Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 9.

7 Sèptèmbêr 1959.

Sira munggaha marang kaswargan, sarta sira nuli mirantia. Hèh, ksatriya kang linuwih, rataningsun ingkang kinusiran Matali, bakal tumuli tumurun marang marcapada, wigati mêthuk unggahira marang kaswargan, dadi ingsun banjur bisa anêmtokake sakèhe gêgaman kaswargan.

Rikala Sang Arjuna ningali para pangayomaning dumadi sami ngêmpal wontên pucaking Himawat, kacaryaning panggalihipun tanpa upami, mila Sang Arjuna lajêng anglingga murda para Lokapala wau sarana têmbung, toya, tuwin woh-wohan. Para dewa paring nugraha lajêng musna. Para dewa ingkang kawasa anjajah ing pundi ingkang kinarsakakên, rikatipun kadi kêclaping cipta, sami wangsul dhatêng kahyanganipun piyambak-piyambak.

Kacariyos Sang Arjuna, bêbanthènging têdhak Bharata, dupi nampi dêdamêl pêparinging dewa, sukaning panggalih amarwata suta, ing pangraos kados sampun kasêmbadan sapangajêng-ajêngipun, sarta kasutapanipun angsal damêl.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan dasa satunggal, perangan Kerata, ing Wanaparwa.

__________

BAB 42. INDRALOKA GAMANA PARWA.

Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sajêngkaripun para Lokapala, Sang Arjuna, pangrurahing [pangru...]

--- 202 ---

[...rahing] satru, ngunandika: "Dhuh, rata bathara, titihanipun Sang Hyang Indra." Nalika Sang Gudhakesa nglocita makatên wau, rata kang sumorot abra markata, kinusiran Sang Matali katingal sami sanalika jumêdhul saking ing mega, sorotipun amadhangi ing langit, swaranipun anggêgirisi, kadi galudhug sèwu, ing nglêbêt rata isi sabêt (pêdhang), kêre angebat-ebati, gada, kang anggêgirisi, sarta jêmparing ingkang sorotipun gumêbyar, punapadene bajra sarta tatagudhas (kadosdene mriyêm), ingkang mawi rodha sarta ingkang jêblosipun, nywara kadi gêlap, ingkang mungêl maambal-ambalan, punapadene wontên naga agêngipun kagiri-giri, cangkêm mêngagah kadi mawa, badanipun saking sela pêthak. Pangiriding rata kuda sadasa èwu, wulunipun mancorong kadi kancana, sarta rikating lampahipun kadi angin, awit saking pangwasaning maya, mila rikating lampahipun rata wau ngantos kenging tinututan ing pandulu. Sang Arjuna wuninga, manawi ing nglêbêtipun rata wau wontên panjêranipun daludag, nama weyayanta, sorotipun gumêbyar kadi jumrut utawi sêkar tunjung biru sêpuh, rinêngga ing kancana sarta sakalangkung santosa. Dupi Sang Arjuna, priksa panganggenipun kusir wau mawi tinêpi sarta cinêplok kancana, lajêng andugi manawi punika golongan isèn-isèning kaswargan. Sadangunipun Sang Arjuna èstu kagawokan, ningali adining rata dalah isèn-isènipun, Matali mandhap saking rata urmat dhatêng Sang Arjuna sarwi ngandika: "Dhuh, Sakraputra, ingkang minulya, Bathara Sakra kapengin tumuntên pinanggih jêngandika, suwawi radèn, minggaha ing rata pêthukan saking Sang Hyang Indra, ratuning dewa, inggih rama jêngandika, sarta ratu kang sêsaji satus,

--- 203 ---

timbalanipun rama jêngandika makatên: "Matali pêthukên sutane Kunthi, supaya nuli bisa sapatêmon lan para jawata." Punapadene Hyang Sangkara, ingkang sineba isèn-isèning kaswargan, Rêsi Gandarwa tuwin apsara, cêcêngklungên anggènipun ngêntosi pisowan jêngandika, pramila mugi jêngandika ngèstokna timbalanipun pangrurahing paka, lajêng minggaha ing rata, pangkat dhatêng kaswargan, badhe binêktan sakathahing dêdamêl.

Wangsulanipun Sang Arjuna: "Suwawi kisanak, sampeyan minggaha rumiyin ing rata endah punika. Têtelanipun rata punika mbotên gampil antukipun, sanadyan dipun pinangkani sêsaji Rajasuya kaping satus utawi sêsaji kapal, sanadyan para nata binathara, ingkang sami damêl sêsaji agêng sarta sakalangkung kathah pisungsungipun dhatêng para brahmana, makatên ugi para dewa punapa danawa, mbotên kawênangakên numpak rata punika, langkung malih tiyang ingkang mbotên tapa brata, sampun malih numpak, sumêrap kemawon botên sagêd. O, kisanak, manawi sampeyan sampun linggih ing rata, sarta kapalipun sampun sarèh napasipun kula badhe lajêng lênggah, kados lêkasipun para utami inggahipun dhatêng pangaji-aji kang luhur."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi Matali kusiring rata titihanipun Sang Hyang Indra mirêng pangandikanipun Sang Arjuna makatên wau, lajêng minggah ing rata anata kapalipun, Sang Arjuna sakalangkung rêna, lajêng asêsukci, siram ing toyaning Gangga, ing ngriku Sang Arjuna angucapakên pangglingga murda dhatêng para dewa tuwin sêsaji dhatêng para pitri, sarana sêsaji toya.

--- 204 ---

Saparipurnaning sêsaji, Sang Arjuna lajêng atur panuwun dhatêng Mandara, inggih ratuning ardi, pangandikanipun makatên: "Dhuh, Mandara, andika pangungsènipun para sukci, para mauni ingkang utami lêlabêtanipun sarta sukci lampahipun, kalampahanipun sagêd nggayuh swarga, inggih saking kamirahan andika. Dhuh, ardi Mandara, para brahmana, para ksatriya tuwin waisya sami angsal swarga, awit saking sirna pêpenginanipun, mila sagêd mangun suka kalayan para dewa, inggih saking andika. Dhuh, narendraning prabata, andika ingkang dados pasênêdanipun para mauni, punapadene wêwêngkon andika, wontên candhinipun agêng pintên-pintên, bêgja dene kula sagêd manggèn wontên ing pucak andika. Ing mangke andika badhe kula tilar, kantuna basuki. Asring kula nyumêrapi papan mênggêr tuwin patamanan umbul miwah kalèn-kalèn, punapadene panggenan sukci ing wêwêngkon andika. Kula sampun nêdha wowohan eca-eca ingkang tuwuh saking andika, ingkang raosipun sêgêr kadi amrêta. Dhuh, Mandara, sakecaning badan saha manah kula wontên ing wêwêngkon andika, punika kados sakecaning lare ingkang tilêm ing pangkoning bapakipun. Ing ngriku anggung kapiyarsa kumandhang swaraning para apsara, ingkang angidungakên Wedha. Dhuh, Mandara, pamanggèn kula wontên ing pucak andika, sadintên-dintên tansah antuk kabêgjan."

Sasampunipun ngandika makatên wau dhatêng ardi Mandara, Sang Arjuna pangrurahing satru, lajêng minggah ing rata kaswargan, ingkang sumorot kadi srêngenge. Sang Arjuna minggah ing rata kalayan suka sukuring panggalih; lampahing rata ndêdêl manginggil, nêmpuh mega-mega ing ngawang-awang.

--- 205 ---

Rikating lampahipun rata wau mbotên kenging winiraos. Dupi isèn-isèning marcapada sampun mbotên katingal, Sang Arjuna priksa rata endah, maèwu-èwu, sarta ing ngriku sampun mbotên kapadhangan ing soroting srêngenge utawi rêmbulan punapadene latu. Ananging sadaya kawontênan ingkang katingalan ing ngriku sami angujwala inggih punika nugrahaning kasutapan sarta pêpadhang ingkang manawi sinawang saking ing bumi awarni lintang ing antariksa, katingal alit, kabêkta saking têbihipun, nanging sanyatanipun agêng sangêt, punika sadaya katingal ing paningalipun Sang Arjuna, manggèn ing dunungipun piyambak-piyambak, sakalangkung endah saha angujwala, anyorotakên prabanipun piyambak-piyambak. Ing ngriku Sang Arjuna ugi nguningani para mangudi kawruh raos ingkang pinunjul, awit sampun katarimah kasutapanipun utawi para ksatriya, ingkang najèkakên sugêngipun wontên ing paprangan. Punapadene para antuk swarga saking gêntur kasutapanipun, ngantos maatus-atus. Ing ngriku ugi wontên para gandarwa ingkang badanipun sumorot kadi srêngenge, kathahipun maèwu-èwu saha para guyaka tuwin para rêsi, miwah para apsara tanpa petangan. Kacaryan tyasira Sang Arjuna ningali laladaning alam ingkang pajaripun anglangkungi, mila lajêng pitakèn dhatêng Matali, ingkang lajêng dipun wangsuli kalayan sêmu bingah, ucapipun Matali: "Dhuh, Pandhuputra, sadaya ingkang katingal ngênguwung ujwalanipun, punika sadaya para ambêk utami, sami wontên padununganipun piyambak-piyambak, inggih punika ingkang katingal kadosdene lintang, manawi jêngandika tingali saking bumi."

--- 206 ---

Rikala Sang Arjuna dumugi gapuraning kithanipun Sang Hyang Indra, ing ngriku priksa dirada agêng nama herawata, gadhingipun sakawan, agêngipun saardi Kelasa. Sang Arjuna lajêng kèndêl ing margi ingkang anjog ing padununganipun para sadha, ingkang sakalangkung bagus, kadidene Sang Madata, têtungguling para narendra Sang Arjuna, ingkang paningalipun kadi ron saroja, ngambah ing papan ingkang kaminakakên kangge padununganipun para raja, ingkang katrimah lampahipun. Sasampunipun Sang Arjuna nglangkungi pintên-pintên padunungan ing kaswargan, lajêng dumugi Amarawati, inggih punika kithanipun Bathara Indra.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawandasa kalih, perangan Indraloka Gamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 43. SAMBÊTIPUN INDRALOKA GAMANA PARWA.

Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kadhatonipun Sang Hyang Indra, ingkang dipun wuningani dening Sang Arjuna punika sakalangkung asri, dados palinggaranipun para siddha tuwin para carana, ing ngriku kaèbêkan sêsêkaran, ingkang mbotên wontên kêndhatipun, ngudhup, mêkrok tuwin wêgar sarta kêkajêngan amancawarni. Punapadene Sang Arjuna wuninga patamanan nandana, inggih punika taman kalangênaning para apsara. Ing ngriku kathah kêkajêngan inggih sami angudhup sêkar kaswargan, sumiliring samirana ambuncang gandaning sêsêkaran wau ing sêmu kadi manêmbrama rawuhipun Sang Arjuna. Sintêna ingkang [ing...]

--- 207 ---

[...kang] mbotên katarimah kasutapanipun sarta ingkang mbotên sêsaji pangunjukan kaêsokan ing latu, mbotên sagêd nyumêrapi patamanan wau. Ing ngriku amung dados padununganipun para nugraha, mbotên ginadhangakên dhatêng tiyang lumajêng saking paprangan, tiyang ingkang mbotên sêsaji, tiyang asor watakipun, tiyang angunjuk sadhengah ingkang angêndêmi, tiyang ingkang ngrisak semahing gurunipun, tiyang nêdha daging, punapadene tiyang ingkang awon pambêganipun, sami mbotên sagêd andulu patamanan ingkang tansah dados wadhahing kumandhangipun gêndhing kaswargan. Sang Parta lajêng lumêbêt ing kadhatonipun Sang Hyang Indra. Ing ngriku Sang Dananjaya wuninga rata kaswargan maèwu-èwu ingkang sagêd dumugi ing pundi ingkang sinêdya, sami dipun sadhiyakakên ing gêdhongipun piyambak-piyambak, kajawi punika ugi priksa rata malêksa-lêksa ingkang warni-warni wujudipun. Nalika wau Sang Parta kasiliring maruta manda ingkang ambuncang ganda arum, binarung pangidunging para apsara saha para gandarwa, ingkang sami nambrama rawuhipun Sang Arjuna. Para isèn-isèning kaswargan, kairingakên para gandarwa, para saddha, saha para rêsi, sami suka-suka angurmati sang nêmbe prapta, ingkang sukci ambêgipun, gêndhing kaswargan ingkang binarung sêsantining para jawata, kapiyarsa anganyut-anyut, upami ilining toya: sadaya wau gumrojog anggrujug Sang Arjuna. Ing kanan kering kapiyarsa swaraning lokananta, kalasangka tuwin tambur. Sasampunipun sadaya wau atur pambagya, Sang Parta lajêng wiwit ngancik margi, ingkang sumorot kadi lintang, inggih punika ingkang kawastanan ing surawati. Awit saking dhawuhipun Sang Hyang Indra, ing ngriku Sang

--- 208 ---

Arjuna dipun tampèni para siddha, para wiswa, para maruta, Bathara Aswin kalih pisan, aditya, wasu, rudra tuwin para brahmarêsi, sarta para lêbda dhatêng raos pintên-pintên, ingkang tinindhihan Sang Pidhilipa, punapadene Tumuru, Rêsi Narada, tuwin gandarwa kalih, ingkang mbotên nate pisah, Damadaha, kalihan Sang Huhu. Sang Arjuna sasampunipun pêpanggihan kalihan sadaya wau, sarta bage-binage, lajêng wuninga narendraning para dewa, inggih dewaning sêsaji satus. Sang Dananjaya kang prawira ingayuda, mandhap saking rata lajêng marêpêki ingkang rama, inggih pangrurahing asura paka (Daitya ingkang dipun sirnakakên Bathara Indra), sinongsongan pêthak dandanipun êmas. Sang Arjuna lumampah ing yoming kajêng cêmara ingkang mawa ganda aruming kaswargan. Samargi-margi sinambrama kidungipun para gandarwa, ingkang tinindhihan dening wiswawasu, tuwin sanès-sanèsipun, punapadene para pujangganing kêkidungan tuwin pasindhèn, sarta têtungguling para brahmana, ingkang angidungakên Rig tuwin Yajur Wedha. Dupi sampun dumugi ing ngarsanipun Sang Hyang Indra, Sang Arjuna sigra mangkurêp ing siti, ingkang lajêng rinangkul lungayanipun dening Sang Hyang Indra, kalayan astanipun ingkang agêng sarta lurus, lajêng katarik dhatêng dhampar, nunggil sapalênggahan kalihan Sang Hyang Indra, inggih punika palênggahan ingkang tansah pinundhi-pundhi dening para dewa tuwin para rêsi. Sasampunipun ingarasan sirahipun Sang Arjuna kang sinung nugraha, lajêng kalênggahakên ing panggenanipun Sang Hyang Indra. Andhapipun Sang Parta saking pangkon dhatêng dhampar, ing ngriku, wiwit sumunar tejanipun mbotên siwah kalihan Sang Indra. Saking

--- 209 ---

kasoking panggalih, Sang Hyang Indra tansah angêlus-êlus palarapanipun Sang Arjuna, sarwi kinudang-kudang, astanipun Sang Arjuna, ingkang prasasat gilikan kancana, sarta atos amargi saking tansah angêmbat langkap, dipun pijêt-pijêt sarta katalusur dening Sang Hyang Indra, kalayan astanipun ingkang mawacira balêdhèg, sarwi ngalêmbana. Sang Hyang Indra kang paningal sèwu, pangrurahing writa, sangêt kacaryan amriksani rikmanipun Sang Arjuna, ingkang katingal pating karêkêl (brintik), anggung sinawang sarwi mèsêm, saya dangu saya katingal sihipun. Rikala rama lan putra wau lênggah jèjèr nunggil sapalênggahan, asrining panangkilan kaswargan wimbuh ngênggêng, kadi srêngenge cêcêlakan kalihan rêmbulan, amimbuhi asrining langit, ing nalika tanggal kaping kawan wêlas. Sagolonganing gandarwa ingkang tinindhihan Bathara Tamburu, ingkang lêbda dhatêng gêndhing kasukcian saha karawitan, sami akêkidungan, santun-sumantun lagunipun. Apsara Grataci, Menaka, Ramba, Purwaciti, Swayampraba, Urwasi, Misrakèsi, Dhandhagari, Warutini, Gopali, Sahayanya, pangagêng gandarwa Kumbayoni, Prayagara, Citrasena, Citraloka, Saha, tuwin Wunuramwama, kanthi sanès-sanèsipun ngantos maèwu-èwu, ingkang paningalipun sami kadi ron saroja, sarta sagêd anênarik manahipun tiyang, ingkang sawêg amêlêng dhatêng kasukcian, sami mataya gilir gumantos. Para widadari ingkang ngyuyunakên, sarta gilik pasariranipun, sami amriaga, sawênèh angêntrog payudara tuwin ambalang liring, sarta sanès-sanèsipun malih, têmah adamêl lênglêngipun ingkang sami tumingal.

--- 210 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawandasa tiga, perangan Indraloka Gamna,Gamana ing Wanaparwa.

__________

BAB 44. SAMBÊTIPUN INDRALOKA GAMANA PARWA.

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Para gandarwa saha para dewa enggal ngaturakên toya kangge wijik, sarta pasuryan, dhatêng Sang Dananjaya sarwi urmat. Sasampunipun sêsukci Sang Arjuna kairit lumêbêt dhatêng kadhatonipun Sang Hyang Indra, sarta lajêng kaparingan gêdhong piyambak minangka têngganipun, ing salêbêting kadulaya. Ewadene Sang Dananjaya mbotên kasupèn dhatêng èsthining panggalih, mbotên sampun-sampun pambudidayanipun, sagêdipun angsal dêdamêl kaswargan, saha sagêdipun anandukakên ingkang ugi lajêng tampi pangajêng-ajêngipun wau, sarta mulung saking astanipun Bathara Indra piyambak, inggih punika dêdamêlipun Sang Hyang Indra, ingkang pangwasanipun satribawana mbotên wontên ingkang animbangi, nama bajra (balêdhèg) tuwin dêdamêl sanès-sanèsipun, ingkang mawi swara gumaludhug, kados ta: dêdamêl manawi kalêpasakên murup makantar-kantar, amadhangi ing ngawang-awang, ingkang lajêng angwontênakên mêndhung, satêmah mêrak-mêrak sami ngigêl.§ Miturut kapitadosanipun têtiyang Hindhu, ing jaman samantên, sabên ing langit wontên mêndhung rinêngga ing kilat thathit, mêrak-mêrak sami ngigêl. Sasampunipun

--- 211 ---

tampi dêdamêl kaswargan, katêtangi èngêtipun dhatêng para kadang, ananging kaparêngipun Sang Hyang Indra, Sang Arjuna lêstantuna dêdunung wontên kaswargan laminipun ngantos gangsal warsa, wigatos sagêda ngraosakên sagung kamulyaning swarga.

Marêngi satunggaling dintên, Sang Hyang Indra dhawuh dhatêng Pandhuputra makatên pangandikanipun: "Hèh, Palguna, sira puruhita marang Citrasena, ingatase gêndhing sarta jogèd kang kalumrah kanggo anèng kaswargan, kang ing marcapada ora ana, karana iku gêdhe pigunane tumrap ing sira têmbe." Punapadene Sang Hyang Purandara ugi lajêng dhawuh dhatêng Citrasena, supados nganthia Sang Arjuna. Wiwit nalika samantên Sang Pandhuputra sakalangkung sênêng panggalihipun têtunggilan kalihan Sang Citrasena. Sabên dintên Sang Arjuna winulang lagon sarta gêndhing tuwin bêksa, sanadyan Sang Arjuna, linimputan ing kamulyan ingkang dados panujuning panggalih, amargi Sang Parta sangêt sêngsêm dhatêng pakaryan ingkang wigati, mila sadaya wau mbotên sagêd nyirnakakên pangigit-igitipun dhatêng Sang Suwalaputra tuwin Sang Dusasana ing nalika kasukan dhadhu. Dupi sampun sawatawis dangu anggènipun puruhita Sang Arjuna putus dhatêng jogèd ingkang ing marcapada mbotên wontên timbangipun, punapadene lêbda dhatêng lêlagon saha gêndhingipun para gandarwa. Ing ngriku Sang Dananjaya wiwit mbotên jênjêm malih, amargi tansah èngêt dhatêng para kadang ingkang sami nandhang sangsara wontên ing wana pambucalan utawi dhatêng ingkang ibu Dèwi Kunthi.

--- 212 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping kawan dasa sêkawan, perangan Indraloka Gamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 45. SAMBÊTIPUN INDRALOKA GAMANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Nuju satunggiling dintên, Sang Hyang Indra wuninga manawi Sang Arjuna tansah ambalang liring dhatêng Dèwi Uruwasi. Sabibaring bujana Sang Hyang Indra nimbali Sang Citrasena. Sasampunipun sowan, Sang Hyang Indra ngandika: Hèh, ratuning gandarwa, sira ingsun utus katêmu kalawan Uruwasi, andhawuhna timbalan ingsun, manawa Uruwasi ingsun parêngake marang gêdhonge Palguna, sarta dhawuhna pangandikaningsun iki: "Sawuse Arjuna lêbda marang sarupaning gêndhing lan kagungan liya-liyane nganti dadi pangeram-eram, saka kaparênge karsaningsun, Arjuna uga putus marang asmara turida, mula sira ngangkaha kalêksanane karsaningsun mau."

Sang Citrasena lajêng pangkat angèstokakên dhawuhipun Sang Hyang Indra. Rikala Sang Citrasena dhatêng, têtungguling apsara Dèwi Uruwasi, sigra mapagakên kalayan anoraga, sarta sinambrama ing pambagya. Sasampunipun sakeca lênggahipun, Sang Citrasena lajêng andhawuhakên timbalanipun Sang Hyang Indra, kalayan mèsêm makatên: "Kawruhana Uruwasi, kang sulitya ing warna, têkaku ing kene iki, ngêmban timbalane Sang Hyang Indra, andhawuhake marang kowe, Sang Hyang Indra mundhut gawemu. Arjuna kang

--- 213 ---

misuwur ing jagade manusa lan para dewa, marga saka kautamane, saka dyatmikane, alus bêbudène, baguse, kasukciane, kasantosane, apadene misuwur pangwasa lan kasêktène kang diluhurake dening para utama, graita, lêpas budine, momot, gêdhe pangapurane, putus marang Wedha papat pisan, dalah pang-pange Wedha, sarta Upanisad lan Purana, bêkti marang para luhur, sarta kanggonan kaluwihan wolung prakara,§ Satunggal dipun wastani: Anima, pangwasa sagêd dados alit, ngantos mbotên kasat mata, 2. Lahima, pangwasa sagêd ènthèng kadi kapuk, 3. Prapti, pangwasa sagêd dumugi ing pundi ingkang sinêdya, 4. Prakam, pangwasa sagêd kadumugèn sasêdyanipun, 5. Mahima, pangwasa sagêd mancala warna sakajêngipun, 6. Hasita, pangwasa sagêd angratoni sadhengah, 7. Wasitya, pangwasa sagêd mangrèh punapa kemawon, 8. Kamawasita. bêtah cêcêgah, luhur darahe, tanpa kanthi bisa angêyomi suralaya kaya magawat kang ora tau umuk, kang kajèn kèringan, kang bisa andulu barang lêmbut-lêmbut, cêthane pandulune kaya barang gêdhe-gêdhe, kang arum swarane, kang ngêbèrake pangan lan pangombèn marang mitra lan karerehane, têmên, wasis micara, angrêsêpake, ora adigung, asih marang sing sapa kang angajèni, sarta ora ngrèmèhake sarupaning dumadi, têtêp marang sêsanggêman, bêcike watake prasasat Bathara Indra lan Waruna, yaiku Arjuna, kang kowe wus wêruh dhewe. Hèh, Uruwasi, sumurupa manawa Arjuna, diparêngake ngrasakake kamulyaning kaswargan, saka timbalane Sang Hyang Indra, wiwit dina iki kowe diparêngake liron

--- 214 ---

wastra lan Arjuna, mula enggal lêksanana, amarga Dananjaya onêng marang kowe.

Dèwi Uruwasi ingkang endah ing warninipun mbotên kenging cinandra ing têmbung, lajêng mèsêm, dupi mirêng dhawuhipun Sang Citrasena makatên wau, pangandikanipun Sang Citrasena tinampi kalihan suka pirênaning manah. Atur wangsulanipun Dèwi Uruwasi: "Nalika kula mirêng sakathahing wêwatêkan sae ingkang sagêd dados jalaraning kaluhuran, kados ingkang andika cariyosakên wau, lajêng damêl katariking manah kula, mila sampun saèstu kula kapengin juru dang dhatêng Sang Arjuna. Awit saking timbalanipun Hyang Indra ingkang lumantar jêngandika, punapadene katarik dening kautamènipun Sang Palguna, têmah kula korup dhatêng pangwasanipun dewaning sih, mila ing mangke kula badhe lajêng ngèstokakên timbalanipun Hyang Indra."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sêkawan dasa gangsal, perangan Indraloka Gamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 46. SAMBÊTIPUN INDRALOKA GAMANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sapêngkêripun Sang Citrasena, ingkang angsal damêl anggènipun kautus, Dèwi Uruwasi, ingkang èsêmipun angrêrujit manah, lajêng siram, awit saking jujuling panggalih anggènipun badhe pinanggih Sang Arjuna, sigra ngadi angèdi busana, saha ngagêm oncèn-oncèn sêkar, gandanipun amrik angambar. Sang Dèwi kataman ing brangta, sarta kanin

--- 215 ---

dening jêmparingipun Bathara Manmata, mila ingkang cinipta mbotên sanès kajawi sang mawèh gandrung. Pangraosipun kadi sampun liron sih kalayan Sang Arjuna wontên pasarean wiyar, linuruban ing wastra kaswargan. Dupi sampun wanci sandyakala, rêmbulan sampun andadari sang dèwi, ingkang lenjang-lenjang sariranipun, pangkat dhatêng têngganipun Sang Arjuna. Dèwi Uruwasi ingkang rikmanipun alus ngandhan-andhan kinlabang, sêla-sêlaning klabangan cinêplik ing sêkas kaswargan, endahing warninipun damêl kucêming adi-adi kaswargan. Liringing netra angilat thathit, incanging imba milangoni, yèn ngandika pait madu, wadananipun nupraba ngênguwung, rêbut sorot kalihan sasangka purnama, jangga mangkung panjang angolan-olan, pranaja wêwêg, payudara gêmuh alincip, katumpangan sangsangan oncèn-oncèn mutyara, candranipun kadi sarpa nglangi ing toyaning narmada manrang sètubanda kuta. Sang rêtna kêkonyoh bubukaning candhana linawêd lan gandawida kaswargan, lampahipun sêmu kadung, têmah payudaranipun ingkang gêmuh kadi kaêntrog amandul-mandul, sariranipun gilig, luk tiga, katingal angêlam-lami pantês dados pacangkramaning sih, cêthik mêlar mêkrok katingal langkung agêng tinimbang bangkekan miwah pranajanipun, nyampingipun tipis alus anglêmir, wêntis alit gilig sêmu jênar, rinêngga raroncèn kancana, polok bundêr kadi jinangka, darijinipun alit panjang. Adining warna sagêd anguwurakên kajênjêmanipun para tapa. Labêt saking kataman ing lara brangta, samargi-margi tansah amiraga warna-warna, ngatingalakên gambiraning panggalih, saha amimbuhi endahing warninipun, sanadyan ing kaswargan mbotên

--- 216 ---

kirang sêsawangan ingkang sarwa endah, ewadene manawi Dèwi Uruwasi sampun angadi busana, pangraosipun para siddha, carana, tuwin para gandarwa mbotên wontên èdi-èdi, ingkang satimbang kalayan sang dèwi. Rimongipun sang dèwi ngangrangan pêthak, tiningalan kadi rêmbulan kasasaban ing mega pêthak, ramyang-ramyang mawèh brangta, mbotên watawis dangu sang dèwi sampun dumugi wiwara capuri kadhaton sacêlaking têngganipun Sang Arjuna, amargi lampahing para apsara rikat kadi laraping jêmparing. Sasampunipun tampi palilah sang dèwi lumêbêt ing capuri, ingkang ing ngriku saya angayang wiraganipun. Kawuningana sinuwun (Prabu Janamêjaya), dupi Sang Arjuna wuninga sang dèwi wanci makatên rawuh ing têngganipun, kumêpyur panggalihipun, enggal amapagakên kalayan anoraga. Sang Pritaputra anggènipun angurmati kadi dhatêng lêluhuripun, aturipun Sang Arjuna: "Dhuh têtungguling para apsara, kula tumungkul wontên ngarsa andika, dadosa tandhaning pangaji-aji kula, dhuh, sang dèwi, punapa wigatining karsa dene dalu-dalu rawuh ing têngganipun Arjuna, suwawi lajêng dipun dhawuhna, supados lajêng sagêd nglêksanani.

Bagawan Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi midhangêt aturipun Sang Arjuna, Dèwi Uruwasi kuwur panggalihipun, wasana lajêng mratelakakên pêpanggihanipun kalihan ratuning gandarwa, pangandikanipun makatên: "Dhuh, kang sinung nugraha, kaparênga kula ngaturakên kawontênaning lêlampahan, ingkang kadi anjurung dhatêng kula. Awit saking rawuh jêngandika ing kaswargan, Hyang Indra animbali sadaya isèn-isèning kaswargan, [kaswar...]

--- 217 ---

[...gan,] lajêng bujana andrawina kalayan sadaya wau, kados ta: para rudra, aditya, aswin, tuwin para wasu, kajawi punika ugi kathah para maharsi, para ngudi raos kang luhur, para sandha, para carana, yaksa tuwin para naga agêng-agêng sadaya nupraba kadi latu, rêmbulan tuwin srêngenge, sami manggèn wontên ing papanipun piyambak-piyambak, miturut undha usuking darajad tuwin pangwasanipun. Ing nalika wau para gandarwa sami kêkidungan lagu kaswargan, anganyut-anyut, para têtungguling widadari sami maca, dhuh, Pritaputra, Sang Hyang Indra wuninga, manawi jêngandika tansah angliring kula, mila sabibaring pasamuan, para dewa dipun parêngakên mantuk dhatêng kahyanganipun piyambak-piyambak, para widadari ugi sami mantuk dhatêng kawidadarèn, punadene sanès-sanèsipun sami dipun lilani mantuk sadaya. Nanging Citrasena, narendraning gandarwa, kautus Sang Hyang Indra manggihi kula, dhawuhipun makatên: "Hèh Uruwasi, kang sulistya ing warna, aku ngêmban timbalane Hyang Indra ratuning para dewa, andhawuhake, kowe dipundhut gawemu, anindakake kaya kang dadi kaparênge karsane, utawa lêgane atiku lan atimu, dhuh, mêmanising kaswargan, samêngko sira mênyanga tunggone Arjuna, kang kasudirane prasasat Bathara Sakra, sarta kang linuwih kautamane." Makatên pangandikanipun dhatêng kula. Dados sowan kula ing ngarsa jêngandika punika saking panêdhanipun gandarwa Raja Citrasena atas karsanipun Sang Hyang Indra, sabab saking kautamèn jêngandika sarta manah kula sampun kaprabawa dening pangwasanipun dewaning sih, sadaya wau condhong kalayan pangajap kula, mila badhe kula anêmianêmahi salami-laminipun."

--- 218 ---

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dupi Sang Dananjaya mirêng wicantênipun Dèwi Uruwasi makatên suraosipun wau, sakalangkung pakèwêd panggalihipun, mila lajêng anutupi talingan, sarwi matur: "Dhuh, têtungguling apsara, pangandika andika makatên wau sangêt adamêl kagèting manah kula, awit saking panganggêp kula, jêngandika punika garwanipun lêluhur kula, mbotên bèntên kalihan Dèwi Kunthi, ibu kula piyambak utawi Saci, pramèswarinipun Sang Hyang Indra. Mbotên sampun-sampun anggèn kula ningali jêngandika punika nyata, nanging sababipun inggih kados ingkang kula aturakên wau. Suwawi kapirêngna anggèn kula ngaturakên raosing manah kula, ingkang mbotên kalepetan cidra. Dhuh, sang dèwi, mila mbotên kêdhèp-kêdhèp pamawas kula ing jêngandika, punika osiking manah makatên: "Baya iku musthikaning wanita kang nurunake bangsa Porawa. Dhuh, sêkaring para apsara, jêngandika sampun kaduk panampi, jêngandika têtela pêpundhènipun para lêluhur kula, awit jêngandika ingkang nurunakên tiyang sêpuh-sêpuh kula."

Dèwi Uruwasi nalika mirêng wangsulanipun Sang Arjuna makatên wau, lajêng ngandika malih: "Dhuh, putranipun ratuning para dewa, para apsara punika lamban tanpa sisihan, sarta winênangakên darbe pamilih, mila sampun nganggêp kula lêluhur jêngandika. Para têdhakipun Prabu Puru, ingkang sami kawasa minggah ing swarga, awit katarimah tapa bratanipun, punika sami kalilan liron wastra kalayan para apsara, mbotên kasandhangan dosa, mila radèn, mugi dipun lêganana panyuwunipun Uruwasi, supados mbotên wangsul kalihan

--- 219 ---

nandhang brangta, dhuh, radèn, manah kula kabrastha dening latu lara brangta, mila katampènana sihipun Uruwasi."

Wangsulanipun Sang Arjuna: "Dhuh, sêsêkaring para apsara, dipun piyarsakna atur kula ingkang mbotên lêlamisan, mugi dipun sêksènana keblat sêkawan gangsal pancêr, punapadene para dewa, dhuh, sang dèwi, ingkang kula anggêp sami kalayan ibu Dèwi Kunthi, Dèwi Madri tuwin Dèwi Saci, jêngandika tumrapipun kula, lêluhuripun bangsa kula. Dhuh, kang sulistya ing warni, mugi lajêng wangsula, kula sumungkêm ing pada jêngandika, awit jêngandika pantês kula pundhi-pundhi, mbotên beda kalihan biyung kula piyambak, mila jêngandika angrêngkuha dhatêng kula kados biyung dhatêng sutanipun."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Mirêng wangsulanipun Sang Dananjaya makatên wau, Dèwi Uruwasi jaja bang mawinga-winga, netra andik, idêp mangada-ada, sariranipun gumêtêr, lajêng ngêsotakên dhatêng Sang Arjuna makatên: sarèhning andika mbotên nanggapi sihing pawèstri, ingkang dhatêngipun amargi saking kapencut dhatêng suwuring lêlabêtan jêngandika, inggih punika pawèstri ingkang sampun kadrawasan dening jêmparingipun Bathara Kama, sarta angèstokakên ayahanipun rama jêngandika, pramila andika badhe manggih panyamah, tatunggilan kalayan para èstri, pakaryan andika dados juru jogèd, sarta sirna sipat andika priya, punapadene dipun anggêp tiyang wandu."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun angêsotakên, Dèwi Uruwasi

--- 220 ---

ngantos dangu sariranipun taksih gumêtêr lathinipun kêkêdhêr, napasipun sêsêg, awit nrêgunipun mbotên lajêng ical sami sanalika, wasana lajêng wangsul dhatêng kawidadarèn. Sapêngkêripun Dèwi Uruwasi, Sang Arjuna lajêng ngupadosi Sang Citrasena. Dupi sampun pinanggih Sang Parta mratelakakên sadaya kawontênaning lêlampahan nalika pinanggih kalayan Dèwi Uruwasi, tansah dipun ambal-ambali Sang Arjuna anggènipun nyariyosakên sotipun sang dèwi, mila Sang Citrasena ugi lajêng ngaturakên prakawis wau dhatêng Bathara Indra. Rikala Bathara Indra (Hari wahana) midhangêt aturipun Sang Citrasena, sigra nimbali ingkang putra piyambakan. Sang Arjuna karêrapu dhatêng ingkang rama pangandikanipun makatên: "Kulup, bêgja dene Prita asêsuta priya kang kaya sira angungkuli para rêsi, awit iku bakal gêdhe pigunane. Kawruhana ing têmbe, manawa wus têkan taun kang kaping têlulase anggonira sumingkir saka nagara, iya wanci anggonira kudu anamur, têmahane sote Uruwasi iku jalarane sira ora karuhan ing wong. Sawuse sira dadi juru jogèd, lan sirna sipatira priya, kongsi sataun lawase, nuli bali kaya kaananira ing nguni."

Sasampunipun mirêng pangandikanipun Sang Hyang Sakra Sang Arjuna lajêng mbotên mrihatosakên dhatêng sotipun Dèwi Uruwasi malih. Wiwit nalika samantên Sang Arjuna tansah mangun suka wontên kaswargan, kalihan narendraning gandarwa.

Sintêna ingkang mirêngakên cariyos lêlampahanipun Sang Dananjaya, sadèrèngipun cariyos wau têlas, tamtu awrat badhe nilar. Para luhur ingkang kaparêng mirêngakên cariyos lêlampahanipun Sang Arjuna, putranipun ratuning dewa,

--- 221 ---

ingkang sakalangkung sukci punika, badhe sirna adigung saha brangasanipun tuwin kuciwaning pambêgan sanès-sanèsipun, wasana sagêd anginggahi kamulyaning kaswargan.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sakawan dasa nênêm, perangan Indraloka Gamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 47. SAMBÊTIPUN INDRALOKA GAMANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Nuju satunggaling dintên, nalika Maharsi Lomasa lêlana brata, mampir dhatêng kaindran, karsanipun badhe pinanggih kalihan Sang Hyang Indra. Sasampunipun cêlak lajêng mantuk angurmati. Ing ngriku sang mahamauni wuninga Sang Arjuna jèjèr nunggil sapalênggahan kalihan Sang Hyang Indra. Têtungguling brahmana Sang Maharsi Lomasa, kaurmatan saha ingacaran lênggah ing palênggahan inggil dening Hyang Wasawa. Sasampunipun lênggah, sang maharsi anglocita salêbêting panggalih, kadospundi dene Sang Arjuna punika bangsa ksatriya dipun parêngakên lênggah ing palênggahanipun Hyang Indra, punapa lêlabêtanipun sarta sapintên darajating kabatosanipun têka dipun parêngakên wontên palênggahan, ingkang pinundhi-pundhi dening para dewa. Sang Hyang Sakra, pangrurahing writra, garwanipun Dèwi Kaci, mbotên kasamaran dhatêng osiking Sang Maharsi Lomasa makatên wau, mila lajêng pratela dhatêng sang maharsi, kalayan sêmu mèsêm, makatên pangandikanipun: "Dhuh, bagawan,

--- 222 ---

suwawi jêngandika midhangêtakên jawabipun osiking panggalih ijêngandika. Kawuningana pun Arjuna punika lair ing antawisipun kulawarga manusa, nanging sanès limrahing manusa. Dhuh, maharsi, prajurit linangkung punika anak kula ingkang mijil saking Kunthi, dene dhatêngipun ing ngriki, wigatos ngupados dêdamêl badhe kangge minangkani sêdyanipun, punapa sang maharsi kasamaran manawi piyambakipun wau rêsi ingkang agêng lêlabêtanipun. Suwawi dipun piyarsakna, kula badhe ngaturakên kawontênanipun sajati, sarta sêdyanipun, mila lajêng sumêngka pangawak bajra, minggah dhatêng kaswargan. Ing nguni wontên rêsi linangkung pêparab Sang Nara tuwin Sang Narayana, inggih punika samangke manjanma dados Dananjaya kalihan Hrêsikesa; kalih-kalihipun wau maharsi ingkang misuwur satribawana, sêsilih Nara kalihan Narayana. Sabab wontên pakaryan wigati, sami kalairakên dhatêng marcapada, angasrama wontên ing Wadari kang sukci. Ugi wontên ing ngriku panggenan anggènipun sami anggayuh kautamèn. Sanadyan para dewa tuwin para rêsi mbotên sagêd nyumêrêpi papan sukci ingkang misuwur wau, minangka tukipun lèpèn Gangga, inggih lèpèn ingkang linuhurakên dening para siddha tuwin para carana. Inggih ing ngriku pratapanipun Bathara Wishnu kalayan Jishnu duk ing kina. Amargi saking pangwasaning dewa, rêsi kalih wau ing mangke sami manjanma wontên ing marcapada, sinartan pangwasa linangkung, kangge angènthèngakên kasangsaraning jagad. Kajawi punika ing mangke wontên golonganing asura, dipun wastani bangsa Newatakawaca, ingkang adigang-adigung pambêganipun; awit

--- 223 ---

antuk nugraha lajêng darbe sêdya badhe mêngsah para dewa. Para asura wau tansah angêndêl-êndêlakên nugrahaning kasutapanipun, mila darbe pangangkah badhe ngrisak sarta ngrèmèhakên dhatêng para dewa; dene dhangkanipun para asura digdaya wau wontên dhasaring bumi. Nadyan sakathahing para dewa punika dipun kêmpalakên dados satunggal, ewadene mbotên kuwawi nadhahi prangipun para danawa wau. Kajawi Bathara Wishnu pangrisaking asura madu, ingkang misuwur wontên ing marcapada, sinêbut Kapila, ingkang amung sarana cahyanipun kemawon sampun sagêd nyirnakakên para anak-anakipun Prabu Sagara ingkang linangkung, nalika nyêlaki Sang Kapila kalihan nyuwara sakalangkung rame wontên ing nglêbêt siti, inggih Sri Hari ingkang badhe mitulungi para dewa. Sri Krisna tuwin Parta salah satunggal, punapa kalih pisan, saèstu sagêd ngêntasi damêl. Sampun têtela Bathara Wishnu, ingkang sampun sagêd mêjahi naga wontên ing talaga agêng amung sarana kapandêng, punika ingkang sagêd nyirnakakên arusa ingkang winastan para Newatakawaca, sawadyabalanipun, nanging Bathara Wishnu saèstu mbotên kadugi ngêdali prang, manawi mêngsahipun wau mbotên sapintêna kakiyatanipun, makatên ugi Arjuna, têtela sagêd manah para Newatakawaca wau. Sasirnaning para asura pun Arjuna badhe lajêng kula wangsulakên dhatêng marcapada. Awit saking punika bagawan, kula nêdha pitulungan jêngandika, kaparênga tumurun dhatêng marcapada, lajêng pinanggiha kalayan pun Yudhisthira, ingkang samangke wontên ing wana Kamyaka, sarta kaparênga ngandika sampun ngantos mrihatosakên pun Palguna, têmbe wangsulipun Arjuna sampun mbotên kewran nandukakên

--- 224 ---

dêdamêl kaswargan, amargi manawi mbotên kagêgulang ing kaprawiran, sarta mbotên mumpuni sakridhaning olah dêdamêl, saèstu Arjuna mbotên kuwawa lumawan Bhisma, Drona tuwin sanès-sanèsipun. Punapadene dipun pratelakna pisan dhatêng Yudhisthira, manawi Gudakesha (Arjuna), ingkang pinunjul ing apapak, sasampunipun tampi dêdamêl kaswargan, ugi lêbda dhatêng gêndhing kêkidungan saha bêksa kaswargan. Jêngandika dhawuha makatên: "Dhuh, kaki prabu, pangrurah satru sêkti, mugi sampun anjrak wontên ing Kamyaka kemawon, kaki prabu dalah para kadang Pandhawa, kêdah anjajah ing candhi-candhi saha ing pasiraman sukci, awit manawi kaki prabu sampun siram ing tirta sukci, pintên-pintên panggenan, kaki prabu badhe kinalisakên saking saliring dosa, sarta badhe tansah suda-suda sumêlanging panggalih. Kaki prabu badhe sagêd ngraosakên kamulyaning karaton malih, kanthi raos sakalangkung têntrêm." Dhuh, maharsi, jêngandika ugi angayomana Yudhisthira anggènipun lêlana dhatêng pundi-pundi wau, awit kathah raksasa agêng-agêng rêmên gora godha, manggèn ing rêdi-rêdi, mila Yudhisthira dipun ayomana saking pangrêncananipun para raksasa wau.

Satêlasing pangandikanipun Sang Hyang Indra, Sang Arjuna lajêng matur dhatêng sang maharsi, makatên: "Dhuh sang maharsi, mugi kaparênga sang maharsi angayomi para kadang kula Pandhawa; mugi kakang prabu kadhawuhana lêlana dhatêng sakathahing panggenan sukci, kanthi yomipun sang bagawan, sarta kadhawuhana misungsung para brahmana."

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun Maharsi Lomasa, sagah badhe

--- 225 ---

nglêksanani, lajêng mandhap saking kaswargan dhatêng marcapada, anjunjung ing wana Kamyaka. Sadumuginipun palêrêmanipun para Pandhawa, Maharsi Lomasa wuninga Prabu Yudhisthira, pangrisaking satru, pinuju lênggahan kalayan para tapa tuwin para ari."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sakawan dasa pitu, perangan Indraloka Gamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 48. SAMBÊTIPUN INDRALOKA GAMANA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Lêbêtipun Sang Pandhuputra, ingkang kaprawiranipun tanpa timbang ing jagad, têtela damêl gawoking manah. Dhuh, brahmana kadospundi kawontênanipun Prabu Drêtarastra kang wicaksana punika, nalika midhangêt pawartos lêlampahanipun para Pandhuputra."

Aturipun Bagawan Waisampayana: Rikala Prabu Drêtarastra, putranipun Dèwi Ambika, mêntas midhangêtakên pangandikanipun Maharsi Dwipayana, prakawis inggah saha pamanggènipun Sang Arjuna wontên ing swarga, lajêng ndangu dhatêng Sanjaya (patihipun Prabu Drêtarastra), makatên: "Hèh, Sanjaya, kusir rata paprangan, apa sira uga wus krungu kabèh lêlakone Arjuna, kang luhur ing budi, kaya kang wus ingsun rungu wiwitan kongsi prapta wêkasan. Hèh, Sanjaya, putraningsun DurayudanaDuryudana kang angkara murka, sarta kaèbêkan dosa warna-warna, kongsi dina kalênggahan

--- 226 ---

iki, mêksa durung uwis-uwis tindake kang ora bênêr, ora wurung bakal gawe suwunge nagara. Ksatriya linuwih kang sêtya tuhu ing wacana, nadyan sajrone gêguyon iya kang wadyane disenapatèni Arjuna, têmtu bisa ngrata jagad. Yèn Arjuna wus anglêpasake panahe kang dilar-lari laring garudha, nadyan wong kang luput lara pati, apa kuwat nadhahi. Para putraningsun nêdya mungsuh Pandhawa, kang ora kêna kinalahake têmtu bakal kasoran pêrange. Rina wêngi ora uwis-uwis anggon ingsun maspadakake têtela manawa pêpilihane prajurit ingsun ora ana kang kuwat nadhahi pêrange kang sikêp gandhiwa (Arjuna). Yèn uwa Bhisma, Rêsi Drona lan Karna padha mêtoni ngayuda, jagad têmtu bosah-basih, ewadene sanadyan mangkono ingsun uga ngira yèn ora bisa mênang. Karna iku ora laran atèn sarta lalèn. Guru Drona iku wus kaparêng yuswa lan bangêt sihe marang Arjuna, mangka Arjuna iku isi pangunêk-unêk, santosa kakêncêngane, lan linuwih kaprawirane, wus têrang yèn wong Pandhawa kasêktène linuwih. Mula paprangan kang bakal kalakon iki, têmtu dudu baèn-baèn, mungsuh rowang padha nracak prawira lan kêndêl, kasêktène padha linuwih, mangka pangarêp-arêpe dudu nagara kang isih kêna rusak iki. Kawruhana, bisane têntrêm iku manawa Palguna sarta liyane mau wus nêmahi pati, mangka ora ana wong kang bisa ngalahake utawa matèni kabèh mau, gèk apa kang kêna kanggo nyirêp muring-muringe Pandhawa marang jênêng ingsun. Arjuna mênang lan ratuning dewa, yaiku nalika pininta sraya ing Bathara Agni, matunu alas Kandhawa sarta wus bisa nêlukake ratu pira-pira, yaiku nalika ngarêpake sêsaji rajasuya. Hèh Sanjaya, yèn bajra (gêlapipun Indra), iku nyambêr gunung, [gu...]

--- 227 ---

[...nung,] isih ana kêkarène kang ora ajur nanging sapa kataman ing panahe Kirithi, têmtu yèn ora kêna dikukup kuwandane, kaya soroting srêngenge, manasi sakèhe kang obah lan kang ora obah, mangkono uga panah kang lumêpas saka langkape Arjuna, têtela bisa nggêsêngake para putraningsun kabèh. Panduganingsun, para wadya Kurawa iku kabèh, lagi krungu gumuludhuge ratane Arjuna bae wus gugup padha lumayu salang tunjang, têtela Widatri anggone nitahake Arjuna iku kanggo pangrusake Kurawa. Arjuna bakal dadi mungsuh, kang ngudani panah tanpa wilangan, sapa kang bisa ngundurake pamuke Arjuna.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sakawan dasa wolu, perangan Indraloka Gamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 49. SAMBÊTIPUN INDRALOKA GAMANA PARWA.

Aturipun Sanjaya: "Kaluhuran dhawuhipun sinuwun, prakawis kawontênanipun para putra paduka wau mbotên wontên ingkang mbotên lêrês. Para Pandhawa ingkang kaprawiranipun tanpa timbang ing marcapada, punika sami njarêm manahipun, nalika priksa Dèwi Krêshna garwanipun ingkang sêtya tuhu misuwur kasukcianipun, dipun timbali wontên samadyaning pasamuanipun para ksatriya, langkung malih nalika mirêng ucapipun Dusasana, tuwin Narpati Karna, ingkang landhêpipun pindha bramastra, manahipun kadi sinlomot ing latu. Dhuh, sinuwun, saking pangintên kula, Pandhawa mbotên badhe

--- 228 ---

ngapura dhatêng kalèntunipun para Kurawa. Saking pamirêng kula, angeram-eramakên sangêt prangipun Arjuna nalika tandhing kalayan Sang Hyang Stanu, ingkang awujud sawêlas, inggih dewaning adewa. Bathara Kapardin pribadi kaparêng nacak prangipun Sang Arjuna, kalampahan prang kalayan Sang Wibatsu, sarwi mancala warna kerata. Ing nalika para lokapala badhe matêdhakakên dêdamêl dhatêng Sang Parta, sami kaparêng ngatingalakên sajatining kawujudanipun dhatêng Sang Palguna. Sanèsipun Sang Arjuna sintên tiyang ing marcapada ingkang nggayuh nêdya nyumêrapi para dewa wau? Kajawi punika sinuwun, sintên ingkang sagêd ngêndhakakên kanêpsonipun Pritaputra, nadyan Hyang Mahiswara, ingkang wujud wolu mbotên sagêd angingkêtakên kakêncênganipun Sang Arjuna. Putra paduka Sang Dusasana, anggènipun anglarak Dèwi Drupadi, sarta anggènipun mangerang-erang dhatêng para Pandhuputra, punika prasasat damêl karisakanipun piyambak. Nalika priksa Sang Duryudana, cincing ngantos pupunipun kalih pisan katingal wontên ngajêngipun Dèwi Drupadi, Sang Bhimasena wicantên sora kalayan lambenipun ndharêdhêg, ucapipun makatên: "Hèh, wong candhala, têmbe saêntèking wêwangên têlulas taun, kang wus dak sanggêmi pupumu bakal dak rêmuk sarana gadaku ana ing paprangan." Para Pandhuputra têtela pêpêthinganing prajurit, sadaya sami linangkung kasêktènipun sami prigêl sikêp dêdamêl, wasis dhatêng gêlaring pêrang, mila sanadyan para dewa mbotên sagêd ngundurakên para Pandhawa. Labêt saking sangêting runtik, amargi kacêcamah garwanipun, pangintên kula para Pandhawa nêdya badhe angrisak para putra paduka wontên paprangan."

--- 229 ---

Pangandikanipun Prabu Drêtarastra: "Hèh, Sanjaya, kaya apa lupute Karna, dene gêlêm ngucapake têmbung kang gawe tatune atine anak-anake Pandhu. Lagi digawa Drupadi marang pasamuan iku bae apa ora wus cukup anggone gawe tatune ati. Lah kapriye bisane widada uripe para putraningsun, manawa kadange pambarêp, kang minangka têtuladhane sumimpang saka dalan kang bênêr? Amarga Duryudana wêruh, manawa ingsun wuta, banjur ngira yèn ingsun tuna budi mula ora pisan-pisan gêlêm ngrungokake pitutur ingsun. Pira-pira wong asor budine, kang tansah tinari-tari, kaya ta: Karna, Swalaputra lan liya-liyane iku mung anjurungi pialane, awit Duryudana sêpi ing kawêwekan. Sakèhing panah kang dilêpasake dening Arjuna karo sakêpenake, iku wus bisa nyirnakake para putraningsun, ana manèh siji: panahe Arjuna, kang anggone nglêpasake nganggo dibuncang dening kasêktèn, sarta lumêpase saka langkap gandhiwa, kanthi kawatêkake mantra linuwih, iku bisa dadi gêgaman kaswargan, mula bisa angrusak barising dewa. Sing sapa dirojongi sarta ingayoman Bathara Hari, ratuning tribawana, kang minangka pangrusaking piala, têmtu ora ana kang kuwat nandhingi. Kang saya anggumunake manèh, saka pangrunguningsun, Arjuna kongsi rinangkul dening Hyang Mahadewa, apadene ing nguni, Arjuna kanthi pambantune Damodara, kalakon bisa mitulungi Bathara Agni, yaiku nalika kobonge alas Kandhawa, kabèh mau wus kasêksèn ing jagad. Mulane manawa Bhima, Parta lan Wasudewa, darah Satwata wus arakit gêlaring prang, ora wurung para putraningsun, dalah srayane kabèh, apadene Swalaputra, têtela yèn ora kuwat lumawan."

--- 230 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sakawan dasa sanga, perangan Indraloka Gamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 50. SAMBÊTIPUN INDRALOKA GAMANA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Sasampunipun para Pandhawa ingkang linangkung punika kalampahan kendhang dhatêng ing wana, pangrêsahipun Prabu Drêtarastra sadaya wau gèk migunani punapa? Kadospundi dene sang prabu anjurungi kemawon dhatêng putranipun ingkang candhala budi. Sang Duryudana anggènipun tansah adamêl sakiting panggalihipun para Pandhuputra ingkang pinunjul kasêktènipun punika? Dhuh, paman rêsi, ing mangke mugi kaparênga nyariyosakên, punapa dhaharipun para Pandhawa, salêbêtipun wontên ing wana wau, ingkang kadhahar punapa pamêdaling wana, punapa pamêdaling têtanèn?"

Aturipun Brahmana Waisampayana: "Para bêbanthènging têdhak Bharata, tansah angupados pamêdaling wana, tuwin ambujêng kidang, sarana jêmparing ingkang mbotên mawa wisa. Angsal-angsalanipun lajêng kapisungsungakên para brahmana, dene ingkang kadhahar piyambak, amung tirahanipun kemawon awit nalika para ksatriya agêng-agêng punika dêdunung ing wana, tansah dipun rêksa dening para brahmana kalih golongan. Sagolongan brahmana ingkang panêmbahipun sarana latu, sagolongan malih mbotên mawi latu; kajawi punika wontên malih para snataka brahmana sadasa èwu, ingkang sami lêbda dhatêng kawruh panunggal, sadaya

--- 231 ---

wau dhaharipun ingkang angwontênakên Prabu Yudhisthira. Sabên anggènipun mbabêdhag angsal ruru (bangsaning kidang) tuwin kidang cêmêng, sarta sato alit-alit sanèsipun isèn-isèning wana, kataman jêmparingipun para Pandhuputra, sadaya lajêng kaaturakên para brahmana wau. Sadaya ingkang sami andhèrèk Prabu Yudhisthira, mbotên wontên ingkang katingal pucêt lambenipun tuwin sakit badanipun, mbotên wontên ingkang lêsu tuwin lungkrah, punapadene sumêlang sarta sêdhih manahipun. Prabu Yudhisthira, ingkang ambêg utami, pangrêngkuhipun dhatêng para ari kadosdene dhatêng putra, manawi dhatêng kulawarga kados dhatêng kadang nunggil sayayah rêna. Dèwi Drupadi anggènipun ngladosi dhaharipun para garwa tuwin para brahmana, kados lêkasing biyung. Manawi sadaya sampun sami rampung anggènipun dhahar, sang dèwi sawêg dhahar. Sang prabu manawi ambêbêdhag mangetan, Bhimasena mangidul, sang kêmbar ngilèn tuwin mangalèr, makatên anggènipun mbêbêdhag kidang kangge dhaharipun sabên dintên, salêbêtipun wontên wana Kamyaka ngantos gangsal warsa, kalihan nawung prihatos, awit katilar dening Sang Arjuna. Salêbêtipun gangsal taun wau, para Pandhawa sami sambèn sinau lampah pratitising panêmbah tuwin sêsaji.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt, perangan Indraloka Gamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 51. SAMBÊTIPUN INDRALOKA GAMANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Drêtarastra, narendraning bangsa Kuru,

--- 232 ---

putranipun Dèwi Ambika, rikala midhangêt cariyos lêlampahanipun para Pandhuputra, ingkang têtela punjul samining dumados punika, sakalangkung prihatos, mila lajêng ngandika dhatêng Sanjaya, kalayan tansah ngunjal napas, labêt saking risaking panggalih pangandikanipun makatên: "Hèh, Sanjaya, rina ing pantaraning wêngi, sanadyan sakêdhèping netra bae, ingsun ora kasinungan rasa têntrêm, kagawa saka tansah kèlingan marang kalèrune tindake para putraningsun, ing nalika padha ngabotohan dhadhu, apamanèh ngrasakake kaprawiran, kasabaran, kalêpasan, kaluwihan sarta sih-sinisihane para sutane Pandhu, dene kongsi luwih saka murwat Si Nakula lan Sahadewa, kang têtela titising dewa, sarta kasêktène tan prabeda lan dewa, iku padha ora bisa kinalahake ing paprangan. Sakarone mau padha linuwih kaprigêlane sikêp gêgaman, yèn anglêpasake gêgaman prang adohe tibane kongsi ngêliwati, padha kêndêl-kêndêl, yèn nêpsu ora kêna diêndhakake, sarta trangginas ing gawe. Yèn Si Nakula lan Sahadewa kang ambêg singa, sarta ora kêna linawan prang, kaya Bathara Aswin, iku yèn mêngsah ing ayuda, mangka dibantoni Arjuna lan Bhima, wadyabalaningsun têmtu padha tumpês tapis. Ksatriya titising dewa, kang tanpa timbang mau, samêngko atine bangêt ngigit-igit, amarga ora lali marang lêlakone Drupadi nalika disawiyah, têmtu ora bakal ngapura mungsuhe. Mangkono manèh prajuriting bangsa Wrêshni, kang kinawasa, sarta prajurit Pancala, kang sakti, apadene para sutane Prita, kang dipandhegani dening Wasudewaputra, kang kawantêrane tanpa timbang ing tribawana, têtela nêdya ngrusak wadyabalaningsun.

--- 233 ---