Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Image

Sêrat Mahabharata No. 6.

7 Juni 1959.

Nalika ngajêngakên tindakipun, Sang Yudhisthira paring niskara, kancana, busana saha lêmbu dhatêng para brahmana, ingkang sami lêbda dhatêng siksa, aksara, tuwin mantra. Wadya kalih dasa ingkang sami sikêp dêdamêl jêmparing, satagni (dêdamêl ingkang sagêd murub kadi latu), gada, tuwin dêdamêl pangrisak, Indrasena nunggil sarata kalihan Dèwi Krêsna, sarwi ngampil pangagêmanipun sang dèwi tuwin raja kaputrèn, êmban, inya, cèthi parêkan sami tut wingking rata titihanipun Dèwi Krêsna, dene tiyang sanès-sanèsipun sami anggarêbêg Prabu Yudhisthira. Brahmana agêng-agêng ing Kurujanggala sami asêsanti, Sang Prabu Yudhisthira kalihan para ari sami angurmati lajêng bidhal. Dèrèng watawis têbih Sang Prabu Yudhisthira kèndêl sakêdhap, wigatos ningali têtiyang ing Kurumandhala anggènipun sami rêbut dhucung, pênggalihipun sang prabu dhatêng têtiyang wau sakalangkung wêlas, kados dhatêng putranipun, kosokwangsulipun têtiyang wau, panganggêpipun dhatêng Sang Prabu Yudhisthira kados trêsnaning anak dhatêng bapakipun. Têtiyang wau lajêng ngrêrompa sang prabu, sarwi mbrêbês mili, saking trênyuhing manahipun, sarta sami sêsambat: "Adhuh gusti kula, dhuh Dharmaputra aturipun: "Paduka ratuning bangsa Kuru, dados inggih ratu kawula, paduka badhe tindak dhatêng pundi? Dhuh, ratu ingkang tan kalepetan ing dosa, tindak paduka nilar praja tuwin para kawula, punika kadi bapa ingkang nilar sutanipun. Kaaniaya têmên Prabu Drêtarastra, makatên malih Suwala tanaya, kang

--- 106 ---

asor ing budi, tuwin Narpati Karna, têka tansah ngangkah karisakan paduka ingkang têtêp anglênggahi kautaman. Paduka pribadi ingkang mangun kitha Indraprastha, ingkang endahipun tanpa timbang, mbotên siwah kalihan ing Kelasa, samangke paduka tilar. Dhuh, narendra kang ambêg wêlasasih, kadospundi dene paduka karsa nilar kitha pujan, ingkang tan prabeda kalihan kadhaton kaswargan, utawi kados maya ing kaswargan, tansah rinêksa ing para dewa. Kaparênging karsa badhe dhatêng pundi, Sang Wibatsu, ingkang putus dhatêng kautamèn, kasênêngan tuwin kabêgjan, lajêng ngandika sora: "Hèh kisanak, anggone kakang prabu dêdunung anèng ngalas iku prêlune arêp anyirnakake bêcike jênênge mungsuhe. Sira, tinindhihan para brahmana, kang ora kewran marang kautaman, lan padha sinung kamulyan, padha misaha, martapaa dhewe-dhewe. Panjênêngane gêmatènana, sarta mirantia apa kang pakolèh tumrap panjênêngane. Dupi para brahmana midhangêt pangandikanipun Sang Arjuna (Wibatsu), lajêng atur pambagya kanthi sukaning panggalih, sarwi lumampah ing ngiringanipun Pandhawa. Sasampunipun atur pamuji arjaning lampah, têtiyang wau lajêng kadhawuhan sampun tansah tut wuntat, mila lajêng sami wangsul ing griyanipun piyambak-piyambak kalihan sangêt prihatos."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tiga likur, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

--- 107 ---

BAB 24. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi têtiyang wau sampun sami wangsul, Prabu Yudhisthira ingkang ambêg utami, taksih lêstantun puguh anêtêpi sêsanggêmanipun, lajêng ngandika dhatêng para ari: "Ingsun apadene sira kabèh, bakal padha dêdunung ing alas kang sêpi lan wingit iki, lawase kongsi rolas warsa, mulane padha miliha panggonan kang akèh manuk lan satone, apadene ora kêkurangan wowohan sarta kêmbang-kêmbang, kang nyênêngake kanggo padunungan, kang pakolèh lan dadi palêrêmane para tapa, dimèn sênêng anggon ingsun lan sira kabèh padha dêdunung kang kongsi samono suwene mau."- Dupi tampi timbalanipun ingkang raka makatên wau, Sang Arjuna sasampunipun manêmbah dhatêng Sang Dharmaputra, ingkang kaanggêp puruhitanipun, lajêng matur: "Dhuh, kakang prabu, paduka sampun asring têtunggilan kalihan para dwija saha para rêsi. Sadangunipun paduka têtunggilan kalihan Sang Dwipayana, Rêsi Naradha tuwin sanès-sanèsipun, ingkang sami gêntur kasutapan, sabab paduka sampun sagêd mangrèh indriya, mila paduka sagêd lumêbêt ing sawiyah panggenan, ing alaming para dewa, punapa asramaning para brahmana, alaming para gandarwa tuwin apsara. Saèstonipun kakang prabu mbotên kewran dhatêng ambêk saha pangwasanipun para brahmana. Paduka mbotên kakilapan pundi ingkang prayogi sami dipun lampahi; kula amung badhe andhèrèk pundi ingkang dados kaparêngipun panggalihipun kakang

--- 108 ---

prabu. Mbotên watawis têbih saking ngriki wontên têlaga sukci, toyanipun wêning mêncêp-mêncêp, nama Dwetawana, kathah sêsêkaranipun, asri tiningalan, tansah sinaba ing pêksi warni-warni. Manawi dados panujuning panggalihipun kakang prabu, salêbêtipun kalih wêlas taun wau, prayogi sami dêdunung ing riku kemawon, utawi punapa kakang prabu kagungan panggalih sanèsipun malih?"

Wangsulanipun Prabu Yudhisthira: "Yayi êndi kang sira pilih, iku pasthi yèn dadi panujuning panggalih ingsun. Mara banjur padha mênyang têlaga gêdhe, kang sukci lan asri ing Dwetawana iku."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para Pandhuputra ingkang luhuring budi, lajêng sami dhatêng ing têlaga sukci ingkang nama Dwetawana, kairing ing para brahmana. Para brahmana, ingkang tansah ngurung-urung tindakipun Sang Prabu Yudhisthira wau, sawênèh wontên ingkang sêsaji latu, wontên ingkang mbotên, sawênèh wontên ingkang marsudi Wedha, ingkang gêsangipun amung saking pisungsungipun tiyang sanès, tuwin wontên ingkang kalêbêt golonganing Wanaprastha,§ Wanaprastha punika têgêsipun = wana = alas, dados wana ingkang nama: Prastha. Wontênipun lajêng brahmana martapa kasêbut para Wanaprastha, punika têmbung kalantur, witipun makatên: Wontên sêsanggêmanipun para anggayuh kawicaksanan sêkawan warni. Sêsanggêman sakawan wau wontên satunggal ingkang mungêl tiyang kêdah tapa manggèn wontên wana. Rèhning kala samantên Wanaprastha punika kaanggêp wana sukci, mila sabên brahmana tapa lajêng lumêbêt ing Wanaprastha, wêkasan sabên para tapa kalantur dipun wastani para Wanaprastha. punapadene sang prabu ugi.

--- 109 ---

kasuba-suba ing para Mahatma, ingkang putus kasutapanipun sarta têtêp dhatêng sêsanggêman. Labêtipun Risang Pandhuputra, bêbanthènging têdhak Bharata dhatêng Dwetawana, ingkang sukci saha sakalangkung asri wau, sêsarêngan kalihan para Brahmana. Ing nalika punika nglêrêsi pungkasaning mangsa bêntèr, ingriku sang prabu ningali kajêng: sala, sayang, mangu, manduka, nipa, kadamwa, sarya, arjuna, karnikara, ingkang angêbêki wana wau sami ambabar sêkar, sarta kathah golonganipun mêrak, datyuha, cakora, warhan sarta kokila, sami mencok wontên pucaking kajêng agêng sarwi angocèh warni-warni, ing sêmu kadi nambrama ingkang nêmbe prapta. Sang Prabu Yudhisthira ugi priksa golonganing dipangga ingkang agêngipun magiri-giri, sami ngêdalakên toya, mratandhani mangsanipun sami laki sarta kairingakên pintên-pintên dirada èstri. Dupi sampun cêlak kalihan lèpèn Bhogawati, Saraswati, ingkang anguyunakên manawi tiningalan, sang prabu wuninga para dwija sawatawis, ingkang sampun tinarimah tapa bratanipun. Punapadene wontênipun ing wana, sang prabu priksa para ingkang luhur jiwanipun, sami ngagêm klikaning kajêng, rikma kinlabang. Sasampunipun mandhap saking rata Sang Prabu Yudhisthira, têtungguling para utami, sigra lumêbêt ing wana, kadhèrèkakên para ari tuwin sanès-sanèsipun, kadi sang sudibya Bathara Indra lumêbêt ing suralaya, lajêng kapapagakên ing para siddha, para carana pintên-pintên. Labêt sami kapengin antuka kawasa, utawi saking bêktining pambêganipun, têtiyang ingkang sami wontên ing wana Dwetawana sami mapagakên Prabu Yudhisthira, têtungguling ratu ing marcapada, ingkang waspada. Lumêbêtipun sang prabu dhatêng

--- 110 ---

wana sarwi anguncupakên asta, katèmpèlakên pranaja (sêmbah jaja). Dipun urmati para siddha, ingkang lajêng tinimbangan, kados angurmati dhatêng para narendra tuwin para dewa. Sang Prabu Yudhisthira, sasampunipun angurmati dhatêng para siddha, ingkang sami mapagakên, lajêng lênggah ing antawisipun para tapa, sangandhaping kajêng agêng, ingkang ambabar sêkar. Para têtungguling têdhak Bharata, inggih punika, Sang Bhima, Sang Arjuna, sang kêmbar tuwin Dèwi Drupadi, sapandhèrèkipun, awit saking sangêting sayah, lajêng sami lukar rêrimongipun, lênggah sacêlakipun sang prabu. Kajêng agêng ingkang ngandhapipun sami kangge lêlênggahan para Pandhawa, sêmu mêntêlung labêt kawratan ing suluripun, tiningalan kadi rêdi agêng, ingkang lambungipun wontên gajahipun gangsal sami andhêkêm.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sêkawan likur, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 25. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun rajaputra wau kasangsara, wasana lajêng angsal palêrêman ingkang sakalangkung nyênêngakên, wontên têngah-têngahing wana, kathah witipun sala, sarta kalangkungan ing lèpèn Saraswati, mila para praja rajaputra tansah mangenggar-enggar panggalih, ing ngriku Sang Prabu Yudhisthira karsa

--- 111 ---

ambêbingah para yayati, para mauni, sarta ingkang sami kasinungan watak kabrahmanan, sarana pisungsung ing wowohan saha dhangkèl ingkang miraos.

Kacariyos Bagawan Dumya, ingkang santosa ing budi, sarta sampun kadidene sudarmanipun para rajaputra, lajêng wiwit sêsaji histi, tuwin petreya, wigatos amrih rahayunipun para Pandhawa, sadangunpun dêdunung wontên ing wana wau. Dèrèng watawis dangu kalihan anggènipun sang bagawan sêsaji, wontên pandhita wrêdha mêrtamu dhatêng palêrêmanipun para Pandhawa ingkang sampun kecalan karatonipun. Dene pêparabipun ingkang nêmbe prapta, inggih punika Sang Bagawan Markandeya, ingkang sêtya tuhu ing sêsanggêman saha kasinungan kalimpatan. Sang prabu, têtungguling têdhak Kuru, ingkang luhur ing budi, sarta tanpa timbang karosanipun, sigra atur pambage dhatêng sang maha mauni, ingkang ingaji-aji wontênipun kaswargan, sarta kapundhi-pundhi ing para rêsi, ingkang sami agêng pangaribawanipun. Sang maha mauni ingkang mumpuni dhatêng salwiring pangawikan, sarta pinunjul ing jagad têtiga, dupi wuninga dhatêng Dèwi Drupadi, kalihan Prabu Yudhisthira, punapadene Sang Bhima tuwin Sang Arjuna, sami dêdunung ing wana, lajêng mèsêm, ing batos èngêt dhatêng lêlampahanipun Prabu Rama. Prabu Yudhisthira, ingkang botên nate cidra, rikala priksa sang maharsi mèsêm, sêmunipun kalèntu panampi, mila lajêng pitakèn makatên: "Para tapa, ingkang sami priksa anggèn kula sami wontên ing wana, sadaya sami wêlas, kadospundi dene paduka malah angèsêmi? Punapa sang maharsi bingah ningali kula kasrakat wontên ing wana?"

--- 112 ---

Wangsulanipun Bagawan Markandeya makatên: "O, anak prabu, kula wêlas sangêt ningali paduka nandhang lêlampahan makatên punika; èsêm kula wau botên saking bingahing manah, sarta ngerang-erang, nanging awit saking katêtangi èngêt kula dhatêng lêlampahanipun Sang Rama, putranipun Prabu Dasarata, ingkang sêngsêm dhatêng kasutapan. Lêlampahan paduka punika kados kawontênanipun Sang Ramawijaya, anggènipun dêdunung wontên ing wana, kadhèrèkakên Sang Laksmana, sabab ngèstokakên dhawuhipun ingkang rama, nalika minggah dhatêng Risyamuka sarwi angiwa langkap. Sang Ramawijaya, ingkang kaprawiranipun tan pae lan Bathara Indra, ratuning para dewa, ingkang sampun nyirnakakên namuci, ewadene dêdunung wontên ing wana, amung saking anêtêpi dharmaning anak dhatêng sudarmanipun. Sang Rama ingkang pangwasanipun prasasat Bathara Sakra, sarta mbotên sagêd kasoran manawi mangun yuda, ewadene kalampahan kendhang wontên ing wana, nilar sakathahing kamulyan tuwin kasênêngan, awit saking punika: punapa mbotên dosa tiyang mungêl: aku kawasa. Prabu Nabhaga tuwin Prabu Bhagirati sarta sanès-sanèsipun, sasampunipun sagêd mangrèh bawana ingkang kinêpang samodra sakawan, wasananipun ugi sami nilar marcapada, lah punapa mbotên kalintu manawi tiyang purun mungêl: aku kawasa. Pêpêthinganing narendra sang prabu ing Kasi tuwin Kase, ingkang ambêg utami saha sêngsêm dhatêng kasunyatan, nalika kapisah saking kaprabon saha kasugihanipun, lajêng dipun wastani sêgawon edan, pundi lêrêsipun mungêl: aku kawasa. Dhuh, Pandhuputra, rêsi pêpitu punika sagêdipun sumorot ing antariksa, dupi sampun sumêrap pêpacakipun [pêpacak...]

--- 113 ---

[...ipun] kang murba misesa, kados ingkang kawasita ing Wedha, punapa mbotên lêpat tiyang mungêl: aku kawasa.§ Kawontênaning lintang pêpitu ingkang sumorot ing langit, punika dipun anggêp rêsi pêpitu, inggih punika: Atri, Anggira, Pkashya, Pulaha, sapanunggilanipun malih, pikajêngipun anêdahakên manawi sadaya planèt tuwin lintang punika: jiwa minulya, ingkang winarakakên makatên: minangka pratandhaning lêlabêtanipun. Pamanggih makatên punika asring kasumêrapan ing sêrat-sêrat sukci bangsa Arya. Dhuh, sinuwun, suwawi dipun priksanana dirada, ingkang sarwa santosa punika, anggènipun prasasat rêdi, darbe gadhing ewadene ugi mbotên sagêd mêdhot pangeraning dumadi, punapa mbotên lêpat, upami tiyang purun mungêl: aku kawasa. Dhuh pêpêthinganing darah Bharata, suwawi dipun priksanana sagunging dumadi sami tumindak ing damêl, nggarap kuwajibanipun piyambak-piyambak, kados ingkang sampun kawêdhar ing sastra, punapa lêrês manawi tiyang mungêl: pangwasa iku duwèkku. Dhuh, Pandhuputra, ingkang têtêp ing janji, utami saha susila, paduka pinunjul sasamining titah, suwuring kaprawiran paduka sumorot kadi srêngenge, mugi têtêpa dhatêng janji ingkang paduka sanggêmi, saparipurnaning kasangsaran ingkang paduka panggih wontên ing wana pambucalan, paduka saèstu sagêd angrêbat kawiryan paduka saking tanganing Kurawa, sarana kaprawiran paduka.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun mitungkas makatên dhatêng

--- 114 ---

Prabu Yudhisthira, ingkang tansah rinampa dening para tapa tuwin para mitranipun, Sang Maharsi Markandya, urmat dhatêng Bagawan Dumya tuwin para Pandhawa, lajêng lumampah mangalèr, manut sapambuncanging karsa."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sêlangkung, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 26. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sarêng ing Dwetawana kagêm palêrêmanipum para Pandhawa, ingriku lajêng kèbêkan para brahmana, mila toyanipun talaga tansah ngumandhangakên suraosing Wedha, têmahan dados talaga sukci, prasasat kahyanganipun Bathara Brahma. Ungêl-ungêlan ingkang kacêtha ing Yajur, Rig tuwin Samawedha tansah kinidungakên ing para brahmana, kang sami maweda kabarung swara gumêroting langkapipun para Pandhuputra, ingkang mratandhani ingriku dados papan pasupêkêtanipun ksatriya kalayan brahmana, mila dahat angêlam-lami.

Nuju satunggaling dintên wanci sontên Rêsi Waka golonganing kulawarga Dhawiya, matur dhatêng Sang Yudhisthira, ingkang nalika samantên lênggah ngantawisipun para rêsi, wicantênipun makatên: "Dhuh, Pritaputra, têtungguling bangsa Kuru, èngêta punika sampun wancinipun Homa, ingatasipun [ing...]

--- 115 ---

[...atasipun] para brahmana ingkang mungkul dhatêng kasutapan, tamtu lajêng amiwiti Homa sabên latu sukci sampun kaurupakên. Amargi saking yom paduka para brahmana kalampahan sagêd nindakakên saupakartining panêmbah wontên panggenan kang sukci punika. Têdhakipun Rêsi Bhrigu sarta Anggira, nunggil kalihan Rêsi Wasistha lan Kasyapa, sami putranipun Rêsi Agastya, ingkang minulya, inggih têdhakipun Rêsi Atri, ingkang têtêp tapa bratanipun. Enggalipun para brahmana agêng-agêng ing jagad, samangke sampun saabipraya kalihan panjênênganipun sinuwun, dhuh Pandhuputra, ingkang mijil saking Dèwi Kunthi, suwawi dipun piyarsakna atur kula, ingkang badhe kula aturakên punika: "Manawi latu punika katiup ing maruta, sagêd anêlasakên wana, makatên ugi kawicaksananing brahmana carup kalayan kasudiraning ksatriya, kadigdayaning ksatriya, ingkang winanton pangwasaning brahmana, saèstu mbotên wontên pangwasa satribawana ingkang kawawa nanggulangi. Nggèr, sintêna, ingkang darbe pangangkah nêdya mangrèh bawana tuwin sanès-sanèsipun ing têmbe, têmtu angrakêt para brahmana. Sajatosipun para raja sagêd anêlukakên mêngsahipun, punika manawi nganthi brahmana, ingkang lêbda dhatêng Wedha, sarta njajah dhatêng saliring lêlampahan ing marcapada tuwin mbotên darbe angkara sarta sampun luwar saking luruping maya. Prabu Wali anggènipun marentah kawulanipun ugi ngagêm wêwaton ingkang têtela kenging kangge tuntunan dhatêng pamudharan. Ing jagading manusa sampun mbotên wontên sanèsipun kajawi ngrakêtakên brahmana. Inggih saking makatên wau wontênipun Asura Wali, putranipun Sang Wirucana, kasêmbadan sakajêng-kajêngipun

--- 116 ---

saha mbotên têlas kabêgjanipun. Ananging sasampunipun sagêd angrêgêm jagad, kanthi pitulunganipun brahmana, lajêng manggih karisakan, dupi wiwit miawon ing brahmana. Jagad saha rajabrananipun punika mbotên purun dinarbe ksatriya, ingkang mbotên dipun êmbani brahmana, ananging jagad ingkang kinubêngan samodra punika trêsna dhatêng ksatriya ingkang anggènipun nindakakên kuwajibanipun tinata sarta tinuntun ing brahmana, candranipun ksatriya ingkang tinilar ing brahmana, kados gajah tanpa srati, badhe tansah suda-suda pangwasanipun. Kawicaksananing brahmana tanpa timbang, makatên ugi kaprawiranipun ksatriya têtela tanpa tandhing, pramila manawi kalih-kalihipun wau ngêmpal jagad punika saèstu angaji-aji, kadosdene latu ingkang saya andados urupipun, awit katiup ing angin, saèstu kawasa ambrastha damèn tuwin kajêng, makatên malih ratu ingkang nganthi brahmana, têtela sagêd mangrurah satru sêkti. Ksatriya ingkang lêpas ing budi, sagêdipun nggayuh sadhengah ingkang dèrèng dinarbe, punapadene anggènipun ngindhakakên pundi ingkang sampun dinarbe, kêdah sarana pitêdahing brahmana. Awit saking punika, dhuh putranipun Dèwi Kunthi, supados paduka sagêd anggayuh ingkang dèrèng ginayuh, makatên ugi murih sagêd patitising tumanjanipun rajadarbe sarta tiyang, kêparênga nganthi brahmana, ingkang misuwur putus dhatêng Wedha, wicaksana tuwin jajah dhatêng lêlampahaning marcapada. Dhuh, sinuwun, paduka tansah angluhurakên brahmana, pramila kuncaraning kautaman paduka sumorot wontên ing jagad têtiga."

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rikala Prabu Yudhisthira kaalêmbana [kaalêm...]

--- 117 ---

[...bana] dening Rêsi Waka, têdhak Kiya, para brahmana sakalangkung bingah. Rêsi Dwipayana, tuwin Rêsi Naradha, Rêsi Jamadagnya, sarta Pritusrawa, tuwin Balaki, Krêtacetas, lan Sahasrapat, Rêsi Krnasrawasamudya, lawan Gaswa, tuwin Kasyapa, Harita lan Setulakarna, Agniwedya, lan Konaka, Kritawak kalihan Rêsi Suwak, Wrihadasya lan Wibawasu, Hurdaretas lan Wiswamitra, Rêsi Sahotra tuwin Hotrawahana, sarta sanès-sanèsipun para brahmana, ingkang sami têtêp kasutapanipun, sami sakalangkung suka, saha lajêng sami angurmati Sang Yudhisthira, kadosdene para rêsi anggènipun ngurmati Hyang Purandara ing kaswargan."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping nêmlikur, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 27. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Salêbêtipun wontên wana pambucalan, satunggaling dintên para Pandhuputra tuwin Dèwi Krêsna, sami wiraosan sawarnining lêlampahan ingkang sampun dipun panggih salêbêtipun kasangsara. Dèwi Krêsna ingkang sulistya ing warni, sarta ingkang bêkti dhatêng kakungipun, nêmbah dhatêng Sang Yudhisthira sarwi matur makatên: "Drêtarastraputra, ingkang candhala murka, sarta ambêk daksiya, sêmunipun mbotên gadhah wêlas dhatêng kula tuwin para Pandhawa, awit nalika kang asor ing budi wau, nundhung kula tuwin paduka

--- 118 ---

dalah para ari dhatêng wana, sarwi mangangge cucaling sato, mbotên katingal ewah pasêmonipun, bokmanawi manahipun tiyang kados makatên punika sampun atos kadi sela, dene kadugi ngucapakên têmbung gangsul dhatêng paduka. Sasampunipun damêl karisakan dhatêng tiyang ingkang lêrêsipun wontên ing dalêm kamulyan miwah kawibawan, pun candhala budi wau lajêng mangun suka kalihan para mitranipun. Sinuwun, nalika paduka mangagêm cucaling sato, lumêbêt ing wana, amung tiyang sakawan ingkang mbotên runtuh luhipun, inggih punika: Duryudana, Karna, Sakuni kang watak culika, tuwin Dusasana, kadangipun Duryudana kang candhala budi, kajawi tiyang sakawan punika, dhuh pêpêthinganing bangsa Kuru, para Kurawa sanès-sanèsipun, sami karêrantan sarta nangis kalara-lara. O, sinuwun, sabên kula ningali papan pasareyan paduka samangke, lajêng kula tandhing kalayan ing nguni-uni, manah kula kados rinujit-rujit, sabab paduka mbotên wajib nandhang sangsara makatên punika. Ing nguni tansah mangun kamuktèn linangkung, manawi kula mèngêti dhampar gadhing ingkang linambaran ing prangwadani, palênggahan paduka wontên salêbêting kadhaton, lajêng sumerang palênggahan paduka samangke, manah kula kados rinujit-rujit. Dhuh, narendra têdhak Bharata, ing nguni paduka sineba ing para raja wontên salêbêting kadhaton. Adhuh kados punapa raosing manah kula, samangke nyumêrapi kawontênan paduka kados makatên punika. Ing nguni sarira paduka mancorong kadi sasangka purnama, tansah kêkonyoh ing candhana, lah kados punapa risaking manah kula, sumêrap sarira paduka samangke, lêbur dening lêbuning wana, ing nguni pangagêman paduka sarwa sutra, pêthak kadi

--- 119 ---

salju, sapunika mangagêm sarwa kuciwa makatên. Ing nguni dhêdhaharan adi-adi dipun usung saking kadhaton dipun wadhahi ing baki kancana kapisungsungakên para brahmana ingkang kathahipun maèwu-èwu, dhuh, sinuwun, paduka tansah misungsung dhêdhaharan sarwa miraos dhatêng para tapa ingkang sampun mbotên adhêdhepok ingkang taksih amêngku asrama. Paduka tansah angêbaki bokor kancana maèwu-èwu kalayan dhêdhaharan mawarni-warni, saha ambêbingah para brahmana, sarana mituruti sapanyuwunipun, lah kados punapa raosing manah kula, nyumêrêpi kawontênan paduka makatên punika. Dhuh, narendra kang luhur ing budi, para ari paduka ingkang sami nêdhêngipun tumambirang, sarta sami ngagêm anting-anting, ing nguni dhêdhaharanipun sarwa adi, pangagêmanipun sarwa kancana, ingkang lêrêsipun mbotên kêdah nandhang papa, punika samangke sami dados tiyang bucalan wontên ing wana, lah badhe angsal punapa anggènipun sami wontên ing wana punika. O, sinuwun, manah kula kados jinuwing-juwing. Manawi paduka ngèngeti Bhimasena, gêsang kasangsara wontên ing wana, punapa mbotên sampun nêdhêngipun, ngatingalakên kasudiraning panggalih? Kadospundi dene paduka mbotên murina, ningali Bhima ingkang kasumbaga sarta sagêd ngrampungakên saliring pakaryan, mbotên mawi pitulunganing liyan, samangke dhumawah ing papa ingkang sanès lêrêsipun. Dhuh, sinuwun, punapa paduka mbotên wêlas ningali Sang Bhimasena, ingkang salami-laminipun mbotên kakirangan pangagêman adiluhung, têka samangke manggèn ing wana. Bhima kadugi mrawasa Kurawa wontên samadyaning ngadilaga, dados anggènipun nandhang sangsara punika amung nglabêti anggèn paduka nêdya nêtêpi

--- 120 ---

sêsanggêman. Dhuh, sinuwun, nadyan Arjuna, astanipun amung kalih, ewadene kathahipun wêdaling jêmparing saking langkapipun manawi lumawan mêngsah, prasasat Arjuna atangan sèwu. Tumraping mêngsahipun Arjuna punika Yama, rikala ing wêkasaning jaman, awit saking pangwasaning dêdamêlipun Arjuna, kalampahanipun para raja samarcapada sagêd kêmpal lan para brahmana wontên kadhaton ing Indraprastha, inggih punika nalika sêsaji Rajasuya. Punapa dèrèng sagêd mêmungu rênaning panggalih, manawi paduka nguningani Sang Arjuna bêbanthènging jagad, ingkang linuhurakên dening isèn-isèning swarga tuwin para danawa samangke kapêksa mambêng kanêpsonipun, sinuwun, têlas manah kula ningali paduka mbotên murina, uninga Pritaputra wontên ing pambucalan, mangka Sang Arjuna ksatriya ingkang mukti wibawa, sarta ingkang dede lêrêsipun manggih karisakan. Punapa paduka mbotên duka nguningani Sang Dananjaya, ingkang amung wahana rata limrah kemawon sagêd unggul lan para dewa, manusa, sarta naga. Dhuh, Prabu Yudhisthira, punapa mbotên katêtangi kasudiraning ksatriyan paduka, nguningani ksatriya ingkang sampun nate darbe rata, gajah, tuwin turangga, jarahan saking sakathahing nagari, ingkang ratunipun katêlukakên wontên ing paprangan, samangke nandhang papa wontên ing pambucalan. O, sinuwun, punapa sangsaranipun Sang Arjuna ksatriya ingkang sagêd nglêpasakên jêmparing gangsal atus salêpasan, punika, dèrèng cêkap kangge anênangi pamuriraningpamurinaning panggalih paduka. Dhuh, pêpêthinganing têdhak Bharata, punapa paduka botên wêlas nguningani Nakula, kêsatriya kang taksih nêdhêng taruna, ingkang bagusipun tanpa timbang ing jagad, sarta linangkung [li...]

--- 121 ---

[...nangkung] kaprigêlanipun sikêp pêdhang (sabêt), samangke kasangsara wontên wana pambucalan. Dhuh, sinuwun, punapa paduka taksih mêksa ngapura dhatêng piawoning mêngsah. Manawi nguningani Sahadewa, putranipun ibu Madri, wontên salêbêting pambucalan, dhuh, sinuwun, punapa paduka mbotên wêlas nguningani Sang Nakula kalayan Sang Sahadewa, sami nandhang papa ingkang sanès lêrêsipun punika. Dhuh, pêpêthinganing bangsa Kuru, punapa paduka taksih ngapuntên dhatêng mêngsah paduka, manawi ningali kula dados tiyang bucalan. Kula punika putrinipun Prabu Drupada, sadhèrèkipun Drêsthadyumna, mantunipun Prabu Pandhu, ingkang misuwur ing jagad tanpa tandhing, garwanipun para Pandhawa, ingkang bêkti ing kakungipun. Dhuh, Prabu Yudhisthira, punapa paduka kaoncatan kautamaning ksatriya, dene ngalumpruk tanpa kuwanèn. Punapa panggalih paduka mbotên ebah nguningani para ari, sarta kula sami kasrakat punika. Kacariyos mbotên wontên ksatriya ingkang sêpi kanêpson, nanging ungêl-ungêlan wau sulaya kalayan kawontênan paduka, manawi wontên prêlunipun, mangka ksatriya mbotên ngatingalakên kanêpsonipun, punika cinacad ing jagad, awit saking makatên wau, mugi sampun miyarsakakên pangapura ngantos dumugi mêngsah paduka ingkang lampah cidra, mangka sajatosipun, sarana kaprawiran paduka, têtela sagêd nyirnakakên mêngsah paduka. Ananging ksatriya ingkang mbotên ngapura dhatêng ingkang pantês dipun apura, punika mbotên dipun sihi ing jagad, sarta badhe nêmahi karisakan ing marcapada sarta ing dêlahan.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitu likur perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

--- 122 ---

BAB 28. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Dèwi Drupadi nglajêngakên aturipun: "Kawuningana sinuwun, ing kina wontên lêlampahan ingkang sayogi kangge pêpiridan ing atasipun prakawis punika. Punapa paduka kasupèn dhatêng wiraosipun Rêsi Praladha kalayan Prabu Wali, anakipun Sang Wirucana."

Nuju satunggaling dintên Prabu Wali takèn dhatêng êmbahipun, ingkang pêparab Sang Praladha, têtungguling para asura tuwin para danawa, ingkang sakalangkung waspada sarta putus dhatêng kawruh dharma, aturipun Sang Wali: "Dhuh, eyang, pundi ingkang langkung prayogi dipun lampahi, wasesa punapa sagara. Sangêt pêtêng wontên pamanah kula, pramila mugi eyang kaparênga paring pitêdah, sabab panjênênganipun eyang putus dhatêng saliring dharma. Manawi sampun kadhawuhakên, saèstu badhe kula èstokakên."

Êmbahipun ingkang putus dhatêng saniskara, dupi dipun pitakèni makatên punika, lajêng mangsuli ngantos anjalèntrèh dhatêng saputunipun ingkang sawêg rangu-rangu manahipun wau, wicantênipun makatên: "Mungguhing wasesa iku ora têmtu bêcik. Mangkono uga apura, iya durung têmtu utama. Apura kang tanpa wasesa bakal ngukup piala, yaiku kalerehane, wong liyane, apadene mungsuhe, tamtu banjur padha anyênyamah, ora ana wong kang gêlêm anglairake marang wong kang mangkono ambêge, mulane para wicaksana ora nayogyani marang kang tansah ngapura. Wong apura tanpa wasesa, kalerehane [kale...]

--- 123 ---

[...rehane] tamtu padha anyênyamah, sarta iya banjur wani nglakoni kaluputan pira-pira. Malah kalerehane kang asor budine banjur wani andaku panganggo, paturon, palinggihan, pangan, pangombèn, sarta liya-liyane kang têtela prêlu, lan ora gêlêm bage marang kancane, kaya parentahe bêndarane, apadene ora gêlêm ngajèni kang sapatute. Panyamah kang mangkono anane ing marcapada iki, asore angungkuli pati. Hèh, putu, anake, bature, kalerehane apamanèh wong liyane, têmtu nuli wani angucapake têmbung gangsul marang wong kang tanpa wasesa, malah wong-wong kang tuna budi banjur wani duwe melik marang somahe wong kang mangkono, sarta bojone iya banjur wani nindakake sakarêp-karêpe dhewe. Batur kang mung ngarah sênênge atine dhewe, mangka bêndarane mung tansah ngapura, têmtu yèn wani nglakoni piala rupa-rupa. Sarupaning cacat mangkono mau nglumpuk marang wong kang watake tanpa dêduka. Nanging samêngko rungokna pialane wong tanpa apura, wong kang watak panas baranan, iku tansah linimputan ing pêpêtang, dhêmên matrapi paukuman rupa-rupa, marang wong kang bênêre diukum utawa ora. Wong mangkono iku diêdohi pawong mitrane, bangêt lan orane gumantung kandêl tipising watak mau, wong mangkono iku ora antuk sihing sanak sadulur lan wong liya, kagawa saka wong mau tansah gawe saksêriking liyan, têmtu banjur sangsara, kaya ta diwêwirang, sêdhih, digêthing ing liyan, sugih mungsuh, sarta kelangan kabêgjan. Wong kang panas baranan, awit dhêmên midosa ing liyan, wêkasan kacênthok basa kang kasar, dadi wong mangkono mau kelangan kabêgjan, bangsa, malah kongsi kelangan uripe. Kajaba kelangan mitra, lan

--- 124 ---

sanak sadulur, wong kang tansah ngêgungake dêduka, adhakane ora bisa milahake mungsuh lan rowang, wasana gawe rêtuning jagad, kayadene ula kang lumêbu ing omah, têmtu gawe gègère wong-wong kang padha ana ing ngomah mau. Kapriye bisane tampa kabêgjan, manawa wong gawe rêtuning jagad? Wong mau ngêndi parane têmtu tansah dioyak-oyak, mulane aja kongsi wong ngêgungake kanêpson, luwih saka samurwate, ananging aja tanpa dêduka babarpisan. Uwong kudu nindakake apura lan dêduka saprayogane, wong ngapura utawa midana, kudu nganggo êmpan papan, dimèn bisa tampa kabêgjan, ing marcapada lan ing dêlahan.

Dhuh, putuku wong bagus, samêngko aku nêdya mratelakake prakara mau kongsi cêtha. Kawruhana wêwatoning apura kang wus ditêtêpake bênêr dening para wicaksana, sarta kudu disumurupi ing sawiyah wong, mara rungokna:

Sing sapa kang wus gawe lêlabuhan bêcik marang kowe, sanadyan kaluputan gêdhe, ngèlingi gêdhening lêlabuhan mau, kudu diapura. Wong kang gawe kaluputan ora kanthi katêmaha utawa kang jalaran saka bodhone, iku kudu diapura, amarga ora sabên wong têmtu kasinungan kawruh lan kawicaksanan. Wong kang kaluputan kanthi panêmaha, mangka rewa-rewa ora ngrêti, iku kudu dipidana, nadyan ora sapira kaluputane. Wong mangkono ora kêna kaapura. Nanging wong kaluputan kang ora saka panêmaha, sarta sawuse katitipriksa kongsi salêsih, mangka nyata ora katêmaha, iku kudu diapura. Kasusilan iku bisa ngalahake kakuwatan lan kalêmbekan, ora ana samubarang kang ora kêna ginayuh dening kasusilan,

--- 125 ---

mula dayaning kasusilan iku luwih saka pangirane wong akèh. Yèn wong anggarap samubarang kudu ngèlingi kakuwatan lan kalêmbekane. Ora ana samubarang kang ginayuh, yèn ora nganggo êmpan papan. Mula salawas-lawase sira tansah angèlingana êmpan papan, ana mangsakalane ngapura wong kaluputan, yaiku manawa wong kang kaluputan mau, diukum bakal gawe gêtêre wong akèh, mangkono iku wanci kang prayoga, kanggo nindakake pangapura. Kajaba kabèh mau, sarupaning kaluputan kudu dipidana.

Awit saking punika sinuwun, punapa mbotên sampun nêdhêngipun paduka midana para Kurawa, putranipun Prabu Drêstarastra, ingkang angkara budi, saha tansah damêl awon dhatêng Pandhawa. Samangke mbotên lêrês manawi dipun apuntêna malih, paduka kêdah midana dhatêng tiyang dosa, sarta tiyang ingkang amung apura punika têtela mbotên angsal aji. Manawi tiyang santosa kêdah nêtêpakên adil, makatên punika tindak ingkang patitis ingatasipun narendra.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping wolu likur, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 29. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Dhawuh wangsulanipun Sang Prabu Yudhisthira: "Kanêpson iku pangrusak utawa guruning manusa. Kawruhana Drupadi, kang kasinungan kawicaksanan, kanêpson iku iya tuking kasangsaran utawa kabêgjan. Dhuh, wong ayu, sing sapa

--- 126 ---

bisa mambêngi kanêpson, iku bakal ngukup kabêgjan, nanging wong kang njurungi kanêpsone, bakal nêmu karusakan. Wus têtela yèn kanêpson anane ing jagad iki dadi tuk karusakane dumadi, lah kapriye yèn wong kaya aku anjurungi kanêpson, kang têtela dadi witing karusakaning sagung dumadi. Wong nêpsu iku dosa, wong nêpsu kalamangsa kongsi kaduga matèni gurune utawa natoni atine dhêdhuwurane, sarana gangsuling solah bawa. Manawa wong katutupan kanêpson, adhakane ora bisa mbedakake têtêmbungan kang kêna utawa ora kêna diucapake. Wong kang nêpsu ora ana panggawe kang sinirik, uga ora ana têtêmbungan kang ora kaduga angucapake, awit saka nêpsu kalakone wong gêlêm miala ing liyan, kang bênêre ora wajib dialani, utawa ngajèni ing liyan kang bênêre kudu diêndhih. Kagawa saka nêpsu kalamangsa wong kongsi anêmahi pati, mula para wicaksana padha mambêng kanêpsone, karana kêpengin ngukup kabêgjan ing marcapada utawa dêlahan. Iya amarga saka mangkono mau, mula para kang santosa budi, nuli padha ambirat kanêpson. Dhuh, putrine Prabu Drupada, apa patut ingsun anjurungi kanêpson, awit saka iku mula ora tangi kanêpson ingsun. Wong kang ora nimbangi kanêpsoning liyan, iku bisa angêntas awake dhewe lan mungsuhe saka kasangsaran, wong kang mangkono prasasat dhukune wong loro mau. Yèn wong kang ora santosa, manawa dialani ing liyan, amarga saka bodhone, bisa uga banjur nêpsu marang wong kang luwih kawasa, yèn mangkono prasasat nêmaha gawe karusakane dhewe. Wong kang nêmaha angrusak uripe dhewe mangkono mau, mapan ora olèh panggonan anane ing dêlahan. Mulane Drupadi, banjur ana unèn-unèn: wong ringkih kudu

--- 127 ---

mêpêr kanêpson, dene kang wicaksana, sanadyan dialani mêksa ora tangi kanêpsone, amarga sumurup manawa bakal ngukup kamulyan ing dêlahan. Awit saka mangkono mau, mula nadyan kawasa apa ringkih, wong kudu tansah angapura marang wong kang padha ngalani ing awake, sanadyan kang ngalani mau têtela yèn kalah tandhing; iku sababe Drupadi. Mulane para utama mangayubagya marang sing sapa kang padha mambêngi kanêpsone.

Miturut pangandikane para wicaksana, apura iku nuntun marang kamênangan; nyata iku luwih aji tinimbang kang ora nyata, wong kang ambêg wêlasan, iku luwih bêcik tinimbang wong kang dhêmên nganiaya. Ingatase ingsun, êndi bênêre yèn kongsi ngumbar kanêpson, kang kayadene tuking sagung kaluputan, sarta siningkur dening para utama. Sanadyan ingsun uga darbe pangangkah nêdya mungsuh kakang mas Duryudana, ewadene aja kongsi sinurung dening kanêpson. Wong kang sinêbut amiguna ingaguna, iku wong kang kanêpsone ora tumus ing ati. Wong kang sinêbut waskitha, yaiku wong kang santosa budine, wujude wong kang bisa mambêngi kanêpsone, sarana kawicaksanan. Dhuh, wong manis, wong nêpsu iku ora wêruh marang kajatèning samubarang; wong nêpsu iku ora wêruh dalan kang bênêr, sarta gêlêm ora ngajèni ing liyan, kalamangsa wong nêpsu kongsi gêlêm matèni wong, kang bênêre ora wênang dipatèni. Wong nêpsu kalamangsa wani marang gurune, mulane saka iku wong kang santosa budine, padha angêdohi kanêpson. Wong kang kalimput ing kanêpson, ora gampang bisane nggayuh kaluhuran, kautaman, kakêndêlan, kabêcikan sarta watak liya-liyane kang

--- 128 ---

lumrah dadi wêwatêkane para utama. Wong kang sèlèh kanêpson, bisa patitis anggone nuduhake kakuwatane. Yèn wong bodho kanêpsone iku dianggêp kakuwatan, mulane kanêpson iku diparingake marang manusa kanggo angrusak jagad. Dadi wong kang kapengin patitis satindake kudu ninggal kanêpson. Sanadyan wong ora arêp anêtêpi kautamaning bangsa, yèn arêp patitis tindake kudu ora nuruti kanêpson. Wong-wong kang bodho, kang awit ora kasorotan pêpadhanging budi, mula padha wani nêrak sakèhing pêpali. Wong kang lumuh kalepetan dosa, kaya ingsun, kapriye bisane tumindak kaya kang mangkono mau. Manawa ing antarane wong kang mayuta-yuta iki ora ana kang ngêgungake apura, kayadene bumi jagad ora bisa têntrêm, têmtu tansah ana pasulayan, kang wite mung saka kanêpson. Manawa wong dialani malês ngalani, manawa wong diukum kalurahane, malês ngukum, têmtu andadèkake karusakaning dumadi, wêkasan jagad banjur kaèbêkan ing ala. Manawa bapa anggitik anake, anake malês anggitik, sarta wong lanang nggitik wong kang wadon, kang wadon banjur malês anggitik, o, Krêsna, apa ana wong linairake ing marcapada, kang kêbak piala mangkono mau. Kawruhana wong ayu, lairing dumadi iku saka têntrêm, dadi yèn linairake ing marcapada kang kêbak piala mau, sirna katêntrêmane. Apadene yèn ratu anjurungi kanêpsone, kawulane bakal nêmu karusakan, mulane banjur diarani: kanêpson iku dadi tuking karusakan lan kasusahaning manusa, ananging awit ing marcapada ana wong kang ambêge kaya bumi, yaiku tansah angêgungake ngapura, mula dumadi padha lêstari urip sarta antuk kamulyan. Lah Drupadi, wong wajib ngapura marang kaluputaning [kalu...]

--- 129 ---

[...putaning] liyan; kasêbut ana ing wulang, manawa lêstarining bangsa iku wite saka apura. Sayêktine wong kang bisa mambêngi kanêpson, sarta ngêgungake pangapura, nadyan ditatoni atine, diplindêr utawa diuring-uring, iku wong wicaksana lan luhuring budi. Wong kang bisa nyêgah kanêpson iku bakal nêmu kamulyan langgêng, dene wong nêpsu, diarani wong bodho, sarta bakal nandhang karusakan ing marcapada lan ing dêlahan. Dhuh, Krêsna, Rêsi Kaswapa, kang luhur ing budi, sarta angêgungakên apura, saka anggone angluhurake marang kang padha dhêmên ngapura, kongsi ngripta kakidungan mangkene:

1. apura ya kautaman | apura iku sêsaji | pangapura iku Wedha | pangapura iku Sruti ||

2. sing sapa wonge kang wêruh | iku mau yêkti bisa | ngapura mring wong kang padha | anglakoni kaluputan ||

3. apura iku Brahma | apurèku kasunyatan | apura iku wêwadhah | kautamane pratapa ||

4. pangapura iku yêkti | dadi pangayomanira | kabêcikaning pra kang | para samu mangun tapa ||

--- 130 ---

5. apurèku kasutapan | apurèku kasucian | jagad iki dadi nira | golong saka apura ||

6. wong kang ngêgungake apura | iku bakal bisa manjing | ing dunung kang lumrah dadi | ganjarane wong sêsaji ||

7. utawa nugrahanira | wong kang putus mring Wedha | utawa gêgadhangannya | para kang gêntur kasutapan ||

8. wong kang padha asêsanti | miturut warahing dewa | utawa kang nindakêna | sarengating kang agama ||

9. iku uga padha antuk | papan liya saka iku | nging wong dhêmên apura | manjing mring brahmapura ||

10. pangapura iku nyata | pangwasaning pangwasa | apura iku dêdana | apura iku samadhi ||

--- 131 ---

Lah Drupadi, kapriye nggon ingsun bisa tinggal apura, krana apura iku brahma, kasunyatan, kawicaksanan, lan jagad. Wong kudu tansah ngapura, amarga sing sapa bisa ngapura iku bisa têkan ing brahma, jagad iki dadi gêgadhangane sing sapa dhêmên ngêgungake apura, apadene jagad liyane, sing sapa dhêmên têmtu antuk pangaji-aji ing marcapada, sarta antuk katêntrêman ing alam kang mulya. Wong kang bisa ngêndhak kanêpson sarana angêgungake apura, bakal bisa angunggahi alam luhur; wite mula pangapura iku diarani kautaman kang luhur dhewe. Kêkidungan mau kinidungane dening Rêsi Kaswapa, kanggo angluhurake marang wong kang padha ambêg apura. Drupadi, sarèhne sira wus ngrungu kêkidungan mau, mula bêcik nuli narimaa, aja anjurungi kanêpson. Kangjêng eyang Sang Santanuputra uga ngluhurake karukunan, mangkono uga eyang Rêsi Krêpa, lan Sanjaya, Sang Samadata, kakang mas Yuyutsuh lan Rêsi Drunaputra apadene eyang Wiyasa, kabèh mau padha amrih rukun. Pangiraningsun, uwa Prabu Drêtarastra bakal maringake bali karaton ingsun dene manawa panjênêngane kagiwang dening kamurkan, têmtu bakal nêmu karusakan. Hèh, Drupadi, ing mangsa iki wus ngancik gawad-gawading lêlakon, tumrap para darah Bharata. Mangkono katêmune atiningsun, sawatara taun kang kapungkur; kakang Duryudana ora dianggêp mungguh jumênêng narendra, nanging ingsun ora cinacad, kagawa saka ingsun tansah angêgungake apura. Apura lan wêlasasih iku wataking jiwatma, kang kawêdhar ing kalairan, mulane ingsun nêdya angurêpi kang mangkono.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sanga likur, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

--- 132 ---

BAB 30. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Atur wangsulanipun Dèwi Drupadi: "Kula angluhurakên Dati§ Dati punika Hyang Widhi. saha Dèwi Widatri,§ Widatri, awak-awaking pakarti, ingkang dipun anggêp dados tuking gêsang, enggalipun: inggih ingkang anitahakên sarta ngupakara sadaya dumados. ingkang ambawurakên pamawas paduka dhatêng wajibing ngagêsang punika panggalih paduka mbotên sami kalayan rama tuwin eyang paduka, sabab beda-beda pandamêlipun, mangka pandamêl punika tamtu angwontênakên kadadosan ingkang mbotên kenging dipun singkiri. Panggayuh dhatêng kamardikan punika pandamêl saking kabodhoan, sêmunipun ing marcapada ngriki kabêgjan mbotên kenging kagayuh sarana kautamèn, paramarta, pangapura, burusing manah, sarta mbotên anêrak pêpali, awit upami ambêg makatên wau sagêd anênuntun dhatêng kabêgjan, paduka saèstu mbotên kataman panandhang ingkang samantên awratipun, paduka saèstu kalis dening sangsara. Makatên ugi para ari paduka, ingkang sami kasinungan utamining panggalih. Ing nguni nalika paduka taksih wontên salêbêting kamulyan, ngantos dumugi sangsara punika, paduka dèrèng nate singlar saking kautamèn, kados mbotên wontên titah gêsang ingkang kautamènipun satimbang kalayan paduka. Kautamèn paduka kagalih langkung aji katimbang gêsang, para darah Bharata,

--- 133 ---

sarta para lêluhur paduka tuwin isèn-isèning swarga, sampun sami wuninga manawi kaprabon saha sugêng paduka punika namung tumuju dhatêng kautamèn. Paduka kadugi nilar Sang Bhimasena, Arjuna, sarta putranipun Dèwi Madri kêkalih, punapadene kula, nanging mbotên kadugi nilar kautamèn.

Kacariyos ratu punika jumênêngipun prêlu ngayomi kautamèn, mila kautamèn gêntos ngayomi panjênêngan nata, nanging kula priksa manawi kautamèn mbotên ngayomi paduka. Dhuh, pêpêthinganing manusa, anggèn paduka nêtêpi kautamèn botên kamomoran piawon, ngantos kados ayang-ayangan anggènipun tansah kêkinthil dhatêng tiyangipun. Paduka mbotên nate nacad sasamining dumadi, kalerehan punapadene dhatêng panginggilan. Sanadyan paduka ngantos mangrèh jagad, ewadene paduka mbotên adigung, dhuh, Pritaputra, paduka tansah ngluhurakên para brahmana, para dewa, para pitri, para swaha saha para swadha,§ Kalih pisan wau mantra agêng wontênipun ing sêrat Wedha. saha sanès-sanèsipun ingkang wajib liningga murda. Dhuh, Pritaputra, paduka tansah damêl sênênging panggalihipun para brahmana, sarana anyêkapi sakabêtahanipun punapa para sanyasi para yayati, para pakir, tuwin tiyang ingkang sami mbakoni bale wisma. Sadaya wau paduka cêkapi têdhanipun, winadhahan ing kancana, panunggilanipun ingkang kula angge tuwin angayomi dhatêng para wanaprastha,§ Golonganipun para tapa, ingkang botên bale griya. sadaya isèn-isèning kadhaton mbotên

--- 134 ---

wontên ingkang paduka mbotên lilah maringakên dhatêng para brahmana. Sêsaji Wiswaweda tumindak samêsthinipun, wontên ing karaton paduka, sarta andadosakên karênaning panggalih paduka. Sadaya kagungan paduka tansah kasadhiyakakên ing para tamu, paduka narimah kêkantunanipun, isti, pasubandha, sêsaji kangge saraning panggayuh dhatêng wohing pêpenginan. Sarengating agami tumrap tiyang ingkang mêngku bale wisma, sêsaji paka, sarta sêsaji sanès-sanèsipun, punika sami tumindak wontên karaton paduka, ngantos wontên salêbêting wana pambucalan ingkang makatên sêpinipun, mbotên kêmba anggèn paduka ngudi dhatêng kautamèn. Sêsaji kapal (Aswaweda), Rajasuya (sêsaji jumênêng nata), pundarika (sêsaji gajah), sarta sêsaji Gosawa (sêsaji lêbu), sêsaji agêng-agêng ingkang waragadipun mbotên sakêdhik, sadaya sami paduka wontênakên. Dhuh, sinuwun, kabêkta saking dêrênging karsa ingkang kirang kawêwekan, têmah damêl gêtêring manah kula, inggih punika nalika paduka kawon dhadhu, paduka sampun angêtohakên sadaya, ingkang têmahanipun kawon, kecalan kawibawan, kecalan karaton, dêdamêl, kadang tuwin kula. Tiyang ingkang prasaja, wêlasan, rumêsêp, susila, têmên, kados panjênênganipun sinuwun, kadospundi dene kalampahan tumindak ingkang makatên asoripun? Wêkdal punika kula mèh kantaka, raosing manah kados karêmêt-rêmêt, ningali karisakan tuwin kasangsaran paduka. Dêdongengan kina wontên ingkang kenging kangge pêpiridan tumrap kanyataan, mratelakakên manawi tiyang punika kawêngku ing purba wasesaning Hyang Widhi, dados mbotên saking kajêngipun tiyang piyambak, mênggahing kasangsaran tuwin kamulyan, bêgja cilakanipun

--- 135 ---

tiyang punika sampun pinasthi dening Hyang Widhi, sadèrèngipun tiyang wau lair, awêwaton pandamêling tiyang, kadosdene wiji ingkang têtela badhe tuwuh dados kajêng gêsang. Dhuh, bêbanthènging manusa, kadosdene golèk, ebahing tanganipun awit kasolahakên ing tiyang, makatên ugi kawontênanipun sadaya dumados, punika tansah pinakartèkakên dening Kang Maha Kawasa, dhuh, barata, kados kawontênaning akasa, anglimputi samukawis, makatên ugi kawontênanipun kang murba misesa, rumêsêpipun dhatêng sadaya titah, sarta anamtokakên bêgja cilakanipun sadaya titah, punika sami kawêngku ing pangwasanipun kang Maha Agung kadosdene pêksi ingkang cinancang. Sadaya punika kawasesa dening Kang Maha Agung, mbotên wontên dumados ingkang sagêd nata kawontênanipun piyambak, kadosdene mutyara ingkang rinonce ing bênang utawi kadosdene lêmbu ingkang dipun kêlohi irungipun, tuwin kadosdene wiwitanwit-witan sapinggiring lèpèn, ingkang dhawah satêngahing toya. Sadaya titah punika amung kapurba wasesa ing pangwasaning Hyang Widhi, sabab sadaya wau sami kasinungan sugêngipun Kang Maha Luhur, sarta dumunung wontên ing panjênênganipun. Sarèhning manusa punika kawasesa ing gêsangipun Kang Maha Luhur wau, mila nadyan amung sakêdhèping netra, tiyang mbotên darbe kamardikan. Kabêkta saking linimputan ing pêpêtêng, pramila sagunging titah punika mbotên sagêd mangwasani bêgja cilakanipun piyambak. Pamanggihipun tiyang swarga punika sagêd dipun panggih kosokwangsulipun sagêd kacêmplung ing naraka, punika atas karsaning Gusti, kados urubing damèn, punika gumantung ing angin agêng. Sadaya tiyang gumantung ing wasesaning Hyang Widhi,

--- 136 ---

saha amung Hyang Widhi pribadi kang anglimputi saliring dumadi, sarta ingkang nindakakên sae punapa awon, punika ngumandhang ing dalêm Kang Maha Kawasa. Sanadyan mbotên wontên tiyang sagêd angucap: "Iki Pangeran" – tumrapipun jiwatma, badan punika pirantos, inggih badan ingkang kangge sarananipun Kang Maha Luhur, anggènipun badhe ngundhuh wohing piawon utawi kasaenan. Awit saking punika pangwasa mayaning Pangeran, nunggil kalihan mayaning piyambak, ingkang damêl titah lajêng pêjah-pinêjah. Para mauni mbotên kasamaran dhatêng sadaya wau; ingatasipun para mauni sadaya wau katingal beda-beda sorotipun. Tumrap tiyang limrah soroting srêngenge punika amung kalêmpakaning sorot, nanging para waskitha uninga manawi isi wijining têtêdhan sarta toya. Hyang Widhi ingkang angwontênakên sadaya karuntutan kalihan beda-bedaning wanci dumados saha risakipun. Dhuh, Prabu Yudhisthira, Hyang Widhi ngwontênakên maya kangge pangrisaking titahipun sarana titah, kadosdene tiyang ngrisak kajêng sarana kajêng, sela sarana sela, tosan sarana tosan, dados sayêktinipun Hyang Widhi tansah amêng-amêngan titahipun, dipun dumadosipun, lajêng dipun risak, kadosdene lare kalayan dolananipun. Dhuh, sinuwun, saking pamanah kula, pamêngkunipun Hyang Widhi dhatêng titahipun punika, kadosdene bapa biyung dhatêng sutanipun, ing sêmu pamêngkunipun Hyang Widhi dhatêng kawulanipun mawi mêngku bêndu kadosdene tiyang awon. Manawi kula ningali tiyang luhur budinipun saha utami pambêganipun mangka dipun pidana, nanging tiyang ingkang dosa manggih kabêgjan, lajêng ribêt anggèn kula ngraosakên.

--- 137 ---