Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 4.

7 April 1959.

Atur wangsulanipun Prabu Yudhisthira: "Manawi kamulyaning kaprabon kula sampun wangsul, kula badhe ngèstokakên dhawuh pangandikanipun paman, kula mbotên badhe kengguh dening pangrêncananing hawa nêpsu, sarta punapa kemawon pitêdahipun paman sanès-sanèsipun malih, saèstu kula èstokakên sadaya."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping gangsal, perangan Aranyaka ing Wanaparwa.

__________

BAB 6. SAMBÊTIPUN ARANYAKA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Widura pangkat sumusul lampahipun Pandhawa. Sapêngkêripun Sang Widura, Prabu Drêtarastra sangêt piduwung ing galih, awit angèngêti kalimpatanipun Sang Widura tumrap sagung pakèwêd, nadyan mangsa pêrang punapa salêbêtipun têntrêm, sarta nguwatosakên kaluhuranipun Pandhawa têmbe, manawi dipun êmong dening Sang Widura. Saking putêking panggalih, ngèngêti kesahipun Sang Widura, Prabu Drêtarastra ngantos dhawah kantaka wontên sajawining wiwara kadhaton, ing ngajêngipun para ksatriya agêng-agêng, ingkang sami sewaka. Sawungunipun saking kantaka, lajêng

--- 40 ---

jumênêng sarwi dhawuh dhatêng Sanjaya, ingkang ing nalika punika marêk ing sacêlakipun, pangandikanipun makatên: "Kadang ingsun, iya mitraningsun, Si Widura, adiling pambêgane prasasat dewaning adil, yèn ingsun ngèngêti putunge atine, panggalih ingsun kaya rinujit-rujit. Hèh, Sanjaya, enggal timbalana bali, kadangku kang luhur ing budi iku, aja nganti kasuwèn." Satêlasing pangandikanipun, sang prabu karuna kalara-lara, sabab sangêt piduwung angèngêti panundhungipun dhatêng Sang Widura. Sanalika wau katêtangi trêsnanipun dhatêng kadang taruna, mila lajêng dhawuh dhatêng Sanjaya makatên: "Sanjaya, Sanjaya, enggal sira mangkata angupaya Si Widura kang ingsun tundhung, marga mung saka pêtênging panggalih ingsun, karana sinasapan ing pamuring-muring. Sira anyatakna dhewe, apa kadang ingsun mau isih urip, kadang ingsun kang pinunjul ing kawicaksanan iku têtela ora luput, malah anggone ngadhêp iku kagawa saka bangêt mrihatinake kalirune tindak ingsun, mula upayanên dikongsi katêmu, banjur ajakên mulih marang Hastina; yèn ora katêmu ingsun tamtu nêmahi pati, amarga ora kuwat nyangga aboting kasusahan."

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi Sanjaya tampi dhawuhipun sang prabu makatên wau, sangêt jumurung, atur wangsulanipun makatên: "Kaluhuran karsa paduka wau, sinuwun." Sasampunipun matur makatên, Sanjaya enggal madal pasilan, pangkat dhatêng wana Kamyaka. Sadumugining pagrumbulan, palêrêmanipun para Pandhawa, mbotên watawis dangu lajêng pinanggih kalihan Sang Yudhisthira, ingkang rikala punika

--- 41 ---

mangagêm kuliting sato, pinuju lênggahan kalihan Sang Widura, kinêpang para brahmana pintên-pintên, sarta karêksa para ari kados Bathara Purandara, sinewa ing para isèn-isèning kaswargan. Dupi sampun cêlak, Sanjaya lajêng ngurmati Sang Yudhisthira, ingkang lajêng ingancaranan kanthi susilaning tanduk, palênggahan ing sapantêsipun. Punapadene Sang Bhima, Sang Arjuna tuwin sang kêmbar, ugi lajêng sami asung pambage. Prabu Yudhisthira ndangu karaharjanipun, kados sacaraning kaprabon. Sasampunipun sakeca anggènipun lênggah, Sanjaya ugi lajêng mratelakakên wigatosipun lampah, mila ngantos sumusul dhatêng ing wana, aturipun: "Dhuh, Ksata, raka paduka Maha Prabu Drêtarastra, Ambikaputra, tansah onêng ing panjênêngan paduka, gêmpaling panggalihipun punika sawêg sagêd pulih, manawi paduka sampun marêk ing ngarsanipun. Panyuwun kula paduka kaparênga kula dhèrèkakên kondur dhatêng Hastina, kanthi palilahipun anak Prabu Yudhisthira."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rikala Sang Widura midhangêt aturipun Sanjaya makatên wau, sanalika katêtangi sihipun dhatêng kadang wrêdha (Prabu Drêtarastra), mila enggal tumolèh ing Prabu Yudhisthira, sarwi pamit, badhe wangsul dhatêng sawingking pawingking Hèsthi.§ Namaning karatonipun Prabu Drêtarastra, kasêrat warni kalih: Hastinapura, kalayan Hasthinapura, katranganipun kados ing ngandhap punika: Ing nguni wontên narendra, sêsilih Prabu Hastin, sapêngkêripun Sang Hastin, nagari wau lêstantun kasêbut kados nginggil wau (mriksanana Sambawa parwa, sarta Adi parwa). Sang Widura wangsul, sadumugining Hastina,

--- 42 ---

lajêng marêk ingkang raka. Sang prabu sakalangkung suka, mila lajêng ngandika: "Bêgja kêmayangan ingsun ing dina iki Widura, dene sira kang putus sakridhaning kautaman, sarta ora darbe dosa, têka isih eling marang ingsun, gêlêm bali marang karaton ingsun. Sapungkurira, Widura, pêpêthinganing têdhak Bharata, ingsun rumangsa lola, rina apantara ratri ora bisa nendra, kaya upamane wong bingung." Nalika ngandika makatên sang prabu lajêng ngrangkul kang rayi sarwi ingarasan mustakanipun, kalayan ngandika malih: "Yayi Widura, ingsun minta pangaksamanira, dene kongsi ngucap marang sira kaya kang wus kapungkur." Aturipun Sang Widura: "Pangapuntên kula katampènana, sinuwun, paduka sasêmbahanipun Widura, ingkang tansah kapundhi-pundhi, samangke kula sampun marêk ing ngarsa paduka, wigatos saking adrênging manah kapengin sumêrap ing panjênênganipun kaka prabu. Sintêna tiyangipun ingkang anglênggahi kautamèn manahipun saèstu katêtarik dhatêng ingkang sami kasangsaya. Amung saking punika katarikipun manah kawula dhatêng para Pandhawa, mbotên amargi saking dhumawahing dêdukanipun sinuwun; trêsna kula dhatêng para putra paduka sami kemawon kalihan dhatêng Pandhawa, ananging amargi ing wêkdal punika Pandhawa sawêg nandhang kasangsara, mila manah kawula sakalangkung wêlas."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun sami nglairakên panggalihipun, Sang Prabu Drêtarastra lan Sang Widura, lajêng Sang Prabu Drêtarastra lan Sang Widura, lajêng sami sênêng ing panggalih."

--- 43 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping nênêm, saking Aranyaka ing perangan Wanaparwa.

__________

BAB 7. SAMBÊTIPUN ARANYAKA PARWA.

Bhagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Drêtarastraputra kang candhala ing budi, nalika mirêng Sang Widura katimbalan wangsul, sarta tansah karêrapu dening ingkang rama sang prabu, sangêt rudatos, pikiripun pêtêng, awit kasasaban ing kabodhoan, mila enggal nimbali Sang Suwalaputra, Prabu Karna tuwin ingkang rayi Sang Dusasana, sadhatêngipun lajêng dipun pangandikani: "Paman Gandara, kakang Dipati Karna, sarta yayi Dusasana, kula suka priksa manawi kang undhagi paman Widura, paranparanipun kangjêng rama Prabu Drêtarastra, samangke sampun katimbalan wangsul, sarta awit saking trêsnanipun, mila tansah makangsalakên para sutanipun paman Prabu Pandhu. Paman Widura botên sampun-sampun anggènipun atur pamrayogi, supados sinuwun nimbali para Pandhawa wangsul dhatêng Hastina, nanging samangke dèrèng kalampahan, mila punapa paman gadhah pamanggih ingkang sakintên pakangsal tumrap ing kula, paman, upami Pandawa kalampahan wangsul, tamtu kula badhe anggagang aking malih, sabab mbotên sagêd kalêbêtan têdha, sarta botên sakeca anggèn kula tilêm, sanadyan wontên ing ngriki Pandhawa mbotên makèwêdi punapa-punapa tumrap kula, ewadene kula,

--- 44 ---

ewadene kula tamtu nêmaha ngunjuk wisa, utawi ngêndhat tali murda, punapa lumêbêt ing latu, sagêd ugi suduk jiwa, enggalipun paman kula mbotên sagêd ningali, yèn Pandhawa sami manggih kamulyan."

Sang Sakuni tumolèh dhatêng Adipati Karna, sarwi wicantên: Anak dipati têka mokal têmên, upami ngantos kados panggalihipun putra kula punika, awit Pandhawa sampun kesah dhatêng wana, ingkang mawi sêsanggêman, dados sampun tamtu mbotên badhe kalampahan kados sumêlanging panggalihipun anak dipati wau. Kawuningana, nggèr, para Pandhawa bêbanthènging têdhak Bharata, sampun têrang manawi sêtya tuhu dhatêng sêsanggêmanipun, sampun têmtu mbotên badhe miturut dhatêng karsanipun sang prabu. Ewadene upami, awit saking bêktinipun dhatêng para sêpuh, Pandhawa ngantos purun ngingkêti sêsanggêman, lajêng wangsul dhatêng nagari, kula kêdah api-api bingah, murih katingalipun ingakathah, kula kalayan para Kurawa sami sênêng ngèstokakên sadaya ingkang sampun dados kaparêngipun sang prabu, sarta rêrakêtanipun Kurawa dhatêng Pandhawa malah dipun wimbuhana, ananging kêdah sagêd ngêkêr wados."

Sang Dusasana sumambung atur, makatên: "O, inggih paman, kados langkung prayogi pamanggihipun paman makatên wau. Sêmunipun pangandika punika mêdal saking lêpasing pambudi, mila adamêl panujuning manah kula."

Adipati Karna matur, makatên: "Dhuh, sinuwun, pêpundhèn kula, kula dalasan para Kurawa, sampun nêdya tumandang ngèstokakên timbalan paduka, punapadene saking

--- 45 ---

pamawas kula, Kurawa sampun sayuk saeka kapti. Kawuningana sang prabu, Pandhawa têrang manawi sagêd nêlukakên pêpenginan, kados sampun saèstu mbotên badhe wangsul sadèrèngipun dumugi wêwangên ingkang sampun dipun sanggêmi, ewadene manawi wigar kasêtyanipun, Pandhawa purun wangsul, inggih lajêng dipun sirnakakên sarana dhadhu malih kemawon."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi Sang Duryudana mirêng wicantênipun Adipati Karna makatên wau, lajêng malengos, kawistara manawi mbotên panuju ing galih. Ing nalika punika Prabu Karna, jaja bang mawinga-winga netra andik, idhêp mangada-ada, sêmu gugup, awit priksa mbotên panujuning panggalihipun Sang Duryudana, mila sirna kawêwekanipun, wasana tanpa ringa-ringa wêdaling wicantên: "Sinuwun Gandara, punapadene yayi Dusasana, suwawi dipun piyarsakna luguning manah kula. Kawuningana kula dalasan para Kurawa sadaya punika kawulanipun Prabu Anèm Duryudana, ingkang sêtya tuhu, sinêksèn: simiwi sarwi angucapakên asta, mila sampun têmtu tansah amrih sirnaning mêngsahipun, ananging sêdya kula ingkang dados sarananing kamulyanipun prabu anèm, asring mbotên sagêd kalampahan, kabêkta saking kawêngku wasesanipun Prabu Drêtarastra mila prayoginipun, suwawi samangke lajêng sami ngrasuk kêre sikêp gêgamaning prang, wahana rata pangkat anukup Pandhawa, ingkang sami manggèn ing wana. Manawi Pandhawa sampun narimah purun kesah ingkang ngantos tanpa lari, inggih punika wiwitipun Kurawa ngancik katêntrêman ingkang mbotên kabeda malih, dene manawi Pandhawa amung wontên ing wana

--- 46 ---

kalihan nandhang papa sangsara, nanging taksih gadhah pangajêng-ajêng wangsul, sagêd ugi badhe angsal pitulungan, punika taksih têtêp dados mêngsah, makatên wau raosing manah kula."

Sadaya para Kurawa sami mangayubagya dhatêng pamanggihipun Sang Karna makatên wau, mila lajêng surak maambal-ambalan, ingkang minangka panyuwuking surak lajêng sami minggah ing rata, kabêkta saking jujuling manah, anggènipun badhe mrawasa Pandhawa. Kawuningana Maharsi Dwipayana, ingkang kalepetan dosa, sarana kawicaksananipun, wuninga sêdyanipun para Kurawa, lajêng rawuh sami sanalika, sarwi dhawuh supados Kurawa sampun ngantos nglajêngakên sêdyanipun makatên wau. Sasampunipun mambêngi para Kurawa, sang maharsi lajêng lumêbêt ing kadhaton pinanggih Prabu Drêtarastra, ingkang kawaspadanipun dados lintuning paningalipun kang wuta. Rikala punika Prabu Drêtarastra pinuju sakeca anggènipun lênggah, Sang Wisaya lajêng dhawuh.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitu, perangan Aranyaka ing Wanaparwa.

__________

BAB 8. SAMBÊTIPUN ARANYAKA PARWA.

Sang Maharsi Wiyasa ngandika: "Dhuh, Prabu Drêtarastra, kang wicaksana, piyarsakna pitutur ingsun marang sira, ingsun arsa nuturake laku, kang makolèhi tumraping Kurawa.

--- 47 ---

Lah, sira ratu, kang kawasa, kaya apa kagèting panggalih ingsun nalika ingsun ngrungu Pandhawa padha sumingkir mênyang alas, krana anggone dhadhu mungsuh Duryudana, dikalahake sarana laku cidra. Pagene putranira kang candhala ing budi, iku liwung pikire ngangkah rusaking Pandhawa, amarga saka melike marang karaton. Prayogane Duryudana kang tuna ing budi, purihên marèni karêpe mangkono iku, sarta nyarèhna atine. Yèn sêdyane mau dibacutake, Duryudana têmtu nêmahi pati. Ingsun sumurup, yèn luhure budinira ora beda lan Widura, ingsun dhewe, Krêpa, apadene Drona, kawruhana cacongkrahan lan sanak iku dosa kang linarangan ing Wedha, sarta ginantungan paukuman gêdhe, mula suminggaha sira saka iku mau. Sêmune Kurawa gêthing marang Pandhawa, yèn ora sira sapih têmtu dadi karusakan gêdhe, malah prayogane putranira, kang candhala ing budi iku tundhungên marang alas aja sira kanthèni wadyabala siji bae, dimèn tatunggalan lan Pandhawa, dadi Pandhawa bisa luntur katrêsnane, amarga anggone têtunggalan mau. Yèn mangkono têmtu bêcik kadadeyane, nanging apa bisa kalakon mangkono, karana watak gawaning lair iku ora gampang saline, ewadene kapriye kang dadi panêmune Sang Bhisma, Drona, Widura sarta sira dhewe ingatase prakara iki. Samubarang kang kinira bêcik, kudu tumuli dilakoni, aja kongsi kasuwèn. Yèn ora mangkono pasthi ora kalakon pangangkahira."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping wolu, perangan Aranyaka ing Wanaparwa.

__________

--- 48 ---

BAB 9. SAMBÊTIPUN ARANYAKA PARWA.

Aturipun Sang Prabu Drêtarastra: "Dhuh, sang maharsi, saèstu paduka mbotên kasamaran, kula mbotên rêmên sangêt dhatêng ngabotohan, nanging saking rosaning pêpasthèn, kula ngantos ngrojongi pandamêl makatên. Uwa Bhisma, Rêsi Drona, punapadene yayi Widura, miwah Gandari ugi sami mbotên rêmên kasukan dhadhu, sabab sampun têtela bilih ngabotohan punika tuwuh saking awidya. O, pukulun, ingkang nungkul dhatêng kautaman kabêkta saking sampun têtela manawi kasênêngan ing donya punika, punika kandhih dening sihing bapa dhatêng anakipun, mila kula mbotên sagêd ambucal pun Duryudana."

Pangandikanipun sang maharsi: "Kulup Wicitrawiryaputra, kabèh ucapira iku ora ana kang klèru. Ingsun ngrêti yèn musthikaning samubarang kang endah ing donya iki: anak. Ingatase bapa ora ana apa-apa kang bêcike ngungkuli anak. Kang mangkono wus kasêksèn dening luhing Surawi,§ Sapi kaswargan, ingkang kaanggêp dados baboning sadaya lêmbu. amarga tangise Surawi, Hyang Indra banjur wuninga, yèn ajine anak iku ngungkuli rajadarbe liya-liyane, Drêtarastra, samêngko ingsun arêp nyaritakake dongèng bêcik bangêt, kang sambung lan prakara kang lagi padha dirêmbug. Dongèng mau amot pandangone Bathara Indra marang sapi Surawi. Ing nguni Si Surawi babone sapi sadonya, anèng swarga nangis kalara-lara. Bathara

--- 49---

Indra kamiwêlasan ningali tangise mau, mula banjur ndangu: "Apa isining swarga ana kang ora nyênêngake, nadyan sapira cilike apa ana sangsara kang ngênani ing manusa lan naga?"- Atur wangsulane Surawi.§ Sapi kaswargan, ingkang kaanggêp dados baboning sadaya lêmbu. Ing sasumêrap kula botên wontên cacat, kang dumunung wontên ing paduka, dene panangis kula wau, amargi saking mrihatosakên anak kula. Suwawi katingalana, tiyang jalêr ingkang ambêg siya punika, anggènipun mlukokakên anak kula, ingkang yêktosipun pancèn ringkih, kalihan ginêbagan ing kajêng. Saking sisah tuwin ajrihipun anak kula lajêng andhawah satêngah pêjah. Lêlampahan makatên wau ingkang dados jalaraning prihatos kula. Manawi ingkang agêng punika, sanadyan sêsanggènipun langkung awrat, ewadene mbotên kula prihatosakên, jêr badanipun kuwawi, sarêng ingkang alit, tur badanipun ringkih, saking awrating panarikipun waluku, ngantos ototipun katingal sadaya, inggih punika ingkang adamêl wêdaling luh kula. Dhuh, Wasawa, sanadyan dipun pêcutana tuwin pupuha ing kajêng, sarta dipun gêtak-gêtaka, kados punapa kemawon, inggih mêksa mbotên sagêd majêng, jalaran pancèn mbotên kuwawi. Inggih sangsaranipun punika ingkang kadi angrêrujit manah kula, saking sangêting wêlas kula, ngantos mbotên sagêd nahên wêdaling luh.

Bathara Sakra ngandika: "Kowe wêruh, yèn anakira pirang-pirang èwu, kang sadina-dinane digawèkake kongsi abot

--- 50 ---

bangêt, pagene mung siji kang kok wêlas?"- Aturipun Surawi: "Nadyan ewon kathahing anak kula, ewadene sih kula dhatêng sadaya wau sami kemawon, nanging dununging wêlas kula dhatêng ingkang ringkih, sarta dèrèng gadhah dugi prayogi punika."

Sang Maharsi Wiyasa nglajêngakên pangandikanipun: "Bathara Indra dupi miyarsa ature Surawi, bangêt ngungun ing galih, banjur wuninga, yèn ingatase bapa, ajining anak iku ngungkuli uripe dhewe, sarta bathara kang anetra sèwu (Indra), nuli anurunake udan dêrês, nganti wong mau kapêksa lèrèn anggone maluku. Manawa angèngêti cature Surawi, trêsnanira marang kabèh para putranira iku padha, nanging êndi kang apês bêcik luwihana wêlasira. Tumrap ingsun dhewe, sih ingsun marang Pandhu, padha bae lan sira apadene Widura, dene anggon ingsun pitutur iki, mung saka sih ingsun marang sira. Anakira ana satus iji, balik Pandhu mung lima, tur kasangsara uripe. Kapriye bisane rumêksa marang uripe, lan kapriye bisane saya mundhak gêdhene, rasa mangkono mau kang tansah makarti ana ing atiningsun. Dhuh, ratu kang binathara ing jagad, yèn sira amrih karaharjane para Kurawa, bêcik purihên rukun lan kadange Pandhawa."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sanga, saking perangan Aranyaka ing Wanaparwa.

__________

BAB 10. SAMBÊTIPUN ARANYAKA PARWA.

Aturipun Prabu Drêtarastra: "Pukulun, kang wicaksana, kula sampun mangrêtos dhatêng suraosing dhawuh paduka

--- 51 ---

wau, amargi kula sampun mirêng cariyos wau saking Widura, rama Bhisma, tuwin Rêsi Drona, pramila manawi panuju ing galih, mugi wontêna lumunturing sihipun sang maharsi, kêparêng pêpèngêt dhatêng Duryudana."

Dhawuhipun Sang Rêsi Wiyasa: "Wruhanamu kulup, nora watara suwe Sang Maharsi Maitreya bakal rawuh ing karatonira. Sawuse anguningani Pandhawa, panjênêngane banjur nêdya paring pituduh marang putranira, mung murih karaharjane darah Kuru, apa sapangandikane kudu kaèstokna, yèn ora, pasthi banjur angêsotake kanthi nawung duka cipta."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Satêlasing pangandikanipun, Sang Wiyasa lajêng musna, ing ngriku rawuhipun Sang Maharsi Maitreya."

Sang Prabu Drêtarastra gupuh-gupuh mapagakên rawuhipun sang minulya, ingkang katingal sakalangkung sayah, sarwi ngaturakên argya tuwin panglingga murda sanès-sanèsipun, matur kalayan têmbung manuhara: "Punapa tindak paduka saking Kurujanggala manggih suka kapirênaning panggalih, punapa Pandhawa sami suka basuki, punapa bêbanthènging têdhak Kuru punika nêdya nglajêngakên ngantos dumugi wêwangên ingkang sampun dipun sanggêmi, dados wêlasipun narendraning bangsa Kuru punika tanpa gina."

Dhawuh pangandikanipun Sang Maitreya: "Sawuse ingsun anjajah candhi-candhi, lan sakèhing alas, ingsun banjur têkan ing Kurujanggala. Ing kono bangêt kagèt, wêruh Prabu

--- 52 ---

Yudhisthira, kang sêtya tuhu ing sêsanggêman iku, dêdunung ana alas Kamyaka. Pira-pira para brahmana kang padha têka ing kono, prêlu tinjo marang Yudhisthira kang sadu budi, panggonane ana ing pratapan kang sêpi, manganggo kuliting sato, rambute kinlabang. Sajroning patêmon, ingsun ngrungu yèn putranira wus nindaki panggawe ala kang kaliwat gêdhe, amarga cidra anggone dhadhu, kang wêkasane bakal mahanani bêbaya kang mutawatiri. Mulane praptaningsun iki mung nêdya murih karahayone Kurawa, amarga ingsun sih marang jênêng sira. Apa bêcik upama putranira mau padha cacongkrahan, sajrone sira lan kaki Bhisma isih padha anèng ing donya, sira kêna kaupamèkake cagak cancanganing sapi, murih aja mangan tanduran sarta sira kang wajib ngukum lan angganjar, pagene dene ana piala samono gêdhene têka sira umbar bae. Dhuh, narendraning bangsa Kuru, kang awit kalakone piala kaya panggawening kumpra iku ana ing kadhatonira, mula sira banjur kaanggêp rucah dening para ambangun tapa."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Maharsi Maitreya lajêng tumolèh dhatêng Duryudana, sarwi ngandika kalayan sêmu angarih-arih: "Lah, Duryudana, kang prakosa ing ngayuda sarta kang punjul ing wicara, muga gatèkna sakèh pitutur ingsun, ênggèr, aja sira gawe dadakaning pasulayan lan Pandhawa, wêlasa marang sariranira dhewe, marang Pandhawa, marang bangsa Kuru lan marang jagad. Wruhanamu, para bêbanthènging jagad iku naracak padha prawira tama, dikdaya ana ing paprangan, sarta

--- 53 ---

kasinungan karosan amadhani gajah sèwu, apadene badane santosa kaya bajra, têtêp ing sêsanggêman, lan anglungguhi ksatriyane, bisa nyirnakake satrune para jawata, iya iku raksasa kang bisa mancala warna êndi kang kinarêpake, kang ditindhihi marang Hidimba, lan Kirmira. Nalika para wiratama mau mêtu saka nagara Hastina, barêng wis wayah bêngi lakune dialangi dening danawa kang angkara murka iku, ngadêg anèng têngah dalan ora obah ora mosik kaya tugu sinukarta, ewadene Bhima kang karosane anggêgirisi sarta pancèn karêm prang, anggone mrawasa danawa mau, kaya upamane macan andhêkêp kuwuk. Ngèlingana prajurit sinakti Prabu Jarasandha, kang karosane ora kêna cinandra, iku uga sirna dening Bhima. Yèn angèlingi Pandhawa iku kadange Wasudewaputra, sarta darbe ipe anak-anake Prabu Drupada, yèn kang isih kêna ing lara lan pati bae, sapa kang wani mungsuh Pandhawa. Dhuh, ulu-uluning têdhak Bharata, bêcik sira rêrukunana lan Pandhawa, mituruta marang pitutur ingsun, aja sira tansah liwung dening angkara murka."

Dupi Sang Duryudana dipun pangandikani makatên wau, lajêng anyêblèk pupunipun piyambak, kadosdene gajah anggènipun nyabêtakên tulalenipun dhatêng ing tepong, sukunipun nyaruk-nyaruk siti, kalayan mèsêm, Sang Duryudana kang candhala budi, mbotên mangsuli sakêcap, mung lajêng tumungkul.

Rikala Sang Maharsi Maitreya wuninga, manawi Sang Duryudana sukunipun nyaruk-nyaruk siti, sarta mbotên matur punapa-punapa, sanalika wau mêngku dêduka, amargi rumaos

--- 54 ---

bilih dipun cêcamah, sarta kados minangka srayaning pêpasthèn. Sang Maitreya têtungguling para mahamuni sangêt dukanipun dhatêng Duryudana, sumuking bêndu ngantos mrababak paningalipun. Saking dêksuranipun Duryudana Sang Maitreya nyawuk toya wijikan, lajêng ngandika: "Marga sira angrèmèhake para tapa, ora miturut marèngmarang pitutur bêcik, ora watara suwe sira bakal ngundhuh wohing dêksuranira mau. Ing têngah-têngahing paprangan gêdhe kang bakal kalakon, kang tuwuh saka alane tindakira, ing kono Bhima anggone ngrêmuk pupunira, sarana pinupuh ing gada."

Satêlasing pangandikanipun sang maharsi, Prabu Drêtarastra matur ngasih-asih, nyuwun sampun ngantos kalêksanan kados ingkang sampun kadhawahakên wau. Dhawuh wangsulanipun sang maharsi: "Bisane cabar pangandikaningsun, iku mung yèn putranira kaduga rêrukunan lan Pandhawa, nanging yèn ora, têmtu iya kalakon."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Saking kapenginipun badhe nyumêrapi sapintên karosanipun Sang Bhima, Prabu Drêtarastra ngantos matur pitakèn dhatêng Sang Maharsi Maitreya: kadospundi Bhima anggènipun mêjahi Kirmira."

Pangandikanipun sang mahamuni: "Ingsun wus ora pitutur apa-apa manèh marang sira, karana putranira wus ora gêlêm ngrungokake kabêcikan. Sapungkur ingsun, kang undhagi Widura bakal nyaritakake prakara iku marang sira."

Sasampunipun ngandika makatên, sang maharsi lajêng musna, Sang Duryudana ugi lajêng kesah, amargi

--- 55 ---

mbotên kadugi mirêngakên pawartos pêjahipun Kirmira, nalika prang tandhing lan Bhima.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sadasa, perangan Aranyaka ing Wanaparwa.

__________

BAB 11. KIRMIRA BADHA PARWA.

Pangandikanipun Prabu Drêtarastra: "Ksata, ingsun kapengin miyarsa dongèng patine Kirmira, mula caritakna kapriye pêrange raksasa iku nalika tandhing lan Bhimasena."

Aturipun Sang Widura: "Suwawi kakang prabu kapiyarsakna dongèng lêlampahanipun Bhimasena, prajurit linangkung punika, anggèn kula mirêng dongèng wau, nalika kula tatunggalan kalayan Pandhawa wontên ing wana. Dhuh, dhuh, narendra bawana, sasampunipun kawon anggènipun dhadhu, Pandhawa wêdalipun saking kitha, ngumbara tanpa sêdya ngantos tigang dintên tigang dalu, wasana dumugi ing wana Kamyaka. Ing wanci têngah dalu ingkang sakalangkung nyênyêt, sabên raksasa kang mangsa janma, punika mêdal saba ngupaya mangsan para tapa, para pangèn lêmbu, sarta sanès-sanèsipun ingkang sami saba wana, limrahipun sami sumingkir, ajrih manawi kamangsa. Ing wanci wau lampahipun Pandhawa dumugi ing ngriku, ingkang lajêng kapapag raksasa punika, priksa-priksa sampun ngadêg ing ngajêngipun. Maripatipun mancorong kados latu, tanganipun nyêpêng pêdhang gilar-gilar, katingal nêdya ngadhangi lampahipun Pandhawa,

--- 56 ---

siyungipun kaisis, rambut abrit mangkarak ngadêg, tiningalan kadi mêndhung kasorotan srêngenge awor gêbyaring kilat, jenggotipun gimbal. Raksasa sigra matêk kêmayan, kados limrahipun bangsaning raksasa, sarwi anggêrianggêro sora, kapiyarsa kadi swaraning mêndhung ingkang pêcah dados jawah dêrês. Labêt saking kagèt dening pangoroning raksasa, sakathahing pêksi, sato dharat, kewan toya, sami mawut-mawur salang-tunjang, sarwi nyuwara asêsambat, makatên ugi kathahing kidang, mênjangan, sênuk, maesa danu, sami lumajêng pados pangungsèn, rumaosipun wana wau kados orêk. Oyod-oyodan rantas, suluring kêkajêngan saha lunglungan ingkang mrambat, lajêng sami anggubêt witipun lajêng saking gonjinging siti, esthanipun kados lare alit kathah, lajêng sami ngrangkul tiyang sêpuhipun, amargi wontên ingkang dipun ajrihi. Sanalika wau tinungka dhatênging prahara sindhung riwut, mandhala mangambak-ambak, têmah adamêl pêtênging langit, jagad katingal kadi nawung prihatos. Makatên wau satruning pancadriya, mila Pandhawa lajêng andugi, manawi kadhatêngan mêngsah ingkang dèrèng nate dipun sumêrapi. Dupi raksasa priksa Pandhawa sami ngangge kuliting sato, kajêngipun badhe nyêgati lampahipun. Kawuningana, Dèwi Krêsna, ingkang paningalipun kadi sêkar tunjung, sumêrap danawa wau sakalangkung maras, sabab salami-laminipun Dèwi Drupadi dèrèng nate sumêrap danawa, mila lajêng nutupi netranipun. Pun Drupadi, ingkang gêlungipun wudhar, amargi kalarak Dusasana, enggal manggèn ing têngah, kênêpang ing para Pandhawa, candranipun kadi sêndhang kinêpang ing rêdi gangsal. Pangrêksanipun Pandhawa dhatêng Dèwi Drupadi kados upaminipun pancadriya kapandukan [kapan...]

--- 57 ---

[...dukan] ing kawontênan kang anarik pêpenginanipun, têmah lajêng sambêt kalayan kawontênan wau. Brahmana Dumya, ingkang linangkung pangwasanipun, sigra nulak kamayan anggêgirisi ingkang winatêk ing raksasa, kalayan mantra pangrisaking kamayan. Rikala priksa cabaring kamayanipun, danawa ingkang sagêd mancala warna ing sakajêngipun, lajêng angagêngakên maripatipun kados Bathara Kala, nalika nêdya ambrastha bawana. Yudhisthira, ingkang rinêngga ing kawicaksanan, enggal pitakèn dhatêng rasêksa: "Kowe sapa, sarta sapa wong tuwamu, lan apa karêpmu."- Wangsulanipun: "Aranku Kirmira, kang misuwur ing jagad, sadulure Waka, uripku manggon anèng Kamyaka, kang sêpi iki, dene kang dak mangsa êndi mungsuh kang wus kasoran dening aku, balik kowe sapa jênêngmu, dene marani aku, apa kowe nêdya nyorohake badanmu dadia panganku, apa kowe wis rumangsa kalah, mula aja suwala arêp banjur dak mangsa."

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi Prabu Yudhisthira mirêng pitakènanipun raksasa, lajêng mrasajakakên nama tuwin nalurinipun, ucapipun, makatên: "Kawruhana aku Yudhisthira, kang santosa ing budi, putrane Prabu Pandhu kang têmtune kowe wis ngrungu. Sawuse kelangan nagara, aku banjur marang alas wawêngkonmu kene, kanthi adhiku Bhimasena, Arjuna, lan liya-liyane manèh, prêlu arêp manggon ing kene kongsi têkan wêwangênane kasingkirake saka nagara."

Sang Widura nglajêngakên aturipun: Wangsulanipun Kirmira: "Bêgja kêmayangan aku ing bêngi iki, dene

--- 58 ---

katurutan êndi kang wus dak arêp-arêp suwe. Wis pirang taun anggonku anjajah desa milang kori, karo asikêp gêgaman, prêlu arêp mrawasa Bhima, nanging durung kalakon katêmu, mula aku rumangsa bêgja, dene Bhima kang wis matèni sadulurku, lan dak golèki suwe, samêngko mara dhewe ing ngarêpku. Têtela Bhima kang angaku brahmana banjur matèni sadulurku kang bangêt dak trêsnani, sarana paekan ana ing alas Wetrakiya (wana panggenan pêjahipun Waka Asura Raja). Têrange Bhima ora duwe kasêktèn, iya Bhima wong candhala budi, dening nguni matèni mitraku Hidimba ana ing alas kene, sarta nginggatake sadulure wadon. Kabênêran têmên dene si punggung iku samêngko lumêbu ing alas padununganku. Ing têngah wêngi wancine aku lêledhang, iya ing bêngi uga anggonku nêdya malês ukum, sarta arêp sêsaji, murih kamulyane kadangku, sarana gêtihe Bhima. Awit saka anggonku matèni Bhima, kang minangka panyaurku marang kabêcikane mitra lan kadangku kang wus padha mati, dadi katêmu lan Bhima iki kêna diarani wênganing kabêgjan. Ing nguni Bhimasena bisa slamêt tandhing lan Waka, nanging samêngko rasakna, Bhima têmtu mati dening aku, banjur dak mangsa ana ing ngarêpanamu, kaya Rêsi Agastya anggone mangan Asura Manjawi."

Sang Widura nglajêngakên cariyosipun: "Yudhisthira kang sadu budi, mêksa taksih sarèh kemawon wêdaling wicantênipun, wangsulanipun: "Mbokmanawa ora bisa kalakon mangkono."- Salêbêtipun Yudhisthira takèn-tinakèn kalihan Kirmira, Bhimasena ambêdhol mandera, panjangipun sadasa

--- 59 ---

samyama (dhêpa), ingkang lajêng binucalan pang tuwin ronipun, dene Arjuna mênthang langkapipun, ingkang pangwasanipun kadi gêlap sayuta. Bhima sampun sêdhih dening suwaraning raksasa, anggènipun ngêndêlakên sarana lumumpat anyêlak. Raksasa ingkang sawêg ngêrik-ngêrik kados suwaraning balêdhèg, sarwi sêsumbar: "Aja maju bae."- Bhima cancut taliwanda, anggêgêm asta sarwi anggêgêt lathi. Wontên ngajênging mêngsahipun kados magawat angubêngakên lesus, Bhima anggènipun mutêr gadanipun kajêng mandira agêng ingkang kadya gadanipun Bathara Yama, lajêng pinupuhakên êndhasing danawa, nanging KirniraKirmira mbotên ebah kataman gadaning Bhima, saha mbotên gingsir saking pabaratan, malah lajêng nyabêtakên pêdhangipun; dhumawahing pêdhang katampèn wêntisipun Bhima pêdhang katulak kenging raksasa piyambak. Kirmira enggal ambêdhol kajêng kaundha-undha kadi Bathara Yama, nalika ngundha gadanipun. Saking rêmênipun, wana ajanging prang têmah bosah-basih, kathah kêkajêngan ingkang cêthèk tanjêgipun sami rungkat, dene ingkang lêbêt sami pokah, kados kawontênanipun wanara Wali, nalika prang kalayan Sugriwa rêbatan semah. Kajêng pupuh ing raksasa tuwin Bhima, ingkang kasabêtakên mêngsahipun, sami ajur, kados gagang tunjung kasabêtakên pilinganing gajah ingkang pinuju ngamuk, gada nuntên kabucal lajêng bandhil-binandhil ing sela. Dupi Bhima mbotên ebah, ingêtêpan sela, Kirmira ndhaplang sarwi marêpêki, kados solahipun Rahu nalika badhe nguntal srêngenge, lêngêning raksasa kacêpêng lajêng sêndhal-sinêndhal, dêdêr-dinêdêr, kadidene banthèng tumambirang ingkang bêbêrikan, utawi kadidene sima kalih rêbat mangsan, ulêng-ulêngan rêbut rok sulih ungkih.

--- 60 ---

Saya dangu Bhima saya liwung tandangipun, amargi kadi ginugah pamuring-muringipun dhatêng Duryudana, anggènipun sampun nyênyamah ing Dèwi Krêsna, sarta rumaos agêng manahipun dene wontên dadakan anggènipun ngatingalakên kaprawiran, saha sangêt gambira dene prangipun wau dipun tênggani pun Drupadi.

Bhima ngêtog karosan, raksasa pinithing lajêng binanting ing sela, suwantênipun kados jêblosing dêling kabêsmi, lajêng kacêpêng bangkèkanipun, kaputêr sanginggiling sirah, katingalan kados mandira agêng kaontang-antingakên ing lesus, sanadyan sampun lêmpe-lêmpe ewadene nêdya lumawan, karoncalan nêdya budi, nanging sampun mbotên sagêd uwal saking astanipun Bhima. Rikala Bhima priksa manawi mêngsahipun tanpa karêkat, enggal pinithing bangkèkanipun, danawa njêrit kadi swaraning slomprèt têngaraning prang. Dupi sampun kèndêl panjêritipun saha tanpa karêkat, raksasa binanting ing siti, dhadha dhinêngkul, gulunipun tinêkuk. Wrêkudara wicantên: "Hèh, buta, gêgêlahing jagad, kowe wis ora bakal angusapi luh, amarga anggonmu mrihatinake Si Hidimba lan Waka, awit kowe wus ngancik kahyangane Bathara Yama."- Sasirnaning raksasa, para Pandhawa lajêng mangalêmbana dhatêng Bhimasena, wasana nglajêngakên lampahipun dhatêng Dwetawana, Drupadi lumampah wontên ing ngajêng."

Sang Widura nglajêngakên cariyosipun: Sinuwun, Bhima anggènipun mêjahi Kirmira, awit saking parentahing kadangipun sêpuh. Sarêng sampun têtela sirna sêsukêripun, Yudhisthira manggèn wontên wana wau kalihan Drupadi.

--- 61 ---

Ing ngriku Pandhawa anggènipun tansah ambêbingah manahipun Drupadi, sarta nggunggung kaprawiranipun Bhima, kanthi bingahing manah. Wana RamyakaKamyaka samangke sakalangkung anêngsêmakên, sarta sampun sirna mêmalanipun. Nalika kula lumêbêt ing wana wau, kula priksa piyambak bathangipun raksasa kruraya anggêgirisi, ingkang kapêjahan dening Bhima. Mirêng kula dhatêng kalangkunganipun Bhima punika, saking cariyosipun para brahmana ingkang sami rumêksa karaharjanipun para Pandhawa."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sawêlas, saking perangan Kirmira Badha, ing Wanaparwa.

__________

BAB 12. ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Bagawan Waisampayana cariyos malih: Ing nalika para darah Boja, Wrêshni, tuwin Andaka, mirêng yèn Pandhawa kasingkirakên dhatêng wana, kalihan nandhang saliring prihatos, lajêng sami martuwi. Kadang warga Pancala tuwin Sang Prabu Drêstakètu, narendra ing Cèdhi, punapadene Sang Kekaya, kang misuwur kasudiranipun, sami sangêt manginggit-inggit dhatêng Kurawa, sarta lajêng sami tinjo dhatêng wana Kamyaka, padununganipun Pandhawa, saha anênacad asoring tindakipun Duryudana, ucapipun: "Samêngko kapriye kang padha dilakoni."

Ya ta kawuwusa, pêpêthinganing para ksatriya, ingkang kairit dening Sang Wasudewaputra, lajêng sami tata lênggah

--- 62 ---

ngrêrompa Prabu Yudhisthira. Sang Kesawa angurmati panjênênganipun Maharaja Yudhisthira, kalayan ngandika, ingkang nawung raos muring-muring, makatên: "Bumi bakal ngokop gêtihe Duryudana, Karna, Dusasana, lan Sakuni. Sawuse lêbur Kurawa, dalah srayane kang padha sêtya, ana ing paprangan, ingsun banjur jumênêngake nata yayi Prabu Yudhisthira ana ing Hastina. Wong kang ala wajib disingkirake saka bumi, mangkono iku unine anggêr-anggêr langgêng."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Labêt saking wêlas aningali sangsaranipun para Pritaputra, ing sêmu Sang Janardana, kadi lajêng arsa anglêbur sagung dumados. Sang Arjuna sangêt anggènipun nêdya ngrêrapu dhatêng Sang Kesawa, wasana sumêmbah lajêng ngaturakên lêlampahan sugêngipun Sri Krêsna pintên-pintên panjaman, ingkang sampun kapêngkêr, saha mratelakakên manawi panjênênganipun wau, ingkang anjiwani sagunging dumados, ingkang pangwasanipun tanpa watêsan, inggih Hyang Prajapati, ingkang ngasta pangadilaning bawana, têtela Hyang Wisnu, kang anyarira kawicaksanan.

Aturipun Sang Arjuna: "Dhuh, Krisna, ing kina paduka sampun kalampahan anjajah parêdèn Gadamadana ngantos sadasa èwu taun laminipun, kados lampahipun para mauni, konduripun manawi sampun sêraping surya. Sapanjaman malih paduka dêdunung sacêlakipun tlaga Puskara, sugêng paduka amung sarana hawa, sarta lêlana ngantos sawêlas èwu warsa. Dupi paduka lukar pangagêman, sarira paduka katingal anggagang aking, amung sawarni bongkokaning otot tuwin

--- 63 ---

balung. Dupi manjaman malih lajêng dhêdhepok ing satêpining narmada Saraswati, adamêl sêsaji laminipun ngantos kalih wêlas èwu warsa. O, Kesawa, kang kasinungan pangwasa winados, awit saking anêtêpi wêdharing sêsanggêman, paduka èngklèk saking kahyanganing para dewa tumurun dhatêng têgal prabasa, wigatos angrawuhi sagung ingkang sami lampah utami, punapadene awit saking dhawuhipun Maharsi Wiyasa, dhatêng kula, paduka punika sangkan paraning sadaya kumêlip. Dhuh, Kesawa, têtungguling dewa, paduka ingkang ngosikakên manahipun sadaya tiyang. Sadaya kasutapan dumunung wontên paduka, inggih paduka ingkang minangka wêwadhahing sadaya sêsaji saha kalanggêngan. Rikala paduka anyirnakakên Asura Naraka, inggih punika nalika jagad wiwit dumados, tuwin ingkang andumadosakên sakawit, punika anggèn paduka anjarah anting-antingipun, tuwin angwontênakên sêsaji kapal, ingkang kasapisan.

Dhuh, gustining jagad, kang awit paduka sampun nglampahi sadaya wau, pramila lajêng mangsawani sadaya. Paduka sampun anumpês sakathahing danawa tuwin ditya, wontên ing têgal paprangan sarana matêdhakakên pangwasa paduka dhatêng Bathara Paci (Sang Hyang Indra), ing ngriku tumurun paduka ing jamaning manusa. Dhuh, Kesawa, kang kinawasa panglêburing satru sêkti, paduka sampun alêlumban ing tirta kamulyan, ingkang ing nalika punika paduka jumênêng Bathara Hari, tuwin Brahma, Surya, Dharma, Datri, Yama, Hanala, Wayu, Wisrawana, Rudra, Kala, Langit, Bumi dalah têtêngêr sadasa.

--- 64 ---

Paduka punika dewaning jagad, ingkang ebah tuwin botên ebah, ingkang anitahakên sadaya. Dhuh, sang pinunjuling triloka sarta parisaking madu, wontên ing wana Citrarata, paduka damêl karênaning para dewa sarana sêsaji. Dhuh, Danardana, sabên sabibaring sêsaji, paduka lajêng angganjar dhatêng tiyang maatus lan maèwu-èwu. O, putraning têdhak Yadawa, ing nalika paduka dados putranipun Dèwi Aditi, ingkang andarbèni saliring kautamèn, ing nakila punika kasumêrapan ing ngakathah, manawi paduka dados sadhèrèkipun Sang Hyang Indra kaprênah nèm, malah nalika paduka taksih timur, paduka kawasa anglumpati tribawana, amung sarana tigang jangkah, inggih punika nalika paduka mancala warni lare bajang. Paduka sampun manggèn ing sariranipun surya, sarta anggodha sarana sulistyaning warni paduka, dhuh, kang luhur pribadi, sadangunipun paduka maambal-ambalan manjanma, paduka sampun amêjahi asura maatus-atus. Sabab paduka sampun amêjahi Murawas, tuwin Pasas, Nisundha, saha Naraka, têmahan adamêl tata raharjanipun ing Pragiyotisa. Paduka sampun anyirnakakên Awrita ing Jaruri, Kratta tuwin Sisupala sawadyabalanipun, Jarasandha, saha Sahiwiya, sarta Kataranawan, nalika paduka wahana rata ingkang swaranipun ngantos ngumandhang ing mega pêthak, tuwin sumorot kadi srêngenge, ing ngriku dhaup paduka kalihan putrinipun Prabu Boja, ingkang mêjahi Prabu Rukmi wontên ing palagan. Paduka sampun amêjahi Indrawijamna tuwin Jawana, kang sêsilih Kasêrum. Ing nalika paduka triwikrama saha nalika paduka amêjahi Prabu Salwa, ratu ing Soba, ing ngriku paduka ngrisak kithanipun pisan. Sadaya ingkang kula aturakên wau,

--- 65 ---

pêjahipun sami wontên samadyaning ngadilaga. Ing Hirawati paduka mêjahi Ratu Boja tuwin Kartawirya, wontên paprangan ugi, makatên malih Gopati, saha Kalakètu, sami paduka sirnakakên. Dhuh, Danardana, paduka sampun muja kitab sukci ing Dwaraka, sarta ngadhaton ing ngriku, ingkang kaèbêkan rajabrana, sarta wêkasanipun kitha wau paduka kêlêm condhong kalayan karsanipun para rêsi. Dhuh, pangrisaking madu, punapa kalampahan watak botên adil sagêd anglèpèti kasukcian paduka, dhuh, darahipun Sang Basudewa, kadospundi dene paduka kobar dening apining bêbêndu, mbotên narimah, awit niaya, dhuh, paduka, kang tan kalepetan, sagunging para rêsi sami marêk ing paduka, awahana kamulyan paduka ing papan sêsaji, nyênyadhang pangayoman paduka. Dhuh, pangeraning jagad, amung paduka ingkang mbotên risak, têmbe ing pungkasaning yuga, ing nalika wau pangrisak paduka dhatêng sakathahing mêngsah, anyupêt sadaya lampah, tuwin anggulung jagad sarana kajatèn paduka pribadi. Dhuh, darah Wrêshni, ing wiwitaning yuga, saking sarira paduka tuwuh sêkar tunjung katingal kadi pusêr, inggih Brahma kang agung, pinangkanipun sadaya ingkang ebah tuwin mbotên ebah ingkang masesa jagad saisinipun. Nalika danawa pun madu kalihan katitawa, ingkang anggêgirisi punika darbe pangangkah badhe mangsa Bathara Brahma, sarana pangwasaning puja, wêdalipun Bathara Dawitri sampun sikêp dêdamêl trisula, saking palarapan paduka. Dhuh, Sri hari, dados dewa kalih ingkang sami wontên ing ngarsa paduka, punika mijil saking sarira paduka, wigatos kagêm sarana angrampungakên pakaryan. Sumêrap kula dhatêng lêlampahan wau sadaya

--- 66 ---

saking pangandikanipun Sang Naradha. Dhuh, Sang Narayana, wontên ing wana Citrarata, paduka dahat kaluhurakên, amargi saking agênging sêsaji paduka. Dhuh gustining jagad têtiga, kang paningalipun kadi ron tunjung, sawarnining pakaryan ingkang paduka sambut, rikala paduka dèrèng diwasa, punika rampungipun sarana pangwasa winados, mawi pambiyantunipun Sang Baladewa. Ing nguni-uni dèrèng wontên titah sanèsipun ingkang sami anindakakên makatên, punapadene ing têmbe, malah ing nguni paduka sampun kalampahan adêdunung ing Kelasa, kadhèrèkakên ing para brahmana.

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun Sang Arjuna, inggih punika sugêngipun Sri Krishna, matur makatên, lajêng tumungkul yayah konjêngkonjêm ing bantala, ing raos sakalangkung pitados dhatêng Sri Krishna. Dhawuh wangsulanipun Sang Danardana dhatêng Sang Arjuna makatên: "Ingsun iki sira, lan sira iku ingsun Arjuna. Sagunging darbèk ingsun, iya duwèkira. Sapa wonge kang mungsuh marang sira, iya mungsuh marang ingsun, lan sing sapa manut marang sira, uga manut marang ingsun. Hèh, sira kang ora bisa lindhih, sira iku Nara, dene ingsun Narayana, iya Sri Hari, ingsun lan sira iku Narayana, lan Nara, linairake ing jagading manusa, prêlu arêp anggarap salah sawijining pakaryan. Hèh, Parta, sira kadadeyan saka ingsun, dene ingsun saka sira, lah bêbanthènging têdhak Bharata, ora ana wong kang bisa nyumurupi bedane sira lan ingsun."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rikala Hyang Kesawajati ngandika makatên

--- 67 ---

samadyaning pasamuanipun para nata sudira sadaya, kados sami kapandukan sumuking dukanipun Sri Krishna, ing ngriku ajêngipun Dèwi Pancali (Drupadi), kairing Sang Drêsthadyumna, tuwin para kadang sanès-sanèsipun, kang sami misuwur kakêndêlanipun, anyêlaki Sri Krishna, sarta lajêng lênggah sêsarêngan kalayan para kadang. Sasampunipun manêmbah, sang dèwi matur: "Kawuningana, Sang Dewala, tuwin Sang Asita sami ngandika: para wicaksana sami ngakêni, bilih paduka punika prajapati. Ingatasipun sadaya tumitah inggih ingkang anitahakên sagunging alam-alam. Dhuh, kang mbotên kenging kinawonakên, Sang Damadagnya pratela, bilih paduka Hyang Wishnu, dhuh, tujuning sadaya sêsaji, sarta tatungguling para priya, para rêsi sami andhawuhakên, bilih paduka punika tamtu tansah angêgungakên pangapuntên saha kasunyatan jati, lah kang luhur ing budi Sang Maharsi Naradha ngandika, manawi paduka punika dewaning para sadya, punapadene ingkang anitahakên saha mangwasani sadaya kawontênan. Lah, pêpundhèning sadaya manusa, ing nalika paduka lêlangên kalayan para dewa, kados ta: Brahma, Sangkara tuwin Sakra, kadosdene lare alit kang nyolahakên dolananipun. Dhuh, kang tan kenging kinintên-kintên, langit punika kaèbêkan mustaka paduka, bumi kasasaban dening pada paduka, dene jagad kang minangka paduka. Ing antawisipun para rêsi, ingkang kasukcènan ing Wedha tuwin tapa brata, sarta jiwanipun sampun sinukcèn sarana panalangsa, saha sampun marêm ing dalêm pamawasing jiwa, nganggêp paduka kang minangka têtungguling sadaya kumêlip. Dhuh, pangrurahing madu, paduka punika pangayomaning para tapa ingkang bêkti dhatêng

--- 68 ---

lampah utami, paduka mbotên nate tilar glanggang colong playu saking paprangan tuwin kasinungan sagunging pangwasa. Paduka ngumandhang ing dalêm sadaya kawontênan, ingkang minangka jiwanipun sadaya, kang mangwasani sagunging jagad, lintang-lintang, watêsing cakrawala, langit, surya tuwin candra, punika sami manggèn ing nglêbêt sarira paduka. Dhuh, kang agêgaman sakti, langgêng tuwin mbotên langgêngipun sadaya kawontênan punika dumunung wontên paduka, sadaya tumitah nadyan dewa punapa manusa, sami angluhurakên paduka, dhuh, pangrurah madu, kabêta saking sih paduka, ngantos kula paduka parêngakên ngaturakên prihatosing manah, dhuh Krishna, kadospundi dene kula, semahipun para Pritaputra, kadangipun Drêsthadyumna, mitranipun Sang Narayana, têka kalampahan dipun larak-larak wontên madyaning pasamuan ngantos kantun salêmbar tapih kula, badan kula gumêtêr sarwi nangis wontên ing papan pambujananipun para Kurawa.

Kuciwa bêbanthènging jagad wau, dene nalika kula agêgodrès rah, badan kula gumêtêr, nangis kalara-lara, tapih kantun salêmbar kalarak dhatêng ngajêngipun para putranipun Prabu Drêtarastra, kang sawênang-wênang tindakipun, kalayan tansah anggêgujêng. Dhuh, pangrurahing satru, nadyan para putranipun Pandhu, para Pancala, para Wrêshni, taksih sami gêsang, dene tiyang wau kalampahan sagêd anyênyamah, tuwin nêdya ndadosakên rencang tumbasan ing kula. O, Krishna, miturut anggêring jagad, kula punika mantunipun Prabu Drêtarastra, tuwin Sang Bhisma, kadospundi, dene para Kurawa

--- 69 ---

anggènipun damêl kawirangan kula ngantos tanpa upami. Lêpat para Pandhawa ingkang sami sudira saha tanpa sisihan prangipun, têka kèndêl kemawon priksa semahipun kang misuwur ing jagad punika kasiya-siya dening putranipun Prabu Drêtarastra. Tanpa guna karosanipun Bhima, tuwin gandhiwanipun Arjuna, dene kalihipun wau kèndêl kemawon priksa kula dipun wirang-wirangakên dening pun candhala budi punika. Mangka ingatasipun para ingkang ambêg utama, limrah sami angèstokakên wêdharing piwulang langgêng, ingkang mungêl, sanadyan sapintên ringkihipun tiyang jalêr, wajib ngayomi semahipun, amargi anggènipun ngayomi tiyang èstri punika atêgês ngayomi turunipun. Sarana ngayomi turunipun inggih punika ngayomi badanipun piyambak. Dhirinipun wau inggih mêdal saking pawèstri, pramila pawèstri ugi winastan: jaya; pawèstri ugi kêdah ngayomi priyanipun, amargi pawèstri punika lair saking dhirinipun. Para Pandhawa mbotên nate ngènthèngakên dhatêng sintêna ingkang nêdha pangayoman, malah mbotên tinolèh. Kalihan priya kula gangsal, kula ugi anak-anak jalêr gangsal tur sami linangkung kasudiranipun. Kalihan Sang Yudhisthira kula anak-anak pun Pratiwindya, kalihan Sang Wrêkudara pun: Sutasoma, dene kalihan Sang Arjuna pun: Srutakirti, Satanika, Sang Nakula, dene kalihan Sang Sahadewa pun Sutakarman. Gangsal pisan wau karosanipun sami tanpa timbang ing marcapada. Amargi saking rare gangsal wau ingkang mêksa Pandhawa kêdah ngayomi kula, sadya wau kaprawiranipun sampun botên pae lan putra paduka pun Dyumna. Dhuh, Krishna, gangsal pisan punika sami titis anjêmparing. Ingkang sampun kapêngkêr dèrèng nate kasoran wontên [won...]

--- 70 ---

[...tên] ing paprangan, sanadyan mêngsah sintên kemawon. Kadospundi darunanipun, dene Pandhawa sami kèndêl kemawon, ningali panyamahipun Kurawa, ingkang nggirisakên manah kula punika? Pandhawa kacopot anggènipun dados ratu saking lampah cidra, lajêng dados rencang tumbasan, dene kula kasèrèt dhatêng pambujanan, ngantos kantun salêmbar tapih ingkang nasapi kula. Rèmèh ingatasipun gandhiwa, kang sanèsipun Sang Arjuna, Sang Bhima tuwin paduka, mbotên kawawa mênthang. Nistha tumrapipun Sang Bhima, kang samantên karosanipun, sarta asor kêkêndêlanipun Sang Arjuna. Dhuh, Danardana, Duryudana, kang nundhung Pandhawa, kalayan ibunipun kang tan darbe sêdya awon, saking kadhaton, inggih punika: nalika Pandhawa taksih sami jêjaka sarta sawêg nêdhêngipun kagulang sagunging kawruh tuwin anêtêpi prasêtya, inggih pun durhaka Duryudana ingkang ngracun Sang Bhima. Dhuh, Sang Danardana, inggih Duryudana ingkang sacêlaking griya sangandhaping baniyan, ingkang kawastanan pramana, saha ambanda Sang Bhima nalika pinuju tilêm tuwin mbotên pisan-pisan darbe panyana awon dhatêng Duryudana, sarta lajêng kabucal dhatêng ing lèpèn Gangga. Sarêng Sang Bhima kamanah sampun pêjah kablabak ing toya, Duryudana lajêng wangsul dhatêng ing pura Hastina. Ananging kawuningana, Sang Bhima ingkang kinawasa, putranipun Dèwi Kunthi, sarta darbe dêdamêl linangkung, satanginipun saking anggènipun tilêm kapati, awit kataman ing racun wau, enggal mêdhot bandanipun, sarta lajêng tumimbul saking toya. Pangangkahipun Duryudana murih Sang Bhima dipun cakota sawêr kobra cêmêng, ingkang wisanipun sakalangkung mandi, ewadene mbotên

--- 71 ---

pisan-pisan dados sangsaranipun Sang Bhima. Sasampunipun Sang Bhima mêjahi sawêr ingkang sami nyakot badanipun, lajêng mêjahi kêkasihipun Duryudana, ingkang pinatah nindakakên paekanipun wau, ing nalika Pandhawa pinuju sami nendra kalihan ibunipun wontên ing Waranawata. Ugi Duryudana ingkang nêdya ambêsmi pakuwon, kanthi pangangkah anumpês Pandhawa saibunipun. Sintên ingkang kadugi nahên panganiaya, ingkang samantên awratipun punika. Dèwi Kunthi ingkang momot panggalihipun, rikala karakêtan ing bêbaya sarta bingung awit kinêpang ing latu, ngantos sambat, saha lajêng ngandika dhatêng para putranipun: "Bêbaya kang nêkani, kapriye aku lan sira kabèh iki bisane luwar saka gêni, iya dina iki aku saanak-anakku kang isih padha cilik-cilik iki angkate marang kaswargan." Nanging Sang Bhima kang linangkung kasêktènipun, saha lêpasing lumpatipun kadi jêmparing, enggal anglêlipur ibunipun, kang ambêg paramarta tuwin para kadangipun, ucapipun makatên: "Aku arêp ndêdêl gêgana kang kongsi kaya garudha putrane Dèwi Winata, aja padha sumêlang dening gêni iki." Sasampunipun wicantên makatên, Dèwi Kunthi kapondhong kalihan tangan kiwa, Sang Yudhisthira tangan têngên, Nakula tuwin Sahadewa kalinggihakên pundhak kiwa têngên, dene Sang Wibatsu kagendhong. Ing ngriku Sang Wrêkudara lumumpat sumêbut, kalampahan sagêd mêdal saking bêbaya agêng wau. Nalika para Pandhawa tilêm ing sacêlakipun kang ibu, wontên samadyaning wana sangêt sayah, kalayan sakalangkung prihatos, ing nalika wau wontên raksasa èstri anyêlaki. Dupi raksasa èstri priksa dhatêng Sang Bhima, sakadang saha ibunipun, sakalangkung wêlas, tuwin kêpengin

--- 72 ---

dipun rabi dening Sang Bhima, mila sukuning Sang Bhima kalih pisan lajêng katumpangakên ing pangkon sarta dipun pijêti kalihan tanganipun ingkang êmpuk. Sang Bhimasena kang karosanipun tanpa tandhing, sarta kakêndêlanipun kadi Bathara Sakra, nglilir lajêng pitakèn dhatêng danawa èstri wau, ucapipun: "Hèh, raksasa, ing sêmu kaya ora isi piala, apa karêpmu nyêdhaki anggonku padha turu."- Nalika raksasa èstri, kang sagêd mancala warna sakajêng-kajêngipun wau, dipun pitakèni Sang Bhima, lajêng mangsuli: "Mugi paduka enggal sumingkira saking ngriki, amargi sadhèrèk kula jalêr, kang kasêktènipun tanpa timbang, punika darbe sêdya badhe mangsa paduka, pramila sampun ngantos kadangon lajêng ngungsia dhatêng panggenan kang têbih." Wangsulanipun Sang Bhima sêmu ladak: "Yèn kadangmu mrene têmtu dak patèni."- Rikala Hidimba mirêng suwantêning kadang anggènipun wicantênan kalihan Sang Bhima, enggal anyêlaki, badanipun sakalangkung agêng, wujudipun anggêgilani, sarwi gêro-gêro rèh anggêgêtêri, tuwin pitakèn: "Hèh, adhi, sapa rewangmu caturan, enggal gawanên mrene arêp banjur dak pangan." Raksasa èstri kang manahipun sukci, tuwin sangêt rêmênipun dhatêng Sang Bhima wau, kawistara manawi mbotên santun kakêncênganipun. Hidimba amatak karosan, sigra mrêpêki Sang Bhima.

Raksasa, kang amangsa janma wau, enggal nêmpuh, lajêng nyêndhal tanganipun Sang Bhima, kalihan ngêtog karosan, ananging Sang Bhima mbotên kongkih dening panyêndhaling raksasa, bakuh kadya Himawat.

--- 73 ---