Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855

1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata

Sêrat Mahabharata No. 8.

7 Agustus 1959.

Abote anggon ingsun nêdya nêrak kautaman, prasasat niyat angrata gunung Mahamèru.

Sasampunipun kèndêl sawatawis dangu wigatos nyantosakakên karsanipun, wasana lajêng paring pangandika dhatêng Sang Nararya Bhimasena, mawi sinartan pêpacuh, Sang Bhima sampun ngantos atur wangsulan malih, pangandikanipun makatên: "Adhi Bhimasena, kang gagah prakosa, ucapira mau bênêr kabèh, nanging wruhanira, hèh têtunggule para kang wasis micara, mara rasakna wuwus kang ingsun tuturake iki. Kawruhana piala apa bae kang kalakone sinurung dening jujuling ati, iku dadi tuking karusakan, nanging êndi panggawe kang tumindake kanthi rinasakake dhisik kongsi sawatara suwe, mangka sinartan kasudiran, sinamêktan sarana sagaduke, sarta ora tinggal kaprayitnan, têmtu bêcik kadadeyane. Nadyan para dewa, manawa arêp nindakake samubarang iya dirasakake dhisik. Mara dêlingna pangrungunira, kagawa sira angêndêlake karosanira, lan sinurung jujuling ati, mula sira banjur nêdya mangkat padha sanalika, ing mangka Burisrawa, Salya, Jarasandha, Karna lan Rêsi Drona, putra, kang pilih tandhing ing prang, kakang Duryudana lan liya-liyane, kang ora gampang dikalahake, iku samêngko nglumpuk dadi siji, wus samêkta sagêgamaning prang nêdya mungsuh Pandhawa, luwih manèh para narendra, dalasan para nayakane kang saksêrik marang Pandhawa, iku kabèh wus niyat biyantu Kurawa, sarta wus

--- 170 ---

tinalèn katrêsnan, dadi para ratu mau têmtu niyat makolèhake kakang Duryudana, nanging ora marang ingsun lan sira. Wus têtela yèn nêdya mungsuh Pandhawa, kang diwragadi rajabrana sacukupe, sarta kakuwatan gêdhe, mangkono manèh para senapatine Prabu Kuru, saanak kulawargane, tansah padha rinoban brana lan kawibawan dening kakang Duryudana, sarta dibêktèni, kagawa saka mangkono pangiraku, kabèh mau têmtu padha suka rila anajèkake patine anèng paprangan, kanggo kamulyane kakang Duryudana, malah nadyan kang minulya eyang Bhisma, Rêsi Drona, lan paman Rêsi Krêpa, kang sihe marang Pandhawa padha bae karo marang Kurawa, ewadene ingsun anduga, kagawa saka darbe pangarah bisane lêstari tampa sihe kakang Duryudana, têmtu yèn kaduga nyramakake sugênge. Manawa ingatase paprangan apa ana kang ngungkuli têlu pisan mau, wasis marang sarupaning gêlar, bisane nandukake gêgaman kaswargan, sarta têtêpe kautamane, pangiraningsun, nadyan prajurit dewa kang disenapatèni Hyang Wasawa dhewe, ora bisa ngundurake prajurit têtêlu mau. Ing antarane para Kurawa isih ana manèh siji, kang anglêlanangi prigêl sikêp salwiring gêgaman, ora kêna kinalahake, ngrasuk kotang kang ora tumama dening panduke sakèh gêgaman, yaiku Narpati Karna. Apa wong kang tanpa kanthi kaya sira, bisa ngalahake kakang Duryudana, sadurunge sira bisa nyirnakake kabèh mau, o, Wrêkudara, adhiku wong bagus, yèn ingsun angèlingi kaprigêlane Sang Sotaputra, kang panyawang ingsun têtela têtungguling para wira sikêp jêmparing, ingsun nuli ora bisa nendra.

--- 171 ---

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi mirêng dhawuhipun ingkang makatên wau Sang Bhimasena sakalangkung pêtêng panggalihipun, langkung malih sampun mbotên dipun parêngakên matur malih. Ing salêbêtipun para Pandhuputra sami wiraosan makatên wau, Sang Maharsi Wiyasa, putranipun Dèwi Satyawati, katingal rawuh, pramila para Pandhawa enggal sami mapagakên. Dupi sampun sakeca lênggahipun, kang wicaksana Sang Rêsi Dwipayana, ngandika dhatêng Prabu Yudhisthira, makatên pangandikanipun: "Dhuh, mas putu, kang tuhu linuwih, praptaningsun iki, amarga ingsun wuninga rasaning panggalihira, gêtêring rasa, girisira marang Bhisma, Rêsi Drona, Rêsi Krêpa, Karna lan Dronaputra, Duryudana lan Dusasana, iku nêdya ingsun sirnakake srana anuduhake rêrancanganing lêlakon, sarta sawuse sira miyarsakake pitutur ingsun, nuli lêksananana kanthi sabaring panggalih. Manawa wus wiwit sira èstokake, girising panggalihira mau têmtu nuli sirna."

Sasampunipun ngandika makatên Sang Maharsi Parasaraputra, nganthi astanipun Prabu Yudhisthira, kaajak misah saking antawisipun para kadang, lajêng andhawuhakên pangandika, ingkang sakalangkung wigatos, pangandikanipun makatên: "Dhuh, musthikaning têdhak Bharata, samêngko wus têkan mangsane sira wiwit angundhuh kabêgjan, ugêr Dananjaya, anake Prita gêlêm rumagang ing gawe. Mara samêngko tampanana aji kang aran: Prati Sêmiriti, kang nêdya ingsun warahake marang sira, karana ingsun wuninga, manawa sira kuwat kanggonan aji mau, iya ingkang bakal dadi sarananing kanugrahanira. Sawuse Arjuna sira warah aji mau, bakal nuli

--- 172 ---

katurutan sapangarêp-arêpe, mula Arjuna enggal purihên marêk ing ngayunane Bathara Indra lan Bathara Rudra, prêlu nyuwun gêgaman, sarana gênturing kasutapan, Arjuna bisa sapatêmon lawan para dewa mau. Wruhanira, Arjuna iku panjanmane rêsi linuwih, mitra wrêdha lan Bathara Narayana, kang langgêng, krana iku dewa, ora bisa kasoran mungsuh sapa bae, jinurung apa sasêdyane, sarta luput ing pati. Manawa Arjuna wus tampa gêgaman pêparinge Bathara Indra, Rudra, lan para lokapala, têmtu yèn bisa ngêntasi karya. Dhuh, Kunthitanaya, sira sakadang warga ngaliha saka ing alas kene, marang alas liyane, kang sakira kapenak sira anggo palêrêman, amarga yèn sira anjrak anèng salah sawijining panggonan, iku ora kapenak, krana bakal gawe kurang jênjême para ambangun tapa, kajaba iku kagawa saka anggonira nêdya mirantèni dhahare para brahmana kang lêbda ing Wedha lan Wedhangga, yèn lêstari ana ing kene bakal angêntèkake sati, apadene ngrusakake rêrungkudan lan kêkayon.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sang Maharsi Wiyasa, ingkang linangkung kawicaksananipun, sarta wuninga saolah kridhaning bawana, lajêng mêdharakên aji Prati Sêmriti dhatêng Sri Yudhisthira, kang sêtya tuhu ing wacana, inggih punika sasampunipun Sri Yudhisthira sêsukci ngantos sawatawis dangu. Saparipurnaning pamêjangipun, lajêng pamitan badhe wangsul ing pratapanipun, mila Pandhawa lajêng atur sêmbah sarwi mêmuji karaharjaning kunduripun sang maharsi, ingkang lajêng musna mbotên katingalan.

--- 173 ---

Kawuwusa, Sang Prabu Yudhisthira, ingkang ambêg utami, sasampunipun tampi pitêdahipun sang maharsi, tansah dipun èngêt-èngêt, supados sagêd tumanêm ing dalêm cipta, sarta tansah kawatêk ing wanci ingkang sampun tinamtokakên, kalayan bingahing panggalih, sarta lajêng pindhah saking Dwetawana dhatêng wana Kamyaka, satêpining bênawi Saraswati. Dhuh, sinuwun, pintên-pintên para brahmana ingkang têtêp ing kasutapan, sarta lêbda dhatêng lêlagon, saha dhatêng patitising sastra, sami umiring ing panjênênganipun Sang Sri Yudhisthira, kados para rêsi andhèrèkakên ratuning dewa ing kaswargan. Sadumuginipun ing wana Kamyaka, têtungguling darah Bharata, lajêng nata pakuwonipun, dêdunung ing ngriku kalayan para mitra saha para abdinipun, awit saking mêntalaning panggalihipun, para rajaputra wau ngantos dangu anggènipun wontên ing wana Kamyaka kalayan mbotên towong sami olah damêl, sarta midhangêtakên para brahmana anggènipun sami mawedastuti. Sabên dintên tansah nusup-nusup mbêbêdhag buron wana, sarwi sikêp jêmparing ingkang tanpa wisa, punapadene mbotên nate lirwa anggènipun nglampahi saupakartining sêsaji dhatêng para pitri, para dewa, tuwin para brahmana.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa nênêm, saking perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 37. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi sampun kalampahan sawatawis

--- 174 ---

dangu lêrêmipun wontên ing wana Kamyaka, Prabu Yudhisthira èngêt dhatêng piwêlingipun Sang Mahamauni Wiyasa, mila sigra nimbali Sang Arjuna, bêbanthènging ksatriya, ingkang wasis anjêmparing. Dupi sampun prapta, enggal kinanthi sarwi mèsêm. Sasampunipun kèndêl sakêdhap, ing sêmu kados angèngêt-èngêt, lajêng ngandika dhatêng ingkang rayi, makatên pangandikanipun: "Dhuh, têdhak Bharata, kawruhana, kapintêran ingatase nandukake gêgaman, sajagad iki dumunung anèng eyang Bhisma, Rêsi Drona, Rêsi Krêpa, sarta Dronaputra. Kabèh mau ora kasamaran marang gêgaman Brahma (Brahmastra), gêgaman kaswargan, lanyayawya, sarta bisa nglêpasake pisan, mangka kabèh mau dibêktèni, diajèni, apadene dilêgani sakarsane dening Drêtarastraputra, mula panganggêpe kabèh mau marang Drêtarastra, iya kaya marang dhêdhuwurane, amarga sakèhing wadyabala pamêngkune Drêtarastraputra kanthi katrêsnan, sarta para senapatine padha ingajangan saha dipituruti sapanjaluke, mula têmtu banjur padha rumêksa karahayone sang prabu, lan ora wêgah ngêtog karosane, apadene sarupane nagara sajagad, wus padha kawêngku pangwasane kakang Duryudana, dalah desa lan kutha-kuthane kabèh, sagarane, alas lan sapêlikane pisan. Mangka pangayoman ingsun mung sira, dadi sira darbe sêsanggêman kang luwih abot. Dhuh, pamunahing satru, ing mêngko ingsun nêdya nuturake apa kang kudu sira lakoni. Ingsun winêdharan aji dening jêng eyang Rêsi Dwipayana. Aji mau dak pasrahake marang sira. Yèn aji mau kawatêk, bisa mêruhake marang salwiring dumadi. Dhuh, Arjuna, mara tampanana aji iku, mung aja kurang pangati-ati, sarta yèn wus wiwit kawênganan ing mangsakala, sira bakal antuk nugrahaning

--- 175 ---

dewa, iya saka pangwasane aji mau. Dhuh, bêbanthènging manusa, mulane sira banjur mêsua brata, sikêpa gandhiwa lan anganggara sabêt, ngrasuka kulambi kêre, sawuse nuli mêsua kasutapan. Lumakua mangalor, aja maèlu marang sapa bae, dhuh, Dananjaya, kabèh gêgamaning dewa iki ana astane Sang Hyang Indra, awit giris marang Asura Writa, sakabèhe para dewa padha andèlèh katiyasane ana ing Hyang Sakra. Sarèhne wus nglumpuk dadi siji, mula sira sowana ing Bathara Sakra, panjênêngane bakal matêdhakake sarupaning gêgaman mau marang sira. Amatia raga lan mangkata dina iki, supaya sira bisa sapatêmon lan Hyang Purandara.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun ngandika makatên, Sang Sri Yudhisthira kang wicaksana, sarta ingkang sêtya tuhu ing wacana, lajêng mêdharakên aji Prêti Sêmiriti dhatêng ingkang rayi, mawi sêsaji saprêlunipun, sarta mangrèh pangandika, mangrèh sarira, tuwin mangrèh cipta, wasana dhawuh supados Sang Arjuna lajêng pangkat ing nalika punika ugi. Sang Arjuna sigra angendhong jêmparing sarwi angiwa langkap, ngrasuk kêre, ulêsing dariji saking wacucaling sato, angêsokakên sêsaji ing latu, misungsung para brahmana, nyuwun pangèstonipun, lajêng pangkat saking Kamyaka, nêdya marêk ing Hyang Indra. Rikala Sang Arjuna jumangkah sapisan, lajêng tumênga ing akasa, sarwi angunjal napas, ing batos ngèsthi sirnaning Drêtarastraputra. Kawuningana, sakathahing para brahmana, para sidha, tuwin sakathahing lêlêmbat ing wana Kamyaka, ing nalika priksa, manawi Sang Arjuna sampun sikêp dêdamêl, nêdya ngupaya ing Bathara Purandara ing ngriku lajêng

--- 176 ---

sami amêmuji, ucapipun: "Dhuh, Kunthiputra, mugi tumuntên kadumugèn saèsthining panggalih ijêngandika, sarta manggiha unggul, pêrang jêngandika ing têmbe." Dèwi Krêshna, dupi wuninga Sang Arjuna, ingkang baunipun kadi talalening dirada punika, sampun tumênga manginggil, badhe lêlana brata datanpa kanthi, lajêng manguwuh: "Dhuh, kang sudira ing rananggana, mugi pangudangipun Dèwi Kunthi, ingkang kawiyos ing nalika paduka kamiyosakên, punapadene sadaya karsa paduka tumuntên jinurungana ing para dewa. Dhuh, Sang Dananjaya, mugi-mugi para Pandhawa tuwin kula, sampun ngantos ing têmbe linairakên dados bangsa ksatriya malih. Kula tansah angaji-aji ing para brahmana, ingkang sugêngipun sarana pariman. Kados punapa sêriking manah kula, nalika Duryudana mastani kula lêmbu èstri, wontên ing pasamuanipun para putri tuwin malih ing salêbêtipun pasamuan wau, Duryudana, kang candhala budi, tansah amêmirang dhatêng kula, sarana têtêmbungan ingkang mbotên pantês dipun ucapakên, ewadene risaking manah kula dipun camah wau, mbotên mantra-mantra, manawi katandhing kalihan anggèn kula paduka tilar punika. Sapêngkêr paduka, para kadang ingkang katilar sabên wiraosan, sampun saèstu tansah ngraosi kasudiran paduka. Sanadyan manggih kamulyan tuwin kabêgjan, para kadang paduka tuwin kula piyambak, manawi ngantos kadangon panilar paduka, tamtu mbotên sagêd kraos bingah, sabab ingatasipun Pandhawa gêsang miyambak mbotên wontên raosipun. Dhuh, Pritaputra, bêgja cilaka, pêjah gêsang, karajan saha karaharjanipun Pandhawa punika gumantung wontên paduka. Dhuh, Bharata, tindak paduka mugi

--- 177 ---

manggiha arja, sarta antuk nugrahaning dewa. Dhuh, kang tan kalepetan dosa, kuwajibanira punika paduka ingkang badhe sagêd angêntasi karya, sanadyan dipun pakèwêd ing mêngsah ingkang kawasa.

Dhuh, kang tanpa timbang ing marcapada, suwawi lajêng pangkata, murih tumuntên antuk karya, kinalisna saking saliring rèh pancabaya. Kula manêmbah ing padanipun Dèwi Datri tuwin Widatri nyênyuwun mugi angêyomana salampah paduka. Mugi-mugi nyandhunga cêpaka sawungkul. Dhuh, Dananjaya, mugi-mugi paduka rinêksaa dening Bathari Sri, Bathari Tri, Bathari Kirti, Bathari Driti, Bathari Pusti, Bathari Uma, Bathari Laksmi tuwin Bathari Saraswati, awit salaminipun paduka tansah angèstokakên dhatêng parentahing kadang wrêdha. Dhuh, singaning bangsa Bharata, kula ugi manêmbah ing Bathara Wasu, Bathara Rudra, Bathara Aditya, Bathara Maruta, Bathara Wiswadewa tuwin Bathara Sadya, supados sadaya wau sami rumêksa karaharjan paduka. Dhuh, Bharata, mugi-mugi paduka kalisa saking pangrêncananing lêlêmbat, ingkang manggèn ing hawa, ing langit, bumi, tuwin ing toya, saha pangrêncananipun lêlêmbat sanès-sanèsipun malih."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sakèndêlipun pudyastutinipun Dèwi Krêshna, sang wira Pandhuputra, lajêng ngubêngi para kadang, tuwin Bagawan Dumya, mantuk lajêng pangkat, têmah adamêl sumêdhoting panggalihipun ingkang sami tinilar. Sato-sato sami nisih saking panggenan ingkang dipun langkungi Sang Arjuna, pintên-pintên parêdèn pratapanipun para pandhita, ingkang dipun langkungi, lajêng wiwit ngancik laladan parêdèn Himalaya [Hima...]

--- 178 ---

[...laya] kang sukci, palinggaranipun para dewa Sang Dananjaya, kang santosa ing budi, dumuginipun ing rêdi sukci wau, saking Kamyaka amung sadintên, awit lampahipun Sang Arjuna kadi laraping jêmparing. Sang Arjuna manawi sampun matêk mantra, rikating lampahipun sami kalayan kêclaping cipta. Sasampunipun anjajah saindênging rêdi Himawat, Gadamadana, ing ngriku wiwit ngambah margi ingkang sungil-sungil, sakalangkung amutawatosi, siyang ing pantara ratri Sang Arjuna mbotên kèndêl ing lampahipun. Dupi ngancik ing Indrakila, Sang Arjuna mirêng swara ingkang manguwuh, ujaring swara: "Aja mbacut." Rikala Sang Dananjaya midhangêt panguwuhing swara wau, lajêng tumolèh nganan ngering, osiking panggalih: "Sapa iki kang nywara?- Osiking panggalih kadi lajêng tampi wangsulan, awit Sang Pandhuputra wuninga pandhita ambangun tapa ing sangandhaping mandira, ujwalaning prabanipun ngênguwung, kuliting sarira jêne sêpuh, rikmanipun kinlabang. Dupi sang andon tapa priksa manawi Sang Arjuna kèndêl wontên ing ngriku, lajêng ngandika: "Kulup, pagene sira wus têka ing kene isih sikêp langkap, ngendhong panah, sarta kulambi kere lan sapanunggalane, kang mratandhani ksatriyanira. Ingatase gêgaman ana ing kene wus tanpa guna, krana ing kene dadi padunungane para brahmana kang mangun katêntrêman, mêsu puja brata, tinggal kanêpson lan kabungahan, dadi langkap wus ora migunani manèh, krana ing kene wus ora ana tukar padu lan gêgêthingan. Mulane, nggèr, nuli buwangên langkapira. Sira têka ing kene iku sira wus angunggahi kasukcianing urip. He, wong linuwih, satribawana ora ana titah kang kasantosan miwah kakêndêlane

--- 179 ---

padha lawan sira." Sang brahmana anggènipun ngandika makatên wau sêmu mèsêm, nanging Sang Arjuna mbotên kengguh dening pêpèngêtipun sang tapa, èsthining panggalih mbotên nêdya sèlèh dêdamêl. Sang tapa suka amrawata suta, mila ngandika malih sarwi mèsêm: "Dhuh, ksatriya utama, muga sira rinakêtana kabêgjan miwah kayuwanan. Wruhanira ingsun iki Sakra, ingsun nêdya matêdhakake nugraha, mula tutura apa kang sira suwun." Sang Arjuna dupi miyarsa pangandika makatên wau, enggal manêmbah sarwi matur: "Mugi linêpatna ing saru siku, pukulun, kula kumacèlu sagêda nandukakên dêdamêling dewa." Hyang Indra mèsêm, ing sêmu kadi katuju ing karsa, wasana ngandika: "Samêngko sira wus têka ing kene apa sira prêlune njaluk gêgaman, Dananjaya, sira wus angunggahi kamulyaning urip, apa ora luwih bêcik yèn sira nêdya nggayuh sajatining katêntrêman." Atur wangsulanipun Sang Arjuna sêmu ngarah-arah, ngangge paningal sèwu, makatên aturipun: "Katêntrêman mbotên dados pangajêng-ajêng kula, punapadene kula mbotên nggayuh kamulyaning dewa, kadospundi dene pukulun ngandika katêntrêman. Dhuh, narendraning para dewa, kula mbotên kapengin kamulyaning dewa, amargi kula nilar para kadang wontên ing wana, kalayan nandhang saliring prihatos, kabêkta mbotên sagêd nandukakên wêwalês dhatêng piawoning mêngsah, kadospundi manawi kula mangun kamulyaning katêntrêman punapa kula nêmaha damêl kuciwaning kautamèn kula, ingkang mbotên sagêd sirna salami-laminipun, tansah ngèsênan ing jagad."- Dupi pangrisaking writra, midhangêt aturipun Sang Arjuna, lajêng ngandika sêmu ngarih-arih, pangandikanipun [pa...]

--- 180 ---

[...ngandikanipun] makatên: "Manawa sira wus kalêksanan bisa andulu marang Sang Hyang Siwah, kang anetra têlu, sarta kang sikêp trisula, iya sasêmbahane sagung dumadi, ing kono ingsun nuli maringake gêgaman kaswargan marang sira, mulane sêrunên puja bratanira, dimèn sira bisa andulu dewane para dewa. Mung sarana mangkono mau, bisane sira antuk kabèh kang sira karêpake." Satêlasing pangandikanipun, Hyang Sakra lajêng musna sami sapalênggahan, dene Sang Arjuna kantun anggana, kakêncênganing panggalih, nêdya mêsu brata wontên ing ngriku.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa pitu, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 38. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh, brahmana, ingkang kasumbaga, kula kapengin sangêt mirêng cariyos kawontênanipun Sang Arjuna, ingkang mbotên kalepetan dosa punika kalampahanipun angsal dêdamêling dewa, mugi paduka kaparênga nyariosakên, kadospundi Sang Dananjaya ingkang linangkung kaprawiran saha kakêndêlanipun punika, salêbêtipun ing wana ingkang sakalangkung sêpi wau. Dhuh, bagawan, pêpêthinganing para pandhita, ingkang mungkul dhatêng Wedha, punapa ingkang katindakakên dening Sang Arjuna, salêbêtipun wontên ing ngriku wau, punapadene kadospundi Sang Arjuna anggènipun damêl karênaning panggalihipun Sang Hyang Stanu

--- 181 ---

(Mahadewa), dewaning dewa. Dhuh, tatungguling para brahmana, manawi kaparêng kula kapengin mirêngakên cariyos wau paduka mumpuni dhatêng salwiring kawruh, paduka wuninga lêlampahanipun para dewa tuwin manusa. Dhuh, sang brahmana, mendah ramenipun, nalika Sang Arjuna, ingkang mbotên kalindhih prangipun punika dupi tandhing tiyasa kalayan Bathara Bawa. Manawi dipun cariyosakên saèstu damêl njêgriging wulu sarta murindinging kulitipun ingkang sami mirêngakên, dene Sang Arjuna bêbanthènging jagad, panggalihipun ngantos gêtêr, amargi saking kagawokan, bingah tuwin rumaos kasoran. Punapa malih paduka kêparênga nyariyosakên lêlampahanipun Sang Arjuna sanèsipun malih. Kula dèrèng nate mirêng cariyos lêlampahanipun Sang Yishnu, ingkang mbotên kenging cinacat, mila dipun cariyosna sadaya, sampun ngantos wontên kalangkungan."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, gêgêmbonging bangsa Kuru, ing mangke kula badhe ngaturakên cariyos wau sadaya, inggih punika dongèng sae ingkang sakalangkung panjang kados mbotên wontên lêlampahan ingkang mirib lêlampahanipun panêngah Pandhawa, ingkang kasumbaga punika. Dhuh, narendra bangsa Kuru, suwawi dipun midhangêtna, cariyos pêpanggihanipun Sang Arjuna kalayan sasêmbahaning para dewa, ingkang netranipun tiga, punapadene pêpanggihanipun Sang Arjuna kalayan para dewa.

Sasampunipun tampi timbalanipun ingkang raka Prabu Yudhisthira, Sang Arjuna, ingkang kasudiranipun tanpa timbang, lajêng pangkat saking Kamyaka, karsanipun nêdya

--- 182 ---

marêk ing Sang Hyang Indra têtungguling para dewa. Lampahipun Sang Arjuna wau mawi sikêp langkap kaswargan (gandhiwa) saha nganggar sabêt, ingkang cêpênganipun kancana, inggih dêdamêl punika ingkang kangge minangkani gêgayuhanipun, lampahipun mangalèr, èsthining panggalih nêdya anginggahi pucaking Himawat. Dhuh, sinuwun, pêpêthinganing prajurit wau lajêng wiwit amatiraga, sinartan angêningakên cipta, nyantosakakên panggalihipun. Tindakipun mbotên mawi kanthi, lumêbêt ing wanapringga, kaèbêkan kêkajêngan ingkang mawa ri, kathah sêsêkaran tuwin wowohan mancawarni, kathahing pêksi saha sato ing wana wau mbotên kenging winiraos, mila dipun angge palinggaranipun para siddha tuwin para carana. Rikala Sang Arjuna lumêbêt ing wana ingkang mbotên nate kaambah ing janma wau, ing ngawang-awang kapiyarsa swaraning kalasangka miwah tambur, binarung tumuruning jawah sêkar. Ing langit radi kasasaban ing mêndhung angêndhanu, mila katingal pêtêng. Sasampunipun langkah saking margi gawat, ingkang kêbak kêkajêngan mawarni-warni, ingkang wontên sukuning parêdèn wau, Sang Arjuna lajêng anjog ing têlênging Himawat. Sasampunipun kèndêl sawatawis, Sang Arjuna wiwit sumunar tejanipun, ing ngriku Sang Arjuna ningali kêkajêngan ingkang ronipun angrêmbaka, sineba ing pêksi maèwu-èwu, sami ngocèh, swaranipun anganyut-anyut, kadi swaraning para brahmana sêsanti, kajawi punika Sang Arjuna ugi nguningani lèpèn pintên-pintên ingkang toyanipun kadi bêninging sêsotya, sarta ambuncang kumandhang swaraning banyakwidhe, maliwis tuwin pêksi toya sanès-sanèsipun. Sauruting têpining lèpèn sineba pêksi kukila jalêr saha mêrak

--- 183 ---

ingkang sami nyabawa, swaranipun kadi asung pambage dhatêng sang andon ngêlangut wau, mila Sang Dananjaya sakalangkung kacaryan ing galih. Sakathahing swara saha sêsawangan ingkang sangêt anêngsêmakên wau, kadi anênarik panggalihipun Sang Wira Dananjaya, ingkang luhur jiwanipun, badhe lajêng ambangun tapa wontên ing ngriku. Wiwit nalika samantên Sang Arjuna ingkang kadhahar amung kleyanging ron-ronan, ingkang sampun dhumawah ing siti saha sampun garing, pangagêmanipun santun anaman saking rumput saha wacucaling sima cêmêng sarta atêtêkên. Wulan sapisan Sang Arjuna sabên tigang dintên sapisan dhahar wowohan, wulan kaping kalih sabên dintên sapisan wiwit ngancik wulan kaping sakawanipun lajêng kantun ngangin kemawon, sampun mbotên dhahar punapa-punapa. Pacakaning sarira anggènipun mêsu brata, Sang Arjuna ingkang linangkung kasantosanipun wau, jumênêng sampeyan jininjitakên, asta ngacung manginggil, sakêdhap-sakêdhap sirêm, mila rikmanipun ngantos sumorot gilar-gilar. Ing nalika samantên para rêsi lajêng sami marêk ing ngayunanipun jawata ingkang sikêp pinaka,[1] wigatos ngaturakên gênturing kasutapaning Sang Arjuna, aturipun makatên: "Sutanipun Pandhu, ingkang linangkung kasantosanipun, ing mangke anggêntur kasutapan wontên samadyaning Himawat. Saking sruning bratanipun, têmah mrabawa bêntèr, ngantos siti sakiwa têngênipun sami kumukus. Dhuh, dewaning ngadewa, kula sakanca sami kakilapan dhatêng pikajêngipun Arjuna, ingkang sinêmbadan amêsu brata makatên punika, mila wontêna karsa

--- 184 ---

paduka mambêng pandamêlipun Arjuna wau." Dupi gustinipun sagung dumadi midhangêt para maharsi, lajêng paring pangandika: "Aja mrihatinake kasutapane Palguna, nuli padha balia karo sênênging ati, ingsun ora kasamaran marang sêdyane Arjuna, têtela yèn ora anggayuh suwarga ora nggayuh kamuktèn, apadene dawane umure, ing dina iki uga ingsun nêdya nugrahani sapanyuwune Arjuna."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para maharsi ingkang sêtya tuhu ing sêsanggêman, dupi mirêng pangandikanipun Hyang Mahadewa makatên wau, sakalangkung bingahing manah, mila lajêng sami wangsul dhatêng pratapanipun piyambak-piyambak."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa wolu, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 39. SAMBÊTIPUN ARJUNA BHIGAMANA PARWA.

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Saunduripun para maharsi, kang minulya Sang Hyang Hara, ingkang sikêp pinaka, saha pangruwating dosa, sigra mancala warna kerata (tuwa buru utawi golonganing para tiyang ingkang sami bêlasakan urut wana, inggih golonganing bangsa ingkang asor piyambak) nanging sariranipun katingal mancorong, dêdêg agêng inggil prasasat ardi Mèru, nyangking langkap, ngendhong jêmparing ingkang ampuhipun prasasat wisaning sarpa, prabanipun sumunar,

--- 185 ---

mandhap dhatêng Himawat. Tindakipun ratuning dewa wau kadhèrèkakên Dèwi Uma, mangagêm satata panganggenipun kerata èstri, saha pintên-pintên pêri pêrayangan ingkang mancawarni panganggenipun. Dhuh, sinuwun, ing Himawat sanalika wau santun dados sakalangkung wingit, awit kaprabawan rawuhipun Hyang Girinata tuwin para ingkang sami umiring. Mbotên watawis dangu ing ngriku sidhêm prêmanêm mbotên wontên sabawa kamirêngan, kumriciking toya punapadene ocèhing pêksi sami kèndêl. Rikala Hyang Mahadewa sampun cêlak kalihan panggenan anggènipun Sang Arjuna jumênêng matiraga, Hyang Mahadewa wuninga waraha agêng, wujudipun anggêgirisi, kados raksasa muka, sêmunipun waraha wau nêdya mrawasa Sang Arjuna. Sang Arjuna priksa manawi badhe tinêmpuh ing mêngsah, sigra ngasta gandhiwa saha jêmparingipun. Ing nalika Sang Arjuna mênthang langkap, ingkang gumêrot swaranipun kadi angêbêki gêgana, mawi manguwuh dhatêng waraha: "Têkaku ing kene ora niyat gêndhak sikara marang sarupaning kumêlip, nanging yèn kowe nêdya sikara marang aku, têmtu dak prawasa."

Sang Sangkara kang mancala warna tuwa buru, dupi wuninga Sang Arjuna ngêmbat langkap badhe anjêmparing waraha, enggal-enggal manguwuh, pangandikanipun: "He, aja sira lêpasi, cèlèng kang gêdhene prasasat gunung Indrakila iku, marga wus dak kinthil suwe."

Sang Arjuna mbotên maèlu panguwuhing kerata, amung lajêng anglêpasakên jêmparingipun. Makatên ugi kerata ingkang cahyanipun sumunar kadi andaru, inggih anglêpasakên jêmparingipun, cumlorot kadi kilat, tumandukipun

--- 186 ---

ing badanipun waraha ingkang atos kadidene intên, sêsarêngan kalayan jêmparingipun Sang Arjuna. Jêmparing kalih wau dhumawahipun sami nyuwara jumêbrèt kados balêdhèg palunipun Sang Hyang Indra, sarta sami tumancêp ing dhadhaning waraha. Dupi muka kataman jêmparing kalih, ingkang mawi wisa kadi sêmburing naga, lajêng pêjah, wasana sirna wujuding waraha, dados raksasa agêng gumuling ing siti. Sang Jishnu, pangrisaking satru sêkti, kagyat dene ngarsanipun wontên tiyang cahyanipun sumunar kadi latu sêsaji, nanging panganggenipun kadi kerata, mawi kairingakên pawèstri pintên-pintên, mila Sang Kunthiputra pitakèn sarwi mèsêm, kêdaling wicara manis: "Kowe iku sapa, dene ana ing alas mangkene sêpine, nganggo diiringake wong wadon pira-pira. Hèh, kang cahyane mancorong kaya srêngenge, sêmune kowe ora duwe sumêlang ngambah alas kang mangkene gawate, lan manèh pagene kowe wanuh wani manah waraha kang wis dak wawas dhisik. Raksasa iki têkane ing kene, nandukake upaya sandi, nêdya mrawasa marang aku; dadi banjur dak panah, mulane kowe aja duwe pangarêp-arêp bisa oncat saka ing pati. Luwih manèh patrapmu marang aku ora kaya solah bawane tuwa buru."

Dupi mirêng pangandikanipun Sang Arjuna makatên wau, sang kerata ingkang sagêd nglêpasakên jêmparing kalayan astanipun kiwa lajêng mangsuli pangandika sarwi mèsêm, kêdaling wicaranipun manis, makatên: "Hèh, prajurit linuwih, aja bela tampa kaduk pangrasa, wruhanamu alas iki wêwêngkonku dhewe sarta salawas-lawase aku manggon ing kene, kosokbaline kagawa saka gumunku andêlêng kakêndêlanmu, pitakonku wangsulana. Pagene kowe wanuh wani dêdunung ing

--- 187 ---

kene, kang kêbak bêbaya rupa-rupa. Hèh, wong tapa, kawruhana alas kang kêbak sato rupa-rupa iki wêwêngkonku, sarta kowe wong bagus, kang mancorong guwayamu, wani manggon ing alas kang mangkene sêpine?"

Wangsulanipun Sang Arjuna: "Mulane aku wani dêdunung ing kene, amarga aku pitaya marang kiyating langkapku, lan ampuhe panahku, kang murub kaya gêni iki, utawa kang kaya pawaki kang angka loro (pawaki putranipun pawaka dewaning latu). Kowe mêruhi dhewe, raksasa kang anggêgirisi iki kang têkane nyarupa waraha, wus anêmahi pati saka panahku."

Wangsulanipun sang kerata: "Buta iki aku kang manah dhisik, dadi aku kang wus nguntapake nyawane marang karatone Yama, aku kang ngincêng dhisik, sarta iya aku kang nguntapake patine, kowe adigung ngêndêlake karosanmu, banjur wani ngarani luput marang tindaking liyan. Aja mamak, kowe kang nêrak bênêr, sarta candhala budi, aja lumayu, tadhahana panahku, sarta nglêpasna panahmu dak tadhahane dhadhaku."

Rikala midhangêt ucapipun sang kerata makatên wau, Sang Arjuna sangêt mangigit-igit, mila enggal nglêpasi jêmparing. Ananging kerata tan bucik kataman jêmparingipun Sang Arjuna, ingkang wêdalipun saking gandhiwa kadi gumrujuging jawah ing mangsa rêndhêng. Kerata tansah maciya-ciya sumbaripun: "Mbok aja gugup, anggonmu nguncalake panah, miliha panahmu kang pêpilihan, lan wawasên kang patitis, dimèn bisa ngêntasi gawe." Sang Arjuna anggêdhêg langkapipun malih, mêdal jêmparing tanpa petangan, lajêng

--- 188 ---

dipun timbangi dening kerata. Kalihipun sampun sami liwung tandhangipun, jawah-jinawahan jêmparing, ingkang ampuhipun kadi wisaning sarpa mandi. Saya andrês dhawahing jêmparingipun Sang Arjuna, nanging Hyang Sangkara anggènipun nadhahi katingal ayêm kemawon. Dhumawahing jêmparingipun Sang Arjuna dhatêng pangêmbating pinaka, kadi ombak manêmpuh ing ardi sela. Sang Arjuna wuninga jêmparingipun mbotên anêdhasi dhatêng sang kerata, osiking panggalih: "Nyata linuwih, nyata prawira, wong nggunung iki, dene kuwat nadhahi tibaning panah kang lumêpas saka langkap si gandhiwa, sarta tandange ayêm bae. Gèk sapa kaanane wong iki, apa Bathara Rudra, utawa dewa liyane, apa asura utawa yaksa, awit sabên-sabên para dewa iya padha kêkaring marang Himawat. Yèn dudu kang sikêp pinaka, têmtu luluh dening panahku, awit wus pira kèhe panah kang lumêpas saka gandhiwa, sanadyan dewa têmtu wus ora kêna dikukup kuwandane, janji dudu Bathara Rudra bae, têmtu kabuncang marang kadhatone Bathara Yama."

Sasampunipun nglocita makatên, Sang Arjuna anglêpasakên jêmparing malih maèwu-èwu, ewadene dhumawahipun wontên ing sariranipun sang gêgaman trisula, inggih gustining sagung dumadi, kang rêdi waja kajawahan ing sela, dangu-dangu jêmparingipun Sang Arjuna têlas. Sang Arjuna sakalangkung putêk ing driya. Ing nalika wau Risang Pandhuputra èngêt dhatêng Bathara Agni, ingkang maringakên endhong ingkang jêmparingipun mbotên sagêd têlas, inggih punika nalika ambrastha wana Kandhawa, pangunandikanipun makatên: "Elok dene panahku bisa êntèk, sapa wong

--- 189 ---

iki, dene darbe pangwasa angêntèkake panahku. Iya janji ora oncat bae, kowe têmtu nuli mangkat marang karatone Yama, sarana dak pupuh gandhiwa, kaya gajah mati sarana ginêbug landheyan." Sang Arjuna lajêng nyabêtakên langkapipun kalayan karosan, nêdya amupuh, ananging lajêng karêbat dening sang kerata. Uwaling langkap saking astanipun, Sang Arjuna enggal anarik sabêtipun, karsanipun nêdya amungkasi prangipun. Pêdhang kaêmbat-êmbat wontên ing asta, dupi sampun cêlak enggal kasabêtakên. Ananging sarêng ngênani sirahipun sang kerata, sabêt putung dados kalih, mila lajêng riwut tandangipun Sang Arjuna, pundi ingkang cêlak nêdya dipun angge dêdamêl, kajêng, sela sampun mbotên tinolih. Sang kerata, kang gagah prakosa datan gigrig kajawahan ing sela tuwin kajêng, saking ardaning kanêpsonipun tutukipun Sang Arjuna katingal kumutug, sarta lajêng anggoco dhatêng kang pindha kerata. Dhumawahing asta nyuwara jumêprèt, kadi gêlap angampar, lajêng winalês kabithi, sêndhal-sinêndhal, dhupak-dhinupak. Rukêtipun ingkang bandayuda, swaranipun sangêt anggêgirisi, nanging paprangan ingkang ngantos kadi prangipun writa tandhing tiyasa kalawan Hyang Wasawa ing kina, punika mbotên ngantos dangu, awit Sang Arjuna lajêng angrukêt. Sang kerata sinikêp lajêng pinithing, mila sang kerata gêntos amithing, kapèpètakên ing pranaja. Saking sami rosanipun, sarira sami katingal kumukus, dangu-dangu Sang Arjuna binanting ing siti, sarta dinugang sarosa ngantos kantaka, ewadene taksih mbotên sampun-sampun anggènipun anjêjêki, sarta anjambak lajêng dhinupak, mila tatuning sarira tanpa petangan, ngantos lêmpe-lêmpe kadi wastra kinêplok. Napasipun

--- 190 ---

Sang Arjuna sakêdhap taksih sakêdhap ical, sarira nglumpruk tanpa bayu, guwaya pucêt, sawang kunarpa, enggal sinawatakên dening sang kerata dhumawah têbih. Mbotên watawis dangu Sang Arjuna èngêt saking kantaka, lajêng jumênêng sarira gubras rah, sarwa sangêt prihatos. Ingkang kaèsthi ing dalêm batos, dewaning para dewa, ingkang ambêg wêlasasih. Ing nalika wau Sang Arjuna lajêng mêndhêt lêmpung pinêtha Sang Mahadewa, dipun kalungi oncèn-oncèn sêkar, sarta dipun sungkêmi padanipun. Dupi Sang Arjuna tumênga, priksa manawi oncèn-oncèn sêkar ingkang kinalungakên ing jangganipun rêcanipun Sang Hyang Bawa ingkang saking lêmpung wau, samangke kumalung ing lungayanipun sang kerata. Kados punapa bingahipun Sang Arjuna, mila enggal anyungkêmi padanipun sang kerata. Dupi Sang Hyang Hara wuninga kêraning sariranipun Sang Arjuna, saking sêruning kasutapanipun, lajêng ngandika sora gumalêgêr kadi galudhug, makatên pangandikanipun: "Hèh, Arjuna, ingsun panuju andulu lêkasira kabèh mau, ora ana ksatriya sajagad kang kakêndêlan sarta kasantosane kaya sira. Hèh, kang tan kalepetan ing dosa, kaprawiran saha karosanira mèh satimbang lan ingsun. Hèh, ksatriya linuwih, panggawenira mau dadi panujuning panggalih ingsun, hèh bêbanthènging têdhak Bharata, mara andulua maring sun, ingsun nêdya paring kawaspadan marang sira, supaya sira bisa andulu sajatining kawujudan ingsun. Kawruhana, ing nguni sira iku rêsi, sira dadi isèn-isèning swarga, sarta wus bisa anyirnakake mungsuhira. Kêparênging karsaningsun ingsun nêdya angganjar gêgaman linuwih, kang ora suwe sira banjur anandukake gêgaman ingsun."

--- 191 ---

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Ing nalika Sang Arjuna, mandêng Hyang Mahadewa, inggih ingkang cahyanipun sumunar anêlahi, pangêmbatipun pinaka, saha kayangan wontên ing parêdèn Kêlasa, sarta ingkang kairingakên Dèwi Uma. Sasampunipun wuninga dhatêng sajatining kawujudanipun Hyang Mahadewa, Sang Pritaputra sumungkêm ing padanipun Hyang Hara, sarwi matur: "Dhuh, Hyang Mahadewa, dhuh, Hyang Nilakantha, dhuh, kang rikmanipun kinlabang, pulukun sangkan paraning dumadi, dhuh, kang paningal tiga, paduka mbotên wontên ingkang animbangi satribawana, inggih punika: alaming para dewa, para asura tuwin manusa. Paduka luhur pribadi, paduka Bathara Siwah, ingkang asipat Wishnu punapadene Bathara Wishnu asipat Siwah. Ing kina paduka ingkang sampun angrisak sêsajinipun Hyang Daksa ingkang sakalangkung agêng. Dhuh, Hari, dhuh, Rudra, ulun sumungkêm ing pada paduka, inggih paduka ingkang anetra dêdunung wontên ing palarapan. Dhuh, Hyang Sarwa, paduka, ingkang anucèkakên sakathahing pêpenginan. Dhuh, kang sikêp trisula, dhuh, kang ngêmbat pinaka, dhuh, Hyang Surya, dhuh, ingkang sarira kasukcian, dhuh, kang murba misesa, sagung dumadi ulun manêmbah ing paduka. Dhuh, gustining sadaya kumêlip, mugi ulun kalunturan sih paduka. Dhuh, narendraning para gana, tukipun katêntrêmanipun dumadi, paduka ingkang luhur pribadi ingatasipun sadaya dumados kang wujud priya. Paduka lêmbating ngalêmbat. Dhuh, Hyang Sangkara kang mahaluhur, mugi wontêna sih kawêlasan tuwan, paring pangaksama sagung kalêpatan kawula, sadaya wau mbotên sanès, kabêkta

--- 192 ---

saking dêrênging manah badhe andulu paduka, pramila ulun karaya-raya sumêngka ardi agêng ingkang sakalangkung mulya punika, sarta ingkang dados papan pratapanipun pamêsu brata ingkang luhur, paduka ingkang minangka sêsêmbahanipun satribawana, mugi kula dipun lêpatna saking dosa, anggèn kula lumawan ing paduka, amargi kalampahanipun kula kamipurun tumandhing ing yuda wau, amung saking balilunipun pun Arjuna, dhuh, Sangkara, kawula nglindhung yom paduka, mugi dipun aksamaa kalêpatan kula sadaya wau.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Bathara Mahadewa, ingkang linangkung kawasa, ingkang nitih lêmbu, lajêng anyêpêng astanipun Sang Arjuna, sarwi mèsêm, pangandikanipun: "Sira ingsun apura." Ing nalika wau Sang Arjuna rinangkul, sarta ingarih-arih."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping tigang dasa sanga, perangan Arjuna Bhigamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 40. KERATA PARWA.

Pangandikanipun Hyang Mahadewa: "Wruhanira Arjuna, panjanmanira kang lagi kapungkur, sira iku Rêsi Nara, mitrane Bathara Narayana, sira ing nguni wus nglakoni tapa brata ana ing Wadari, suwene kongsi sawatara èwu warsa, mula sira apadene Bathara Wishnu, kang minangka têtungguling priya, padha kasinungan kasêktèn linuwih, sarta darbe pangwasa bisa mêruhi gumêlare sagung dumadi. Hèh, Arjuna

--- 193 ---

anggonên gandhiwa kang gumêrète kaya galudhug iki. Sira lan Krishna wus angalahake danawa nalika dina wiwahane Bathara Indra. Langkap iki wus mungguh bangêt anèng tanganira. Hèh, têtungguling priya, anggon ingsun ngrêbut gandhiwa saka tanganira iku sarana pangwasane mayaningsun. Hèh, Pritaputra, endhong sapasang iki kang wus mungguh dadi gadhuhanira, bakal bisa kaya mau-maune, panahe ora bisa êntèk-êntèk. Hèh, darah Kuru, badanira badan kalis saka saliring lêlara, kaprawiranira ora ana kang bisa ngalahake. Hèh, pêpêthinganing para priya, ingsun wus karsa ngaton marang sira, mula darbea panjaluk, sakarêpira bakal ingsun pituruti. Hèh, pangrurahing satru, sanadyan ing kaswargan ora ana priya kang satimbang kalawan sira, apadene para ksatriya ora ana kang bisa ngasorake sira."

Aturipun Sang Arjuna: "Dhuh, dewaning para dewa, kang ciri lêmbu, manawi panuju ing karsa, ulun nyuwun dêdamêl kaswargan, ingkang nama brahma sirah, inggih panglêburing sadaya dumados, ing nalika pungkasaning Yuga (jaman). Manawi pukulun marêngakên, inggih punika ingkang badhe ulun angge ngrisak mêngsah wontên ing paprapangan agêng Têgalkuru, têmbe manawi mêngsah Narpati Karna, eyang Bhisma, Rêsi Drona, Rêsi Krêpa tuwin sanès-sanèsipun, saha ingkang kenging kangge nêlukakên para danawa, para raksasa, pisaca, gandarwa, lêlêmbat sanès-sanèsipun malih, inggih warastra, manawi anggènipun namakakên sarana minantran, lajêng sagêd ngêdalakên maèwu-èwu gada, limpung, candrasa, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang murub ngalat-alat. Punapadene nyuwun jêmparing ingkang ampuhipun prasasat

--- 194 ---

sarpa mandi, wigatos badhe ulun angge ngasorakên eyang Bhisma, Rêsi Drona, Rêsi Krêpa tuwin Karna, ingkang ucapipun damêl tatuning manah. Dhuh, pangrisaking netranipun baga, ingkang dahat ulun ajab-ajab, sagêda unggul prang ulun kalihan sadaya wau.

Pangandikanipun Sang Hyang Bawa: "Hèh, ksatriya linuwih, ingsun arsa matêdhakake gêgaman ingsun kang aran pasupati marang sira. Lah Pandhuputra, sira têtela kuwat kanggonan, sarta bisa nglêpasake si pasupati, sanadyan têtungguling dewa, kaya ta: Yama, ratuning yaksa, Waruna, sarta Bayu, padha ora bisa nganggo, apamanèh manusa, ananging kawruhana Jishnu, gêgaman iki ora kêna kalêpasake, manawa ora ana prakara prêlu bangêt, awit manawa gêgaman mau katamakake ing mungsuh kang ora sapira kaprawirane bisa dadi karusakane sagung dumadi, isine jagad têtêlu, nadyan kang obah utawa ora obah, ora ana kang ora lêbur dening gêgaman mau. Pasupati bisa katamakake sarana cipta, sarana pamawas, sarana ucap utawa sarana langkap."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi Risang Pandhuputra midhangêt pangandikanipun Hyang Hara makatên wau, enggal nucèni sariranipun, wasana lajêng ngrakêti Hyang Mahadewa, kanthi gênging pangatos-atos, aturipun Sang Arjuna: "Mugi pukulun andhawuhakên sadaya pêpacakipun." Ing nalika wau Bathara Mahadewa lajêng ngandikakakên wêwadosipun dêdamêl, ingkang prasasat sêsulihipun Bathara Yama, sarta andhawuhakên kadospundi anggènipun ngangge. Wiwit dintên wau pasupati gumadhuh wontên Sang Arjuna, tan prabeda kalihan nalika

--- 195 ---

wontên ing Sang Hyang Sangkara, sêsêmbahanipun Dèwi Uma. Bingahing panggalihipun Sang Arjuna mbotên kenging winiraos, nalika nampèni dêdamêl wau. Ing nalika punika isèn-isèning jagad, ingkang warni rêdi, kêkajêngan, têtanêman, sagantên, wana, dhusun, kitha, tuwin pêlikan, sami orêg, ing gêgana kapiyarsa swaraning kalasangka, tambur, salomprèt maèwu-èwu, ombaking jalanidhi gumulung-gulung, prahara mawalikan, têmpuking swara ing dharatan kalihan ing ngawang-awang têmah anggêgêtêri. Para dewa saha para danawa sami priksa pamadakipun sang pasupati, manggèn sacêlakipun Sang Arjuna, ingkang tanpa timbang ing satribawana. Sadaya cacadipun Sang Palguna lajêng sami nggêgrêgi, amargi Sang Dananjaya sampun sagêd nggêpok Hyang Mahadewa. Hyang Bawa, kang netra tiga, ngandika dhatêng Sang Arjuna, makatên pangandikanipun: "Sira nuli lumêbua marang kaswargan."

Dhuh, Prabu Janamêjaya, rikala punika Sang Arjuna sumungkêm ing padanipun Hyang Mahadewa, sarwi nguncupakên asta katèmpèlakên ing palarapan. Kawuningana, Hyang Mahadewa, dewaning dewa, ingkang ujwalaning prabanipun pindha srêngenge, sarta ingkang makahyangan ing têlênging rêdi, pêpundhènipun Dèwi Uma, ingkang sampun masesa pêpenginan, kamulanipun sagung dumados, maringakên langkap ingkang nama gandhiwa, dhatêng Sang Arjuna, pêpêthinganing manusa. Dhuh, sinuwun Hyang Mahadewa lajêng jêngkar saking ardi sukci, ingkang wontên sitinipun mênggêr tansah linimputan ing salju saha wontên pèrèng tuwin guwanipun, palinggaranipun para rêsi, ingkang sami mahawan gêgana, [gê...]

--- 196 ---

[...gana,] kairingakên Dèwi Uma, andêdêl manginggil, kadulu dening Sang Arjuna.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan dasa, perangan Kerata, ing Wanaparwa.

__________

BAB 41. SAMBÊTIPUN KERATA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Hyang Mahadewa lajêng musna mbotên katingalan dening Sang Arjuna, kadi sêraping srêngenge ing wanci sontên. Sang Pandhuputra sangêt kacaryan ing panggalih, mila pangunandikanipun makatên: "Bêgja kêmayangan, dene aku kalakon bisa andulu dewaning para dewa. Gêdhe têmên nugraha kang dak tampani, ora mung wêruh bae, nanging malah bisa anggêpok Hyang Hara, kang paningal têlu, iya kang gêgaman pinaka, apadene bisa ngrungu pangandikane kang gumalêgêr kaya galudhug. Sêdyaku têmtu kalêksanan sarta unggul lan mungsuhku. Sakèh mungsuhku kaya wus kawasesa dening aku, dadi pangarêp-arêpku ora ana kang durung kalakon."

Dèrèng ngantos têlas pangunandikanipun, Sang Arjuna ingkang tanpa timbang ing jagad têtiga, kasaru rawuhipun Hyang Baruna, dewaning toya, ingkang sakalangkung bagus, cahyanipun sumunar kadi sêsotya, kadhèrèkakên sagung isèn-isèning toya ing saindênging cakrawala. Wêkdal punika Indrakila kaèbêkan dening ujwalaning Hyang Baruna, punapadene

--- 197 ---

kaapit-apit dewaning lèpèn jalêr èstri, para naga, para ditya, para sandya, tuwin para dewa, inggih Sang Hyang Baruna, ingkang mangwasani salwiring isèn-isèning toya. Makatên ugi Bathara Kuwera, ingkang jênaring sariranipun kadi kancana sinangling, sulistya ing warna, rawuhipun nitih rata adi, kadhèrèkakên para yaksa maèwu-èwu. Dewaning rajabrana, ingkang ujwalaning pasuryanipun madhangi jagad wau, ugi karsa pinanggih kalayan Sang Arjuna. Punapadene Bathara Yama, ingkang pinunjul ing warna, sarta pangwasanipun minangka pangrisaking sagung dumadi, ugi rawuh ing Indrakila, kadhèrèkakên ratuning sagung tumitah, inggih punika para pitri, wontên ingkang taksih nyarira wadhag, wontên ingkang sampun mbotên nyarira wadhag. Dewaning adil, ingkang mbotên kenging cinandra ing têmbung, putranipun Bathara Surya, mawi wahana rata mandhi gada, sorotipun amadhangi tribawana, padununganipun para guyaka gandarwa, sarta naga, kadi pakathiking surya ing pungkasaning yuga. Ing nalika rawuhipun para têtungguling dewa wau, Sang Arjuna pinuju ngunandika, kadi kawursita ing nginggil. Pucaking Indrakila katingal wontên tejanipun angênguwung. Sanalika wau Sang Hyang Sakra kalihan ingkang garwa ugi rawuh ing ngriku, wahana dirada sang erawata, dipun dhèrèkakên ing para dewa, sinongsongan pêthak, katingal kadi rêmbulan ingkang dumunung ing antawising mega. Rawuhipun ratuning dewa ing pucaking Indrakila, sinambrama ing kidungipun para gandarwa, saha para rêsi ingkang sampun sinung nugraha kasutapanipun. Bathara Yama, ingkang asipat kawicaksanan saha rinêngga salwiring kautaman, ingkang akahyangan ing rêdi iring kidul, ngandika

--- 198 ---

dhatêng Sang Arjuna, swaranipun kadi galudhug, makatên pangandikanipun: "Hèh, Arjuna, mara andulua maringsun, kang dadi pangayomane sagung dumadi, samêngko prapta ana ing kene, sira ingsun paringi kawaspadan, supaya bisa andulu maringsun. Ing kauripanira kang lagi kapungkur bae sira iku rêsi linuwih, apêparap Rêsi Nara. Sira linuwih sapêpadhaning rêsi, awit saka kaparênging Hyang Brahma, samêngko sira linairake dadi manusa. Hèh, kang tan kalepetan ing dosa, mungsuhira kang sinakti, iya iku Bhisma, lêluhure para darah Kuru, iya panjanmane Wasu, bakal sirna dening sira ana ing paprangan, apadene sarupaning ksatriya pêpêthingan, kang tinindhihan dening sutane Bharadwaja, uga bakal kasoran dening sira, lan manèh sira bisa ngalahake para raksasa sinakti, kang linairake wujud manusa, sarta sakèhing danawa kang sinêbut para newata kawaca. Hèh, Dananjaya, darahing bangsa Kuru, sira uga bakal bisa nyirnakake Karna, senapati kang linuwih kaprawirane, putrane kangjêng rama, kang kasudirane wus kasusra ing jadag têtêlu. Hèh, Arjuna, pangrusaking satru, sira uga bakal bisa ngalahake turuning para dewa, lan danawa, apadene para raksasa kang padha manjanma marang marcapada. Sawuse padha sira sirnakake anèng paprangan anane ing jaman kang nyata padha antuk papan kaya pangarêp-arêpe, manut panggawene dhewe-dhewe. Hèh, Palguna, kuncarane lêlabêtanira bakal lêstari salawas-lawase ana ing marcapada, anggonira prang lawan Hyang Mahadewa, iku andadèkake rênaning panggalih, mulane sira kanthi Bathara Wishnu kang bisa angènthèngake kasangsaraning bawana. Mara tampanana gêgaman ingsun rupa gada, kang ingsun ulungake iki

--- 199 ---

ora ana samubarang kang ora lêbur, manawa katiban gada iki, sarta gada iki kang gêdhe pitulungane marang sira."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Prabu Janamêjaya, Sang Arjuna nampèni dêdamêl pêparingipun Hyang Yama, sarta kawêjang mantra tuwin winêdharan salwiring pangwasa, saha panganggenipun."

Sakèndêlipun Bathara Yama, Hyang Baruna dewaning isèn-isèning toya, ingkang kuliting sariranipun biru kadi langit, sarta akahyangan ing rêdi iring kilèn, lajêng dhawuh dhatêng Sang Parta, makatên pangandikanipun: "Hèh, Dananjaya, pêpêthinganing priya, kang anêtêpi ksatriyane, kang netrane blalak-blalak lan anêmbaga, andulua maringsun, ingsun Bathara Baruna, dewaning banyu, sing sapa katiban jêjirêt ingsun, ora ana kang bisa budi, lah Arjuna, tampanana gêgaman lan wêwadine yèn anandukake. Dhuh, Palguna, kang wus kalakon duk ing kuna, yaiku nalika prang prakara Taraka (garwanipun Hyang Wrihaspati), maèwu-èwu daitya linuwih, kang kapikut dening jêjirêt iki lah mara tampanana gêgaman kang mulung saka astaningsun iki, sanadyan sira mungsuh lan Yama, yèn sira sikêp gêgaman iki têmtu kapikut dening sira. Yèn ana karêpira nêdya angopèni sakèh ksatriya saka nagarane, manawa pêrangira nganggo gêgaman iki, wus tamtu kalêksanan."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun Sang Arjuna nampèni dêdamêl kaswargan, pêparingipun Hyang Baruna, dewaning kasugihan, tuwin Bathara Yama, Sang Hyang Indra gêntos dhawuh dhatêng Sang Arjuna, makatên pangandikanipun: "Hèh, Arjuna, kang linuwih kawicaksanan lan kaprawiran, panggalih ingsun bangêt

--- 200 ---

rêna, dene ing dina iki andulu sira, katêmuningsun lan sira iki. Lêganing panggalih kaya-kaya katêmu kalawan Krishna. Hèh, ksatriya, kang bisa nglêpasake panah sarana tangan kiwa, kawruhana sira iku ing nguni dewa, mula iya langgêng kaya para dewa liya-liyane. Ing Kalpa kang wus kapungkur, sira mêsu brata bêbarêngan lan para dewa. Hèh bêbanthènging manusa, ingsun nêdya paring kawaspadan marang sira, dhuh prajurit linuwih, sanadyan para danawa kang ora kasatmata, bakal kawruhan, sarta kawasesa dening sira. Lah, enggal tampanana gêgaman iki sarana iki sira bakal bisa angrusak darahe Drêtarastra, mula anggonên gêgaman ingsun kang aran antarhana iki. Antarhana darbe pangwasa lan kaluwihan, manawa sira lêpasake, mungsuhira banjur padha turu. Ing nalika Bathara Sangkara angrusak tripura, iya ngagêm gêgaman iki, ing kono ana pira-pira raksasa linuwih kang sirna. Hèh, kang unggul ing jagad, gêgaman mau ingsun pundhut, nuli ingsun paringake marang sira iki, karana sira kasinungan pangwasa kaya Mèru, dadi sira kuwat kanggonan gêgaman iki.

Sasampunipun Hyang Indra ngandika makatên, Sang Arjuna, ingkang linangkung karosanipun, sigra nampèni dêdamêl wau. Narendraning kaswargan lajêng ngandika dhatêng Sang Arjuna, pangandikanipun sora kadi galudhug, nanging nawung raos pangarih-arih, makatên: "Hèh, sutane Kunthi kang linuwih, sira iku pêpêthinganing dewa, sira wus tau gawe lêlabuhan gêdhe, nganti kawasa nggayuh drajad kadewatan, nanging samêngko sira isih kudu nglêksanani karsaning dewa.

--- 201 ---

Catatan kaki:

1. § Pinaka punika namaning langkapipun Hyang Mahadewa. (kembali)