Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

Sêrat Mahabharata No. 12.

7 Dhesèmbêr 1959.

__________

Parêkan ingkang tampi dhawuh ugi lajêng pangkat, sarêng sampun cêlak kalayan sang dèwi, amiyak rare-rare ingkang sami ngrubung. Dèwi Damayanti tumuntên kairit lumêbêt kadhaton. Dupi sampun dumugi ing ngarsanipun sang pramèswari, parêkan pitakèn dhatêng Dèwi Damayanti, ucapipun makatên: "Sanadyan mangkono panganggonira, ewadene isih katon ayu, dadi kêna diarani kaya rêmbulan kasasaban mêndhung. Mbok ngantèn sapa jênêngmu, lan sapa kang mêngku kowe, sanajan kowe ora karêngga ing busana, ewadene endahing rupamu pinunjul sapadhaning wadon, saha pasêmonmu katon ayêm bae, apa kowe ora keguh dening pangerang-eranging ngakèh?"

Sang dèwi mangsuli pangandika: "Kula pawèstri kang sangêt bakti dhatêng laki, nanging sawêg nandhang papa. Kula nggaluyur tanpa sêdya, dene ingkang kula têdha woh-wohan, oyod-oyodan ing wana ing pundi anggèn kula kadalon. Inggih ing ngriku patilêman kula, mbotên mawi kanthi. Manawi laki kula tiyang utami sarta sangêt sih ing kula, punapadene kula ugi sangêt sih trêsna ing piyambakipun, mila tansah tut wingking sapurugipun, kados wêwayangan, nanging dumadakan laki kula wau kalimput pamanahipun, lajêng rêmên kasukan dhadhu. Sarêng kawon ngantos têlas-têlasan, lajêng lumêbêt ing wana. Dhatêng pundi-pundi tansah kula kêkinthil, pangangkah kula dadosa panglipuripun, sinjangipun laki kula wau amung salêmbar kados tiyang ewah, gêsangipun kasakit-sakit. Nuju satunggaling [satung...]

--- 298 ---

[...galing] dintên, laki kula karaos sangêt ngorong sarta kaluwèn, ingkang lajêng dados jalaran icaling sinjangipun salêmbar. Saicaling sinjangipun lajêng bingung kadi tiyang ewah, kula lêstantun tut wingking, ngantos pintên-pintên dintên nusup-nusup ing wana, mbotên tilêm-tilêm. Sarêng kula kraos sayah sangêt, kula lajêng tilêm, sinjang kula dipun kêthok sapalih, têrus anilar kesah, kula padosi ngantos dumugi sapriki dèrèng pinanggih. Semah kula ingkang gandanipun kadi sêkar tunjung punika, tansah kumanthil wontên ing manah kula. Semah kula bagus kadi dewa, inggih punika ingkang damêl rudatosing manah kula."

Sang pramèswari lajêng mangandikani Dèwi Damayanti ingkang sawêg sêsambat mêlasasih, suwaranipun pêdhot-pêdhot labêt saking sangêt wêlasipun, makatên pangandikanipun: "Hèh, mbok ngantèn, aku rêna ndulu warnamu, sarta bangêt wêlas, ngrungu sangsaramu mau, mula yèn kowe gêlêm ana ing kadhaton ingsun bae, sang prabu dimèn utusan ngupaya lakimu utawa mbokmanawa lakimu suwe-suwe têkan ing nagara kene dhewe, dadi bisa katêmu lan lakimu manèh."

Atur wangsulanipun Dèwi Damayanti: "Dhuh, pramèswari nata, kula inggih sagah badhe suwita ing panjênênganipun sang pramèswari, nanging kula darbe bêbana, sampun ngantos kula kadhawuhan nêdha lorotanipun sintên kemawon, kula sampun ngantos kadhawuhan mijiki sampeyan tuwin kautus pinanggih tiyang jalêr. Manawi wontên tiyang jalêr anjawat ing kula, mugi tampia pidhananipun sang prabu, dene manawi wontên tiyang badhe rudapêksa ing kula, dipun patrapana ukum pêjah. Punapadene kula badhe mêling dhatêng

--- 299 ---

para brahmana ingkang kapiji ngupaya semah kula, bilih panuwun kula sadaya wau dipun parêngakên, kula inggih sandika suwita wontên ing ngriki."

Sang pramèswari karênan ing galih, lajêng ngandika makatên: "Panyuwunmu dak parêngake, amarga pancèn pantês dituruti."

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, narendra têdhak Bharata, ing nalika punika sang pramèswari lajêng ngandika dhatêng putrinipun ingkang pêparap Dèwi Sunandha, makatên pangandikanipun: "Wong wadon kang kaya widadari iki dimèn dadi kanthinira, kaya-kaya kaanane Sarindri, amarga umur-umurane kaya barakan lan sira, mula dibêcik pangrêngkuhira, aja kurang sumêrêp." Dèwi Damayanti lajêng katampèn kalayan suka rênaning panggalihipun Dèwi Sunandha, saha lajêng kaajak dhatêng têngganipun. Saking saening pangrêngkuhipun Dèwi Sunandha, mila Dèwi Damayanti sakêlangkung sênêng wontênipun ing kadhaton Cèdhi, sadaya panyuwunipun dipun turuti."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak gangsal, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 66.

SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, sinuwun, mbotên watawis dangu, kapisahipun kalayan ingkang garwa, Prabu Nala priksa latu murub mangalad-alad badhe anyalad wana agêng. Ing têngahing latu kapiyarsa wontên swaraning [swara...]

--- 300 ---

[...ning] sêsambat, mila Prabu Nala ingkang ambêg wêlasasih, sigra marêpêki kalayan ngandika sora: "Aja sumêlang" kalayan ngandika makatên wau, sang prabu lumêbêt ing latu. Ing ngriku naga ngalêkêr langkung agêng, dupi priksa dhatêng Prabu Nala, naga lajêng matur, swaranipun ndharêdhêg, ucapipun makatên: Kawuningana sinuwun, kula punika sawêr, nama Karkotaka. Ing nguni kula cidra dhatêng Maharsi Naradha, ingkang agêng kasutapanipun, mila lajêng dipun sotakên makatên: "Aja bisa lunga-lunga saka ing kene, kaya dumadi kang ora bisa obah, sadurunge Prabu Nala tumêka, iya ing nalika iku luwarmu saka êsotku." Inggih makatên wau witipun, mila kula mbotên sagêd mingkêt saking ngriki. Dhuh, sang prabu, kula badhe ngaturakên pamrayogi ingkang dados sarana karaharjan paduka, mila suwawi kula dipun luwarana, murih kula sagêd dados mitra paduka salami-laminipun. Tumrapipun sinuwun, ènthèng kemawon boboting badan kula.

Satêlasing aturipun, sawêr lajêng mancala warni alit, amung sajêmpol asta, ingkang tumuntên kaasta dhumatêng Prabu Nala kabêkta mêdal saking latu. Sadumugining njawi lajêng badhe kasèlèhakên, ing ngriku pun naga enggal matur malih dhatêng Prabu Nala, makatên: "Dhuh, sinuwun, kula sampun paduka sèlèhakên ing siti, sadèrèngipun sang prabu lumampah malih sawatawis, kalayan amicali tindak paduka, wigatos kula badhe atur piwalês kautamèning panggalih paduka."

Prabu Nala ugi miturut, lumampah malih sawatawis, kalihan mical tindaking sampeyanipun, satunggal kalih salajêngipun, sarêng dumugi kaping sadasa, pun Karkotaka lajêng nyokot astanipun Prabu Nala (dasa punika têmbung

--- 301 ---

Sanskrta, nanging têmbung dasa ugi atêgês cakot). Dupi kacakot ing sawêr wau, Prabu Nala suwarninipun lajêng malih sami sanalika. Kados punapa pangungunipun Prabu Nala, sarêng wuninga manawi santun warni, tuwin sawêr lajêng malih agêng kados suwaunipun, matur ngarih-arih dhatêng Prabu Nala ucapipun makatên: "Sulistyaning warna paduka kula sirnakakên, pangangkah kula murih sampun ngantos wontên tiyang sagêd priksa dhatêng panjênênganipun sinuwun. Kawuningana ingkang damêl kasangsaran punapadene sungkawa paduka inggih punika satru ingkang wontên salêbêting guwagarba paduka. Mêngsah wau samangke badhe kraos sakit, awit kapandukan ing wisa kula. Sadèrèngipun kesah tamtu tansah nandhang sakit, awit saking kobar dening wisa kula wau. Dhuh, Prabu Nala, paduka sampun sumêlang ing galih, kula badhe tansah rumêksa saking piawoning mêngsah paduka ingkang tansah badhe damêl karisakan. Witipun amung saking pamurina, ingkang lêrêsipun paduka mbotên pantês karisak makatên wau, awit saking pangrêksa kula, paduka saèstu kalis saking panangsayaning sadaya sato ingkang darbe siyung, saking mêngsah soting para brahmana. Punapadene wisa kula ingkang wontên salêbêting sarira, mbotên anjalari karisakan paduka. Dhuh, narendra linangkung, paduka badhe tansah unggul kalayan sadaya mêngsah paduka; dintên punika ugi paduka kaparênga tindak dhatêng praja Ayodya, marêka Prabu Ratuparna,[1] ingkang lêbda dhatêng sakridhaning ngabotohan. Manawi sampun pinanggih kalayan panjênênganipun, lajêng matura manawi paduka kusir nama Bahuka, pawingkingipun Prabu Rêtuparna badhe marah ing paduka prakawis kawruh kasukan dhadhu, sumêrap

--- 302 ---

lêlintunipun kawruh mangrèh turangga, ingkang sampun dados kasagêdan paduka. Prabu Rêtuparna, narendra têdhak Iswaku, punika badhe dados mitra darma paduka salami-laminipun, manawi paduka sampun winêjang kawruh bab kasukan dhadhu. Paduka badhe manggih kamulyan sarta badhe pinanggih malih kalayan pramèswari saha para putra paduka, punapadene badhe jumênêng nata malih. Atur kula sadaya wau mbotên cidra, mila dipun berata sungkawaning panggalih, manawi panjênênganipun sinuwun badhe karsa ngatingalakên suwarni paduka, mugi sinuwun angèsthia dhatêng kula, saha kaparênga ngrasuk pangagêman punika, sampun saèstu lajêng wangsul kados ing nguni-uni." Kalawan wicantên makatên, Karkotaka sarwi ngaturakên kawaca kadewatan kalih warni. Sasampunipun matur saha ngaturakên kacawa kadewatan, naga lajêng musna mbotên katingalan."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak nênêm, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 67.

SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Sapêngkêring naga, Prabu Nala nglajêngakên tindakipun. Dupi angsal sadasa dintên, lampahipun Prabu Nala sampun dumugi kitha Ayodya, lajêng marêk Sang Prabu Rêtuparna, aturipun: mbotên wontên tiyang ingkang kasagêdanipun mangrèh turangga satimbang kalayan kula, makatên ugi kula mbotên kewran sawarnining kawruh, kasagêdan kula rêratêng inggih

--- 303 ---

mbotên wontên ingkang nyamèni. Kula lakar tansah ngudi sagunging kawruh ingkang sampun gumêlar ing marcapada, sarta sakathahing kagunan. Dhuh, sang prabu, punapa kula kaparêng suwita ing ngarsa paduka."

Prabu Rêtuparna mangsuli pangandika, makatên: "Hèh Bahuka, satêkamu ing prajaningsun, muga nêmua basuki, sêdyanira bakal kalakon, awit panjênêngan ingsun kapengin bisa nunggang rata kang rikat bangêt lakune. Mulane sira pratelakna kawruh prajanari kapriye pamilihe, supaya ingsun bisa milih jaran pangirid kang bantêr playune. Sira ingsun wisudha dadi panggêdhening bocah gamêl, pêpancinira sapuluh èwu, dene Warsneya lan Jiwaya dadi kalerehanira. Pangiraningsun sira ora cuwa diladèni wong loro mau, mula disênêng pamanggonira ana prajaningsun."

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Wiwit kala samantên Bahuka lajêng suwita dhatêng Prabu Rêtuparna. Pangrêngkuhipun sang prabu dhatêng Bahuka sangêt rumêsêp, Warsneya kalihan Jiwaya tansah ngladosi. Sasampunipun karaos sênêng wontên ing Ayogya Prabu Nala katêtangi èngêtipun dhatêng ingkang garwa, mila sabên sontên tansah rêngêng-rêngêng, têmbungipun makatên: "Ngêndi baya dununging wong kang kasangsaya nguni, dene gung katula-tula, nèng alas tanpa kanthi. Kasrakat tan olèh pangan, miwah kasadan ing warih lêsu lungkrah badanipun, awit suwene lumaris, jroning tyas ngèlingi marang piala kang uwis-uwis gèk sapa kang ingêntenan, wong iku ing dina iki."

Ing satunggaling dalu, salêbêtipun Prabu Nala rêngêng-rêngêng makatên wau, Jiwala pitakèn: "Bahuka, sing andika sambatakên makatên wau sintên, kula mbok andika cariyosi."

--- 304 ---

Wangsulanipun Prabu Nala: "O, makatên, wontên wong tuna budi, darbe semah sakalangkung endah, wêkasan wong lanang wau nyidrani jangji ninggal bojone, awit pinêksa dening bingunging ati. Sasampun nilar semahe, têtiyang wau lajêng kesah nglambrang kalihan nandhang prihatos, rumaos mbotên jênjêm manahe. Nuju sawijining dintên wong wau èngêt dhatêng semahe, lajêng rêngêng-rêngêng kados sing kula tirokake wau. Sarêng panglambrange sampun njajah pintên-pintên nagari, wasana tiyang jalêr wau angsal pangayoman, ing ngriku lajêng kèngêtan dhatêng kang èstri, nalika ngêtutakên lampahipun wontên ing wana, nanging lajêng ditilapake ijèn mbotên sumêrap ing pundi-pundi, mbotên olèh pangan sarta pangombèn, mangka alas wau kathah satone galak."

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Suwitanipun wontên ing Ayodha mbotên kasumêrapan tiyang manawi punika Prabu Nala."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak pitu, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 68.

SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun kecalan karaton, Prabu Nala tuwin pramèswarinipun, sami nglampahi dados abdi. Dhuh, narendra têdhak Bharata, dupi Prabu Bhima mirêng pawartos lolosipun ingkang putra saking kadhaton, enggal nyêbar para brahmana kautus ngupaya ingkang putra sakalihan. Sasampunipun kaparingan

--- 305 ---

arta saha busana, lajêng sami dipun pangandikani makatên: "Sampeyan sami ngupadosi Prabu Nala kalihan pun Damayanti, pundi ingkang angsal damêl sagêd manggihakên ing pundi dunungipun, sarta lajêng ambêkta mantuk ing kadhaton kula, badhe kula ganjar lêmbu sèwu, siti dhusun ingkang rêja kados kitha. Bilih mbotên sagêd ambêkta, nanging sagêd suka pitêdahing dunungipun, badhe tampi ganjaran ingkang pangaosipun sami kalihan lêmbu sèwu."

Para brahmana nalika mirêng pangandikanipun sang prabu makatên wau, sami suka pirêna panggalihipun, lajêng sami pangkat ngupaya Prabu Nala sakalihan pramèswari Dèwi Damayanti dhatêng ing dhusun-dhusun, tuwin ing kitha-kitha, ananging sami mbotên angsal damêl, ewadene Brahmana Sudewa nalika lampahipun dumugi ing nagari Cèdhi, priksa Dèwi Damayanti wiraosan kalihan Dèwi Sunandha, bilih sulistyaning warninipun sang dèwi gampil dipun sumêrapi, awit cahyanipun mancorong kadi kartika, ananging wêkdal punika kadi wulan kasasaban mega. Brahmana Sudewa sarêng priksa dhatêng sang dèwi ingkang njait paningalipun, sanadyan amung sagêbyaran saha sangêt risak sariranipun, ewadene lajêng mbotên pangling, manawi ingkang katingal punika Dèwi Damayanti panglocitanipun: "Saka pangrasaku suwarnine sang putri iki padha bae karo nalika ana kadhatone ingkang rama nguni. Bêgja kêmayangan, dene aku bisa katêmu karo sang ayu, kang pindha apsara kaswargan, cahyane madhangi jagad, kaya rêmbulan tanggal nom, pranajane mungal mimbuhi adining sawangan, paningale kocak, sumorot anunjung biru, manise kaya Dèwi Ratih, cahyane kaya soroting rêmbulan. Apês têmên lêlakone,

--- 306 ---

kongsi kaya tunjung binêdhol saka talaga Widarba, banjur kaurugan balêthok, awit sêruning prihatin, dene kapisah karo kang raka. Sang ayu yèn sinawang, kaya wayah bêngi nuju bulan, nanging rêmbulane diuntal Asura Rahu utawa kaya kali kang asat banyune, malah mèmpêr kaya talaga kang tunjunge bosah-basih, amarga kaobrak-abrik ing gajah, manuke banjur mawut-mawut, awit bangêt giris. Dèwi Damayanti nyata linuwih, pantês lênggah ana ing palênggahan kancana rinêngga ing sêsotya, nanging samêngko kaya tunjung binêdhol saoyode, banjur alum, awit kasangsaya panasing srêngenge. Kagawa saka dhasare pancèn pinunjul, mula sanadyan sang dèwi iku sarwa kuciwa pangagêmane, apadene isih sumorot kaya rêmbulan andhadhari, kang katutupan mêndhung, samêngko sang dèwi kapisah lan kang padha ditrêsnani, kauncatan kasênêngan, nandhang karusakan, panggalihe tansah ginrikitan rasa sêdhih, awit ora pêdhot-pêdhot pangarêp-arêpe bisane katêmu lan kang raka. Têlalene wong lanang iku pêpêthingane wong wadon, kagawa tinilar kakunge, nadyan sang ayu pancèn linuwih, ewadene katon alum, gèk kaya apa abote panggalihe Prabu Nala, dene kongsi nilar kang garwa. Aku bae karanta-ranta andulu sang dèwi kang pancène mukti wibawa ana ing jroning kadhaton, samêngko mangkene sangsarane, gèk besuk apa sang dèwi bisa mêntas saka samodraning kasangsaran, bisa katêmu lan kang raka, kaya rohini (garwanipun rêmbulan Sang Hyang Candra) bisa katêmu lan rêmbulan manèh. Yèn Prabu Nala bisa katêmu lan kang garwa manèh, wus têmtu sukaning panggalih kaya ratu kelangan karatone, banjur olèh karaton. Dèwi Damayanti wus satimbang dadi garwane [gar...]

--- 307 ---

[...wane] Prabu Nala, awit padha pinunjul ing warna, yuswane iriban, sang dèwi kang kagarwa ing ratu sêkti mandraguna, linuwih pangwasane, kang samêngko lagi nawung prihatin, amarga pisah lan kakunge, iku ayak bêcik tumuli dak lêlipur, dimèn aja tansah ngarêp-arêp pati."

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun ngudaraos makatên, Brahmana Sudewa nyêlaki Dèwi Damayanti, sarwi matur makatên: "Dhuh, sang dèwi, kula pun Sudewa, kêkasihipun raka jêngandika, dhatêng kula ing ngriki ngêmban timbalanipun rama jêngandika sang prabu, ngupaya jêngandika. Kawontênanipun rama tuwin ibu jêngandika, saha kadang warga sami raharja, punapa malih putra jêngandika kalih pisan, dumugi ing dintên angkat kula saking nagari mbotên kirang satunggal punapa, ananging sadaya wau sami sangêt prihatos, ngraosakên lolos jêngandika saking kadhaton, mila maatus-atus para brahmana ingkang sami kautus ngupaya ing jêngandika."

Maharsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, sinuwun, rikala Dèwi Damayanti wuninga dhatêng Brahmana Sudewa, enggal asung pambage kalayan anoraga, sarta lajêng nungsung pawartos kawontênanipun para kadang kadeyan saha para mitra tuwin kêkasihipun, wasana lajêng karuna kalara-lara wontên ngajêngipun Brahmana Sudewa, tatungguling brahmana saha puruhitanipun para kadang ingkang dhatêngipun ing ngriku mbotên kanyana. Ing nalika Dèwi Sunandha priksa manawi Dèwi Damayanti pêpanggihan piyambak kalayan satunggaling brahmana, sarta lajêng kalara-lara, enggal matur ingkang [ing...]

--- 308 ---

[...kang] ibu makatên: "Ibu, Sairindri nangis kalara-lara wontên ngajêngipun satunggaling brahmana, katingal sangêt mêmêlas, mila manawi panuju ing karsa, mugi ibu kaparênga ngrêrapu." Sang pramèswari ugi lajêng jêngkar saking palênggahan, marêpêki Dèwi Damayanti. Dupi sampun cêlak sang pramèswari mbotên kasupèn dhatêng Brahmana Sudewa, mila lajêng matur: "Dhuh, Brahmana Sudewa, bocah wadon niki sintên kang darbe semah, sarta anake sintên? Kadospundi wiwitipun, dene pawèstri makatên endahe, têka kapisah kalihan priyane, tuwin kadospundi dene nalika jêngandika priksa manawi tiyang punika kanthi papa sangsara. Suwawi brahmana, jêngandika kaparênga nyariyosakên sadaya wau." Dupi Brahmana Sudewa tampi dhawuhipun sang pramèswari, lajêng mapanakên lênggahipun, sarta ingancarakên lêlampahanipun Dèwi Damayanti.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak wolu, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 69.

SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Brahmana Sudewa miwiti nyariyosakên: "Ing praja Widarba wontên narendra misuwur luhuring budi, jêjulukipun Mahaprabu Bhima, dene sang dèwi punika putrinipun ingkang sêsilih Dèwi Damayanti. Dhuh, pramèswari nata ing praja Cèdhi, wontên narendra jêjuluk Prabu Nala, putranipun Prabu Wirasena, inggih Prabu Nala ingkang anggarwa dhatêng Dèwi Damayanti, awit saking kawon anggènipun kasukan dhadhu, mêngsah [mêng...]

--- 309 ---

[...sah] kadangipun piyambak, têmah kajarah karatonipun. Sasampunipun kecalan karaton, Prabu Nala lajêng lolos saking praja, kadhèrèkakên pramèswarinipun, ing pundi tujuning pênggalih mbotên wontên tiyang priksa. Dupi Prabu Bhima mirêng pawartos, musnanipun Prabu Nala kalihan pramèswarinipun, enggal dhawuh dhatêng para brahmana, supados sami ngupaya. Sampun pintên-pintên wulan anggèn kula pangkat saking Widarba, anjajah ing kitha-kitha, padhusunan tuwin lumêbêt ing wana, bêbasan ron mangkurêp kula lumakahên, ingkang mlumah kula kurêpakên, ewadene mbotên angsal pawartos, mila kalunta-lunta dumugi ing pundi-pundi, wusana pinanggih wontên ing ngriki. Dhuh, gusti, kados mbotên wontên pawèstri titahing jawata ingkang mirib kalihan Dèwi Damayanti. Sang dèwi ingkang kaênèmanipun mbotên nate mindhak sêpuh punika, ing antawisipun imbanipun kiwa têngên wontên tohipun pêthak, dhapur sêkar tunjung, nanging samangke mbotên katingalan, awit kasasaban ing dhangkal, kados wulan kasasaban mêndhung. Toh pêparinging bathara makatên wau dados tandhaning kabêgjan, ewadene toh wau samangke lamat-lamat taksih kawistara, kados kawontênanipun wulan, nalika dumugi ing dintên têngahing wulan, nuju kasasaban mega. Suwawi dipun waspadakna, sanadyan Dèwi Damayanti sariranipun sampun kasasaban ing rêrêgêd sakêlangkung kandêl, nanging mêksa taksih katingal endah, sanadyan sampun dangu mbotên siram, ewadene inggih taksih mancorong kadi kancana, mila kula mbotên kasamaran dhatêng sang dèwi, awit kula titik saking pasariran tuwin tohing palarapan ing antawisipun wimba kalih pisan punika, candranipun kadi latu ingkang kalimputan ing urub."

--- 310 ---

Dèwi Sunandha kalihan ingkang ibu sami sanalika wau lajêng ngrangkul Dèwi Damayanti kalihan karuna. Dupi sampun sawatawis risang pramèswari nênggak waspa lajêng ngandika sarwi mêgap-mêgap, makatên pangandikanipun: "Katitik saka toh pita ing palarapanira, wus ora sêmang-sêmang manèh manawa sira putrine kakang mbok ing Widarba. Wruhanira ênggèr, ingsun apadene ibunira iku padha-padha putrine Prabu Sudaman, narendra ing Dasarna. Ibunira kagarwa Prabu Subahu, dene aku dipundhut Prabu Wirabahu. Lairira ana ing praja Dasarna, kadhatone kangjêng rama, ingsun mèlu nunggoni dhewe, dhuh anakku wong ayu, ingatase kowe ora ana bedane karaton ingsun lan karatone wong tuwanira sarupane rajadarbèk ingsun iya duwèkira."

Ing nalika wau Dèwi Damayanti lajêng manêmbah sarwi matur: "Sadèrèngipun kula priksa dhatêng kangjêng ibu, punapadene kangjêng ibu priksa manawi kula pun Damayanti, kula sampun rumaos bêgja manggèn ingriki, awit sadaya pêpenginan kula sagêd kalêksanan, punapadene pangrêngkuhipun kangjêng ibu dhatêng kula sangêt adamêl bingahing manah, langkung malih samangke, saèstu badhe saya wimbuh mulya. O, ibu, sampun dangu anggèn kula nandhang papa kapisah kalayan sadaya ingkang kula trêsnani, mila kangjêng ibu mugi marêngna kula pangkat mantuk dhatêng Widarba dintên punika, awit anak kula kalih pisan sami wontên karatonipun rama prabu, gèk kados punapa mêmêlasipun lare-lare wau, sasampunipun kapisah kalihan bapakipun, mbotên katênggan ing biyung. Awit saking punika, manawi kangjêng ibu panuju

--- 311 ---

ing panggalih, kula dipun paringana tumpakan, ingkang ambêkta kula dhatêng Widarba ing dintên punika ugi."

Risang pramèswari mangsuli pangandika kalayan sêmu sungkawa, makatên pangandikanipun: "Prayoga, ênggèr," sarta lajêng dhawuh mirantos jêmpana adi, kalayan kairing ing wadyabala sawatawis, ingkang badhe ngurung-urung jêmpana. Ing nglêbêt jêmpana cinawisan dhêdhaharan warni-warni, saha pangunjukan, punapadene pangagêman adi sakalangkung kathah. Sasampunipun samêkta lajêng bêbodholan, mbotên antawis dangu dumugi ing Widarba. Kados punapa bingahipun para kadang kadeyan anggènipun nampèni Dèwi Damayanti. Rikala sang dèwi wuninga para kadang kadeyan, putranipun kalih pisan, rama tuwin ibu, punapadene para êmban tuwin inya, saha cèthi parêkan, enggal manêmbah ing dewa, tuwin dhatêng para brahmana, miturut sasuraosing sêrat sukci. Sang prabu sakalangkung lêga panggalihipun, mila lajêng misungsung lêmbu sèwu, rajabrana sakêlangkung kathah, tuwin siti mardikan dhatêng Brahmana Sudewa. Sasampunipun lèrèh sadalu, saha sampun sawatawis enggar, Dèwi Damayanti matur ingkang ibu makatên: "Dhuh, ibu manawi paduka amrih widadaning gêsang kula, mugi ibu tumuntên utusan ngupaya musnanipun Prabu Nala."

Rikala ingkang ibu midhangêt aturipun ingkang putra Dèwi Damayanti sakalangkung ngêrês panggalihipun, mbotên kawawa nahên wêdaling waspa, mila ngantos mbotên sagêd ngandika, tiyang sakadhaton ugi lajêng sami nangis. Sakèndêlipun anggèning karuna sang pramèswari lajêng munjuk dhatêng sang prabu, aturipun: "Pun Damayanti sangêt risak manahipun, ngraosakên icaling lakinipun, ingkang sadaya

--- 312 ---

wau sampun kaprasajakakên ing kula, mila mugi wontêna karsanipun sinuwun, utusan ngupaya kaki prabu."

Sanalika wau sang prabu lajêng nyêbar para brahmana dhatêng sakathahing nagari-nagari saha kitha-kitha, padhusunan tuwin ing wana punapadene ing parêdèn. Para brahmana ingkang sami tampi timbalanipun sang prabu, lajêng sami pinanggih Dèwi Damayanti, sapêrlu sami nyariyosakên tujuning pangupayanipun. Satêlasing aturipun para brahmana, Dèwi Damayanti lajêng mitungkas dhatêng para brahmana, makatên pangandikanipun: "Dhuh, para brahmana, sabên wontên tiyang garombolan, ing dhusun-dhusun tuwin ing kitha-kitha, jêngandika mugi lajêng kakidungana ingkang sora, ucap-ucapaning kidung wau makatên: "Ngêndi baya dununge kang pasthi, sira kaki botoh, wus nyata ngêthok tapih saparone, nuli ninggal bojone kang bêkti, ing nalika lagi enak-enak nggone turu. Ana ngalas kang kaliwat wingit, wit sangêt kalêson, duk ngalilir tan ana lakine, nguwuh-uwuh sarwi kalara-lara nangis, nganan-ngering sêpi, sigra lunga nglaut, angupaya mring priyanirèki, prasêtya ing batos, nora salin-salin têtapihe, lamun durung kalakon kapanggih, dhuh, ratu linuwih, kaparênga kondur."

Mila makatên suraosing kidung, murih sagêd nênangi wêlasipun dhatêng kula, awit sarana pitulunganing angin, latu, sagêd ambrastha wana, manawi sampun lajêng angidung malih makatên suraosipun"

pan wong wadon wajibipun | winêngku lan dèn opèni | dening guru lakinira | pagene paduka gusti | kang lêbda mring kawruh dharma | têka tan arsa tumolih ||

--- 313 ---

mring wajib kang sangêt prêlu | kalih prakawis ing nginggil | lamun darahing ngawirya | para wicaksana tuwin | susilèng tyas lir paduka | tilar kautamèn kongsi ||

sumêlanging manah ulun | manawi punika saking | apêsing badan kawula | mila paduka kang dadi | têtungguling pra utama | paring pangayoman gusti ||

mring ulun kang kawlasayun | wit paduka duk ing nguni | paring piwulang ing kula | yèn kautaman dadi[2] | kawajiban kang sanyata | luhur pribadi nèng bumi ||

Bagawan manawi satêlasing kidung jêngandika wau lajêng wontên tiyang wicantên, ingkang suraos mangsuli kidung andika, tiyang wau têtela priksa dhatêng kawontênaning lêlampahan kula, mila enggal dipun gatosna ucapipun, sarta dipun intipa ing pundi dunungipun, kula kapengin priksa kadospundi ucapipun, nanging dipun atos-atos, sampun ngantos wontên tiyang priksa, manawi anggèn jêngandika ngidungakên makatên wau saking pakèn kula. Punapadene sampun kirang titi anggèn jêngandika mratitisakên kawontênanipun, tiyang wau punapa tiyang mulya, punapa sangsara, utawi punapa bangsa luhur, punapa asor, enggalipun ingkang pramana dhatêng kawontênan tuwin solah bawanipun.

Sasampunipun pinitungkas makatên, para brahmana lajêng sami pangkat ngupaya Prabu Nala, anut sapitêdahing manahipun piyambak-piyambak, anjajah ing dhusun-dhusun ing kitha-kitha, sakathahing pratapan tuwin padhepokan, sabên wontên grombol-grombol lajêng ngidung kados wêlingipun sang dèwi.

--- 314 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak sanga, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 70.

SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Rêsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: Sasampunipun sawatawis dintên, Brahmana Pranadha, mantuk dhatêng praja Widarbha, mratelakakên kawontênaning lampahipun anggènipun ngupaya Prabu Nala, dhatêng Dèwi Damayanti, makatên ucapipun: "Dhuh, sang dèwi, anggèn kula ngupaya Prabu Nala, kalunta-lunta ngantos dumugi nagari Ayodya. Wontên ngarsanipun Prabu Rêtuparna, kula ngidung kados piwêlingipun sang dèwi, sanadyan ngantos rambah-rambah pangidung kula, ewadene panjênênganipun sang prabu, punapa para kadang kadeyan, satêlasing pangidung kula wau, mbotên wontên kawiyos pangandikanipun ingkang nawung raos mangsuli, nanging saundur kula saking ngarsanipun sang prabu, kula dipun bagèkakên tiyang nama Bahuka, kusiripun sang prabu, warninipun awon, malah tanganipun kuwaga, nanging kasagêdanipun mangrèh turangga pancèn linangkung, punapadene manawi rêratêng. Sasampunipun ngunjal napas rambah-rambah lajêng nangis, wasana takèn mênggah arjaning lampah kula; sasampunipun lajêng wicantên, ingkang kados tiyang cariyos dhatêng badanipun piyambak, ucapipun makatên: "Wong wadon kang susila, manawa tumiba ing sangsara, mangka isih lêstari rumêksa kabêcikane, têmtu bakal antuk swarga, sanadyan tininggal lakine têmtu ora tangi kanêpsone,

--- 315 ---

awit wadon kang susila uripe iku dhêdhasar kautaman. Pancèn ora prêlu yèn banjur muring-muring, amarga kalakone bojone lunga mau, kapêksa dening sangsara. Yèn wong wadon susila, têmtu ora nguring-uring marang wong kang jarite ilang kabandhang ing manuk, nalika nêdya golèk pangan, karo bangêt prihatin, luwih manèh yèn ngèlingi karusakane priyane, kang kelangan karaton lan kamulyan, nandhang kaluwèn, karo kapipit ing kasangsaran, nadyan kapriye solah bawane mau, têmtu ora dadi jalaran saksêrike."

Nalika kula mirêng ucapipun Bahuka makatên wau, kula lajêng enggal mantuk punika. Ing mangke sang dèwi sampun midhangêtakên atur kula, mila suwawi lajêng dipun panggaliha, kadospundi prayoginipun, punapadene lajêng ngaturana wuninga rama paduka sang prabu.

Rikala Dèwi Damayanti midhangêt aturipun brahmana, paningalipun kêmbêng-kêmbêng nênggak waspa, lajêng marak ingkang ibu, ingkang ing wêkdal wau mbotên wontên parêkan, êmban inya ingkang priksa, aturipun makatên: "Dhuh, ibu, kula kapengin ambêbingah panggalihipun Brahmana Sudewa, wontên ngarsanipun kangjêng ibu, manawi kangjêng ibu amrih widadaning gêsang kula, sampun ngantos kangjêng rama priksa dhatêng kajêng kula punika. Ibu sampun ngantos kadangon, Brahmana Sudewa dipun timbalana samangke lajêng kautusa dhatêng kitha Ayodya, angupaya Prabu Nala, sadumugining riku, lajêng masang isaratipun, kadidene ingkang sampun kapêngkêr, inggih punika dadosa sarana ingkang adamêl gampilipun ambêkta kula dhatêng karatonipun kangjêng rama."

--- 316 ---

Sasampunipun Brahmana Pranadha mantun sayahipun, dipun pisungsung Dèwi Damayanti, pinisungsung arta tuwin busana sakalangkung kathah, punapadene sang dèwi lajêng pratela dhatêng Brahmana Pranadha, makatên pangandikanipun: "Dhuh, brahmana, têmbe manawi Prabu Nala sampun rawuh ing ngriki, jêngandika badhe kula pisungsung malih, ingkang saya langkung kathah, awit gênging pitulungan andika ing kula. Sampun mbotên kenging winiraos, tiyang sanès têtela mbotên sagêd damêl pitulungan ingkang samantên agêngipun, dene kula tumuntên sagêd pinanggih Prabu Nala."

Satêlasing pangandikanaipun Dèwi Damayanti, Brahmana Pranadha nglairakên panarimahipun, lajêng sêsanti, murih karaharjanipun sang dèwi. Saparipurnaning sêsanti lajêng mantuk kalayan sênênging panggalih, dene lampahipun angsal damêl. Sapêngkêripun Brahmana Pranadha, sang dèwi katêtangi onêngipun dhatêng Prabu Nala, mila lajêng nimbali Brahmana Sudewa, wontên ngarsanipun ingkang ibu, dipun pangandikani makatên: Bagawan, jêngandika kaparênga lumampah dhatêng Ayodya kalayan gêgancangan, kados lampahipun pêksi, mbotên mawi kandhêg ing margi; sadumugining Ayodya, jêngandika matura dhatêng Prabu Ratuparna, makatên: "Sinuwun, Dèwi Damayanti, putrinipun Prabu Bhima, kadamêl sayêmbara pinilih malih, kathah para raja tuwin para ksatriya sanès-sanèsipun, ingkang sampun sami prapta wontên ing Widarba. Miturut petang kula, kêpyakipun sayêmbara wau, dintên benjing-enjing, mila manawi wontên kaparêngipun sinuwun, badhe ngêdêgi sayêmbara, sampun ngantos katalumpe, lajêng pangkata dintên punika

--- 317 ---

awit dintên benjing-enjing, sasampunipun surya malêthèk, punika sayêmbara dipun wiwiti, sabab sang dèwi mbotên wuninga, punapa Prabu Nala taksih sugêng punapa sampun suwarga."

Sasampunipun winêling-wêling, Brahmana Sudewa pangkat, sarta sasampunipun dumugi Ayodya, ugi matur dhatêng Prabu Rêtuparna, kados piwêlingipun sang dèwi.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 71.

SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Rêsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: Satêlasing aturipun Brahmana Sudewa, Prabu Rêtuparna, ngandika dhatêng Bahuka, kalayan têmbung manis, makatên: "Bahuka, sira misuwur lêbda mangrèh turangga pangirid, wruhanamu, ingsun arsa ngêdêgi sayêmbara Dèwi Damayanti, nanging wus kaslêpêk wancine, mula yèn lêga atimu, ingsun gawanên mênyang Widarba kang ora kongsi kasèp." Nalika Prabu Nala mirêng pangandikanipun sang prabu makatên wau, raosing panggalih kadi cinublês ing braja, sumuking prihatosipun ngantos kawistara wontên ing sêmu, pangandikanipun makatên: "Kalakone Damayanti banjur darbe pokal mangkene mau, mbokmanawa saka gêdhene kasusahane, adhuh, mêmêlas têmên Si Damayanti, dene kapêksa nglakoni mangkono, kagawa saka kasluruning lakuningsun, dadi têtelane wong wadon ora

--- 318 ---

mêntala nandhang boting kasangsaran, satêmêne pancèn kêbangêtên, klèruning tindak ingsun, nanging apa kalakon mangkono iku ora saka pancèn tipis katrêsnane marang ingsun, kang jalaran saka ingsun tilapake nguni. Mangka panduganingsun, Damayanti kang sulistya ing warna, sarta lagi nandhang kasangsaran ora ènthèng gawe tindak kang mangkono, manawa mung saka kasluruning lakuningsun, krana dhèwèke wus asêsuta karo panjênêngan ingsun, ewadene nyata orane prakara iki, kudu ingsun nyatakake dhewe. Dadi manawa ingsun nglêksanani karsane Prabu Rêtuparna iki, ngiras nuruti karsaningsun dhewe."

Sasampunipun nglocita makatên, Bahuka, kalihan rêkaosing manah, matur dhatêng sang prabu, sarwi manêmbah, makatên aturipun: "Sinuwun, abdi paduka Bahuka, amung sumarah sakarsa paduka." Awit saking dhawuhipun Sang Prabu Rêtuparna, Bahuka lajêng dhatêng gêdhogan, milih kuda pangirid, ingkang sabên-sabên sampun dipun pangandikani dhatêng sang prabu, supados sampun dangu-dangu pamilihipun. Mbotên watawis dangu Bahuka sampun milih kapal sawatawis, wujudipun mbotên lêma, nanging katingal kiyêng, pratandha manawi kuwawi lumampah têbih, tuwin napasipun landhung. Kapal wau bangsa kapal sae, graita, cirinipun prayogi, bolonganing irung wiyar, mbotên wontên kuciwanipun, unyêng-unyênganing irung wiyar, mbotên wontên kuciwanipun, unyêng-unyênganipun sadasa, asli saking praja Sindhu, plajêngipun rikat kadi angin. Nalika sang prabu priksa kapal ingkang dipun pilih dening Bahuka, lajêng ngandika ing sêmu kadi mbotên panuju dhatêng pamilihipun Bahuka, pangandikanipun makatên: "Bahuka, kapriye dene jaran mangkono wujude têka sira pilih, ora wurung gawe kapitunan,

--- 319 ---

jaran ringkih kaya mangkono apa kuwat nggawa ingsun, lumaku kang samono adohe."

Aturipun Bahuka: "Kapal ingkang kula pilih punika, ing bathuk sami wontên unyêng-unyênganipun satunggal, pilingan kiwa têngên ugi wontên unyêng-unyênganipun, sakawan wontên ing lêmpêng, ing dhadha sêkawan, wontên ing gêgêr satunggal. Kula kadugi namtokakên, manawi kapal punika sagêd dumugi ing Widarba. Ewadene manawi karsanipun sang prabu milih kapal sanèsipun, kula sumangga ing karsa, sarta badhe lajêng kula abah-abahi."

Sang prabu panuju dhatêng pamilihipun Bahuka, pangandikanipun: "Têtela patitis pamilihira, mula abah-abahana tumuli." Bahuka lajêng masang kapal sêkawan ing ngajênging rata. Kapal wau wujudipun sae, graita, lampahipun rikat. Sasampunipun samêkta kapal kajêngkèngakên, sang prabu minggah ing rata, kapal lajêng dipun purih ngadêg sarana apus, sarta kusir Warsneya ugi sampun minggah ing rata, pangirid rata wau lakar kuda pêpilihan, mangka dipun kusir Bahuka, ingkang wasis mangrèh turangga, kapal ndêngèngèk lajêng sumêbut, mbotên anapak siti. Sang prabu sangêt kagawokan dhatêng swara gumludhuging rata, saha kasagêdanipun Bahuka, dene Warsneya mbotên kêdhèp-kêdhèp pamawasipun, pangunandikanipun: "Apa iki kusire Bathara Indra, kang aran Matali, pangiraku Bahuka ora kasor kapintêrane mangrèh jaran pangirid, mbokmanawa Salihotra manjanma dadi Bahuka, utawa bisa uga Prabu Nala. Saka panyawangku solah bawane Bahuka angusiri rata wus ora beda lan panjênêngane, apamanèh umur-umurane Bahuka, mèmpêr bae lan panjênêngane

--- 320 ---

sang prabu, nanging Bahuka dudu Prabu Nala, kaprigêlane kaya Prabu Nala, mung bae ora kurang bangsaning ngawirya, kang anamur warna sudra, awit kapêksa dening kasangsaran utawa ngèstokake pituduhing agama, sanajan wong iki wujude ora mingsra, ewadene ora bisa ngingsêt kêncênging pandugaku, awit kiraku Prabu Nala iya bisa salin warna. Yèn umur-umurane Bahuka padha lan Prabu Nala sing beda mung wujude, kajaba mangrèh kuda, Bahuka uga wasis marang samubarang gawe, mula kaya ora klèru pangiraku mau." Ngantos dangu pun Warsneya anggènipun nggagas makatên wau. Makatên ugi Prabu Rêtuparna dupi priksa dhatêng kalangkunganipun Bahuka nglampahakên rata, warni-warni panyananing batos, kados panggagasipun Warsneya.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitungdasa satunggal, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 72.

SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Rêsi Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: Lêpas lampahing rata titihanipun Prabu Rêtuparna, nglangkungi lèpèn, rêdi, wana, tuwin talaga, cumlorot kadi pêksi mabur ing ngawang-awang. Nalika samantên Prabu Rêtuparna singêbipun dhawah, mila lajêng ngandika dhatêng Bahuka, makatên pangandikanipun: "Andèkna, rimong ingsun tiba, supaya dijupuk Warsneya." Atur wangsulanipun Bahuka: Agêm dalêm singêp sampun kantun têbih sangêt, saking dhawahing rimongipun

--- 321 ---

sinuwun, rata punika watawis sampun sayojana têbihipun, mila sampun mbotên sagêd mêndhêt.'

Salêbêtipun Bahuka matur makatên wau, lampahing rata dumugi sacêlaking wit wibitaka ingkang pinuju woh. Prabu Rêtuparna ngandika dhatêng Bahuka makatên: "Sira durung wêruh kabisan ingsun ngetung, ora ana wong kang kapintêrane ngetung padha kalawan ingsun. Ora sabên wong mumpuni kawruhe angetung samubarang. Wruhanamu Bahuka, cacahe godhong kang gogrog ana ing lêmah iku luwih satus, tinimbang kang isih ana ing wit, dene wohe kang gogrog, luwih siji tinimbang kang ana ing ngisor. Pange kang loro iku ana godhonge limang yuta, wohe rong èwu sangang puluh lima, mara nyatakna pang loro iku." Rata dipun kêndhalèkakên, Bahuka lajêng matur dhatêng Prabu Rêtuparna, makatên: "Dhuh, narendra pamunahing satru, paduka ndhawuhakên kasagêdan ingkang kula mbotên pisan-pisan anggagas, badhe kula nyatakakên. Wit wibitaka badhe kula kêthok pangipun, wontên ngarsanipun sinuwun. Lêrês lêpat manawi sampun kaperang, dene Warsneya supados nyêpêng apusing kuda pangirid."

Pangandikanipun sang prabu: "Yèn mangkono bakal kêsuwèn." Bahuka matur sarwi anoraga: "Gusti, Widarba samangke sampun cêlak, dados manawi panjênênganipun sinuwun kasêsa, Warsneya supados lajêng kadhawuhana ngusiri, awit samangke sampun ngancik margi waradin sarta lêrês."

Dhawuh wangsulanipun sang prabu: "Ora Bahuka, sajagad ora ana kusir kaya sira, apamanèh sira lêbda marang katuranggan, dadi mung sarana pitulunganira, ingsun kongsi

--- 322 ---

darbe pangarêp-arêp bisa têkan Widarba sadurunge plêthèking srêngenge, dadi bêgja cilakaning lêlakon ingsun, gumantung ana sira, mula aja sira nindaki samubarang kang gawe randhating kalu, dene pangarêp-arêpira bakal ingsun turuti, ugêr sira bisa nêkakake ingsun ing Widarba kaya kang sun tuturake mau.

Aturipun Bahuka: "Sampun kuwatos sinuwun, sasampunipun ngetang ron tuwin wohing kajêng wibitaka, kula taksih kadugi ndumugèkakên rata punika ing Widarba sadèrèngipun plêthèking surya." Kalayan awrating panggalih sang prabu ngandika: "Mara etungên, sawuse sira ngetung godhong lan wohe, sira wêruh nyatane tutur ingsun mau." Bahuka mandhap saking rata, ngêthok panging wit wibitaka, kados punapa gumunipun, dene sasampunipun kawical, têtela kados pambatangipun sang prabu, mila lajêng matur dhatêng Prabu Rêtuparna makatên: "Panjênênganipun sinuwun nyata linangkung, dene lêbda dhatêng kawruh ingkang makatên elokipun, abdi paduka Bahuka kapengin sangêt nyumêrapi wêwados ingkang damêl sumêrap dhatêng sanyataning cacahipun." Saking kasêsanipun sang prabu, mila amung dhawuh makatên: "Kajaba kawruh kanggo mêruhi cacahing samubarang, ingsun uga wus nyakup kawruhe wong dhadhu."

Aturipun Bahuka: "Mugi sinuwun nglunturna sih mulang kawruh kalih prakawis wau dhatêng kula, dene ingkang minangka wêwangsulanipun, kula badhe ngaturakên kawruh bab mangrèh turangga." Awit sang prabu pancèn kapencut dhatêng kasagêdanipun Bahuka mangrèh kuda pangirid, punapadene anggalih manawi sêdyanipun Bahuka wau têtela sae,

--- 323 ---

mila lajêng ngandika: "Prayoga, mara tampanana, kawruh wêwadine wong dhadhu lan metung samubarang. Sira banjur ngaturana kawruh bab pangrèhing turangga."

Sasampunipun ngandika makatên wau, sang prabu lajêng mêjangakên kawruh ingkang dados panyuwunipun Bahuka. Dupi Prabu Nala sampun kasinungan pangawikan bab kasukan dhadhu, Bathara Kali lajêng mêdal saking sariranipun Bahuka, sarta kèndêl anggènipun tansah nyêmburakên wisanipun Karkotaka. Sasampunipun mêdal saking sariranipun Prabu Nala, Bathara Kali lajêng uwal saking latuning upata. Ngantos dangu Prabu Nala tansah dipun rubeda dhatêng Bathara Kali, ngantos Prabu Nala kalampahan dados tiyang asoring budi. Sasampunipun mêdal saking guwagarba, Bathara Kali wangsul kawujudanipun sajati. Prabu Nala ratuning bangsa Nisadha, tansah mandêng dhatêng Bathara Kali, lajêng matur dhatêng sang prabu kalihan angrêrêpa ngasih-asih, makatên: "Dhuh, Prabu Nala sampun mêngku bêndu, kula badhe mangsulakên sulistyaning warni andika kadi ing nguni-uni, pramèswari andika, inggih punika ibunipun Indrasena, ngupatani ing kula, nalika sangêt prihatos, jalaran andika tilar. Wiwit nalika samantên kula lajêng sakit wontên ing nglêbêting guwagarba andika, rintên dalu raosipun kados dipun obong jalaran kakum wisaning sarpa. Kula ngungsi ing andika, mugi sampun andika upatani ing kula, ingkang sakalangkung gêtêr, tuwin nêdya ngayom ing andika. Sintêna tiyang ingkang angidungakên lêlampahan andika, tamtu badhe sirna ajrihipun, awit saking yom kula."

--- 324 ---

Nalika Prabu Nala midhangêt prasabênipun Bathara Kali, sami sanalika wau lilih dukanipun, dene Bathara Kali lajêng lumêbêt ing kajêng wibitaka. Kawuningana sinuwun (Prabu Yudhisthira), pêpanggihanipun Bathata Kali lan Prabu Nala punika botên wontên ingkang sumêrap. Sasampunipun Bathara Kali mêdal, Prabu Nala minggah ing rata kalayan sênênging panggalih. Awit kapanjingan Bathara Kali wit wibitaka lajêng risak, Prabu Nala kanthi sukaning panggalih ngêtap kuda pangirid, kuda lumajêng sumêbut ngayuh gêgana, kados pêksi ngêncêng dhatêng Widarba. Sasampunipun Prabu Nala mêngkêr, Bathara Kali wangsul dhatêng kahyanganipun malih. Kabêkta sampun uwal saking pangridhuning Bathara Kali, nadyan taksih kuciwa warninipun, Prabu Nala panggalihipun sampun wiwit sênêng malih.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa kalih, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 73.

SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Bagawan Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Rêtuparna ingkang pinunjul ing jurit, wanci sontên dumugi ing Widarba, ingkang lajêng angaturi wuninga dhatêng Prabu Bhima, prakawis rawuhipun Prabu Rêtuparna. Mbotên dangu kaancaran lumêbêt ing kitha Kundhina. Swara gumuludhuging ratanipun Prabu Rêtuparna, ngêbêki ing awang-awang. Sadaya kuda pangirid kagunganipun Prabu Nala, ingkang [ing...]

--- 325 ---

[...kang] sampun wontên Kundhina, sami mbêngingèh saha gambira, kadi saban-saban, manawi dipun kusiri Prabu Nala, makatên ugi Dèwi Damayanti, dupi mirêng swara gumludhuging rata, ingkang kadi swaraning galudhug ing mangsa rêndhêng, sangêt ngungun salêbêting panggalih. Dèwi Damayanti punapa kuda kagunganipun Prabu Nala, mbotên pandung manawi swara wau, swaraning rata ingkang dipun kusiri Prabu Nala, kadi ingkang sampun nate kamirêngakên. Mêrak ingkang mencok ing pang sanginggiling punthuk, punapa gajah ingkang wontên ing wantilan, tuwin sadaya kapal, ingkang wontên ing gêdhogan, sadaya wau dupi mirêng swaraning ratanipun Prabu Rêtuparna, ingkang kinusiran Prabu Nala, lajêng sami nyuwara sora, kalihan katingal gambira. Nitik swaraning rata ingkang ngêbêki awang-awang, ing ngriku panglocitaning panggalihipun Dèwi Damayanti makatên: "Saka swaraning rata iku krasa sênêng atiku: têmtu rata iku kang ngusiri Prabu Nala. Yèn aku ora bisa nyawang Prabu Nala, kang pasuryane pindha sasongka, kang utama, aku têmtu nêmahi pati. Yèn dina iki ora dirangkul Prabu Nala, aku ora kuwat lêstari urip. Yèn sang prabu kang swarane kaya gludhug iku ora rawuh ing dina iki, aku lumêbu ing gêni murub. Yèn narendra kang kakêndêlane kaya andaka, sarta karosane kaya gajah mêta iku, dina iki ora têka ana ing ngarêpku, aku têmtu nganyut tuwuh. Aku durung tau mêruhi cidrane sang prabu utawa pialane marang liyan. Sang prabu ora tau cidra ing pangandika, sanadyan sajroning suka-suka, têtela Prabu Nala momot pamêngkune marang sadhengah, sarta kicanèk lan pêpadhaning ratu, têtêp ing kautamane, apadene sarawungane lan wong

--- 326 ---

wadon liya, prasasat wong wandu, rina wêngi kaluwihane Prabu Nala tansah katon gawang-gawang, sajroning pisah lan Prabu Nala, saka gêdhene kasusahaku, rasaning atiku kaya rêmuk."

Dèwi Damayanti sasampunipun nglocita makatên, lajêng karuna kalara-lara, mbotên têmolih ing jagad, enggal minggah ing pêpanggungan, salêbêting capuri kadhaton, karsanipun sagêda priksa rawuhipun Prabu Nala. Ing nalika wau sang dèwi wuninga Prabu Rêtuparna lênggah ing rata, kinusiran dening Warsneya kalihan Bahuka, ingkang lajêng sami mandhap, ngrucat kuda pangirid sarta mapanakên ratanipun, dene Prabu Rêtuparna lajêng pinanggih Prabu Bhima. Kados punapa Prabu Bhima anggènipun manglingga murda dhatêng tamunipun, awit upami mbotên wontên prakawis ingkang wigatos, saèstu narendra mbotên sêsanjang dhatêng narendra. Dene Prabu Rêtuparna salêbêtipun kaancaran, saha liningga murda wau tansah nolèh manganan mangering, sadaya ingkang katingal mbotên wontên ingkang mratandhani, bilih badhe wontên sayêmbara. Dupi Prabu Rêtuparna katingal kadi wontên rangu-ranguning panggalih, enggal pinarêpêkan dhatêng Prabu Bhima, kalihan ngandika: "Kula atur pambagya rawuhipun anak prabu wontên ing kadhaton kula, punapa karsanipun anak prabu dene karaya-raya rawuh ing riki?"

Mila Prabu Bhima ndangu makatên punika lakar mbotên wuninga, bilih rawuhipun Prabu Rêtuparna wau badhe ngêdêgi sayêmbara. Wiwit wontên ing margi ngantos dumugi ing kadhaton, Prabu Rêtuparna ingkang pinunjul kaprawiranipun, saha mbotên kasamaran dhatêng pasêmoning manika, mbotên pinanggih utawi sêsarêngan ratu tuwin ksatriya

--- 327 ---

sanèsipun ingkang dhatêng ing kadhatonipun Prabu Bhima, punapadene mbotên wuninga golonganing para brahmana, awit saking punika sasampunipun kagalih sawatawis dangu, lajêng matur dhatêng Prabu Bhima, makatên aturipun: "Sowan kula ing ngarsanipun rama prabu, amung nêdya ngaturakên pangabêkti saha pamundhi-mundhi kula." Prabu Bhima sangêt kèmêngan, manggalih rawuhipun Prabu Rêtuparna, têka dipun labêti lumampah maatus-atus yojana, prêlu amung nelakakên bêktinipun, panglocitanipun Prabu Bhima: "Prabu Rêtuparna lumaku angliwati pirang-pirang nagara, kang prêlune mung nêdya nuduhake bêktine marang aku, apa têmên mangkono kang njalari têkane ing kene, yèn têmên mangkono têka nglêngkara têmên, ewadene sesuk utawa êmbèn têmtu bakal kawruhan kang satêmêne."

Nadyan makatên osiking panggalih, ewadene sangêt sinamuning netya, katingalipun kados sangêt anggatosakên dhatêng pangaji-ajinipun Prabu Rêtuparna, mila maambal-ambalan ngandika makatên: "Anak prabu, kula aturi ngaso, saèstonipun ana prabu sayah, awit mêntas lêlampah samantên têbihipun." Sang Prabu Rêtuparna panuju ing panggalih, dene Prabu Bhima makatên anggènipun nampèni, mila lajêng pamit badhe masanggrahan, dipun lilani, lampahipun kadhèrèkakên Warsneya.

Bagawan Bhrihadhaswa nglajêngakên cariyosipun: "Kunêng Prabu Rêtuparna, ingkang lajêng masanggrahan kadhèrèkakên Warsneya, gêntos kacariyos, pun Bahuka ing nalika wau murugi kapalipun dhatêng ing gêdhogan, sasampunipun dipun upakara kados padatanipun, Bahuka lajêng linggih sacêlaking rata. Kados punapa prihatosipun Dèwi Damayanti, nalika

--- 328 ---

priksa Prabu Rêtuparna, sarta Warsneya, têdhakipun bangsa Sota, punapadene Bahuka, ingkang makatên wujudipun, makatên pangunandikaning panggalih: "Kusire iku sapa, yèn swaraning rata kaya rata kang dikusiri Prabu Nala, nanging pagene Prabu Nala ora ana katon, apa Warsneya wis bisa mangrèh turangga kaya Prabu Nala, awit wus winêdharan wadine? Bisa uga Prabu Rêtuparna iya darbe kagungan mangrèh kuda kaya Prabu Nala. Mula swarane kaya swaraning rata kang dikusiri Prabu Nala." Sasampunipun nglocita makatên, Dèwi Damayanti lajêng nimbali parêkan, kautus ngupadosi Prabu Nala."

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitung dasa tiga, perangan Nalopa Kyana, ing Wanaparwa.

__________

BAB 74.

SAMBÊTIPUN NALOPA KYANA PARWA.

Pangandikanipun Dèwi Damayanti: "Kêsini, kowe nêmonana kusir kang rupane ala, tangane kuwaga, linggih ana sacêdhaking rata iku. Patrapmu kang susila, wicaramu kang manis, dikaya solah bawa kang wus kok kulinani ana sajroning kadhaton, prêlu patitisna kaanane wong iku. Yèn nitik sênênge atiku, wiwit wêruh wong iku kongsi aku darbe pangira mbokmanawa iku Prabu Nala. Sawuse kowe takon kaslamêtane, banjur nungsunga pawarta, apa prêlune têka ana ing kene."- Sasampunipun têlas wêlinging gustinipun parêkan lajêng marêpêki Bahuka kalihan susilaning patrap, dene Dèwi Damayanti ningali saking panggungan.

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

Catatan kaki:

1. Rêtuparna (dan di tempat lain) (kembali)
2. Kurang satu suku kata: yèn kautaman kang dadi (kembali)