Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 7.

7 Juli 1959.

Manawi kula ngèngêti karisakan paduka tuwin kabêgjanipun Duryudana, mbotên sagêd mastani adilipun kang murbèng tuwuh, anggènipun mranata titah. Dhuh, Prabu Yudhisthira, punapa kêkapanipun Hyang Widhi damêl kamulyanipun. Drêtarastraputra, tiyang ingkang tansah nêrak pêpali, sasar tindakipun, sarta murang kautamèn tuwin agami. Manawi wohing pandamêl punika mbotên dhumawah dhatêng ingkang nindaki pandamêl, sarta sagêd dhumawah ing tiyang sanès, dados dosanipun sakathahing pandamêl punika kalêpatanipun dumunung wontên ing Hyang Widhi piyambak. Wondene manawi dosaning pandamêl punika mbotên dhumawah dhatêng ingkang nglampahi pandamêl wau, dados sababing pandamêl punika saking wasesa, ing ngriku kula lajêng sêdhih ngraosakên, dene mbotên-mbotênmbotên kêsinungan pangwasa."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 31. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Prabu Yudhisthira ngandika: "Hèh Yatnasèni (Drupadi), ucapira angrêsêpake ati, manis lan nawung rasa kang luhur. Anggon ingsun midhangêtake ingsun gatèkake, nanging

--- 138 ---

kuciwane dene sira ora pracaya marang Hyang Widhi. Wruhanamu yayi, ingsun ora tau nindaki panggawe kang ngarêp-arêp wohe. Ingsun dêdana, amarga kawajiban ingsun dêdana, ingsun sêsaji, amarga kawajiban ingsun sêsaji, dhuh, Krêsna êndi kang dadi kawajibane wong kang mêngku bale wisma, sakadare ingsun lakoni kabèh, ora maèlu apa panggawe mau ana wohe utawa ora. Dhuh, putri kang sulistya ing warna, tindak ingsun kabèh mau mung niyat anêtêpi kautaman, kang wus sêpi pangarêp-arêp, sarta saka lumuh nêrak pêpacaking Wedha, apadene nêdya anglêluri lêlabêtane para utama lan para wicaksana. O, Krêsna, ingsun bangêt korup marang kautaman, sing sapa ngarêp-arêp wohing kautaman, iku wong ninggal kautaman, mangkono wong kang tuna ing budi, yèn nindakake kautaman kanthi sêmang-sêmang, dadi ora bisa ngundhuh wohing panggawene, sabab saka anggone ora pracaya mau. Tutur ingsun iki wêwaton Wedha, iya pasêksèn kang luhur dhewe tumrap prakara iki mulane Drupadi, aja sêmang-sêmang gawe kautaman. Wong kang ora ngayom kautaman, bakal linairake dadi sato, wong kang cilik atine, para ora pracaya marang agama, kautaman utawa pangandikane para maharsi, iku bakal ora olèh papan anèng kamulyan langgêng, sarta ora bisa ngukup kabêgjan, kaya bangsa sudra padha ora darbe wênang mêruhi Wedha. Dhuh, putri, têrang ing pambudi, manawa ana bêbayi linairake ing kulawarga bangsa luhur, gêdhene nuli sinau Wedha, sarta angèstokake kanthi laku utama, para puruhita lan para utama, nganggêp bocah mau pandhita wrêdha, sanadyan wujude isih nom. Nanging wong ala kang ora pracaya marang agama, sarta nêrak pêpacake layang sukci,

--- 139 ---

iku dianggêp sangisoring bangsa sudra, utawa luwih asor tinimbang kècu. Sira wêruh dhewe kang minulya Maharsi Markandeya, kang tanpa upama luhuring jiwane, kongsi rawuh ing kene, ora liya mung saka katarik dening kautaman. Sajroning isih ngrasuk sarira, ewadenaewadene panjênêngane wus bisa nginggahi kamulyaning kalanggêngan. Eyang Rêsi Wiyasa lan eyang buyut Rêsi Wasistha, Rêsi Maitreya sarta Rêsi Naradha, mangkono uga Sang Rêsi Lomasa, lan Rêsi Suka saha para maharsi liya-liyane, bisane nggayuh kamulyaning jiwa ora liya saka kautaman. Sira dhewe wêruh panjênêngane kabèh mau padha kasinungan pangwasaning dewa, bisa gawe bêgja lan cilaka, dadi ngungkuli dewa kang akèh-akèh. Dhuh, kang tan kalepetan dosa, panjênêngane mau kabèh tan prabeda kalawan isèn-isèning swarga, padha wuninga dhewe marang apa kang kawursita ing Wedha, apadene wuninga marang kautaman kang tinamtokake dadi kuwajiban kang luhur dhewe. Dhuh, wong manis, mula aja sêmang-sêmang sarta nacad marang Widhi utawa tumindaking gawe kanthi kabodhoan. Wong cubluk kang ora pracaya marang agama, sarta nyênyamah marang kautaman, iku mung wêwaton katrangan saka panêmune dhewe, ora nganggêp marang katrangan liyane. Para maharsi kang narawang pandulune sarta wuning marang kang durung winarah, kaya nguningani kalakon kang lagi kalakon, iku dianggêp wong edan. Wong bodho ngira yèn mung barang kalairan kang bisa gawe sênênge atine, mulane wuta marang kasunyatan; wong kang rangu-rangu dosane ora antuk pangapura, wong ala kang kongsi nggêgirisi mau, têmtu kaèbêkan kasusahan, sarta ora olèh papan kang nyênêngake anane

--- 140 ---

dêlahan. Wong kang nampik pasêksèn sarta nampik marang Wedha, iku klèru, amarga kasasaban ing kasênêngan lan kamurkan, wong bodho kang mangkono iku têmtu kacêmplung naraka, nanging sing sapa nêtêpi agama sinartan piyandêl, bakal antuk kamulyan langgêng ing alam liyane. Wong bodho kang ora nêtêpi agama, ngêmohi wêwaton dhawuhing para rêsi, ing ngêndi-êndia ora bisa antuk kabêgjan, uga kagawa saka tansah nêrak pêpacak. Dhuh, putrine Prabu Drupada, wong kang ora nganggêp wêwaton marang pangandikane para Maharsi utawa ora nganggêp bênêr marang lêlabuhane para utama, têmtu bae wong mau nadyan ing marcapada apa ing alam liyane, bakal ora olèh papan kanggo gawe sênêggesênênge atine. Hèh, Krêsna, aja maido agama kuna, karana iku wus padha katêmtokake dening para utama lan kawruhan nyatane, sarta iya ana para maharsi kang mumpuni sakliring kawruh ora kasamaran marang sakridhaning bawana. Lah, Drupadaputra, mung agama kang kêna kanggo nggatèkke wong nggayuh swarga, kayadene prau tumrap wong among dagang kang nyabrang sagara. Dhuh, wong manis manawa kautaman kang padha katindakake para utama, ora ana wohe, jagad iki têmtu banjur linimputan ing pêpêtêng, kongsi ora nyênêngake. Upama mangkono têmtu ora ana wong nggayuh pamudharan, ora ana wong ngupaya kawruh, malah kongsi ora ana kang ngupaya kamulyan, dadi uripe kabèh wong banjur kaya sato. Manawa kasutapan, têtêping sêsanggêman, sêsaji; marsudi Wedha, sih, sarta katêmênan iku padha ora ana kadadeyane, têmtu kautaman ora katindakake manusa kongsi turun-tumurun. Manawa panggawe ora ana wohe jagad banjur ruwêt, lan apa prêlune dene

--- 141 ---

para rêsi, dewa, gandarwa lan raksasa, kang kaanane beda lan manusa, iku padha marsudi kautaman, karana kabèh mau wus sumurup, manawa Widhi kang bakal matêdhakake wohing kautaman. Mula anane ing jagad padha nêdya anêtêpi kautaman. Dhuh, Krêsna, kautaman iku tuking kabêgjan langgêng. Manawa kawruh lan kasutapan iku ana wohe, wus têmtu pitaya kautaman iya padha anguwoh. Dhuh, Krêsna, ngèlingana kautaman duk nalika lairira dhewe, manut pangrungunira, saka ujare wong akèh, sarta ngèlingana lêlakon nalika laire Drêsthadyumna, kang linuwih kakêndêlane. Dhuh, wong manis, apa iku wus ora kêna kanggo pasêksèn, ingatase kautaman, wong kang bisa mangrèh ciptane, bakal ngundhuh wohing panggawene, sarta nrima ing pandum sathithik, nanging wong bodho, sanadyan olèh panduman akèh mêksa durung nrima, jalaran wong mau ora sinung kabêgjan, kang wujude linairake ing kautaman, kang tinampa ana ing alam kang mulya. Panggawe utama kang tanpa woh, kang kasêbut ing Wedha, mangkono uga sarupaning panêrak, wiwit sahasaka rusaking panggawe, iku sanadyan para dewa, uga kalêbu kêkêran, iku ora kêna kawruhan ing sawiyah titah, karana kinêkêr ing para dewa sarta saka lêlabuhane para dewa iku linimputan ing maya, kang ora kêna ginayuh para minulya kang wus tinggal kanêpson, kang pangarêp-arêpe mung tapa brata, kang wus ambrastha sakèh dosane, wasana kadunungan rasa jênjêm, têntrêm lan sukci. Jalaran saka iku, sanadyan sira ora wêruh marang wohing kautaman, aja sira maido marang agama lan para dewa. Sira gawea sêsaji kang kanthi niyat, sarta ambêga wêlasasih, kang ora kamoran

--- 142 ---

tindak dêksura. Panggawe iku nguwoh anèng ing kene, uga nguwoh anèng ing kalanggêngan. Hyang Brahma pribadi kang ngandikakake prakara iki marang putrane, sinêksèn dening Hyang Kasyapa, mulane Krêsna, beratên sêmang-sêmange atinira, kang kayadene pêdhut iku, sawuse sira angèlingi prakara iki, sirnakna rangu-rangunira, salinana piyandêl. Aja nênacad Hyang Widhi, Gustining sagung dumadi, marsudia anggonira nêdya nyumurupi panjênêngane, sarta sumungkêma ing panjênêngane, aja kongsi ciptanira kaisèn kang ora pracaya. Dhuh, Krêsna, aja pisan-pisan nyênyamah ing panjênêngane, kang kamurahane dadi saranane wong luwar saka ing pati, banjur manjur ing urip sajati.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa satunggal perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 32. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Atur wangsulanipun Dèwi Drupadi: "Dhuh, sinuwun, mbotên pisan-pisan kula nyênyeda utawi nglêpatakên agami, punapa malih kula nyênyamah Hyang Widhi, dewanipun sagung dumadi, ananging gênging prihatos punika ambawurakên pamanah kula, mila ing mangke kaparênga kula ngaturakên panggrêsahing manah kula malih, suwawi dipun piyarsakna, dhuh pangrusaking satru, sadaya dumados ingkang sagêd ebah, wontênipun ing marcapada sami nindakakên pandamêl, amung titah ingkang mbotên sagêd ebah, ingkang kêparêng gêsang

--- 143 ---

mbotên tumindak ing damêl. Kajawi golonganing titah makatên wau sampun mbotên wontên ingkang mbotên nambudnambut (dan di tempat lain). karya. Bêlo punika lair brol lajêng madosi pênthiling biyungipun. Sabên tiyang badhe mangun kawontênanipun inggih lajêng kraos sakit, dhuh Pritaputra, sêmunipun watak tuwin pandamêlipun sadaya dumados punika tuwuh saking ing gêsang ingkang kapêngkêr. Ingatasipun prakawis punika têtelanipun manusa beda kalayan titah ingkang sami sagêd ebah sanès-sanèsipun, dene manusa darbe pangangkah nêdya nata gêsangipun wontên ing marcapada tuwin alam sanèsipun sarana pandamêl. Awit saking gêsangipun ingkang sampun kapêngkêr, mila sadaya titah ing marcapada sami ngundhuh wohing pandamêlipun. Têtela manawi satunggal-tunggaling gêsangipun sagunging titah punika lêlajênganing gêsangipun ingkang kapêngkêr, sanadyan ingkang kados punapa luhuripun, punika ugi makatên, mbotên sanès kalihan pêksi toya, nadyan pêksi wau mbotên kawulang, ewadene sabanipun wontên ing toya. Manawi ngagêsang punika mbotên nambut karya badhe cupêt kamajênganing gêsangipun, amargi saking makatên, ingatasing ngagêsang kêdah nyambud damêl, mbotên kenging sèlèh pandamêl. Pramila paduka kaparênga nambut karya, sampun ngantos nêmaha damêl cacading sarira, amargi sumingkir saking pandamêl. Paduka kaparênga nambud karya kadi limrahing ksatriya, ingkang kawajibanipun sikêp dêdamêl. Sanadyan bokmanawi ing antawisipun tiyang sèwu amung satunggal ingkang priksa sayêktos dhatêng prêluning pandamêl utawi pandamêlan. Sabên tiyang nyambut damêl supados karêksa saha angindhakakên kasugihanipun, awit manawi tiyang mbotên pados

--- 144 ---

mangka lêstantun panganggenipun, sanadyan tandhoning rajabrananipun agêngipun saardi Himalaya, saèstu badhe têlas. Upami mbotên wontên pandamêl, sadaya dumados badhe sirna, manawi pandamêl mbotên wontên wohipun, dumados mbotên sagêd tangkar-tumangkar, nadyan kalamangsa inggih wontên, ngagêsang nindaki pandamêl ingkang katingalipun tanpa woh. Upami mbotên wontên pandamêl, lampah kamajênganipun gêsang badhe kanggêg, tiyang ingkang namung ngêndêlakên takdir utawi pitados dhatêng kadadosan ingkang tanpa jalaran, punika awon-awoning awon, nanging tiyang ingkang pitados dhatêng dayaning pandamêl, punika pantês ingalêmbana. Tiyang ingkang amung ngeca-eca mbotên nindaki pandamêl, kabêkta pitados dhatêng takdir, punika badhe manggih karisakan, kadosdene grabah mbotên mawi kabêsmi, kacêmplungakên ing toya. Makatên ugi tiyang ingkang pitados dhatêng kadadosan ingkang tanpa karana, sami rêmên nganggur, sanadyan pancènipun sagêd nyambud damêl, saèstu badhe mbotên widada gêsangipun, awit sakalangkung ringkih sarta tanpa kakiyatan. Manawi tiyang tampi kabêgjan ingkang tanpa kanyana, mangka dhumawahing kabêgjan wau dipun manah tanpa karana, awit dhumawahipun mbotên saking pambudidayanipun. Dhuh, Pritaputra, kabêgjan wujud punapa kemawon, ingkang tinampèn ing tiyang saking anggènipun nêtêpi saraking agami, punika lajêng dipun wastani ganjaran. Woh punapa ingkang tinampi ing tiyang, jalaran saking pandamêl utawi wohing ingkang katampèn sami sanalika, punika dipun wastani pasêksèning kakiyatanipun manusa. Dhuh, pêpêthinganing manusa, kabêgjan ingkang katampi, mêdal saking pangangkahipun piyambak, mbotên wontên

--- 145 ---

sabab sanès-sanèsipun malih, punika dipun wastani: kabêgjan tuwuh saking pangangkah, sanadyan dhatênging kabêgjan wau dhumawahipun tanpa kanyana, saking ganjaran, saking pangangkah utawi saking pandamêl. Nadyan kawontênanipun sadaya wau mbotên sanès inggih kadadosaning pandamêl ing gêsangipun ingkang sampun kapêngkêr. Pandamêl sae punapa awon, ingkang tinindakakên ing tiyang punika sadaya saking karsaning Pangeran, ingkang karuntutakên kalihan pandamêlipun tiyang wau ingkang sampun kapêngkêr. Badaning manusa punika pirantos, ingkang kaasta ing Hyang Widhi, kangge sarananing sadaya ingkang kêdah ginarap, manawi pun badan wau piyambak, têtela tanpa kêkêncêngan, amung tumindak saking karsaning Hyang Widhi. Dhuh, putranipun Kunthi, amung Hyang Widhi, ingkang adamêl, dene titah amung sadarmi anglampahi, pun titah wau tanpa kêkêncêngan. Dhuh, pêpêthinganing ksatriya, sasampunipun tiyang nêmtokakên kajêngipun, lajêng dipun lêksanani, tumindakipun kanthi pitulunganing nalar, jalaran saking makatên wau, mila lajêng dipun wastani: manawi tiyangipun ingkang anjalari sadaya pandamêlipun. Dhuh, bêbanthènging têdhak Bharata, nglêngkara tiyang sagêd metang pandamêlipun manusa, amargi sakathahing griya tuwin kitha-kitha, punika dumadosipun saking pandamêling manusa. Tiyang ingkang darbe pamikir saèstu priksa manawi sarana pambudidaya piyambakipun sagêd damêl lisah wijèn, punapadene sagêd damêl martega saking puhan sarta sagêd ngratêngi têtêdhan sarana latu, makatên malih tiyang priksa pundi sarana ingkang kenging kangge nggarap pakaryanipun wau. Sasampunipun sumêrap, pawingkingipun lajêng medahakên [medah...]

--- 146 ---

[...akên] sarana ingkang pakangsal wau kangge nggarap pandamêlanipun. Titah punika anggènipun ngupakara gêsangipun sarana pandamêl, dene pandamêl ingkang katindakakên dhatêng para wicaksana punika prayogi kadadosanipun. Pandamêl ingkang kadadosanipun kirang prayogi, punika dipun wastani ingkang anggarap sanès tiyang wicaksana. Tumrapipun pandamêl, manawi tiyangipun mbotên dados sababing pandamêl, sêsaji laji lajêng mbotên wontên pigunanipun, sarta mbotên wontên kawula tuwin bêndara, inggih awit saking tiyangipun ingkang dados sababing pandamêl, mila tiyang lajêng bingah manawi pandamêlipun wau kalêksanan, kosokwangsulipun cuwa manawi pandamêlipun wau kacidran. Manawi tiyangipun punika mbotên dados sababing pandamêl, pundi lêrêsipun têka tiyang lajêng bingah manawi kadadosan pandamêlipun, saha cuwa manawi mbotên kadadosan. Sawênèhipun tiyang cariyos manawi sadaya punika amung saking kapinujon, sawênèh mastani saking ganjaran, sawênèhipun malih mbotên makatên, nanging mastani, bilih ingkang dipun kintên saking takdir utawi saking kapinujon, punika saking awon saening pandamêl ing gêsangipun ingkang sampun kapêngkêr. Tiyang manggih kabêgjan punika katingalipun amung saking kapinujon, sawênèh ngintên bilih saking pêpasthèn. Saking pangandikanipun para lêbda dhatêng kasunyatan tuwin para wicaksana, manawi lêlampahanipun tiyang punika wontên sawatawis ingkang sababipun saking pêpasthèn, sawatawis saking kapinujon, sawatawis malih saking pambudidaya, dene sabab saking tiyangipun mbotên wontên saprapat. Upami ingkang mandum pituwasing piawon tuwin kasaenan punika sanès Widhi pribadi, sampun

--- 147 ---

saèstu mbotên wontên tiyang sangsara. Wohing pandamêl ingkang sampun kapêngkêr punika amung dongengan ingkang mbotên nyata, sampun têtela bilih sadaya pikajêngipun tiyang ingkang ginayuh sarana pandamêl, sampun têmtu kadumugèn. Awit saking punika pramila tiyang ingkang andugi, manawi ingkang dados jalaraning kadumugèn utawi mbotên kadumugènipun sêdyaning manusa ing marcapada punika amung saking tigang prakawis, kados atur kula wau, mangka mbotên mawi ngèngêti pandamêl ingkang sampun kapêngkêr, punika tiyang bodho sarta tanpa kakêncêngan kados kawontênaning badan. Jalaran saking punika, mila tiyang kêdah nyambud damêl, makatên wau karampungan dhawuhipun Hyang Manu. Dhuh, Prabu Yudhisthira, tiyang ingkang tumindak ing damêl, badhe nandhang karisakan. Dene tiyang ingkang mobotênbotên umindaktumindak ing damêl, wontênipun ing marcapada limrah sami kadumugèn sêdyanipun, nanging tiyang kêsèd, pikajêngipun, mbotên nate kadumugèn. Manawi tiyang mbotên kadumugèn pikajêngipun, kêdah ambudidaya icaling pakèwêd ingkang dados pamurungipun punapa ingkang dipun pikajêngipun wau. Dhuh, sinuwun, tiyang ingkang nyambud damêl awrat, punika sampun angêboti sambutanipun dhatêng Hyang Widhi, nadyan kalêksanan punapa mbotên pikajêngipun wau. Tiyang kêsèd ingkang tansah ngeca-eca, punika badhe manggih karisakan, nanging tiyang ingkang nambud karya punika badhe kadumugèn sasêdyanipun, sarta manggih kabêgjan. Tiyang ingkang tansah nindakakên pambudidaya, tiyang rêmên nambud karya, punika panganggêpipun dhatêng tiyang ingkang tanpa piyandêl, tiyang sêmang-sêmang, sarta badhe wigar pikajêngipun. Panyawangipun

--- 148 ---

tiyang wau dhatêng ingkang sami darbe pitados, dipun anggêp tiyang ingkang badhe kadumugèn sêdyanipun. Wêkdal punika kula sami nandhang karisakan, ewadene manawi paduka lajêng kaparêng rumagang ing damêl, sampun têtela manawi karisakan wau badhe tumuntên sirna. Manawi karsa paduka wau mbotên kasêmbadan, ing ngriku paduka sawêg wuninga bilih paduka, Bhimasena, Wibatsu tuwin kêmbar, mbotên kawawa ngrêbat karaton paduka saking rêgêmaning mêngsah, nanging pandamêlipun tiyang sanès ingkang wontên kadadosanipun. Sintên ingkang priksa, manawi pandamêlipun para Pandhawa ugi wontên kadadosanipun, kadospundi tiyang sagêdipun priksa dhatêng kadadosaning pandamêlipun. Manawi sampun paduka tindaki, ing ngriku paduka sawêg sagêd wuninga kadospundi kadadosaning pandamêl paduka. Tiyang tani anggènipun nggarap siti, mawi pirantos luku tuwin garu, lajêng dipun sêbari wiji, sasampunipun lajêng dipun kèndêlakên, amargi kawajibanipun sampun dipun rampungakên, dene thukulipun wiji wau dadosipun tanêman, punika jawah ingkang badhe mitulungi, mila manawi jawah sungkan mitulungi, tiyang tani wau sampun mbotên kenging katêtah, sarta sagêd ngucap: "Apa kang ditindakake wong liya wis dak lakoni kabèh, ewadene panggaweku ora ana kadadeyane, nanging aku wus ora kainan."- Sasampunipun gadhah pamanggih makatên, tiyang wau lajêng narimah, mbotên nêtah badanipun piyambak. Dhuh, pêpêthinganing têdhak Bharata, mbotên wontên tiyang ingkang mbotên nindakakên kuwajibanipun, sagêd mungêl: "Aku wus tumindak ing gawe, nanging awakku kang ora kasinungan kabêgjan." Kajawi rumagang ing damêl, ingkang sagêd anjalari kasêmbadaning sêdyanipun, [sêdya...]

--- 149 ---

[...nipun,] punika taksih wontên kalih prakawis, sanadyan pandamêlipun wau kadadosan punapa mbotên kadadosan, kêdah mbotên piduwung, sabab kasêmbadaning sêdya punika saking kalêmpakaning sabab warni-warni, manawi sabab ingkang prêlu mbotên dipun tandhangi, kadadosanipun lajêng mbotên urup, utawi mbotên kadadosanipun babarpisan, mangka punapa wontên pandamêl ingkang tanpa tilas? Tiyang ingkang darbe pamikir, sarana uluring, nalaripun sarta sinêmbah ing kakiyatan sakadaripun, punika sagêd angwontênakên mangsakala, papan, pirantos, tatacaraning agami, ingkang pakantuk kangge anggayuh kabêgjan, sasampunipun dipun wêwekani saha pangatos-atos, tiyang kêdah tumindak ing damêl, dene ingkang prêlu minangka panyurungipun, inggih punika kêkêncênganing manah. Ing antawisipun pintên-pintên wêwatakan, kangge sarananing kasêmbadanipun pundi ingkang sinêdya, sêmunipun ingkang prêlu piyambak punika kêkêncêngan. Tiyang ingkang lêpas budinipun, bilih priksa manawi mêngsahipun punika sarwa langkung saking kawontênanipun, anggènipun minangkani sêdyanipun, kêdah sarana pamiluta utawi ngupaya sarana ingkang pakangsal, nanging ugi kêdah tansah ngangkah sirnaning mêngsahipun. Langkung malih manawi mêngsahipun sanès tiyang, upamining sagantên utawi rêdi, anggènipun amrih uwalipun saking wasesaning mêngsah punika nama angêboti sambutanipun piyambak, utawi sambutanipun mitranipun. Tiyang mbotên kenging ngasor sangêt-sangêt, awit tiyang ingkang kasangêtên anggènipun ngêsorakên badanipun piyambak, punika mbotên badhe antuk kamulyan luhur. Dhuh, darah Bharata sagêdipun tiyang kasêmbadan sêdyanipun ing marcapada ngriki,

--- 150 ---

punika makatên: kacariyos ingkang dados jalaran kasêmbadaning sêdyanipun tiyang punika manawi pandamêlipun runtut kalihan mangsakalanipun. Ing nguni rama prabu ngurung brahmana, ingkang makatên wau piwulangipun sang brahmana dhatêng kangjêng rama. Sajatosipun pêpacak wau lajêng dados kawajiban. Risang Wrêhaspati ngandika, sakawit kawulangakên dhatêng para sadhèrèk kula, pawingkingipun piwulang wau lajêng kawarahakên dhatêng kula saking sang brahmana. Wontên kadhaton ing Pancala, sasêlaning pakaryan, kula mêdal lajêng linggih pangkonipun kangjêng rama, ing ngriku sang brahmana anggènipun mulang kasunyatan dhatêng kula, piwulangipun adamêl pajar, wusana damêl marêming manah kula.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa kalih, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 33. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Rikala Sang Bhimasena mirêng aturipun Yajnasèni (Drupadi) dhatêng Prabu Yudhisthira makatên wau, napasipun sakêdhap sêsêg, sakêdhap kèndêl. Paningalipun sakêdhap mêrbabang, sakêdhap akêmbêng-kêmbêng nênggak waspa. Satêlasing aturipun Dèwi Drupadi, Sang Bhimasena marêpêki palênggahanipun kang raka sarwi matur: "Dhuh, kakang prabu sadulurku tuwa, mbok ngambah dalan kang lumrah diambah ing para ksatriya.

--- 151 ---

Ingatase kaprabon, kakang prabu bakal ngukup apa, yèn lêstari manggon anèng pratapan kang samun iki, kadadeyane bakal manggon anèng pratapan kang samun iki, kiraku kadadeyane bakal kelangan kabêgjan, kaluhuran lan kamulyan. Kratone kakang prabu karêbut dening kakang Duryudana, ora sarana kaluhuraning budi, ora saka kakêndêlan utawa kaprawiran, nanging saka dhadhu. Duryudana olèhe ngrêbut kratonku kaya lêkase asu ajag, anggone marêgi wadhuke trima ngrayah gogrogan mangsaning macan, pedah apa kakang prabu bangêt-bangêt ngurêbi kautaman. Kakang prabu nadyan nêtêpi sêsanggêman, mangkono mau kautaman kang pakolèhe dilakoni ing jaman kuna, nanging wus ora makolèhi tumrap samêngko, ewadene kok rewangi nandhang karusakan, ninggal kadonyan, kang dadi witing kamulyan lan kawibawan. Mung saka weyane kakang prabu, dene karatonku kongsi kêna karêbut ana ngarêpe mripatku, mangka kraton iku dirêksa dening ksatriya kang sikêp gandhiwa, kang kirane yèn sarana prang, nadyan Bathara Indra ora bisa ngrêbut. Mung saka anggonku niyat rumêksa panggalihe kakang prabu, kalakone sirna kabêgjan lan kaluhuranku. Sirnaning karatonku iku candrane kaya wowohan kang kêna dirêbut dening wong tanpa pangan utawa kaya sapi kaplayokake wong lumpuh. Kakang prabu mung pitaya marang pituwasing kautaman. Satêmêne mung saka anggone padha nêdya nglêgani panggalihe kakang prabu, kalakone aku lan para kadang apadene Drupadi kongsi nêmahi rusak kaya mangkene iki. Hèh, bêbanthènging têdhak Bharata, iya mung saka anggonku ngèstokake dhawuhe kakang prabu nganti aku gawe rusake atine mitra-mitraku, nanging gawe lêgane mungsuh. Mung saka

--- 152 ---

anggonku ngèstokake dhawuhe kakang, wurunge anggonku mrawasa Drêtarastraputra, dadi sêdhihe atiku iki, iya saka bodhoku dhewe. Ah, kakang prabu, kang bisa nglakoni urip blasakan anèng alas, kongsi kaya sato alasan, iku mung wong kang tanpa kakêndêlan, yèn wong darbe kawanèn, apa gêlêm nglakoni urip kaya mangkene iki. Lêkase kakang prabu ora dibênêrake dening Sri Krishna, Wibatsu, Abimanyu, Srinjayas utawa aku dhewe, mangkono uga Madriputra, iya ora ngarani bênêr. Sajrone padha sangsara marga nêtêpi sêsanggêman, ujarmu ora liya: agama, agama. Apa marga saka bingung, dene kakang prabu banjur kaoncatan kasudiraning ksatriyan. Mung wong jirih kang ora wani ngrêbut baline kabêgjane. Kakang prabu yèn banjur ngalumpruk, iku ora ana bêcike lan dadi pamurung. Kakang prabu priksa, yèn sarupaning pirantine wong lanang padha dumunung anèng aku lan para kadang, mung saka anggonku niyat nêtêpi kautaman, kongsi ora ngèlingi karusakane para kadang iki. Pangapura lan kasabarane Pandhawa marang kakang Duryudana, pangrasane uwa Drêtarastra: dianggêp Pandhawa ora darbe kuwanèn lan kakiyatan. O, kakang prabu, panganggêpe uwa Prabu Drêtarastra mangkono mau ana pangrasaku abote ngungkuli mati ana ing paprangan. Yèn aku nêmahi pati ana ing paprangan, mangka ora ana tatuning gêgaman ing gêgêrku, iku luwih utama tinimbang dadi wong buwangan. Amarga pati kang mangkono iku nuntun marang kamulyaning dêlahan, nanging yèn aku bisa ngalahake mungsuhku bisa nguwasani jagad, kang kamulyane satimbang lan rêkasaku. Sing sapa niyat anggayuh kautaman, sarta ngukum marang wong kang wus nangsaya ing dhèwèke

--- 153 ---

mangka nulak lêlabêtane para lêluhure, saka pangrasaku iku kawajiban kang prêlu dhewe. Kakang prabu, samêngko karatone wong Pandhawa wus karêbut ing mungsuh, yèn Pandhawa wani ngêtohake pati, sarana ngêtoni prang, panggawene Pandhawa mau bakal kawruhan ing jagad. Kang mangkono nuwuhake pangaji-aji ing jagade manusa lan ora bisa cinacad. Ah kakang prabu, kautaman kang gawe cilakane dhewe lan mitra-mitrane iku, dudu kautaman kang sajati, mangkono iku piala kang gawe kasusahan. Akèh wong niyat nggayuh utama kabanjur katrècèt dadi kalêmbekan, yèn kalakon mangkono sanadyan tansah nglakoni utama, iku ora sinêbut utama, utawa ora maedahi, dadi ora beda lan wong mati, têmtu ora bisa ngrasakake bungah lan susah. Wong nglakoni utama, kang mung saka karêm marang panggawe, iku bakal kataman panandhang. Wong mau ora sinêbut wicaksana, krana ora sumurup marang prêlune kautaman, candrane kaya wong wuta kang ora bisa andulu soroting rêngenge. Yèn wong anggayuh kasugihan, kang prêlune arêp dianggo dhewe, wong iku durung wêruh prêlune kasugihan. Kang mangkono kaya pangon kang ngumbar satone ana alas gêdhe. Wong mbêbêdhag, kasugihan kongsi luwih saka samurwat, wani ninggal kautaman lan kasênêngan, iku pantês cinacad sarta dirusak. Nanging wong kang mung tansah anjurungi kasênêngan, ora ngèlingi kautaman lan bandha iku bakal tininggal para mitra, kautaman sarta kasugihan. Dene wong kang ninggal kautaman sarta kasugihan, awit saka anjurungi kasênêngan, saêntèke kasênêngan, bakal anêmahi pati, kaya iwak kang kasatan banyu. Mula para wicaksana padha prayitna tumrap kautaman lan kasugihan, awit

--- 154 ---

ingatase wong kang nggayuh marang kasênêngan, kautaman lan kasugihan iku kayadene kayu tumraping gêni. Witing kasênêngan iku kautaman sarta kautaman gandhèng kalawan kasênêngan. Dhuh, kakang prabu, rong prakara iki tansah gêgayutan, kaya sagara lan mêndhung, sagara kang nganakake mêndhung, mêndhung angêbaki sagara. Rasa sênêng kang jalarane saka gathuk karo samubarang kang kaupaya, utawa kang amarga saka kasinungan kasugihan, yaiku kang diarani kasênêngan. Kasênêngan iku dumunung ana ing rasa, ora ana wujude kang kêna disawang. Wong kang kêpengin olèh kasugihan, kudu gawe kautaman pira-pira, dimèn kasêmbadan sêdyane. Wong kapengin olèh kasênêngan, kudu golèk kasugihan, dadi bisa katêkan sasêdyane, nanging kasênêngan ora nganakake apa-apa. Kasênêngan ora nganakake woh, awit kasênêngan iku woh, kayadene awu, dadi saka kayu kang diobong nanging awu wus ora nganakake apa-apa manèh. Dhuh, kakang prabu, wong kang gawene anjaring manuk, tansah niyat matèni sarupaning manuk kang katon. Mangkono uga wong kang ambêg candhala, mung tansah niyat angrusak jagad, awit saka kang mangkono mau, mulane wong kang kalimputan ing kasênêngan lan pangangsa-angsa, padha ora marang sanyataning kautaman. Wong mangkono patut dirusak, apamanèh wong mangkono mau anane ing marcapada, apa ing dêlahan, iya tansah kasangsaya. O, kakang prabu, aku ngrêti yèn kakang prabu wus uninga, manawa kasênêngan iku tuwuhe saka andarbèni barang warna-warna, kang nganakake kasênêngan, apadene kakang prabu iya ora kasamaran yèn tansah salin sarta lumrahe ngakèh, ilanging kasênêngan mau, jalaran sudaning kasarasan utawa pati iku

--- 155 ---

diarani karusakan. Dhuh, kakang prabu, karusakan kabèh mau samêngko wus tumiba marang Pandhawa, rasa sênêng kang tuwuh saka pancadriya, kang nênuntun panggagas rupa-rupa, banjur ati niyat ngarah marang kang dipengini, iku kang aran kasênêngan. Dhuh, kakang prabu, saka panêmuku, mula kasênêngan kudu dianggêp kautaman. Kasugihan lan kasênêngan iku urut-urutan, dadi wong ora kêna yèn mung ngurêpi kautaman bae utawa kasugihan iku ora kêna dianggêp gêgayuhan kang dhuwur dhewe, sarta aja mung tansah ngupaya kasênêngan bae, têlu pisan mau kudu bêbarêngan lakune. Miturut pituduh layang sukci, wong kudu golèk kautaman ing wayah sore, golèk kasugihan ing wayah esuk, awane ngupaya kasênêngan. Dadi yèn miturut piwulang mau, wong iku kudu ngupaya kasênêngan ing peranganing kauripan kang wiwitan kasugihan ing perangan kang kaping pindho, kautaman ing perangan kang wêkasan. He, pêpêthingane wong wasis micara, wong wicaksana, lan wong waskitha padha nastiti pameranging wanci, têlung prakara mau, yaiku: kautaman, lan kasugihan, sarta kasênêngan, pamerange anuta wayahe dhewe-dhewe. Dhuh, têdhak Bharata, sanadyan manut utawa ora marang wêwaton têlu mau ingatase wong kang nggayuh kabêgjan, sawuse karasakake kongsi suwe, kang bêcik iku aja kongsi kabêsturon. Mula kakang prabu nuli tumandanga nggayuh kabêgjan utawa ninggal babarpisan, awit wong kang tansah mandhêg mangu amarga sêmang-sêmang rong prakara mau, iku uripe bakal kasangsaya. Kakang prabu wus misuwur, yèn salaku jantrane tansah anglungguhi kautaman, nanging sumurupa kakang prabu, wong-wong kang dhêmên padha mrayogakake supaya kakang

--- 156 ---

Prabu nuli rumagang ing gawe. Dhuh, pêpêthingane para ksatriya, mungguhing dêdana, sêsaji, ngajèni marang para wicaksana, sinau Wedha, sarta luhuring pambêgan, iku watoning kautaman kang luhur dhewe, sarta gêdhe dayane tumrap ing kene utawa ing dêlahan têmbe, nanging kautamèn ora kêna ginayuh dening wong kang ora darbe kasugihan, sanadyan kapintêrane wong mau kongsi tanpa watêsan. Dhuh, kakang prabu, sakèhing dumadi iku padha adhêdhasar kautaman, mangka kautaman iku mung kêna ginayuh dening wong kang sugih rajabrana. Kadonyan ora kêna ginayuh mung sarana urip papriman utawa dening wong kang ora darbe kasantosan, nanging kadonyan kêna ginayuh dening luhuring nalar kang tinuntun ing kautaman. Ingatase kakang prabu, yèn nglakoni papriman iku larangan, sanadyan bêcik tumrape brahmana, mulane kakang prabu, nuli golèka kasugihan, asarana kaprawiran lan kasudiran. Papriman utawa urip cara lakuning sudra, iku ora mungguh ingatase kakang prabu. Ingatase ksatriya kautaman iku dumunung ana pangwasa lan kakêndêlan, awit mangkono kaanane, mula kakang prabu bêcik nuli nêtêpana kautamaning ksatriya, yaiku mrawasa mungsuh ana paprangan, mara rusakên pangwasane Drêtarastraputra, kanthi pitulunganku lan pitulungane Arjuna. Wong wicaksana ngarani, yèn kaluhuran iku kautaman, mulane kakang prabu, bêcik ngupayaa kaluhuran, awit ingatase kakang prabu, ora patut yèn urip asor, lah kakang prabu, enggal jumênênga sarta ngèlingana kawajiban sukci tumrap bangsa ksatriya. Kakang prabu linairake ana ing antarane kulawarga kang kawajiban anindakake wasesa, sarta minangka tuking adil, mula ayomana

--- 157 ---

kawulamu, sarta angundhuha wohe, mangkono mau ora nuwuhake panacad, nanging malah kalêbu golonganing kautaman. Pêpacaking dewa, tumraping bangsa golongane kakang prabu, yèn kakang prabu suminggah saka laku mangkono mau, iku kakang prabu jênêng nêmaha gawe cacading sarira. Wong-wong kang tinggal kawajibane bangsa iku ora patut ingalêmbana mulane kakang prabu darbea karsa kang têtela laras kawajibane bangsa golongane kakang prabu. Enggal beratên kalêmbekan, sarta nyamêktakna karosan, pikulên kawajiban kang dadi jêjibahane kakang prabu, kaya lumrahe wong lanang kang akèh-akèh. Ora ana ratu antuk kabêgjan lan kaluhuran ing marcapada, apadene pangwasa, yèn mung asarana kautaman, kayadene tukang anjaring manuk, wêtune pangane mung saka manuk, kang gampang bangêt kênane dijaring, amarga mung sarana disêbari pakan, wis kêna kanggo urip, mangkono candrane, wong kang kadunungan pamikir, yèn ngangkah bisane olèh kraton mangka mung dipinangkani awèh rêruba marang mungsuh kang asor lan murka. Dhuh, têtungguling para ratu, kawruhana, sanadyan para asura iku sadulure tuwa para dewa lan padha kasinungan pangwasa, ewadene kasoran dening dewa, mung saka gêlaring karti sampeka. O, kakang prabu, dadi kabèh iku tamtu kawasesa dening kapintêran. Dhuh, kakang, kang prawira ingayuda, mara banjur rusakên mungsuhmu sarana gêlaring karti sampeka. Ingatase anglêpasake panah, apa ana kang madhani Arjuna, yèn sikêp gada, sapa kang madhani aku. Wong kang kêndêl, yèn maju pêrang kang diandêlake kaprawirane, nanging ora ngêndêlake wadyabalane utawa tamate kawruhe marang karêpe mungsuh kang tuwuh saka aturing têlik, mulane kakang

--- 158 ---

prabu, enggal anênangia kakêndêlan saha kakiyatan, awit karosan iku tuking kasugihan, yèn ana kang muni liya saka iku, têtela klèru, kaya upamane yoming wiwitanwit-witan ing sajroning mangsa badhidhing, babarpisan ora maedahi apa-apa, mangkono uga kèhing karêp, yèn tanpa kakêncêngan, têrang manawa tanpa gawe. Wong kang kapengin angundhakake kasugihane, iya kudu medahake kasugihane mau, ora beda kaya wong kang nyêbar wiji ana nglêmah, mulane kakang prabu, aja sumêlang yèn olèh-olèhane ora luwih akèh saka wijine, utawa manawa ora bêcik kadadeyane. Aja nglakokake kasugihan sarana anakan, awit kang mangkono kaya wong gatêl nanging kang dikon ngukur kuldi, sakawit kapenak, nanging wêkasane kêlaran, dadi wong nglakoni utama iku kayadene nyêbar wiji, prêlu bisaa olèh kautaman kang saya akèh, mangkono iku wong wicaksana. Uniku iki wus ora kêna diunggahi manèh. Wong wicaksana têmtu ngangkah bisane mungsuhe iku kapisah kalawan mitra-mitrane kang dadi srayane. Sawuse mungsuhe mau ringkih kang awit tininggal mitrane, banjur katêlukake. Sanadyan tumrape kang santosa pêrange mau sinurung dening kasudirane, ewadene aja kêndhat pambudidayane sarta kudu nganggo gêlar pamiluta, nadyan mangkonoa, yèn ora kanthi kasudiran iya durung têmtu bisa ngalahake mungsuhe. Kalamangsa wong ringkih manawa gêlêm ngimpun iya bisa nganakake golongan gêdhe, wêkasan bisa ngalahake mungsuhe kang santosa, kaya kaananing tawon bisa matèni mungsuh kang arêp angrusak talane, mung sarana dikroyok ing akèh. Ingatase kakang prabu kêna kaupamakake srêngenge, kawasa nguripi lan ngrusak sakèhing tumitah, sarana

--- 159 ---

sorote. Mula kakang prabu, nulada, lêkase srêngenge, rumêksa karaharjaning praja dalah wong-wongane, kaya tindake lêluhurku kabèh, kang mangkono uga ewone kautaman, sarta kasêbut anèng ing Wedha. Dhuh, kakang prabu, sarana kasutapan ksatriya ora bisa ngukup kamulyan kaya kang tinêmu saka pêrang kang utama, sanadyan pêrange mau mênang utawa kalah, ah, kakang prabu, mara tolèhên karusakanmu, panyawanging jagad kakang prabu dicandra kaya sorot aninggal srêngenge, prêlu ngenaki rêmbulan. Dhuh, kakang prabu, wong kang bêcik kalane ijèn apa yèn nuju ana kancane, têmtu ngalêmbana kakang prabu, nanging nacad kakang Duryudana, kajaba iku kakang prabu, golongane para bangsa Kuru lan para brahmana, padha sênêng atine andêlêng santosane kakang prabu marang katêmênan, kabèh padha nêksèni, manawa kakang prabu ora tau ngandika cidra, kang tinuntun ing kabodhoan, asoring budi, kamelikan lan ngrasa wêdi. Sapira gêdhening dosa kang ditindaki ing ratu nalika ngrêbut pangwasa iku têmbene kêna kinumbah sarana sêsaji utawa dêdana kang akèh, ratu bisa ngrêsiki dosane, kayadene rêmbulan mêtu saka mêndhung sarana ngêdêgake padhepokan utawa misungsung brahmana. Mèh sabên wong saisining nagara, apa kang dêdunung ana ing kutha mratah padha ngalêmbana kakang prabu. Dhuh, narendra têdhak Bharata, wong-wong mau padha rêrasan mangkene: "Pangwasa tiba marang Duryudana iku candrane kaya pohan diwadhahi kantong kang digawe saka lulang asu, utawa Wedha tumrap bangsa sudra, katêmênan tumrap wong wadon, nadyan wong wadon, malah bocah cilik-cilik pisan iya ngapalake unèn-unèn kang mangkono mau, sêmune prakara iku niyat

--- 160 ---

ditancêpake anèng batine." Dhuh, kakang prabu, tumibane kasangsaran iki gawe karusakanku lan para ari, bêbarêngan lan kakang prabu, mulane kakang prabu, enggal nitiha rata kang sinamêktèn gêgamaning prang, sarta nyuwuna lilah marang para brahmana, banjur matèni jurit, ing dina iki uga kakang prabu kondura marang Hastinapura, dak songsongi gadaku, dadi kakang prabu banjur bisa mbêbungah para brahmana, sarana rajabrana jarahaning pêrang, dimèn dibiyantu para kadang kang padha limpat saolah kridhaning paprangan, sarta ampuh yudane kaya ula mandi, utawa kaya pangrurahing writa kang kabiyantu ing para marut. Dhuh, kakang prabu, enggal êjurên mungsuhmu, kaya Sang Indra anggone ngêjur para asura, rêbutên kamulyan kang samêngko diênggoni Drêtarastraputra. Kakang prabu wuninga yèn ora ana sipat urip kang ora lêbur dening panah, kang dilar-lari êlaring garudha, kang lumêpas saka gandhiwa (langkapipun Arjuna), ampuhe ngungkuli wisaning naga. Dhuh, têdhak Bharata, apa ana prajurit jêjaranan, lan prajurit dirada, kang kuwat nadhahi tibane gadaku, yèn aku wus liwung anèng paprangan. Ah, kakang prabu pagene kakang prabu ora karsa ngrêbut kraton saka rêgêmane mungsuh kang asor ing budi, kanthi pambiyantune Srijayas, Kekayas, sarta para pêpêthingane bangsa Wrêsni. Dhuh, kakang prabu, apa mulane Pandhawa ora gêlêm angrêbut pangwasa ing jagad, kang samêngko anèng rêgêmaning mungsuh, kang têmtu bakal kabiyantu ing kakuwatan gêdhe, janji Pandhawa gêlêm tumandang bae.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa tiga, perangan Arjuna Bhigamana ing Wanaparwa.

__________

--- 161 ---

BAB 34. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Rikala Sang Ayatasatru (tanpa mêngsah = Yudhisthira) ingkang luhur jiwanipun, sarta têtêp dhatêng kautamèn, midhangêt aturipun ingkang rayi Sang Bhimasena makatên wau, kèndêl sakêdhap wigatos nyantosakakên kasabaran, wasana aris pangandikanipun: "Dhuh, ksatriya têdhak Bharata, tuturira mau ora ana kang klèru, sarta ingsun ora nyalahake panguman-umanmu, nadyan landhêpe wicaranira padha lan sara sangkali, amarga kabèh mau tuwuh saka weyaningsun, anggonira padha sangsara iki mung anggon ingsun dhadhu, saka panantange Drêtarastraputra kang nêdya ngrêbut karaton lan pangwasaningsun, mulane Suwalatanaya, kang julig marang cidraning ngabotohan, nuli mungsuh ingsun, ngilokake kakang Duryudana. Sakuni kang linairake ing kutha pagunungan, têtela julig, wong kang lumuh lumaku cidra kaya ingsun, mangka dhadhu anèng pasamuaning akèh têmtu kêna paeka, têmahan kalah dening Suwalaputra. O, Bhimasena, mangkono mau sababe, dene aku lan para kadang kongsi anêmahi karusakan iki. Nalika ingsun wuninga, yèn dhadhune nadyan gênêp apa ganjil, mung tansah gawe mênange Sakuni. Ingsun isih bisa mangrèh cipta, karana ingsun wuninga yèn kanêpson angrusak kabêcikan, manawa wong iku adigung lan adiguna, iku ora bisa mangrèh ciptane. Dhuh, Wrêkudara, ingsun ora nyalahake gangsule wuwusira, nanging yèn saka panêmuningsun sagunging lêlakon iki kaya wus ana rêrancangane. Yèn kakang Duryudana nyêgurake ingsun marang samodra kasangsaran utawa kongsi

--- 162 ---

dadi batur tukon, iku Drupadi kang bakal ngêntasake para Pandhawa saka kasangsaran. Ing nalika ingsun diundang bali prêlu diajak ngabotohan manèh, sira lan Arjuna, padha wêruh dhewe manawa Drêtarastraputra nuturake kang minangka totohane anggone dhadhu kang arêp diwiwiti manèh iku, ana ngarêpe sagunging darah Bharata, ucape: "Hèh, yayi Ayathasatru, yèn si adhi kalah, sira dalah para Pandhawa liyane kudu banjur dêdunung anèng alas, kang kawruhan wong akèh, suwene rolas taun, alas ngêndi kang disênêngi si adhi kêna bae, nanging taun kaping têlulase kudu sêsingidan; manawa ing wêwangèn kang wêkasan mau, têlike pun kakang bisa ngrungu pawarta ing ngêndi dununge si adhi, sarta bisa mêruhi, si adhi kudu ngalas manèh suwene kaya kang uwis, dene taun kang wêkasan iya sêsingidan manèh. Prakara iki kudu sinanggêman kanthi ngucapake prasêtya, mangka aku wus prasêtya ana ngarêpe para pêpilihane bangsa Kuru kabèh iki, manawa ing sajroning wêwangèn kang wus tinamtokake mau, si adhi bisa nilapake têlike pun kakang, kongsi ora bisa mêruhi marang si adhi, karajan kang katrajang kali lima iku dadi darbèke si adhi manèh. Kosokbaline manawa pun kakang kalah, pun kakang sakadang Kurawa banjur tinggal kamuktèn, suwene kaya kang wus tinamtokake, prajanjiane iya kaya iku mau." Dhuh, Wrêkudara, nalika samana ingsun uga banjur mangsuli sinaksèn ingakèh, aturku: "Prayogi kakang adipati." Ngabotohan kang asor iku banjur diwiwiti manèh, wasana ingsun kasoran, mula banjur dibuwang iki. Awit saka kang mangkono mau, mulane wong Pandhawa padha klambrangan turut alas têkan ngêndi-êndi, sarta pisah lan kasênêngan, ewadene kakang Duryudana

--- 163 ---

durung marêm, isih muring-muring nuli mbêbujuk para bangsa Kuru, sarta wong ing bawah prentahe, supaya ngetokake bungahe, dene Pandhawa nandhang karusakan kang mangkene, mangka ingsun wus prasêtya kang disêksèni wong bêcik-bêcik, apa bisa ingsun angingkêti prasêtya mau, kang mung melik karaton ing marcapada. Tumrap wong kang isih darbe aji, kiraku luwih bêcik mati tinimbang olèh pangwasa kang saranane kudu nglakoni cidra. Ing sajroning isih ngabotohan, sira arêp ngobong astaningsun, nanging dicêgah yayi Arjuna, dadi ora kalêksanan, wêkasan sira ngrêmêt-ngrêmêt, tanganira dhewe. Upama karêpira mau kalêksanan, apa karusakan kang mangkene kalakon tumiba marang Pandhawa. Manawa sira têmên ngêndêlake karosanira, pagene sira ora muni sadurunge ingsun prasêtya. Samêngko kabèh wus padha karusakan saka prasêtya mau, gèk apa paedahe sira nguman-uman marang jênêng ingsun. O, Bhima, kaya apa ta rusake panggalih ingsun, nalika ingsun mêruhi Drupadi kacêcamah sarta kawirang-wirangake anèng pambujanan, ingsun kapêksa ora bisa ngayomi, amarga wus katalèn ing sêsanggêman, rasaning panggalih kaya kobaring gêni naraka, utawa kaya ngumbe banyu wisa, ewadene rèhne ingsun wus katrucut prasêtya ana ngarêpe para Bangsa Kuru, mulane ingsun iya ora kaduga ngrusak prasêtya mau. Hèh, yayi Wrêkudara, antêpana wênganing mangsakala, baline kabêgjan iku kaya wong nyêbar wiji, anggone ngêntèni mangsa panèn. Manawa wong kapandukan pialaning liyan, mangka anggone malês pialane mungsuhe, barêng piala mau wus ngêmbang, sarta nguwoh, wong mau banjur sinêbut bisa ngrampungake pakaryan gêdhe, sarana kasêktène.

--- 164 ---

Wong kang mangkono têmtu misuwur kaluwihane utawa olèh kabêgjan gêdhe, wujude mungsuhe padha nungkul, mitrane nguyun-uyun, kaya isèn-isèning kaswargan anggone anguyun-uyun Sang Hyang Indra, prêlu antuka nugrahane. Wruhanamu Wrêkudara, ingsun têmtu ora ngrusak prasêtya, awit kautaman ingsun anggêp luwih luhur tinimbang jiwaningsun utawa kamulyan ing ngêndi bae, kraton, anak, suwur, kasugihan, lan liya-liyane manèh, amarga kabèh mau durung ana sapranêmbêlase kasunyatan.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa sakawan, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 35. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Atur wangsulanipun Sang Bhima: O, kakang prabu, kapriye têka kakang prabu blêndar-blêndèr kaya unthuk, ora duwe kêkêncêngan kaya wowohan, sawuse matêng nuli tiba saka gantilane ora darbe pangwasa babar pisan, mung winisesa dening mangsakala, wêkasane banjur bosok, mula dak candra mangkono, amarga kakang prabu darbe sêdya anêtêpi prajanji kang tanpa watêsan, rikate playune kaya lumaraping panah utawa ilining banyu gêdhe, têtela kawawa angênthirake sadhengah kang katêmpuh, malah kaya têkaning pati. Gawoke atiku dene kakang prabu darbe pangira bisa olèh nugraha saka kabèh mau. Dhuh, atmajane Kunthi, umuring manusa kaya kaanane tamba mata, sabên dina suda satètès-satètès, kapriye dene aku mung tansah kok purih ngêntèni têkane mangsakala

--- 165 ---

kang tanpa wangênan, kiraku mung wong kang tan kêna ing pati, utawa wus wêruh watêsaning uripe, sarta bisa wêruh sadurunge winarah, nanging wus katon cêtha wela-wela kaya wus kalakon, iku kang sabar ngêntèni satêkane dhewe. Ah, kakang prabu yèn aku lan adhi-adhi, kok purih ngêntèni kongsi têlulas taun suwene, wêwangên samono mau wus nyuda akèh suwene uripe ana ing marcapada, sarta saya nyêdhakake marang jamaning pati, mulane kakang prabu, bêcik padha dibudidaya bisane mêngkoni kaprabon sadurunge mati. Ksatriya kang ora gêlêm ngupaya misuwure jênênge, mung kagawa lumuh nanggulangi mungsuh, iku wong asor. Wong mangkono mau, uripe ana marcapada tanpa gawe, padha kayadene sato, patine ora ninggal lêlabêtan. Wong-wong kang rumangsa darbe karosan lan kasudiran, yèn kongsi ora kaduga nanggulangi mungsuhe, uripe tanpa gawe. Panganggêpku marang wong mangkono mau, têtela asor dhasare. Astane kakang prabu bisa ngulungake êmas, kakang prabu wus misuwur ing jagad, mula sawuse kakang prabu mangrurah satru ana ing paprangan, banjur bisa ngrasakake kamuktèn kang pinangkane saka karosan lan pangwasa. Dhuh, pangrurahing satru, upama kongsi kacêmplung naraka, amarga saka kongsi sadina muput anggone ngrusak mungsuhe, naraka têmtu yèn banjur dadi swarga. Abote wong ngampêt kanêpson, iku panase ngungkuli gêni naraka, samêngko atiku kobong dening gêni kasusahan mulane rina wêngi aku ora bisa turu kêpati. Si Wibatsu, iya Pritaputra, kang samêngko kaya macan kinrangkèng, batine iya têmtu kobar dening kasangsaran iki, kaya apa kapengine ngêjur mungsuh, kang ora kanthi pambiyantune para prajurit

--- 166 ---

panah liyane, ananging gêni kanêpson kang murub anèng jêro dhadhane, iku samêngko kapêksa disirêp, kaya gajah rosa anèng wantilan. Nakula lan Sahadewa sarta Dèwi Kunthi, anggone ora kumêcap, iku mung saka niyat nglêgani panggalihe kakang prabu. Mangkono manèh wong-wong kang padha trêsna marang para Pandhawa, kaya ta: Sri Krishna, iya mung padha rumêksa rusake panggalihe kakang prabu, nanging aku lan ibune Pritiwindya (Drupadi), amarga dipêksa dening panasing ati kang tuwuh saka kasusahan kongsi wani tutur marang kakang prabu nanging satêmêne kabèh aturku iku cocog karo rasane wong kabèh mau, krana kabèh iku padha nandhang karusakan, mula tansah ngajap enggale prang. Dhuh, kakang prabu, ingatase aku lan para sadulur, apa ana kasangsaran kang gêdhene ngungkuli dirêbut kratone marang wong kang tanpa kaprawiran, sarta banjur ngrasakake kamulyane kaprabon mau. Ah, kakang prabu, mung saka kakang prabu tanpa kasantosan, mulane kakang prabu ngrasa wêdi nêrak sêsanggêman. Dhuh, kadangku tuwa, ora ana wong kang ambênêrake lêkase kakang prabu mangkono iku, dene gêlêm nandhang karusakan mung saka niyat ngugung mungsuh kang asor ing budi. Sêmune kakang prabu durung sumurup marang jatining kasunyatan, kaya bangsa luhur kang ngidungake Wedha ora ngrêti têgêse. Wêlas asihe kakang prabu kaya para brahmana, apa kakang prabu lali yèn linairake anèng antarane kulawarga ksatriya. Yèn ksatriya winênangake njurungi kanêpson. Kakang prabu wuninga kapriye piwulange mau, ratu kêna lêlamisan nglakoni piala, sarta liya-liyane, kang katone kaya sulaya karo kautaman. Pagene kakang prabu ngapura karo Drêtarastraputra, [Drêtarastra...]

--- 167 ---

[...putra,] kang candhala budi, kakang prabu kasinungan panggalih, darbe kakuwatan, kawruh lan trahing ksatriya, kapriye têka kakang prabu lumuh nindakake têtêping kawajiban, dadi kakang prabu kaya ula gêdhe kang ora gêlêm obah. Kakang prabu, yèn wong arêp nyingidake aku lan para kadang iku candrane kaya arêp nutupi gunung Himalaya, sarana sukêt satêkêm. Kakang prabu wus misuwur ing jagad, dadi ora bisa ora têmtu kadênangan ing wong. Kaya srêngenge ana ing awang-awang, apa bisa kalakon ora kawruhan ing wong, utawa kaya kayu gêdhe tinandur ing papan kang êloh, uripe têmtu andadi, kèbêkan godhong lan kêmbange utawa kaya gajahe Sang Hyang Indra, kapriye bisane wong angumpêtake Si Nakula lan Sahadewa, kang cahyane kaya srêngenge kêmbar. Dhuh, Pritaputra, apa Sri Krêsna putrane paman Prabu Drupada, ibune para ksatriya kang utama ambêge, sarta wus misuwur ing jagad têtêlu, bisa manggon ing salah sawijining dunung kang ora kawruhan, yèn putraning nata, apamanèh wong wus padha wêruh marang aku, wiwit cilik pisan, têmtu angèl bangêt bisane sêsingidan. Gunung Mèru nglêngkara yèn bisa ora kawruhan, luwih manèh pira bae ratu kang wus dak rêbut kratone. Para ratu mau dalah ksatriyane, têmtu yèn padha niyat anjurungi alane Drêtarastraputra, jalaran kabèh padha sêrik marang Pandhawa, dene karêbut kratone dak tundhung saka prajane, wus têmtu para ratu mau padha kapengin malês sêriking atine. Saka anggone tansah ngangkah lumunture sihe kakang Duryudana, para ratu mau têmtu yèn padha nyêbar têlik kang namur warna, mangka yèn kongsi bisa wêruh marang aku, sarta ngaturake kaananku, Pandhawa nuli sangsara

--- 168 ---

manèh. Têkan dina kalênggahan iki anggonku dêdunung ana ing alas, wus têlulas sasi. Ujare para wicaksana, mungguhing sasi lan taun, iku kaya kaananing putika lan soma (sagêd linton), apadene dosane kakang prabu kang tuwuh saka cidraning janji, iku kêna rinuwat sarana sêsaji, dana pangan kang mirasa, utawa ngopèni sami kang momot barang sukci kongsi rêkasa. Mulane kakang prabu, wiwit dina iki bêcik banjur nyantosakna kêkêncêngan, anggone kakang prabu arêp ngrusak mungsuh, ingatase ksatriya ora ana kautaman kang luhure kaya angadoni ngadilaga."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa gangsal, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 36. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sri Yudhisthira, putranipun Dèwi Kunthi, pêpêthinganing darah Bharata, ing nalika midhangêt aturipun ingkang rayi makatên wau, lajêng angunjal napas, sarwi nyantosakakên kasabaran, pangandikaning driya: "Wus rambah-rambah anggon ingsun ngrungu piwulang wajibing ratu, apamanèh kuwajibane golongan liyane, dene kang sinêbut wêruh marang wajib, iku wong kang tansah nêtêpi kawajibane, sarta rumêksa tindake anèng ngêndi bae, dadi ingsun ora kasamaran marang jatining kautaman, kang têtela ora sak uwonga bisa wêruh tênan.

--- 169 ---