Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

No. 9. Tahun ke I.

7 December 1955.

Sêrat MAHABHARATA.

Anggitanipun Rêsi Krêsna Dwipayana Weda Wiyasa.

[Grafik]

Kawêdalakên sabên wulan sapisan

Permintaan no. Contoh hendaknya disertai harganya Rp. 3.50.

--- [0] ---

"SÊRAT MAHABHARATA"

Sêrat MAHABHARATA ingkang kawêdalakên dados majalah bulanan punika, aslinipun saking basa Inggris kadadosakên basa Jawi, kala kalih dasanan taun ingkang kapêngkêr, dening para sadhèrèk warga Theosofi ing Surakarta. Ugi sampun nate kawêdalakên dados majalah basa Jawi aksara Jawi, ananging kandhêg ing margi. Samangke kawêdalakên malih mawi basa Jawi aksara Latin.

KAPIMPIN dening sadhèrèk SATYAPRANAWA sawarni Redhaktur ingkang tanggêl jawab, kabantu dening sadhèrèk Kusumodihardjo. Redhaktur Brahmawija.

Alamat Redhaksi/ Adm.

JALAN BALAN No. 189/295 SOLO (Surakarta).

__________

ARTA LÊNGGANAN

Sakwartal: Rp. 10,- ... Rêgi ècèran: Rp. 3,50.

Arta kasuwun rumiyin.

__________

Isinipun taksih lêlajênganipun ADIPARWA.

__________

Para sadhèrèk ingkang kêparêng badhe lêngganan urut no. 1 têksih dipun sêdhiyani cêkap dumugi pungkasaning taun 1955 punika.

__________

Surat idzin penerbitan No. 80/DPKN/ Prd./Pnb./55. Tanggal 23 Marêt 1955.

--- 257 ---

Sêrat Mahabharata No. 9.

7 December 1955.

Awit wontênipun Pandhawa tumitah ing marcapada punika pêrlu dados sarayanipun para dewa anggènipun badhe numpês bangsa Kuru dalasan sanès-sanèsipun, ingkang pancèn sampun dumugi ing kalamangsanipun sirna.

Prabu Drêstarastra, putranipun Dèwi Ambika, saking gênging sihipun dhatêng para putra, sarta kêpengin jumênêng nata binathara, mila kadugi badhe nyingkirakên para Pandhawa dalah ibunipun.

Ingkang makatên wau kalampahan, para Pandhawa dalah ibunipun Dèwi Kunthi, boyong saking Astinapura dhatêng Waranawata, makuwon wontên Bale Sagala-gala ingkang sampun kasadhiyakkên kagêm para Pandhawa.

Kocapa Sang Widura (putra ksatriya mijil saking pawèstri bangsa Waisya), saking gênging sihipun dhatêng Pandhawa, tansah mitulungi sarta suka pamrayogi, ingkang anjalari para Pandhawa sagêd oncat saking bêbaya kabêsminipun Bale Sagala-gala. Dene oncatipun para Pandhawa punika ing wanci dalu, sarana malêbêt ing trowongan damêlanipun piyambak, ingkang anjog ing wana.

Para putranipun Dèwi Kunthi wau anggènipun ngèstokakên dhawuhipun Prabu Drêstarastra kalihan suka pirênaning panggalihipun. Sadumuginipun ing nagari Waranawata, lajêng makuwon ing Bale Sagala-gala, dangunipun wontên ing ngriku ngantos sataun kalihan tansah mrayitnani tindakipun Porucana ingkang badhe nyirnakakên Pandhawa. Mila Pandhawa lajêng damêl marga ing salêbêting siti, miturut pamrayoginipun Sang Widura.

Sarampunging panggarap, Bale Sagala-gala lajêng dipun bêsmi dening Pandhawa piyambak. Srayanipun Sang Duryudana pun Purocana anêmahi pêjah, katut kabêsmi. Dene para pangrurahing satru dalah Dèwi Kunthi ibunipun, sami lolos saking Bale Sagala-gala, mêdal ing trowongan kasbat ing ngajêng, kalihan gêtêring panggalih. Sarêng lampahipun sampun wontên ing sajawining [saja...]

--- 258 ---

[...wining] trowongan, dumugi sacêlaking talaga ing satêngah-têngahing wana, para Pandhawa kapêthuk satunggaling raksasa nama Hidimba, lajêng dipun sirnakakên. Ananging sapêjahipun Hidimba, para Pandhawa saya wêwah sumêlanging panggalihipun. Mila sanadyan wanci dalu pêtêng andhêdhêt limêngan, kapêksa kesah saking ngriku. Inggih wontên ing ngriku punika anggènipun Sang Bima anggarwa Dèwi Hidimba§ Manawi Jawi Dèwi Arimbi. kadangipun raksasa Hidimba, lajêng apêputra Sang Gathutkaca.

Lampahipun para Pandhawa ingkang têtêp dhatêng sêsanggêman, sarta putus dhatêng Wedha punika, anjog ing praja Ekacakra, wontên ing ngriku sami anamur cara brahmacara. Ananging anggènipun dêdunung wontên ing ngriku botên dangu mondhok ing griyanipun satunggiling brahmana, kalihan tarak brata. Wontên ing ngriku Sang Bima bôndayuda kalihan raksasa ingkang karêm môngsa janma, nama Baka; anggènipun mêjahi namung kalihan asta. Wêkasan andamêl karaharjanipun têtiyang ingkang sami gêgriya ing nagari Ekacakra.

Ing nalika samantên para Pandhawa mirêng pawartos, bilih Dèwi Krêsna, putrinipun Prabu Drupada, kangge sayêmbara pilih. Sintên ingkang sagêd unggul badhe kadhaupakên kalihan sang dèwi. Kathah para narendra ingkang sami anglêbêti sayêmbara makatên ugi para Pandhawa inggih sami pangkat dhatêng Pancala anglêbêti sayêmbara, sarta kalampahan sagêd amboyong putri. Sasampunipun angsal boyongan putri wau lajêng kagarwa para Pandhawa gangsal pisan salajêngipun para Pandhawa sami dêdunung wontên ing Pancala, laminipun sataun. Sarêng sampun kasumêrêpan ing ngakathah, para Pandhawa, putranipun Prabu Pandhu, lajêng sami kondur dhatêng ing Hastinapura.

Sadumuginipun ing kadhaton lajêng marêk Sang Prabu Dhêtrarastra tuwin Sang Bhisma. Sang Prabu Drêstarastra ngandika: Kulup, dununging katrêsnan ingsun murih aja nganti kabacut-bacut anggonira padha pasulayan lan kadangira, prayogane samêngko sira padha misaha bae marang Kandhawaprastha; iku ingsun paringake marang sira. Kulup, aja padha anggêdhèkaanggêdhèkake kamèrèn, bêcik tumuli mangkata marang Kandhawaprastha bae.

--- 259 ---

Wruhanira kulup, praja Kandhawaprastha iku akèh kuthane, kang wus rinajang ing dêlanggung gêdhe pira-pira. Sira padha amanggona ing kono.

Kacariyos, para Pandhawa ugi lajêng sami ngèstokakên timbalanipun sang prabu, tumuntên sami bêbodholan dhatêng ing Kandhawaprastha, kadhèrèkakên para mitra saha para abdinipun sarta ambêkta rajabrana sakalangkung kathah. Dupi sampun sawatawis taun anggènipun wontên ing Kandhawaprastha, para putranipun Dèwi Prita sampun sagêd anêlukakên narendra pintên-pintên, sarana dêdamêlipun. Mila saya dangu para Pandhawa saya agêng pangwasanipun, amargi tansah sami lampah utami, têtêp dhatêng prasêtya, sarta botên rêmên dhatêng kamuktèn miwah kawibawan, sadu budi, saha sampun sagêd sèlèh saliring pandamêl awon. Sang Bima, ingkang kinèringan ing ngakathah, anêluk-nêlukakên nagari iring wetan, Sang Arjuna ingkang sudira ing rananggana, anêlukakên ing bang lèr. Sang Nakula ing bang kilèn, dene Sang Sahadewa anêlukakên ing bang kidul. Sakathahing nagari salumahing bantala prasasat sampun dados têlukanipun para Pandhawa. Kalangkunganipun Pandhawa gangsal pisan wau sampun misuwur ing jagad, têmah katingal ngalela. Dados ing jagad wontên srêngengenipun nênêm, ingkang gangsal para Pandhawa, dene satunggalipun srêngenge, ingkang katingal ing ngawang-awang punika.

Awit wontên sabab ingkang wigatos, Sang Arjuna, ingkang lêbda jêmparing kalihan asta kiwa, dipun singkirakên ingkang raka Prabu Yudhisthira, ingkang ambêk adil dhatêng wana, ing môngka sihipun Sang Yudhisthira dhatêng Sang Arjuna punika ngungkuli sihipun dhatêng sariranipun piyambak. Sardulaning têdhak Bharata Sang Arjuna, ingkang santosa, saha utami panggalihipun manggèn wontên ing wana dangunipun ngantos sawêlas warsa, sadasa candra. Salêbêtipun wontên ing wana, ing satunggiling dintên Sang Arjuna martuwi dhatêng Dwarawati, sowan ing ngarsanipun Sri Krêsna. Wontên ing Dwarawati Sang Wibatsu krama angsal Dèwi Sumbadra, ingkang tingalipun kadi sêkar tunjung, saha arum wicaranipun, arinipun Sri Krêsna, Sang Arjuna anggènipun krmakrama kalihan sang dèwi tansah sih-sinihan,

--- 260 ---

kados Dèwi Kaci kalihan Bhathara Indra, utawi Dèwi Sri kalihan Sri Krêsna.

Dhuh sinuwun, Sang Arjuna putranipun Dèwi Kunthi, wontên ing wana Kandhawa kalihan Risang Wasudewaputra, sampun sagêd damêl rênaning panggalihipun Bathara Agni, amargi sagêd ngusadani Bathara Agni anggènipun gêrah padharan, sarana ambêsmi têtuwuhan ing wana wau. Sayêktosipun botên wontên pakaryan ingkang rêkaos utawi angèl tumrap Sang Arjuna, manawi jinangkung dening Sang Kesawa, awit ingatasipun Bathara Wishnu punika botên wontên kawontênan ingkang mokal. Bathara Agni lajêng angganjar dhatêng Sang Arjuna warni langkap, ingkang nama: gandhiwa, endhong ingkang botên sagêd têlas jêmparingipun, sarta rata paprangan ingkang mawi daludak ingkang pucaking landheyanipun mawi têtêngêr rêca wanara.

Ing nalika kobaripun wana Kandhawa, wontên asura nama Maya, ingkang giris manahipun, awit kuwatos manawi katut kabêsmi. Ing ngriku lajêng dipun pitulungi Sang Arjuna, têmah sagêd luwar saking bêbaya latu. Saking kasoking mahanipun, Asura Maya lajêng angiyasakakên kadhatonipun para Pandhawa, ingkang sakalangkung endah. Kadhaton wau linapis ing kancana pinatik ing sêsotya nawarêtna, ingkang botên siwah kalihan kadhatonipun Sang Hyang Indra.

Dupi Prabu Anèm Duryudana, ingkang ambêk candhala, priksa kadhatonipun Pandhuputra, tuwuh kamelikanipun, kêpengin ngrêbat kadhaton wau, sarana lampah cidra, inggih punika Prabu Yudhisthira dipun tantang kasukan dhadhu, nanging Sang Duryudana ngangge sêsulih ingkang paman: Sakuni, putranipun Prabu Suwala. Wasana Pandhawa kasoran mila kendhang dhatêng wana, dangunipun ngantos kalih wêlas taun, sarta sasampunipun kalih wêlas taun kêdah sêsingidan sataun, dados sadaya wontên tiga wêlas taun.

Dhuh sinuwuh, dupi sampun ngancik taun ingkang kaping kawan wêlas, saking wiwitipun kendhang, para Pandhawa wangsul dhatêng Hastinapura, nêdha wangsulipun nagari, kadhaton saha sapanunggilanipun malih, ananging Kurawa kêkah botên purun mangsulakên, wasana dados jalaraning prang sakalangkung agêng.

--- 261 ---

Para Pandawa anumpês sakathahing bangsa Ksatriya, dalah Duryudana ugi dipun sirnakakên pisan, mila nagarinipun sagêd wangsul, nanging sampun kathah karisakanipun.

Makatên wau cariyos lêlampahanipun para Pandhawa, ingkang botên nate kandhih dening wasesaning watak awon. Dhuh papêthinganing para narendra têdhak Barata, inggih makatên wau wiwitan dumugi wêkasaning cacongkrahanipun para Pandhawa kalayan para Kurawa, têmahanipun Kurawa kecalan nagari, dene ingkang mênang Pandhawa.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sawidak satunggal saking cariyos Adiwangsa Watarana, ing Adiparwa.

__________

BAB LXII. SAMBÊTIPUN ADIWANGSA WATARANA PARWA.

Pangandikanipun Sang Prabu Janamêjaya: Dhuh brahmana linangkung, ingkang jêngandika cariyosakên sadaya wau, sêmunipun namung rêringkêsan babad Barata kemawon, ingkang nyariyosakên kaluhuranipun para Ksatriya têdhak Kuru. Dhuh ingkang abôndha kasutapan, mugi jêngandika kaparênga nyariyosakên sawêtahipun cariyos ingkang sakêlangkung elok punika. Kula kapengin sangêt mirêng cariyos wau, mila mugi lajêng dipun cariyosna. Manawi namung rêringkêsan kemawon, botên sagêd damêl marêming manah, malah kadosdene nyacongah. Saèstunipun ingkang dados dadakaning cacongkrahan wau, sanès prakawis alit awit para ambêg utami, tamtunipun botên karsa nangsaya tiyang ingkang botên dosa dhatêng sariranipun, ing môngka karsanipun Pandhawa anggènipun badhe mangrurah Kurawa wau, têtela dipun jurungi ing ngakathah. Sababipun punapa, dene bêbanthènging têdhak Barata, para Pandhawa, sami sabar kemawon dhatêng piawonipun para Kurawa, ingkang asor ing budi punika, môngka Pandhawa botên gadhah dosa, sarta têmtu sagêd anyirnakakên

--- 262 ---

para Kurawa. Dhuh papêthinganing brahmana, kadospundi dene Sang Bima, ingkang karosanipun sami kalayan gajah salêksa tansah dipun aniaya, mêksa sagêd amambêngi kanêpsonipun. Sababipun punapa, dene putrinipun Prabu Drupada: Dèwi Drupadi, ingkang sukci panggalihipun, tansah kacêcamah, saha kaerang-erang dening para candhala ing budi, têka botên karsa ambrastha mêngsahipun, ing môngka sang dèwi punika manawi duka, sadhengah inkangingkang pinandêng têmtu kabêsmi dening latu, ingkang mêdal saking paningalipun.

Kadospundi dene sang panênggak, sarta panêngah Pandhawa (Bima kalayan Arjuna) tuwin putranipun Dawi Madri kalih pisan, ingkang ugi sampun sami dipun pitênah dening Kurawa, têka botên sami karsa mambêngi Sang Yudhisthira, anggènipun kasukan dhadhu. Kadospundi, dene têtungguling para utami Sang Yudhisthira, putranipun Hyang Dharma, saha ingkang dhatêng putus saliring kuwajiban ngantos nandhang kasangsaran ingkang samantên amêngipun.agêngipun Kadospundi, dene Sang Dananjaya, ingkang ratanipun kinusiran Sri Krêsna, ngantos kalampahan dipun niaya makatên, mangka Sri Krêsna punika kawasa ambuncang mêngsah, ingkang sakalangkung sêkti dhatêng sajawining jagad, sarana jêmparingipun. Dhuh sang tapa, mugi jêngandika kaparêng nyariyosakên sadaya pandamêlanipun para prajurit wahana rata ingkang kinawasa, inggih para Pandhawa punika.

Rêsi Waisampyana matur: Dhuh nata binathara, mugi paduka kaparênga angwontênakên wanci, ingkang maligi kangge mirêngakên cariyos, ingkang sampun dipun pangandikakakên dening Sang Maharsi Krêsna Dwipayana, punika sakalangkung panjang.

Kula badhe nyariyosakên sadaya, angambali punapa ingkang sampun dipun pangandikakakên Sang Maharsi Wiyasa, ingkang pangwasaning ciptanipun tanpa watêsan, saha ingkang linuhurakên ing jagad têtiga punika. Babad Barata punika ngwrat sloka sukci satus èwu, rinipta dening putranipun Dèwi Satyawati, inggih ingkang pangwasaning ciptanipun tanpa watêsan wau. Sintêna ingkang maosakên Sêrat Barata dhatêng tiyang sanès, ingkang mirêngakên sarta ingkang ngungêlakên sêrat wau, badhe sagêd dêdunung wontên ing kahyanganipun Sang Hyang Brahma,

--- 263 ---

sarta kasamèkakên kalayan para jawata. Sêrat Barata punika sakalangkung adi saha sukci, sami kemawon kalayan sêrat Wedha, sarta adi piyambak ingatasipun sadaya sêrat ingkang pantês dipun gatosakên. Sêrat Barata punika purananipun para rêsi ingkang kaaji-aji, saha nawung piwulang ingkang agêng pigunanipun tumrap arta (kabêgjan) tuwin kama (karahayon).

Cariyosipun sagêd nênangi kêpenginipun tiyang dhatêng kautamèn. Para sarjana ingkang nyariyosakên: Wedhanipun Sang Krêsna Dwipayana dhatêng janma ingkang luhur ing budi, janma ingkang ambêg paramarta, tuwin janma ingkang botên nate cidra, môngka sami pitados dhatêng cariyos wau, punika ingkang nyariyosakên sarta ingkang dipun cariyosi, tamtu badhe sugih rajabrana. Tiyang dosa agêng, kados ta: mêjahi jabang bayi ingkang taksih wontên wêtêngan, punika sagêd luwar saking dosanipun sarana nyariyosakên utawi gatosakên cariyos Barata. Kados punapa kemawon dosanipun tiyang, manawi dipun saranani maos Sêrat Barata, sagêd luwar saking dosanipun, candranipun kados oncating surya saking sirahipun rahu, nalika mêntas grahana. Cariyos Barata punika ugi dipun sêbut jaya, amargi sintêna ingkang kêpengin unggul pêrangipun, badhe sagêd kadumugèn, manawi dipun saranani maos sarta gatosakên caroyos punika (Mahabarata = jaya).

Manawi ingkang maos Barata punika narendra, badhe sagêd mêngkoni saindênging bawana, utawi sagêd nêlukakên sadaya mêngsahipun, amargi sajatosipun, sêrat punika puji ingkang agêng pangwasanipun kangge panyuwunan tumurunipun nugraha. Cariyos Barata punika prayogi dipun pidhangêtakên dening para narendra taruna kalayan pramèswarinipun, dene nugrahanipun, manawi apêputra kakung badhe dados prajurit linangkung, sarta manawi miyos putri, badhe dados sorining narendra. Cariyos wau nawung piwulang luhur ingatasipun darma, arta tuwin muksa. Makatên wau dhawuhipun Sang Wiyasa, ingkang kawicaksananipun sampun botên kenging kinintên-kintên. Cariyos Barata punika, piwulang ingkang kêdah kagiyarakên wontên jaman sapunika, utawi ing têmbe, sarta tansah badhe dipun

--- 264 ---

ambal-ambali malih ing jaman punapa kemawon. Sintêna ingkang maos Sêrat Barata, sadaya pikajêngipun badhe dipun pituhu dening anak jalêr, sarta dipun èstokakên rencangipun. Dosa, ingkang tuwuh saking pakartinipun badan, wicara, utawi krêntêging manah, badhe sirna sami sanalika, manawi anggatosakên cariyos wau. Sintêna ingkang mirêngakên cariyos miyosipun para nata têdhak Barata, môngka botên gadhah manah jail, têmtu botên gadhah ajrih dhatêng sawarnining sêsakit, kajawi namung ajrih dhatêng ingkang tumanduk wontên ing jagad sanès-sanèsipun.

Ing sarèhning Sang Maharsi Krêsna Dwipayana, karsa damêl kamulyaning ngakathah, mila lajêng dipun sararanisaranani ngripta babad Barata, ingkang nyariyosakên kalangkunganipun para Pandhawa, ingkang sami luhur ing budi, tuwin sanès-sanèsipun ingkang sami widagda dhatêng sakathahing pangawikan, sarta ingkang ambêg paramarta, tuwin saening pandamêlipun, sampun misuwur wontên ing marcapada. Cariyos Barata punika sagêd nênangi panggayuhipun tiyang dhatêng kautaman, sagêd adamêl panjanging yuswa, amargi kawontênanipun babad sukci wau sukci sarta luhur. Sintêna ingkang darbe pangangkapangangkah sagêdipun angsal nugrahaning agama, mugi maosa Sêrat Barata, ingkang pamaosipun ngantos sagêdipun mirêngakên brahmana ingkang sukci. Sarana lampah makatên, tiyang badhe tampi nugraha agêng, saha tansah antuk kautamèn. Sintêna ingkang nyariyosakên nalurinipun bangsa Kuru, ingkang sampun kaloka ing jagad punika, badhe lajêng sagêd sukci sami sanalika, sagêd kabrayan (sugih putra wayah), sarta wontên ing marcapada angsal pangaji-aji. Bilih para brahmana punika anggènipun marsudi Sêrat Barata, wontên ing salêbêtipun môngsa rêndhêng, ajêg ngantos sakawan wulan muput, badhe kasukcèkakên saking sakathahing dosanipun. Sintêna ingkang ngantos tamat anggènipun maos Sêrat Barata, nugrahanipun sami kalayan ingkang putus dhatêng Wedha.

--- 265 ---

Sêrat Barata punika nyariyosakên kawontênanipun para dewa, para pandhita raja, para dwija, tuwin Sang Kesawa, ingkang tanpa dosa. Anjawi punika ugi mratelakkên kawontênanipun dewaning para dewa, inggih punika Hyang Mahadewa tuwin Bathari Parwati, sarta nyariyosakên miyosipun Sang Kartikeya, ingkang dipun miyosakên saha dipun gulawênthah dening ibu-ibunipun tuwin nyariyosakên kaluhuranipun para brahmana tuwin lêmbu. Cariyos batharaBarata punika kalêmpakanipun sadaya sruti, mila prayogi dipun mirêngakên para utami. Para sarjana ingkang nyariyosakên babad Barata, dhatêng para brahmana ing sabên wiwitaning wulan, ngantos dumugi ing wulan purnama, punika sakathahing dosanipun badhe antuk pangaksama sarta pêjahipun botên kandhêg wontên ing kaswargan, ananging lajêng nunggil kalihan Hyang Brahma kemawon. Manawi para brahmana nalikanipun damêl sêsaji sradha, mangka mirêng tiyang angidungakên Sêrat Barata, sanadyan ingkang kamirêngan wau namung sapada, sêsajinipun botên sagêd kalong-kalong sarta para pitri ingkang sinajenan, anggènipun nampèni sadaya ingkang dipun sajèkakên, kanthi rênaning panggalih. Dosa ingkang dumados saking pagraospangraos utawi saking cipta ing sadintên-dintênipun, sanadyan dumadosipun wau saking panêmaha utawi botên, punika badhe ruwat sarana cariyos Barata.

Cariyos adiluhung, ingkang nyariyosakên lêlampahan, miyosipun para nata têdhak Barata wau, dipun wastani: MAHABHARATA. Sintêna ingkang ngrêtos dhatêng wêwadosipun nama MAHABHARATA, punika badhe sinukcenan sakathahing dosanipun. Awit cariyos lêlampahanipun para darah Barata punika sakalangkung elok, pramila manawi dipun cariyosakên, saèstu sagêd ngicalakên dosanipun tiyang ingkang mirêngakên. Sang Maharsi Krêsna Dwipayana anggènipun ngripta cariyos Barata punika, panggarapipun sabên dintên ajêg, rampungipun ngantos tigang taun. Sabên dintên sawungunipun saking sare, sêsukci rumiyin, sasampunipun lajêng nindakakên kuwajibanipun kapandhitan. Sarampungipun punika, sawêg wiwit ngripta cariyos Barata wau, mila babad punika sayogi dipun mirêngakên para brahmana, ananging anggènipun mirêngakên kanthia

--- 266 ---

pangangkah nêdya nêtêpi prasêtya, punapa ingkang kêdah dipun lampahi. Sintêna ingkang nyariyosakên kidung sukci anggitanipun Sang Maharsi Krêsna Dwipayana, mangka kanthi sêdya supados kapirêng tiyang sanès, sanadyan ingkang nyariyosakên tuwin ingkang mirêngakên wau kados punapa kemawon awon utawi saening pandamêlipun, badhe botên sagêd kraos dhatêng kadadosaning pandamêlipun. Manawi tiyang kêpingin anggayuh dhatêng kautamèn, prayogi mirêngakên cariyos wau.

Ajining cariyos Barata punika sami kalayan sakathing cariyos ingkang kagêlarakên ing jagad, mila sintêna ingkang mirêngakên, tamtu lajêng sukci manahipun. Marêmipun tiyang ingkang sagêd nginggahi kamulyaning kaswargan, punika botên mantra-mantra sami kalayan marêmipun tiyang mirêngakên cariyos Barata, ingkang sukci punika. Para utami ingkang maosakên utawi mirêngakên cariyos wau, môngka anggènipun maos tuwin mirêngakên kanthi kasusilan, badhe antuk nugraha kados nugraha, ingkang dados gêgadhanganipun tiyang damêl sêsaji: rajasuya, utawi sêsaji kapal.

Kacariyos agênging ajinipun cariyos Barata punika, sami kalayan tambang sêsotya. Wiyaripun kadi samodra, agêngipun kadi ardi Mèru. Sêrat Barata punika luhur saha sukci, botên siwah kalihan Sêrat Wedha. Manawi dipun mirêngakên, sagêd damêl ruwating dosa, sarta sagêd ngagêngakên kautamèn. Dhuh narendra têdhak Barata, sintên ingkang nyukani tatêdhakipun Sêrat Barata, dhatêng sadhengah ingkang gadhah panêdha, ajining pawèwèh punika, sami kalihan andanakanandanakakên jagad dalah sagantênipun pisan. Dhuh Sang Pariksitputra, cariyos ingkang nêngsêmakên, saha sagêd dadasdados jalaraning unggul tuwin kautamèn punika, badhe kula cariyosakên. Sang Pandhita Dwipayana anggènipun ngripta kidung Barata wau, sabên dintên sawungunipun saking sare, salêbêtipun tigang taun. Dhuh, bêbanthènging para têdhak Barata, sadaya ingatasing bab: agama, kabêgjan, kasênêngan, tuwin karahayon, sanadyan ingkang wontên ing pundi kemawon, sampun kawursita wontên ing babad Barata. Kosokwangsulipun, punapa ingkang botên kawursita ing Sêrat Barata, ing pundi kemawon ugi botên wontên.

--- 267 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak kalih, saking perangan Adiwangsa Watarana, ing Adiparwa.

__________

BAB LXIII. SAMBÊTIPUN ADIWANGSA WATARANA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Ing nguni wontên satunggaling narendra jêjulukipun: Maha Prabu Uparicara. Sang prabu punika sêngsêm ulah kautamèn, nanging rêmên ambêbêdhag, Prabu Uparicara wau narendra têdhak Porowa, ingkang ugi pêparab Prabu Wasu. Awit saking sang prabu ngèstokakên timbalanipun Bhathara Indra, sampun ambêdhah nagari Cèdhi, ingkang sakalangkung gêmah rimah,ripah sarta nyêmanggakkên. Sasampunipun ambêdhah ing Cèdhi sang prabu lajêng sèlèh dêdamêl, botên karsa prang, amêsu brata ing asêpi. Sang Hyang Indra botên kasamaran ing panggalih, dene sang prabu anggêntur tapa, awit andugi sang prabu punika kagungan pangangkah badhe angratoni para dewa, mila Sang Hyang Indra lajêng enggal angrawuhi, kalayan kaayap para dewa.

Sarêng sang prabu kenging pamilutanipun Sang Hyang Indra, sarana pangandika arum lajêng botên anglajêngakên kasutapanipun. Pangandikanipun Sang Hyang Indra dhatêng Prabu Uparicara makatên: "Hèh narendraning bawana, prayoga sira ngayomana ing marcapada bae supaya kautaman ing ngarcapada bisaa widada, amarga manawa sira rumêksa marang kautaman, kautamanan uga lêstari angayomi marang sagung dumadi. Hèh kaki prabu, dèn prayitna lan santosa pangrêksanira marang kautaman wau. Manawa kalêksanan mangkono, ing têmbe, yèn sira wus tumêka ing mangsakala, ninggal marcapada, sira bakal diwênangake mêruhi kahyangan ingsun kang sukci lan

--- 268 ---

mulya. Sanadyan sira iku titahing marcapada, ewadene ingsun lan isèn-isèning kaswargan, padha asih sarta nganggêp mitra marang sira. Hèh titah linuwih, bêcik lêstaria dêdunung ana ing marcapada, kang kaèbêgan kasênêngan, gêmah ripah loh jinawi: isi sato warna-warna tanpa petungan, sarta mulya ora beda kalawan ing kaswargan, hawane kapenak, lan kabèh mau wus padha dinugrahani dening para dewa. Hèh nata binathara ing Cèdhi, sakèhing nagara jajahanira iku sugih-sugih, akèh sêsotyane lan pêlikane. Wonge ing talatahing nagara Cèdhi padha ulah kautaman, watake prasaja lan narima, sanadyan sajroning suka-suka, iya ora tau kumêcap dora, ora ana anak lanang kang jaluk bageyan bandha marang wong tuwane, dêrênge mung nêdya kamulyane wong tuwane bae. Rajakaya kang kuru ora dianggo garu mluku, narik pêdhati utawa kanggo momot, kosokbaline malah digêmatèni sarta dilêlêmu. Hèh ratu kang ambêg têmên, lan kang dhêmên angluhurake marang dewa, miwah ngaji-aji marang têtamu, bangsa papat pisan Cèdhi (Brahmana, Ksatriya, Waisya, sarta Sudra), padha têtêp marang kuwajibane dhewe-dhewe. Supaya ing tribawana aja nganti ana kang ora sira wêruhi, sira ingsun paringi rata kancana kang bisa ngambah gêgana, kaya titihane para dewa. Yèn titahing marcapada mung sira kang diwênangake awahana rata mau. Manawa sira awahana rata iku, sira ngambah ing gêgana, prasasat dewa ngejawantah. Kang minôngka tandha kaluwihanira, sira ingsun paringi kalung uncèn-uncèn kêmbang tunjung kang ora bisa alum. Yèn sira prang, môngka nganggo kalung mau ora ana gêgaman bisa nêdhasi.

Hèh raruratu ing Cèdhi, kalung kang dinugrahani ing dewa, lan kang tanpa timbang iku lumrahe ing marcapada ingaranan: Sangsangane BhaiaraBathara Indra. Iya iku têtêngêr kang kanggo ambedakake sira lan sapêpadhanira tumitah.

Saking lêganing panggalihipun Sang Pangrurahing Writra (Bhathara Indra) ugi paring landheyan saking dêling ingkang prabawanipun sagêd damêl tata raharjaning nagari. Dupi landheyan

--- 269 ---

dêling wau watawis sawarsa gumadhuhipun wontên ing sang prabu, lajêng kangge sarana manawi sang prabu manêmbah dhatêng Hyang Indra. Bilih ngangge sarana makatên wau, landheyan dêling punika dipun tancêpakên ing siti.

Dhuh sinuwun (Prabu Janamêjaya), wiwit nalika samatên para narendra inhing marcapada, sabên manêmbah Sang Hyang Indra, inggih lajêng anancêpakên landheyan dêling ing siti, nulat lêkasipun Sang Prabu Wasu. KawuninganeKawuningana sasampunipun landheyan wau katancêbakên ing siti, lajêng renênggarinêngga ing sinjang tênunan bênang mas, ingkang ginrujug ing gôndawida sarta dipun balêbêt uncèn-uncèn sêkar, tuwin pasrèn sanès-sanèsipun. Inggih makatên wau lampahipun manêmbah dhatêng Sang Hyang Wasawa (Indra). Sang Hyang Indra sihipun dhatêng Prabu Wasu ingkang linangkung wau, sabên Sang Hyang Indra sinajenan makatên lajêng rawuh mancala warna banyak, wigatos badhe nampèni panglingga murdanipun sang prabu. Kados punapa rênaning panggalihipun Hyang Indra, dupi Sang Prabu Wasu karsa manêmbah ing panjênênganipun. Mila ngantos kawiyos pangandikanipun: "Sakèhing manusa utawa narendra, kang manêmbah maringsun, mangka disarani nganggo wiwahan kaya lêkase ratu ing Cèdhi, nagara lan jajahane bakal misuwur, sarta ora kandhih dening mungsuh; kuthane saya mundhak-mundhak gêdhe lan raharja".

Makatên wau pangandikanipun Bathara Nagawat (Indra) ratuning para dewa, dhatêng Prabu Wasu. Mila sintêna ingkang sagêd angwontênakên wiwahan sêsaji sakra, mila linuhurakên dening Sang Hyang Indra. Sang prabu pangastanipun sakathahing nagari saindênging bawana, kalihan ambêg utami, dene kadhatonipun wontên ing Cèdhi. Saking anggènipun badhe damêl rênaning panggalihipun Sang Hyang Indra, Prabu Wasu kaparêng anêtêpakên wontênipun sêsaji sakra.

Sang Prabu Uparicara punika pêputra gangsal, sami sêkti-sêkti, saha kakêndêlanipun tanpa timbang, putra gangsal wau lajêng sami kajumênêngakên nata sadaya, wontên ing têlatah wawêngkoning praja Cèdhi.

--- 270 ---

Putra pambajêng ingkang pêparab Sang Wrihatrata kajumênêngakên nata wontên ing praja Magada, sêsilih Prabu Maharata. Panênggakipun pêparab Prabu Pratiyagraha. Panêngahipun sêsilih Prabu Kusamwa, limrahing ngakathah sinêbut Prabu Maniwahana. Putra ingkang sumêndhi, jêjuluk Prabu Mawila, putra wuragil sinêbut Prabu Yadu, punika linangkung kasudiranipun, sarta manawi wontên ing paprangan, botên kenging kinawonakên.

Dhuh Prabu Janamêjaya, inggih putranipun narendra ingkang ambêg pinandhita wau. Putra gangsal wau sami iyasa praja piyambak-piyambak, ingkang lajêng kanamèkakên miturut asmanipun ingkang yasa, sarta sami kagungan turun piyambak-piambak, lêstantun ing salami-laminipun.

Sabên Sang Prabu Wasu awahana adi pêparingipun Hyang Indra, wontên ing ngawang-awang lajêng kaurung-urung ing para gandarwa (juru ngidung ing kaswargan), miwah para apsara (juru bêksa ing kaswargan). Ing sarèning Prabu Wasu punika sagêd anjajah alaming para dewa, mila lajêng sinung jêjuluk: Prabu Uparicara. Prajanipun Prabu Wasu punika kalangkungan ing lèpèn agêng nama: Suktimati.

Ing nguni lèpèn wau dipun rubêda ing rêdi nama: Kolahala, awit rêdi wau kayungyun dhatêng lèpèn Suktimati. Rikala Prabu Wasu wuninga lêkasipun ardi Kolahala ingkang makatên wau, sangêt botên pênuju ing panggalih, mila rêdi lajêng dipun dugang sumyur, wasana lèpèn Suktimati lajêng botên kasangsaya malih. Eloking lêlampahan rêdi wau gadhah anak kalih mêdal dhampit, patutan kalihan lèpèn Suktimati. Ingkang minôngka dados tandha gênging panuwunipun lèpèn Suktimati dhatêng Prabu Wasu anggènipun sang prabu sampun nguwalakên saking pangrêncananipun rêdi Kolahala, sutanipun kalih pisan dipun unjukakên sang prabu. Dupi lare ingkang jalêr sampun diwasa lajêng kadadosakên senapatinipun Sang Prabu Wasu. Dene ingkang èstri nama Girika diwasanipun lajêng kagarwa Sang Prabu Wasu.

Kacariyos Dèwi Girika, pramèswarinipun Prabu Wasu, nalika sampun dumugi mangsanipun tuwuh wijinipun, sang dèwi lajêng siram jamas. Sasampunipun lajêng busana sarwa adi.

--- 271 ---

Sasampunipun busana, enggal marêk ing ngarsanipun sang prabu ingkang ing wêkdal samantên pinuju wontên ing gêdhong pasareyanipun, manggihi para pitri (lêluhur). Dene rawuhipun para pitri wau wigatos mundhut sêsaji sradha, ingkang kadekekan ulam sangsam. Papêthinganing para narendra ing marcapada, Sang Prabu Wasu, èngêt kuwajibanipun kêdah angèstokakên dhawuhipun lêluhur, mila sami sanalika wau sang prabu lajêng dhawuh dhatêng nayakanipun, manawi karsa tindak amêbêdhag.

Dupi sampun samêkta, sang prabu bidhal, ananging salêbêtipun wontên margi, ingkang tansah cumithak ing salêbêting panggalih, botên wontên malih kajawi namung sulistyaning warninipun sang pramèswari, ingkang prasasat Dèwi Sri ngejawantah. Ing nalika samantên anuju mangsa marèng, ing wana katingal sakalangkung asri, pindha patamananipun raja gandarwa. Ing ngriku kathah kajêngipun asaka, campaka, cutha, atimukta, punaga, karnikara, wakula, diwiyapatala, narikêla, candhana, arjuna, tuwin sapanunggilanipun malih. Sadaya wau katingal sakalangkung adi, saha gandaning sêkaripun amrik angambar, wohipun sakalangkung miraos. Pêksi-pêksi kokila sami angocèh, isthanipun kadi anyênggaki brêngêngênging brêmara ingkang sami ngisêp sari, kapyarsa anganyut-anyut, têmahan amimbuhi onêngipun sang prabu dhatêng sang pramèswari. Mila tindakipun sang prabu tanpa sêdya, mlêbêt mêdal ing grumbul, wasana lajêng asadhepok lênggah wontên ing sangandhaping kajêng asoka, ingkang ngrêmbuyung ronipun sarta êpangipun kaèbêgan ing sêkar. Ing ngriku sariranipun sang prabu karaos sakalangkung sêgêr, awit kataman sakecaning hawa ing mèngsa marèng, samirana sumilir angirit gônda arum, nanging sadaya wau botên andadosakên panglipuring asmaranipun sang prabu dhatêng sang pramèswari, malah amimbuhi onêngipun, sulistyaning suwarnipunsuwarninipun sang dewedèwi saya katingal ngalela, cêtha wontên ing dalêm pangraos, mila dêrênging karsa badhe among lulut saya andados. Wasana sang prabu kraos badhe korut kamanipun, sanadyan kados punapa kemawon anggènipun mambêngi, ewadene sampun

--- 272 ---

botên kawawa malih. Têmahanipun kama saèstu korut, enggal tinadhahan ing ron, amargi sang prabu wuninga manawi ingkang garwa ugi kataman ing raos makatên punika, punapa malih sang prabu ugi botên kasamaran, bilih ingkang garwa sampun dumugi mangsa tuwuh wijinipun, mila kagalih botên prayogi manawi kama wau dipun bucal saênggèn-ênggèn kemawon. Ing nalika wau sang prabu lajêng angèsthi ingkang garwa sarwi angrêrêpi. Dèrèng kèndêl anggènipun angrêrêpi, sang prabu priksa pêksi alap-alap mencok ing sacêlaking palênggahanipun. Ing sarèhning sang prabu punika botên kasamaran dhatêng pangulah pratitising darma tuwin arta, mila enggal marêpêki sarwi ngandika dhatêng alap-alap wau makatên: He, manuk alap-alap kêkasihing dewa, mara, kama kang ingsun wadhahi godhong iki tampanana, nuli pasrahna marang bok Ratu Dèwi Girika, kang samêngko wus têkan mangsane tuwuh wijine.

Pêksi alap-alap ingkang lêpas ibêripun punika, sasampunipun nampèni ron ingkang kangge nadhahi kama wau sarana cucukipun, enggal sumêbut gayuh gêgana. Ananging salêbêtipun anglayang wontên ing ngawang-awang, wontên pêksi alap-alap sanèsipun, ingkang andugi, alap-alap sêrayanipun sang prabu wau anggondhol tatêdhan, mila nêdya angrêbat. Pêksi kalih lajêng sami pôncakara rame wontên ing ngawang-awang, danguning dangu ron ingkang kabêkta wau mrucut saking cucukipun, dhumawah ing toyaning Jamuna, lajêng kasarap ing mina. Mangka sayêktosipun ulam wau satunggaling apsara nama: Dèwi Adrika, ingkang sawêg nandhang sotipun satunggaling brahmana. Watawis sadasa wulan saking anggènipun anguntal kamanipun Prabu Wasu, ulam wau kenging jalanipun juru misaya mina. Sarêng dipun êntasakên wontên pagisikan, anglairakên jabang bayi dhampit sami widada, nanging ulam lajêng pêjah. Ing wêkdal punika juru misaya mina kagawokan sangêt, andulu kawontênan ingkang sakalangkung elok makatên punika, mila enggal-enggal marêk ing ngarsanipun Sang Prabu Uparicara, awit têtiyang wau sami kawula ing bawah wawêngkonipun sang prabu. Sarêng sampun dumugi ngarsa nata, juru misaya mina ngunjukakên bayi kêkalih wau sarwi matur: Kawuningana sinuwun, bayi kêkalih punika lair saking satunggaling ulam ingkang mlêbêt

--- 273 ---

ing jaring kula. Sasampunipun kauningan, sang prabu karsa mundhut jabang bayi ingkang jalêr, inggih punika ingkang pawingkingipun sinêbut: Prabu Matsya, nata binathara ambêg utami, saha sêtya tuhu ing pangandika.

Kacariyos Apsara Adrika, sasampunipun anglairakên jabang bayi, luwar saking anggènipun nandhang papa cintraka awujud ulam, awit nalika dipun êsotakên satunggiling brahmana, mawi dipun pangandikani, bilih ing têmbe salêbêtipun nandhang sot warni ulam, sang dèwi badhe pêputra mijil dhampit awujud manusa, ing ngriku luwaripun sang dèwi saking papa cintraka. Pramila sasampunipun pêputra, sang dèwi lajêng anilar sariranipun ingkang wujud ulam, wangsul warni apsara malih kundur dhatêng karang kadewatan.

Dene jabang bayi ingkang èstri, badanipun anggônda amis kadosdene ulam, sarta kaparingakên wangsul dhatêng juru misaya mina, pangandikanipun sang prabu makatên: Bayi iki têtêpa dadi sutanira. Rare èstri puponipun juru misaya mina punika, limrahing ngakathah sinêbut nama: Satyawati. Mênggah warninipun sakalangkunsakalangkung endah, èsêmipun angrêsêpakên, sarta pambêganipun utami, ananging gandanipun amis, awit saking anggènipun sabên dintên tansah rarencang tiyang sêpuhipuhipunsêpuhipun ngopèni ulam angsal-angsalanipun. Anjawi panikapunika Satyawati ugi ngrencangi nglampahakên baita tambangan wontên ing lèpèn Jamuna.

Dèwi Satyawati punika sulistyaning warninipun anglangkungi, sabên priya ingkang andulu, tamtu kagiwang manahipun. Sanadyan para ambangun tapa pisan, kathah ingkang ginggang katêntrêmanipun andulu sang dèwi. Nuju satunggiling dintên nalika sang dèwi nambangakên baita wontên satunggaling maharsi lêlana brata apêparab Rêsi Parasara. Sang rêsi mundhut dipun sabrangakên, mila lajêng dipun aturi nitih baitanipun sang dèwi. Dupi lampahipun baita dumugi satêngah-têngahing lèpèn, sang rêsi kataman asmara dhatêng sang dèwi, ingkang endah ing warni wau. Sang rêsi ngandika: Dhuh, kang antuk nugrahaning dewa, ila-ila apa, ingsun wus ora bisa nayuti ardaning karsa, nêdya salulut kalawan sira. Mulane rara, muga sira gêlêma anglêgani pamintaningsun.

--- 274 ---

Aturipun Dèwi Satyawati: "Dhuh, sang pandhita, sumangga mugi priksahana,priksanana para rêsi ingkang jumênêng wontên ing têpining lèpèn punika, kadospundi anggèn kula nglêksanani karsa paduka punika.

Kacariyos ing wêkdal punika hawanipun sakêlangkung sakeca, langitipun rêsik sumilak, samirana sumilir, ngantos samêndhang botên wontên ampak-ampak ingkang katingal. Nanging dupi sang pandhita linangkung midhangêt atur wangsulanipun sang dèwi wau enggal amatêk mantra, sami sanalika ing ngriku lajêng kalimputan ing pêdhut. Sang dèwi kagawokan sangêt nyumêrêpi pangwasanipun sang maharsi, osiking panggalih: "Nyata luwih pandhita iki, gèk apa manèh kang dak anggo pawadan, anggonku arêp lênggana marang karsane sang pandhita".

Sadangunipun ngudaraos makatên, sang pandhita tansah mandêng kalayan pasêmon ingkang mratandhani sêngsêming panggalih dhatêng sang dèwi, mila sang dèwi sakalangkung pakèwêd raosing panggalihipun. Wasana lajêng tumungkul sarwi umatur: "Dhuh, pandhita linangkung, kula punika taksih kênya, mila sampun saèstu taksih kawêngku ing purba wasesaning tiyang sêpuh. Dhuh, ingkang botên kalêpatan ing dosa, manawi ngantos kêndho pêpinjung kula, saèstu kula ajrih mantuk, kapêksa nilar tiyang sêpuh kula, satêmah kaèsi-èsi ing ngakathah. Upami ngantos kalampahan kados makatên, punapa botên langkung prayogi anglampus dhiri? Sumangga sang rêsi, mugi kaparênga anggalih rumiyin, agênging pakèwêd ingkang badhe kula têmah punika".

Sang pandhita sakalangkung rêna midhangêt aturipun sang dèwi, pangandikanipun: "Rara, aja sumêlang, sanadyan sira anuruti karsaningsun iki, sarining parawanira ora bisa rusak. Samêngko ingsun takon marang sira, apa kang dadi pangarêp-arêpira. He, wong kang manis èsême, wruhanira, ingsun durung tau ngucapake wicara kang ora nyata".

Rikala putrinipun Prabu Wasu ingkang pindha sasôngka wau, midhangêt pangandikanipun sang maharsi ingkang makatên punika, lajêng matur nyuwun supados gandaning sariranipun

--- 275 ---

ingkang amis punika, santuna dados anggônda arum. Sang rêsi mituruti panyuwunipun sang dèwi.

Kados punapa bingahing panggalihipun sang kusumaning Jamuna, dupi sariranipun kalampahan angganda arum, mila lajêng botên suwala malih dhatêng karsanipun sang pandhita, ingkang pangwasanipun angebat-ebati punika. Sang dèwi lajêng anggarbini sami sanalika. Wiwit nalika samantên sang dèwi lajêng sinêbut ing ngakathah: Dèwi Gandawati, wrêdinipun pawèstri ingkang angganda wangi. Ganda arumpunarumipun sang dèwi wau sagêd sumrambah ngantos sayojana (8000 dupa), têbihipun, saking ing pundi-pundi panggenan ingkang dipun dunungi sang dèwi, mila sang dèwi ugi sinung pêparab: Dèwi Yoyanaganda, sang pandhita sasampunipun paring nugraha dhatêng Dèwi Gandawati, sigra nglajêngakên.

Sang dèwi rumaos sakalangkung bêgja, dene sampun kasêmbadan kados saèstuning panggalihipun, inggih punika angganda arum, sarta botên risak kênyanipun. Ing dintên punika ugi sang dèwi lajêng anglairakên putra wontên ing pulo samadyaning lèpèn Jamuna. Jabang bayi putranipun Sang Maharsi Parasara, ingkang mijil saking Dèwi Gandawati, wiwit lair sampun kasinungan kasêktèn linangkung, sarta lajêng diwasa sami sanalika, tuwin tumuntên pamitan dhatêng ingkang ibu manawi badhe ambangun tapa. Ingkang ibu marêngakên. Rikala Sang Satyawatiputra wau badhe pangkat, matur mitungkas dhatêng ingkang ibu makatên: Ibu, manawi paduka manggih pakèwêd punapa-punapa, mugi kaparênga angèsthi kula, saèstu kula badhe tumuntên dhatêng sami sanalika.

Makatên punika cariyos lêlampahanipun Rêsi Dwipayana, putranipun Maharsi Parasara, ingkang miyos saking Dèwi Satyawati. Ing sarèhning miyosipun sang rêsi wau wontên ing pulo, mila apêparab: Dwipayana (pasitèn ingkang kaapit-apit toya).

Ing sarèhning gêsang saha kakiyatanipun manusa punika gumantung wontên ing yoga (panunggal), mangsa satunggal-tunggalipun yoga wau, kenging kaupamèkakên nggadhah suku sêkawan

--- 276 ---

(lampah sakawan warni), mila upaminipun tiyang gayuh yoga, kêdah nglampahi sêkawan pisan. Manawi ngantos kirang salah satunggalipun, dipun wastani taksih kuciwa utawi kirang samêkta. Awit saking makatên kawontênanipun, mila sang maharsi lajêng nata sarta merang-merang Sêrat Wedha, dados sêkawan, kabêkta saking kêpinginipun antuk nugrahaning Hyang Brahma, makatên ugi tumrap para brahmana, ingkang anggayuh dhatêng yoga, Sang Dwipayana punika ugi sinêbut: Sang Wiyasa, wrêdinipun: ingkang amerang-merang Wedha.

Inggih panjênênganipun punika ingkang tansah matêdhakakên nugraha, sarta botên kêndhat amêdharakên Wedha sêkawan pisan tuwin Mahabharata dhatêng para siswanipun, kados ta: Rêsi Sumanta, Rêsi Jaimini, Rêsi Paila, tuwin dhatêng putranipun piyambak ingkang pêparab Sang Suka, makatên ugi dhatêng kula, Waisampayana. Sang Maharsi Dwipayana dhawuh supados sadaya wau sami amêdharna cariyos Mahabharata.

Kacariyos ingkang misuwur ing jagad Sang Bhisma ingkang linangkung kasêktènipun, sarta sumorot cacahipun tanpa timbang, punika putranipun Prabu Santanu, mijil saking Dèwi Gangga, sarta panjanmanipun saperangan saking Wasu wolu.

Ing nguni wontên satunggaling rêsi misuwur, pêparab: Animandawiya. Sang rêsi wau wasis anêrangakên suraosing Wedha, saha kasêktènipun linangkung, mila kinèringan ing ngakathah. Ing satunggaling dintên Sang Rêsi Wrêdha wau kadakwa nglampahi mandung. Dene karampunganipun kêdah kaukum pêjah, sarana katancêpakên ing pathok ingkang dipun lincipi pucukipun, mangka sayêktosipun botên darbe kalêpatan. Nalika sang rêsi wau kadangu ing Bathara Dharma, matur makatên: "Dhuh, dewaning adil, nalika kula taksih alit, sampun nate nyunduki lalêr kalayan gagang rumput, nanging sasampunipun kula nglampahi dosa makatên wau, lajêng anglampahi tapa brata ingkang awratipun tikêl kaping sèwu, kalihan limrahipun para tapa, èsthining manah supados dadosa panêbusing dosa kula wau. Punapa

--- 277 ---

kasutapan ingkang makatên punika dèrèng anyêkapi kangge panêbusing dosa ingkang sampun kula lampahi wau. Saèngêt kula kajawi punika, kula dèrèng nate nglampahi brahmana punika langkung agêng tinimbang kalihan dosanipun tiyang mêjahi dosa sanèsipun. Dhuh Hyang Dharma, dosanipun tiyang mêjahi titah sanès-sanèsipun. Manawi makatên, paduka punika ugi nandhang kalêpatan, pramila kêdah nglampahi paukuman, katurunakên dhatêng marcapada, mijil saking pawèstri bangsa sudra.

Sotipun Rêsi Animandawiya ingkang makatên punika kalêksanan Bathara Darma katurunakên dhatêng marcapada, sarana kamiyosakên saking pawèstri bangsa sudra, inggih punika dados Sang Widura, ingkang sakalangkung suci saha kalis saking saliring dosa. Kawuningana, Sang Sanjaya punika putranipun Sang Gawaigana, trahing bangsa Suta ingkang sampun prasasat mauni. Dene Sang Karna ingkang prawira ing ngayuda punika, putranipun Bathara Surya, mijil saking Dèwi Kunthi, nalika taksih kênya. Samiyosipun Sang Karna saking garbaning ibu, sampun ngagêm kêre kodrat kêlèt ing sariranipun; wadananipun mancorong dening agêmipun anting-anting kadewatan. Bathara Wisnu ingkang misuwur saha sinêmbah ing tribawana, punika wontênipun ing marcapada, dados putranipun Prabu Basudewa, miyos saking Dèwi Dewaki. Dene anggènipun Bathara Wisnu tumêdhak ing marcapada punika, wigatos badhe damêl kamulyaning bawana. Sayêktosipun Hyang Wisnu wau botên lair ugi botên seda, sumorot prabanipun botên nate surêm, inggih ingkang nitahakên saha gustinipun sagung dumados, tuwin sagung kumêlip. Hyang Wisnu punika ugi kawastanan: kawontênan ingkang botên kasat mata, saha ingkang anjalarani maujudipun sadaya dumados, punapadene ugi sinêbut: ingkang botên nate risak, saha rumêsêp wontên ing sagung dumados. Pusêripun sadaya ingkang ebah, tuwin sarinipun kêmpaling watak tigang prakawis: satwam, rajas tuwin tamas. Inggih Suksma agung; ingkang botên ewah gingsir, wiji saha ingkang nitahakên tuwin rumêksa sagung dumados, sasana wontên ing sadaya kawontênan.

--- 278 ---

Inggih ingkang mangun sadaya kawontênan saking tatwa gangsal prakawis (bumi, banyu, gêni, angin, akasa). Saha ingkang nunggil kalihan watak luhur nêm prakawis. Tumraping Wedha panjênênganipun punika: Pranawa tuwin Aum. Kawontênanipun tanpa watêsan, botên sagêd kawasesa dening sagunging pangwasa, kajawi manawi saking kaparênging karsanipun pribadi. Hyang Wisnu punika wontênipun ing kawadhagan dados kawontênaning watak: sansaya (sèlèh kadonyan), sarta ingkang ngambang wontên ing toya sadèrèngipun wontên dumados. Pinangkanipun sagung kawujudan, punapadene dewa agung ingkang mangun sadaya titah ingkang maujud. Ugi sarining sagung dumados, tanpa wiwitan tuwin wêkasan, langgêng ing salami-laminipun. Panjênênganipun punika priya ingkang tanpa watêsan kasugihanipun, luhuripun sadaya titah, sarta ing wêkdal samantên mangejawantah maujud manusa bangsa Andaka Wrêsni, wigatos anyêmbuh kautumènkautamèn ing marcapada.

Sang Satyaki tuwin Sang Krêtawarma, punika sami prigêl sikêp dêdamêl, mandraguna sura sêkti, putus dhatêng saliring kawruh, sarta bêkti sangêt dhatêng Sang Narayana. Manawi ulah dêdamêl sakêlangkung mungguh, kalih-kalihipun wau putranipun Sang Satyaka, tuwin Sang Hredika. Dene sang Maharsi Baratwaja, ingkang sêngsêm dhatêng kasupatan, nalika kamanipun korut, lajêng kadèkèkakên wontên ing klênthing. Dupi sampun sangang wulan laminipun, kama lajêng dados jabang bayi, pawingkingipun sinêbut Maharsi Drona (wrêdinipun ingkang kalairakên wontên ing klênthing). Mênggah kamanipun Rêsi Gotama, dhumawah wontên ing parumputan ingkang ngrêmbuyung. Sarêng sampun dumugi lèkipun, lajêng dados jabang bayi dhampit, ingkang èstri sinung nama Krêpi, dhaup kalihan Rêsi Wrona,Drona apêputra Rêsi Aswatama. Dene jabang bayi ingkang jalêr, pêparabipun Rêsi Krêpa.

Kawuningana, Sang Drêsthadymna, ingkang cahyanipun sumorot kadi Bhathara Agni, punika dumados saking latu sêsaji.

--- 279 ---

Wiwit samiyosipun sampun sikêp langkap, ingkang pinandhi: ing têmbe kangge pangrisakipun Rêsi Drona Dèwi Krêsna (Drupadi), ingkang sulistya ing warni, sarta sarwa mantêsi, pasêmonipun angrêsêpakên, punika mijil saking papan pirantos wadhah sajèn. Anjawi punika panunggilanipun malih, ingkang sami kamiyosakên wontên ing marcapada, inggih punika: Sang Nagnajit, tuwin Sang Suwala. Kalih pisan punika sami siswanipun Sang Pralada. Sang Suwala apêputra Sakuni, inggih punika ingkang dipun êsotakên para dewa dados pangrisaking manusa, saha minangka mêngsahipun kautamèn. Sang Suwala ugi darbe putri pêparab Dèwi Gandari, ibunipun Sang Duryudana.

Kacariyos Sang Sakuni tuwin Dèwi Gandari punika wontên ing marcapada sami jinurung ing kabêgjan. Sang Maharsi Dwipayana, apêputra mijil saking putri randhanipun Sang Wicitrawirya, kêkalih, ingkang sêpuh pêparab Prabu Drêtarastra, dene putra ingkang ênèm Prabu Pandhu. Kajawi putra ingkang mijil saking putri randha kêkalih wau, sang maharsi ugi kagungan putra mijil saking pawèstri bangsa Sudra, dipun namèkakên Widura. Sang Widura punika limpat ing budi, putus dhatêng kawruh agami tuwin kamulyan, saha sampun kinalisakên saking saliring dosa. Awit saking sih parimarmanipun para dewa, Prabu Pandhu apêputra gangsal mijil saking garwa kêkalih. Putranipun Prabu Pandhu gangsal wau prasasat dewa ngejawantah: ingkang pambajêng pêparab Prabu Yudhisthira, turasipun Bathara Darma (Bathara Yama), dewaning adil. Panênggakipun Sang Bima, drêmba kadidene sima, punika turasipun Bathara Maruta (dewaning angin). Panêngah Sang Dananjaya, kêkasihing dewa, agêng nugrahanipun, saha tungguling para sikêp dêdamêl, punika turasipun Bathara Indra. Sang Nakula tuwin Sang Sahadewa, sami sulistya ing warni, saha wasis alêlados, punika turasipun Bathara Aswin (dewa kêmbar).

--- 280 ---

Kawuningana, Sang Prabu Drêtarastra punika putranipun satus. Inggih punika Sang Duryudana, sakadang-kadangipun sadaya, sarta wontên malih satunggal ingkang mijil saking pawèstri bangsa Waisya, pêparab Sang Yuyutsuh. Para putra satus satunggal wau, ingkang dados Maharata (têtindhihing wadyabala wahana rata), wontên sawêlas, inggih punika: Sang Dusasana, Sang Dusaha, Sang Durmarsana, Sang Wikarna, Sang Citrasena, Sang Wiwingsa, Sang Jaya, Sang Satyawrata, Sang Purumitra, tuwin Sang Yuyutsuh sawêlasipun Sang Duryudana. Sang Abimanyu punika putranipun Sang Arjuna, mijil saking Dèwi Subadra, kadangipun Sang Wasudewaputra. Dados Sang Abimanyu wau wayahipun Prabu Pandhu, ingkang kaloka ing jagad. Para Pandhawa gangsal anggènipun ngrama Dèwi Drupadi, apêputra gangsal. Para putra gangsal wau sami pêkik-pêkik ing warni, sarta putus dhatêng saliring kawruh. Dèwi Drupadi kalihan Sang Yudhisthira, putra satunggal, nama: Pratiwindya, kalihan Sang Wrêkudara, nama Sang Sutasoma, kalihan Sang Arjuna, nama: Sang Srutakirti, kalihan Sang Nakula, nama: Sang Satanika, dene kalihan Sang Sahadewa, nama: Sang Srutasena. Sang Bima nalika wontên ing wana anggarwa Dèwi Hidimbah, lajêng putra Sang Gathutkaca. Sang Drupada kagungan putri ingkang sêsilih Dèwi Sikandhini, diwasanipun lajêng kadadosakên priya dening satunggaling yaksa nama Stuna, pamrihipun namung kangge karaharjanipun sang dèwi piyambak.

Rikala prangipun Pandhawa kalihan bangsa Kuru, para narendra, ingkang tumut magut yuda kathahipun ngantos maèwu-èwu, kathahing wadyabala sampun tanpa petangan. Kula botên sagêd mratelakakên asmanipun satunggal-satunggal, awit upami kula aturakên sadaya, bokmanawi salêksa taun sawêg têlas cariyos Barata punika, mila ingkang kula aturakên wontên ngarsanipun

--- 281 ---

sang prabu punika, namung asmanipun para têtunggulipun kemawon, dados ingkang sampun kawursita ing babad Barata.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak tiga, saking cariyos Adiwangsa Watarana, ing Adiparwa.

__________

BAB LXIV. SAMBÊTIPUN ADIWANGSA WATARANA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh, sang brahmana, kathahipun para narendra utawi para Maharata ingkang sampun salingga bathara, kados ingkang jêngandika dhawuhakên wau, ngantos maèwu-èwu, punika wigatosipun punapa, dene sami kamiyosakên dhatêng ing marcapada. Dhuh, ingkang sinung nugraha, kula kapengin priksa, mugi jêngandika kaparênga cariyosakên".

Rêsi Waisampayana matur: "Dhuh, nata binathara, sayêktosipun pandangon paduka punika prakawis kêkêran, sanadyan wontên ing jamaning para dewa pisan, ugi taksih winados, ewadene sasampun kula manêmbah ing padanipun ingkang dumados tanpa karana, prakawis punika badhe kula aturakên sadaya.

Wiyosipun sasampunipun Sang Parasurama, putranipun Rêsi Jamadagni, anyirnakkên para ksatriya salumahing bumi, lajêng minggah dhatêng pucaking rêdi Mandara, sumêdya ambangun tapa. Sang Parasurama anggènipun amrih sirnaning para ksatriya punika, dipun lampahi lêlana angidêri jagad ngantos rambah kaping tiga, sabên sarambahanipun dipun ambali malih kaping pitu. Dhuh, sinuwun ing ngarcapada sasampunipun kacurêsan ksatriya priya, putrinipun ksatriya ingkang badhe ambangun tuwuh, lajêng sami amasrahakên sariranipun dhatêng para brahmana. Para brahmana, ingkang sami têtêp ing sêsanggêman, ugi lajêng kêparêng carêm kalihan para pawèstrinipun [pawèstri...]

--- 282 ---

[...nipun] bangsa Ksatriya, ingkang sami masrahakên sariranipun wau. Ananging tumindakipun makatên wau namung manawi pawèstri punika pinuju ing wanci tuwuhing wijinipun. Dados botên ing sawanci-wanci kados lêkasipun tiyang ingkang namung kasurung dening kêpengin badhe carêm kemawon. Awit saking punika, mila ngantos maèwu-èwu putrining ksatriya ingkang anggarbini, têmahan lajêng kathah para ksatriya sura sêkti, tuwin putri linangkun,linangkung ingkang sami kamiyosakên wontên ngarcapada.

Inggih rikala samantên punika tuwuhipun bangsa Ksatriya malih. Dados para ksatriya ing jaman samantên wau, ibunipun bangsa Ksatriya, dene sudarmanipun brahmana, ingkang sami ambangun tapa, pramila para ksatriya enggal wau sami antuk nugrahaning dewa, yuswanipun panjang-panjang, pambêganipun saya dangu saya utami; dados kawontênipun bangsa warni sêkawan, sampun botên gothang malih.

Ing jaman samantên carêmipun priya kalayan wanita botên sawanci-wanci, anuruti ardanipun. Dhuh, pêpêthinganing darah Barata, makatên ugi lampahipun titah sanès-sanèsipun, inggih sami wontên mangsanipun piyambak-piyambak, sanadyan pêksi anggènipun nunggili èstrinipun, ugi anut mangsa. Ing jaman samantên kathahipun para ambêg utami ingkang kawiyosakên wontên ing marcapada, ngantos mayuta-yuta, mila lajêng adamêl ngrêbdanipun kautamèning jagad. Sadaya titah sami tinêbihakên saking raos sisah, sarta linêpatakên saking sêsakit. Dhuh papêthinganing narendra, ing jaman samantên, jagad ingkang sakalangkung wiyar dalah rêdi-rêdi, wana tuwin kithanipun punika, lajêng dipun wêngkoni para ksatriya malih. Manawi jagad punika dipun êrèhakên ksatriya utami, sarta pangajêngipun para brahmana, saèstu ing jagad kaèbêgan ing kasênêngan tuwin kamulyan.

Kawuningana, ing nalika samantên, para narendra botên sami tumindak ingkang botên samêsthinipun, mila dhumawahing pidananipun têmtu adil. Makatên tumindaking para narendra anggènipun ngasta pusaraning praja, kanthi kautamèn. Jawata

--- 283 ---

ingkang netra sasra (Indra), saha ingkang wênang nampèni sêsaji satus, anggènipun nurunakên jawah wontên panggenan ingkang kêdah dipun jawahi, têtêp wontên ing mangsanipun, wasana sadaya ingkang sarwa tumuwuh sami sêgêr-sêgêr. Dhuh narendraning bawana, rikala samantên, botên wontên tiyang ingkang pêjah taksih nem-neman, botên wontên tiyang èstri ingkang katingal sêpuh. Sakathahing manusa, ingkang sami dumunung wontên ing jagad sami panjang umuripun. Para ksatriya sami nindakakên sêsaji agêng sarta dêdana mas picis rajabrana tanpa kêndhat. Para brahmana sami putus dhatêng Wedha dalah saperangan-peranganipun, tuwin upanisad. Ing nalika samantên, botên wontên brahmana dagang Wedha, pikajêngipun mulangkên Wedha mawi epahan, saha botên wontên ingkang maos Wedha kalihan sora wontên ngajêngipun sudra. Para waisya anggènipun ngolah siti kanthi pitulunganing lêmbunipun, nanging botên nate mandamêlakên rajakayanipun langkung saking takêr dene ingkang kêra-kêra, sami dipun upakara kalayan ngatos-atos. Botên wontên tiyang mêrês lêmbu, bilih pêthètipun dèrèng sagêd nêdha sanèsipun, kajawi nêsêp. Punapadene para dagang sambiwara botên wontên ingkang nyidra timbangan saha takêran. Dhuh pêpêthingan narendra, sadaya tiyang sami lampah utami, sarta niti dhatêng solah bawanipun, bangsa sakawan pisan, brahmana, ksatriya, waisya tuwin sudra, sami nêtêpi darmanipun piyambak-piyambak. Mila rikala samantên kautamèn botên nate suda ajinipun. Tiyang èstri anggènipun anglairakên jabang bayi sami têtêp mangsanipun lair, punapadene lêmbu anggènipun ngêdalakên pêdhètipun ugi makatên. Nyêkar saha nguwohipun sadaya wit-witan, sami têtêp ing mangsanipun piyambak-piyambak. O, sinuwun, jaman Krêta anggènipun biyantu lampah kamajênganing sadaya dumados, têtêp. Ing saindênging jagad sami tata raharja gêmah aripah.

--- 284 ---

Dhuh bêbanthènging têdhak Barata, salêbêtipun ing marcapada nugrahanipun makatên wau, para asura lajêng wiwit lair dados darahing narendra. Awit para putranipun Dèwi Diti (para ditya) tansah dipun lawan ing prang dening para putranipun Dèwi Aditi (para dewa), mila saya kalindhih pangwasanipun têmahan botên kaduman papan wontên ing kaswargan, sarta lajêng sami tumurun dhatêng marcapada. Para asura, ingkang linangkung kasêktènipun, lajêng sami kêpengin darbe pangwasa agêng wontên ing marcapada, sarta sami lair dados sato, kados ta: lêmbu, kapal, kuldi, unta, maesa, dirada, sangsam tuwin bangsaning raksasa. Awit saking angkaranipun para asura, ingkang sampun utawi ingkang sawêg tumurun dhatêng marcapada wau, jagad prasasat botên kuwawi dipun dunungi. Para putranipun Dèwi Diti tuwin Dèwi Danu, ingkang sami kaplajêng saking kaswargan, wontênipun ing marcapada pintên-pintên ingkang dados narendra. Wontên ingkang ambêgipun adigung, utawi dêksura sangêt. Para asura wau sami sura sêkti môndraguna, saha tansah anêluk-nêlukakên mêngsahipun. Kalampahan lajêng sagêd nguwaosi jagad, ingkang kinêpang samodra punika, mangrèh para brahmana, ksatriya, waisya tuwin sudra, sarta titah sanès-sanèsipun. Dhuh sinuwun, para asura wau sami golong-golongan, ngantos atusan, malah inggih maèwu-èwu, anjajah salumahing bumi. Patrapipun anggêgirisi, sarta amêmêjahi sawarnining titah. Saya dangu saya andadra angkaranipun, awit angêndêl-êndêlakên kasêktènipun, têmahan sirna kasusilan sarta kautamènipun; salajêngipun sami dhatêng pratapan nyawiyah para maharsi ingkang sami ambangun tapa.

Sasampunipun jagad kandhih dening pangwasanipun para asura, ingkang sami santosa sarta linangkung kasêktènipun saha julig-julig, para ingkang sami kawajiban nyanggi jagad, kados ta: Naga Raja Sesa, para ratuning bulus, ratuning dirada, tuwin para sesa pintên-pintên, rumaos botên kuwawi nyanggi buwana, ingkang sampun kaèbêgan ing para danawa wau, mila lajêng sami sowan ing ngayunanipun Hyang Brahma.

--- 285 ---

Dhuh sinuwun, jagad ingkang sampun rumaos kawratan ing sêsanggèn, punapadene kanthi raos giris, enggal umarêk ing ngarsanipun Hyang Brahma, nyuwun pangayoman. Rikala samantên Hyang Brahma, ingkang nitahakên bawana saisèn-isènipun sarta ingkang botên wangwang dhatêng karisakan, pinuju siniwaka ingadhêp para jawata, brahmana, tuwin para rêsi, ingkang sami agêng kabêgjanipun, punapadene ingadhêp saha tansah linuhurakên dening para gandarwa tuwin apsara ingkang lêbda dhatêng lêlados.

Kacariyos sarêng jagad sampun dumugi ing ngayunanipun Sang Hyang Brahma, sasampunipun manêmbah lajêng ngunjukakên kawontênaning sadaya lêlampahanipun.

Dhuh sinuwuh, sayêktosipun Hyang Brahma, sêsêmbahanipun sagung tumitah, ingkang maha luhur, ingkang dumados saking karsanipun pribadi, ingkang ugi jêjuluk Bathara Isa, Bathara Sambu utawi Bathara Prajapati. Punika kamulaning sadaya dumados, mila sampun botên kasamaran dhatêng sadaya wau sarta saebah osiking sagung dumados, dalah para jawata tuwin asuranipun, sarêng midhangêt unjukipun jagad ingkang makatên wau, lajêng paring dhawuh: Hèh sira kang minangka papan parumataning rajabrana, panyuwunira ingsun parêngake. Para kang dêdunung ing kaswargan, bakal padha ingsun dhawuhi ngayomi marang sira.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun Hyang Brahma ngandika makatên, saha paring nugraha dhatêng jagad, sarta sasampunipun jagad madal pasilan, enggal animbali para jawata, ingkang lajêng dipun pangandikani: Hèh para jawata, ing mangsa iki jagad rumangsa wus ora kuwat kadunungan para asura, mula sira padha ngayomana, sarta tumuruna marang marcapada. Dene lakunira padha manut sapamrayoganira dewa, para asura kang ana ing marcapada padha lawanên ing prang".

--- 286 ---

Kajawi punika Hyang Brahma ugi animbali para gandarwa tuwin para apsara, sami dipun dhawuhi makatên: "Hèh para gandarwa lan para apsara, sira padha tumuruna marang marcapada. Sira ingsun wênangake maujud ing sakarêpira. Wis nuli padha mangkata".

Bathara Indra tuwin para jawata sanès-sanèsipun, sami nyandikani dhawuh timbalanipun Hyang Brahma, amargi sarta mêngêrtos bilih dhawuh wau prayogi sangêt, mila lajêng nêdya sami dipun èstokakên. Para jawata sasampunipun rampung anggènipun sami parêpatan, badhe lajêng tumurun dhatêng ing marcapada, sarta sami maujud saprayoginipun piyambak-piyambak, ananging sadèrèngipun pangkat dhatêng marcapada, badhe dhatêng ing kahyangan: Bêntuka rumiyin, marêk ing ngarsanipun Hyang Narayana, pangrurahing satru sakti, ingkang sikêp dêdamêl cakra tuwin gada, punapadene ingkang mangagêm sarwa murub, saha sumunar prabanipun, pusêripun wontên sêkaripun tunjung, utawi dewa pangrurahing mêngsahipun para dewa, ingkang tansah mandêng pranajanipun (patraping samadi), sasêmbahanipun Hyang Prajapati, saha ngratoni para jawata, linangkung pangwasanipun, pranajanipun ciri jantra kamulyan, sarta ingkang murba masesa dhatêng wêwatakanipun sadaya manusa, tuwin dados sasêmbahipun para dewa. Dupi para dewa sampun dumugi ing ngarsanipun Hyang Hari, Bathara Indra lajêng manêmbah sarwi umatur: "Dhuh pukulun, mugi paduka kaparênga manjanma".

Dhawuh wangsulanipun Hyang Hari: "Ingsun uga bakal nglêksanani panyuwunira iku".

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak sêkawan saking Adiwangsa Watarana ing Adiparwa.

BAB LXV. SAMBAWA PARWA.

Rêsi WaisampayaWaisampayana nglajêngakên cariyosipun: Sang Hyang Indra, para jawata, tuwin Bathara Narayana, sami wiraosan prakawis anggènipun Hyang Narayana badhe miyos

--- 287 ---

dhatêng marcapada, kalayan para jawata. Hyang Indra sasampunipun andhawuhakên prakwis wau dhatêng para dewa, lajêng wangsul dhatêng Kaindran malih. Ing nalika wau para jawata lajêng sami manjanma dhatêng marcapada, wigatos badhe mangrurah para asura, murih kamulyanipun bawana. Dhuh, pêpêthinganing têdhak Barata, para dewa wontên ingkang dados brahmarsi, tuwin raja pandhita, lajêng sami anyirnakakên para danawa, raksasa, gandarwa, naga, titah ingkang mangsa janma, tuwin sanès-sanèsipun malih sakalangkung kathah. Saking santosanipun para jawata ingkang sami manjanma wau, botên sagêd kasoran kalihan para danawa, taksaka, tuwin para naga, sanadyan ingkang dèrèng diwasa pisan. Dewa ingkang sami manjanma wau, ugi botên sagêd kalindhih dening sadaya wau.

Prabu JanamêjaJanamêjaya ngandika: "Dhuh sang rêsi, ingkang rumiyin kula kapengin mirêng lêlampahan dumadosipun para jawata, danawa, gandarwa, apsara, manusa, yaksa, tuwin raksasa. Sasampunipun punika, sang maharsi mugi lajêng nyariyosna dumadosipun titah sanès-sanèsipun malih".

Rêsi Waisampayana matur: Prayogi sinuwun kula sumungkêm ing padanipun ingkang dumados saking pangwsanipunpangwasanipun pribadi.

Sumangga mugi dipun gatosna, kula badhe nyariyosakên kawontênanipun para jawata, tuwin titah sanèsipun ngantos salêsih.

Wiyosipun Sang Hyang Brahma punika apêputra jawata agung (maharsi kaswargan) cacahipun nênêm, inggih punika, Hyang Mariti, Hyang Arti, Hyang Anggiras, Hyang Pulastya, Hyang Pulaha, tuwin Hyang Kratu, Hyang Marici apêputra Maharsi Kasyapa (Hyang Kasyapa) inggih saking Bathara Kasyapa punika pinangkanipun sadaya titah.

Kacariyos Hyang Daksa punika satunggiling prajapati, kagungan putri tiga wêlas, sadaya sami jinurung ing kabêgjan,

--- 288 ---

Putri tiga wêlas wau, inggih punika: Dèwi Aditi, Dèwi Diti, Dèwi Danu, Dèwi Kala, Dèwi Danayu, Dèwi Sinhika, Dèwi Krodha, Dèwi Prada, Dèwi Wiswa, Dèwi Kadru, Dèwi Kapila, Dèwi Muni, tuwin Dèwi Winata. Putra wayahipun widadari tiga wêlas wau sami sêkti-sêkti, cacahipun tanpa petangan.

Dèwi Aditi punika pêputra para aditya kalih wêlas, sadaya sami dados gustining sagung kawontênan. Mênggahing asmanipun para aditya wau, urut-urutanipun makatên: Hyang Dattri, Hyang Mitra, Hyang Ariyaman, Hyang Sakra, Hyang Baruna, Hyang Angsa, Hyang Waga, Hyang Wiwaswat, Hyang Pusa, Hyang Sawitri, Hyang Twastri, tuwin Hyang Wisnu. Kacariyos Hyang Wisnu punika sanadyan wuragil, nanging lêlabêtanipun agêng piyambak, manawi katimbang kalayan para kadangipun.

Dèwi Diti pêputra satunggal, pêparabipun: Sang Hiranyakasipu. Dene ingkang kasumbaga Sang Hiranyakasipu apêputra gangsal sami misuwur ing jagad, pambajêngipun: Sang Prahrada, panênggakipun Sang Sangrada, panêngahipun Sang Anuhrada, sumêndhinipun Sang Siwi, dene wuragilipun Sang Waskala.

Dhuh, sinuwun, sampun sami kasumêrêpan, bilih Sang Prahrada punika apêputra tiga, sêsilihipun Sang Wirocana, Sang Kumba, tuwin Sang Nikumba. Dene Sang Wirocana apêputra satunggal sakalangkung prawira, pêparab Sang Wali. Sang Wali apêputra ingkang sampun misuhur, sinêbut: Asurawana. Sang Wana punika antuk nugrahaning dewa, agêng kabêgjanipun, saha dados kawulanipun Sang Hyang Rudra. Dene limrahipun Sang Wala wau sinêbut: Sang Mahakala.

--- [0] ---

DAFTAR PENERIMAAN UANG LENGGANAN SEBAGAI GANTINYA SURAT TANDA TERIMA.

TahunBulanUanglenggananNo. Lengganan
1955Oct/Dec.10-229, 232, 233, 238, 249, 11, 45, 48, 47, 60, 67, 251, 252, 261, 277, 117, 72, 94, 108, 113, 165, 189, 199, 199, 252, 205, 210, 211, 216, 224, 227, 176, 177, 178, 179, 180, 184, 185.
Juli/Sept.10-50, 269, 176, 177, 178, 179, 180, 184, 185.
Juli/Dec.20-197, 234, 288.
April/Dec.30-289.
1956Jan/Mrt.10-72, 94.
SETORAN AGENKediri 9/11-55 Rp. 150,-Ngawi 11/10-55 Rp. 54,-

Isinya diluar tanggungan perc. "Kepunton" Kepunton 64 Solo

--- [0] ---

NYUWUN KAWIGATOSAN.

SÊRAT MAHABARATA ingkang kawêdalakên dados majalah samangke punika, lugunipun sêrat waosan ingkang agêng sangêt, aslinipun saking basa Sanskrêta, kasantun ing basa Inggris dados pintên-pintên jilid. Ingkang basa Inggris punika kagunganipun sadhèrèk Ir. ingkang sae sangêt panggalihipun, sarta kaparêng maringakên nyambut buku-buku wau dhatêng Pakêmpalan Theosofi ing Surakarta, pêrlu kasantun ing basa Jawi, badhe kasiyarakên murih saya jêmbar têbanipun.

Kalampahan sagêd kawêdalakên dados kalawarti wulanan mawi basa tuwin aksara Jawi, ngantos sawatawis taun ananging kapêksa kèndêl, dening wontênipun pêpêrangan. Sawêg samangke sagêd dipun wiwiti mallih, kawêdalakên dados majalah basa Jawi aksara Latin, sawulan sapisan dipun angkah mugi-mugi para sadhèrèk ingkang rêmên dhatêng cariyos ringgit, sami sagêd mundhut dados lêngganan.

SÊRAT MAHABARATA punika kadhapuk dados buku, mawi no. kaca urut 1 dumugi salajêngipun, murih ing têmbe sagêd kabèndhêl kadadosakên buku waosan agêng ingkang èdi pèni botên jalaran saking agêng sarta kandêlipun ananging ingkang wigatos suraosing isinipun. Ing jagad botên wontên kalih.

Kawiwitan saking ADIPARWA malih dumugi satamatipun, kapêndhêt punapa wontênipun, botên mawi dipun komentari (wêwahi) punapa-punapa, murih para maos pirsa dhatêng lugunipun.

Dipun angkah sampun ngantos para sadhèrèk ingkang kasèp anggènipun mundhut dados lêngganan botên sagêd wiwit saking nomêr ingkang kawitan. Dipun sêdhiyani tandhon sacêkapipun.

Wasana mugi andadosna kawuningan.

Atur taklim kula

PENERBIT LAN REDHAKSI.