakên, badhe dados darbèkipun.

Rêsi Warsampayana[9] nglajêngakên pangandika: "Dupi mirêng cariyosipun Bagawan Dumya, ingkang cundhuk kalihan raosing panggalihipun, Prabu Yudhisthira, ingkang ambêg adil, kabêkta saking adrênging karsa, sagêdipun ngayomi para brahmana, lajêng badhe nglampahi sarana patrap ingkang dados lênggahing panêmbah, pêlênging panggalih sumêmbah dhatêng srêngenge, ingkang angwontênakên raina, sêsêkaran tuwin sanès-sanèsipun. Prabu Yudhisthira sêsukci jumênêng ing lèpèn, kalihan tumênga manginggil dhatêng prênahing srêngenge, sangèsthi dewaning raintên, salêbêtipun wontên ing toyaning Gangga. Prabu Yudhisthira mêlêng cipta, sugêng ing dalêm prana, amusthi wênganing panggalih, anglampahakên pranayama.[10] Sarêng sampun nênuci panggalih sarta mêpêt pangandika lajêng sêsanti manglingga murda ing dewaning srêngenge.

--- 23 ---

Panguwuhipun makatên: "Dhuh, Surya, paningaling bawana, paduka ingkang minangka gêsangipun sadaya kawujudan, paduka kamulanipun sawêgung, sarta galêgêripun sadaya pandamêling tiyang ingkang manêmbah. Paduka, kang minangka pangayomanipun para ahli sankya, sarta ingkang dados pikuwatipun para yogi. Paduka kori mawa kancing, ingkang botên kenging dipun wêngakakên. Paduka pangayomanipun para anggayuh pamudharan. Paduka ingkang paring kakiyatan, sarta ambuka anukcèkakên, saha mitulungi bawana. Saking wêlasasih saha kasukcian paduka, brahmana putus ing Wedha, ingkang marêk ing paduka, sami manêmbah paduka ingkang wanci ingkang sampun tinamtokakên kalayan angucapakên mantra pêpêthikan saking Wedha, ingkang sambêt kalihan paduka. Paduka pêpundhènipun para rêsi, para siddha, para carana, para gandarwa, para yaksa, para luhika, sarta para naga, saking kapenginipun katarimah sami mahawan gêgana, umiring ing rata paduka.

--- 24 ---

Para jawata tigang dasa tiga kathahipun,[11] kanthi upendra tuwin mahendra, punapadene golonganing wemaneka,[12] sami nugraha awit manêmbah ing paduka. tatungguling para widadari, mila kadumugèn pêpenginanipun saking anggènipun ngaturakên gagubahan sêkar mandara[13] ing panjênênganipun paduka. Kuhwa sarta pitri pitung golongan (bangsaning jawata lan manusa), sagêd nggayuh ing kaluhuran saking anggènipun sami ngluhurakên paduka. Para wasu, maruta, rudra, siddhya, maricapa, walikilya, sarta siddha, sami angsal kalangkungan saking anggènipun manêmbah ing paduka. Ing saindênging jagad pêpitu, kalêbêt alaming brahmana, saking sumêrap kawula botên wontên ingkang langkung saking paduka. Wontên titah minulya ingkang kasinungan pangwawa, [pangwa...]

--- 25 ---

[...wa,] ewadene botên wontên ingkang endah saha pangwasanipun sami kalayan paduka, sadaya pêpadhang wontên ing sarira paduka, tuwin ratunipun sadaya pêpadhang. Wontên paduka dunungipun kamulyan gangsal prakawis, sadaya kalantipan miwah pangawikan, kasutapan, punapadene bandhanipun para ambangun tapa,[14] cakra dêdamêlipun pangêmbating sarnga,[15] ingkang damêl mirisipun para asura, ingkang mahambêg gora godha, punika iyasanipun Bathara Wiswakarma kanthi pangwasa paduka. Ing mangsa katiga paduka angisêp saking sagung kawontênan punapadene saking tanêm toya, asarana sorot paduka, wasana lajêng paduka sokakên ing mangsa jawah, sorot paduka ambêntèri saha anggêsêngakên sarta dadosakên mêndhung, binarung ing kilat thathit laliwêran, manawi sampun winênganan ing

--- 26 ---

mangsakala, lajêng angwontênakên jawah. Botên wontên latu punapa payon tuwin aling-aling kajêng, ingkang anggènipun damêl sakecanipun tiyang katisên dening angin, langkung saking sorot paduka. Asarana sorot paduka kawasa saha majari jagad dalah pulonipun tiga wêlas. Amung paduka ingkang rumêksa karahayonipun tribawana, manawi paduka mbotên anyorotakên praba paduka, saindênging jagad kalimputan ing pêpêtêng, ngantos para sarjana mbotên sagêd nindakakên kautamèn, kamulyan, tuwin kabêgjan. Amung saking sih kamirahan paduka, golonganing brahmana, ksatriya tuwin waisya, sagêdipun nindakakên kawajiban tuwin sêsaji.[16] Miturut ucapipun para ingkang lêbda dhatêng etanging mangsa, paduka punika wiwitan sarta wêkasanipun raintêning brahma, ingkang laminipun sèwu yuga wêtah. Paduka gustining [gus...]

--- 27 ---

[...tining] para Manu, tuwin para Pitrinipun jagad saha rêmbulan, manwantara sarta pangagêngipun, bilih jagad sampun dumugi mangsanipun pralaya, samartaka ingkang mêdal saking sumuk duka paduka, lajêng ambrastha jagad têtiga, amung kantun kang pribadi. Mega ingkang mancawarni punika tumuwuh saking praba paduka, ingirid dwipangga erawata tuwin galudhug, wasana angwontênakên banjir bandhang. Paduka merang sarira paduka dados kalih wêlas, maujud srêngenge anyorot samodra sarana sorot paduka. Paduka sinêbut Indra, inggih Wisnu, brahmana tuwin prajapati, paduka punika latu kamulaning cipta. Paduka ratu, inggih brahmana kang langgêng, paduka punika hansa, sawitri banu, ansumalik tuwin wrisakapi. Paduka punika wiwaswan, prita, pusam, mitra tuwin dharma. Paduka sorot sèwu, paduka aditya, tuwin tapana, sarta ratuning sorot, paduka punika martela, arka, rawi sarta surya lan sarad, saha ingkang angwontênakên raina, punapadene dewangkara, sapta sapti

--- 28 ---

dumakêsit tuwin wirosarna. Paduka sinêbut ilèn-ilèning kabêgjan, sarta panglêburing pêpêtêng, inggih ingkang kagungan kuda jêne. Sintêna ingkang manêmbah ing paduka kanthi sungkêming manah, ing tanggal kaping 6 utawi 7 sinartan susilaning patrap tuwin têntrêming manah, badhe tampi sih wilasanipun Sang Laksmini. Tiyang ingkang angluhurakên paduka kanthi golonging pangèsthi tinêbihakên saking pancabaya tuwin karibêtan. Tiyang nganggêp paduka angêbêki ing pundi-pundi (jiwaning samubarang) lêpat ing dosa, sarta antuk kasênêngan, kalis ing sêsakit. Dhuh, dewaning têdha, mugi tuwan aparing têdha ingkang anyêkapi dhatêng kawula, ingkang butuh têdha, sagêda ambujana tamu kawula kanthi lêgawaning manah. Makatên ugi kula manêmbah dhatêng sadaya paringing paduka, ingkang sami angsal yom paduka kados ta: matara, aruna, danda tuwin sanès-sanèsipun kalêbêt asani saha kasuwa, sapanunggilanipun malih. Kula ugi manêmbah dhatêng biyungipun sadaya

--- 29 ---

titah, ingkang adêdunung wontên ing swarga, kados ta: suwalande, tri, sabangsaningsun, mugi sami kêparêng paring pitulungan ing kula."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, sinuwun Prabu Janamêjaya, makatên panglingga murdanipun Prabu Yudhisthira dhatêng srêngenge. Saking suka rênaning panggalih ingkang saking pangastutinipun Prabu Yudhisthira, kang amurbèng raina, tuking sadaya pêpadhang, murub mangalad-alad kadosdene latu, Bathara Wiwaswah ngatingali dhatêng Sang Pandhuputra, lajêng ngandika: "Sira bakal tampa apa kang sira karêpake; ingsun mirantèni pangan kang cukup kanggo sajroning lima utawa pitung taun. Hèh, kaki prabu, mara tampanana bokor têmbaga, kang ingsun ulungake iki. Hèh, titah ulun kang wus anêtêpi utamaning tindak, sasuwene bokor iku isih gumadhuh anèng Pancali (Dèwi Drupadi), wiwit dina iki wowohan, oyod-oyodan, daging lan janganan, isining bokor iki manawa rinatêngan, pangan rupa papat mau ora bisa êntèk-êntèk, sartane kawruhana, patbêlas taun saka dina kalênggahan mêngko, sira bakal mangwasani kaprabonira manèh."

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun ngandika makatên wau, Bathara Wiwaswan lajêng musna mbotên katingal. Sintêna kemawon ingkang ngajêng-ajêng ganjaran, angucapna mantra wau kanthi golonging pangèsthi, sampun pasthi badhe angsal sapangajêng-ajêngipun, saking nugrahanipun dewaning

--- 30 ---

srêngenge, nadyan ingkang kasuwun punika mokala dikados punapa kemawon. Sadaya tiyang jalêr èstri manawi sabên dintên ngucapakên utawi mirêngakên mantra wau, badhe kadumugèn ingkang dipun kajêngakên. Tiyang kapengin anak, kalampahan gadhah anak, ingkang kapengin sugih, angsal kasugihan, makatên ugi ingkang kapengin kawruh. Tiyang jalêr èstri ingkang sabên dintên angucapakên mantra ing wanci palêthèk lan sêraping srêngenge (sandyakala), manawi kadhatêngan bêbaya sagêd oncat, manawi kawarangka sagêd luwar. Brahma pribadi ingkang amêdharakên mantra wau dhatêng Bathara Sakra, saking Bathara Sakra kawarahakên dhatêng Rêsi Naradha, saking Rêsi Naradha katampèkakên dhatêng Rêsi Dumya. Prabu Yudhisthira tampi saking Rêsi Dumya, puwara kasêmbadan sapangajêng-ajêngipun asrana angucapakên mantra wau tiyang sagêd unggul prangipun, sarta sagêd angsal têtêp ing kamulyan. Mantra wau kawasa angêntas tiyang saking sakathahing dosa ingkang gumêlar saindênging cakrawala, manawi tiyang purun angucapakên.

Lajênging cariyosipun Rêsi Waisampayana: "Sasampunipun tampi nugraha, Prabu Yudhisthira mêntas saking lèpèn, enggal sumungkêm ing padanipun Bagawan Dumya, sarta lajêng angrangkul para ari gêntos-gêntos, wasana anyêlaki Dèwi Drupadi, kaajak dhatêng pagênèn. Sasampunipun sinungkêman padanipun dening Dèwi Krêsna, Prabu Yudhisthira wiwit angratêngi dhêdhaharan, nadyan mbotên sapintêna, ananging ugi jinatonan ing bumbu, ingkang mawèh raos warni sêkawan, dhêdhaharan wau mbotên têlas-têlas. [têlas-...]

--- 31 ---

[...têlas.] Dupi sampun paripurna anggènipun ngratêngi, lajêng kaladosakên. Sasampunipun para brahmana dhahar, lajêng para ari, dene kêkantunanipun kadhahar Prabu Yudhisthira, inggih makatên wau ingkang kawastanan dhahar wigêsa, lorodanipun lajêng kadhahar Dèwi Drupadi; ing ngriku têlasing dhêdhaharan pêpanci dintên punika.

Wiwit tampi nugraha kados kawursita ing nginggil, Prabu Yudhisthira kawistara tumêja ngênguwung angawêngi sarira, kadya isèn-isèning swarga loka, sarta tansah anut sarèhning brahmana. Awit saking pitêdahing gurunipun, sabên amarêngi dintên agêng saking petangan lampahing wulan, lintang tuwin sagêgandhènganipun, para Pandhawa sami damêl yajna, kados ingkang sampun kacêtha ing sêrat sukci tuwin mantra. Saparipurnaning yajna, para Pandhawa sami binastawa (pinuji-puji) kanthi puja mantra dening Bagawan Dumya, tuwin para brahmana."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tiga, perangan Aranyaka ing Wanaparwa.

__________

BAB 4. SAMBÊTIPUN ARANYAKA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sapêngkêripun para Pandhawa, Prabu Drêtarastra, [Drêta...]

--- 32 ---

[...rastra,] kang atingal kawicaksanan,[17] lênggah wontên ing kadhaton kaadhêp sang wirotama Widura, kalayan sangêt prihatos, aris wêdaling pangandikanipun Prabu Drêtarastra: dhatêng ingkang rayi Sang Widura makatên: "Widura, jêmbaring kawruhira prasasat Rêsi Bargawa[18] apadene ora kasamaran marang sajatining kautaman; pangrêngkuhira marang pulunanira ora pilih kasih, mula sira sajarwaa, êndi kang prayoga tumrap panjênêngan ingsun, lan para pulunanira. O, Widura, lêlakon kang wus kapungkur ora kêna dibalèni, mula samêngko kapriye anggon ingsun mêpulih atine wong Hastina, murih aja padha gawe karusakan, enggal sira sajarwaa, karana sira ora kewran marang salwiring upaya."

Aturipun Sang Widura, makatên: "Pukulun, gêgayuhan tigang prakawis, kados ta: kabêgjan, kamulyan tuwin pamudharan, punika sami têtalês kautamèn. Pangandikanipun para wicaksana, kaprabon punika ugi kêdah atêtalês kautamèn. Awit saking punika, sinuwun, sapintên dumuginipun pangwasa paduka, lajêng dipun anggea anggulawênthah para putra tuwin para Pandhawa, murih prayoginipun, paduka sampun nguningani pribadi, manawi kautamèn samangke sampun risak, saking pandamêlipun pun candhala budi, ingkang dipun dumbani saking Suwalaputra, inggih punika nalika putra paduka nyagahi Yudhisthira, kang rahayu ing budi, kaajak kasukan dhadhu, dipun kawonakên sarana pangrênah.

--- 33 ---

Kuciwanipun putra paduka, ingkang tuwuh saking asoring tindakipun makatên wau, taksih kenging dipun waluya, ngantos putra paduka luwar saking dosanipun, puwara wangsul sinêbut utami malih, pukulun. Pandhawa dipun timbalana wangsul, kadhawuhan nampèni punapa ingkang ing nguni sampun paduka paringakên. Makatên wau sampun nama langkung utami, sabab narendra mbotên nêdya ngrupak jajahaning ratu sakiwa têngênipun, amung narimah dhatêng wawêngkonipun piyambak kemawon. Upami kalampahan makatên, asma paduka mbotên saèstu risak, sarta mbotên adamêl congkrahing kêkadangan, punapadene putra paduka lajêng botên dipun wastani nasar ing tindak. Dados ingkang wigatos piyambak, paduka angluwarana Pandhawa saking anggènipun kabucal, lajêng midana dhatêng Sakuni. Dene manawi paduka galih wangsulipun icaling kabêgjan ingkang dados gêgadhanganipun putra paduka, sinuwun, sampun ngantos katalompèn enggal anindakana lampah utami makatên wau. Bilih paduka awrat tumindak makatên. Kurawa saèstu badhe manggih karisakan, sabab Bhima tuwin Arjuna, manawi sampun tangi kanêpsonipun, tamtu mbotên sampun-sampun anggènipun amêrangi, manawi mêngsahipun dèrèng sirna. Ing mangka sinuwun, punapa kawontênan ing marcapada, ingkang mbotên kenging ginayuh dening narendra, ingkang abêbala Sawyacaci Arjuna (mbotên kewran nandukakên salwiring dêdamêl), sintên ingkang darbe langkap ngungkuli gandhiwa (langkapipun Arjuna pêparinging dewa), sintên ratu ingkang darbe wadyabala kasêktènipun satimbang lan Bhima? Sampun wiwit nalika lairipun Duryudana, anggèn kula atur pamrayogi, murih bêbayi,

--- 34 ---

ingkang lairipun mawi cipta sasmita awon, punika dipun bucala, manawi makatên saèstu anjalari tata raharjaning darah paduka, ewadene paduka mbotên karsa anggalih, pramila kula ugi mbotên sagêd ngaturakên pundi margi ingkang anjog ing kamulyan paduka. Manawi paduka kaparêng dhahar atur kawula, tamtu mbotên piduwung ing wuri. Makatên ugi manawi putra paduka panyêpêngipun pusaraning kaprabon, purun rêrukunan kalihan Pandhawa, paduka badhe manggih kasênêngan, sarta widada sapanginggilipun. Upami Duryudana mbotên purun rêrukunan, paduka kaparênga angendhangakên Duryudana, dados paduka mbotên kalepetan dosa, sasampunipun Pandhuputra lajêng kajumênêngna narendra, murih bawana tinèh kalayan tindak utami, sarta kalis saking lampah nistha. Manawi kalampahan makatên, para ratu salumahing bantala sampun saèstu badhe ngluhurakên dhatêng bangsa Kuru, makatên ugi para waisya. Sakuni tuwin Karna, tamtu lajêng sumungkêm kanthi sênênging manah dhatêng Pandhawa, Dusasana dipun dhawuhana, supados nêdha pangapura dhatêng Bhima, sarta dhatêng Drupadi wontên ing pasamuan agêng. Punapa Yudhisthira mbotên lajêng pulih pinggêtipun, manawi kajumênêngakên ratu kanthi pahargyan, utawi punapa paduka badhe mundhut sanèsipun ingkang sampun kula aturakên punika, bilih kalampahan makatên, paduka sampun anglênggahi tindak utami."

Prabu Drêtarastra ngandika: "Widura, Widura, ucapira iku mung murih karahayon ingsun lan kamulyaning Pandhawa, ora ana kang ngenakake putraningsun, kapriye anggon ingsun

--- 35 ---

nuruti, lan gumun dene sira darbe atur mangkono. Rèhning ucapira kabèh mau mung makolèhake Pandhawa, nganti ingsun duwe pangira, yèn sira ora trêsna marang jênêng ingsun. Mara rasakna, apa kalakon ingsun buwang putraningsun dhewe, kang prêlune gawe enake Pandhawa. Têka bênêr kabèh mau iya padha putraningsun, nanging Duryudana iku apa ora cêtha, yèn dumadi saka sariningsun, yèn wong kang adil ambêge, apa kaduga awèh pamrayoga murih ingsun ambuwanga daging ingsun dhewe, mung saka nggone makolèhake wong liya. Widura, ucapira iku sinurung dening watak pilih sih, nadyan ingsun ngajèni marang sira, ewadene nganti krasa, mulane ingsun mung anjurungi sakarêpira dhewe, apa lêstari ana ing kene, apa lunga, sapira alane wong wadon, têmtu yèn isih abot marang lakine."

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun ngandika makatên wau, Prabu Dretarastra lajêng jumênêng saking palênggahan, lumêbêt dhatêng prabayasa, dene Sang Widura, ngucap: "Têmtu Kurawa bakal nampani bêbênduning dewa," sarta lajêng kesah nêdya ngupadosi Pandhawa.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sêkawan, perangan Aranyaka ing Wanaparwa.

__________

BAB 5. SAMBÊTIPUN ARANYAKA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Katarik saking sêngsêming panggalihipun

--- 36 ---

dêdunung wontên ing wana, para Pandhawa bêbanthènging têdhak Bharata, sami nilar pagisikaning lèpèn Gangga, tindak dhatêng Têgal Kurusetra, tuwin sasampunipun sêsukci ing lèpèn Saraswati, Drisadwati, Ajamuna, lajêng lumampah ngilèn anjaja wana, mbotên watawis dangu wana Kamyaka, ingkang sabên-sabên kangge palêrêmanipun para mauni katingal saking mandrawa sakalangkung anêngsêmakên, sabab papanipun waradin, wananipun kêtêl, dumunung ing satêmbinging lèpèn Saraswati. Wana Kamyaka kathah pêksi sarta kidang sangsamipun. Sadumuginipun ing ngriku para Pandhawa lajêng binujakrama dening para mauni.

Gantos kacariyos Sang Widura, ingkang sakalangkung kapengin sagêd tumuntên pinanggih Pandhawa, nitih rata pangirid kuda satunggal, agêgancangan dhatêng Kamyaka. Wana wau kaèbêkan ingkang sarwa sae, saking sanginggiling rata titihanipun ingkang pangirid kuda sakalangkung bantêr wau, Sang Widura priksa Prabu Yudhisthira lênggah wontên panggenan ingkang sawatawis kiwa, ingadhêp kang para ari tuwin para brahmana. Dupi Prabu Yudhisthira, kang alus ing budi, priksa Sang Widura saking katêbihan sampun kawistara gêgancangan nêdya pinanggih sariranipun, enggal dhawuh dhatêng ingkang rayi Sang Bhimasena, makatên pangandikanipun: "Apa wigatine paman Ksata tindak mrene iki, kira-kira apa dikongkon Sakuni nyuruhi dhadhu manèh, apa Sakuni, kang asor ing budi iku melik marang gêgamanku, mula banjur diarah sarana dhadhu. Dhuh, Bhima, yèn aku ditantang kowe majua marga aku wus ora kuwat galawat. Sumurupa yayi, nggonku ngayomi gêgamanku wus ora santosa, ora beda lan karatonku."

--- 37 ---

Pangandikanipun Rêsi Waisampayana: "Satêlasing pangandikanipun Sang Yudhisthira, para Pandhawa lajêng jumênêng mapagakên ingkang paman. Sasampunipun ingancaranan lênggah, Sang Widura darahing Ayamida, lajêng sami kênêpang[19] dening para Pandhawa, sarwi nyuwun pawartos warni-warni. Dupi sampun sawatawis lêrêm, Sang Yudhisthira nyuwun priksa, punapa wigatosipun rawuh ing Kamyaka punika." Ing ngriku Sang Widura lajêng nyariyosakên kawontênanipun Prabu Drêtarastra, sapêngkêripun Pandhawa.

Pangandikanipun Sang Widura: Anak prabu, Ayatasatru, aku mêntas katimbalan sang prabu, nalika aku wus cêdhak, sang prabu iya ngurmati sapantêse. Sawuse satata, banjur dipangandikani, dhawuhe mangkene: "Widura, sing wis kapungkur ora prêlu karasakake, samêngko ingsun mundhut rêmbugira, êndi kang sayoga ingsun lakoni, bisane makolèhi tumrape Pandhawa lan jênêng ingsun. Ing kono aku banjur ngaturake, sapanêmuku kang dak kira bisa gawe kabêgjane Kurawa, lan kaka Prabu Drêtarastra. Ananging atur pamrayogaku mau ora dadi panujuning panggalih, mangka aku wis ora darbe panêmu liyane manèh, dene aturku mau bêcik bangêt, nanging kaka prabu ora panuju, kayadene jamu têtela ora enak tumrap rasane kang lara, mangkono uga aturku têmtu ora kapenak anèng pamirênge kakang prabu, mula banjur mêngku duka. O, anak prabu, narendra kang ora darbe satru, wong wadon kang sèdhèng ing budi, têmtu ora bisa lumaku ing dalan kautaman, sanadyan wong mau winêngku ing priya darahing kusuma, mangkono uga atur pamrayogaku, têmtu ora bisa angenggokake karsane Sang Prabu

--- 38 ---

Drêtarastra. Sang prabu bangêt ora panuju marang aturku, anggone kipa-kipa kaya parawan tinari laki olèh wong lanang kang wus umur sawidak taun. Darah Kuru têmtu bakal nêmu karusakan, Prabu Drêtarastra têmtu piduwung. Aturku marang sang prabu ora nabêti, kaya banyu kang tumètès ing godhong tunjung, babarpisan tanpa tilas, malah mêngku duka, banjur dhawuh: "Wis, têdhak Bharata, lungaa ing sakarêpira, awit saka iku kajaba sira ora ana kang pantês dak pundhuti pangayoman ing uripku. Dhuh, musthikaning para ratu, kang dipitambuhi dening Prabu Drêtarastra, têkaku iku mung arêp awèh pitutur kang sakira prayogi, êndi kang wus dak ucapake anèng ngarsane pasamuan, dak ambalane manèh anèng ing kene, andêlingna pamiyarsanira, sarta rasaknaêna.[20] Para wicaksana ingkang kanthi kasabaran, saha rila lêgawaning ati anggone nampani pialaning mungsuh, mangka ora kêmba pamudine marang undhaking sarana, iku candrane kaya wong cêthik gêni ana ing ara-ara, têmtu bakal dadi gêni gêdhe, wasana bisa mangwasani jagad tanpa tandhing. Wong kang nêmu kamulyan, mangka gêlêm angluhurake kasênêngane marang kadang wargane, kadang wargane mau bakal mèlu nyangga kabêgjane, iya mangkono mau bêcike wong ngayomi kadang wargane. Ujaring wasita: wong kang sugih kadang warga iku anane ing donya olèh pangwasa. Mulane anak prabu muga angêbêrna kasênêngan marang kadang warganira, dibêcik pangrêngkuhira, sarta kaêmonga sakarêpe dhewe-dhewe, padha sira pandumana dhaharira, aja anggrêsah disuwuni pangayoman, laku mangkono mau mimbuhi kaluhuraning narendra."

--- 39 ---

Catatan kaki:

1. cêlakakên (kembali)
2. kasangsaran (kembali)
3. § Lampahing sêsaji, sarana angêsok martega sukci ing latu murub ingkang kaijabakên kangge sêsaji, sarwi angucapakên mantra, punika kuwajibaning para brahmana, tuwin ksatriya, kajawi manawi sampun gadhah sêsanggêman, ingkang langkung awrat. (kembali)
4. § Sêsaji waswadewa, punika sêsaji têtêdhan dhatêng sadaya titah ing siti. (kembali)
5. para (kembali)
6. § Mênggahing pawèwèh, punika kathah warninipun, kados ta: yatra, ingkang kaaturakên para brahmana, ingkang mitulungi nalika tiyang damêl sêsaji, tuwin anglampahi tatakramining agami, upaminipun, tiyang sêsaji dhatêng tiyang pêjah, punika nama daksina, makatên ugi pisungsung dhatêng pra brahmana, tumrap sanès-sanèsipun malih, manawi brahmana wau kaaturan dhahar, limrahipun samangke botên nate tiyang atur dhêdhaharan dhatêng para brahmana, ingkang botên sinartan arta, botên wontên sêsaji utawi anindakakên tatacaraning agami ingkang tanpa daksina. (kembali)
7. § Abimana punika pangangkah anyêkapakên kabutuhanipun piyambak. (kembali)
8. § Bhakta punika tiyang dhasaring watakipun bhakti. (kembali)
9. Waisampayana (kembali)
10. § Pranayama wrêdinipun anglampahakên napas ingkang katamtokakên ing sêrat ditapratipika. (kembali)
11. § Wasu: 8; Rudra: 11; Aditya: 12; Prajapati tuwin Wasatkara. (kembali)
12. § Golongan isèn-isèning swarga. (kembali)
13. § Namining sêkar ing kaswargan. (kembali)
14. § Bandhanipun para ambangun tapa punika gêsang tuwin sanès-sanèsipun. (kembali)
15. § Pikajêngipun ingkang ngêmbat langkap nama Saraga, punika Bathara Wisnu, dene saraga punika namaning langkapipun Bathara Wisnu ingkang sakêmbaran kalihan langkapipun Bathara Siwa, ingkang winastan: Pinaka. (kembali)
16. § Inggih punika: Adyana, Pasu, Banda, isti, Mantrayana tuwin tapa kriya. (kembali)
17. § Prabu Drêtarastra punika wuta, ewadene sinêbut: Praknyacaksu: wrêdinipun: kagungan kawruh minangka lintuning paningalipun, utawi atêgês kasinungan kawaspadaning para dewa. (kembali)
18. § Guruning para asura, kados ta: Rêsi Sukra, kang pinunjul ing kawruh katitik saking kathahing sêrat anggitanipun, langkung malih sêrat Sakraniti. (kembali)
19. kinêpang (dan di tempat lain). (kembali)
20. rasakêna (kembali)