Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Image

Sêrat Mahabharata No. 5.

7 Mèi 1959.

Dupi Sang Bhima rinangkul nêdya kabanting, lajêng dipun kipatakên, nanging mbotên sagêd uwal saking pangrangkulipun. Sang Bhima sigra mithing raksasa, lajêng banting-binanting, dêdêr-dinêdêr, mbotên wontên kasoran. Kang sami bandayuda lajêng sami ngangge dêdamêl warni-warni, prangipun sakalangkung rame, kados Hyang Wasawa tandhing kalihan Asura Writa. Dangu-dangu Hidimba katingal saya kêndho, mila lajêng dipun prawasa dening Sang Bhima, kang karosanipun angebat-ebati, sapêjahipun Hidimba, kadangipun èstri lajêng karabi, inggih raksasa, kadangipun èstri Hidimba wau lajêng sêsuta Gathutkaca, Sang Bhima kalihan kadangipun lajêng sami nglajêngakên lampahipun, raksasa èstri wau lampahipun wontên ing ngajêng piyambak. Lampahipun Pandhawa dumugi Ekacakra, kairing ing ibunipun, sarta tansah kauyun-uyun ing para brahmana. Sadanguning lumampah tansah dipun mêmanuki dening Maharsi Wiyasa. Wontên ing Ekacakra Pandhawa kang utami pambêganipun wau, mêjahi danawa Waka, ingkang gagah prakosanipun mbotên siwah kalihan Hidimba. Sapêjahipun danawa Waka, para Pandhawa lajêng lumêbêt ing kithanipun Prabu Drupada. Ing ngriku Sang Sawyasacin (Arjuna) dhaupipun kalihan kula, kados nalika paduka angrama Dèwi Rukmini, arinipun Prabu Bhismaka. Dhuh, pangrisaking madu, Sang Arjuna anggènipun amboyong kula sarana lumêbêt ing sayêmbara, wontên ngayunanipun para ksatriya. Sang

--- 74 ---

Arjuna anggènipun ngatingalakên kalangkunganipun, ingkang mêngsahipun mbotên sagêd animbangi, ugi sagêd ngawonakên para ratu agêng-agêng. Dhuh, Sang Madawa, salêbêtipun nandhang papa sangsara, saha kawirangan samantên agêngipun punika, kula rumaos bêgja dene gêsang tatunggilan Bagawan Dumya, inggih sang maharsi ingkang minangka sêsêpuh kula, nanging owêl dene kapisah kalihan pêpundhèn kula ibu Dèwi Kunthi. Lah punapa darunanipun, dene para ksatriya, kang samantên kakêndêlanipun saha kaprawiranipun punika, ing sêmu kados mbotên maèlu dhatêng anggèn kula kacamah dening mêngsahipun. Punapa anggèn kula nandhang sakit saking pandamêling mêngsah kang asor ing budi, punika badhe lêstantun salami-laminipun. Kula linairakên saking darahing ngawirya ingkang têtela kinacèk kalihan samining tumitah, kagarwa dening para Pandhawa, mantunipun Mahaprabu Pandhu, têtungguling wanita kang sami bêkti ing priya, ngantos kalampahan kajambak rambutipun lajêng kalarak-larak wontên ing ngajênging Pandhawa, ingkang prakosanipun kadi Bathara Indra.

Sasampunipun matur makatên dhatêng Sri Krishna, Dèwi Drupadi kang manis kêdaling wicaranipun, saha sagêd mêmalat sih wau, astanipun kalih pisan ingkang alusipun pindha kudhuping sêkar padma, kasasabakên ing pasuryanipun, lajêng mangkurêp ing siti, sarwi nangis kalara-lara, drêsing waspanipun Sang Pancali nêlêsi pranajanipun ingkang mangkah-mangkah pindha narmada ingkang manrang sètu, sarta kaèbêkan wirasat kang dados titikaning kautamèn, sakêdhap-kêdhap ngêsah, sarwi sarikutan ngusapi waspanipun, wasana lajêng ngandika malih,

--- 75 ---

ingkang pêgat-pêgat labêt saking pêthèking prihatos, pangandikanipun makatên: "Aku samêngko wus ora duwe bojo, anak, mitra, sadulur, lan wong tuwa, punapadene sinuwun, kula sampun paduka têbihakên, dhuh, pangèning lêmbu, paduka tuwin sanès-sanèsipun, sampun botên maèlu ing prihatos kula. Kawuningana Krishna kula sampun kawirang-wirangakên dening mêngsah kang candhala budi, sakiting manah kula manawi kèngêtan dhatêng ucapipun Karna, sampun mbotên kenging dipun lêlipur, punapa kula mbotên wajib antuk pangayoman paduka, tumrap sakawan prakawis, inggih punika: lêstantunipun amêmitran, kaaji-aji, kadhèrèkakên tuwin sumêmbah ing pada paduka."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Wontên ing antawisipun para sudira wau, Sri Krishna dhawuh dhatêng Dèwi Drupadi, ingkang sawêg karêrantan, makatên panglipuripun: "Dhuh, sêsotyaning wanita sabumi, bojone wong-wong kang padha gawe sêriking atinira, iya bakal nangis kalara-lara kaya sira ing têmbe, karana padha mêruhi bathange bojone, kang gumuling ing lêmah karo kuthah gêtih, badane ajur dening panahe Wibatsu (Arjuna). Aja nangis Drupadi, karana ora uwis-uwis nggon ingsun nêdya ngayomi marang Pandhuputra. Ingsun prasêtya yèn sira pasthi bakal dadi garwane narendra binathara manèh, swarga naraka bisa rusak, Himawat bisa bêngkah, bumi bisa sigar, sagara bisa asat, nanging ucap ingsun ora bisa cidra, tamtu yèn kalakon." Dupi sang dèwi midhangêt pangandikanipun Sri Krishna, lajêng nglirik Sang Arjuna lajêng ngandika:

--- 76 ---

"Dhuh, mêmanise pun kakang, wruhanamu, dhawuhe Sri Krishna ora kêna ora têmtu katumusan."

Drêsthadyumna sumambung ing atur: "Kakang mbok, kula ingkang badhe nyirnakakên Rêsi Drona, dene Sri Kandhi kang nguntapakên Bhisma, Duryudana badhe pêjah mêngsah Bhima, Karna pêjah dening Arjuna, manawi kanthi pitulunganipun kangjêng rama, tuwin Sri Krishna, kula kadugi lumawan kang sampun mêjahi Writa, sampun malih mêngsah Kurawa, sapintên kaprawiranipun Duryudana."

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun Sang Arjuna tuwin Sang Drêtadyumna ngandika makatên lajêng sami tumungkul ngapurancang wontên ngarsanipun Sri Krishna, ingkang ngandika kados ing ngandhap punika."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih wêlas, perangan Arjuna Bigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 13. SAMBÊTIPUN ARJUNA BIGAMANA PARWA.

Sang Wasudewaputra ngandika: "Upama ana ing Dwaraka, Pandhawa ora kalakon nêmu lêlakon mangkene, lah, sira kang ora bisa kinalahake ana paprangan, sanadyan ora ana timbalane Prabu Drêtarastra utamautawa sinuruhan dening Duryudana, sarta Kurawa liyane, ingsun têmtu têka ana ing pambujanan kang kanggo dhadhu iku, prêlu mambêngi anggone

--- 77 ---

padha dhadhu, sarana nuduhake pialane wong kang ngabotohan, kanthi pambiyantune Sang Bhisma, Rêsi Drona, Rêsi Krêpa, sarta Wahlika (Widura). Dhuh, kang luhur ing budi, kagawa saka wêlas ingsun nuli matur marang Sang Wicitrawiryaputra, mangkene: "Sinuwun, para putra sampun paduka parêngakên kasukan dhadhu, sarta banjur ngaturake kadadeyane wong dhadhu, kang wus tau anjalari ilange karatone Prabu Wirasenaputra ing kuna, apadene ingsun uga nyaritakake pialane, yèn wong wus karêm ngabotohan, pasthi angèl marine, kagawa saka kapengine mênang, pira-pira wong kang wus kacêmplung ing kasangsaran wujud pakarêman, kaya ta: madon, main, mbêbêdat lan minum. Patang prakara iku pakarêman kang dadi pangrusaking manusa. Para wicaksana kang lêbda marang sastra, padha ngarani, yèn sakèhing piala iku tuwuh saka patang prakara mau, apamanèh wong kang dhêmên dhadhu tamtu tamat marang pialane, dhuh kang sêtya tuhu ing wacana, sapraptaningsun ing ngarsane Sang Ambikaputra, ingsun tamtu banjur nyaritakake, yèn dhadhu bisa gawe êntèking bandha ilanging kabêgjan, sarta padudon. O, Pandhuputra, ingsun prêlu nyakabèh mau. Yèn aturku mau kapituhu, kabêgjan lan kaluhurane darah Kuru iya lêstari, ewadene yèn pitutur bêcik kang kaya jamu dipitambuhi, yêkti yèn ingsun pêksa sarana kadibyan ingsun. Wong-wong sajrone kadhaton kang ngaku mitra nanging sajatine mungsuh, karana anjurungi karêpe Duryudana kang asor iku, têmtu ingsun wasesa. Lah pêpêthinganing manusa, kang amarga nalika samana, ingsun nuju lunga saka Anarta (Dwaraka), mulane sira bisa kalêksanan nêmu karusakan, jalaran saka dhadhu. sapraptaningsun ing Dwaraka,

--- 78 ---

lagi krungu pawarta karusakanira kang saka cidrane Duryudana. Kaya apa kagèt lan wêlas ingsun, mula banjur nuli agêgancangan pangkat saka Dwaraka tinjo marang sira iki. Dhuh, bêbanthènging têdhak Bharata, samêngko kapriye kakêncênganira, sajrone sira lan kadangira padha nandhang kasangsaran mangkene iki."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tiga wêlas, perangan Arjuna Bigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 14. SAMBÊTIPUN ARJUNA BIGAMANA PARWA.

Aturipun Sang Yudhisthira: "Dhuh, Krishna, punapa ing nalika samantên paduka pinuju mbotên wontên ing Anarta, paduka tindak dhatêng pundi, sarta punapa wigatosipun, dene paduka ngantos nilar ing Anarta wau?"

Wangsulanipun Sri Krishna: "Dhuh, darah Bharata, kesah kula wau badhe nggêpuk prajanipun Asura Salwa, mila lajêng kula lurugi, awit Prabu Salwa sampun ngrisak wadya Dwaraka. Suwawi yayi prabu, dipun piyarsakna anggèn kula ngaturakên lêlampahan kula nalika prang mêngsah asura raja. Kawuningana yayi, sutanipun Damagosa, ingkang prawira ngayuda, Prabu Sisupala, misuwur kakêndêlanipun, punika kula pêjahi wontên pamiwahaning sêsajinipun yayi Prabu Rajasuya, sabab Prabu Sisupala anjurungi pamuring-muring manah, ingkang tuwuh saking mbotên kuwawi ningali kula dipun ladosi argya rumiyin piyambak, lajêng purun nyênyamah dhatêng

--- 79 ---

sasamining ksatriya. Nalika Salwa mirêng pawartos pêjahipun Sisupala, kados ginugah kanêpsonipun, enggal pangkat nglurug dhatêng Dwaraka, nanging kula taksih wontên ing Indraprastha, dados dhatêngipun Prabu Salwa ing Anarta punika mbotên pinanggih kalihan kula. Dhatêngipun Prabu Salwa wahana ratanipun nama sowa, ingkang sangêt anggêgirisi punika, mbotên mawi nglampahakên utusan, nanging lajêng lumêbêt ing kitha sarwi ngrêrisak. Dupi dipun alang-alangi dening para nem-neman ing Dwaraka, ingkang dèrèng pantês umur-umuranipun prang mêngsahipun asura raja, ewadene panêmpuhipun mbotên mawi ringa-ringa, sarta sasampunipun mêjahi prajurit nem-neman bangsa Wrêshni pintên-pintên, pun candhala wau lajêng ngrisak taman rêrêngganing kitha kalayan mungêl: "Hèh, hèh, wong Dwaraka, êndi lêlêthêking bangsa Wrêshni, anake Wasudewa, kang tansah ngajab bilai, purihên maju dak juwing-juwinge ana paprangan, enggal tutura ing ngêndi anggone andhêlik. Wruhanamu aku ora mulih, yèn ora karo nyangking êndhase wong kang wus matèni Kangsa lan Kesa (Sisupala). Aku prasêtya mulih aran yèn ora bisa mocok gulune Krishna kang ambêg candhala. Sasampunipun mungêl makatên, lajêng lumajêng ngalèr ngidul, kalihan bêngok-bêngok: "Ngêndi ênggone, ngêndi ênggone," sarta ngancam-ancam: "Dina iki anggonku nêdya nguntapake Krishna, angkate si gumunggung marang Yomani, minangka walêse anggone matèni Sisupala, kang durung diwasa iku. Hèh, Janardana asor têmên budimu, dene gêlêm matèni bocah isih jêgêr, tur anggone matèni sarana cidra, wujude kang dak arani laku cidra mau, dene Sisupala durung sawega gêgaman."

--- 80 ---

Salwa sasampunipun ngumbar swara pangawon-awon ing kula makatên wau, yayi prabu, enggal minggah ing rata ingkang sagêd dumugi ing pundi ingkang dipun kajêngakên sarta lajêng nggêgana."

Kawuningana yayi prabu, saundur kula saking Indraprastha, dumugi ing Dwaraka tiyang sami nyariyosakên panguman-umanipun Prabu Martika dhatêng kula, sangêt damêl kagèting manah, pramila dupi sampun kula raosakên ngantos sawatawis dangu, lajêng kêncêng sêdya kula badhe mêjahi piyambakipun, awit tandukipun dhatêng têtiyang ing Dwaraka sangêt daksiya, sarta sruning panguman-umanipun wau, ingkang mêksa kula mêjahi pun candhala. Sami sanalika wau kula nilar praja Dwaraka, wigatos badhe nglantun salampahipun nata ing Soba. Sasampunipun kula padosi ing pundi-pundi, wasana kêpanggih ing nagari alit ingkang kalangan samodra. Sami sakala wau kula nyêbul salomprèt pun Poncayanya, minangka panantang kula dhatêng Salwa, tuwin sampun sawega dêdamêl. Salwa sawadyabala raksasa gêgêdhug, lajêng sami mapagakên prang, enggalipun Salwa dalah para wadyabalanipun danawa, sadaya kaprawasa dening dêdamêl kula, awit makatên kawontênan kula, yayi prabu, mila kula botên sagêd mitulungi. Saantuk kula saking prang mêngsah Salwa wau, sawêg mirêng pawartos, bilih yayi prabu kawon anggènipun dhadhu, sarana cidraning mêngsah. Mila sami sanalika kula lajêng pangkat martuwi mriki punika, wigatos kêpengin priksa kadospundi kawontênanipun para ari Pandhawa, salêbêtipun sami kasarakat wontên ing wana.

--- 81 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan wêlas, saking perangan Arjuna Bigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 15. SAMBÊTIPUN ARJUNA BIGAMANA PARWA.

Aturipun Prabu Yudhisthira: "Dhuh, Wasudewaputra, kang kasumbaga ing jagad tiga, kadospundi rêroncèning lêlampahan pêjahipun Prabu Soba wau. Raosing manah dèrèng marêm anggèn kula mirêngakên cariyos sirnanipun asura raja, amung kalayan cêkak makatên punika."

Pangandikanipun Sri Krishna: "Ing nalika mirêng pawartos bilih Srutasawa (Sisupala) kula pêjahi, PrabaPrabu Salwa lajêng pangkat sami sanalika, nêdya nggêpuk praja Dwarawati, sadumuginipun Dwaraka, nagari lajêng kinêpung wakul binaya mangap, dene pakêpungipun wau dipun tindhihi piyambak dhatêng asura raja. Tiyang saisining praja ugi sami ngêdali, lajêng prang sakalangkung rame. Sakawit sami udan ingudanan dêdamêl, bêgja dene nagari Dwaraka rikala punika sampun kasamêktan miturut wêwaton pangrêksaning kitha agêng, kados ta: kapanjêran daludag, gapuranipun kandêl saha inggil, pabitinganipun santosa, margi pinagêran kapurancang ugêr-ugêr kapantèk ing kajêng, miwah dipun dêki pêpanggungan, sabên gapura sami kinèbêkan têdha, saha dêdamêl, kangge nanggulangi panêmpuhing mêngsah, kados ta: panyirêping latu, wadhah toya kadamêl saking wacucal ing sato, slumprèt, tambur, bêdhug, tumbak, cêmpuling lan satagni, kêjèn panah latu, mimis sela, wadung saha dêdamêl

--- 82 ---

sanès-sanèsipun malih, tamèng linapis tosan, sarta pirantos kangge nampèni mimis saha toya bêntèr, ingkang njagi para prajurit sinêlir kalihan sikêp gada. Pun Somba, Udawa, tuwin sanès-sanèsipun ingkang sampun sami katatal sagêd mbibarakên wadyaning mêngsah, ugi sami manggèn ing pajagènipun piyambak-piyambak, dipun ayomi wadya wahana turangga, tuwin wadya sikêp talêmpak (tumbak cêlak) mawi bandera. Ugrasena, kalihan panunggilanipun, para têtindhihing wadyakuswa, saking anggènipun mêkani cidraning mêngsah, sami andhawuhakên supados tiyang salêbêting kitha sampun ngantos ngombe toya tawa. Nalika bangsa Wrêshni tuwin andaka, priksa yèn kadhatêngan parangmuka, tindhihipun narendra ing Saba, lajêng sami ngêgungakên kaprayitnanipun, sakathahing badhut, tlèdhèk golonganing pajuwehan, sami kawêdalakên saking kitha, kairit wadya kajinêman. Sakathahing krêtêk sami dipun risak, inggih punika dipun dhudhuki, kangge jugangan, sarta pêpunthukan, lajêng kasêbaran samukawis ingkang gampil muruhipun, nanging dipun urug ing siti sawatawis. Dados pabitingan ing Dwaraka ingkang sakalangkung santosa punika mawi dipun jagi rêmit, sarta kinêbakan sawarnining dêdamêl, enggalipun pangruktining kitha langkung saking samêsthining mêkani mêngsah, ngantos iripa kemawon kalihan kithanipun Sang Hyang Indra. Sarêng lampahipun Salwa sampun cêlak lan kitha, mbotên wontên tiyang sagêd mlêbêt mêdal ing kithanipun bangsa Wrêshni tuwin Andaka, bilih mbotên kanthi nelakakên sasmita ingkang sampun tinamtokakên. Sakathahing margi tuwin ara-ara, sami kêbak dening dirada saha turangga. Wadya dipun robi têdha, arta, dêdamêl saha pangangge, mbotên

--- 83 ---

wontên ingkang mbotên kaparingan mas, mbotên kaparingan blanja, mbotên wontên ingkang mbotên nêtêpi wajib sarta botên wontên ingkang dèrèng kathêthêr kakêndêlanipun. Dhuh, kang anetra tunjung, makatên wau kawontênanipun praja Dwaraka nalika samantên. Dados mbotên kirang pangatos-atos malah Sang Ugrasena Ahuka ngantos kêparêng nuguri piyambak.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping gangsal wêlas, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 16. SAMBÊTIPUN ARJUNA BIGHAMANA PARWA.

Sang Wasudewaputra nglajêngakên cariyosipun: "Panglurugipun Salwa dhatêng Dwaraka, punika ngirit wadyabala agêng, wujudipun: prajurit dharat, kapalan, sarta wadya wahana dirada. Dados wadya ingkang dipun senapatèni Nata Soba piyambak wau, ngêmpalipun kakiyatan kawan prakawis, ngêbaki dharatan sarta ing toya, tuwin papan sanès-sanèsipun malih, kados ta: ing kuburan, candhi-candhi, panggenan kangge manêmbah, ing sangandhaping kayu angkêr saha siti sangar-sangar ingkang katutupan ing unthuking sêmut. sakathahing margi ingkang anjok ing kitha, kapêpêtan ing wadya, malah sakathahing margi babutulan ingkang winados ugi dipun jagi. Dhatêngipun Nata Soba wau kadi dhatêngipun garudha, kalayan sampun samêkta sagêgamaning ngayuda, nêdya ngrabasa mêngsah. Sadaya wadyanipun Salwa nracak sami wasis medahakên pirantosing prang, kados ta: ngusiri rata, wahana gajah, tuwin turangga. Sadaya kabalanja cêkap, rosa-rosa, saha kêndêl-kêndêl

--- 84 ---

panggenanipun sae. Ing nalika wadyanipun Salwa badhe wiwit nêmpuh barisanipun para prajurit nem-neman, lajêng dipun papagakên dening para darah Wrêshni, inggih punika wiwitipun Carudhêsna, Somba, Pradyumna, sami angêdali ngayuda mapagakên wadyanipun Nata Soba, kalayan wahana rata sarta ngangge kêre ingkang sinasaban ing panggenanipun. Salwa kalihan pun Kesawawrêdi, senapati saha paranpara ing praja Soba lajêng nyandhak langkap nêdya ngawaki jurit nanging lajêng dipun krutug jêmparing dening sutanipun, Jambawati, ngantos kadi Sang Hyang Indra manawi nurunakên jawah. Kesawawrêdi kaebyukan jêmparing mbotên mingkêt adêgipun, puguh kadi ardi Himawat. Dupi sampun sawatawis, lajêng gêntos ngudani pasêr sangêt anggêgirisi, awit winantu ing dayaning sêkti. Samba ugi lajêng ngêdalakên sakti, rataning mêngsah kadhawahan jêmparing sèwu, sêmunipun Kesawawrêdi gêmpal kakêndêlanipun. Dupi kabyukan ing jêmparingipun Samba, dene lajêng nyandêrakên kuda pangiridipun, oncat saking papan paprangan. Sarêng Kesawawrêdi oncat, wontên raksasa linangkung nama Wegawata enggal pêpulih, mapagakên prangipun Samba ingkang sêkti mandraguna punika, kajêngipun Wegawata SambeSamba badhe lajêng dipun rukêt, nanging Samba enggal mancolot kalihan ngundha gadanipun, kapupuhakên, Wegawata kalêngêr gumuling ing siti, kadi kajêng agêng ing wana ingkang sampun rungkat oyodipun. Dupi ngantos sawatawis asura sinakti wau mbotên tangi, Samba enggal nglêbêti barising mêngsah.

Kawuwusa asura pun Wiwindya, ingkang prawira, punika enggal mênthang langkap nêmpuh barisan Carudhêsna.

--- 85 ---

Campuhipun Carudhêsna kalayan Wiwindya sakalangkung rame, ngantos kadi prangipun Asura Writa mêngsah Bathara Wasawa ing kina. Kalih-kalihipun wau sami ngêdalakên pangabaran, udan-ingudanan jêmparing. Ngantos dangu mbotên wontên ingkang kalindhih, wasana sutanipun Rukmini lajêng mênthang kêndhênging langkapipun ingkang linangkung, ingkang sagêd ngêdalakên jêmparing, ingkang mêmpanipun bêntèr kadidene latu utawi srêngenge, sarta têmtu ngêntasi kardi manawi sampun sinidhikara, wujudipun tamtu sagêd ambrastha mêngsahipun. Ing nalika wau Carudhêsna enggal nyumbari mêngsahipun, supados prayitna, awit badhe dipun lêpasi jêmparing pamungkas. Lêpasing jêmparing saking langkap cumlorot kadi ndaru, nibani danawa, têmah pagas jangganipun. Nalika Salwa priksa pêjahipun Wiwindya, enggal minggah ing ratanipun, ingkang sagêd dumugi ing pundi ingkang dipun kajêngakên.

Kawuningana yayi prabu, dupi prajurit Dwaraka priksa Salwa ngêdali jurit, sêmunipun sami miris manahipun, nanging Pradyumna enggal majêng kalihan manguwuh sora, suraos ngunggar manahipun tiyang Dwarawati, ucapipun: "Aja padha cilik atimu, mara padha dulunên anggonku prang, dak undurne Salwa sarana pangwasaku, hèh, hèh, para Yadawa, waspadakna, kapriye tandangku, sajroning ngrurah barise ratu ing Soba, sarana panah kang wêtune saka langkap mbrubul kaya ula mêtu saka êronge. Aja miris, santosakna atimu, janji ora oncat bae, iya dina iki anggonku nguntapake Salwa marang kahyangane Bathara Yama, awit badan lan ratane bakal ajur barêng dening panêmpuhku."- Saking

--- 86 ---

pangunggaripun Pradyumna makatên wau, prajurit bangsa Yadawa pulih manahipun, mbotên saèstu oncat, nanging malah lajêng mapagakên mêngsahipun kalayan kakêndêlan ingkang ngedap-edapi.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping nêmbêlas, perangan Arjuna Bihgamana,Bhigamana (dan di tempat lain). ing Wanaparwa.

__________

BAB 17. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Sang Wasudewaputra nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, pêpêthinganing darah Bharata, sasampunipun nguwuh makatên wau, Pradyumna enggal minggah ing rata kancana, pangiridipun kuda pêpilihan, ingkang kinarukup ing abah-abah ingkang mbotên têmama dening sakathahing dêdamêl, dandaning daludagipun sinung rêca mêkara, katingal mangap anggêgirisi, tiningalan kadi Bathara Yama. Lampahing rata nalika nêmpuh mêngsahipun kadi tan anapak siti. Pradyumna mênthang langkapipun ingkang sinung pangwasa linangkung, pasêmonipun kawistara bilih nganggêp sêpele dhatêng mêngsahipun sarta tansah mbêbingung barisan danawa wadya ing Soba. Tandangipun cikat nanging kawistara yèn manahipun mbotên gugup, sukunipun mbotên ndharêdhêg, tansah amrawasa mêngsah, malah mêngsahipun ngantos mbotên priksa saking pundi dhumawahing jêmparing ingkang ngêbyuki dhirinipun punika, para danawa amung mirêng swara nggêrêng nggêgêtêri, ingkang mratandhani kalangkunganipun Pradyumna. Makara mangap ingkang wontên pucak dandaning daludag. Dupi

--- 87 ---

ratanipun lumampah, makaranipun katingal kadi badhe nguntal mêngsah, mimbuhi kêkêsing mêngsahipun. Salwa ratu ing Soba mbotên kuwawi mirêng sumbaripun Pradyumna, enggal anjlog saking rata, nêdya prang dharat. Sakathahing wadyabala sami kèndêl anggènipun prang, awit kapengin priksa campuhipun Salwa kalayan darah Wrêshni pêpêthingan, ingkang ramenipun angedap-edapi, ngantos kadi prangipun Bathara Wasawa mêngsah Asura Wali. Nanging mbotên watawis dangu, Salwa minggah ing rata malih sarta lajêng nglêpasi jêmparing. Pradyumna ugi nimbangi nglêpasakên jêmparing. Jêmparingipun Salwa, sadaya sami murub kadi latu, nanging mbotên wontên ingkang ngênani dhatêng jasatipun Pradyumna, awit tansah katangkis sami jêmparing. Dupi Salwa priksa yèn jêmparingipun botên sagêd ngênani, lajêng nglêpasi dêdamêl sanèsipun, Pradyumna ugi lajêng nglêpasi jêmparing mawi lar, ingkang têdhas kêrenipun Salwa, nêmbus dumugi ing jantung, Salwa dhawah kantaka. Dupi priksa bilih ratanipun ambruk, para danawa sami lumajêng salang tunjang, nanging mbotên watawis dangu Salwa èngêt, sarta lajêng njêmparing gêntos, kenging tênggakipun Pradyumna, mila lajêng dhawah ing rata. Salwa sêsumbar, sarwi ngêrik-ngêrik, swaranipun ngêbêki ing ngawang-awang, kalayan taksih lêstantun ngudani jêmparing. Tatunipun Pradyumna tanpa wicalan, gumuling ing jrambahing rata, mbotên ebah."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitulas, perangan Arjuna bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

--- 88 ---

BAB 18. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Sri Krishna nglajêngakên cariyosipun: "Nalika Pradyumna kataman jêmparingipun Salwa, para bangsa Wrêshni ingkang sami wontên ing paprangan alit manahipun, mila lajêng sami sambat-sambat, sirna bingahipun dening ungguling mêngsahipun. Kusiripun Pradyumna, sutanipun Daruka, ingkang têtela linangkung kasagêdanipun mangrèh kuda pangirid, dupi priksa Pradyumna kantaka, enggal ngêtap kudanipun kasandêrakên mêdal saking ajanging paprangan, namung dèrèng sawatawis têbih saking barisan, Pradyumna nglilir saking anggènipun kantaka, enggal nyêpêng langkapipun sarwi nguwuh dhatêng kusiripun: "Hèh, turune bangsa Suta, pagene rata titihanku kokplayokake saka paprangan, mangkono mau dudu watake bangsa Wrêshni, apa kowe giris ndêlêng Salwa ana paprangan utawa cilik atimu wruh wong prang, mara prasajaa bae, kapriye karêpmu?"

Aturipun kusir: "Dhuh, Danardanaputra, kula mbotên pisan-pisan ajrih utawi gugup, nanging kula darbe pangintên, panjênêngan rêkaos badhe ngawonakên Salwa, mila enggal kula plajêngakên saking paprangan, awit Salwa mbotên babag mêngsah panjênênganipun radèn. Kawuningana radèn, kuwajibaning kusir kêdah rumêksa prajurit ingkang wontên ing rata, bilih ingkang nitihi katèmpêr, nadyan kados punapa kemawon kakêndêlanipun prajurit wau, kêdah kabêkta lumajêng. Panjênênganipun radèn tamtu kula rêksa, makatên ugi panjênêngan, inggih kêdah rumêksa ing kula, rèhning

--- 89 ---

kusir kawajiban rumêksa, mila panjênêngan kula bêkta lumajêng. Kajawi punika paduka piyambakan wontên têngah barisan danawa kathahipun tanpa petangan, dados panjênêngan karoban tandhing, mila kêdah kula bêkta mêdal saking barisan."

Sri Krishna nglajêngakên cariyosipun: Nalika pun Pradyumna, ingkang daludagipun sinung pêpindhaning makara, mirêng aturipun kusir makatên wau, lajêng mangsuli: "Hèh, sutane Daruka, enggal balèkna rata iki, aja manèh-manèh kowe mlayokake aku saka paprangan, janji aku urip bae. Aku dudu darah Wrêshni, yèn kongsi mlayu saka paprangan utawa matèni mungsuh kang wus nungkul, lan asrah jiwa raga marang mungsuhe, matèni wong wadon, bocah, wong wus tuwa, saha mungsuh kang wus karusakan, kaya ta rusak ratane, uga putung gamane. Kowe linairake dadi kulawarga kusir, lêbda marang kuwajiban, sarta wus ora kurang tamat marang wêwatakane bangsa Wrêshni yèn nuju prang. Kagawa saka iku mau, Suta, aja pisan-pisan kowe mlayokake aku saka paprangan, kaya kang mêntas kalakon mau. Adhuh, gèk kapriye panganggêpe Sang Madawa, kang ora kêna kinalahake ana paprangan iku marang aku, manawa panjênêngane midhangêt warta, yèn aku lumayu saka paprangan, kang mung saka girising ati, sarta tatu gêgêrku utawa kaya apa dukane Sang Prabu Baladewa, kadange wrêdha Sang Madawa, kang ngagêm kawaca sarwa biru, sarta rêmên wuru anggur iku, sarawuhe ana pabarisan. Apamanèh gèk kapriye baya pangandikane pêpêthingane darah Wrêshni, wayahe Sang Sini (Satyaki), ksatriya linuwih iku, upama miyarsa, pawarta yèn aku mlayu saka paprangan. Sapira

--- 90 ---

lingsême Sang Samba, kang jayèng rana, lan Sang Carudhêsna, Sang Gada, Sang Sarana, lan Sang Akrura, kang padha ora kêna kinalahake iku, uga kapriye purine bangsa Wrêshni, yèn pinuju padha patêmonan, anggone padha ngrasani marang aku kongsi têkan dina kalênggahan iki isih nganggêp, yèn aku ksatriya kang kêndêl, utama, luhur lan prawira, wasana banjur ngucap: "Lah kae Pradyumna kang ora idhêp wirang, têka isih kaduga nyawang soroting srêngenge. Hèh, Suta, aja kongsi ana lêlakon mangkono, ingatase ksatriya wirang iku angungkuli pati. Mula aja pisan-pisan kok gawa lumayu manèh. Kawruhana, yèn sang pangrurah madu, kang samêngko lagi ngèstrèni sêsajine para darah Bharata, nalika angkate saka Dwaraka, masrahake nagara marang aku, lan kaya apa ta nisthaku, dene nalika Sang Kartawarma iku karsa mêtoni ngajurit, aku muni: "Aja mêtu, aku dhewe kang arêp mapagake mungsuh iki. Saka pangugunge marang aku Sang Hridikaputra, banjur mundur, mangka wêkasane aku banjur lumayu. Gèk kapriye ucapku, yèn aku katêmu lan prajurit linuwih iku? Kaya apa bêndune ksatriya kang salumprète Pancajannya, gêgaman cakra lan gada, kapriye unjukku ing panjênêngane, kang paningale kaya ron tunjung iku, gèk sapira lingsême Sang Satyaki, Sang Baladewa, para Wrêshni lan Andaka liya-liyane, sarta kapriye tuturku. Hèh, Suta, sawuse kok gawa mlayu saka paprangan, banjur gêgêr tatu panah, yèn mangkono aku ora kuwat urip, mulane Suta, enggal balèkna ratane sarta aja kok playokake manèh, nadyan sapira gêdhene bêbaya. Hèh, Suta, bêcik mati bae, yèn kongsi tatu gêgêrku, kang mratandhani yèn aku lumayu kaya lêkase wong jirih, nuli balèkna bae, anggonku prang iki durung rumangsa tutug."

--- 91 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping wolulas, perangan Arjuna Bihgamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 19. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Risang Wasudewaputra nglajêngakên cariyosipun: Rikala darah Suta kauwus-uwus makatên wau, lajêng mangsuli kalihan wicara aris, ing sêmu kadi ngarih-arih, ucapipun: "Dhuh, putranipun Dèwi Rukmini, kula mbotên kakilapan dhatêng ambêkipun para darah Wrêshni, yèn wontên madyaning paprangan, punapa malih mbotên pisan-pisan miris ningali kasêktèning mêngsah, nanging, kawuningana, para kusir sami dipun sumêrapakên wêwatonipun tiyang angusiri rata, kêdah rumêksa prajurit ingkang wontên ing ratanipun. Kalawau panjênêngan kapidhara, labêt kataman jêmparingipun Salwa, mila enggal kula bêkta lumajêng, ananging sarèhning samangke panjênêngan sampun waluya, suwawi radèn, dipun priksanana, kaparigêlanipun abdi panjênêngan, manawi ngusiri rata paprangan. Kula turunipun Daruka, sampun kagulang mangrèh turangga, sampun kirang pangatos-atos, samangke rata badhe kula têmpuhakên barisanipun Salwa."

Sri Krishna nglajêngakên pangandikanipun: "Sasampunipun makatên, kusir lajêng nyêngkrak apusing turangga pangirid, kalêbêtakên ing barisan malih. Dupi kapal dipun sêngkrak, saha dipun sambuk, lajêng mbandhang kadi mabur-mabura, prasasat mbotên napak siti, têmah damêl mirising

--- 92 ---

mêngsah. Plajênging turangga majêng, nanging sakêdhap-sakêdhap menggok nganan ngering, sakêdhap rikat, sakêdhap rindhik plajêngipun, pun kapal sampun sagêd nanggapi parentahing kusir prigêl wau, sêmuning kapal gambira, sukunipun kados mbotên napak siti. Sadaya prajurit sami kamitênggêngên ningali ayêming sêmunipun Pradyumna, sadanguning ngubêngi mêngsah. Salwa ewa andulu Pradyumna, enggal anglêpasakên jêmparing tiga, dhatêng kusiring mêngsahipun. Suta botên sulap dening jêmparingipun Salwa, lêstantun lampahipun wontên satêngêning baris. Salwa ngudani dêdamêl warni-warni dhatêng Pradyumna, ewadene satunggal kemawon mbotên wontên dêdamêl ingkang sagêd tumanduk ing badanipun, awit Pradyumna ngatingalakên kaprigêlanipun mutung dêdamêl ingkang badhe nanduki. Nalika Salwa priksa dêdamêlipun sami putung, saya liwung tandangipun lajêng nglênggahi ambêking asura, inggih punika matêk kêmayan, kalihan lêstantun ngudani dêdamêl, ananging sadaya ugi sami putung dening jêmparingipun Pradyumna, nama Brahmastra, nanging lajêng katungka ing jêmparing mawi dipun lar-lari, punika dêdamêl ngorong dhatêng rah, wêdalipun saking langkap mbarubul, dhumawah ing dhadha, lêngên, rai tuwin sirahing danawa. Salwa kalêngêr dhawah ing rata. Ing nalika punika Pradyumna musthi jêmparing panglêburing satru sêkti, inggih punika jêmparing pêpundhènipun bangsa Dasarha, murub makantar-kantar kadi latu, sarta ampuh kadi wisaning sarpa. Nalika jêmparing wau mèh kalêpasakên, ing gêgana kapirêng rame swaraning sêsambat: adhuh, samêngko katiwasane. Para dewa ingkang dipun tindhihi Bathara Indra saha Bathara Kuwera, dewaning kasugihan, ngaturi Rêsi

--- 93 ---

Naradha miwah dewaning angin, kang lampahing kadi kêclaping cipta, supados andhawuhakên timbalanipun para dewa dhatêng Pradyumna, makatên: "He, titah ulun Pradyumna, Prabu Salwa ora pinasthi mati dening sira, mula panahira aja sira kok lêpasake. Wruhanira, ora ana titahing dewa kang kawawa nadhahi panah iku, karsaning dewa linuwih, Salwa bakal mati dening Krishna, sutane Dewaki, mula enggal larutên krodhanira, murih kalêksanan karsaning dewa."

Kanthi bingahing manah Pradyumna mêndhêt jêmparingipun saking langkap, lajêng kawangsulakên dhatêng endhongipun. Kawuningana, yayi prabu, dupi Salwa sampun nandhang kanin ngantos arang kranjang lajêng ngoncati, wahana ratanipun adi, mumbul dhatêng nggêgana, nilar praja Dwaraka kanthi prihatos.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sangalas, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

--- 88 ---

BAB 20. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Sri Krishna nglajêngakên cariyosipun: "Sapêngkêripun Salwa, kula dhatêng Indraprastha, ngèstrèni sêsajinipun yayi prabu ing nguni. Nalika samantên praja Dwaraka katingal nyênyêt, sirna rêgêngipun, mbotên wontên suwantênipun tiyang maweda saha sêsanti. Tiyang èstri sami mbotên mawi pasrèning badan, mila kula lajêng pitakèn dhatêng Hridikaputra, punapa darunanipun, têka têtiyang Dwaraka, jalêr èstri sami katingal

--- 94 ---

nawung prihatos. Kartawarma lajêng nyariyosakên aluraning lêlampahan, wiwit dhatêngipun ngantos antukipun Salwa saking praja Dwaraka. Dhuh, darah Bharata, sasampunipun dumugi anggèn kula mirêngakên sadaya wau, ing ngriku tuwuh sêdya kula badhe mêjahi Salwa, nanging sadèrèngipun pangkat, kula mêpulih manahipun têtiyang ing praja Dwaraka rumiyin saha mitungkas dhatêng Ahuka, saha suta kula pun Dundyupi sarta dhatêng senapatining bangsa Wrêshni, makatên: "Hèh, banthènging bangsa Yadawa, kariya arja ana ing kutha Dwaraka, sarta aja kurang pangati-ati, awit ingsun arsa nuli mangkat matèni Salwa. Ingsun prasêtya ora mulih, yèn Salwa saanake kang sêkti iku durung sirna, dèn bisa ngarih-arih marang Dudyika kang bangêt miris marang Salwa."- Sasampunipun kula cariyos makatên wau, sadaya katingal sami bingah, lajêng matur sêsarêngan: "Suwawi lajêng pangkata nyirnakakên Salwa. "Para prajurit wau lajêng sami mêmuji unggulipun anggèn kula nglurug. Kula pamitan para brahmana, ngabêkti para wrêdha tuwin manêmbah ing Bathara Siwa. Dupi sampun samêkta, kula minggah ing rata kang pangiritipun pun Saiwa kalihan Sugriwa. Rata lumampah swaranipun angêbêki kitha, kula lajêng ngungêlakên pancayannya. Dene wadya ingkang kula bêkta amung pêpilihan saking sakawan bangsa. Mbotên watawis dangu praja Dwaraka dalah parêdènipun, lajêng mbotên katingalan. Lampah kula mêdal ing nagari Mardikawarta, ing ngriku kula mirêng pawartos, bilih Salwa langkung ing ngriku wahana rata linangkung, mêdal urut pagisikaning samodra, mila enggal kula lacak, mbotên ngantos têbih, tabêting rodha rata pêdhot mbotên katingalan, kula dugi bilih Salwa lajêng

--- 95 ---

mawahanmahawan gêgana, lumayang sanginggiling samodra, mila kula ugi lajêng dhatêng sanginggiling samodra. Sami sanalika wau kula priksa Salwa numpak rata sanginggiling umbak mawalikan; dupi Salwa priksa manawi kula anututi, lajêng sumbar-sumbar nantang prang. Jêmparing kula ingkang sagêd tumama dhatêng sadhengah ingkang kataman, punika botên sagêd dumugi ing panggenanipun Salwa, dene darahing raksasa linangkung wau ugi lajêng nimbangi jêmparing saking langkapipun ngantos kadi gumrojoging toya. Sakathahing wadyabala, kusir pangirid tuwin rata kula linimputan jêmparingipun Salwa, malah wadyabala danawa wau ugi sami ambiyantu ngudani jêmparing. Saking kathahing jêmparingipun mêngsah, ngantos mbotên priksa dhatêng kusir saha kuda pangirid kula piyambak, malah badan kula tuwin para wadya Dwaraka, ugi tansah kadhawahan ing jêmparing botên wontên kêndhatipun. Sami sanalika wau kula nglêpasakên jêmparing mayuta-yuta, saking pangwasaning aji, nanging wadya kula sami mbotên sagêd andulu barisaning mêngsah, awit mêngsahipun wontên ing awang-awang ingkang têbihipun saking barisan kula wontên kalih yojana, dados para wadya asura wau kadidene ningali tatingalan nyênêngakên, saking panggenan sakeca sarta botên mutawatosi, mila tansah kêplok surak botên wontên pêdhotipun, mawi nawung raos ngerang-erang mêngsahipun. Jêmparingipun wadya ing barisan ngajêng, sagêd dumugi ing barisan danawa, pandukipun ampuh kadi mandining wisanipun gêgrêmêtan. Mbotên watawis dangu kapirêng swara jêriting mêngsah ing rata endah dene danawanipun, ingkang numpaki pêjah, kenging jêmparing dhawah ing samodra. Pintên-pintên kathahipun [kathah...]

--- 96 ---

[...ipun] raksasa ingkang tugêl tanganipun, sirahipun, malah wontên ingkang kantun gêmbung kemawon, kumrutug dhawah ing sagantên sarwi sambat-sambat sangêt damêl ngêrêsing manah. Nalika samantên kula ngungêlakên pun poncayanya, ingkang saking samodra pinangkanipun, dêngkèng kadi gagang tunjung, sarta pêthak kadi puhan utawi sêkar kundha. Dupi Salwa priksa karisakaning wadyanipun enggal pêpulih matak kamayan, sarwi ngudani jêmparing, nanggala, waos, towok, garanggang, wadung, pêdhang tuwin sanès-sanèsipun malih, tur sadaya sami murub kadi latu, nanging tumuntên kula lêbur dening mantra pangrisaking dêdamêl, Salwa priksa cabaring pangabaranipun enggal lajêng ngudani ardi. Ing nalika wau papan paprangan sakêdhap katingal pajar, sakêdhap katingal pêtêng, sakêdhap bêntèr, sakêdhap asrêp, malah lajêng katungka jawah awu, ingkang dêrêsipun anglangkungi, binarung dhumawahing dêdamêl sarta latu. Makatên wau gêlaripun Salwa nalika mapagakên panêmpuh kula, nanging sadaya wau ugi lajêng sirna dening sanjata panulak. Sajêmbaring papan ajanging paprangan, wiwit ing siti dumugi ing langit, lajêng kula kêbaki dêdamêl, nanging ing nggêgana kadi kabasmaran dening sunaring srêngenge têmpuk lan sunaring rêmbulan saha lintang maèwu-èwu, ingkang nalika samantên katingal sêsarêngan ing langit. Mila ingkang sami prang mbotên priksa rintên tuwin dalu, tuwin lèr kidul, miwah ngandhap nginggil. Saking kagèting manah, kula enggal musthi sanjata wasta prangnyastra, dados sadaya kamokalan wau lajêng sirna tanpa tilas, kadi lêbu katêmpuh prahara agêng, mila tiyang lajêng priksa pilahing mêngsah tuwin rowang. Ing ngriku witipun prang barubuh, saking

--- 97 ---

ramêning prang ngantos njêgrigakên wulu, ewadene botên watawis dangu lajêng kasapih dening pangamuk kula."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih dasa, saking perangan Arjuna Bihgamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 21. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Sang Wasudewaputra nglajêngakên pangandikanipun: Kawuningana, yayi prabu, nalika Salwa kula prêpêki, enggal mahawan nggêgana, nanging saking kapenginipun unggul, Salwa lajêng ngungêlakên satagni, kalihan ngudani dêdamêl warni-warni, awit dêdamêl wau saking ngawang-awang dhumawahipun, mila enggal kula lêpasi jêmparing panulak, sadaya sami lêbur, satunggal kemawon mbotên wontên ingkang sagêd dumugi ing rata kula. Sasirnaning dêdamêl wau ing nggagana kapirêng wontên swara gumludhug, jagad kadi badhe kinukud pun Daruka kula pangirid, punapadene rata kula, kaêbyuk jêmparinging mêngsah ngantos maèwu-èwu. Pun Daruka kataton, mila lajêng matur: "Nadyan dhawahing jêmparing ing badan kula kadi tumurining jawah, ewadene kula mbotên badhe lumajêng, awit sampun kalimrah para kusiring prajurit linangkung, nanging kula sampun mbotên sagêd nglajêngakên nyêpêng apus, jalaran badan sampun mbotên kuwawi nggulawat, labêt kathahing tatu."- Rikala mirêng sambatipun Daruka kang mêmêlas wau, lajêng kula waspadakakên, têmên tatunipun badanipun Daruka arang kranjang, wêdaling rah

--- 98 ---

saking tatunipun, mantêr kadi toya mêdal saking tukipun, badanipun sakojur mbaranang kadi ardi gamping kang kagrujug ing jawah dêrês, mila enggal kula arih-arih.

Dhuh, yayi Prabu Yudhisthira kadang kula, ing nalika wau ugi wontên tiyang Dwaraka nyêlaki rata kula, sêmu kadi gugup, nêmbah sarwi matur, napasipun mênggèh-mênggèh sanjang bilih dipun kèngkèn Sang Ahuka, ucapipun: "Pukulun, gusti sêsêmbahan kula, ingkang nyenapatèni wadya Dwaraka Sang Ahuka paring wuninga ing paduka, dhuh, Kesawa, suwawi dipun mirêngna pangandikanipun rama paduka, dhuh pêpêthinganing bangsa Wrêshni, kang tanpa timbang ing jagad, sapungkurira Salwa têka ing Dwaraka banjur nyirnakake sudarmanira Sang Wasudewa karo patrap daksiya, mula aja sira bacut-bacutake anggonira prang, nuli muliha, rumêksaa praja Dwaraka, awit iku kawajibanira kang prêlu dhewe."- Nalika samantên kula katuwuhan raos rangu-rangu, pundi ingkang kula lampahi, ing batos sangêt nutuh dhatêng Sang Baladewa, Satyaki, Pradyumna, sabab nalika kula badhe pangkat, prajurit sinakti tiga wau ingkang kula pasrahi rumêksa ing kangjêng rama, pangunandikaning manah: apa Sang Wasudewa pangrurah satru sêkti iku isih sugêng, apadene Satyaki, lan sutane Rukmini, sarta Carudhêsna, kang pilih tandhing ing prang, Samba lan liya-liyane. Awit manawa para wira iku salah siji, isih urip, kiraning ingsun nadyan dewa kang gêgaman gêlap, apa bisa matèni kangjêng rama Wasudewa, kaniaya têmên, dene kangjêng rama Wasudewa nêmahi bilai, apês têmên, para ksatriya ing Dwaraka, têka ora ana kang urip.- Kados

--- 99 ---

punapa risaking manah kula yayi prabu, kalayan raos makatên wau anggèn kula mapagakên Salwa malih. Dupi sampun cêlak lan ratanipun Salwa, kula priksa piyambak, Sang Wasudewa dipun sawatakên mandhap saking ratanipun Salwa, gumêbrug dhawah ing siti. Sami sanalika wau kula kantaka, awit nyumêrapi bapa kula kadi lêlampahanipun Prabu Yayati. Sasampunipun têlas kasaenanipun lajêng kajêngkangakên saking swarga dhumawah ing ngarcapada, utawi kados ndaru ingkang sampun sirna prabanipun, makuthanipun dhawah saking mustaka, rikma sarta pangagêman mawut-mawut. Kula dhawah ing jrambah rata langkap pun sarênga mrucut saking gêgaman mawut-mawut, sirah kula sumampir tambing ing rata. Ing nalika punika wadya Dwaraka sami sambat sêsarêngan, ucapipun: Adhuh, samêngko katiwasan, Sang Wasudewaputra katon njêbabah ndhêpani rata, sampeyane mangkêrêt, kaya manuk kêna panahe tuwaburu.- Nanging wadyaning mêngsah sami ngetungakên dêdamêl anggêgirisi. Tatingalan wau damêl rêmpuning manah. Satangi kula, Salwa punapa Sang Wasudewa, sampun mbotên katingalan, kula lajêng kèngêtan, bilih ingkang kula sumêrapi wau amung para cidraning mêngsah, mila kula enggal anglêpasakên jêmparing malih.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sêlikur, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 22. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Sang Wasudewaputra nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, narendra têdhak Bharata, kula mênthang langkap linangkung nglêpasakên [nglê...]

--- 100 ---

[...pasakên] jêmparing tanpa wicalan kathahipun. Sakathahing danawa ingkang sami pagas utamangganipun dening jêmparing kula, sirahipun kumrutug dhawah ing siti. Ing nalika wau kula lajêng mênthang langkap pun sarêngga, kangge anglêpasakên jêmparing kadi sawêr, ingkang ampuhipun angedap-edapi, sarta sagêd têbih dhumawahipun, nanging Salwa musna mbotên katingalan, krana matêk aji limunan, ing ngriku kula katuwuhan raos gêtêr, mila panêmpuh kula lajêng kandhêg sakêdhap, ngêntosi ngatingalipun Salwa. Para danawa ingkang paraupan saha rambutipun abrit anggêgilani, sami gêro-gêro anggrêgodha, mamrih kuwuring manah kula. Mila kula lajêng nglêpasi jêmparing ingkang sagêd nganani mêngsah ugi mirêng swaranipun kemawon. Lêpasing jêmparing kula wau ingkang nyirêp gêroning raksasa, awit pundi ingkang nywara têmtu kataman jêmparing, ingkang murub kadi latu sarta mbotên sagêd lêpat nadyan amung ancêr-ancêr swara, nanging sabên suwantên sapanggenan kèndêl, liyan panggenan wontên ingkang nywara sarta ugi lajêng kula jêmparing malih. Ing nalika samantên wontên swara anggêgirisi saking sadaya prênah, ingkang lajêng kula lêpasi jêmparing sêsarêngan, kalihan pinantran; inggih nalika samantên rata adi ingkang sagêd dumugi ing pundi purugipun ingkang dipun kajêngakên punika wiwit katingal malih. Salwa ngrutug sela agêng-agêng dhatêng rata kula, dhumawahing sela ngantos kadi jawah dêrês, kula kaurugan ing sela ngantos kadi griya sêmut rata, kusir kuda pangirid, punapadene daludag, mbotên katingal sadaya, kaurugan sela. Para prajurit bangsa Wrêshni sami kêkês manahipun, lumajêng salang tunjang, sarta mirêng swara panggrêsah: Sapisan iki

--- 101 ---

têmtu tiwas. Têtela yèn wadya Dwaraka sami alit manahipun, lajêng nangis kalara-lara, nanging mêngsah kados punapa bingahipun. Dhuh, yayi Prabu Yudhisthira mirêng kula sakathahing lêlampahan wau, sasampunipun mêngsah kalindhih.

Kawuningana yayi prabu, sela pintên-pintên wau lajêng kula rêmuk sarana blêdhèg, dêdamêlipun Hyang Indra, namung kuda pangiriding rata kula, awit kawratan ing sela, mila sami gumêtêr satêngah pêjah. Tiyang Dwaraka dupi priksa yèn sakathahing sela sami rêmuk dening dêdamêl kula, sami bingah manahipun, kadi tiyang nyumêrapi wêdaling srêngenge saking mêndhung ingkang sampun dangu anggènipun nasabi. Pun Daruka dupi priksa kuda pangirid lêmpe-lêmpe mèh pêjah, labêt kinrutug ing sela, lajêng pratela ing kula: "Dhuh, pêpêthinganing darah Wrêshni, suwawi dipun tingalana, Salwa kang wahana rata adi, katingal wontên ing ngawang-awang; gusti sampun paduka gêgampil, mugi sampun tilar kaprayitnan, wêlas paduka dhatêng Salwa dipun berata, tumuntên dipun sirnakna, sampun ngantos dipun gêsangi. Dhuh, pangrurahing satru, nadyan alit sangêt, bilih sampun kacêpêng, mêngsah kêdah dipun sirnakakên, dados sampun ginampil, langkung malih mêngsah ingkang sampun purun tandhing tiyasa saha liron prabawa. Dhuh, darah Madu, suwawi ngêtoka kasudiran, kangge ambrastha mêngsah sinakti punika, sampun ngantos kadangon, awit sampun têtela yèn Salwa mbotên sagêd katêlukakên sarana aris. Sintêna ingkang sampun kadugi lumawan paduka, sarta Dwaraka, sampun saèstu mbotên badhe dados mitra paduka." Nalika kula mirêng aturipun Daruka, ingkang kula manah lêrês,

--- 102 ---

ing ngriku tangining kasudiran, nêdya mungkasi prang, mila lajêng mangsuli: "Srantèkna sawatara." Kalayan ngucap makatên, kula lajêng nglêpasakên jêmparing kaswargan, murup makantar-kantar mbotên kenging katulak, têmtu sagêd ambrastha mêngsah sinakti punika. Sabab ampuhipun anglangkungi, nalika ndungkap lumêpas, mawi kula sangèni: lêbura rata adi dalah kang padha nunggangi iku. Sasampunipun jêmparing lumêpas, kula matêk mantra, kalihan sarosa nglêpasakên cakra sudarsana, kang pangwasanipun tanpa timbang, inggih dêdamêl pangrisaking para yaksa, raksasa lan danawa punapadene para ratu, kang linairakên ing bangsa kang asor, têmtu katêmahan sirna. Ing pinggir landhêping cakra mingis-mingis anggêgirisi, kadi pangwasanipun Bathara Yama, inggih panglêburan kang tanpa timbang. Lumêpasing cakra cumlorot kadi srêngenge ing wêkasaning jaman. Dupi lampahing cakra sampun dumugi sanginggil kitha ing Soba, lajêng ngêncêng mandhap dhawah têngah-têngahing nagari, kang kagraji anyigar kajêng. Kadhawahan cakra sudarsana, kitha sigar dados kalih, kados pêcahing praja Tripurantara nalika kataman jêmparingipun Bathara Mahiswara. Sarisaking kitha Soba, sudarsana wangsul dhatêng tangan kula, lajêng kula sawatakên malih mawi kula sangèni: Salwa nuli sirnakna. Salwa ingkang sawêg ngayat gada gora, kataman cakra sudarsana sigar dados kalih, wadyabalanipun sami suh mbrastha dening pangwasanipun cakra sudarsana, pêjahing raksasa, wadonipun lumajêng sasaran, kalayan sambat ngaru-ara. Kula printah dhatêng kusir, supados rata kaajêngna dumugi sangajêng gapuraning kitha Soba, sarta anyêbul Poncayanya, kangge pratandha ungguling jurit, supados bingaha manahipun para wadyabala [wa...]

--- 103 ---

[...dyabala.] Sakathahing raksasa sisaning palastra, sarêng priksa bilih kithanipun, ingkang inggilipun prasasat mahamèru, dalasan suyasanipun adi, saha gapuranipun pisan sami lêbur dados awu, enggal sami lumajêng rêbat pangungsèn. Sasampunipun nglêbur kitha ing Soba, saha mêjahi Salwa, kula mantuk dhatêng Anarta, ambêbingah wadyabala.

Makatên wau pambêganipun, mila kula mbotên tinjo dhatêng Hastinapura. Dhuh, pamunahing satru, upami kula wontên, pasthi yèn mbotên kalampahan ngabotohan, tuwin Duryudana têmtu sirna, samangke badhe kadospundi malih, toya ingkang sampun dados uwab, punika mbotên gampil pupulipun."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: ri sampuning ngandika makatên, têtungguling priya, ingkang linangkung pangwasanipun sarta pangrisaking madu, ingkang mêngku ambêk utami, lajêng paring pangèstu dhatêng para Pandhawa, tata-tata badhe kondur. Rikala Sri Krishna pamit kalayan anoraga, Prabu Yudhisthira tuwin Sang Bhimasena sigra ngaras mustakanipun Sri Krishna, Arjuna ngrangkul bangkekanipun, dene sang kêmbar sumungkêm ing pada. Bagawan Dumya asêsanti jaya-jaya, Dèwi Krêsna manêmbah kalayan waspanipun daleweran, Dèwi Subadra kalayan ambopong Abhimanyu kainggahakên ing rata kancana, Sri Krishna sigra minggah ing rata sarwi kaurmatan denin para Pandhawa. sasampunipun mitungkas dhatêng Sang Yudhisthira, Sri Krishna bidhal dhatêng Dwaraka, nitih rata endah, pangiritipun Sawya tuwin Sugriwa. Sapêngkêripun Sri Krishna, Drêstadyumna, Prisataputra, ugi lajêng kondur dhatêng prajanipun, [pra...]

--- 104 ---

[janipun,] kalayan ambêkta putranipun Dèwi Drupadi. Makatên ugi narendra ing Cèdhi Risang Drêtakètu, mêmuji kaluhuranipun para Pandhawa, sarta lajêng kondur dhatêng prajanipun, kalihan ambêkta kadangipun pawèstri. Sang Kekaya, ingkang linangkung kasêktènipun, sasampunipun pamitan saha muji kamulyanipun Pandhawa malih kalayan anoraga, inggih lajêng bêbidhalan. Nanging para brahmana, para waisya, tuwin têtiyang ing Indraprastha, sanadyan dipun dhawuhi supados anilara, sami mbotên nêdya nilar Pandhawa. Kathahipun têtiyang ingkang sami nguyun-uyun Prabu Yudhisthira wontên wana Kamyaka tanpa petangan. Kacariyos Prabu Yudhisthira sasampunipun manglingga murda para brahmana, lajêng dhawuh dhatêng wadyanipun, supados angajêngakên rata.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kalih likur, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 23. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Bhagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sapêngkêripun tatungguling bangsa Dasarha, Sang Yudhisthira, Sang Bhima, saha Sang Arjuna, punapadene sang kêmbar, ingkang kabagusanipun pindha Hyang Siwa, makatên ugi Dèwi Krêsna saha para brahmana, sami linggih ing rata adi, pangirid kuda pêpilihan, sigra bêbodholan lumêbêt ing wana.

--- 105 ---