Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 10.

7 Oktobêr 1959.

Hèh Sanjaya, sanadyan wadyabalane kabèh nglumpuk dadi siji, durung bisa satimbang lan kasantosaning bangsa Wrêshni, kang disenapatèni dening Balarama lan Krishna. Ing antarane para prajurit kang anggêgirisi mau ana manèh: yaiku Bhima, kang sikêp gada wêsi iku iya pangrusaking satru. Ing gêgana bakal kaprungu swara anggêgirisi, kaya swaraning galudhug kang binarung ing kilat thathit, nalika mangsa rêndhêng, yaiku kumandhange swarane lumawating gadane Bhima, sarta gumêroting langkap si gandhiwa, kang têtela para raja wawêngkon ingsun ora ana kang kuwat lumawan. Hèh Sanjaya, amarga mung anjurungi karêpe Duryudana, ing têmbe ingsun bakal nandhang piduwunging ati, yèn angèlingi rêmbuge para mitra kang padha ingsun singkirake kang pantês tinurut, nalika samana.

Aturipun Sanjaya: "Dumunung lêpatipun sinuwun, dene pancènipun sagêd, nanging sinuwun mbotên kaparêng mambêngi karsanipun putra paduka, anggènipun nindaki pandamêl, kados ingkang sampun kalampahan punika, amung tansah kawratan ing sih paduka dhumatêng para putra paduka. Kawuningana, sang pangrurah madu, prajurit ingkang mbotên nate surut prabawanipun, punika dupi mirêng Pandhawa kendhang dhatêng ing wana, amargi kawon anggènipun dhadhu enggal martuwi dhatêng wana Kamyaka, anglêlipur prihatosipun para Pandhawa. Punapadene putranipun Dèwi Drupadi (Pancawala) kairit Sang Drêsthadyumna, sarta Prabu Wiratha, Drêsthakètu, lan Kekaya ugi sami martuwi. Pangandikanipun para

--- 234 ---

pêpêthinganing ksatriya wau dhatêng para Pandhawa, punika dipun mirêngakên dening têlik kawula, kados ingkang sampun kawula unjukakên ing panjênênganipun sinuwun. Rikala pangrurahing asura madu, pêpanggihan kalayan para Pandhawa, Prabu Yudhisthira darbe panyuwun, kaparênga ngawuningani Sang Wasudewaputra angusiri ratanipun Sang Palguna wontên paprangan têmbe. Wangsulanipun Sang Hyang Hari kaparêng. Kawuningana sinuwun, nalika Sri Krishna ngawuningani para putranipun Dèwi Prita, mangangge kuliting sato, sangêt dening murina, pangandikanipun dhatêng Sang Prabu Yudhisthira makatên: "Nugrahane para Pandhawa, kang tinêmu anèng Indraprastha, iku nugraha kang ora kêna ginayuh dening para ratu liyane. Ingsun mêruhi dhewe, yaiku kang padha têka nalika sêsaji Rajasuya, ingsun wuninga pira-pira para raja, kaya ta: Wangga, Angga, Pondra, Hondra, Cola, Drawida, Andaka, sarta ratuning pulo-pulo, lan kutha-kutha ing pasisir, apadene kutha-kutha kang têpung watês, uga ratu Singgêla lan Mleca, kang durung sumurup ing unggah-ungguh, sarta ing Langka, samono uga raja-raja ing bang kulon, kongsi maatus-atus. Kajaba iku ratu ing Pahlawa, lan Darada, sarta pira-pira bangsa Kerata, Yawana, Cakra, Herahuna, Sina, Turaga, Sêndawa, Yagudha, Ramata, Mundha, lan wong-wongane ing karajan wadon, lan Kanggana, Kekaya, Malawa, lan wong ing Kasmira. Kagawa wêdi marang pangwasanira dadi padha têka anêtêpi kayu ulêmira, sarta nambut karya rupa-rupa, nanging kamulyan mau ora widada, samêngko tumiba ing mungsuhira. Dhuh, ratu têdhak Kuru, kalayan pambiyantune Sang Balarama, Bhima, Arjuna, Kêmbar, Hakrara, Gada, Samwa, Pradyumna, lan Ahuka, apadene

--- 235 ---

Drêstadyumna, kang sinakti lan Sisupalaputra, anggon ingsun nêdya angrusak sajroning sadina marang Duryudana, Karna, Dusasana lan Suwalaputra, sarta liya-liyane kang wani mapagake tandang ingsun. Hèh, Bharata, sira bakal jumênêng nata manèh anèng Hastinapura lan para kadangira, sarana ngrêbut kamulyane Prabu Drêtarastra, wasana sira angratoni jagad tanpa tandhing." Sasampunipun midhangêt pangandikanipun Sri Krishna, ingkang kawêdhar wontên ing ngajêngipun para prawira sarta kamirêngan dening para ksatriya ingkang dipun tindhihi Drêtadyumna ing ngriku Prabu Yudhisthira lajêng matur: "Dhuh, Danardana, pangandika paduka punika kula pêpêtri wontên ing têlênging batos kula, dhuh, kang kinawasa, punapa saèstu paduka kaparêng ngrisak sadaya mêngsah kula dalah sarayanipun, manawi sampun dumugi wêwangên anggèn kula kasingkirakên salêbêtipun tiga wêlas taun. Lah, Kesawa, punapa paduka kagungan panggalih makatên wau, dipun sêksènana, kula badhe nglajêngakên manggèn wontên salêbêting wana kados kawontênan kula samangke, ngantos satêlasing wêwangên ingkang sampun kula sanggêmi?" Kawuningana, paramparanipun Sri Krishna, sangêt nayogyani dhatêng pangandikanipun Prabu Yudhisthira kang ambêg têmên, mila lajêng ngrêrapu dhatêng dukanipun Sang Kesawa, têmbungipun arum sarta manuhara, saha lajêng mulang dhatêng Dèwi Drupadi, ingkang sukci ambêgipun, wontên ngarsanipun Sang Wasudewaputra, ucapipun makatên: "Dhuh, sang ayu, awit saking pangigit-igiting panggalih andika, Duryudana badhe kalampahan kapupu ing jurit, makatên pamanah kula, mila sampun singkêl ing galih. Dhuh, Dèwi Krêshna, tiyang sampun damêl kawirangan [kawi...]

--- 236 ---

[...rangan] jêngandika, têmtu badhe ngundhuh wohing pandamêl, dagingipun badhe dipun mangsa ing sato galak, tuwin ususipun kaodhol-odhol ing pêksi, badhe dados pangewan-ewan, rahipun badhe kinokop ing sêgawon ajag sarta pêksi garudha. Dhuh, putrinipun Narendra Pancala, jêngandika badhe nguningani kuwandanipun tiyang, ingkang sami asor ing budi, ingkang sampun anjambak rikma jêngandika, piyambakipun badhe gumuling ing siti dipun larak-larak saha dipun mangsa ing sato, sadaya ingkang sampun damêl tatuning panggalih jêngandika, sarta ingkang nyênyamah bathangipun badhe gumlèthèk ing siti, kantun gêmbung tanpa sirah, rahipun kasêsêp ing bumi.

Dhuh, sinuwun, têtêmbungan makatên wau tuwin sanès-sanèsipun malih, ingkang dados kêmbang lambenipun para darah Bharata, mangka sadaya wau sami kasinungan kadigdayan saha kalangkungan warni-warni, sudira wontên ing paprangan. Dados sasampunipun kalampahan tiga wêlas warsa, inggih punika têlasing wêwangên, para prajurit linangkung wau, ingkang dipun pilih Sang Yudhisthira, sarta dipun tindhihi piyambak dening Sang Wasudewaputra, ajêngipun dhatêng paprangan, Sang Rama (Baladewa) sarta Sri Krishna, Sang Dananjaya tuwin Pradyumna, Bhima, saha putranipun Dèwi Madri, lan para pêpilihanipun para Kekaya, sarta para golongan Pancala, dipun ayomi ing para Matawa, sadaya wau sami misuwur, lan mbotên gampil dipun kawonakên ing paprangan, dalah para wadyabalanipun, mangka sadaya wau badhe sami andhatêngi. Sintên tiyangipun ingkang taksih kapengin gêsang, kadugi mapagakên paprangan para ksatriya ingkang pamukipun kadi sardula mangsa daging.

--- 237 ---

Pangandikanipun Prabu Drêtarastra: "Nalika pasamuan dhadhu Widura tutur marang ingsun mangkene: Manawi kakang prabu badhe ngawonakên Pandhawa sarana dhadhu, sampun saèstu badhe ngawontênakên banjir rah, ingkang wêkasanipun bangsa Kuru. Hèh, Sanjaya, ature Widura iku saka panêmuningsun ayak bakal kayêktèn. Duk samana Widura matur, manawa ora watara suwe saka êntèke wêwangên, kendhanging Pandhawa, ora kêna ora têmtu banjur ana prang rêrêmpon."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt satunggal, perangan Indraloka Gamana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 52. NALOPA KYANA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Nalika Sang Parta, ingkang luhur ing budi, sowan dhatêng kahyanganipun Sang Hyang Indra, wigatos nyuwun dêdamêl, kadospundi kawontênanipun Prabu Yudhisthira tuwin para Pandhuputra sanès-sanèsipun?"

Atur wangsulanipun Bagawan Waisampayana: Rikala Sang Parta sowan Sang Hyang Indra, wigatos nyuwun dêdamêl, punika Sang Yudhisthira ingkang luhur ing budi, taksih lêstantun wontên wana Kamyaka. Kawuningana sinuwun, nuju satunggaling dintên Prabu Yudhisthira lênggah wontên panggenan rêsik sarta sêpi, kaadhêp Dèwi Krêshna, ing ngriku sang prabu ngandika dhatêng Dèwi Drupadi kalayan waspanipun daleweran, suwantênipun pêgat-pêgat, awit saking sangêting rudatos dene pisah kalihan Sang Arjuna, dados

--- 238 ---

linggaripun Sang Arjuna punika damêl prihatosipun para Pandhawa. Sang Bhimasena saking putêking panggalih dene pisah kalayan Sang Arjuna, sarta sirnaning karatonipun, mila lajêng matur dhatêng ingkang raka makatên: "Kakang prabu, iku Arjuna bêbanthènging têdhak Bharata, kang dadi pangayomane para Pandhawa, yèn kongsi nêmahi pati, anjalari patine Pancali, aku wong Pandhawa sanak-anake kabèh, apadene Satyaki lan kakang Wasudewaputra kaya apa mungguh sêdhihe. Arjuna saiki lunga, awit anglakoni ayahane kakang prabu, tumrape wong Pandhawa, apa ana kasangsaran gêdhe kaya sapisan iki, dene Wibatsu kang utama ambêge lunga kanthi rêkasane ati, awit ngèlingi pira kasangsaran kang lagi padha tinêmah, ing mangka kang awit saka ngêndêlake kaluwihane Arjuna, kongsi darbe panganggêp yèn mungsuhku wus padha kapupu ana paprangan, sarta jagad kaya wus karêgêm ana tanganku, awit saka ngèlingi Si Arjuna, aku wurung ora sida matèni anak-anake uwa Prabu Drêtarastra lan Suwalaputra, ana ing pasamuan dhadhu. Aku wong Pandhawa darbe kakuwatan, krana dibiyantu kakang Wasudewaputra, nanging kapêksa mênggak kanêpson kang tuwuh anèng atine, amarga kabèh mau ngèlingi, dene tuke kasangsaran iki saka klèrune kakang prabu, mangka satêmêne, yèn sarana pitulungane kakang Prabu Krishna, aku kaduga ngrusak barising mungsuh kang ditindhihi Karna, sarta bisa mangrèh jagad, sarana kagitik ing prang. Wong Pandhawa padha kasinungan watake wong lanang, samêngko padha kasangaya,kasangsaya jalaran saka weyane kakang prabu, dene karêm ngabotohan. Nanging anak-anake uwa Prabu Drêtarastra, kang candhala budi kang mundhak-mundhak pangwasane [pangwa...]

--- 239 ---

[...sane,] awit tansah tampa bulubêktine para raja kang dadi rèh-rèhane. Dhuh, kakang prabu, mbok karsa ngèlingi kuwajibane ksatriya, urip ana alam kaya ngene iki dudu kuwajibane kakang prabu. Miturut panêmune para wicaksana, kuwajibane ksatriya kang prêlu dhewe iku marentah. Dhuh, sadulurku tuwa, têmtune kakang prabu ora kasamaran marang kautamane ksatriya, mulane mbok kakang prabu aja sumimpang saka kautaman lan kuwajiban, sanadyan durung têkan wêwangênane, bêcik ngundhang Arjuna lan kakang Danardana, sawuse padha têka, banjur padha mêtu saka ngalas nglurug marang Hastinapura matèni anak-anake uwa Prabu Drêtarastra. Dhuh, kakang prabu, nadyan kakang Duryudana diiring wadyabalane, aku sanggup nguntapake angkate marang kadhatone Bathara Yama, ana ing paprangan, mung karo tangan. Aku kaduga matèni para Drêtarastraputra, Suwala lan Karna, lan liya-liyane, kang niyat mêthukake krodhaku. Manawa aku wus kalakon nglêbur mungsuhku kabèh, kakang prabu yèn arêp bali marang alas manèh têmtu aku ora amalangi. Kakang prabu ora dosa nglakoni mangkono mau. Dhuh, ratu kinawasa, ugêr kakang prabu gêlêm ngambah kaluputan mau, sarana sêsaji, wong Pandhawa iya bisa ngunggahi kamulyaning swarga kang dhuwur. Kalakone mangkono mau, manawa kakang prabu gêlêm ninggal kabodhoan sarta ora tansah sêmaya bae. Bênêr kakang prabu pancèn utama, nanging kanakalan iku iya kudu diwalês kanakalan, wong kang malês nêrak marang wong kang wus gawe kanakalan iku ora dosa. Dhuh, darah Bharata, miturut ujare wong kang putus marang kasusilan, sadina sawêngi iku kêna dipadhakake lan sataun

--- 240 ---

muput. Kakang prabu, aku kêrêp krungu unèn-unèn ing Wedha, kang nêtêpake yèn sataun iku kêna dipadhakake sadina ingatase wong kang nglakoni sêsanggêman kang abot. Dhuh, kakang prabu, sarèhning kang diênut lan ditêpa-têpa kakang prabu iku Wedha, mulane manawa sadina utawa luwih sawatara iku bêcik banjur anggêpên têlulas taun. Dhuh, narendra têdhak Bharata samêngko iki wus têkan mangsane ngrusak kakang Duryudana, ah, kakang prabu, iya iki kukupane anggonmu dhêmên ngabotohan, anggone kakang prabu sêmanggêm arêp andhêlik kongsi sataun suwene, iku prasasat lumaku ing èrèng-èrènging jurang kasangsaran. Aku ora bisa milih êndi kutha kang kudu dianggo sêsingidan, bisane ora kawruhan têlike kakang Duryudana kang asor ing budi, mangka manawa anggone padha sêsingidan iku konangan, iya banjur dibuwang manèh utawa manawa saêntèke wêwangên, sêtaun anggonku padha sêsingidan iku ora kawruhan, ora wurung sarana pangrênah manèh, awit banjur ditantang dhadhu manèh, kakang prabu iya gêlêm, sarta kalah kongsi êntèk-êntekan kaya kang wis, sabab kakang prabu pancèn kalah pintêr karo Suwala, mula sabên maju nuli gugup tanpa nalar, dadi kakang prabu, iya banjur kudu urip anèng ngalas manèh. Dhuh kakang prabu, yèn pancèn kakang prabu, yèn pancèn kakang prabu ora nêmaha gawe karusakanku kabèh, mbok iya anêtêpi pêpacake Wedha, kang mratelakake manawa kanakalan kudu kawalês kanakalan. Janji kakang prabu awèh palilah bae, aku têmtu banjur mangkat nglurug marang Hastina, mrawasa Duryudana, kaya gêni tumiba ing tumpukan sukêt garing,

--- 241 ---

têmtu bisa ngobong saêntèke sukêt mau, mula muga kakang prabu banjur paringa palilah angkatku.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dupi Sang Prabu Yudhisthira kang ambêg sadu, miyarsa aturipun kang rayi makatên wau, enggal ngrangkul lungayanipun ingkang rayi, sarta ngaras sirahipun sarwi angarih-arih, pangandikanipun makatên: "Dhuh, yayi kang prawira ing ayuda, ing besuk manawa wus êntèk wêwangên kang padha disanggêmi, sira têmtu bisa nyirnakake kakang Duryudana, kanthi pitulungane Arjuna, nanging yayi, ingsun ora wani nglakoni panggawe kang ora bênêr kaya tuturmu, yèn ing dina iki wis têkan wêwangane mau. Hèh, Bhima, kadange pun kakang dhewe, sanadyan ora kapamèrake, sira têmtu bisa nyirnakake kakang Duryudana sawadyabalane kabèh."

Sadangunipun sang prabu imbal wacana kalayan ingkang rayi, kasaru dhatêngipun Maharsi Brigadhaswa, kang sampun cêlak kalayan palênggahanipun, pramila sang prabu lajêng angurmati kados limrahipun kadhatêngan ing maharsi, sarta ngaturakên sêgah maduwarna (ingkang dipun damêl madu, martega, gêndhis sarta pohan, kawadhahan ing cêmung alit). Sasampunipun sakeca lênggahipun, sang prabu lajêng matur dhatêng maharsi, sarwi ngasih-asih, makatên aturipun: "Dhuh, bagawan, kula sampun kecalan kamulyan tuwin kaprabon, awit kawon anggèn kula dhadhu, mêngsah tiyang ingkang julig ing dhadhu; kula lakar sanès tiyang ingkang sagêd kasukan dhadhu, sarta mbotên nate nglampahi kaculikan, mila saèstu gampil sangêt dipun kawonakên dening mêngsah ingkang kadugi lampah culika, langkung malih dupi kula sampun kawon, mêngsah

--- 242 ---

kula lajêng ambêkta semah kula ingkang sangêt kula aji-aji, dhatêng antawisipun pambujanan, sarta sarêng kula kawon malih, kula lajêng dipun tundhung dhatêng wana agêng punika, sarwi ngangge cucaling kidang. Mila ing wêkdal punika kula kapêksa gêsang wontên ing wana, kalihan nandhang sangsara tuwin risaking manah. Kula tansah kèngêtan dhatêng sugal saha landhêping ucapipun mêngsah, ing nalika wontên pambujanan wau, punapadene wicantênipun para mitra ingkang sami mrihatosakên kasangsaran kula. O, bagawan, sabên kula kèngêtan dhatêng lêlampahan ingkang sampun kadhêngkêr, kula lajêng mbotên sagêd tilêm, langkung malih samangke kapisah kalihan Arjuna, inggih punika kadang kula ingkang minangka pangayomanipun para Pandhawa, mila sampun sami kemawon kalihan katilar ing gêsangipun, gèk benjing punapa sagêd andulu wangsulipun kalihan ambêkta dêdamêl, kadang kula pun Wibatsu, ingkang luhur ing budi, ingkang arum wicaranipun sarta angrêsêpakên manah punika? Bagawan, punapa ing marcapada wontên ratu ingkang apêsing pêpêsthènipun langkung saking lêlampahan kula, punapa ing nguni-uni sampun wontên lêlampahan ingkang makatên sangsaranipun pangintên kula dèrèng nate kalampahan wontên tiyang ingkang cilaka ngungkuli kawontênan kula.

Wangsulanipun Sang Bagawan Bhrigadhaswa, makatên: "Dhuh, sang prabu, jêngandika ngandika, manawi mbotên wontên tiyang ingkang sangsaranipun ngungkuli anak prabu. Dhuh, kang tan kalepetan ing dosa, manawi sang prabu kaparêng midhangêtakên, kula badhe ngaturakên cariyos lêlampahanipun satunggaling ratu, ingkang sangsaranipun langkung saking sang prabu."

--- 243 ---

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Ing nalika wau Prabu Yudhisthira lajêng matur dhatêng sang maharsi makatên: "Dhuh sang tapa, mugi paduka kaparênga ngandikakakên lêlampahanipun ratu ingkang sakalangkung mêmêlas wau, awit kula kapengin sangêt mirêngakên cariyos lêlampahanipun."

Wangsulanipun Maharsi Bhragadhaswa: "Dhuh, sinuwun, suwawi dipun midhangêtna, kalayan para ari sadaya, kula badhe lajêng nyariyosakên lêlampahanipun ratu, ingkang sangsaranipun langkung saking sinuwun. Wiyosipun, ing nguni wontên narendraning bangsa Nisadha, jêjuluk Sang Prabu Wirasena. Sang prabu pêputra ingkang utami pambêganipun saha sakalangkung mulya, sêsilihipun Prabu Nala, kawon kasukan kalayan Prabu Puskara, sarana lampah cidra, wasana nandhang karisakan, dêdunung wontên ing wana kalayan garwanipun, tanpa wadya sarta mbotên kagungan rata, kadang tuwin mitra mbotên wontên ingkang andhèrèkakên, aluwung sang prabu tansah kadhèrèkakên para kadang ingkang kaprawiranipun kadi dewa, sarta anggung inguyun-uyun para brahmana, datan pae kalayan Sang Hyang Brahma. Punapa ingkang makatên punapa prayogi manawi dipun prihatosakên?"

Aturipun Sang Prabu Yudhsithira: "Dhuh, sang hawicarita, kula kapengin sangêt mirêng aluraning lêlampahanipun Prabu Nala, mila manawi sang maharsi panuju ing galih, kaparênga nyariyosakên sadaya."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt kalih, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

--- 244 ---

BAB 53. SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Pangandikanipun Maharsi Bhrigadhaswa: "Ing nguni wontên narendra jêjuluk Prabu Nala, putranipun Prabu Wirasena, panjênênganipun wau gagah prakosa, sarta sulistya ing warna, wasis wahana turangga, linangkung kasêktènipun, dados manggalaning para ratu, datan pae kalihan ratuning dewa. Amargi Prabu Nala sarwa linangkung, mila prabawanipun sampun prasasat srêngenge. Panjênênganipun wau ngratoni bangsa Nisadha, mbotên kêndhat pangrêksanipun dhatêng para brahmana, putus dhatêng Wedha, mbotên kewran dhatêng gêlaring paprangan, sêtya tuhu ing wacana. Nanging sêngsêm kasukan dhadhu tuwin dados têtindhihing wadya sa-akso-hini (sa-aksohini punika cacahipun 4: prajurit dharat = 109.350, prajurit turangga = 65.610, prajurit rata = 21.870, prajurit dirada = 21.870) punapadene sang prabu kinèdhêpan ing tiyang jalêr èstri, luhur jiwanipun, saha sagêd angunjara angkara murkanipun, minangka pangayomanipun para ina papa, têtungguling prajurit sikêp langkap (jêmparing), kalangkunganipun prasasat Bathara Manu. Ing jamanipun Prabu Nala, wontên narendraning bangsa Widarba, jêjuluk Prabu Bhima, linangkung kaprawiranipun, kêndêl nanging sih dhatêng kawulanipun, sarta ambêg utami, amung kuciwanipun dene sang prabu mbotên kagungan putra, mila mbotên sampun-sampun pambujananipun sêgêda apêputra.

Kacariyos wontên brahma rêsi wasta Bagawan Damana, manggihi sang prabu. Dhuh, sinuwun, Sang Prabu Bhima ingkang

---245 ---

sarwa susila wau, saking sangêt kapengin apêputra, mila sangêt nyuba-nyuba dhatêng sang rêsi, makatên ugi pramèswari nata dahat amundhi-mundhi. Sang bagawan karênan ing galih, dene sang prabu punapadene sang pramèswari, makatên wau, anggènipun nampèni, mila lajêng paring nugraha, warni pramèswarinipun sang prabu apêputra sêkawan, putri satunggal ingkang priya tiga, sami luhur ing budi sarta misuwur kautamènipun. Ingkang pambajêng putri sinung nama Dèwi Damayanti, ingkang priya nama Danta Damana, tuwin Babta. Rajaputra tiga pisan wau ambêgipun sukci, linangkung kaprawiranipun. Dèwi DamanyantiDamayanti sakalangkung endah ing warni, cahyanipun sumorot kadi sasangka, mila dados kêmbang kidungipun manusa tuwin para dewa. Wontên ing kadhatonipun ingkang rama, sang dèwi sangêt kaêla-êla, cèthi parêkan êmban tuwin inya ingkang ngladosi sang rêtnaning pura, ngantos maatus-atus sarta abdi tumbasan èstri, pintên-pintên sami dipun panganggèni sarwa endah. Kamulyanipun Dèwi Damayanti ngantos kadi Dèwi Saci, garwanipun Bathara Indra. Sang dèwi ingkang tanpa kuciwa sinêmbuh ing busana adi, kaadhêp ing para kênya kadi soroting rêmbulan nêmpuh mega pêthak, jaiting netra sarta lêkêring pasuryanipun kadi Bathari Sri. Ing nguni-uni dèrèng wontên para widadari putrining yaksa, manusa tuwin punapa kemawon, ingkang endah ing suwarninipun, kadi Dyah Damayanti, sampun ingkang janma manusa nadyan para dewa sami lênglêng mulat kamanisanipun kusumaning pura Widarba. Punapadene Prabu Nala satribawana mbotên wontên tumimbang bagusing suwarninipun, prasasat Bathara Kanjarpa ngejawantah wontên ing marcapada. [marca...]

--- 246 ---

[...pada.] Misuwuring sulistyanipun sang dèwi sabên-sabên kapiyarsa wontên ing pamirêngipun sang prabu, makatên ugi kalangkunganipun Prabu Nala, tansah dados rêraosanipun para parêkan, sabên marêk Sang Dèwi Damayanti. Lamining alami sang dèwi punapadene Sang Prabu Nala sami nahên wuyung, awit saking karoban pawartos, nanging sami dèrèng wuninga ing warni, kasmaraning panggalihipun sang prabu saya dangu saya andarung. Wiwit nalika samantên Sang Prabu Nala, sabên-sabên tindak dhatêng patamanan sacêlaking kadhaton, karsanipun dadosa usadaning gandrung.

Nuju satunggaling dintên, sang prabu wontên ing patamanan priksa banyak êlar kancana, sêsaba wontên ing sacêlaking palênggahan, mila lajêng dipun parêki, nêdya kacêpêng, wêkasan wontên satunggal ingkang sagêd kacêpêng. Banyak wau sagêd tata janma, lajêng matur, ucapipun makatên: "Sinuwun, mugi kula sampun ngantos dipun pêjahi. Manawi sinuwun kaparêng ngêculakên malih, kula badhe damêl karênanipun sang prabu, dadosa panêbus, kula lajêng dhatêng praja Widarba, wigatos nêdya miluta dhatêng panggalihipun Sang Dèwi Damayanti, supados sampun ngantos darbe cipta dhatêng sanèsipun, kajawi dhatêng sang prabu."

Satêlasing aturipun, banyak sigra kauculakên, sanalika wau lajêng anggayuh gêgana, tumuju dhatêng Widarba, sakancanipun. Sadumugining praja Widarba banyak sadaya wau sami ambyuk ing ngarsanipun sang dèwi. Kacariyos nalika samantên sang dèwi pinuju lênggah kaadhêp ing para kênya cèthi parêkan, kados punapa bingahipun sang dèwi dupi wuninga banyak ingkang wujudipun anêngsêmakên, dhatêngipun

--- 247 ---

anjujuk palataraning kadhaton. Sanalika wau lajêng sami dipun bêbujêng, plajênging banyak ambyar pating salêbar, ewadene taksih dipun bêbujêng. Parêkan satunggal ambujêng satunggal, plajêngipun banyak ingkang kabujêng sang dèwi, pisah têbih saking panunggilanipun. Dupi sampun dumugi panggenan kapering, banyak lajêng matur tata jalma, aturipun: "Dhuh, dhuh, sêsêkaring kadhaton Widarba, ing Nisadha wontên narendra, jêjulukipun Prabu Nala, sulistyaning warninipun kadi Bathara Aswin, satribawana mbotên wontên ingkang nimbangi, wêwijanganing sarira prasasat Bathara Kandarpa angejawantah, dhuh sang ayu, kados punapa pantêsipun upami panjênênganipun gusti kula kalampahan dados sorinipun Prabu Nala, ing ngriku tiyang priksa ajining sulistyanipun warni paduka. Pintên kemawon para dewa, para gandarwa, para naga, raksasa, tuwin manusa ingkang sampun kula sumêrapi, ewadene satunggal kemawon mbotên wontên ingkang mirip kalayan Sang Prabu Nala. Makatên ugi paduka, satribawana mbotên wontên ingkang nimbangi. Dhauping abagus kalihan ayuning ayu, punika wujuding kabêgjan."

Wangsulanipun sang dèwi: "Hèh, manuk, yèn lêga ngucapa mangkono ana ngarsane Prabu Nala."

Aturipun banyak: "Nuwun inggih sandika." Sami sanalika wau banyak lajêng mabur nggayuh gêgana, wangsul dhatêng Nisadha, ngaturakên purwa madya wasananing lêlampahanipun dhatêng Prabu Nala.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt tiga, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

--- 248 ---

BAB 54. SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Maharsi Bhrihadaswa nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, sinuwun, sapêngkêring banyak, Dèwi Damayanti sirna jênjêming panggalihipun, amargi kasmaran dhatêng Prabu Nala, sakêdhap-sakêdhap ngrêsah tuwin sambat, guwayanipun alum, sarira ngalêntrih, amargi panggalihipun kadrawasan dening jêmparingipun dewaning sih. Sabên-sabên tumênga manginggil, sirna inggaring panggalih, mila wiwit nalika samantên sang dèwi mbotên karsa dhahar tuwin nendra, saha mbotên lêlangên kalihan para parêkanipun, siyang dalu amung tansah sambat sarwi nangis. Sakathahing êmban inya, cèthi parêkan, dupi priksa sang dèwi makatên kawontênanipun wau, enggal matur Sang Prabu Widarba. Rikala sang prabu midhangêt aturipun êmban inya, ing galih sampun karaos, manawi gêrahipun Dèwi Damayanti punika pancèn rêkaos, pangunandikanipun panggalih: "Apa mulane têka nini putri lara kang mangkono?"

Sanalika wau sang prabu èngêt manawi putrinipun sampun diwasa, sampun sayogi nambut silaning akrama, mila sang prabu lajêng namtokakên badhe damêl sayêmbara pilih. Para narendra salumahing bumi sakurêbing akasa, sami dipun kintuni nawala, suraosipun: "Dhuh, para narendra, kula ngaturi wuninga, manawi mbotên watawis dangu saking titimangsaning sêrat punika, putri kula pun Damayanti, kula angge sayêmbara pilih." Para raja ingkang sami tampi sêdhahanipun sang prabu, sami karsa mêrlokakên rawuh ing Widarba. Swara gumludhuging rata, pangêmprèting dipangga, tuwin bangingèhing

--- 249 ---

turangga yayah angorêgakên bantala. Rawuhipun para raja wau sami kairing wadyabala samêkta sagêgamaning prang, busananipun mawarna-warna, ambalêrêngi. Sang Prabu Bhima atur pambagya dhatêng ingkang sami rawuh, satataning narendra ingkang katamuan. Sasampunipun kaaturan argya lajêng sami kaaturan lêrêm pakuwonipun piyambak-piyambak.

Nyarêngi lêlampahan punika Maharsi Narada kalihan Rêsi Parwata, têtungguling dewarêsi, ingkang linangkung kawicaksananipun, lêlana ngidêri bawana, lajêng kampir ing kaindran. Sang Hyang Indra nampèni rawuhipun sang maharsi kalihan pangaji-aji. Sasampunipun ngancarani lênggah, lajêng nungsung pawartos karaharjanipun sang anêmbe prapta. Pangandikanipun Hyang Narada: "Dhuh, narendraning para dewa, kabèh padha raharja, pamujiku katêntrêman dumununga ing sira."

Maharsi Bhrihadaswa nglajêngakên cariyosipun: "Satêlasing pangandikanipun Maharsi Narada, Hyang Indra lajêng mratelakakên; para raja ing marcapada ingkang mbotên sêngsêm dhatêng gêsangipun, sarta ingkang lena, awit kataman dêdamêling mêngsah, saha amargi sampun dumugi pêpasthènipun, sagêd langgêng anggènipun dêdunung wontên ing kaswargan saha kasêmbadan sasêdyanipun, kados kawontênan kula, ing pundi wontên ksatriya ingkang makatên wau, kula awis sangêt, amanggihi ratu mirit kalihan para tamu kula."

Ing nalika midhangêt pratelanipun Hyang Indra makatên wau, Maharsi Narada lajêng ngandika: "Lah Magawat, apa sira kasamaran marang narendra kang mangkono mau. Ratu ing Widarba darbe putri misuwur pêparab Damayanti,

--- 250 ---

sulistyaning warna pinunjul ing jagad, kang ora watara suwe manèh Damayanti disayambarakake, mula akèh para narendra sing padha tumêka ing Widarba, awit kapengin ngrabi putrine Prabu Bhima."

Nalika Hyang Narada imbal wacana kalihan Hyang Indra, para Lokapala punapadene Hyang Agni, ugi sami mirêng pangandikanipun Hyang Narada makatên wau, sami sanalika lajêng sami matur: "Kula ugi sami badhe dhatêng Widarba, sarta lajêng sami minggah ing ratanipun, kadhèrèkakên wadyanipun piyambak-piyambak pangkat dhatêng kitha ingkang sami kadhatêngan ing para ratu. Punapadene Prabu Nala, sarêng tampi sêratipun Prabu Bhima, ingkang martosakên prakawis sayambaranipun, ugi lajêng pangkat nêdya ngêdêgi sayêmbara kalihan sênênging panggalih, awit ingkang kacipta mbotên sanès amung Dèwi Damayanti. Kacariyos dupi para jawata wuninga sulistyaning warninipun Prabu Nala, ingkang prasasat dewaning sih, ing batos mèri dhatêng kabagusanipun sang prabu. Para lokapala wau sigra mandhap saking titihanipun, karsanipun badhe manggihi Prabu Nala. Dupi sampun cêlak lajêng ngandika: "Hèh, narendra kang bêkti marang kasunyatan, yèn panuju ing galih ingsun minta pitulunganira."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt sêkawan, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 55. SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Maharsi Bhrihadaswa nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh sinuwun, Prabu Nala sagah badhe ngèstokakên dhawuhipun para,

--- 251 ---

dewa, mila nêmbah sarwi matur: "Pukulun punika sintên sinambating asma, kula badhe paduka utus dhatêng pundi, lajêng kadhawuhna kemawon, kadospundi ingkang kêdah kula lampahi?"- Wangsulanipun para dewa: "Wruhanira kaki prabu, ingsun iki para dewa, marmane prapta ing kene, wigati arêp ngêdêgi sayambarane Dèwi Damayanti. Sumurupa ingsun Indra, kiwaningsun iki Bathara Agni, kiwane manèh dewaning banyu, kang pungkasan iku Bathara Yama, dewaning pêpasthèn. Sarèhning sira wus sanggup, samêngko sira sun utus katêmu kalawan Damayanti, tutura manawa para dewa, pangayomaning jagad, yaiku Bathara Sakra, Bathara Agni, Bathara Waruna lan Bathara Yama, padha ngêdêgi sayambara, karana kêpengin anggarwa ing dhèwèke, mulane Damayanti purihên milih para dewa mau salah siji."

Nalika Prabu Nala mirêng timbalanipun para dewa makatên wau enggal nêmbah sarwi matur: "Dhuh, ratuning dewa, lampah kula punika ugi badhe ngêdêgi sayambaranipun Prabu Bhima, pramila sampun kula ingkang kautus pinanggih Damayanti, ingkang wigatosipun andhawuhakên makatên wau, awit tiyang ingkang sampun kablêbêt ing sih, punapa sagêd cariyos dhatêng pawèstri, ingkang dados dununging sihipun, ingkang wigatosipun makangsalakên tiyang sanès."

Pangandikanipun Hyang Indra: "Hèh, narendraning bangsa Nisadha, ing ngarêp sira wus sanggêm nêdya ngèstokake parentah ingsun. Pagene samêngko sira nêdya ngingkêti kasaguhanira, mara jarwaa, apa kang dadi pakewuhe lakunira mau?"

--- 252 ---

Maharsi Bhrihadaswa nglajêngakên cariyosipun: Dupi Prabu Nala midhangêt pangandikanipun Hyang Indra, ingkang kadi mêlèhakên cidraning kasagahanipun, sang prabu lajêng matur: "Panggènanipun Damayanti wontên salêbêting kadhaton, ingkang santosa pangrêksanipun, kadospundi sagêd kula lumêbêt?" Dhawuhipun Bathara Indra: Awit saka pangwasaningsun sira bisa lumêbu ing kaputrèn Widarba padunungane Damayanti." Prabu Nala matur sandika lajêng pangkat. Sadumuginipun kaputrèn Widarba, Prabu Nala priksa Dèwi Damayanti, lênggah kaadhêp ing para cèthi, êmban tuwin inya, endahing suwarninipun datanpa timbang, cahyanipun ngênguwung, dêdêgipun pidêksa, sariranipun gilig, netra lindri. Dupi sang prabu nguningani suwarninipun sang dèwi saya wimbuh kasmaran, nanging ardaning panggalih sangêt dipun sayuti, sang dèwi sakalangkung kagèt ningali priya bagus tanpa sama, lumêbêt ing kênyapuri, mila dèwi lajêng jumênêng saking palênggahan nanging lajêng anjêgêr mbotên sagêd ngandika, ing dalêm batos sangêt ngalêmbana dhatêng bagusing warninipun sang anêmbe prapta, pangudasmaraning panggalih: "Sapa baya ksatriya kang têka iki, dene baguse anglêliwati, apa dewa, apa yaksa utawa apa gandarwa." Panggalihipun sang dèwi sakalangkung kuwur, mila mbotên sagêd anambrama dhatêng tamunipun, tutuk kadi kinunci, ngantos sawatawis dangu, nanging ugi lajêng pinêksa matur sarwi mèsêm, ingkang ugi lajêng tinimbalan dening Prabu Nala, aturipun sang dèwi: "Dhuh, sang bagus, sintên sinambating asma, sarta punapa wigatosing karsa, dene rawuh ing ngriki, têmah anênangi kasmaraning manah. Dhuh, sang pindha jawata, sangêt ruda

--- 253 ---

manah kula ningali rawuh paduka punika, saha kadospundi sagêd paduka lumêbêt ing kadhaton, ingkang jinagi rêmpit dening para wadyabala, saha sakalangkung wantêr pêpacuhipun rama prabu."

Mirêng aturipun sang dèwi makatên wau, Prabu Nala lajêng mangsuli pangandika, makatên wau, Prabu Nala lajêng mangsuli pangandika, makatên: "Dhuh, sang rêtnaning ayu, wruhanira ingsun Prabu Nala praptaningsun ing kene, ngêmban timbalane para dewa, yaiku Bathara Sakra, Bathara Agni, Bathara Waruna, lan Bathara Yama, dhawuhe marang sira, manawa para dewa mau, padha kagungan karsa anggarwa sira, mula ing têmbe dina kêpyaking sayambara, muga sira miliha panjênêngane mau salah siji. Anadene kalakone ingsun bisa lumêbu ing kene ora kawruhan ing wong-wong kang padha jaga, iya saka pangwasane para dewa mau. Sawuse sira ngrungu tutur ingsun iki, nuli rasakna dhewe êndi kang dadi panujuning ati?"

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt gangsal, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 56. SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Bhrihadaswa nglajêngakên cariyosipun: SasampuniSasampunipun manêmbah para dewa, Dèwi Damayanti lajêng matur dhatêng Prabu Nala sêmu mèsêm, makatên aturipun: "Dhuh, narendraning bangsa Nisadha, mugi anglunturna sih dhatêng pun Damayanti, sarta kaparênga paring pitêdah kadospundi ingkang

--- 254 ---

kula lampahi. Sinuwun jasadipun Damayanti punapadene rajadarbèkipun, punika dados kagungan paduka. Dhuh, sinuwun, mugi dipun tampènana panyèthinipun Damayanti, kawuningana ucapipun banyak ing nguni punika adamêl rudahing manah saha awit saking onênging manah kula dhatêng paduka, mila kula lajêng angwontênakên sayambara pilih. Dhuh, têtungguling bangsa Nisadha, manawi paduka mitambuhi dhatêng kula, ingkang tansah kawilêd ing gandrung, kula prasêtya badhe nganyut tuwuh, punapa anggêbyur ing toya, ing latu utawi ngêndhat tali murda."

Nalika Prabu Nala midhangêt aturipun sang dèwi makatên wau, lajêng ngandika malih: "Para dewa uga padha angêdêgi sayambara, apa sira ora milih panjênêngane mau salah siji, awit para dewa iku kang murba misesa sagunging dumadi; yèn katandhingna lagi karo lêbuning sampeyane bae, manusa tangèh yèn timbanga. Wong kang gawe ora rênane para dewa, têmtu anêmahi antaka. Dhuh, kusumaning kadhaton Widarba, muga sira wêlasa marang jênêng ingsun miliha para dewa mau salah siji. Manawa sira nampani panglamare para dewa sakarsanira bakal ora kacuwan, sira bakal bisa nganggo raja kaputrèn kaswargan, lan akêkalung oncèn-oncèn kêmbang kaswargan. Apa ana wanita kang lênggana kagarwa ing Bathara Yama, ratuning dewa, kang gadane anggêgirisi, iya kang anjalari sakèhing dumadi, bisa ngambah dalan utama. Sapa wanodya kang lênggana yèn dikarsakake Bathara Indra, ratuning dewa, kang anggêtêrake para ditya lan para danawa, lan manawa sira niyat milih Bathara Waruna, ayak kaanane ora beda kalawan Hyang Indra."

--- 255 ---

Rikala Dèwi Damayanti mirêng pangarih-arihipun Prabu Nala makatên wau, wijiling waspanipun kadi dinèrès, awit saking sangêting rudatos, wasana lajêng matur dhatêng Prabu Nala, makatên: "Dhuh, sinuwun, kula mundhi-mundhi ing para jawata, nanging paduka dununging katrêsnan kula, mila paduka ingkang kula pilih punika mêdal saking sanyataning manah kula, sang prabu ingkang rawuhipun ing ngriki awit saking nglampahi ayahaning para dewa, lajêng ngandika dhatêng pun Damayanti, ingkang gumêtêr sariranipun saha astanipun sidhakêp, makatên pangandikanipun: "Manawa mangkono karsanira, ingsun iya sumarah, nanging wruhanira, sarèhning praptaningsun iki nglakoni ayahane para dewa, kapriye anggon ingsun minangkani kalakone karsanira mau? Upama anggon ingsun nuruti sênênging panggalih ingsun dhewe mau nuntun marang karaharjan, iya bakal ingsun lêksanani, apadene sira uga tumindak kang mangkono. Dèwi Damayanti matur sarwi pêgat-pêgat, awit sêsêgên dening sêruning panangisipun: "Dhuh, sang prabu, kula priksa pundi lêkas ingkang sagêd dados sarana paduka kalis saking saliring dosa, paduka ugi anjumênêngna sayêmbara kula, nunggila para dewa, ing ngriku paduka badhe kula pilih wontên ngarsanipun para dewa wau, dados paduka mbotên kalepetan ing dosa."

Satêlasing aturipun sang dèwi, Prabu Nala wangsul marêk ing ngarsanipun para dewa, ingkang cêcêngklungên anggènipun ngajêng-ajêng wangsulipun Prabu Nala, mila sarêng sang prabu katingal, enggal sami andangu kadospundi kawontênanipun, pangandikanipun: "Apa sira bisa kalakon

--- 256 ---

katêmu Damayanti kang sulistya ing warna, kapriye unine mara cangkriman."

Aturipun Prabu Nala: "Kula sampun lumêbêt ing panggènanipun Damayanti, ingkang rinêngga-rêngga sakalangkung adi, punapadene dipun jagi ing wadyabala sami sikêp dêdamêl, ananging saking pangwasa paduka, mbotên wontên tiyang ingkang sumêrap dhatêng kula, kajawi Damayanti piyambak, kalayan para parêkan tuwin êmban inyanipun. Kados punapa gawokipun tiyang, dupi priksa kula dhatêng. Nalika kula andhawuhakên karsa paduka, sêmunipun Damayanti katêtangi sihipun dhatêng kula, awit lajêng mangsuli atur: "Para dewa ugi kaparêng sami anjênêngi sayêmbara, ing ngriku kula badhe milih sang prabu wontên ing ngarsanipun para dewa wau. Sarana lampah makatên, mbotên badhe manggih kalêpatan." Makatên wau ucapipun Damayanti, ing mangke kula sumangga ing karsa paduka.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt nênêm, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Kacariyos dumugi wiwit ngancik ing wulan saha mangsa, ingkang sampun pinilih, para narendra ingkang sami karsa ngêdêgi sayambara, lajêng sami kaaturan lumêbêt ing suyasa wêwangunan asri, sakanipun kancana, ing ngèmpèr sinung palêngkung [palêng...]

--- 257 ---

[...kung] ingkang rinêngga-rêngga. Lêbêtipun para raja ing suyasa wêwangunan wau, sarwi nawung raos kapengin anggarwa Dèwi Damayanti. Inggaring panggalihipun para raja wau kadi sima lumêbêt ing wana parêdèn, sadaya sami angadi busana, sarta ngagêm anting-anting kancana, cinêplok sêsotya, sami lênggah ing palênggahanipun piyambak-piyambak. Suyasa dununging pamiwahan, saya mindhak asri dene kaèbêkan para raja, datan pae kalihan Bhogawati ingkang kaèbêkan naga utawi guwaning parêdèn ingkang kêbak singa. Para narendra, wau baunipun katingal sami santosa-santosa, kadi gada wêsi suwarninipun angrêsêpakên kadya naga ingkang sirah gangsal, rikmanipun kinlabang, grana mbangir, netra jait, wasana sumunar lir pendah lintang ing ngawang-awang. Dupi sampun samêkta sadaya, Dèwi Damayanti ingkang tansah kaajap-ajap sarta dados tujuning paningalipun para raja, lumêbêt ing pasamuan. Para raja anggènipun ningali Dèwi Damayanti ngantos sami andongong, kanthi sêruning pangajêng-ajêng dipun piliha sang ahayu, sadaya sami anjêgrêg kadi tugu sinukarta. Salêbêtipun para raja wau asmanipun dipun pratelakakên satunggal-satunggal, Dèwi Damayanti priksa wontên priya bagus gangsal ingkang warna, busana saha solah bawanipun sami. Ing ngriku sang dèwi sangêt kawêkèn ing galih, pundi ingkang Prabu Nala sayêktos, awit wontên paningalipun sang dèwi, gangsal pisan wau sami kêmbar warna kalihan Prabu Nala, pangudaraosing panggalih: "Êndi kang Prabu Nala? Êndi sang dèwa èngêt dhatêng pratandhaning dewa, kados pêjahipun para linangkung, pangunandikaning driya: "Panikan kang wus

--- 258 ---

dak rungu ing nguni, têka ora ana katon ing antarane para dewa kang ngejawantah iki. Maambal-ambalan anggènipun maspadakakên, ewadene mêksa mbotên kawistara, mila sang dèwi sangêt putêk, pêpuntoning panggalih amung badhe nyuwun sih pitulunganipun dewa, wasana sang dèwi nêmbah wontên ngarsanipun priya gangsal wau, kalayan susilaning patrap, sarta panalangsaning batos, matur sarwi gumêtêr: "Dhuh, para dewa sasêmbahanipun sagunging dumados, mugi dipun piyarsakna ucapipun Damayanti: Wiyosipun pukulun, wiwit kula mirêng cariyosipun banyak, kêkêncênganing manah sampun têtêp Prabu Nala ingkang kula pilih, minangka guru laki kula, mila mugi wontêna sih parimarmanipun para dewa, ngatingalakên pundi Prabu Nala sajati? Raosing manah, punapa ucap kula, mbotên badhe santun paningal malih, kajawi Prabu Nala. Suwawi Prabu Nala dipun katingalna sawantahipun, awit para dewa sampun nêtêpakên pêpasthèn kula dados garwanipun Prabu Nala. Dhuh, para dewa, kula sampun sanggêm badhe nyungkêmi padanipun Prabu Nala, mila mugi wontêna lumunturing sih ngatingalakên Prabu Nala dhatêng kula. Dhuh, panutaning jagad, wontêna karsa paduka wangsul suwarni paduka jawata, murih kula priksa dhatêng Prabu Nala."

Dupi para dewa midhangêt aturipun Dèwi Damayanti ingkang sakalangkung mêlasasih saha santosa sêdyanipun tuwin gênging katrêsnanipun dhatêng Prabu Nala saha sukcining panggalihipun, punapadene sih tuwin bêktinipun dhatêng Prabu Nala, para dewa lajêng mituruti panyuwunipun sang dèwi, ngatingalakên sajatosing kadewatanipun kados ta: sariranipun mbotên nate têlês dening riwe, paningal, mbotên nate

--- 259 ---

kêdhèp, jamangipun ingkang saking oncèn-oncèn sêkar mbotên nate alum, mbotên nate katempelan balêdug, sarta mbotên anapak siti. Ing rikala wau Prabu Nala lajêng katingal wontên ayang-ayanganipun, oncèn-oncèn sêkar jamangipun katingal katempelan balêdug, padha anapak siti, paningalipun kêdhèp. Rikala sang dèwi sampun pramana pamawasipun, pundi dewa, pundi Prabu Nala, katitik saking panêngêran sadaya wau, sang dèwi enggal milih Prabu Nala, anêtêpi saèsthining panggalih. Sang dèwi kang angilat thathit liring paningalipun, ing sêmu kawistara manawi sakalangkung suka, sigra nyandhak nyampingipun Prabu Nala, sarta ngalungakên oncèn-oncèn sêkar ing lungayanipun sang prabu. Sarêng sampun têtela manawi Prabu Nala, ingkang kapilih dening sang dèwi, sadaya para ratu, ingkang sami anjênêngi pamiwahaning sayêmbara, lajêng surak sami mangayubagya.

Dhuh, sinuwun, sanalika wau para dewa, saha para maharêsi ugi sami mangayubagya, kanthi sukaning panggalih: rahayu, rahayu, makatên sêsantinipun dhatêng sang winisudhèng sih. Dhuh, sinuwun, Prabu Nala sakalangkung suka amarwata suta, lajêng ngandika dhatêng sang dèwi: "Sarèhning sira wus milih jatukrama manusa, kang kaya ingsun, anèng ngayunaning para dewa lan pasamuaning para raja, samêngko ingsun nêdya mituruti sapamintanira. Dhuh, sang ayu, ingsun prasêtya, manawa ingsun isih sugêng bae, ingsun ora nêdya pisah lan sira." Makatên ugi Dèwi Damayanti inggih prasêtya makatên wau sarwi nêmbah. Risang pinangantèn ingkang sami kalêgan panggalihipun, sami nyuwun pangayomanipun para dewa sarana sêmuning netya. Para dewa sami suka pirêna

--- 260 ---

ing galih, lajêng paring nugraha awarni wolu. Bathara Sakra ingkang anggarwa Dèwi Saci, paring nugraha dhatêng Prabu Nala, sagêd nyumêrapi dhatêng wujuding kadewatanipun, sabên sang prabu damêl sêsaji, sarta ing têmbe sang prabu badhe sagêd anginggahi ing alam katêntrêman. Bathara Hutashana, sagah badhe ngayomi, manawi Prabu Nala ngèsthi ing panjênênganipun ing sawanci-wanci, saha paring padunungan ingkang sampun dipun dunungi pribadi. Bathara Yama paring nugraha Prabu Nala kasinungan landhêp raosipun tumrap sadaya dhêdhaharan, sarta sagêd priksa kasaenan ingkang dèrèng winarah. Sang Hyang Waruna, paring nugraha, sagah bilih kaèsthi badhe paring pitulungan manawi sang prabu manggih pakèwêd sawanci-wanci, sarta paring oncèn-oncèn sêkar kaswargan. Dados satunggal-tunggaling dewa paring nugraha kalih warni. Sasampunipun paring nugraha para jawata lajêng wangsul makahyangan, dene para raja dupi priksa patitising pamilihipun sang dèwi, ugi lajêng sami kondur dhatêng prajanipun sowang-sowang, kalayan suka sukur ing galih, kados nalika rawuhipun. Sapêngkêripun para raja saha para dewa, Prabu Bhima sakalangkung lajêng angwontênakên pamiwahan kangge pahargyan panggihipun pangantèn. Ngantos sawatawis dangu, Prabu Nala wontên ing Widarba kalihan binojakrama, saha ingugung sakarsanipun dening Sang Prabu Bhima, nanging ugi lajêng linilan kondur.

Kacariyos Prabu Nala sasampunipun anggarwa sang rêtnaning ayu musthikaning wanodya ing ngriku wiwit rumaos mulya sugêngipun, ngantos kadi kamulyanipun pangrisaking Wala lan Writra anggènipun sih-sinisihan kalihan Dèwi Saci.

--- 261---

Prabu Nala pangastanipun pusaraning kaprabon, mawa prabawa kadi srêngenge, anggènipun nindakakên paprentahan kanthi rênaning panggalih, pamêngkunipun dhatêng para kawula kalayan adil, sarta tansah ambêbingah manahipun, kadosdene Risang Prabu Yayati putranipun Prabu Nahusa. Sang prabu damêl aswaweda, tuwin sêsaji sanès-sanèsipun, mawi misungsung para brahmana. Ing sabên rikala mangsa sang prabu cangkrama kalihan sang pramèswari dhatêng ing wana-wana, parêdèn tuwin guwa-guwa ingkang anêngsêmakên, kadi lêkasipun para jawata. Sang prabu pêputra kalih mijil saking Dèwi Damayanti, satunggal priya sinung nama Indrasan, satunggalipun putri asma Indrasena. Kaprabonipun sang prabu tata raharja, mbotên towong-towong asêsaji, sarta tansah sih-sinisihan kalihan pramèswari Dèwi Damayanti.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt pitu, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 58. SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Maharsi Bhrihadaswa nglajêngakên cariyosipun: "Nalika para dewa kondur dhatêng karang kadewatan, inggih punika sasampunipun Dèwi Damayanti milih Prabu Nala, wontên margi kapêthuk kalayan Bathara Dwapara, tuwin Bathara Kali, ingkang lajêng sami marêpêki. Dupi Bathara Sakra wuninga dhatêng Bathara Kali, lajêng ngandika: "Hèh, Kali sira lan Dwapara iku sêdya marang ngêndi? Atur wangsulanipun:

--- 262 ---

Kula badhe sami ngêdêgi sayambaranipun Damayanti, awit kapengin mêngku piyambakipun. Sang Hyang Indra mèsêm sarwi ngandika: "O, wus kadaluwarsa, kawruhana, sayambarane wus bubar, kang dipilih Damayanti Prabu Nala, ana ing ngarsanipun."- Bathara Kali ingkang têtela awon-awoning dewa, nalika mirêng pangandikanipun Hyang Sakra makatên wau, ing batos sangêt mbotên narimah, mila lajêng matur dhatêng Sang Hyang Indra makatên: "Nadyan wontên para dewa Damayanti mêksa milih manusa, pantêsipun tiyang makatên wau kêdah tampi pidana ingkang awrat."- Nalika mirêng wangsulanipun Bathara Kali, dewa sakawan wau lajêng ngandika: Ingsun wus jumurung mangayubagya, dene Damayanti milih Prabu Nala, awit sapa wong wadon kang ora kadrawasan manawa marang Prabu Nala, kang sarwa linuwih, wêruh marang wajib, pratitis sabarang karya, lêbda marang Wedha papat, uga putus marang Purana, kang dianggêp Wedha angka lima, wêlas marang sagung tumitah, têmên wicarane, sarta têtêp ing sasanggêman, ora kêndhat-kêndhat ing sêsaji marang para dewa, sarta panggarape miturut wêwaton. Prabu Nala têtela pêpêthinganing manusa, ambêge prasaja, sabar, wicaksana, dhêmên tapa brata, sukci, bisa mêpêt hawa nêpsu, atine têntrêm. Hèh Kali, kang candhala ing budi, sira darbe sêdya arêp ngrubeda Prabu Nala, laku mangkono iku, sasat nangsaya awake dhewe, mula têmtu nêmu karusakan saka panggawene mau. Sing sapa miala Prabu Nala kang mangkono kaanane, bakal kacêmplung ing juranganing naraka kang tanpa dhasar sarta kêbak sangsara rupa-rupa.- Sasampunipun ngandika makatên wau para dewa sigra nglajêngakên lampahipun.

--- 263 ---

Sapêngkêripun dewa sakawan wau, Bathara Kali lajêng pratela dhatêng Sang Dwapara: "Yayi aku ora mênggak kanêpsonku, Prabu Nala têmtu dak rubeda, bisane sirna karatone, dadi ora bisa lêstari anggone sih-sinisihan lan Damayanti; yèn aku manukma ing dhadhu, nuli pitulungana."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt wolu, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 59. SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun saeka kapti kalayan Bathara Dwapara, Sang Hyang Kali lajêng dhatêng ing praja Nisadha. Wontên ing kadhatonipun Prabu Nala Hyang Kali ngantos dangu dèrèng winêngan mangsakala anggènipun nandukakên piawonipun. Kacariyos dupi ngancik kalih wêlas taun anggènipun ngêntosi, ing satunggaling dintên ingkang panuju kalihan wancinipun, Prabu Nala nyawuk toya kalihan amatêk mantra, ingkang kêdah kawatêk ing wanci sandyakala, nanging kasupèn sampeyanipun dèrèng dipun wijiki, inggih saking weyaning sang prabu makatên wau, ingkang lajêng kadi mêngani kontên panjingipun Bathara Kali dhatêng ing nglêbêtipun Prabu Nala. Bathara Kali ngatingali dhatêng Prabu Puskara, kalihan wicantên: "Inggal katêmua Nala, banjur tantangên dhadhu, aja sumêlang kowe dak pitulungi bisane mênang manawa wus ngalahake Prabu Nala, lan ngukup kratone, dadi kowe banjur mangwasani praja Nisadha.

--- 264 ---

Sasampunipun mirêng panggasahipun Bathara Kali, Puskara enggal-enggal sowan Prabu Nala; Bathara Dwapara ugi manggihi Puskara, lajêng mancala warni dhadhu, dipun namèkakên wisa. Sasampunipun pinanggih kalihan Prabu Nala Puskara maambal-ambalan panantangipun makatên: "Suwawi sami kasukan dhadhu." Prabu nala ingkang luhur ing budi, dupi mirêng panantangipun pun Puskara, mbotên sagêd mbotên anglêgani, mila lajêng andhawuhakên wanci ingkang kangge kasukan. Awit saking pangwasanipun Bathara Kali, Prabu Nala kawon anggènipun dhadhu, sadaya rajadarbèkipun ingkang warni kancana, salaka, rata dalah rakitanipun, pangagêmanipun, sampun kaêtohakên sadaya. Prabu Nala saya waringutên anggènipun dhadhu, rintên dalu mbotên wontên kèndêlipun, mbotên wontên kêkasihipun sang prabu ingkang pêpèngêtipun dipun mirêngakên. Pakêmpalanipun tiyang sanagari, tuwin têtungguling paranparaning sang prabu lajêng sami nyêlaki, nêdya matitisakên karisakanipun sang prabu, sarta badhe mambêng supados kèndêl anggènipun sami kasukan dhadhu. Kusiripun sang prabu sowan dhatêng kênyapuri, munjuk ing Dèwi Damayanti, aturipun: "Dhuh, gusti para kawula salêbêting kitha sami ngêntosi sajawining gapura, mila mugi paduka kêparêng munjuk ing panjênênganipun sinuwun, manawi kawula alit sami badhe sowan, amargi mbotên kuwawi ningali gênging karisakan ingkang badhe dhumawah dhatêng gustinipun, ingkang utami punika."

--- 265 ---