Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 06–19)

Judul
Sambungan
1. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
2. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
3. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 03–05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
4. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 06–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
5. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 20–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
6. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 31–41). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
7. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 42–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
8. Mahabharata, Dwipayana Wiyasa, 1927, #1120 (Bab 50–58). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata.
Citra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab VI. (Sambêtipun Polama Parwa).

Sang Soti umatur malih: Dhuh, sang brahmana, pun raksasa dupi mirêng dhawuhipun jawataning latu ingkang makatên wau, lajêng amancala warna dados waraha. Sasampunipun tumuntên anyaut sang dèwi kabêkta lumajêng. Lêpasing lampahipun waraha prasasat angin, malah kenging kawastanan kados kêclaping cipta. Kawuningana, putranipun Sang Brigu ingkang taksih wontên ing dalêm guwagarbaning ibu, saking sangêting kagètipun dhatêng tindakipun raksasa wau, satêmah dèrèng dumugi mangsanipun lajêng lair, pramila dipun namakakên: Cyawana. Rikala raksasa Puloma priksa jabang bayi ingkang lair saking wêtênganing ibunipun, cahyanipun mancorong kadi sunaring baskara, andadosakên gêtêring manahipun, têmahan sang dèwi anggrègèli saking rêgêmanipun waraha. Ing wêkdal wau waraha dhawah ing siti, sami sanalika lêbur dados awu. Dhuh, sang brahmana raja têdhaking Brigu, Dèwi Puloma ingkang endah ing warni punika, sakêlangkung kawêlasasih, ing wêkdal samantên enggal ambopong putranipun lumampah sarwi sangêt karêrantan, karsanipun badhe wangsul dhatêng padalêmanipun. Hyang Brahma, lêluhuring sadaya

--- 1 : 167 ---

dumados, sarêng wuninga tumètèsing waspanipun ingkang putra mantu, saha ingkang tanpa dosa punika, enggal anglêlipur dhatêng sang dèwi. Dene waspa ingkang tumètès saking paningalipun Dèwi Puloma lajêng dados narmada, ingkang ilining toyanipun anut salampahipun sang dèwi. Dupi Hyang Brahma wuninga manawi ilining lèpèn anglantun lampahipun Dèwi Puloma, lèpèn wau lajêng kanamèkakên: Wadusara. Sarta ilining lèpèn wau ing têmbe ugi anglangkungi pratapanipun Sang Cyawana. Ingkang kawursita ing nginggil punika, cariyos lêlampahan miyosipun Sang Cyawana ingkang misuwur kasêktènipun, inggih putranipun Sang Maharsi Brigu.

Kacariyos sakonduripun Maharsi Brigu, wontên ing margi kapapak ingkang garwa saha ingkang putra Cyawana. Sang Maharsi Brigu lajêng dipun wartosi kawontênanipun lêlampahan wau sadaya. Sang maharsi dupi mirêng atur pawartosipun ingkang garwa, andadosakên rudahing panggalih, wêkasan sangêt ing panginggit-inggitipun, lajêng andangu dhatêng ingkang garwa makatên: Sapa kang amartakake kaananira marang rasêksa iku, dene dhèwèke banjur duwe sêdya anggawa lumayu sira. Hèh, wanodya kang angrêsêpake ati, raksasa iku mêsthine

--- 1 : 168 ---

ora bisa sumurup, manawa sira iku garwaningsun. Mara nuli caritaa, sapa kang wani martakake marang si druhaka mau, supaya bisa pratitis tibaning sot ingsun, karana ingsun ora kawawa nayuti kanêpson ingsun. Aturipun Dèwi Puloma: Dhuh, paduka ingkang amêngku ambêg nêm prakawis, dene wontênipun raksasa sagêd priksa dhatêng lêlampahan wau, awit saking pitêdahipun Hyang Agni, wasana raksasa lajêng mêdal kapurunanipun ambêkta lumajêng kula. Wêkasan salêbêtipun kula dipun bêkta lumajêng, kula lajêng asêsambat angaru-ara, kados ungêling pêksi kurari (pêksi wolung èstri). Sagêd kula uwal saking rêgêmaning raksasa, amargi pun raksasa kaprabawa dening prabanipun putra paduka punika. Awit saking punika kula lajêng dhawah wontên ing siti, sarêng sanalika punika pun raksasa lêbur dados awu.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun malih: Dupi Maharsi Brigu mirêng wêwadulipun ingkang garwa sanalika wau jaja bang mawinga-winga. Saking sangêting dukanipun, têmahan lajêng angêsotakên dhatêng Bathara Agni, makatên pangandikanipun: Sira bakal ambukti samubarang.

Makatên wêkasanipun bab kaping nêm, ing Adi Parwa ingkang kawastanan: [kawa...]

--- 1 : 169 ---

[...stanan:] sot ingkang dhumawah dhatêng Hyang Agni.

Bab VII. (Sambêtipun Polama Parwa).

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Bathara Agni botên narimah sangêt, dene dipun êsotakên Sang Brigu makatên wau. Pangandikanipun Hyang Agni dhatêng Sang Brigu makatên: Kadospundi dene jêngandika tumindak ingkang botên kanthi titi pariksa rumiyin, kula anglampahi kalêpatan punapa. Kula dipun pitakèni, lajêng mangsuli satêmênipun. Sêksi ingkang dinangu wontên ing pangadilan, punika kêdah angaturakên ing salêrêsipun, manawi botên makatên, lêluhuripun sarta têdhak turunipun ngantos dumugi pitung turunan, badhe nandhang sangsara. Makatên ugi, sintêna ingkang dipun pitakèni, ingkang piyambakipun sumêrap, ing măngka botên lajêng mratelakakên satêmênipun, sampun tatela bilih tiyang punika kalepetan dosa. O, brahmana, andadosna ing pariksa jêngandika, sanadyan ingkang badhe kula cariyosakên punika, saèstunipun jêngandika ugi sampun priksa, ewadene kula badhe anyariyosakên sadaya kawontênan kula dhatêng jêngandika, sumăngga [sumăng...]

--- 1 : 170 ---

[...ga] dipun gatosna: Sasampunipun kula darbe pangwasa sagêd dados kathah, ingkang awit saking kasutapan kula, kula lajêng kawasa asasana ing dalêm sagung kawujudan, inggih punika manggèn ing panggenan ingkang kangge: homa, ingkang tinindakakên sabên dintên, manggèn ing sêsaji ingkang kalampahakên ngantos sataun muput. Manggèn ing wiwahan sukci, kados ta: panggenanipun tiyang mantu, tuwin sasaminipun. Anjawi saking punika bilih dipun saranani angêsotakên martega wontên ing urub kula, manawi pangêsokipun wau miturut pranatan ingkang sampun kawarahakên ing Sêrat Wedha, para dewa tuwin para pitri lajêng sagêd angejawantah. Jawata punika toya, pitri ugi toya. Jawata tuwin pitri punika wawênangipun sami, ingatasipun sêsaji ingkang dipun wastani: darsa tuwin purnamasa. Dados dewa punika inggih pitri, punapadene pitri ugi dewa. Sajatosipun kalih pisan wau sami nunggil băngsa, ugi sami wajib sinêmbah-sêmbah. Pilah-pilahipun anggènipun anajèni wontên ing santun-sumantuning rêmbulan. Para dewa tuwin para pitri punika sami ambukti sadhengah ingkang kaêsokakên ing urub kula, mila kula lajêng kawastanan tutuking dewa tuwin pitri. Sabên palêthèking

--- 1 : 171 ---

wulan, para pitri tampi dhêdhaharan ingkang lumantar saking tutuk kula, inggih punika martega sukci ingkang kaêsokakên wontên ing urub kula, dene para dewa punika tampinipun sabên wulan purnama. Ing sarèhning kula punika tutuking para dewa tuwin para pitri, kadospundi têka kula jêngandika êsotakên: dados juru ambukti samubarang (ingkang sukci sarta ingkang botên sukci).

Hyang Agni sasampunipun ngandika makatên, lajêng kèndêl sawatawis, sarta anglimbang-limbang salêbêting pênggalih, wêkasan lajêng oncat saking sadaya padununganipun, kados ta: saking homa,[1] saking sawarnining sêsaji agêng, saking panggenan ingkang kangge nglampahi pranatan sukci, saha wiwahan ingkang anut pranataning agami. Sarêng Hyang Agni sampun angoncati sadaya padununganipun wau, sagung tumitah lajêng sami nêmahi sangsara, wêkasan măntra: om wasyat swadas tuwin swahas (măntra ginaib kangge manawi sêsaji) sampun tanpa damêl. Ing wêkdal samantên para rêsi sami kèmêngan ing panggalih, pramila lajêng sami umarêk wontên ing ngarsanipun para jawata, sarwi umatur makatên: Dhuh, paduka ingkang botên [bo...]

--- 1 : 172 ---

[...tên] kalepetan ing dosa, kawuningana, satri bawana sami awayang-wuyungan, karantên sami botên sagêd adamêl sêsaji, saha botên sagêd anglêksanani pranatan sukci pamiwahaning agami, kabêkta saking kaecalan latu. Mugi paduka kaparênga paring pitêdah, kadospundi anggènipun sami anglampahi, murih sampun ngantos kalajêng-lajêng makatên. Sasampunipun para rêsi umatur makatên dhatêng para jawata, para rêsi wau tuwin para jawata lajêng sami umarêg ing ngayunanipun Sang Hyang Brahma, sarta angaturakên sadaya kawontênaning Hyang Agni anggènipun dipun êsotakên Rêsi Brigu, ingkang wêkasanipun andadosakên karisakaning pamiwahan agami. Aturipun para rêsi tuwin para jawata makatên: Dhuh sang minulya, awit saking Hyang Agni sampun andamêl runtikipun Maharsi Brigu, mila lajêng kaêsotakên, ing măngka Hyang Agni punika minăngka tutuking para dewa, saha wênang ambukti sadhengah sêsaji. Inggih Hyang Agni ingkang andhahar martega sêsaji. Kadospundi dene lajêng sagêd suda wawênangipun, inggih punika lajêng dados juru ambukti samubarang. Sang Hyang Brahma, inggih ingkang dumadosakên sagung tumitah, sarta kamulanipun sadaya dumados, dupi miyarsa atur ingkang makatên wau lajêng animbali [ani...]

--- 1 : 173 ---

[...mbali] dhatêng Bathara Agni, ing sêmu kadi mangarih-arih. Hèh, Agni, sira kang andumadèkake lan anyirnakake alam kabèh, iya sira kang angupakara tri bawana, sarta anganakake sêsaji kaya kang wus tinamtokake, mula sira anêtêpana kawajibanira, lire aja angandhêgake tumindaking pranatan agama. Lah sira kang kawênangake ambukti martega sêsaji, iya pangeraning kang sarwa tumuwuh, apa mulane têka sira tumindak mangkono, măngka iya mung sira dhewe kang sukci ana ing antarane sagung dumadi, sarta sira iku dununging kasukciyan. Hèh, Agni, wruhanira, sanadyan sira ambukti samubarang, wawênangira ora bakal suda. Hèh, sira kang dumadi saka urub sajati, sumurupa, kang ambedakake pangan sukci lan ora sukci iku kaananira kang asor bae. Dadi kang ambukti mau mung badanira. Sajatine kabèh kaanan kang kobar dening urubira, iku mêsthi yèn dadi sukci, datan pae lan samubarang kang kataman panasing srêngenge, uga banjur dadi sukci. Hèh, Agni, sira iku pangwasa kang tuwuh saka kawasanira pribadi, mula asarana pangwasanira mau, nuli anêtêpana sote Maharsi Brigu, anglêstarèkna anggonira anampani sarupaning pawèwèh, kang sinajèkake marang sira, sarta pawèwèh [pa...]

--- 1 : 174 ---

[...wèwèh] kang sinajèkake marang para dewa, kang linantarake ing tutukira. Aturipun Hyang Agni makatên: Kaluhuran dhawuh paduka pukulun. Sasampunipun Hyang Agni matur makatên, lajêng manêmbah ing pada sarta enggal madal pasilan, wigatos badhe angèstokakên dhawuhipun Sang Hyang Brahma. Sasampunipun para dewa tuwin para rêsi lajêng sami mantuk sowang-sowang, kalayan suka pirênaning panggalih. Sadumugining dhepokipun, para rêsi lajêng sami wiwit anglampahi sêsaji malih anut tataning agami. Mila para jawata ing karang kadewatan, tuwin manungsa ing ngarcapada sami suka sokur ing Hyang Brahma, punapadene Hyang Agni piyambak ugi sakalangkung rêna, dene sampun rumaos botên kalepetan dosa.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Dhuh, Sang Sonaka, ingkang sampun mêngku ambêk nêm prakawis, kawuningana, dados Bathara Agni punika ing nguni sampun nate kaêsotakên Maharsi Brigu. Ing nginggil punika gancaripun cariyos kina ingkang kawastanan: pêjahipun raksasa Puloma tuwin lairipun Cyawana.

Dumugi samantên wau pungkasanipun bab kaping pitu saking Poloma Parwa, ingkang kawrat ing Adi Parwa, saking Sêrat Mahabarata.

--- 1 : 175 ---

Bab VIII. (Sambêtipun Poloma Parwa).

Aturipun Sang Soti dhatêng Sang Maharsi Sonaka: Dhuh sang brahmana, putranipun Sang Arsi Brigu ingkang apêparab Cyawana, punika anggarwa Dèwi Sukanya ingkang lajêng apêputra Sang Pramati. Sang Pramati punika misuwur asmanipun, saha sakalangkung sêkti, diwasanipun lajêng anggarwa Dèwi Gritaci, sarta lajêng apêputra ingkang sêsilih nama Sang Ruru. Dene putranipun Sang Ruru ingkang mijil saking Dèwi Pramadwara, pêparapipun Sunaka. Dhuh têtungguling para tapa, ing mangke kula badhe wiwit nyariyosakên lêlampahanipun Sang Ruru ingkang kasêktènipun sampun botên kenging cinăndra, pramila mugi sami kaparênga anggatosakên cariyos kula punika.

Ing nguni wontên satunggaling maharsi apêparap Sêtulakesa, sang maharsi wau kasinungan pangwasa, saking lampah kasutapan. Botên kewran dhatêng agal alus, tuwin asih dhatêng sadaya tumitah. Dhuh, sang wicaksana, kacariyos rikala samantên wontên gandarwa raja nama Wiswawasu, sang gandarwa raja wau alambangsari kalihan Dèwi Menaka (juru bêksa ing kaswargan). Dhuh, têdhaking Brigu, apsara Menaka wau lajêng anggarbini.

--- 1 : 176 ---

Dupi sampun dumugi ing mangsanipun, sang dèwi anglairakên jabang bayi mêdal pawèstri wontên ing têpining narmada sacêlaking pratapanipun Rêsi Sêtulakesa. Kabêkta saking Dèwi Menaka sangêt ing kawiranganipun, pramila ngantos sirna wêlas asihipun, wêkasan sang dèwi lajêng anilar ingkang putra wontên ing ngriku. Kacariyos Sang Rêsi Sêtulakesa, nalika badhe sêsukci dhatêng lèpèn, wontên ing satêpining lèpèn ingkang sakêlangkung sêpi, priksa jabang bayi karoncalan wontên ing ngriku, cahyanipun mancorong kados putraning dewa, warninipun sakalangkung endah. Sang Maharsi Sêtulakesa, inggih papêthinganing para muni, dupi priksa jabang bayi wau sangêt ing wêlasipun, pramila lajêng binopong, kabêkta kundur sarta kaupakara kados putranipun piyambak, widada ngantos dumugining diwasa. Dados jabang bayi ingkang sulistya ing warni wau, wiwit alit ngantos dumugi ing diwasanipun, manggèn wontên ing panggenan sukci, pratapanipun Maharsi Sêtulakesa. Sang maharsi ingkang ambêg wêlas asih wau, sarta ingkang sampun tampi nugrahaning dewa, anggènipun anggulawênthah putrinipun angkat punika, miturut wêwatoning panggulawênthah ingkang katindakakên para jawata.

Awit putrinipun angkat Sang Maharsi Sêtulakesa [Sêtu...]

--- 1 : 177 ---

[...lakesa] punika: warni, tanaga, tuwin utamining pambêganipun, langkung saking sasamining para kênya bêbarakanipun, pramila ingkang rama lajêng anamakakên Sang Dèwi: Pramadwara. Kacariyos nalika Sang Ruru martuwi Sang Maharsi Sêtulakesa, wontên ing pratapan ngriku, priksa dhatêng Dèwi Pramadwara, ingkang suwarninipun sakalangkung endah, Sang Ruru lajêng kasmaran, awit panggalihipun katêtangi dening dewaning sih. Pramila Sang Ruru lajêng cariyos dhatêng para mitranipun, supados angaturakên dhatêng ingkang rama Sang Pramati, putranipun Sang Brigu, manawi panjênênganipun kasmaran dhatêng Dèwi Pramadwara. Kalampahan Sang Pramati, sudarmanipun Sang Ruru lajêng manggihi Maharsi Sêtulakesa, wigatos anêmbung putrinipun, badhe kadhaupakên kalayan ingkang putra Sang Ruru, panêmbungipun Sang Pramati ingkang makatên wau andadosakên panujuning panggalihipun Maharsi Sêtulakesa. Dene têtêping dhaupipun pangantèn, kaangkah manawi sampun dumugi plêthèking lintang warga dewata (purwa palguni).

Kirang sawatawis dintên saking dhaupipun pangantèn, Dèwi Pramadwara salêbêtipun dadolanan kalihan para kênya bêbarakanipun, tanpa nyana sang dèwi angidak sarpa nglêkêr, sarpa lajêng kagèt wêkasan anyakot. Labêt saking ampuhing

--- 1 : 178 ---

wisa, sang dèwi tanpa karêkat lajêng andhawah ing siti, guwayanipun aclum, sirna indahing suwarninipun, andadosakên wêlasipun ingkang sami tumingal, suwaunipun sang dèwi bilih sinawang angrêsêpakên, ananging samangke adamêl ngêrêsing manah. Dèwi Pramadwara ingkang lêncir dêdêg pangadêgipun, gumuling wontên ing siti, manawi dinulu amung kados sare kemawon. Sanadyan sang dèwi sampun dumugi layon awit saking kataman wisaning sarpa wau, ewadene pasuryanipun botên siwah kalayan nalika taksih sugêng, amung kaot guwayanipun katingal pucêt. Maharsi Sêtulakesa, saha para tapa sanès-sanèsipun, ingkang sami punuju wontên ing ngriku, sami priksa kunarpanipun sang dèwi gumuling ing siti, ngalêntrih kadi sêkar tunjung ingkang sumèlèh ing siti. Kathah para brahmana ingkang sami lêlayu, sarta sami kamiwêlasên aningali ingkang kataman ing wisa wau, mila sami lênggah angêpang kunarpanipun Dèwi Pramadwara. Dene para brahmana ingkang sami dhatêng inggih punika: Brahmana Swastyatreya, Mahajana, Kusika, Sang Kyamekala, Udhalaka, Katha, tuwin ingkang kasumbaga Sang Sweta. Punapadene Sang Baratwaja, Kunakutsya, Arstisena, Gotama, Pramati, Ruru putranipun [putra...]

--- 1 : 179 ---

[...nipun] Sang Pramati. Makatên ugi para pandhita ingkang sami manggèn ing wana sakiwa têngêning pratapan, ugi sami angrêrămpa layonipun sang dèwi. Para rêsi wau dupi priksa sang dèwi gumuling ing siti, seda margi kenging wisaning sarpa, sangêt ing wêlasipun, wasana lajêng sami kumêmbêng anênggak waspa. Langkung malih Sang Ruru sangêt karêrantan, mila kesah saking ing ngriku.

Dumugi samantên pungkasanipun bab kaping wolu ing Poloma Parwa, saking Sêrat Mahabarata ingkang sukci.

Bab IX. (Sambêtipun Poloma Parwa).

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Rikala para brahmana linangkung wau, sami ngêpang kunarpanipun Dèwi Pramadwara, Sang Ruru sakêlangkung prihatos, mila lajêng lumêbêt ing wana sarwi karuna kadi rare alit. Sangking awrating panggalih ngantos botên kawawa angampah sêsambatipun. Suwarninipun sang dèwi tansah ngalela katongton ing salêbêting panggalih, wasana kawêdal pangandikanipun: Adhuh, musthikaning wanodya kang susila pasang solahe, sarta manis pasêmone iku, samêngko wus dadi kunarpa gumuling ana ing lêmah. Sanadyan mangkonoa malah saya wimbuh endah warnane, [war...]

--- 1 : 180 ---

[...nane,] kuciwane agawe rudahing atine para mitra lan patêpungane. Kanugrahan ingsun kang tuwuh saka panggawe utama, saka panalăngsa, lan saka panêmbah, iku dewa muga marêngna dadi panêbusing uripe wanodya dununging katrêsnan ingsun, nugrahane anggon ingsun sêtya marang sêsanggêman, sarta mangrèh pêpenginan wiwit cilik, muga pinaringna marang Pramadwara kang endah warnane iku, supaya dadi jalaran bisane urip manèh.

Ing nalika wau lajêng wontên utusan saking kaswargan, manggihi dhatêng ingkang sawêg asêsambat, matêdhakakên timbalanipun Hyang Brahma, pangandikanipun makatên: Hèh, Ruru, pangarêp-arêpira kaya kang sira ucapake iku, ora bisa kalêksanan. Hèh, titah minulya, sarupaning tumitah mêsthi padha nêmahi pati, yèn wus tumêka ing măngsakalane. Sarta yèn wus mati ora bisa urip manèh. Kawruhana, mungguh sutane gandarwa kang lair saka apsara iku wus têkan ing măgsakalane, mulane sira aja tansah karêrantan atinira, amarga kaananing manungsa iku, beda lan para jawata. Para dewa iku wus ora kasamaran marang kang bakal kalakon, dadi bisa nyaranani sadurunge tumiba dadi lêlakon. Ewadene manawa sira bisa mêruhi lan anglakoni, kaya [ka...]

--- 1 : 181 ---

[...ya] kang wus diwuningani sarta ditindaki dening para dewa, bokmanawa Pramadwara kalakon bisa urip manèh.

Atur wangsulanipun Sang Ruru: Dhuh, dutaning bathara, lampah kadospundi ingkang sampun dipun wuningani sarta dipun tindaki dening para jawata wau, mugi paduka kêparênga andhawuhakên sadaya dhatêng kula, supados kula lajêng sagêd anglaksanani, pramila lajêng kaparênga andhawuhakên. Utusaning dewa wau lajêng dhawuh dhatêng Sang Ruru makatên: Hèh, têdhaking Brigu, anglilahna saparoning uripira marang Pramadwara, yèn mangkono pêpacanganira mêsthi yèn bakal bisa urip manèh. Aturipun Sang Ruru: Dhuh, pukulun, kalayan lêgawaning manah, kula anglilahakên sapalihing gêsang kula, minăngka dadosa tumbasaning salakirabi. Pramila jawata mugi kaparênga anggêsangakên malih dhatêng pêpacangan kula, sarta kalêstantuna kawontênanipun kados ing nguni-uni.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Kawuningana, ratuning gandarwa sudarmanipun Dèwi Pramadwara, punapadene utusan ingkang saking kaswargan, kêkalihipun lajêng sami sêsarêngan sowan ing ngarsaning Bathara Darma (jawata ingkang ngasta pangadilan ingatasing pêjah gêsanging manungsa), sarwi umatur: [u...]

--- 1 : 182 ---

[...matur:] Dhuh, Hyang Darmaraja, pun Pramadwara ingkang manis polatanipun, inggih pêpacanganipun pun Ruru, ingkang sampun anêmahi pêjah, awit saking dhumawah ing karampungan paduka, ing mangke mugi paduka kêparênga anggêsangakên malih, sarana tinêbas ing gêsangipun Ruru sapalih. Dhawuh wangsulanipun Hyang Darmaraja: Hèh utusaning jawata, sumurupa, yèn wus têtêp sêdyane Ruru kang mangkono mau, Pramadwara kang bakal dadi rabine, kaparêng urip manèh.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun makatên: Sasampunipun wontên dhawuh karampunganipun Hyang Darmaraja, wanodya ingkang endah ing warni punika (inggih Dèwi Pramadwara), lajêng pinaringan sugêngipun Sang Ruru sapalih, pramila lajêng wangsul gêsang malih. Katingalipun nalika gêsang malih wau, kados ngêlilir saking anggènipun tilêm. Dados ingkang minăngka tumbasan pikramanipun Sang Ruru, kalihan Dawi Pramadwara, punika sapalihing sugêngipun Sang Ruru, ingkang lajêng amikuwati sugêngipun Dèwi Pramadwara ing salajêngipun. Ing mangke sampun têtela, bilih sugêngipun Dèwi Pramadwara punika wau saking saperanganing sugêngipun Maharsi Ruru.

Dupi sampun dumugi ing dintên ingkang sampun tinamtokakên, [tinamtokakê...]

--- 1 : 183 ---

[...n,] Maharsi Sêtulakesa kalihan Sang Maharsi Pramati, sami asuka-suka, andhaupakên pangantèn, mawi pamiwahan miturut pranataning agami, salajêngipun, anggènipun jajodhoan Sang Ruru kalihan Dèwi Pramadwara wau, tansah atut runtut. Kabêkta saking Sang Ruru anggènipun anggarwa Dèwi Pramadwara, ingkang sakêlangkung endah suwarninipun, saha guwayanipun sumilak wêning, kadi sarining sêkar tunjung, punika angsalipun sakêlangkung rêkaos, saha agêng ingkang dados tatumbasanipun, Sang Ruru lajêng gadhah prasêtya badhe anyirnakakên bangsaning sarpa. Pramila saking punika, sabên Sang Ruru priksa sarpa, lajêng katêtangi runtikipun, sarta enggal angrêgêm dêdamêl kangge amêjahi.

Nuju satunggaling dintên, Sang Ruru wontên ing salêbêting wana, priksa sawêr dhundhuba kawak, sanalika Sang Ruru lajêng angundha gada, ingkang agêngipun kadi gadanipun Sang Hyang Yama, karsanipun badhe kangge amupuh sarpa wau. Ananging nalika gada kaundha, sarpa dhundhuba lajêng anguwuh sora, têmbungipun makatên: Dhuh, brahmana, dosa kula dhatêng paduka punapa, dene paduka lajêng amêngku dêduka, sarta nêdya amêjahi kula.

Makatên wêkasanipun bab kaping sanga saking Poloma Parwa, ing

--- 1 : 184 ---

Sêrat Mahabarata ingkang sukci.

Bab X. (Sambêtipun Poloma Parwa).

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Ing nalika Sang Ruru mirêng panguwuhing sarpa, ingkang makatên wau, kanggêg anggènipun badhe anggada, sarta lajêng ngandika: Ing nguni ingsun darbe pêpacangan, kang ingsun trêsnani bangêt, satimbang karo urip ingsun dhewe. Awit saka wanodya pêpacangan ingsun mau, tiwas kacakot ing sarpa, mula ingsun banjur darbe prasêtya kang anggêgirisi, yaiku, nêdya amatèni sarupaning sarpa, kang kapêthuk ingsun, samêngko sira bakal sirna dening gadaningsun. Wangsulanipun sawêr dhundhuba: O, brahmana, kathah bangsaning sarpa, ingkang rêmên anyakot tiyang, ananging kawuningana, sarpa dhundhuba punika, kenging kawastanan sarpa aran-aran kemawon. Punapa botên kalèntu, manawi paduka amêjahi sawêr dhundhuba, amargi manawi sawêr sanès-sanèsipun, punika angsal kabêgjan, sawêr dhundhuba botên sagêd tumut angraosakên, kosokwangsulipun, bilih sawêr-sawêr wau sami nandhang sangsara, sawêr dhundhuba sami tumut angraosakên, ing sarèhning kados makatên kawontênanipun, paduka

--- 1 : 185 ---

tamtunipun sampun sagêd anggalih piyambak, pundi sarpa ingkang kêdah paduka sirnakakên, utawi ingkang botên.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun. Sarêng Sang Ruru midhangêt aturipun sarpa dhundhuba, ingkang makatên wau, punapadene pasêmonipun sarpa wau, katingal giris sangêt, ing măngka punika ugi nyata sarpa dhundhuba, Sang Ruru lajêng larut dukanipun, botên saèstu mêjahi, ananging malah angarih-arih, pangandikanipun makatên: Kisanak, mugi kula kacariyosana mula bukanipun, dene wontên lêlampahan makatên wau. Wangsulanipun sawêr dhundhuba: Dhuh, sang maharsi, ing nguni kula punika, satunggaling rêsi ingkang asêsilih Sahasrapat, wontênipun kula lajêng asantun warni, dados sarpa dhundhuba punika, amargi kula kenging sotipun satunggaling brahmana. Sang Ruru pitakèn malih: Pêpilihaning sarpa, sababipun punapa, têka brahmana wau lajêng angêsotakên jêngandika, sarta badhe sapintên dangunipun, anggèn jêngandika awarni sarpa.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sadasa, golongan Poloma Parwa, ing Adi Parwa.

--- 1 : 186 ---

Bab XI. (Sambêtipun Poloma Parwa).

Sang Soti anglajêngakên cariyos: Wangsulanipun sarpa dhundhuba: Ing nguni kula gadhah mitra satunggaling brahmana, apêparap Kagama, Brahmana Kagama punika, landhêp pangandikanipun, tuwin kasinungan kasêktèn, nugraha saking anggènipun mêsu brata. Ing satunggiling dintên, Brahmana Kagama pinuju sêsaji agnihotra, kula damêl sawêr papêthan saking rumput, ingkang lajêng kula angge ngraridhu anggènipun sêsaji. Sarêng Kagama priksa sawêr papêthan damêlan kula wau, saking kagètipun lajêng andhawah, ngantos botên èngêt. Kawuningana, Pandhita Kagama, ingkang têtêp dhatêng sêsanggêman, saha botên nate wicantên dora, sarêng sampun èngêt malih, sangêt nêpsunipun, lajêng angucap makatên: Rèhning andika amêtha sawêr, ingkang tanpa pangwasa, saha amung nêmaha kangge adamêl kagèting manah kula, mila awit saking pangwasaning sot kula, jêngandika wiwit dintên punika badhe awarni sarpa ingkang tanpa wisa. Dhuh, sang rêsi, kula sampun nyumêrapi piyambak, dhatêng pangwasanipun ginaib mitra kula wau, pramila andadosakên girising manah kula. Awit saking punika kula enggal anguncupakên [anguncu...]

--- 1 : 187 ---

[...pakên] asta, sarwi mangasih-asih, nêdha pangapuntên, têmbung kula makatên: Sumitra, anggèn kula ngantos tumindak makatên punika, ing pangangkah, amung kangge gêgujêngan kemawon, punapa jêngandika botên kaparêng angapuntên dhatêng kasluruning lampah kula wau, mugi kaparênga anjabêl sot andika. Sarêng Kagama priksa, manawi manah kula katingal sakalangkung prihatos, ing sêmu Kagama gadhah wêlas, ewadene wangsulanipun mêksa taksih landhêp, têmbungipun makatên: Punapa ingkang sampun kula ucapakên mêsthi kadadosan, sumăngga kapirêngna ucap kula, sarta karaosna ingkang ngantos kandhasing manah: Dhuh, sumitra, ingkang rahayu ing budi, ing têmbe manawi Sang Ruru ingkang sukci panggalihipun, inggih putranipun Sang Pramati, sampun miyos, sarta bilih jêngandika sampun pinanggih kalihan panjênênganipun, ing ngriku jêngandika badhe luwar saking papa cintraka. Mirid saking wêcanipun mitra kula wau, sampun têtela, bilih paduka punika, botên liya inggih Sang Ruru, putranipun Rêsi Pramati. Ing nguni kula gadhah punagi, manawi kula sampun wangsul maujud manungsa, kula badhe ngaturi wêwarah wontên ing ngarsa paduka, minăngka wêwangsulanipun kautamèning panggalih paduka, ingkang sampun kula tampèni.

--- 1 : 188 ---

Brahmana linangkung Sahasrapat, ingkang asarira sarpa dhundhuba, satêlasing aturipun ingkang makatên wau, sami sanalika, sirna kawujudaning sarpa, lajêng wangsul dados manungsa malih. Brahmana Sahasrapat, lajêng matur dhatêng Sang Ruru makatên: Dhuh, titah linangkung, sayêktosipun, ingkang dipun wastani kasusilan sajati, punika botên amêmêjahi. Pramila para brahmana punika, lêrêsipun kêdah botên amamêjahi. Brahmana punika kêdah alus bêbudènipun. Ingkang makatên punika, wêwarahing Wedha ingkang luhur piyambak. Kawajibanipun para brahmana, kêdah lêbda dhatêng Sêrat Wedha, tuwin Wedhangga. Kêdah têtêp piyandêlipun, supados dadosa tatuladaning sadaya titah gêsang. Kêdah ambêg narima. Rila, tuwin lêgawa. Têmên ing wicara, ngêgungakên ing pangapura. Dene kawajibanipun ingkang luhur piyambak, kêdah tansah èngêt, dhatêng sawêwarahing Wedha. Manawi kawajibaning para satriya, punika beda, kalihan kawajibanipun para brahmana. Para satriya, kêdah kêncêng, adil, têtêp pangastanipun dhatêng pranatan, sarta mangrèh dhatêng para kawula. Dhuh, Sang Ruru, mugi kaparênga, anguningani cariyos, lêlampahan panumpêsing para sarpa, wontên ing pasamuaning [pasamua...]

--- 1 : 189 ---

[...ning] sêsajinipun Prabu Janamejaya, ingkang lêbda dhatêng Wedha, tuwin ingkang sakalangkung sakti, anggènipun sampun angluwari para sarpa, saking bêbaya ingkang awarni sêsaji naga.

Bab XII. (Sambêtipun Poloma Parwa).

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Sang Ruru lajêng pitakèn dhatêng Rêsi Sahasrapat, makatên: Dhuh, papêthinganing para dwija, punapa darunanipun, dene Prabu Janamejaya karsa anumpês sakathahing sarpa. Sarta sabab saking punapa, dene sarpa lajêng linuwaran saking bêbaya, dening sang wicaksana, Rêsi Astika. Kula kêpengin sangêt, priksa orehaning sabab-sababipun.

Wangsulanipun Rêsi Sahasrapat: Dhuh, Ruru, prakawis lêlampahanipun Rêsi Astika, ingkang sakalangkung elok, punika paduka sagêd midhangêtakên, saking tutukipun para brahmana: Sasampunipun mangsuli makatên, Rêsi Sahasrapat lajêng musna.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Ing wêkdal Sang Ruru priksa Brahmana Sahasrapat botên wontên ing ngarsanipun, lajêng angupaya dhatêng sang rêsi,

--- 1 : 190 ---

kalayan gupuh dhatêng wana-wana ing sakiwa têngênipun. Wusana sarêng sampun tita, botên sagêd pinanggih, Sang Ruru lajêng dhawah kalêmpêr ing siti, kabêkta saking sayahipun. Sarêng Sang Ruru sampun èngêt, lajêng lênggah, sarwi angèngêt-èngêt dhatêng pitêdahipun Sang Rêsi Sahasrapat. Saking putêking panggalihipun, Sang Ruru lajêng kondur, umarêk wontên ing ngarsanipun ingkang rama, sarta umatur, nyuwun supados dipun cariyosakên lêlampahanipun Prabu Janamejaya, tuwin Rêsi Astika. Ingkang rama ugi lajêng anglêksanani, sapanyuwunipun Sang Ruru wau.

Dumugi sêmantên, wêkasanipun bab kaping kalih wêlas, golongan Poloma Parwa, ing Adi Parwa.

Bab XIII. Astika Parwa.

Sang Sonaka angandika: Ênggèr, Lomaharsanaputra, apa mulane, dene Prabu Janamejaya, iya sardulaning para narendra, karsa anumpês sakèhing naga, sarana kabrastha ing gêni sêsaji. Sumurupa ênggèr, ingsun lan para rêsi kang padha ana ing kene iki kabèh, kapengin karungu carita mau. Anjaba saka iku, muga sira uga anyaritakna, [anya...]

--- 1 : 191 ---

[...ritakna,] sabab-sababe, dene papêthinganing para dwija, iya têtungguling para ambangun tapa, Rêsi Astika, banjur angluwari para naga mau, saka gênining sêsaji. Sarta sapa sudarmane Prabu Janamejaya, lan sapa sudarmane Rêsi Astika iku.

Aturipun Sang Soti: Dhuh, paduka, juru sabda ingkang linangkung. Cariyos lêlampahanipun Rêsi Astika punika, sakêlangkung panjang, ewadene kula ugi badhe anyariyosakên, pramila mugi kêparênga, sami anggatosakên, badhe lajêng kula cariyosakên, ingkang ngantos salêsih.

Pangandikanipun Sang Sonaka: Saya sêsêg anggèn ingsun arsa sumurup, marang carita lêlakone Maharsi Astika, kang kasumbaga iku.

Sang Soti tumuntên amiwiti cariyosipun: Dongèng wau, sakawit ingkang nyariyosakên Sang Krêsna Dwipayana, saha cariyos punika, dipun wastani: Purana, dening para brahmana, ing nguni, dadongengan wau, ugi sampun nate kacariyosakên, wontên ing antawisipun para ambangun tapa, ing wana Nemisya, dening sudarma kula, ingkang wicaksana, Sang Lomaharsana, inggih siswanipun [siswani...]

--- 1 : 192 ---

[...pun] Sang Wiyasa. Wondene kalêksananipun, dêdongengan wau dipun cariyosakên, awit saking pamintanipun para ambangun tapa wau. Nalika samantên, kula ugi tumut mirêngakên. Dhuh, Sonaka, pramila sapunika, kula ugi badhe anglaksanani, anyariyosakên lêlampahanipun Rêsi Astika wau. Sumăngga, mugi tumuntên kaparênga sami anggatosakên, dhatêng cariyos ingkang sagêd dados sarana, panglêburing dosa punika.

Kawuningana, sudarmanipun Maharsi Astika, punika pangwasanipun, botên siwah kalihan Hyang Prajapati. Panjênênganipun wau satunggiling brahma cari, bêkti dhatêng kasutapan, awis dhahar, linangkung kasêktènipun, saha sampun sagêd mangrèh dhatêng ardanipun, dene jajulukipun sang rêsi wau: Jaratkaru. Wontên ing antawisipun para yayawara, Sang Jaratkaru wau, tansah kapundhi-pundhi, amargi panjênênganipun punika, panggalihanipun utami, têtêp dhatêng sêsanggêman, sarta sampun kasinungan kalangkungan, ingkang saking anggènipun tapa brata. Ing nguni Sang Jaratkaru, sampun nate alêlana ngidêri bawana, wigatos andhatêngi, sawarnining panggenan ingkang sukci-sukci, sarta siram ing lèpèn-lèpèn, talaga, tuwin samodra

--- 1 : 193 ---

ingkang sukci. Manawi dalu lêrêm ing pundi anggènipun kadalon, santosaning panggalihipun linangkung, mila kalampahan sagêd anêtêpi dhatêng sawêwarahing agami, ingkang awrat sangêt, tumrap sintêna ingkang dèrèng sagêd mangrèh dhatêng manahipun piyambak. Sang rêsi wau sugêngipun amung saking hawa, sarta prasêtya botên nêdya sare. Rikating lampahipun kadi plêtiking latu. Ing satunggaling dintên, nalika Sang Jaratkaru wau lumêbêt ing guwa, panjênênganipun priksa para lêluhuripun, sami anggandhul wontên ing ngriku, sirahipun wontên ing ngandhap, suku ngacocong wontên ing nginggil. Sarêng Sang Jaratkaru wau priksa ingkang makatên punika, sakalangkung gawok panggalihipun, pramila lajêng pitakèn:

Jêngandika punika sintên, dene sami anggandhul wontên ing ngriki, sarana suku jêngandika sami kacancang kalihan tamparan, saking sêrating kajêng wirana, ing măngka tampar wau tansah dipun grigiti ing tikus.

Para lêluhuripun Rêsi Jaratkaru amangsuli pangandika makatên: Kula sadaya punika sami rêsi ingkang sêtya dhatêng sêsanggêman, sarta limrahipun sampun sami sinêbut: para yayawara. Kula sadaya punika sami karakêt ing kadonyan, kabêkta [ka...]

--- 1 : 194 ---

[...bêkta] saking sangêting kêpengin kula, sagêdipun anurunakên darah. Kula punika ugi sampun gadhah suta, nama: Jaratkaru, ananging pun Jaratkaru wau bêkti sangêt dhatêng sawêwarahing agami, sarta lare punggung punika botên purun angupaya semah, ingkang sagêd anurunakên wiji. Inggih makatên punika ingkang adamêl prihatosing manah kula, pramila kula lajêng sami manggèn kontên ing êsong punika, prêlu amrihatosakên, supados sampun ngantos kacurêsan turun. Kula sakănca punika ugi gadhah panggayuh dhatêng kaluhuran, ewasamantên taksih sami karakêt dhatêng kadonyan, kados lêkasipun tiyang cubluk. Dhuh, titah minulya, sintên sêsilih paduka, dene tumut angraosakên kawontênan kula ingkang makatên punika, kadosdene tiyang ingkang mrihatosakên dhatêng mitranipun.

Wangsulanipun Sang Jaratkaru: Manawi makatên, paduka punika lêluhur kula. Kawuningana, kula punika pun Jaratkaru. Dhuh, rama, sumăngga lajêng kadhawuhna, punapa ingkang dados kaparênging karsa paduka.

Wangsulaning sudarmanipun: Ênggèr, sira ngangkaha darbe suta priya, supaya aja kacurêsan turun. Hèh, titah linuwih,

--- 1 : 195 ---

yèn kalêksanan sira asêsuta, dadi sira wus gawe lêlabuhan gêdhe marang para lêluhurira, sarta tumrap marang badanira dhewe. Wong kang gawe lêlabuhan gêdhe iku, ora mung sarana saka tumindak kautaman bae, utawa anglakoni tapa brata, sanadyan wong kang bisa dadi bapa, iku uga dadi lêlabuhan gêdhe kang bisa antuk nugraha. Mulane ênggèr, èstokna dhawuh ingsun iki, angkahên dikongsi kalakon, bisane sira antuk jatukrama kang bisa anurunake wiji, awit iya mangkono iku, kamulyan kang luhur dhewe, ingatase ingsun, lan para lêluhurira.

Atur wangsulanipun Sang Jaratkaru: Dhuh, rama, awit saking wontên dhawuh paduka, kula ugi badhe angèstokakên nambut silaning akrama, ewadene kalêksananipun punika, botên saking anggèn kula badhe nuruti ardaning manah kula kemawon, utawi badhe adamêl kamulyan paduka. Awit saking sampun mangrêtos kula dhatêng karsa paduka punika, kalayan lêgawaning manah, kula badhe angupaya jodho, supados sagêd kasêmbadan karsa paduka kula anurunakên wiji. Anjawi saking punika, kula taksih gadhah punagi, purun kula anglampahi nambut silaning akrama punika, bilih wontên pawèstri, [pa...]

--- 1 : 196 ---

[...wèstri,] ingkang naminipun sami kalihan nami kula, sarta pawèstri wau, pancèn sampun ginadhangakên dhatêng kula. Inggih wêwaton makatên punika, sagêd kula anglampahi nambut silaning akrama, ananging sintên ta tiyangipun, ingkang kadugi nglilahakên anakipun pawèstri, angsal tiyang malarat kados kula punika. Ewadene manawi pancèn wontên bapa, ingkang purun anglilahakên anakipun pawèstri dhatêng kula, saèstunipun badhe kula tampèni. Anjawi punika, kula inggih badhe ambudidaya sagêdipun kalêksanan, kula angsal jodho pawèstri kados ing pangajêng-ajêng kula wau. Dhuh, rama, inggih makatên punika ingkang dados prasêtya kula, sarta kula botên badhe ngingkêti dhatêng atur kula wau. Inggih lantaran saking badhe semah kula ingkang makatên punika, ingkang sagêd amanjangakên turun. Sarta mugi dadosa sarana, sagêdipun paduka antuk kamulyan langgêng, kados ingkang dahat paduka ajêng-ajêng.

Dumugi samantên, wêkasanipun bab kaping tiga wêlas, golongan, Astika Parwa, ing Adi Parwa.

Bab XIV.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun:

--- 1 : 197 ---

Brahmana ingkang têtêp dhatêng sêsanggêman, inggih Sang Jaratkaru wau, lajêng lêlana angidêri bawana. Karsanipun, nêdya angupaya jatukrama, ananging botên sagêd kasêmbadan. Pinuju ing satunggaling dintên, sang rêsi lumêbêt ing wana, ing wêkdal wau lajêng kèngêtan dhatêng pitungkasipun para lêluhuripun, pramila lajêng angucap kaping tiga, suraosipun, nyuwun mugi kaparingana jatukrama. Sami sanalika, Sang Wasuki ngatingali dhatêng Sang Jaratkaru, sarwi amasrahakên kadangipun pawèstri, supados lajêng dipun rabia. Sang brahmana ingkang sinêkti wau, amargi kuwatos, bokbilih pawèstri wau botên anunggil nami kalihan sariranipun. Osiking panggalihipun Sang Jaratkaru, ingkang luhur ing budi, makatên: Ingsun iki wus prasêtya, ora bakal angrabi marang wanodya, kang ora nunggal jênêng lan ingsun. Pramila ingkang wicaksana Sang Jaratkaru, saha ingkang agêng kasutapanipun wau, enggal pitakèn dhatêng Sang Wasuki, têmbungipun makatên: Dhuh, sang naga, mugi paduka kaparênga amratelakakên ing salêrêsipun, sintên sêsilihipun kadang paduka punika.

Atur wangsulanipun Sang Wasuki: Dhuh, Rêsi Jaratkaru, adhi kula punika namanipun Jaratkaru, sarta sampun dados kakêncênganing [ka...]

--- 1 : 198 ---

[...kêncênganing] manah, bilih kadang kula pawèstri punika, nêdya kula lilahakên dhatêng paduka. Dhuh, papêthinganing para brahmana, pramila mugi paduka kaparênga, anampèni wanodya ingkang lêncir dêdêgipun punika, minăngka dados tatimbangan paduka. Sasampunipun Sang Wasuki ngandika makatên, lajêng amasrahakên kadangipun pawèstri ingkang endah ing warni wau, dhatêngtêng[2] Sang Jaratkaru, dene pikramanipun mawi pamiwahan, anut sapranataning agami.

Dumugi samantên, wasananipun bab kaping kawan wêlas, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

Bab XV.

Sang Soti anglajêngakên pangandikanipun: Dhuh, papêthinganing para tapa, saha ingkang sampun karaos dhatêng kawontênaning brahma. Ing nguni para naga punika sampun kaêsotakên dening biyungipun makatên: Jawata kang kagungan kusir dewaning angin (Bathara Agni) bakal ambrastha sira, ana ing sêsajine Prabu Janamejaya. Dene wontênipun sang nagaraja (Wasuki) lajêng andhaupakên kadangipun pawèstri angsal maharsi ingkang luhur ing budi, sarta awrat sêsanggêmanipun punika, ing pangangkah [pangang...]

--- 1 : 199 ---

[...kah] sagêda damêl cabaring êsot wau. Dhaupipun sang maharsi kalihan Dèwi Jaratkaru wau, miturut sapranataning agami, kados ingkang sampun katêmokakên wontên ing sêrat sukci, wasana Sang Jaratkaru kalampahan sagêd apêputra kakung, ingkang luhur ing bêbudènipun, apêparap Astika. Kacariyos, Sang Astika ing diwasanipun, lajêng dados pandhita linangkung, putus dhatêng Wedha dalasan saperang-peranganipun. Sang Astika sampun botên ambèntênakên dhatêng samubarang, sarta sampun botên damêl sumêlanging panggalihing para lêluhuripun.

Dupi lêlampahan ingkang kula aturakên wau sampun kapêngkêr dangu, wontên satunggaling narendra têdhak Pandhawa, adamêl sêsaji agêng, ingkang limrahipun dipun wastani: sêsaji naga, ing salêbêtipun sêsaji ingkang kangge anumpês sakathahing sarpa wau katindakakên, Rêsi Astika kalampahan sagêd angêntas para naga kadang warganipun ingkang ibu, saking bêbaya latuning sêsaji. Anjawi saking punika, kabêkta Sang Rêsi Astika wau sagêd anurunakên wiji, pramila panjênênganipun ugi sagêd angluwari dosaning para lêluhuripun, ingkang saking bapa. Dhuh, sang brahmana, awit saking Sang Rêsi Astika [Asti...]

--- 1 : 200 ---

[...ka] wau, têtêp dhatêng sawarnining sêsanggêman, tuwin putus dhatêng suraosing Wedha, pramila kalis saking sawarnining piawon. Dene anggènipun tansah damêl sêsaji, tuwin adêdana, sang rêsi antuk sihing para jawata. Makatên ugi anggènipun sang rêsi anglampahi gêsang anut sacaraning brahma cariya, pikangsalipun tansah rinakêtakên dening para maha rêsi, punapa malih anggènipun sang rêsi sagêd apêputra, punika adamêl karênan, dhatêng panggalihing tiyang sêpuhipun.

Amargi Sang Rêsi Astika punika sagêd anêtêpi saha anglampah, sadaya sêsanggêman tuwin lampah, ingkang sami kapratelakakên ing ngajêng wau, ingkang rama inggih Sang Rêsi Jaratkaru, tuwin para lêluhuripun sami angsal kamulyan langgêng wontên ing kaswargan, punapadene sasedanipun ingkang rama, Sang Rêsi Astika taksih sugêng wontên ing ngarcapada, sarta sagêd tampi nugraha, labêt saking bêktinipun dhatêng piwulanging agami.

Dumugi samantên, wasananipun bab kaping gangsal wêlas, saking cariyos, Astika, ing Adi Parwa.

Bab XVI.

Pangandikanipun Sang Sonaka: Ênggèr, Soti, ingsun lan para ambangun tapa, kang padha ana ing kene iki

--- 1 : 201 ---

kabèh padha kapengin bangêt ngrungu caritanira bab lêlakone Rêsi Astika kang linuwih, lan kang utama pambêgane iku. O, Soti, sayêktine wicaranira iku arum, pakêcapanira titih lan bisa anênangi ati. Ingsun apadene para tapa iki padha kaprana ngrungu kêdaling wicaranira mau, sarta manawa sira carita luwêsing wicaranira wus ora siwah lan sudarmanira, sarta sudarmanira ikuk salawas-lawase iya ora tau gawe cuwa, mula samêngko ingsun caritakna, kaya kang wus cinaritakake sudarmanira.

Aturipun Sang Soti: Dhuh, paduka ingkang antuk nugrahaning dewa ginanjar yuswa panjang. Kula badhe nyariyosakên lêlampahanipun Sang Astika, kados ingkang sampun nate dipun cariyosakên dening sudarma kula. Wiyosipun, ing nalika jaman Windu Kancana. Hyang Prajapati kagungan putra putri kêkalih ingkang sakalangkung endah ing warni. Dhuh, paduka ingkang botên kalepetan ing dosa, mênggah sulistyaning warninipun putri kalih wau sampun botên kenging cinăndra. Ingkang sêpuh sêsilihipun Dèwi Kadru, dene ingkang ênèm Dèwi Winata, kalihipun punika sami kagarwa Sang Kasyapa. [Ka...]

--- 1 : 202 ---

[...syapa.] Sang Kasyapa wau kasêktènipun kadi Hyang Prajapati. Kabêkta saking Sang Kasyapa sangêt sihipun dhatêng garwa kalih wau, pramila lajêng paring pangandika, marêngakên supados sami darbe panyuwun ingkang mêsthi badhe dipun pituruti. Sarêng putri kêkalih ingkang sami sulistya ing warni wau, dipun dhawuhi makatên, andadosakên bingahing manahipun, ing wasana Dèwi Kadru lajêng darbe panyuwun supados sagêd apêputra kakung wujud sarpa, sèwu kathahipun ingkang endah saha nunggil warni. Dèwi Winata darbe panyuwun supados sagêda pêputra kakung kalih, sarta putra kalih punika kasantosanipun, kasêktènipun, agênging sariranipun tuwin kakêndêlanipun sami ngungkulana putranipun Dèwi Kadru sèwu pisan, sadaya panyuwunipun garwa kalih pisan dipun parêngakên, pangandikanipun makatên: Panyuwunira iku padha ingsun parêngake. Tuwuhing pitadosipun putri kalih dhatêng têtêping sabdanipun ingkang garwa, sarêng sampun sami kadumugèn sagêd pêputra sayêktos kados pangajêng-ajêngipun. Rikala putri kalih wau taksih sami ambobot, ingkang garwa Sang Kasyapa paring pangandika: Dingati-ati pangrêksanira marang kang sira kandhut iku. Sasampunipun ngandika makatên, Sang Kasyapa paring pangèstu [pa...]

--- 1 : 203 ---

[...ngèstu] dhatêng garwanipun kalih pisan, sarta lajêng tindak dhatêng ing wana.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Dhuh, pêpêthinganing para dwija, dupi sampun sawatawis dangu saking lêlampahan ingkang sampun kula aturakên, Dèwi Kadru ambabar mêdal tigan sèwu, dene Dèwi Winata ugi ambabar mêdal tigan kalih. Tigan wau lajêng sami dipun pasrahakên dhatêng parêkanipun piyambak-piyambak, kadhawahan ngrimati wontên ing bokor ingkang bêntèr dayanipun. Dupi sampun gangsal atus taun, tiganipun Dèwi Kadru sèwu pisan sami nêtês, ananging tiganipun Dèwi Winata kalih dèrèng nêtês, ing batos Sang dèwi mèri dhatêng Dèwi Kadru mila lajêng amêcah tiganipun ingkang satunggal, sasampunipun pêcah, katingal isi gana ingkang gêsang, dene pamêcahipun tigan wau namung ing cangkokipun ingkang perangan nginggil, peranganipun ngandhap taksih wêtah. Gana pêksi ingkang wontên ing lêbêting tigan wau sangêt ing nêpsunipun, sarta lajêng angêsotakên dhatêng ibunipun, ucapipun makatên: O, ibu, wiwit titimăngsa punika paduka badhe dados rencang tumbasan, amargi paduka dosa mêcah tigan ingkang dèrèng dumugi mangsanipun nêtês,

--- 1 : 204 ---

sapunika kula namung atur papèngêt dhatêng paduka, tigan ingkang satunggal punika mugi kaparênga anyarantosakên, dumugi gangsal èwu warsa malih têmtu nêtês, inggih titah têtêsanipun tigan punika ing têmbe ingkang badhe sagêd angluwari paduka, saking anggèn paduka dados rencang tumbasan, ananging manawi paduka botên sarantos lajêng paduka pêcah sadèrèngipun dumugi wanci, titah linangkung ingkang wontên ing lêbêting tigan punika dèrèng diwasa. Pramila mugi ingkang ngatos-atos, sarta ingkang prayogi pangrêksa paduka dhatêng tigan wau. Gana wau sasampunipun angêsotakên ingkang ibu, sami sanalika lajêng sagêd samêkta wujud pêksi, sarta lajêng angêbêtakên suwiwinipun, tumuntên anampak jumantara. Dhuh, sang brahmana, diwasanipun pêksi lajêng dados kusiripun Hyang Surya, sarta katingal ing sabên enjing.

Kacariyos, dupi sampun kalampahan gangsal èwu taun tigan ingkang satunggal wau lajêng nêtês, mêdal garudha juru amăngsa sarpa. Dhuh, sardulaning darah Brigu ing nalika pun garudha putranipun Dèwi Winata, umiyat gumêlaring akasa sami sanalika lajêng anilar ibunipun, awit karaos luwe. Rikala punika dewaning garudha lajêng ambèbèr suwiwinipun angayuh gêgana, [gêga...]

--- 1 : 205 ---

[...na,] sumêdya ngupaya ingkang sampun tinamtokakên dados tatêdhanipun, dening ingkang murba masesa sagung dumados.

Dumugi samantên wasananing bab kaping nêmbêlas, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

Bab XVII.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Dhuh, sang tapa. Botên watawis dangu kalayan lêlampahan ingkang kula aturakên wau, Dèwi Kadru kalihan Dèwi Winata, sami priksa otcesrawas (kapal ing kaswargan) lumampah langkung ing ngarsanipun, kawuningana, otcesrawas punika kapal jalêr ingkang wandanipun sakalangkung sae, têtela bilih papêthinganing sadaya kapal, mila ingaji-aji para jawata, dene otcesrawas wau anggènipun langkung wontên ing ngriku punika mêntas mêdal saking dhasaring samodra, ingkang sawêg kinêbur dening para dewa, amargi para jawata wau sami ngupaya amrêta. Otcesrawas punika wandanipun lurus angebat-ebati, damêl kayungyunipun ingkang sami tumingal, wujudipun ajêg ênèm ing salami-laminipun, karosanipun tanpa upami, awit saking otcesrawas punika kapal ing kaswargan, pramila kasinungan ciri pêpilihan paringipun para jawata.

--- 1 : 206 ---

Sang Sonaka lajêng andangu dhatêng Sang Soti makatên: Êgèr, apa prêlune para jawata mau padha angêbur samodra, lan manèh nalika jaran linuwih kang sakti lan endah ing warna mau tinitahake, iku ambarêngi ana lêlakon apa.

Aturipun Sang Soti: Kawuningana, ing nguni wontên satunggaling rêdi nama: Mèru, warninipun mancorong, manawi sinawang kados tumpukaning sêsotya nawarêtna. Samăngsa pucakipun ingkang kados kancana punika kataman soroting surya, sunaripun lajêng katingal pating pancurat ambêlêrêngi. Asrining ardi wau sampun botên kenging cinăndra, pramila dados palinggaraning para dewa miwah para gandarwa, punapadene botên sagêd cinêlakan ing tiyang, ingkang nandhang dosa. Ing imbanging rêdi punika kathah têtuwuhanipun, sarta kathah satonipun galak, pucakipun sumundhul ing langit, mila sinêbut tungtungguling[3] sadaya rêdi. Tiyang limrah botên sagêd amanah kadospundi rekadayanipun manawi badhe anginggahi ardi Mèru punika. Wiwit ngandhap ngantos dumugi ing pucak, kêbak têtuwuhan saha kathah êtuking lèpèn, ilining toyanipun anyuwantên kadi suwantêning găngsa ing kaswargan. Kawontênanipun [Ka...]

--- 1 : 207 ---

[...wontênanipun] botên nate ewah gingsir. Ing satunggiling dintên para ingkang dêdunung wontên ing kaswargan, sami parêpatan wontên ing pucakipun ardi wau. Kawontênanipun ingkang sami parêpatan inggih punika para tapa, sarta para têtêp dhatêng sêsanggêman, wigatosipun mila sami parêpatan badhe ngupaya amrêta (toya gêsang). Dupi Hyang Narayana priksa manawi para jawata sami kawêkèn anggènipun ngupaya amrêta, lajêng matur dhatêng Hyang Brahma, aturipun makatên: Sumăngga pukulun, jêngandika kalihan kula punapadene para jawata tuwin para asura mugi sami sêsarêngan ngêbur samodra, ing ngriku manawi kalampahan kenging kinêbur amrêta badhe pinanggih, makatên ugi sêsotya nawarêtna saha sanès-sanèsipun ngantos ingkang rèmèh-rèmèh, pramila samangke mugi lajêng sami dipun wiwiti.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping pitulas, saking cariyos Astika ing Adi Parwa.

Bab XVIII.

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Kawuningana, wontên satunggaling ardi nama: Mandara. Pucakipun sakalangkung kathah, bilih tiningalan, kadosdene mega. Ardi wau manawi katandhing kalihan ardi sakiwa têngênipun, [tê...]

--- 1 : 208 ---

[...ngênipun,] katingal asri piyambak, wiwit suku dumugi pucak, kaèbêgan tatuwuhan warni-warni ingkang sami bêbundhêtan, ing lambungipun kathah pêksinipun sami angocèh, tuwin wontên satonipun galak ingkang sami adêdunung. Para jawata, para apsara, tuwin para kinaras, asring lêledhang ing ardi wau, inggilipun wontên sawêlas èwu yojana, tanjêgipun ugi samantên. Saking karsanipun para jawata adi[4] Mandara wau badhe kangge angêbur samodra, ananging kabêkta saking agêng inggilipun, para dewa ngantos kawêkèn anggènipun badhe ambêdhol, pramila golonging rêmbag lajêng sami nêdya matur dhatêng Bathara Wisnu. Rikala punika panjênênganipun Bathara Wisnu pinuju pêpanggihan kalayan Hyang Brahma. Sasampunipun para jawata wau dumugi ing ngayunanipun Hyang Wisnu tuwin Hyang Brahma, lajêng umatur: Pukulun, mugi kaparênga paring pangandika kadospundi kalampahanipun ardi Mandara sagêd kabêdhol, murih kasêmbadana pangajêng-ajêngipun para dewa.

Lajênging cariyosipun Sang Soti: Dhuh, putranipun Brigu. Hyang Wisnu tuwin Hyang Brahma amarêngakên dhatêng panyuwunipun para dewa wau, pramila lajêng dhawuh dhatêng Hyang Ananta dewaning naga, supados purun anindakakên pakaryan [pakarya...]

--- 1 : 209 ---

[...n] awrat, ambêdhol ardi Mandara. Kacariyos, dupi Hyang Ananta ingkang kinawasa punika, tampi dhawuhipun jawata agung kêkalih wau, enggal ambêdhol ardi Mandara. Sasampunipun kenging kabêdhol, lajêng kabêkta Sang Ananta dhatêng pagisikaning samodra kalayan kairingakên para jawata. Sarêng sampun dumugi ing gisikaning samodra, para jawata lajêng ngandika dhatêng samodra makatên: Samodra, dhatêng kula ing ngriki punika badhe angêbur toya andika, wigatos badhe angupaya amrêta. Wangsulanipun samodra: Kaluhuran, sayêktosipun kula punika inggih kadunungan amrêta, punapadene kula ugi kadugi nyanggi mawalikaning toya kula, samăngsa kinêbur. Sasampunipun para jawata dipun wangsuli makatên, lajêng amanggihi ratuning bulus, sarwi ngandika makatên: Dhuh ratuning bulus, mugi jêngandika kaparênga anyanggi ardi Mandara punika, wontên ing thothok jêngandika, dene prêlunipun badhe kangge ngêbur toyaning samodra. Sarêng ratuning bulus tampi dhawuh pangandikanipun para dewa makatên wau, lajêng anyandikani, wêkasan Hyang Endra lajêng anumpangakên ardi Mandara, wontên ing sanginggiling thothokipun ratuning bulus wau, dene pambêktanipun asarana pangwasa ginaib.

--- 1 : 210 ---

Para jawata kalihan para asura lajêng sami amiwiti ngêbur samodra, ingkang minăngka pirantosing pangêbur, ardi Mandara, dene tangsulipun Hyang Wasuki,[5] sirah kacêpêng ing parsasura,[6] pêthitipun kaasta para dewa. Hyang Ananta ingkang manggèn ing salêbêting samodra, tansah anongolakên tuwin ngingslêpakên sirahipun, wigatos anyêmburakên latu tuwin kukus cêmêng, wasana lajêng dados mêndhung angêndhanu saha kilat thathit aliwêran. Dangu-dangu dados jawah, anjalari sêgêring sariranipun ingkang sami sêngkut anambut karya. Kabêkta saking sêsêring ubêngipun ardi Mandara, sêkaring kêkajêngan ingkang sami tuwuh wontên ing lambungipun sami rêntah angêbyuki para jawata tuwin asura, wêkasan andadosakên ing karênanipun.

Dhuh, sang brahmana, ing dhasaring samodra kapirêng wontên suwantên gêtêr gumaludhug anggêgirisi, kados suwantêning galudhug ing nalika badhe kukuting bawana (pralaya = kiyamat), sakathahing buron toya sami pêjah kapalipit ing ardi agêng wau, bathangipun pating kêrambang. Titah ingkang manggèn ing dhasaring bumi utawi ing alaming Hyang Waruna, kathah ingkang sami pêjah. Saking sêsêring ubêngipun ardi Mandara, kêkajêngan agêng-agêng [a...]

--- 1 : 211 ---

[...gêng-agêng] ingkang dipun susuhi pêksi warni-warni, sami rungkat dhumawah ing samodra. Gêgosokanipun lajêng sami kajêng ingkang rungkat wau kadosdene dipun agar, wêkasan amahanani latu mangalat-alat, manawi tiningalan, ardi Mandara kadi mêndhung cêmêng ingkang rinêngga ing kilat thathit aliwêran. Dhuh, sang tapa, latu wau saya dangu saya andados urubipun, ambasmi singa, andaka, dirada, tuwin sato sanès-sanèsipun, sadaya sami pêjah tatumpêsan, ing nalika punika Hyang Endra enggal anurunakên jawah dêrês kangge panyirêping latu agêng wau.

Dhuh, sang rêsi, sarêng pangêburipun sampun sawatawis dangu, talutuhing kêkajêngan, tuwin têtuwuhan ing ardi Mandara sami mili, lajêng carup kalihan toyaning sagantên, inggih punika ingkang dados wijining amrêta. Pramila para jawata botên kenging ing pêjah, amargi ngunjuk cêcampuraning toya sagantên, kalihan talutuh wau, ingkang lajêng dipun êmori sarining kancana ingkang cuwèr.

Saya dangu pangêburipun, toya ing dhasaring samodra lajêng maujud kadosdene pohan, sarêng carup kalihan talutuhing kêkajêngan sarta têtuwuhan, lajêng dados martega sukci. Sanadyan [Sanadya...]

--- 1 : 212 ---

[...n] pangêburipun ngantos sampun sagêd amujudakên kados makatên, ewadene dèrèng katawis amrêtanipun, ing wêkdal wau para jawata lajêng marêk ing ngayunanipun Hyang Brahma sarwi umatur: Dhuh pukulun, kawuningana, para jawata tuwin para asura sampun têlas kakiyatanipun, dados botên sagêd anglajêngakên pangêburipun, ing măngka amrêtanipun dèrèng pinanggih. Saking pamanggihipun para jawata tuwin para asura, sampun botên wontên malih ingkang sagêd angsung pitulungan, anjawi Sang Narayana.

Dupi Hyang Brahma midhangêt aturipun para dewa ingkang makatên wau, lajêng angandika dhatêng Hyang Narayana makatên: Dhuh, Sang Narayana, mugi jêngandika kaparêng paring karosan malih dhatêng para dewa, murih sagêd anglajêngakên anggènipun angêbur samodra.

Hyang Narayana, ingkang tansah mirantos nêdya paring pitulungan dhatêng sadaya ingkang sami anêmbah ing panjênênganipun, enggal dhawuh dhatêng para dewa makatên: Hèh, sira para jawata kang tinitah linuwih, ingsun paring karosan marang sira sacukupe, kangge angrampungake pakaryanira, marma enggal padha amiwitana manèh anggonira angêbur banyune samodra.

--- 1 : 213 ---

Sasampunipun para jawata tampi nugrahanipun Hyang Narayana, warni kakiyatan, enggal lajêng sami miwiti ngêbur malih. Botên watawis dangu pangêburipun lajêng wontên rêmbulan, ingkang amawa sorot sèwu mêdal saking dhasaring samodra, kairingakên ing Bathari Laksmi mangagêm sarwa pêthak. Sapêngkêripun Dèwi Laksmi lajêng katungka wêdaling anggur pangunjukanipun para dewa. Satêlasing anggur lajêng wêdaling kapal kaswargan, ingkang pêthak ulêsipun. Sasampunipun lajêng wêdaling manik kastuba. Manik kastuba wau ing têmbe kagêm sangsangan Hyang Narayana. Bathari Laksmi, anggur, saha kapal inggal sami musna manjing ing kaswargan ingkang luhur, lampahipun kadi kêclaping cipta. Sapêngkêripun sadaya wau lajêng miyosipun Bathara Danwantari sarwi mandhi bokor pêthak isi amrêta. Para asura sarêng sumêrap dhatêng dewa ingkang ambêkta amrêta wau, lajêng sami surak-surak sarta manguwuh-uwuh, ucapipun makatên: Punika darbèk kula.

Sasampunipun para asura sami anguwuh makatên wau, lajêng wontên dirada agêng inggil, ingkang agadhing panjang sakalangkung pêthak warninipun, mêdal saking dhasaring samodra, inggih punika Sang Erawana. Dirada punika lajêng dados titihanipun jawata ingkang

--- 1 : 214 ---

asanjata guntur (Hyang Endra). Sanadyan samodra, sampun ngêdalakên kawontênan ingkang makatên, ewadene pangêburipun taksih kalajêngakên kemawon, wêkasan lajêng mêdal wisanipun. Wêdaling wisa saya dangu saya kathah ngantos angèbêki bawana, wujudipun kados latu carup kalihan kukus cêmêng. Sagunging titahing tri bawana sami kalêngêr dening gandaning kalakuta (wisa). Hyang Brahma enggal matur ing Bathara Siwah, supados kaparênga angayomi sagung dumados, mila Hyang Siwah, inggih Bathara Maiswara, ingkang asarira mantra, enggal angunjuk wisa wau sarta lajêng kaêndhêg wontên ing jăngga. Ujaring pawartos wiwit titimăngsa punika Hyang Siwah lajêng sinêbut: Hyang Nilakăntha (dewa ingkang jangganipun biru). Rikala para asura anyumêrêpi wêdalipun sadaya kawontênan wau, botên gadhah pêngajêng-ajêng sanès, kajawi badhe mêmêngsahan kalihan para dewa, wigatos nêdya angukuhi Dèwi Laksmi tuwin tirta amrêta. Awit saking kawontênanipun kados makatên, mila Hyang Narayana kaparêng angayomi amrêta tuwin Dèwi Laksmi ingkang sakalangkung endah ing warni. Sami sanalika Hyang Narayana lajêng amancala warna wanodya sakalangkung endah, saha lajêng mrêpêki para danawa tuwin para ditya. Awit saking dayaning [daya...]

--- 1 : 215 ---

[...ning] kamayanipun Hyang Narayana, sagung para asura lajêng sirna kaèngêtanipun, mila kadugi anglilahakên amrêta dhatêng Hyang Narayana ingkang awarni wanodya endah wau.

Dumugi samantên wasananing bab kaping wolulas, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

Bab XIX. (Sambêtipun Astika Parwa).

Sang Soti anglajêngakên cariyosipun: Para ditya tuwin para danawa, sasampunipun sawega dêdamêl warni-warni, lajêng manêmpuh golonganing para jawata. Para dewa lumajêng asasaran, sarwi dipun bêbujêng dening para asura. Rikala para asura ambêbujêng para dewa, ing ngriku anggènipun Hyang Narayana ambêkta lumajêng amrêta, kalihan kadhèrèkakên Hyang Nara. Salêbêtipun para dewa dipun bêbujêng dening para asura, andadosakên sakalangkung girisipun, mila Hyang Narayana lajêng angunjuki amrêta dhatêng para dewa wau. Ing nalika punika wontên satunggaling danawa wasta pun Rahu, amawor sambu nunggil para jawata, dados sagêd tumut ngunjuk amrêta, ananging sarêng pun Rahu anggènipun ngunjuk amrêta

--- 1 : 216 ---

sawêk dumugi ing gulu, Bathara Surya kalihan Bathara Soma, ingkang sami botên kasamaran dhatêng sandi upayanipun Rahu, enggal pratela dhatêng Bathara Narayana, wusana Bathara Narayana lajêng anglêpasakên cakra, Rahu sarêng kataman cakra têmah pagas gulunipun, sasampuning sirahipun Rahu kapisah saking gêmbungipun, sirahipun lajêng mêsat angayuh gêgana sarwi asumbar-sumbar sakêlangkung gêgirisi. Saking agênging sirahipun pun Rahu, manawi tiningalan kadi parbata anakan, gêmbungipun Rahu lajêng gumuling ing siti, dhawahing gêmbung angorêgakên bantala, samodra kocak, ardi tuwin pulo-pulo saindênging bawana sami manggut-manggut. Wiwit nalika samantên wontênipun paprangan ingkang tanpa wasana, inggih punika têtandhinganipun Hyang Surya tuwin Hyang Soma kalihan sirahipun Rahu, dumugi sapriki sirahipun Rahu sabên-sabên anguntal Hyang Surya tuwin Hyang Căndra (grahana).

Sasampunipun Hyang Narayana wangsul suwarninipun dados priya malih, enggal anglêpasakên sakathahing dêdamêl ingkang anggagirisi, kangge amrawasa golonganing para asura, têmahan adamêl mirising para danawa tuwin ditya. Campuhipun para jawata mêngsah para asura, ingkang ngantos angêrêsakên [angêrêsa...]

--- 1 : 217 ---

[...kên] manah punika, wontên ing pagisikaning samodra. Campuling tuwin badhama ingkang mingis-mingis pucukipun, punapadene dêdamêl ingkang kalêpasakên saking kalih golongan wau saking kathahipun, ngantos tanpa petangan cacahing asura ingkang dhumawah ing siti, margi kataman ing cakra, sabêt, jêmparing saha gada. Sirahing raksasa ingkang rinêngga ing jamang kancana murub, kumarutuk tanpa kêndhat dhumawah ing papan ajanging paprangan, awit pagas dening sabêt suduk ingkang amingis-mingis. Para asura sêkti-sêkti sami pêjah ambalasah ing siti, gêmbungipun sami gagubras ludira, manawi sinawang saking katêbihan, kadi ardi sèwu ingkang pinulas jingga. Dupi surya sampun amadhangi jagad, ingkang sami băndayuda saya riwut waringutên tandangipun. Ing pundi-pundi kapirêng suwantêning sêsambat, ingkang têbih panggenanipun sami anglêpasakên dêdamêl, dene ingkang sampun cêlak, lajêng sami banting-binanting, goco-ginoco, tuwin jangkah-jinangkah. Kiwa têngên, ngajêng wingking kapirêng pating jalêrit, tuwin pating barêkuh, sarta kathah suwantêning pangatag marwasa: pêdhangên, sudukên, sabêtna, rampungana.

Ing nalika nêdhêng ramening paprangan, Hyang Nara tuwin Hyang Narayana lumêbêt ing madyaning pabarisan, sadumugining ngriku, [ngri...]

--- 1 : 218 ---

[...ku,] Hyang Narayana priksa manawi langkaping kaswargan (gandhiwan) kaasta dening Hyang Nara, panjênênganipun lajêng angèsthi sanjatanipun pamungkas, inggih punika cakra pangruwating satru sêkti ingkang sinung nama Sudarsana. Sami sanalika sanjata linangkung wau cumalorot saking antariksa, sunaripun mancorong ambalêrêngi kados ujwalanipun Hyang Agni, dhumawah ing ngarsanipun Sang Ajuta (Narayana) ingkang linangkun kasantosanipun, saha baunipun kadi têlalening dirada. Cakra kaasta lajêng kasawatakên kalihan karosanipun ingkang tanpa timbang, lumêpasing cakra kadi cumloroting daru, ampuhipun angebat-ebati, nanging sawanganipun anêngsêmakên, sanjata wau sagêd ambrastha nagarinipun mêngsah. Dupi cakra wau lumêpas saking astanipun Hyang Narayana, lajêng murub mangalat-alat, kados latu pangobaring jagad ing nalika wasananing jaman. Dhumawahipun cakra ing pundi kemawon mêsthi pramana, mila sagêd ambrastha danawa tuwin rasêksa maèwu-èwu. Manawi kalêpasakên dhatêng mêngsah ingkang wontên ing awang-awang, kathahing wangke ingkang dhumawah ing siti kadi gumrujuging jawah ing măngsa rêndhêng, kalamăngsa tumamaning cakra kados patraping brakasakan manawi angokop êrah.

--- 1 : 219 ---

Para danawa ingkang karosan saha pangwasanipun tanpa upami, enggal sami napak jumantara sarta lajêng andhawahakên rêdi saking ing awang-awang, manawi tiningalan kados mega pêthak ingkang anurunakên jawah, dhumawahing rêdi tansah adamêl karisakanipun para jawata. Ardi ingkang sami binopong sarta binêkta mabur dening para danawa, saking kathahipun ngantos katingal angêndhanu pindha mêndhung. Sarêng kadhawahakên lajêng têmpuk sami rêdi, punapadene kêkajêngan ing rêdi wau ugi sami têmpuk sami kajêng, têmahan angwontênakên suwantên ingkang sangêt anggêgirisi. Maambal-ambaling surakipun ingkang sami andon yuda, kabarung suwantên dhumawahing rêdi sêsawatipun para danawa, rungkat saha têmpuhipun kêkajêngan ing rêdi wau anggonjingakên bantala. Rikala punika Hyang Nara lumêbêt ing samadyaning pabarisanipun para asura tuwin para gana (umatipun Bathara Rudra), lajêng angrêmuk ardi dêdamêlipun para asura, sarana jêmparingipun ingkang abedhor kancana. Sarêng ardi-ardi wau kataman ing jêmparing blêduk dados lêbu, angèbêki awang-awang ngantos andadosakên pêtênging têgal paprangan. Dupi para danawa ingkang sinakti wau rumaos kasoran prangipun, sarta nyumêrêpi lumaraping sanjata cakra [ca...]

--- 1 : 220 ---

[...kra] maambal-ambalan, sarta ingkang lajêng murub makantar-kantar kados ubaling latu panglêburing dumados ing nalika bawana badhe kinukut, para asura enggal sami asalang-tunjang, sawênèh wontên ingkang amblês ing bumi, utawi wontên ingkang lajêng ambyur ing sagantên.

Sabibaring prang, para jawata sami angluhurakên dhatêng ardi Mandara, tuwin lajêng kawangsulakên ing panggenanipun malih. Para jawata ingkang sampun ngunjuk amrêta, sami surak-surak, suwantênipun ngantos angèbêki kaswargan, sarta lajêng sami wangsul dhatêng kahyanganipun piyambak-piyambak. Sawênèhipun wontên ingkang sami ăndrawina wontên ing kaswargan. Hyang Endra kairing para jawata sawatawis, maringakên bokor ingkang isi amrêta dhatêng Hyang Nara, supados dipun rêksaa.

Dumugi samantên wasananipun bab kaping sangalas, saking cariyos Astika, ing Adi Parwa.

 


§ Sêsaji ingkang katindakakên padintênan dening para brahmana. (kembali)
dhatêng. (kembali)
têtungguling. (kembali)
ardi. (kembali)
§ Upami ardi Mandara wau jara, jangêtipun Hyang Wasuki. Dados ardi Mandara ginubêt Hyang Wasuki, sirah kacêpêng para asura, pêthitipun kaasta para dewa, lajêng gêntos-gêntos panggèndèngipun, mila ardi lajêng mubêng mangiwa manêngên. (kembali)
para asura. (kembali)