Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 11.

7 Nopèmbêr 1959.

Sanalika wau Dèwi Damayanti sakalangkung ngêrês panggalihipun, mila lajêng matur dhatêng ingkang raka, sarwi pêgat-pêgat suwantênipun, aturipun: "Dhuh, sinuwun, para kawula saha para paranpara, sabab saking sêtya tuhuning manahipun, samangke sami ngêntosi wontên jawining gapura, kêpengin marêk paduka, mila mugi wontêna kaparênging karsa nampèni pisowanipun." Ananging Prabu Nala, awit kapanjingan ing Bathara Kali, mila mbotên paring pangandika dhatêng pramèswarinipun, ingkang sulitya ing warni, saha tansah angrêsah. Para kawula lan para nayaka lajêng sami wangsul, kalihan sakalangkung cuwa, ngêmu wirang, ucapipun: "O, katiwasan, gustiku." Anggènipun Prabu Nala dhadhu mêngsah Puskara punika ngantos pintên-pintên wulan, nanging Prabu Nala mbotên nate unggul.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt sanga, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 60. SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Aturipun Dèwi Damayanti, ingkang taksih sabar kemawon dhatêng kasupènipun sang prabu, awit katungkul anggènipun kasukan dhadhu, ngantos tilar kawêwekan saha sirna jênjêming panggalihipun, [pang...]

--- 266 ---

[...galihipun,] sang dèwi mbotên kasamaran manawi lêlampahanipun sangêt ambêbayani, mila dupi ngèngêti gênging bêbaya ingkang badhe nangsaya sang prabu, enggal nimbali inya kêkasih, wasta Wrihatsena, inggih punika pawèstri ingkang tansah rumêksa karaharjanipun sang dèwi, sarta tansah anêtêpi kuwajibanipun, kenging pinitados, tuwin wicaranipun. Sasampunipun dhatêng, lajêng dipun pangandikani makatên: "Wrihatsena, kowe dak utus nimbali para nayaka, atas karsane sang prabu, lan ndangua apa kagungane sang prabu kang wus dikukup mungsuhe, lan apa kang isih." Rikala para nayaka tampi timbalanipun sang prabu makatên wau, saking bingahing manahipun, ngantos sami kalair wicantênipun: "Bêgja aku sakanca" sarta lajêng sami sowan. Pisowanipun para nayaka ingkang kaping kalih, ugi lajêng dipun lanturakên malih dening sang pramèswari, ewadene sang prabu mêksa mbotên karsa anggatosakên, mila Dèwi Damayanti ugi lajêng mundur palarsan,[1] kalayan nawung raos sakalangkung lingsêm. Ing nalika sang dèwi priksa sang prabu lêstantun kemawon anggènipun dhadhu, enggal dhawuh dhatêng Wrihatsena, makatên: "Biyung kowe nimbalana Warneya, kusir rata kêkasihe sang prabu, awit têtela yèn lêlakon iki bangêt mutawatir." Êmban Wrihatsena ugi lajêng pangkat, nimbali Warsneya, ingkang mbotên watawis dangu ugi sowan. Kacariyos sang dèwi, ingkang limpat ing budi, mbotên kewran dhatêng êmpan papan prayogining wanci, lajêng-lajêng ngandika dhatêng Warsneya: "Sira wêruh kapriye pamêngkune sang prabu marang sira, mangka sang prabu samêngko kataman pakewuh, dadi sira wajib mitulungi. Sang prabu anggone kasukan lan Puskara saya akèh

--- 267 ---

kalahe, dadi ora wurung têmtu kasangsaran, nanging Puskara tansah bêgja. Sêmune sang prabu wis saya liwung, nganti wis ora karsa midhangêtake sakèhing atur. Ewuh anggon ingsun manggalih, sang prabu kang mangkono luhure budine, têka samêngko kongsi ora tumolèh marang kautaman, sêngsêm marang ngabotohan. He kusir, ingsun jaluk tulung marang sira, lakonana parentah ingsun, awit ingsun sumêlang manawa sang prabu nêmahi sangsara, mula enggal angabah-abahana rata, miliha kuda pangirit kang playune kongsi kaya kêplasing cipta rajaputra sakarone iki gawanên marang Kundhina. Sawuse sira pasrahake dalah rata sarakite pisan, sira banjur ingsun sarah, apa lêstari anèng Kundhina utawa lunga marang liya panggonan." Satêlasing piwêlingipun pramèswari nata, Warsneya lajêng marêk risang nayaka waktra, ngaturakên pangandikanipun sang dèwi. Sasampunipun têtarosan saha kaidèn, pun Warsneya pangkat dhatêng Kundhina mbêkta rajaputra kalih pisan. Sapraptaning Kundhina, rajaputra kalih dalah rata sapangiritipun katilar. Warsneya sangêt risak manahipun angèngêti lêlampahanipun sang prabu, mila sasampunipun mêmuji ing dewa karaharjanipun sang prabu dalah pramèswari, Warsneya lajêng kesah sapurug-purug ngantos dumugi ing kitha Ayogya, marêk ngarsanipun Prabu Rêtuparna, munjuk badhe suwita; panyuwunipun dipun parêngakên, lajêng katêtêpakên dados kusiripun sang prabu."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

--- 268 ---

BAB 61. SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Sapêngkêripun Warsneya, Puskara saya kathah anggènipun mênang, ngantos sagêd nêlasakên rajabrana saha rajatadi, kagunganipun Prabu Nala. Dupi kratonipun Prabu Nala sampun kakêkap, Puskara matur sarwi mèsêm: "Suwawi dipun lajêngakên anggènipun sami kasukan, ananging punapa tohipun awit sang prabu sampun mbotên kagungan punapa-punapa malih kajawi amung Dèwi Damayanti, pramila manawi sang prabu kêparêng Dèwi Damayanti kemawon dipun êtohna."- Mirêng ucapipun Puskara makatên wau, Prabu Nala mbotên mangsuli pangandika, nanging ing batos sangêt manginggit-inggit. Sanalika wau sang prabu rucat sadaya pangagêman, ingkang dipun agêm, sarwi mandêng Puskara kalihan paningal ingkang kadi mêdal latunipun, dene ingkang taksih tumèmpèl ing sariranipun, kantun salêmbar, tilar kawibawan, saha jêngkar saking kadhaton. Makatên wau sangêt adamêl trênyuhing manahipun ingkang sami sih, dene Dèwi Damayanti inggih namung kantun salêmbar pangagêmanipun, andhèrèkakên mêdalipun sang prabu saking nagari. Prabu Nala kalihan garwanipun, lêrêm wontên têpis wiringing kitha ngantos tigang dintên tigang dalu, tiyang-tiyang isining kitha sami ajrih kampiran sang prabu, awit sami mirêng undhangipun Puskara, ingkang mratelakakên, sintên ingkang ngatingalakên sih trêsnanipun dhatêng Prabu Nala, badhe kapatrapan ukuman pêjah, awit saking punika pramila Prabu Nala, sanadyan pantês dipun wêlasana, ewadene

--- 269 ---

mbotên wontên tiyang ingkang mêlasi, dados salêbêtipun tigang dintên tigang dalu anggènipun wontên têpis wiringing kitha wau, kajawi ngunjuk toya, sang prabu mbotên dhahar punapa-punapa, saking sangêt kaluwèn, Prabu Nala lajêng badhe ngupados wowohan utawi oyot-oyotan ing wana, dene Dèwi Damayanti lêstantun andhèrèkakên. Sasampunipun lumampah pintên-pintên dintên, kalayan sangêt kasrakat, sang prabu priksa pêksi sawatawis salisik wontên ing siti, êlaripun sumorot kadi kancana, osiking panggalih: bêgja dene ana manuk, mbokmanawa iki kang dadi panganku dina iki. Sasampunipun nglocita makatên, sang prabu enggal lukar nyamping kangge anjaring pêksi wau. Ing nalika pêksi sampun katutupan ing nyamping, lajêng mabur sêsarêngan, ndêdêl ngawiyat, sang prabu njêtung sarwi sangêt prihatos, sarta sampun wuda mbotên kasasaban sinjang salêmbar, pêksi wau lajêng wicantên: "Hèh, wong tuna budi, wruhanamu aku iki iya kang mancala warna dhadhu kang mêntas kok anggo ngabotohan iku, mula têka ing kene arêp mlayokake jarikmu, awit aku bangêt cuwa ndulu kowe isih kasasaban jarik salêmbar. Sang prabu saya karêrantan panggalihipun, dene nyamping kantun salêmbar mêksa ical, sarta priksa manawi ingkang mlajêngakên wau pakartining mêngsah ingkang ing nguni mancala warna dhadhu. Sang prabu lajêng ngandika dhatêng Dèwi Damayanti, makatên: "Kang ngilangake kraton ingsun saka pamuring-muringe utawa kang gawe ingsun ora bisa olèh pangan iya saka panggawene mungsuh iku, nganti wong-wong ing praja Nisadha padha wêdi ingsun ampiri, samêngko mlayokake nyamping ingsun, sarana rupa manuk. Ingsun rumangsa ora

--- 270 ---

kuwat nyangga abote kasangsaran kang sun tampani iki, kongsi liwung tanpa budi. Damayanti, ingsun iki guru lakimu, mula rungokna pitutur ingsun, kang amrih karahayonira. Wruhanamu, dalan iki anjok ing nagara iring kidul, sarta angliwati Ngawanti utawa pagunungan Riksawat. Ing kono ana gununge gêdhe aran Winda, gunung mau tuking kali Payoni kang mili marang sagara; sapinggiring kali mau ana dhepoke para ambangun tapa, akèh woh-wohane sarta oyod-oyodan kang enak dipangan. Dene dalan sijine iki anjok ing praja Widarba, dalan liyane manèh iku anjok ing Kosala.

Prabu Nala anggènipun ngandika makatên dhatêng Dèwi Damayanti, ngantos wongsal-wangsul, mila Dèwi Damayanti lajêng manêmbah, matur sarwi karuna, awit saking sangêt prihatos, aturipun makatên: "Dhuh, sinuwun, kados punapa risaking manah kula, ngraosakên pangandikanipun sinuwun, ingkang nawung raos badhe nilar kula. Punapa kula sagêd nilar paduka, tanpa kanthi wontên ing wana kalayan nandhang prihatos, awit kecalan karaton tuwin kawibawan, angêt kasarakat, ngantos mbotên kasasaban nyamping salêmbar. Mangka saking pangèsthining manah kula, sinuwun, manawi paduka nuju sangsara, awit mbotên angsal woh-wohan tuwin oyod-oyodan, ingkang eca dipun dhahar, utawi pinuju singkêl ing galih, awit kèngêtan dhatêng kamulyan tuwin kawibawan, ingkang sampun-sampun, kula sagêda anglipur, sabab sinuwun, ingatasipun tiyang nandhang kasusahan, mbotên wontên panglipur ingkang satimbang kalihan semah, makatên wau pangandikanipun para wicaksana, sarta sampun dipun sêksèni ing tiyang pintên-pintên."

--- 271 ---

Rikala Prabu Nala midhangêt aturipun ingkang garwa makatên wau lajêng angandika: "Dhuh, Damayanti, tuturira mau ora ana lupute, ingatase wong lanang kang nandhang kasusahan, ayak ora ana mitra utawa panglipur kang satimbang lan bojo, mula ingsun ora darbe sêdya, arêp ninggal ing sira. Apa sira darbe pangira yèn arêp dak tinggal, awit ingatase ingsun, ènthèng karusakaningsun dhewe, tinimbang karusakanira."

Aturipun Dèwi Damayanti: "Manawi sinuwun mbotên kagungan panggalih badhe nilar kula, pedah punapa paduka paring pitêdah ing kula, margi ingkang anjog ing praja Widarba; manah kula pitados manawi paduka mbotên badhe nilar kula, nanging kabêkta saking awrating panggalih, sagêd ugi paduka nilar kula. Dhuh, sinuwun, ngantos marambah-rambah paduka nêdahakên pundi margi ingkang dhatêng Widarba, punika adamêl sumêlanging manah kula, karana makatên wau nawung raos, supados kula mantuka dhatêng kadhatonipun tiyang sêpuh kula. Manawi panuju ing galih, suwawi dhatêng Widarba tiyang kalih, paduka saèstu badhe dipun tampèni kalihan suka rênaning panggalih, sarta badhe manggih sênênging panggalih wontên kadhatonipun bapa kula."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak satunggal, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 62. SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Pangandikanipun Prabu Nala: "Ayak bênêr yèn ingsun apamanèh sira bakal nêmu kasênêngan ana ing praja Widarba,

--- 272 ---

awit kadhatone rama prabu iya prasasat darbèk ingsun, lan sira dhewe, nanging abot têmên rasaning ati arêp mênyang Widarba, yèn kaanan ingsun isih kaya mangkene, sarta nalika ingsun têka ana ing Widarba sapisan ingsun isih ana sajroning kamulyan, dadi bisa gawe sênênge atinira, mangka samêngko ingsun nandhang karusakan kang mangkene, apa ingsun kaduga mênyang praja Widarba?"

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Pangandikanipun Prabu Nala dhatêng Dèwi Damayanti makatên wau tansah dipun ambal-ambali, sarwi nglêlipur awrating panggalihipun kang garwa, dene sinjang satunggal dipun angge tiyang kalih, kalihan nandhang kaluwèn sarta galuyuran tanpa sêdya. Dupi sampun sawatawis dangu tindakipun Sang Prabu Nala dumugi griya pakèndêlanipun tiyang lumampah, wontên ing ngriku Prabu Nala sakalihan kang garwa, lajêng lênggah nglosot wontên ing siti, awit saking sangêting sayah, luwe, ngorong tuwin lêbus dening balêdug. Dèwi Damayanti ingkang sulistya ing warni, sarta wirasating sarira mratandhani sinung kabêgjan salêbêting sugêngipun, nanging kadadak nandhang karisakan, awit sangêt kasayahan, mila sawêg sumèlèh kemawon lajêng katingal sakeca anggènipun sare. Kados punapa awrating panggalihipun Prabu Nala ningali ingkang garwa, sare glèthèk wontên ing siti, mila tansah mêrêm mêlik, langkung malih dupi ngèngêti incaling karaton, wêdalipun saking praja, kapisahipun kêkasihipun, tuwin lumêbêt ing wana, makatên sangsaranipun sang prabu lajêng ngunandika: Yèn ingsun rumagang ing gawe apa paedahe yèn ora nambut karya, gèk kapriye kadadeyane, apa ora luwih bêcik mati bae, utawa ora luwih

--- 273 ---

bêcik yèn ingsun ninggal garwaningsun. Ingsun ora kakilapan, Damayanti bangêt bêktine marang panjênêngan ingsun, nganti kasarakat mangkene iki, iya saka anggone labuh maringsun, nanging manawa ingsun tinggal, mbokmanawa banjur mulih marang kadhaton Widarba, kosokbaline yèn lêstari tut wuri marang ingsun, kagawa saka bêktine mbokmanawa nêmahi pati, mangka yèn ingsun tinggal, nadyan sangsara, ayak ora tumêka ing pati, awit pêthèke Damayanti sugih kabêgjan, pangiraningsun ing têmbe bakal nêmu kamulyan manèh."

Panglocitanipun sang prabu makatên wau tansah dipun ambal-ambali, wasana pêpuntoning panggalih mbotên wontên ingkang langkung prayogi linampahan, kajawi nilar ingkang garwa. Sang prabu nglocita malih: "Wong kang ambêg utama sarta bêkti marang priya, luwih manèh wirasate mratandhani yèn bêgja uripe, kaya Damayanti, uripe têmtu ora bisa karusakan." Mila Prabu Nala tuwuh osikipun makatên wau, awit saking kasangsaran dening Bathara Kali, ing wêkdal punika dêdunung ing garbanipun Dèwi Damayanti. Inggih saking pangwasanipun Bathara Kali ingkang damêl dêrêngipun sang prabu badhe nilar ingkang garwa, ananging sanalika wau sang prabu èngêt manawi mbotên kagungan nyamping, dene ingkang dipun agêm punika nyamping satunggal dipun agêm kalihan ingkang garwa, mila lajêng kagungan panggalih badhe ngêthok nyamping, ingkang kaagêm kalihan ingkang garwa wau, pangunandikanipun sang prabu: "Nanging kapriye bisane ora kawruhan Damayanti anggon ingsun ngêthok jarik iki." Kalihan nglocita makatên wau, sang prabu lumampah sarwi amilang-miling, wontên sacêlaking griya pakèndêlan wau, ing ngriku sang

--- 274 ---

prabu priksa pêdhang ligan gumlèthèk wontên ing siti. Pêdhang sigra ingasta kangge ngêthok nyampingipun kang garwa. Sasampunipun pêdhot, sabêt kabucal, sang prabu lajêng nilar ingkang garwa ingkang kêpati anggènipun sare, ananging panggalihipun sang prabu taksih rangu-rangu, tansah mêlang tumolih, mila enggal wangsul dhatêng sacêlaking griya pakèndêlan. Kados punapa trênyuhipun sang prabu priksa ingkang garwa sare ing siti, mbotên wontên ingkang nêngga. Sanalika wau Prabu Nala marawayan wêdaling waspa, sarwi sêsambat: "Adhuh, bêgja têmên lêlakone garwaningsun; ing nguni nalika ana sajroning kamuktèn, nadyan dewaning angin, kablêrêngên andulu sunaring guwayanira, samêngko gumlèthèk ana ing lêmah, kaya para ina papa, kapriye polahira, manawa sira nglilir, wêruh yèn nyampingira amung kari saparo, nglosot anèng ing lêmah kaya sudra sampali. Dhuh, garwaningsun kang bêkti priya, kapriye solahira manawa sira wus pisah lan ingsun, tanpa kanthi ana satêngahing alas gêdhe kêbak sato galak kang gêdhe-gêdhe. Dhuh, mêmanike pun kakang, muga para aditya, wasu aswin sakarone apadene maruta, padha angayomana ing sira."

Riwusing mêmuji karaharjaning garwa, ingkang sulistyaning warninipun sajagad mbotên wontên tumimbang, Prabu Nala lajêng pangkat anilar ingkang garwa, sampun botên tumolèh sihipun dhatêng garwa, labêt saking kasasaban ing pangwasanipun Bathara Kali. Ananging dupi tindakipun sang prabu sampun sawatawis têbih, lajêng wangsul dhatêng ing dunung anggènipun sare ingkang garwa, awit panggalihipun Prabu Nala ing wêkdal punika winasesa dening pangwasa kalih warni, sihipun dhatêng ingkang garwa kalayan panuntunipun

--- 275 ---

Bathara Kali, utawi kados kagèndèng nêbih kalihan ingkang garwa tuwin wangsul anyêlaki malih. Danguning dangu sasampunipun anggrêsah marambah-rambah, Prabu Nala ingkang sampun sirna kajênjêmanipun awit karêncana dening Bathara Kali, lajêng nilar garwanipun, ingkang pinuju sare kêpati, ijèn wontên têngah-têngahing wana ingkang saklangkung sêpi.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak kalih, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 63. SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: Dhuh, sinuwun, sapêngkêripun Prabu Nala, Dèwi Damayanti wungu sarira sampun karaos sêgêr malih, ananging kados punapa risak saha gêtêring panggalih, dene ingkang raka mbotên wontên sacêlakipun, mila enggal jumênêng enggal ngupaya sang prabu. Dupi têtela mbotên pinanggih, sang dèwi lajêng dhawah ing siti anjêrit, labêt saking ajrih, sêsambatipun makatên: "Dhuh, sinuwun, ratu ingkang kinawasa, sêsêmbahanipun Damayanti, punapa paduka tega nilar jasat kula. Dintên punika dhatêngipun antaka kula, awit saking sangêt ajrih wontên ing papan ingkang sangêt sêpi punika. Dhuh, Prabu Nala, paduka narendra ingkang sêtya tuhu ing wacana, saha mbotên kasamaran dhatêng kautamèn, kadospundi dene paduka samangke cidra ing ubaya, nilar kula nalika kula tilêm, sarta tansah kêkinthil salampah paduka, mangka Damayanti pawèstri

--- 276 ---

ingkang tansah niyat amrih sênênging panggalih, sanadyan tiyang kathah sami netah ing paduka. Dhuh, sinuwun, wêlasana dasih paduka, sarana nêtêpi prasêtya paduka, ingkang kawiyos wontên ngarsaningsun para jawata, dhuh, Prabu Nala, mila Damayanti dèrèng nilar marcapada punika, amung nêdya nglêlipur risaking panggalih paduka, mbok sampun dipun lajêng-lajêngakên anggèn paduka sêmbranan. O, sinuwun, kula sampun mbotên kuwawi nahên ajrihing manah, mugi dipun tolèha garwa paduka ingkang kawêlasarsa. Kula priksa manawi paduka sêsingidan ing garumbul, kadospundi dene paduka mbotên mangsuli dhatêng panguwuh kula. Dhuh, guru laki kula, mbok sampun dangu-dangu anggèn paduka mitambuhi, paduka priksa kula wontên salêbêting sangsara, sarwi sêsambat mêlasasih, kadospundi dene mbotên paduka parêpêki, tuwin daduka rêrapu. O, sinuwun, kula mbotên pisan-pisan manah karisakan kula piyambak tuwin sanès-sanèsipun, ingkang adamêl rudatosing manah kula, awit tansah ngèngêti kados punapa risaking panggalih, manawi wanci sontên, paduka nglosot wontên sangandhaping wit-witan têngahing wana, kalayan sangêt sayah tuwin kaluwèn tur tanpa kanthi. Gèk kados punapa njarêming manah panggalih paduka, manawi ing wanci wau kula mbotên katingal wontên sacêlak paduka."

Saking putêking panggalih, Dèwi Damayanti lumajêng ngalèr ngidul, kalihan karuna kalara-lara, dhawah ing siti sakêdhap, lajêng jumênêng sarta lumajêng malih kalayan sambat mêlasasih. Dèwi Damayanti ingkang sangêt bêkti ing kakung, sangêt pêtêng panggalihipun, sakêdhap-sakêdhap ngunjal napas, kamisêsêgên, labêt sangêting panangisipun, kalihan sambat-sambat, [sambat-...]

--- 277 ---

[...sambat,] suraos ngèstokakên dhatêng ingkang damêl sangsaranipun, makatên: "Wong kang gawe sangsara samene abote, têmtu bakal kataman panandhang kang luwih gêdhe."

Salêbêtipun sêsambat mêlasasih saha ngêsotakên makatên wau, sang dèwi sarwi lumampah, karsanipun nêdya ngupadosi kakungipun sakêdhap andhawah, sakêdhap lumajêng, kalayan manguwuh-uwuh kadi solahipun tiyang kapanjingan dhêmit, tansah sambat-sambat, têlasing sêsambat lajêng andhawah ing siti karuna kalara-lara, kèndêling sêsambatipun lajêng jumênêng malih, lumampah kalayan manguwuh-uwuh ingkang raka. Sabên rungkut-rungkutan dipun osak-asik, kalèn-kalèn dipun inguk, tanpa nyana lampahipun sang dèwi dumugi sacêlaking sawêr agêng ingkang nuju kaluwèn, mila sang dèwi lajêng ginubêt. Salêbêtipun sang dèwi pinulêt ing sarpa, taksih lêstantun anangis saha sêsambatipun mbotên èngêt dhatêng sariranipun piyambak, awit kasasaban dening raos wêlasipun dhatêng ingkang raka, makatên sêsambatipun: "Dhuh, Prabu Nala, kula kagubêt ing sarpa agêng, mbotên wontên ingkang mitulungi, punapa paduka kaparêng ngrêbat dasih paduka saking rêgêmaning sarpa. Kados punapa risaking panggalih paduka, manawi kèngêtan dhatêng kula, dhuh narendra kang luhur ing budi, kadospundi dene paduka kasarakat wontên ing wana ingkang makatên sêpinipun, karsa nilar kula, gèk sintên ingkang nglêlipur risaking panggalih paduka? O, Prabu Nala, dewaning Damayanti, kados punapa cuwaning panggalih, manawi paduka sampun luwar saking panandhang, lajêng wangsul kamulyan saha kaluhuran paduka malih, nanging mbotên dipun ladosi Damayanti? Dhuh, sinuwun, sintên ingkang minangka

--- 278 ---

panglipur, manawi paduka pinuju èngêt dhatêng sangsaraning panggalih, sarira sangêt lungkrah kaluwèn tuwin kasatan?"

Sêsambatipun sang dèwi makatên wau kapirêng dening tuwa buru ingkang nusup-nusup ing wana wigatos mbêbedhag, mila pun tuwa buru enggal lumajêng dhatêng prênahing sêsambat. Ing ngriku piyambakipun priksa wanodya sulistya ing warni kapulêt ing sarpa agêng, mila enggal narik sabêtipun, sarpa tinigas, sasampunipun pêjah, sang dèwi uwal saking lêkêraning sarpa, lajêng dipun aturi pangunjukan dening tuwa buru. Sasampunipun lêrêm panggalihipun sang dèwi, kawistara dene pasuryanipun sampun sawatawis abrit, enggal kaaturan dhahar. Rikala punika tuwa buru matur pitakèn, ucapipun makatên: "Dhuh, wanodya, ingkang paningalipun kadi mripating kidang, sintên sinambating asma, kadospundi witipun mila sang dèwi rawuh wontên ing wana ngriki, mbotên wontên ingkang ndhèrèkakên sarta lajêng dhumawah ing sangsara, ingkang makatên agêngipun?"

Satêlasing pitakènipun tuwa buru, sang dèwi lajêng ngandikakakên sadaya lêlampahanipun, wiwitan dumugining wêkasan mbotên wontên kalangkungan. Salêbêtipun Dèwi Damayanti nyariyosakên lêlampahanipun wau, pun tuwa buru mbotên kêdhèp-kêdhèp pamawasipun dhatêng sang dèwi, ing ngriku priksa manawi sang dèwi amung salêmbar nyampingipun, pranaja katingal wêwêg, payudara mangkah-mangkah, dêdêgipun rêspati, wadana mancorong kadi sasangka purnama, netra rinêngga ing imba malêngkung, kêdaling pangandika manis arum. Tuwa buru kagiwang manahipun, mila lajêng matur ngrêrêpa ngasih-asih awit sampun kapandukan jêmparingipun dewaning

--- 279 ---

sih. Dèwi Damayanti ingkang ambêg susila, mbotên kasamaran dhatêng sêdyaning tuwa buru. Sanalika wau katêtangi dukaning panggalih, sumuking bêbêndu kawistara wontên pasêmon, wadana mbaranang, paningal kumukus, sarira gumêtêr. Kawuningana pun tuwa buru, dupi sumêrap manawi sang dèwi nawung bêndu, ingkang mratandhani manawi mbotên karsa nanggapi pikajêngipun, labêt saking sruning kasmaran, tiyang wau sangêt nêpsu, sêdyanipun sang dèwi badhe rinodapêksa. Kados punapa pêtênging panggalihipun Dèwi Damayanti, dene salêbêtipun prihatos, katilar ingkang raka, sarta sirna kamulyanipun, manggèn wontên wana, lajêng kacêcamah kasusilanipun; saking putêking panggalih, têmah kawiyos sotipun dhatêng tuwa buru ingkang asor ing budi wau, pangandikanipun makatên: "Sajroning urip, durung tau anggagas wong lanang kajaba Prabu Nala, hèh kowe wong asor ing budi, kang rupa grêma, têmtu mati kobar dening urubing kasukcianku." Sami sanalika wau pun tuwa buru pêjah, gumuling ing siti, badanipun gêsêng kadi kobar dening latu.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak tiga, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 64. SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Sapêjahipun tuwa buru, Dèwi Damayanti ingkang paningalipun kadi ron saroja, nglajêngakên lampahipun, nusup-nusup ing wanapringga, ingkang sakalangkung rame dening

--- 280 ---

pangêriking gangsir, sarta dados padununganipun singa, sima, maesa wanan tuwin baruwang. Punapadene sinaba ing pêksi mancawarni, ingkang sami ngocèh mawurahan, saha dados pasingidaning durjana tuwin bangsa Mleca. Kawontênaning kêkajêngan ing wana wau warni-warni, kados ta: kajêng sala, dêling, dawa, aswata, tinduka, inguda, hinuka, arjuna, nimwa, tinisa, salmala, jambu, mango, lodra, kabêcu, patmaka, amalaka, plaksa, kadamwa, hudumwara, wiyala, sayêng, dhabo, aritaka, tuwin wibitaka. Sang dèwi priksa pintên-pintên parêdèn ingkang isi pêpêlikan warni-warni, punapadene margi bêbanjêngan ingkang kaayoman ing kajêng agêng-agêng, sinaba pêksi sami andon woh-wohan, umyung sami ngocèh. Pintên-pintên sêsawangan ingkang nêngsêmakên, pintên-pintên lèpèn tuwin talaga ingkang sinaba ing pêksi toya, sato, saha sawêr kathahipun tanpa wicalan, punapadene kangge palinggaranipun pêri prayangan, sarta raksasa, ingkang wujudipun anggêgirisi. Kathah gumuk mêdal tukipun, katingal pating sarêwèh anêngsêmakên manah. Lampahipun sang dèwi tanpa kanthi, ewadene mbotên kasangsaya ing sato miwah lêlêmbat, awit kaayoman saening pêpasthèn, saha santosaning panggalihipun. Dèwi Damayanti, labêt saking putêking panggalih awit katilar ingkang raka, mila mbotên ajrih dhatêng samukawis, sêsawangan saha suwantên anggêgirisi, ingkang katingalan saha kapirêng salêbêtipun lumampah. Dupi sampun sawatawis dangu anggènipun lumampah, sang dèwi lênggah wontên ing sela agêng sariranipun gumêtêr, awit saking sruning prihatos angèngêti ingkang raka, sarta lajêng asêsambat: "Dhuh, guru laki kula, kang gagah prakosa, saha wiyar pranajanipun, dhatêng pundi

--- 281 ---

tindak paduka, dene tega nilar kula piyambakan wontên ing wana. Dhuh, musthikaning jagad, paduka sampun sêsaji Aswaweda, tuwin sanès-sanèsipun, sarta ngêgungakên pisungsunging para brahmana, kadospundi dene paduka karsa anyidrani janji. Dhuh, têtungguling para narendra mugi ngèngêtana prasêtya paduka ingkang sampun kawiyos dhatêng Damayanti, mbok inggih ngèngêti aturipun banyak nalika wontên ing ngarsa paduka, tuwin ing ngajêng kula. Dhuh, bêbanthènging para ksatriya, sintêna ingkang sampun lêbda dhatêng Wedha catur warna, dalah sa-anggan tuwin uparêngganipun, punika nugrahanipun satimbang kalihan tiyang ingkang têtêp dhatêng katêmênan sawatawis, awit saking punika sinuwun, pangrurahing satru, paduka mbok inggih nêtêpi prasêtya paduka dhatêng dasih paduka. Dhuh, Prabu Nala, dhuh, kang luhur ing budi, ing mangke sampun mèh dumugi antaka kula, punapa paduka mbotên karsa tumolèh, ingkang sêsambat wontên ing wana agêng anggêgirisi, kêbak singa miwah sima, wujudipun angebat-ebati, cangkêmipun mangap, labêt saking sangêting kaluwèn, punika damêl girising manah kula. Paduka ing nguni ngandika: Rahayu dumununga ing sira, ing jagad ora ana kang ingsun sihi luwih saka sira. "O, sinuwun, mbok inggih anêtêpi pangandika, ingkang asring kadhawuhakên ing kula makatên wau. Punapa paduka mbotên kaparêng wangsul, nglipur prihatosing garwa ingkang ndhahat sêtya ing kakung, ingkang nangis kalara-lara, tambuh paraning lampahipun. Dhuh, ratuning bawana, ingkang kèringan ing jagad pangrusaking satru sêkti, punapa paduka mbotên wêlas dhatêng kula ingkang sangêt prihatos, paraupan kula ngantos pucêt, badan kula

--- 282 ---

ngalêntrih, sinjang kula kantun salêmbar, ijèn tanpa panglipur, tangis sarwi asêsambat, kados tiyang urakan utawi kadi kidang ingkang kapisah kalihan panunggilanipun. Dhuh, ratu kinawasa, kula pun Damayanti, ingkang sêtya tuhu, samangke kantun anggana wontên ing wana kalihan sangêt kasangsaya, tansah manguwuh-uwuh ing paduka, punapa dosanipun, têka paduka mbotên karsa mangsuli panguwuh kula, wontên punapa dene paduka mbotên karsa ngatingal wontên sanginggiling parêdèn punika. Dhuh, têdhaking awirya, kang mêngku ambêk utama, sarta ingkang sulistya ing warna, kula kapengin priksa, pundi panggenan ingkang sampun paduka ambah, paduka lênggahi, utawi paduka lêrêmi, punapadene ing pundi ingkang sinêdya, gèk sintên ingkang kula pitakèni, kula pawèstri ingkang sawêg nandhang risaking manah, sabab mrihatosakên paduka. Dhuh, narendra ing praja Nisadha, pêpêthinganing manusa, ingkang dados witing prihatosipun Damayanti, sintên baya ingkang kula pitakèni: apa kowe wêruh ing ngêndi panggonan kang dilêrêmi Prabu Nala, anane ing alas kene? Wontên ing wana ingkang makatên sêpinipun, sintên ingkang kenging kula angge têtarosan? Sasampunipun paduka tilar, saking sintên sagêd kula mirêng têmbung ingkang sagêd adamêl sakecaning manah kula, upaminipun suka pitêdah: wruhanamu Damayanti, Prabu Nala kang paningale kaya ron tunjung, iya kang tansah sira upaya, iku samêngko ana ing kana. Dhuh, guru laki kula, lah punika wontên singa dhatêng, rupinipun cêmêng, katingal ngèngrèng, siyungipun sêkawan, uwangipun ngajrih-ajrihi, sanadyan makatên saèstu badhe kula pitakèni: lah sira ratuning buron alas, kang nguwasani ing alas kene, wruhanamu ingsun Damayanti, putrane

--- 283 ---

ratu ing Widarba, pramèswarine Prabu Nala, ratu ing Nisadha, kang misuwur ing jagad, samêngko kasarakat nandhang prihatin kang tanpa upama, ana ing alas kene, awit angupaya ing guru lakine, apa sira bisa gawe bungahe atine, sarana awèh pawarta bab kaanane Prabu Nala. Hèh, ratuning alas, yèn sira ora gêlêm tutur ing ngêndi dununge Prabu Nala, ingsun mangsanên bae, dimèn luwar saka sangsara iki. Dhuh, sinuwun, sêmunipun singa punika mbotên maèlu dhatêng sêsambat kula wau, katandha lêstantun lumampah dhatêng lèpèn, ingkang toyanipun wêning, sumorot kadi sêsotya. Punapa prayogi kula pitakèn dhatêng ratuning rêdi, ingkang katingal ngalela saking ing ngriki, pucakipun yayah sumundhuling antariksa, punika warninipun asri, anêngsêmakên manah, sarta katuwuhan ing kêkajêngan mawarni-warni, dados pasabanipun singa, sima, dirada, waraha, baruwang, tuwin kidang, sangsam sarta kaèbêkan kumandhangipun swaraning pêksi manca warni, rinêngga ing kajêng kinsuka, asoka, wakula, punaga, tuwin karnikara, ingkang nêdhêngipun sêkar, kaoncoran ing toya saking tuk ingkang wontên ing rêdi wau, tansah sinaba ing pêksi toya warni-warni sami akakuncung. Dhuh, ardi sukci, kang damêl ulaping manah, kula manêmbah ing paduka, dhuh, cagaking jagad, kula mundhi-mundhi paduka, kawuningana kula pun Damayanti, putrining narendra, mantuning nata, kagarwa ing ratu. Nata ing Widarba ingkang kinawasa jêjuluk Mahaprabu Bhima, mangrèh wadyabala kawan golongan, punika bapa kula. Bapa kula sampun sêsaji Rajasuya tuwin Aswawedha, sarta agêng pisungsungipun dhatêng para brahmana, ratu ingkang blalak-blalak paningalipun punika, sangêt amundhi-mundhi ing wedha,

--- 284 ---

mbotên kalepetan ing dosa, sêtya tuhu ing wicara, têbih saking saliring piawon, ambêg utama, kêndêl, nata binathara, wawêngkonipun tanpa watêsan, têtêp dhatêng kasusilan, sukci, sagêd angêndhih sadaya mêngsahipun, anggung rumêksa dhatêng kawula alit. Dhuh, ardi sukci, kula punika putrinipun narendra ingkang makatên kawontênanipun wau. Kawuningana ardi, ratu ing Nisadha, ingkang misuwur ing jagad têtiga, pêparab Prabu Wirasena, punika marasêpuh kula. Prabu Wirasena apêputra ksatriya pinunjul ing jagad, mbotên sagêd kasoran dening mêngsahipun, sarta lajêng gumantos kaprabonipun ingkang rama, asêsilih Prabu Nala, punika guru laki kula. Prabu Nala ugi sinêbut Sang Niyasloka, ingkang jênar sariranipun kadi kancana, amundhi-mundhi para brahmana, putus dhatêng Wedha, sarta wasis micara, tansah sêsaji ing dewa, têmên, adil, manawi andhawuhakên pidana, punika guru laki kula. Dados kula pramèswarinipun Prabu Niyasloka, ingkang samangke sampun kecalan kamuktèn, sarta tinilar ing laki, nandhang sangsara tanpa pangayoman. Dhuh, ardi ingkang apucak maatus-atus, tur naracak sundhul ing akasa, punapa paduka wuninga dunungipun Prabu Nala, wontênipun ing wana punika? Punapa paduka wuninga lampahipun guru laki kula, inggih punika Prabu Nala, nata ing Nisadha, ingkang kasumbaga, lêpas ing pambudi, baunipun santosa, dêdêgipun agêng inggil, kêndêl sarta linangkung kaprawiranipun. Dhuh, rêdi, sasampunipun paduka midhangêtakên tangis saha sêsambat kula, awit saking risaking manah, dêdunung ing wana tanpa kanthi, punapa paduka mbotên kêparêng paring pangayoman, sarana wêdharing pangandika, ingkang nawung panglipur, kados bapa

--- 285 ---

ingkang anglipur prihatosing sutanipun èstri? O, Prabu Nala, ingkang ambêg utami, paduka têtêp dhatêng sawarnining kawajiban, ingkang sêngsêm dhatêng kasunyatan, manawi paduka pancèn taksih wontên salêbêting wana ngriki, mbok sampun dangu-dangu anggèn paduka nilar pun Damayanti, tumuntên ngatingala, murih dados panglipuring sangsaranipun. Gèk benjing punapa kula sagêd mirêng malih suwantênipun Prabu Nala, ingkang gumalêgêr kadi swaraning galudhug ing mangsa rêndhêng, amargi swara punika dahat angêlam-êlami manah, kadi raosing amrêta, awit amung swara panguwuhipun Prabu Nala ingkang dumêling saha sinawung lêlagon, kadi laguning mawedastuti punika ingkang sagêd dados panglipur kula, putri ing Widarba. Dhuh, sinuwun, sampun mbotên kadosa girising manah, mugi tumuntên dipun pêpuliha.

Sasampunipun sêsambat makatên, Dèwi Damayanti nglajêngakên pangupayanipun, lampahipun bablas mangalèr. Dupi sampun tigang dintên tigang dalu, Dèwi Damayanti priksa dhepoking pandhita, dumunung samadyaning wana, katingal sakalangkung nêngsêmakên asrining padhepokan prasasat patamanan kaswargan. Pratapan wau dados padunungan saha kaaji-aji para sêngsêm dhatêng kasutapan, kados ta: Sang Wasistha, Sang Bhrigu saha Astri, ingkang sampun mbotên anggalih dhatêng sariranipun piyambak, amung anggêntur puja brata, mangrèh pancadriya, ngêgungakên kasukcian, anêtêpi sawarahing agami. Para pandhita ingkang sami wontên ing pratapan wau wontên ingkang sugêngipun mbotên karsa dhahar punapa-punapa kajawi ngunjuk toya, sawênèh amung sarana hawa, wontên ingkang amung dhahar ron-ronan, sarta maratah angunjara

--- 286 ---

hawa nêpsunipun, têmah sinung têntrêming panggalih, ingkang kaèsthi muhung kamulyaning dêlahan. Pangagêmanipun klikaning kajêng, kulit kidang tuwin sampun unggul kalihan pêpenginanipun. Rikala Dèwi Damayanti priksa pratapan ingkang dinunungan ing para pandhita wau, dahat suka sukur ing dewa. Ing nalika punika sang dèwi musthikaning wadon, sadu budi, tulus raharjaning panggalih, ngrêsêpakên manah sarta ngalèwèr panjang klabanganing rikmanipun, gêmuh payudaranipun, sarta ambangkèk lambungipun, mancorong pasuryanipun, rèntèt wajanipun tuwin gumêbyar liringipun, punika enggal lumêbêt ing pratapan kalayan sukaning panggalih. Sasampunipun angurmati para tapa, ingkang katingal sampun sawatawis dangu anggènipun sami ambangun tapa, sang dèwi lajêng lênggah ngapurancang, jangga marikêlu wontên ngarsanipun. Para tapa sami atur pambagya saha mêmuji karaharjanipun sang nêmbe prapta, wasana ngandika: "Suwawi nggèr, pinaraka ingkang sakeca, tuwin amêcakna wigatosing karsa, mila rawuh wontên ing ngriki." Wangsulanipun Dèwi Damayanti makatên: "Dhuh, bagawan, ingkang linangkung puja bratanipun, punapa sami karaharjan, sadangunipun mêsu brata, tuwin sêsaji latu, anêtêpi sawarahing agami, tuwin sêsanggêmaning kabrahmanan paduka. Punapa kutu-kutu walang ataga isèn-isèning pratapan ugi sami mbotên kirang satunggal punapa?" Pangandikanipun sang tapa: "Dhuh, sang rêtna, kang susila ing budi, kula sakukuban, isining karang padhepokan ngriki, sami suka raharja, ing mangke kaparênga nilakrami, panjênêngan sang dèwi sintên sinambating asma, sarta ngupaya punapa, têka dumugi ing ngriki tanpa kanthi. Kula sangêt kagawokan [kaga...]

--- 287 ---

[...wokan] ningali sulistyaning warni paduka, dipun sênêng ing panggalih, sampun anggung prihatos, saha mugi sajarwaa, punapa paduka pêrayangan ingkang mêngku satêbaning wana punika, dalah rêdi saha lèpènipun."

Aturipun sang dèwi makatên: "Dhuh, panêmbahan, kula sanès lêlêmbat ingkang akayangan ing wana, rêdi tuwin ing lèpèn ngriki. Kawuningana kula punika manusa, mila mugi sami dipun piyarsakna anggèn kula ngaturakên kadospundi kawontênanipun lêlampahan kula. Wiyosipun, ing praja Widarba wontên panjênêngan nata jêjuluk Mahaprabu Bhima, punika tiyang sêpuh kula, sarêng sampun diwasa, kula kagarwa ing Narendra Nisadha, pêparab Prabu Nala, laki kula keringan ing jagad, sarta wicakcana, sangêt amundhi-mundhi ing para jawata, sarta bêkti dhatêng para dwija. Inggih Prabu Nala ingkang minangka lajêring darah Nisadha, panjênênganipun wau gagah prakosa, sêtya tuhu ing wacana, têtêp dhatêng sakathahing kawajiban, têbih saking pandamêl cidra, pangrisaking satru sêkti, saha ngèstokakên sawarahing agami, sungkêm dhatêng para dewa, tansah angêlar jajahan, ngrupak prajaning mêngsah, sulistyaning warna, prasasat dewa ngejawantah, paningalipun blalak-blalak, pasuryanipun kadi srêngenge, inggih punika guru laki kula. Sang prabu tansah damêl sêsaji, putus dhatêng Wedha dalah Wedangga, cahyanipun sumorot. Kawuningana ing satunggaling dintên Prabu Nala ingkang waspada dhatêng kasunyatan wau, katantang kasukan dhadhu, dening tiyang asor ing budi, ambêg candhala sêpi ing kautamèn, ingkang lajêng dipun kawonakên sarana lampah cidra, awit saking makatên wau, icaling kaprabon tuwin kamulyanipun

--- 288 ---

Prabu Nala priya kula, dene nama kula Damayanti, ingkang samangke sawêg nandhang sangsara, kalayan sangêt prihatos, kalunta-lunta lumampah ing wana, sumêngka ing parêdèn, manabrang lèpèn pintên-pintên, wigatos ngupaya priyanipun, ingkang pinunjul ing jurit, mbotên kewran sikêp saliring dêdamêl tuwin luhur jiwanipun, punapa Prabu Nala sasêmbahan kula mbotên kampir ing pratapan paduka, ingkang tanpa timbang ing marcapada punika? Saking dêrênging kêpengin badhe pinanggih kalayan guru laki kula, mila ngantos mbotên tumolèh pringganing wana, ingkang dados pasabaning sato galak punika. Dhuh, sang tapa, manawi sawatawis dintên malih Prabu Nala mbotên pinanggih, tamtu kula upaya ing jagadipun Bathara Yama. Ingatasipun Damayanti punapa paedahipun gêsang manawi kapisah kalihan Prabu Nala, kula mbotên kawawa nahên awrating manah, ingkang tuwuh saking anggèn kula rumaos kasêpèn gêsang kula."

Sang tapa ingkang mbotên nate cidra pangandikanipun, lajêng angrêrapu prihatosipun sang dèwi pangandikanipun makatên: "Dhuh, sang kusumaning ayu, awit saking lêpasing paningal, ingkang tuwuh saking kasutapan, kula priksa manawi kamulyan ingkang cinadhangakên ing paduka, sarta ingkang badhe pinanggih malih kalayan Prabu Nala, sasampunipun Prabu Nala luwar saking bêbaya. Dhuh, pramèswari Nata Nisadha, sasampunipun Prabu Nala luwar saking sakathahing dosa, lajêng ngrasuk busana sarwa endah, ngratoni prajanipun lami, midana dhatêng sadaya ingkang sami dosa, ngrisak mêngsahipun, ambêbingah manahing mitra, sarta mangun kamulyan tuwin

--- 289 ---

sih-sinisihan kalayan paduka, wontên kadhaton Nisadha, widada salami-laminipun."

Sasampunipun ngandika makatên, sang pandhita dalah latunipun sêsaji tuwin pratapanipun, lajêng musna sami sanalika. Dene Dèwi Damayanti mantunipun Prabu Wirasena sakalangkung ngungun ing panggalih ningali lêlampahan makatên wau, pangandikanipun: "Apa kang katon mau lêlakon sajroning pangimpèn, mênyang ngêndi musnane para tapa lan pratapane mau, êndi kaline kang wêning lan sukci banyune, sarta sinaba ing manuk pira-pira, êndi wit-witane kang kaèbêkan woh lan kêmbang mau, thik banjur musna sanalika?" Sasampunipun nglocita makatên Dèwi Damayanti putrinipun Prabu Bhima, ingkang sulistya ing warna, lajêng sungkawa malih, awit èngêt kapisahipun kalihan ingkang raka, wasana lajêng lumampah malih kalihan kêmbêng-kêmbêng nênggak waspa, pasuryanipun pucêt sawang kunarpa, mbotên watawis dangu sang dèwi priksa kajêng asoka, ronipun ngrêmbuyung, sêkaripun andados, sinaba ing pêksi pintên-pintên, rame sami angocèh, yèn sagêda ngucap sami nglêlipur prihatosipun Dèwi Damayanti. Sami sanalika wau saya trênyuh panggalihipun sang dèwi, sigra marêpêki kajêng wau sarwi sêsambat: "Dhuh, asoka, kang anêngsêmake, sarta lagi andadi kêmbange, yèn sinawang angêlam-lami, kaya ratu muja samadi anèng pagunungan têngahing alas. Hèh, asoka wêlasana ingsun, êntasên ingsun saka sangsara kang tanpa upama iki, apa kowe winêling Prabu Nala, ratu pamunahing satru, pangerane Damayanti, kang bangêt dibêktèni, mênyang ing ngêndi lampahe sarta apa wus luwar saka saliring dosane. Apa kowe wêruh marang

--- 290 ---

ratune bangsa Nisadha, kang mung salêmbar nyampinge? Wruhanamu ratu iku lagi kalara-lara lumêbu ing alas kene. Hèh, asoka, apa kowe dhangan awèh pitulungan ing aku, sarana nuduhake dununge Prabu Nala, dimèn dadi pamurunging pati, dadi kowe bisa têtêp kaya jênêngmu, awit asoka iku têgêse: panglipuring kasusahan."

Dèwi Damayanti ingkang anggung prihatos, sasampunipun angubêngi kajêng asoka, rambah kaping tiga, sigra nilar asoka, nglajêngakên lampahipun, saya nêngah lêbêtipun ing wana, ngriku sang dèwi ningali kajêng agêng-agêng, sarta lèpèn tuwin rêdi pintên-pintên, ingkang sakalangkung asri, rinêngga ing guwa tuwin jêjurangan, ingkang katingal pating sarêwèh angêdalakên toya. Sadaya wau saya amimbuhi trênyuhing panggalihipun sang dèwi, mila sakêdhap-sakêdhap angrêsah saha angunjal napas. Dangu-dangu lampahipun sang dèwi dumugi margi agêng, kados punapa bingahipun sang dèwi dene ing ngriku katingal sagêlênganing among dagang, ingkang ngirit kapal tuwin gajah pintên-pintên, sami kèndêl wontên ing lèpèn, ingkang nugêl margi agêng wau, ingkang toyanipun sakalangkung bêning sarta asrêp. Sauruting têpining lèpèn, kaèbêgan galagah saha galonggong ingkang anutupi toyaning wau. Ing ngriku rame kapiyarsa kumandhangipun swaraning pêksi bango tuwin maliwis sarta kathah bulus, baya tuwin ulamipun, punapadene kathah pulonipun alit-alit. Dèwi Damayanti wêkdal samantên warna saha pangagêmanipun sampun katingal kadi tiyang ewah, awit saking gênging prihatos, nyampingipun amung satugêl sariranipun kêra, rikmanipun kasasaban balêdug, lumampah anyêlaki among dagang ingkang sawêg sami kèndêl. Tiyang-tiyang

--- 291 ---

dupi priksa dhatêng Dèwi Damayanti, wontên ingkang lumajêng, awit ajrih dhatêng sang dèwi. Wontên ingkang mandêng kalayan sêmu gumun, wontên ingkang alok-alok, wontên ingkang anggêgujêng, wontên ingkang lajêng mungkur, awit mbotên kadugi ningali, nanging ugi wontên ingkang wêlas, lajêng pitakèn: "Hèh, wong wadon, kowe sapa jênêngmu, ana ing alas kene arêp golèk apa, kanca-kancaku padha gila andêlêng kowe, mara mrasajakna, kowe iku manusa apa lêlêmbut kang ambaurêksa ing alas, gunung utawa ing kali iki. Yèn pancèn kang ambaurêksa kene, muga ngayomana aku. Apa kowe raksasi, utawa widadari, muga ngayomana lakuku. Aku sakanca pangèstonana, dimèn olèh kabêgjan."

Dèwi Damayanti ingkang bêkti ing kakung, saha sawêg nandhang prihatos, dupi dipun pitakèni makatên, lajêng mangsuli pangandika: "Dhuh, kisanak nangkoda, sampeyan sakanca nèm sêpuh sami sumêrapa, manawi kula bangsaning manusa, putrining nata, kamantu ing ratu, saha sorining narendra, ingkang sawêg kasangsaya, awit ngupaya ing guru laki kula. O, kisanak, kula putrinipun Sang Prabu Bhima, pramèswarinipun Prabu Nala, narendra ing Nisadha. Mila makatên kawontênan kula, awit sawêg nandhang karisakan. Punapa sampeyan priksa dhatêng Prabu Nala, ingkang gagah prakosa, pamunahing satru, manawi pancèn priksa, enggal sampeyan cariyos ing kula, samangke wontên ing pundi?"

Sêsêpuhing para dagang wau nama pun Suci, lajêng mangsuli: "Dhuh, sang dèwi, suwawi dipun piyarsakna, kula waisya ingkang minangka sêsêpuhipun sagolongan punika, wiwit kula ngancik wana agêng dumugi dintên samangke ingkang

--- 292 ---

kula sumêrapi amung dirada, banthèng, sima tuwin sato sanès-sanèsipun, kajawi panjênênganipun sang dèwi, kula mbotên nate kapêthuk ing tiyang. Dhuh, Manipraba ratuning para yaksa, pramila mugi paringa pitulungan ing kula."

Sang dèwi lajêng andangu dhatêng lurahing among dagang, makatên pangandikanipun: "Kula kapengin priksa, para waisya punika badhe sami dêdagangan dhatêng pundi?"

Wangsulanipun sêsêpuhipun para waisya: "Dhuh putrining narendra, kula badhe sami dhatêng ing prajanipun Prabu Subahu, narendraning bangsa Cèdhi, wigatos ngupaya kauntungan."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak sêkawan, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 65. SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Dèwi Damayanti ingkang pinunjul ing warni, lajêng nunut lampahipun para waisya wau, kanthi gênging pangajêng-ajêng sagêda pinanggih kalihan kakungipun. Sarêng lampahipun para among dagang wau sampun angsal sawatawis dintên, priksa talaga ingkang anêngsêmakên, kathah sêkaripun tunjung, dumunung satêngahing wana, sakiwa têngêning talaga wau rumputipun sakalangkung kêtêl, kathah sêsêkaran tuwin woh-wohan, sarta kathah kêkajênganipun agêng-agêng. Ing ngriku sinaba pêksi warni-warni, toyanipun bêning saha sakalangkung asri, sangêt anênarik manahipun para waisya, ingkang sampun sami sayah, anggènipun lumampah, mila lajêng sami lêrêm

--- 293 ---

wontên ing ngriku. Sêsêpuhipun suka palilah tiyang-tiyang wau sami milih piyambak-piyambak, sapakangsalipun, mila pating salêbar sakiwa têngêning talaga, pangangkahipun badhe sipêng wontên ing ngriku sadalu. Kawuningana sinuwun (Prabu Yudhisthira), dupi sampun têngah dalu, para dagang sampun sami tilêm, wontên sagêlênging gajah wanan, badhe ngombe dhatêng lèpèn, ing ngriku sumêrap para dagang ingkang mbalasah wontên sakiwa têngêning talaga, tuwin sakathahing gajah momotanipun. Nalika gajah wanan priksa gajahipun para dagang, pilinganipun akêkotos toya sami gambira, nêmpuh gajah emahan wau. Pangamukipun gajah wanan sangêt anggêgirisi, suwantênipun kadi longsoring pucak rêdi. Para dagang ingkang sami tilêm ing margi dhatêng talaga, kaidak-idak pangamukipun gajah wanan, kados punapa kagètipun têtiyang wau, lajêng sami lumajêng salang-tunjang pados pangungsèn, sawênèh mlêbêt ing garumbul, wontên ingkang amping-ampingan kajêng agêng, wontên ingkang pêjah tumancêp ing gadhing, katlale, saha kaidak ing gajah wau. Kathahing unta tuwin kapal momotan ingkang pêjah tanpa wicalan. Pintên-pintên tiyang pêjah ingkang jalaran tumbukan kalihan kancanipun piyambak, awit saking sampun pêtêng pandêlêngipun, labêt sangêt miris manahipun. Rame swaraning sêsambatipun, wontên ingkang andhawah ing siti, mènèk ing kêkajêngan, wontên ingkang angglundhung ing jurang. Dhuh, sinuwun Prabu Yudhisthira, nalika katrajang pangamuking gajah wanan wau para waisya karisakan agêng. Swaranipun rame yayah manêngkêr wiyati, sami alok-alok: "Galo-galo ana gêni ngalad-alad, liwat, liwat, liwat, enggal mlayua. Yagene mlayu, intên kang mawut-mawut [mawut-...]

--- 294 ---

[...mawut] iku jupukana, kok, nggagas intên, intên iku rèmèh yèn tinimbang jiwa." Makatên ucapipun para dagang nalika katrajang pangamuking gajah wanan wau. Kados punapa kagètipun sang dèwi ingkang paningalipun kadi ron tunjung punika sarêng mirêng swaraning sêsambat, saha palajêngipun tiyang tuwin gajah sarta unta, enggal jumênêng kalayan sakalangkung gêtêr panggalihipun, mila lajêng andhawah satêngah kantaka. Sapêngkêripun gajah wanan, para dagang sisaning pêjah sami rêrêmbagan, makatên ucapipun: "Dosa êndi kang gawe karusakan iki, mbokmanawa saka anggonku padha ora ngajèni marang Dèwi Manipraba, kiraku iku Hyang Wisrawana, ratuning para yaksa utawa bisa uga marga kurang sêsajiku marang dewa kang nganakake karusakan iki, sarta ora mêmuji ing panjênêngane nalika wiwit lumaku, apa saka anggonku padha ngêlokake manuk kang padha ana ing tlaga mau, awit yèn anut petunging dina, ora ana kang ora bêcik, dadi têmtu saka iku mau salah siji, kang anjalari anane karusakan gêdhe iki."

Wangsulanipun prikancanipun ingkang ugi kecalan rajabrana agêng saha sanak sadhèrèkipun, makatên: "Anggonku nandhang karusakan samene gêdhene iki, têmtu saka panggawene wong wadon kang kaya janggitan, kang panganggone ora lumrah lan wong akèh iku. Mbokmanawa iku rasaksi utawa wisaci, wis ora sêmang-sêmang manèh, têmtu yèn dhèwèke kang gawe sangsara iki. Yèn kang karusakane para dagang iki katon manèh, banjur padha dibandhêmi watu utawa disawuri lêmah, digitiki, apa ditêmpilingi bae."

Rikala sang dèwi mirêng rêraosanipun para dagang wau, sangêt gêtêr panggalihipun, mila lajêng lumêbêt ing

--- 295 ---

grumbul, nêdya angoncati bêbaya ingkang badhe andhatêngi, sarwi anetah dhatêng sariranipun piyambak, makatên: "Kongsi samene bêbênduning dewa marang aku, dene tansah katula-tula ora olèh pitulungan, apa baya kang dadi kaluputanku. Saelingku, durung tau aku gawe ala marang wong liya, sanajan sarana pamikir apa wicara utawa panggawe, gèk êndi panggaweku kang anjalari kaluputan iki, wis têmtu ora saka dosaku, ing kauripan kang wus kapungkur, tuwuhe karusakan samene gêdhene, kaya ta: ilange karaton, dikalahake sanak dhewe, pisah lan anak bojo, ijèn ana ngalas kang kêbak sato galak, ora ana kang ngayomi."

Kunêng kawontênaning dalu karisakan wau, enjingipun para dagang ingkang taksih gêsang lajêng sami kesah saking ngriku, sarwi mrihatosakên sirnaning brana sarta kadang warganipun. Dene Dèwi Damayanti kantun anggana, kalayan asambat-sambat, pangandikanipun makatên: "Apa baya kalèrune tindakku, dene lagi antuk nunutan bae, wong mau banjur padha karusakan dening gajah alasan, kabèh mau saka apêse jasadku, cêtha yèn anggonku nandhang karusakan iki isih suwe. Pangandikane para wrêdha, ora ana wong bisa mati yèn durung mangsane, mulane aku ora mati kapidak ing gajah, ora ana lêlakon kang sinandhang ing salah sawijining wong yèn ora saka pêpasthène dhewe, mangka wiwit eling aku durung tau gawe piala kang samene gêdhene ukume. Bokmanawa anggonku pisah lan Prabu Nala iki saka panggawene para dewa kang ora kapilih nalika ngêdêki sayambara, awit aku milih Prabu Nala."

Satêlasing sêsambatipun, Dèwi Damayanti jumênêng nêdya nglajêngakên lampahipun, sarwi prihatos, pasuryanipun

--- 296 ---

katingal pucêt, kadi lintang karainan, lampahipun sang dèwi nunut para brahmana sêsarênganipun para dagang ingkang sami karisakan ing dalu wau, nanging lajêng kapisah-pisah wiwit nalika katrajang pangamukipun gajah wanan. Lampahipun para brahmana wau gêgancangan, mila wanci sontên sampun dumugi prajanipun Prabu Subahu, narendraning bangsa Cèdhi. Lêbêtipun ing kitha sang dèwi nyampingipun inggih taksih lêstantun amung sasigar, sariranipun kêra, netranipun nyurêng, rikma mawut-mawut, sariranipun sakojur lêbus dening balêdug, katingalipun kados tiyang ewah sangêt anggêgilani, mila tiyang-tiyang ingkang kapapak sami sêmu ajrih. Nanging rare-rare malah lajêng sami ngênginthil kalihan anggêgujêng. Ngantos cêlak kalayan kadhaton sang dèwi taksih dipun kêkinthil ing rare kathah, awit kakintên tiyang ewah. Kala samantên pramèswari nata ing Cèdhi pinuju wontên ing panggungan ngungkang margi agêng, dupi priksa pawèstri sakêlangkung mêmêlas, dipun kinthil sarwi dipun gêgujêng ing rare kathah, lajêng dhawuh dhatêng parêkanipun, makatên pangandikanipun: "Bocah wadon wong iku timbalana mrene, têka mêmêlas têmên, wujude mangkono, nganggo dibeda lan digêguyu dening bocah samono akèhe, sêmune bocah wadon iku kapiran, dadi prêlu dipitulungi. Pangiraku bêcik, manawa wong iku dak pupu ana ing kadhaton. Wruhanamu, bocah wadon, nadyan panganggone kaya wong owah, nanging rupane pancèn linuwih, iku bokmanawa Bathari Sri mancala warna wong kalara-lara."

--- 297 ---

Catatan kaki:

1. palarasan (kembali)