Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

No. 8. Tahun ke I.

7 November 1955.

Sêrat MAHABHARATA.

Anggitanipun Rêsi Krêsna Dwipayana Weda Wijasa.

[Grafik]

Kawêdalakên sabên wulan sapisan

Permintaan no. Contoh hendaknya disertai harganya Rp. 3.50

--- [0] ---

"SÊRAT MAHABHARATA"

Sêrat MAHABHARATA ingkang kawêdalakên dados majalah bulanan punika, aslinipun saking basa Inggris kadadosakên basa Jawi, kala kalih dasanan taun ingkang kapêngkêr, dening para sadhèrèk warga Theosofi ing Surakarta. Ugi sampun nate kawêdalakên dados majalah basa Jawi aksara Jawi, ananging kandhêk ing margi. Samangke kawêdalakên malih mawi basa Jawi aksara Latin.

Kapimpin dening sadhèrèk SATYAPRANAWA sawarni Redhaktur ingkang tanggêl jawab, kabantu dening sadhèrèk Kusumodihardjo. Redhaktur Brahmawiya.

Alamat Redhaksi/ Adm.

JALAN BALAN No. 189/295 SOLO (Surakarta).

__________

ARTA LÊNGGANAN

Sakwartal: Rp. 10,- ... Rêgi ècèran: Rp. 3,50.

Arta kasuwun rumiyin.

__________

Isinipun taksih lêlajênganipun ADIPARWA.

Para sadhèrèk ingkang kêparêng badhe lêngganan urut no. 1 têksih dipun sêdhiyani cêkap dumugi pungkasaning taun 1955 punika.

__________

RALAT:

Kaca 245 s/d, 252, betulnya 249 s/d 256.

__________

Surat idzin penerbitan No. 80/DPKN/ Prd./Pnb./55. Tanggal 23 Maret 1955.

--- 225 ---

Sêrat Mahabharata No. 8

7 November 1955.

"Atur wangsulanipun nayaka makatên: "Dhuh, gusti sêsêmbahan kula, sagêd kula priksa lêlampahan wau, saking cariyosipun tiyang ingkang nyipati piyambak, pêpanggihanipun Naga Taksaka kalihan sang brahmana, nalika wontên ing wana. Kawuningana, wontên satunggaling tiyang pados kajêng badhe kangge urub-urubing sêsaji, mènèk wontên ing kajêng baniyan, ingkang kabêsmi dening wisanipun Naga Taksaka, nanging Taksaka punapadene Sang Kasyapa sami botên priksa dhatêng tiyang wau. Dhuh sinuwun tiyang wau, ugi katut kabêsmi, nanging ugi sagêd waluya saking pangwasanipun Sang Kasyapa. Tiyang wau rencangipun satunggaling brahmana, inggih piyambakipun punika ingkang cariyos dhatêng kula, mênggah pêpanggihanipun Naga Taksaka kalihan sang maharsi wau. Ing mangke paduka sampun wuninga sadaya lêlampahanipun rama paduka. Dhuh sardulaning para narendra, sarèhning sampun cêtha ing pamiyarsa paduka, mila mugi lajêng kaparênga andhawuhakên, kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi?"

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Nalika Sang Prabu Janamêjaya midhangêt aturipun nayaka wau, panggalihipun lajêng karônta-rônta sangêt, wasana botên kawawa mambêngi wêdaling waspa. Sang prabu, ingkang paningalipun kadi roning tunjung tansah angrêmêt-ngrêmêt astanipun kalihan angunjal napas rambah-rambah, sarwi karuna kalara-lara kados lare alit. Wêdaling waspa ngantos anêlêsi pranaja, sanalika wau sang prabu anyawuk toya§ Sampun dados cara, miturut pranatan agami. ing batos ambudidaya sarana anggènipun badhe amrih sirnaning Taksaka, wasana lajêng paring pangandika dhatêng para nayakanipun:

"Caritanira bab lêlakon unggahe rama prabu marang kaswargan, iku wus ingsun piyarsakake kongsi cêtha, samêngko piyarsakna apa kang dadi kaparênging karsaningsun. Pamaès ingsun

--- 226 ---

marang Naga Taksaka kang wus ambrastha rama prabu, kaya bêcik nuli katindakake, aja nganti kasuwèn, dene Rêsi Sringin iku ora pantês dipidana, sabab mung kanggo jalaran bae. Mung saka angkarane Taksaka kang kêbak piala iku, kalakone Rêsi Kasyapa ora bisa pinanggih kangjêng rama. Upama sang maharsi mau sida bisa têka ing kadhaton Hastinapura, rama prabu têmtune ora kalakon muksa. Apa ta kapitunane si candhala ing budhi Naga Taksaka iku, upama kangjêng rama prabu bisa waluya saka kawasane sang brahmana linuwih iku? Mung saka alane watake si Taksaka bae, dene banjur ambalèkake lampahe sang maharsi anggone karsa amrih waluyane kangjêng rama. Si druhaka iku apa ora ngira, yèn patrape kang mangkono iku andadèkake sêrike têdhak turune rama prabu. Si Taksaka iku wus têtela bangêt pangangkahe nêdya nyirnakake kangjêng rama prabu, katandha dhèwèke nganti nêmaha amisungsung rajabrana luwih akèh marang Sang Rêsi Kasyapa. Dadi mangkono iku têgêse sang rêsi aja nganti kalakon anggone bisa maluyakake kangjêng rama prabu. Wruhanira, samêngko saka kaparênging karsaningsun, nêdya malês marang mungsuhe kangjêng rama, supaya ingsun, apadene Rêsi Utanka lan sira kabèh padha bisa olèh pamarêm".

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt, saking cariyos Astika, ing Adiparwa.

__________

BAB LI. SAMBÊTIPUN ASTIKA PARWA.

Sang SatiSoti matur: "Dupi Sang Prabu Janamêjaya ngandika makatên, para nayaka mangayubagya, mila sang prabu lajêng andhawuhakên saèstu badhe angwontênakên sêsaji naga. Ing nalika wau narendraning bawana, papathinganingpêpêthinganing têdhak Bharata,

--- 227 ---

putranipun Sri Pariksit, enggal animbali brahmananing praja tuwin para riddwija. Sasampunipun sami marêk ing ngabyantara nata, sang prabu lajêng andhawuhakên pakaryan agêng, ingkang kêdah dipun tindakakên, pangandikanipun sang prabu makatên: "Kula nêdya malês dhatêng pun druhaka Naga Taksaka anggènipun sampun nyirnakakên rama prabu, mila jêngandika paringa pitêdah dhatêng kula, punapa ingkang prayogi kangge ambêsmi pun druhaka Naga Taksaka ingkang asor ing budi, kados anggènipun ambêsmi rama prabu sarana wisanipun, ingkang sêkalangkung mandi".

Atur wangsulanipun satunggaling brahmana: "Dhuh, susuhunaning bhawana, karsa paduka punika sampun wontên wêwatonipun, inggih punika: sêsaji agêng ingkang sampun katêtêpakên para dewa, sêsaji wau limrahipun dipun wastani sêsaji naga, sarta sampun kapacak wontên ing Sêrat Purana. Dhuh sang prabu, sanèsipun paduka botên wontên titahing bathara ingkang dipun wênangakên sêsaji naga. Para sarjana sujana ingkang putus dhatêng Purana, sami pratela manawi pancèn wontên sêsaji makatên wau.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh Sang MaharsMaharsi Sonaka rikala Sang Prabu Janamêjaya midhangêt aturipun brahmananing praja ingkang makatên wau, ing salêbêting panggalih anggantha manawi Naga Taksaka sampun katingal kabêsmi ngantos dados awu wontên ing tutukipun Bathara Agni. Wasana sang prabu lajêng ngandika dhatêng brahmana, ingkang lêbda dhatêng salwiring mantra: "Sêsaji badhe lajêng kula wiwiti, mila kaparênga mratelakakên punapa ingkang kêdah kula cawisakên?"

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Sang Sonaka, para riddwija ingkang sami lêbda dhatêng Wedha, saha linangkung kawicaksananipun, enggal sami ngukur pasitèn ingkang badhe kangge papaning sêsaji, pangukuripun awêwaton ingkang

--- 228 ---

kasbut ing sêrat sukci. Sasampunipun rampung anggènipun mirantosi, para brahmana lajêng sami andhèr lênggah wontên ing papan wau, tuwin tinumpukan pantun ngantos angundhung-undhung. Lênggahipun para brahmana tuwin riddwija wontên ing sacêlakipun. Sasampunipun samêkta sadaya, sang prabu lajêng andhawuhakên wigatosing karsa anggènipun angwontênakên sêsaji.

"Kawuningana, rikala sêsaji naga wau badhe dipun wiwiti, wontên lêlampahan sakalangkung elok, nyasmitani manawi sêsaji wau botên sagêd dumugi samêsthinipun, inggih punika wontên satunggaling juru adamêl papaning sêsaji, ingkang limpat ing budi, sarta lêbda dhatêng wêwatonipun tiyang ingkang andhudhuk têtalêsing papan sêsaji. Tiyang wau trahing bangsa Suta, saha putus dhatêng Purana, wicantênipun makatên: "Pasitèn ingkang dipun pilih kangge papaning sêsaji, sarta wanci nalika anggènipun ngukur, punika watêkipun damêl kandhêging sêsaji, ingkang katindakakên wontên ing ngriku. Dene ingkang dados jalaran botên dumugining sêsaji punika, saking pakartinipun satunggaling brahmana".

"Dupi sang prabu midhangêt ucapipun bangsa Suta, lajêng dhawuh dhatêng para jagi wiwara, supados sami prayitna sampun ngantos wontên tiyang lumêbêt dhatêng papaning pamiwahan, kajawi manawi saking kaparênging karsanipun sang prabu piyambak".

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt satunggal saking cariyos Astika ing Adiparwa.

__________

BAB LII. SAMBÊTIPUN ASTIKA PARWA.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Sêsaji naga tumuntên dipun wiwiti miturut sapranataning sêsaji. Para brahmana

--- 229 ---

ingkang sami kabêbahan ing karya, sami nêtêpi kawajibanipun piyambak-piyambak, mangangge sarwa cêmêng. Saya dangu netranipun sami katingal saya abrit, amargi tansah katêmpuh kukusing latu sêsaji, sarta tanpa kêndhat anggènipun angêsok martega sêsaji ing latu sukci, kalayan angidungakên mantra. Sabên para brahmana wau sami angêsok martega sukci ing tutukipun Bathara Api, saha sasampunipun angucapakên mantra, lajêng sami anyêbut naminipun para naga, ingkang nêdya dipun bêsmi. Puji saha panguwuhipun para brahmana wau, adamêl gêtêring manahipun para naga. Para naga ingkang naminipun dipun sêbut dening para brahmana, lajêng sami dhawah dhatêng latu pating kacècèr, sarta sêsambat angaru-ara nêdha pitulungan dhatêng para kadang warganipun, sami malêmbung saha angêmpos-êmpos sakalangkung sora, sarta lajêng sami ulêt-ulêtan kalayan panunggilanipun. Cacahing naga ingkang sami dhawah saya dagu saya kathah. Sadaya sami kacêmplung ing latu, warninipun wontên ingkang pêthak, cêmêng, tuwin biru, nèm sêpuh, agêng alit, sami dhumawah ing latu, kalayan sêsambat warni-warni. Panjangipun wontên ingkang sapanjanging kajêng salib, wontên ingkang sayojana, tuwin wontên ingkang sagokarna. Dhumawahipun ing latu sami nyabawa sakalangkung sora. Sakathahing saga sami kodhêng panonipun; kathahipun ingkang sami kacêmplung ing latu mayuta-yuta, dene wujudipun ingkang sami katiwasan wau wontên ingkang kados têlale gajah, kados kapal, malah wontên ingkang kados gajah. Sawênèh wontên ingkang sisikipun amanca warni, sarta wontên ingkang mandi wisanipun. Sawênèh katingalipun anggirisi sangêt, wontên ingkang sakalangkung santosa, sarta wontên ingkang kalangkung galak. Sadaya wau sami dhumawah ing latu sêsaji, awit sami kenging sotipun ibunipun".

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt kalih, saking cariyos Astika, ing Adiparwa.

__________

--- 230 ---

BAB LIII. SAMBÊTIPUN ASTIKA PARWA.

Pangandikanipun Sang Sonaka: "Ênggèr, sapa maharsi, kang piniji dadi riddwija, ana ing sêsajine nata wicaksana têdhak Pandhawa Prabu Janamêjaya, lan sapa kang dadi sadasya ana ing sêsaji kang anggêgirisi iku, dene nganti bisa gawe gêtêring para naga? Ênggèr, muga disalêsih anggonira nyaritakake kaanane sêsaji mau, dimèn ingsun apadene para ambangun tapa iki padha sumurup sapa maharsi kang lêbda malangmarang pranataning sêsaji naga?"

Aturipun Sang Soti: "Kula badhe nyariyosakên asmanipun para wicaksana ingkang sami jumênêng riddwaja saha sadyasanipun Prabu Janamêjaya.

"Wiyosipun, ingkang dipun patah dados hotri, têtungguringtêtungguling para brahmana ingkang putus dhatêng Wedha, asma Sang Brahmana Candhawargawa, panjênênganipun punika têdhak Maharsi Cwanana. Brahmana Kutsa, punika brahmana ingkang botên kewran ing agal alus, sarta sampun kaparèng yuswa. Sang Kutsa wau kadadosakên: Udgatri, juru ngidungakên Wedha. Dene Sang Jêmini, dados brahmana juru ngucapakên mantra. Brahmana Sarênggarawa, tuwin Sang Pinggala dados: Addwaryu, dene ingkang dados Sadasyanipun: Sang Wiyasa saputra dalah para siswanipun: Sang Untalaka, Sang Pramataka, Sang Swetakètu, Sang Pinggala, Sang Dewala, Sang Asita, Sang Narada, Sang Atreya, Sang Kundhajatara, Brahmana Kalagata, Sang Watsya, para Srutasrawa, ingkang sampun sami wrêdha sarta lêbda dhatêng japa, tuwin wedha, Sang Kuhala, Sang Dewasarman, Sang Mugalya, Sang Samasurawa, sarta sanès-sanèsipun.

--- 231 ---

"Ing nalika para riddwija wiwit angêsokakên martega sukci ing latu sêsaji, sami sanalika kathahipun sarpa ingkang dhumawah ing latu sêsaji tanpa petangan. Dene wujudipun para naga wau anggêgirisi, ngantos damêl gêtêripun ingkang sami tumingal. Sarpa agêng alit sami kacêmplung ing latu, sasampunipun pêjah, bathangipun lajêng kagontor ing toya dhatêng lèpèn. Ing gêgana kaèbêgan gônda arus, awit saking iditing maruta ingkang ambuncang gandaning bathang sarpa, ing awang-awang tansah kapirêng swantêning para naga sami asêsambat angaru-ara, kabêkta saking girisipun badhe kacêmplung ing latu sêsaji'.'

"Kacariyos Sang Naga Raja Taksaka, dupi sampun têtela pamirêngipun, manawi Sang Prabu Janamêjaya sampun angwontênakên sarta sampun anjênêngi sêsaji naga, enggal angupaya pangayoman ngungsi dhatêng kahyanganipun Bathara Purandara (Indra), sarta lajêng marêk ing ngarsanipun sarwi ngaturakên lêlampahanipun Sang Prabu Janamêjaya, anggènipun sêsaji, punapadene Sang Taksaka Raja ugi lênggana dhatêng kalèntuning tindakipun pramila nyuwun sih pitulunganipun Hyang Indra. Bathara Purandara sakalangkung rêna ing panggalih midhangêt panangsanipunpanangsayanipun Sang Taksaka, wasana ngandika: "Hèh Naga Raja Taksaka, yèn sira lêstari ana ing kahyangan ingsun, sira aja mrihatinake kaanane sêsaji naga, sabab Hyang Brahma wus tau karênan ing galih, saka panggaweningsun, kanthi pambiyantunira. Wis aja sumêlang manèh, nuli beratên lêlara kang nangsaya ing atinira iku".

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Pangandikanipun Hyang Indra makatên wau dahat adamêl asrêping manahipun Sang Taksaka mila Sang Taksaka lêstantun manggèn wontên ing Kaindran, kalayan suka amarwata suta.

"Kacariyos Sang Naga Raja Basuki, rikala mriksa manawi kathah sarpa ingkang sampun dhumawah ing lau sêsaji, amargi kaprabawa dening pangawasaning mantra, ngantos kadangipun namung kantun sakêdhik, ingkang makatên punika andadosakên

--- 232 ---

sakalangkung prihatosipun, tambuh-tambuh paraning pangungsèn wasana lajêng èngêt dhatêng kadangipun èstri, mila enggal dipun timbali. Sasampunipun dhatêng, lajêng dipun ngandikani.

"Hèh yayi kêkasihing dewa, kawruhana, para naga kadangira wus akèh kang padha kacêmplung ing gêni sêsaji, dadi ora antuk kamulyaning kaswargan. Samêngko wus wiwit kodhêng panon ingsun, panduluningsun abliyar-bliyar, ingsun anduga bokmanawa ing dina iki uga bakal mati kaku ana ing gêni sêsaji kang murub angalad-alad iku wruhanira, anane Prabu Janamêjaya gawe sêsaji iku kanggo anumpês sakèhing sarpa. Dadi wus têtela manawa ingsun uga bakal kapêksa kalêbu ing kahyangane Bathara Yama. Yayi, ing mêngko kaya wus têkan mangsane wêwadi iku kawêdhar. Wruhanira, arane sira ing nguni kapisungsungake marang Rêsi Jaratkaru, iku pancèn gêgayutan lawan lêlakon kang anggêgirisi iki. O, yayi, samêngko nuli angayomana marang para kadang warganira. Hèh wanita utama kadange para naga, sumurupa, mung sutanira Si Astika, kang bisa angêndhêg sêsaji naga iku. Amarga ing nguni ingsun dhewe krungu pangandikane Hyang Brahma. Dhuh yayi, mula sutanira kang bangêt disihi sarta dinama-dama dening para naga, lan kang lêbda marang Wedha, iku tumuli dhawuhana amitulungi marang ingsun, dalasan para kadang liya-liyane.

"Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt tiga, saking cariyos Astika, ing Adiparwa.

__________

BAB LIV. SAMBÊTIPUN ASTIKA PARWA.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Sarêng Dèwi Jaratkaru tampi dhawuh timbalanipun ingkang raka, enggal animbali putranipun ingkang pêparab: Rêsi Astika. Sasampunipun umarêg, sang dèwi lajêng nyariyosakên pangandikanipun Sang Naga

--- 233 ---

Raja Basuki, makatên pangandikanipun: "Kulup, samêngko wus têkan mangsane sira anggarap kawajibanira, awit prakara iki pancèn gêgayutan karo lêlakon anggon ingsun ing nguni kongsi dipisungsungake marang sudarmanira, mula enggal tindakna".

Atur wangsulanipun Astika: "Dhuh ibu, tiyang sêpuh kula, ing nguni wontên wigatos punapa, dene uwa Prabu Basuki ngantos misungsungakên panjênênganipun ibu dhatêng rama rêsi. Mugi ibu kaparênga ngandikakakên, kadospundi mula bukanipun lêlampahan wau, supados kula lajêng sagêd anglêksanani kalayan patitising lampah".

Sajatosipun bêbaya agêng ingkang tansah damêl girisipun sakathahing sarpa punika, babar pisan botên andadosakên sumêlanging pangggalihipun Dèwi Jaratkaru. Dene sang dèwi anggènipun angèstokakên dhawuhipun ingkang raka Sang Naga Raja Basuki wau, namung saking dêrênging karsa nêdya damêl kamulyanipun para kadang warganipun, mila sang dèwi lajêng angandika dhatêng putranipun, makatên:

"Dhuh putraku, amarga ing nguni para naga iku padha lênggana nindaki dhawuhe ibu Dèwi Kadru, mula banjur diêsotake wêdharing sot mangkene". "Manawa sira padha ora gêlêm anasabi buntute Utcesrawas, sira têmtu bakal padha nêmahi pati, kabrastha ana ing sêsajine Prabu Janamêjaya, dening jawata kang kagungan kusir Bathara Bayu. Buntute Utcesrawas mau ingsun anggo batangan kalawan yayi Dèwi Winata, dene kang dadi tohe sapa kang kalèru pêmbatange, bakal nglakoni dadi batur tukone kang mênang. Sawise sira padha kabrastha dening gêni sêsaji, sira bakal padha kalêbu ing kahyangane para suksma kang ora antuk pamudharan.

"O, ênggèr, nalika ibu Dèwi Kadru angêstokake para putrane mangkono mau; Sang Hyang Brahma nuli ngandika: "Muga kalakona sotira iku". "Dadi Hyang Brahma iya wus ngidèni

--- 234 ---

marang sote ibu Dèwi Kadru mau. Ing môngka uwakira kakang Prabu Basuki, uga mirêng marang sote ibu lan pangandikane Hyang Brahma kang mangkono mau, mula enggal banjur nêdya ngupaya pangayoman marang para dewa lan para asura lagi padha ngêbur samodra, wigatine ngupaya amrêta. Barêng wus padha kalakon olèh amrêta, para dewa lan uwakira kakang Prabu Basuki padha marêg ing ngayunane Sang Hyang Brahma, malah ing nalika iku uwakira dipurih lumaku ana ing ngarêp. Barêng wus tumêka ing ngayunan, para jawata apadene uwakira, padha matur lan angrêrêpa nyuwun sih pitulungane dewa, kang miyos saka kêmbang tunjung mau (Brahma), supaya sote ibu Dèwi Kadru bisaa ora tumus kaya samêsthine".

Ature para dewa mangkene: "Dhuh, Hyang Brahma, ing wêkdal punika pun Basuki prihatos sangêt, awit tansah kaèngêtan dhatêng soting ibunipun, mila mugi wontêna lumunturing sih paduka, sotipun Dèwi Kadru sagêda sampun ngantos têtêp samêsthinipun".

Ing nalika Hyang Brahma midhangêt ature para dewa mangkono mau, nuli mangsuli pangandika mangkene: "Sutane Rêsi Jaratkaru patutan saka Dèwi Jaratkaru, iku ing têmbe kang bakal bisa ngruwat rêribêde para naga".

"Dhuh putraku kang apindha jawata, nalika kakang Prabu Naga Basuki mirêng dhawuh timbalane Hyang Brahma mangkono mau, banjur amisungsungake ingsun marang sudarmanira Sang Maharsi Jaratkaru kang luhur ing budi. Dadi dhaupku kalawan sudarmanira iku sadurunge ana sêsaji naga. Kulup, sarèhning samêngko sote eyangira wus têka mangsane, mula enggal tumandanga, angêntas para naga saka samodraning kasangsaran, amarga mung sira kang bisa dadi sarana luware para naga saka bêbaya iki. Aku lan uwakira kakang naga raja ayomana, aja kongsi kalêbu ing gêni sêsaji. Manawa sira kalakon bisa awèh

--- 235 ---

pangayoman marang para naga, têgêse, sêdya anggonku karaya-raya dipisungsungake marang sudarmanira iku kasêmbadan, sarta dhawuhe Hyang Brahma ora cidra. Ing samêngko kulup, kapriye mungguh kang dadi panêmunira tumrap prakara iki?"

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Atur wangsulanipun Rêsi Astika dhatêng ingkang ibu makatên: "Dhuh ibu, dhawuh paduka punika saèstu badhe kula èstokakên".

Sasampunipun matur makatên Rêsi Astika lajêng sowan ing ngarsanipun ingkang uwa Sang Naga Raja Basuki, ingkang sawêg prihatos. Sadumugining ngarsanipun Sang Naga Raja Basuki, Rêsi Astika manêmbah sarwi umatur, manawi badhe angèstokakên dhawuhipun, aturipun makatên: "Dhuh uwa Prabu Basuki pêpêthinganing para naga ingkang tinitah linangkung, sowan kula ing ngarsa paduka punika wigatos ngaturi wuninga, manawi kula badhe damêl cabaring sotipun eyang Dèwi Kadru. Mugi sampun tansah namung duhita, tumuntên kabirata sumêlanging panggalih paduka, amargi bêbaya agêng, ingkang dados witing prihatos, sampun nêdya kula tanggulangi kalayan gênging pangatos-atos, murih prayogi kadadosanipun. Saèngêt kula, dèrèng nate wontên titah mêstani, manawi kula nate wicantên dora, sanadyan salêbêting gêgujêngan, saya malih ingatasipun prakawis prêlu, saèstunipun pedah punapa kula matur kathah-kathah.

"Dhuh uwa prabu, ing dintên punika ugi kula badhe marêk ing ngarsanipun Sang Prabu Janamêjaya, ingkang anjênêngi sêsaji, wigatos nêdya damêl rênaning panggalihipun sang prabu, sarana pangalêmbana sinawung ing basa ingkang mêmalat sih saha nawung raos mêmuji kamulyanipun. Dhuh sang naga raja, sarana makatên bokmanawi sêsaji wau sagêd kandhêg. Dhuh, ratuning sarpa, mugi pitadosa dhatêng atur kula, manawi paduka pitados, sêdya kula saèstu badhe kalêksanan".

Pangandikanipun Sang Naga Raja Basuki: "O, Astika,

--- 236 ---

samêngko mustakaningsun wus karasa mumêt, panggalih ingsun kuwur, ora wêruh lor kidul, iya mangkene iki rasane wong kang nandhang soting biyung".

Rêsi Astika matur malih: "Dhuh musthikaning sarpa, kabirata uwasing panggalih paduka, kula ingkang badhe nyirêp ubaling latu sêsaji, saha bêbaya ingkang anggirisi sangêt punika, inggih punika latu sêsaji ingkang murub mangalad-alad yayah sundhuling ngawiyat, tan prabeda kalihan latu panglêburing jagad, ing nalika wêkasaning yuga, punika kula ingkang badhe amêjahi, pramila sampun sumêlang ing panggalih".

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun Rêsi Astika, pêpêthinganing para brahmana, sampun sagêd ambirat sêsakit, ingkang nangsaya panggalihipun sang naga raja, nanging sêsakit wau lajêng nanduki panggalihipun sang rêsi, awit Sang Astika, ingkang lajêng nanggêl karaharjanipun para naga. Sang rêsi, satêlasing aturipun lajêng gêgancangan dhatêng ing Hastinapura, anjujug papan ajanging sêsajinipun Prabu Janamêjaya, ingkang angsal nugrahaning dewa. Sadumuginipun ing sacêlaking capuri sêsaji, ing ngriku sang rêsi sampun sagêd priksa saening pangrakitipun papan sêsaji, punapadene ugi sagêd wuninga para sadasya, ingkang sampun sami andhèr lênggah wontên ing sacêlaking sêsaji. Ujwalaning cahyanipun sumunar kados Bathara Surya utawi Bathara Agni, ananging nalika Sang Astika badhe lumêbêt, lajêng dipun wangsulakên dening para ingkang jagi gapura. Sang rêsi ingkang kinawasa wau, sangêt ing pangasih-asihipun, wasana lajêng dipun lilani lumêbêt. Dupi Sang Rêsi Astika sampun dumugi ing salêbêting capuri, lajêng angandika sawatawis sora, ingkang suraos angalêmbana ing panjênêngan nata, dene anggènipun ngasta kaprabon ing marcapada botên wontên ingkang nimbangi, makatên ugi angalêmbana dhatêng para: riddwija, sadasya, tuwin latu sêsaji ingkang sukci".

--- 237 ---

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt sêkawan saking cariyos Astika, ing Adiparwa.

__________

BAB LV. SAMBÊTIPUN ASTIKA PARWA.

Pangalêmbananipun Sang Rêsi Astika: "Duk ing kina Hyang Soma, Hyang Bharuna, tuwin Hyang Prajapati sami damêl sêsaji wontên ing Prêyaga, dhuh têtungguling têdhak Bharata, putranipun Prabu Pariksit, ewadene sêsajinipun para dewa wau, amimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wontên ing ngriki. Dhuh narendra têdhak Bharata, Sang Hyang Sakra (Indra) ing nguni sampun nate damêl sêsaji warni satus, ananging sêsaji paduka samangke punika ajinipun sami kalayan sêsajinipun Hyang Sakra salêksa, punika nugrahanipun sêsaji sadaya wau mimbuhana kamulyanipun ingkang sami wontên ing ngriki. Dhuh narendraning bawana, putranipun Sri Pariksit, sêsaji paduka punika sami kalihan sêsajinipun Hyang Yama, Sang Harimeda, tuwin Sang Prabu Rantidewa, mugi sêsaji sadaya wau mimbuhana kamulyanipun ingkang sami wontên ing ngriki. Dhuh bêbanthènging darah Bharata, putranipun Prabu Pariksit, sêsaji paduka punika satimbang kalihan sêsajinipun Sang Maya, Sang Prabu Kasawindu, tuwin Sang Prabu Wisrawana, mugi nugrahanipun sêsaji sadaya wau, amimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wontên ing ngriki. Dhuh musthikaning para têdhak Bharata, putranipun Sri Pariksit, sêsaji paduka punika tan prabeda kalihan sêsajinipun Sang Nriga, sêsajinipun Sang Ajamida, tuwin sêsajinipun Sang Dasarataputra, mugi nugrahanipun wau, amimbuhana kamulyaning para ingkang sami wontên ing ngriki. Dhuh pangrurahing satru, putranipun Prabu Pariksit, sêsaji paduka punika sami kalihan sêsajinipun Prabu Yudhisthira, putraning jawata, utawi darah

--- 238 ---

Ajamida. Sêsaji wau ngantos misuwur wontên kaswargan, mugi nugranipunnugrahanipun sêsaji sadaya wau, amimbuhana kamulyanipun para ingkang sami wontên ing ngriki. Dhuh Sang Prabu Janamêjaya putranipun Prabu Pariksit, sêsaji paduka punika sami kalihan sêsajinipun Sri Krêsna Dwipayana, putranipun Dèwi Satyawati môngka sêsaji wau dipun jênêngi piyambak dening sang maharsi sarta panjênênganipun dados pangagênging brahmananipun sêsaji, mugi nugrahaning sêsaji wau, amimbuhana kamulyanipun ingkang sami wontên ing ngriki.

"Sagung para riddwija tuwin sadasya, ingkang wêkdal samangke sami wontên ing ngriki punika, prabanipun sumunar kadi srêngenge, mila sagêd damêl sêsaji paduka nganrosngantos satimbang kalihan sêsajinipun dewa pangrurahing Asura Writra (Indra) punapadene para riddwija tuwin sadasya wau sampun botên kewran dhatêng samubarang, mila sintêna ingkang atur pisungsung ing panjênênganipun, antuk nugraha tanpa watêsan ing tribawana, ingkang kula sumêrêpi, botên wontên riddwija ingkang satimbang kalihan Sang Riddwija Dwipayana. Para siswanipun Sang Dwipayana ingkang tansah sami lêlana ngidêri bawana, samangke sami dados riddwijanipun sêsaji paduka ing ngriki, mila lampahing sêsaji naga sagêd têtêp samêsthinipun. Bathara Agni, inggih ingkang sinêbênutsinêbut Sang Wibawasu utawi Sang Citrabanu, saha ingkang witing gêsangipun sumorot kadi kancana sinangling, punika dados panglanturing sêsaji ingkang luhur, sarta kukusipun ingkang minangka marginipun. Hyang Agni punika samangke sampun murup mangalad-alad, sangking anggènipun nêdya nêtapakênnêtêpakên adil, tuwin nêdya nglanturakên sêsaji paduka ingkang awarni martega sukci, katur dhatêng para dewa. Ing marcapada botên wontên narendra sagêd ngayomi para kawulanipun, kados paduka. Kula mangayubagya sangêt, dene paduka tansah cêcêgah. Saking pandugi kula paduka

--- 239 ---

punika bokmanawi mangejawantahipun Bathara Baruna, utawi Bathara Yama, dewaning adil.

"Tetela paduka punika pangayomanipun sagung tumitah. Paduka prasasat mangejawantahipun Bathara Sakra, dewa ingkang adêdamêl balêdhèg (Indra). Sajatosipun ing salumahing bantala, sakurêbing akasa, botên wontên dumados ingkang kaluhuranipun mapaki paduka, sarta botên wontên narendra ingkang sagêd damêl sêsaji kados paduka. Paduka punika sampun timbang kalihan Sang Katwangga, Sang Nabaga tuwin Sang Dilipa. Kasudiran paduka datan pae kalihan Prabu Yayati, tuwin Prabu Mandatri.

"Dhuh susunaning bawana, praba paduka sumunar kadya surya, paduka punika têtêp dhatêng prasêtya, prasasat Sang Bhisma, paduka botên nate ngatingalakên kasêktèn, kadi Sang Walmiki. Kaluhuran paduka prasasat Bathara Indra, sunaring guwaya paduka kadi Hyang Narayana, paduka têtêp dhatêng adil, kados Bathara Yama, paduka rinêngga saliring kautamèn, kadi Sri Krishna. Paduka punika apindha gêdhong parimatan kamulyan, ingkang kadarbe para wasu. Paduka ugi pangayomanipun sagung sêsaji. Karosan paduka datan siwah kalihan karosanipun Sang Dhamwadwawa. Paduka punika datan pae kalawan Rêsi Rama, ingkang sarwa putus dhatêng saliring sêrat sukci, saha lêbda sikêp dêdamêl warni-warni, putranipun Sang Rêsi Jamadagni. Kasêktèn paduka satimbang kalayan Sang Urwa saha Sang Trita. Sunaring netra paduka adamêl miris dhatêng ingkang sami tumingal, kadi Bhagirata".

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Rêsi Astika sasampunipun manglingga murda makatên, sigra marêpêki sêsaji, pramila adamêl rênaning panggalihipun sang prabu, tuwin para sadasya, para riddwija, sarta latu sêsaji. Sang Prabu

--- 340Seharusnya halaman 240. ---

Janamêjaya botên kasamaran dhatêng wontênipun cipta sasmita punika, wasana lajêng ngandika dhatêng para riddwija saha para sadasya".

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt gangsal, saking cariyos Astika, ing Adiparwa.

__________

BAB LVI. SAMBÊTIPUN ASTIKA PARWA.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Pangandikanipun Sang Janamêjaya makatên: "Dhuh para wicaksana, sanadyan brahmana punika taksih nêdhêng taruna, ewadene wicantênipun kados pandhita wrêdha. Saking pandugi kula punika sanès sok tiyanga, nanging satunggaling sujana ingkang wicaksana. Samangke kula nêdya misungsung dhatêng ingkang nêmbe prapta punika. Dhuh, brahmana ingkang sami wontên ing ngriki, mugi kaparênga paring dhawuh dhatêng kula, kadospundi prayoginipun?"

Atur wangsulanipun para sadasya: "Kawuningana sinuwun, brahmana punika sanadyan taksih mudha, pantês ingaji-aji dening para narendra, langkung malih brahmana ingkang nêmbe dhatêng punika têtela linangkung, mila prayogi linuhurakên langkung saking samêsthènipun. Prayoginipun paduka kêdah aminangkani sapanêdhanipun brahmana nem-neman punika, ananging sinuwun, anggèn paduka andhawuhakên, mugi dipun sêrantosna manawi Naga Taksaka sampun dhatêng, awit botên watawis dangu malih tantu dhatêng".

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: Ing wêkdal samantên sang prabu botên kawawa nahên dêrênging karsa anggènipun badhe misungsung ingkang nêmbe prapta, mila lajêng andangu: "Dhuh sang brahmana, mugi karsaa sajarwa, punapa ingkang dados [da...]

--- 241 ---

[...dos] kaparênging karsa ijêngandika, supados kula lajêng sagêd anglêksanani".

Lêkasipun sang prabu ingkang makatên wau botên andadosakên panujunipun horining sêsaji, mila lajêng matur: "Kawuningana sinuwun, Naga Taksaka dèrèng dhatêng".

Dhawuhipun sang prabu: "Mugi sami dipun kêtoga kalangkungan jêngandika, murih sêsaji punika sagêd kalêksanan samêsthènipun, sarta Naga Taksaka sagêdipun tumuntên dhatêng, amargi punika satru kula bêbuyutan".

Aturipun para riddwija: "Dhuh sinuwun, miturut wêdharing sêrat-sêrat sukci, sarta ujaripun latu sêsaji punika, ing wêkdal punika samangke Naga Taksaka sêsingidan wontên ing Kaindran, amargi sakalangkung maras manahipun".

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh Sang Sonaka, sayêktosipun sadèrèngipun sêsaji naga dipun wiwiti, sampun wontên tiyang ingkang mratelakakên prakawis punika, tiyang wau têdhaking suta naminipun: Lohitaksa, saha putus dhatêng Purana. Rikala samantên Lohitaksa, ugi ingandikan ing ngarsa nata sarta dipun dangu, aturipun makatên: "Dhuh susuhunaning bawana, sajatosipun aturipun para brahmana wau botên kalèntu. Kabêkta saking kula punika putus dhatêng Purana, mila kula sagêd matur manawi Bathara Indra kaparêng paring pangayoman dhatêng Naga Taksaka, pangandikanipun Hyang Indra makatên: "Yèn murih bisane rahayu, sira aja kongsi pisah lan panjênênganingsun. Yèn mangkono Bathara Agni ora bisa ambrastha marang sira".

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Rikala Sang Prabu Janamêjaya midhangêt aturipun Lohitaksa wau, andadosakên prihatosipun, wasana lajêng ngandika, ing raos amêksa dhatêng Hotri, ingkang mangagêngi sêsaji, supados tumuntên anêtêpi kawajibanipun, Hotrining sêsaji wau ugi lajêng amatêk mantra sarwi angêsokakên martega sukci ing latu sêsaji. Sami sanalika Sang Hyang Indra katingal rawuh, anitih rata kaswargan, ingurung-urung para jawata, sinongsongan ing mêndhung, kadhèrèkakên [kadhè...]

--- 242 ---

[...rèkakên] para apsara tuwin para gandarwa.

Naga Taksaka, saking girisipun, asêsingidan wontên ing salêbêtipun singêbipun kaprabon Sang Hyang Indra, mila botên sagêd katingal. Ing sarèhning wêkdal wau sang prabu kagungan panggalih daya-daya, murih tumuntênipun Naga Taksaka sirna wontên ing latu sêsaji, sang prabu enggal dhawuh dhatêng para brahmana, makatên pangandikanipun: "Mugi naga taksaka enggal dipun dhatêngna, sarta lajêng tumuntên dipun lêbêtna ing latu sêsaji dalah Bathara Indra pisan".

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Sang prabu ngantos rambah-rambah pangatagipun ingkang makatên wau dhatêng Hotrining sêsaji, supados Naga Taksaka tumuntên dipun dhatêngakên. Mila Hotri lajêng botên kêndhat anggènipun ngêsokakên martega sukci wontên ing latu, sarwi anguwuh namanipun Naga Taksaka, ingkang wêkdal punika sampun saya cêlak kalihan latu sêsaji.

Dupi Bathara Indra kalihan Naga Taksaka kataman pangawasaning mantra, sami kuwur manahipun. Ing ngriku lajêng katingal ngalela wontên ing ngawang-awang, isthanipun kadi ginèndèng mangandhap dening dayaning mantra. Ananging sarêng Hyang Indra priksa dhatêng ubaling latu sêsaji, ingkang mangalad-alad panggalihipun sakalangkung gêtêr, mila Naga Taksaka sigra dipun kipatakên, sasampunipun uwal, Sang Hyang Indra tumuntên wangsul dhatêng kahyanganipun. Sapêngkêripun Bathara Purandara Naga Taksaka pêtêng panonipun kataman dayaning môntra saha lajêng saya cêlak kalihan latu sêsaji, ingkang murub mangalad-alad.

Ing nalika wau para riddwija matur dhatêng sang prabu: "Dhuh ratuning para narendra ing marcapada, sêsaji paduka sampun tumindak miturut saujaring sastra, pramila manawi paduka kaparêng badhe misungsung dhatêng brahmana, ingkang

--- 243 ---

nêmbe prapta punika, samangke sampun dumugi mangsanipun".

Pangandikanipun Sang Prabu Janamêjaya dhatêng Brahmana Astika makatên: "Dhuh brahmana, ingkang kasinugan kalangkungan ngantos botên kenging winiraos, kula kapingin sangêt misungsung jêngandika, mila mugi kaparênga ngandikakakên, punapa ingkang dados kaparênging panggalih, sanadyan ingkang botên gampil dipun upaya pisan, kula kadugi badhe nglêksanani".

Para riddwija matur malih: "Dhuh, sinuwun, Naga Taksaka botên watawis dangu malih tamtu kenging wasesa paduka. Suwantênipun ingkang sakalangkung sora saha anggirisi punika, samangke sampun kapirêng cêtha. Tatela manawi Naga Taksaka sampun uwal saking jawata ingkang sikapsikêp dêdamêl balêdhèg, saèstu badhe tumuntên dhawah saking ngawang-awang. Sumangga mugi dipun tingalana, Naga Taksaka sêmangke sampun anglayang tanpa sêdya wontên sanginggiling latu sêsaji lêrês, malah sampun angêmpos-êmpos, amargi saya cêlak kalayan latu".

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Sadangunipun Naga Taksaka anglayang ngawang-awang kalihan tanpa karêkat, saha mèh dhumawah ing latu sêsaji, Rêsi Astika matur dhatêng Sang Prabu Janamêjaya makatên: "Dhuh, muskithaningmusthikaning bawana, awit saking dhawuh pangandika paduka, kula kawênangakên darbe pênyuwun, pramila mugi sang prabu sampun ngantos angingkêti pangandika, ingkang sampun kawiyos, panuwun kula: sêsaji punika mugi dipun kèndêlna samantên kemawon, dados sampun ngantos wontên sawêr ingkang kabrastha ing latu sêsaji malih".

Dhuh, Sang Sonaka, dupi Sang Pariksit putra midhangêt aturipun Rêsi Astika makatên wau, andadosakên ing sungkawanipun, wasana lajêng ngandika sêmu ngarih-arih: "Dhuh, brahmana, ingkang wicaksana, mugi kaparênga nampèni pisungsung awarni mas picis rajabrana kemawon, lêmbu saha sanèsanèsipun [sanès...]

--- 244 ---

[...anèsipun]sanès-sanèsipun punapa ingkang jêngandika karsakakên, kula sagah mituruti, ananging sampun mundhut kèndêling sêsaji punika".

Atur wangsulanipun Rêsi Astika: "O, sinuwun, kula botên nyuwun mas picis rajabrana, lêmbu, tuwin sanès-sanèsipun, pangajêng-ajêng kula wontêna sih kamirahaning panggalih, paduka, supados kadang warga kula saking ibu, sampun ngantos têlas kabrastha ing latu.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Sanadyan Sang Rêsi Astika matur makatên, ewadene sang prabu lêstantun pangangkahipun, supados sang rêsi sagêda santun panyuwunipun. Pangandikanipun sang prabu makatên: "Dhuh, musthikaning brahmana, mugi kaparênga mundhut sanèsipun kemawon, saha mugi jêngandika antuk nugrahaning dewa".

Dhuh, Sang Maharsi Sonaka, nanging Sang Rêsi Astika puguh, botên santun panyuwunipun, mila para sadasya, ingkang lêbda dhatêng Wedha lajêng matur sêsarêngan: "Mugi sang brahmana lajêng dipun parêngakên panyuwunipun".

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt nêm, saking cariyos Astika, ing Adiparwa.

__________

BAB LVII.SAMBÊTIPUN ASTIKA PARWA.

Sang Sonaka ngandika: "Suta tanaya, ingsun kapingin krungu jênênge sakèhing sarpa kang wus padha kacêmplung ing gêni sêsaji.

Aturipun Sang Soti: "Kawuningana, kawontênipunkawontênanipun sarpa ingkang sampun kabrastha ing latu sêsaji kathahipun sampun mayuta-yuta. Dhuh, sang maharsi, saking kathahipun, kula ngantos botên sagêd ngaturakên sadaya, ewadene ugi wontên ingkang kula taksih kèngêtan. Sumangga mugi dipun piyarsakna, anggèn kula

--- 245 ---

ngaturakên naminipun para têtungguling naga, ingkang sami kobar dening latu sêsaji. Ingkang badhe kula aturakên rumiyin, têtungguling sarpa têdhakipun Naga Basuki, warninipun para naga wau wontên ingkang biru, abrit utawi pêthak, wujudipun sakalangkung agêng anggêgirisi, sarta mandi wisanipun. Kawontênanipun sakathahing sarpa wau sakalangkung mêmêlas, dene sami tanpa karêkat, awit saking kenging sotipun ingkang ibu Dèwi Kadru. Dhumawahipun para sarpa wontên ing latu botên beda kalihan gumrujuging martega sukci ing latu sêsaji.

Naminipun naga têdhak Basuki, ingkang sami kalêbêt ing latu sêsaji, inggih punika: Naga Kutisa, Manasa, Purna, Sala, Pala, Halimaka, Picala, Konapa, Sakra, Kalawega, Prakalana, Hiranyabau, Sarana, Kaksa, Kaladantaka. Dhuh, sang brahmana, pintên-pintên darahing naga raja, ingkang wujudipun angajrih-ajrihi, saha sakalangkung santosa, sami sirna dening latu sêsaji.

Ing mangke kula badhe ngaturakên têtungguling naga têdhakipun Naga Taksaka, ingkang sami kabêsmi, kados ta: Naga Pucandaka, Mandalaka, Pindasêktri, Rawenaka, Ucika, Sarawa, Banggas, Wilwateja, Wiruhana, Sili, Salakara, Muka, Sukumara, Prawepana, Muggara, Suroman, tuwin Mahahanu.

Naga têdhakipun Naga Raja Erawata, ingkang sami sirna dening latu sêsaji: Naga Parawata, Parijata, Pêndara, Harina, Kirsa, Wihangga, Medda, Sanhatapana. Dhuh papêthinganing têdhak Bhrigu, samangke kula badhe mratelakakên, naga têdhakipun Naga Korawiya, ingkang sami kalêbêt ing latu, inggih punika: Naga Eraka, Kundhalawèni, Wêniskandha, Kumaraka, Bahuka, Srênggawera, Durtaka, Praktar, tuwin Naga Attaka.

Samangke ingkang minôngka pungkasanipun, kula badhe ngaturakên têdhakipun Naga Drêtarastra, ingkang sami kalêbêt

--- 246 ---

ing latu sêsaji. Para naga, ingkang badhe kula aturakên naminipun punika, rikating lampahipun kados angin, wisanipun sakalangkung mandi, dene namanipun: Naga Sangkukarna, Pitaraka, Kutara, Sukan, Sêcaka, Purnaanggada, Purnamuka, Prahasa, Sakuni, Dari, Amahata, Kamataka, Susena, Manasa, Wyaya, Berawa, Mundawedhangga, Pisangga, Udraparaka, Risaba, Wêgawat, Pindaraka, Mahahanu, Raktangga, Sarwasarêngga, Samridha, Pata, Wasaka, Warahaka, Wiranaka, Sucitra, Citragika, Parasara, Tarunaka, sarta Aruni.

Dhuh, sang brahmana, ingkang kula aturakên wau naminipun para têtungguling naga ingkang kasudiranipun sampun misuwur ing jagad. Kula botên sagêd ngaturakên namanipun sadaya, amargi saking kathahipun. Têdhak turunipun para naga ingkang sami kalêbêt ing latu sêsaji wau, kula ugi botên priksa naminipun awit cacahipun tanpa petangan. Sarpa-sarpa wau sawênèh wontên ingkang asirah tiga, pitu tuwin sadasa. Wontên ingkang wisanipun sagêd murub kadi latu panglêburing jagad ing wasananing jaman (Yuga), saha wontên ingkang wujudipun anggêgilani, sadaya sami lêbur dados awu wontên ing latu sêsaji.

Kathah sarpa sanèsipun malih, ingkang anggêngipunagêngipun saardi anakan, panjangipun sayama, sayojana, kalih yojana, saha sagêd mancala warni miturut sasêdyanipun. Wontênipun sami pêjah ing latu wau, awit kenging sotipun ingkang ibu Dèwi Kadru.

Dumugi samantên wêkasanipun bab ingkang kaping sèkêt pitu, saking cariyos Astika, ing Adiparwa.

BAB LVIII. SAMBÊTIPUN ASTIKA PARWA.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Sumangga, mugi sami dipun gatosna cariyos kula bab kaelokanipun Rêsi Astika. Rikala Sang Prabu Janamêjaya badhe misungsung dhatêng Rêsi Astika,

--- 247 ---

Naga Taksaka sampun pisah kalayan Hyang Indra, ewadene botên lajêng dhumawah ing latu, taksih kandhêg wontên ing ngawang-awang kemawon. Sang prabu sakalangkung ngungun, dene Naga Taksaka ingkang sampun kenging dayaning mantra ngantos tanpa karêkat, botên sagêd lumêbêt ing latu sêsaji, ing pangêsokipun martega sukci dhatêng latu sêsaji, sampun nêtêpi wêwaton".

Sang Maharsi Sonaka ngandika: "Dhuh têdhak Suta, apa mulane têka Naga Raja Taksaka ora banjur kacêmplung ing gêni, apa mantrane para wicaksana ora bisa tumama?"

Atur wangsulanipun Sang Soti: "Kawuningan, nalika Naga Raja Taksaka katilar Sang Hyang Indra, sarta sampun sirna pangraosipun, Rêsi Astika ngandika: Mandhêg, mandhêg, mandhêg". Kalampahan Naga Taksaka kèndêl wontên ing ngawang-awang, manahipun maras sangêt".

Sarêng para sadasya sampun rambah-rambah anggènipun matur dhatêng sang prabu supados lajêng mituruti panyuwunan Rêsi Astika, sang prabu ngandika: "Mugi dipun piturutana papênêdanipun Rêsi Astika, inggih punika sêsaji naga sampun kalajêngakên, dipun kèndêlna samantên kemawon, supados sakathahing sarpa ingkang dèrèng kalajêng kacêmplung ing latu, sagêda lêstantun manggih raharja, dados Sang Rêsi Astika dhangan panggalihipun, jalaran panyuwunipun sampun kalêksanan. Ajawi punika wêcanipun têdhak Suta, pun Lohitaksa ugi sagêd têtêp.

Sarêng panyuwunipun Rêsi Astika sampun dipun parêngakên, sanalika wau ing ngawang-awang kapiyarsa swaraning surak mawurahan, manglingga murda kautamèning panggalihipun sang prabu. Rikala sêsajinipun narendra têdhak Pandhawa, putranipun Prabu Pariksit, sampun kèndêl, Maha Prabu Janamêjaya, sakalangkung kacaryan ing panggalih, dene karsanipun sampun kasêmbadan. [kasêm...]

--- 248 ---

[...badan.] Pramila lajêng adêdana arta maèwu-èwu dhatêng para riddwija, tuwin para sadasya, punapadene dhatêng sakathahing têtiyang ingkang sami wontên ing ngriku. Lohitaksa, ingkang putus dhatêng wêwaton pandamêling têtalêsipun papan sêsaji, saha ingkang ing ngajêng sampun mêca, bilih badhe wontên brahmana ingkang ngèndêlakên sêsajinipun sang prabu, ugi dipun ganjar rajabrana sakalangkung kathah, tuwin sandhang têdha sapantêsipun. Ingkang makatên wau dahat adamêl bingahipun tiyang pintên-pintên, dene anggènipun ngèndêlakên sêsaji wau miturut wêwaton.

Ing nalika wau sang prabu lajêng manggihi Sang Rêsi Astika. Sasampunipun binuja krama saprayoginipun, sang rêsi kalilan mundur pangandikanipun Sang Prabu Janamêjaya makatên: "Dhuh Rêsi Astika, sarèhning samangke sampun rampung prêlunipun, jêngandika kula lilani mundur, ananging jêngandika kula ajêng-ajêng kaparênga tumuntên rawuh malih, amargi kula darbe sêdya badhe damêl sêsaji kapal, jêngandika kula aturi dados sadasyanipun sêsaji kula wau".

Atur wangsulanipun Rêsi Astika: "Nuwun sandika sinuwun, kula badhe ngèstokakên".

Rêsi Astika punika sampun kalampahan sagêd damêl rênaning panggalihipun sang prabu, saha sampun sagêd ngrampungakên pakaryan agêng, mila kunduripun sang rêsi kalayan rênaning panggalih. Sadumugining kadhatonipun para naga, sang rêsi lajêng marêk ing ngarsanipun ingkang ibu tuwin ingkang uwa Naga Raja Basuki. Sasampunipun ngabêkti, lajêng ngaturakên sadaya lêlampahanipun, wiwitan ngantos dumugui wêkasan.

Sang Soti nglêjêngakênnglajêngakên cariyosipun: "Para naga ingkang ing wêkdal punika sami wontên ing ngriku, ugi sami amirêngakên cariyosipun sang rêsi wau, sadaya sami suka-suka, amargi sampun sirna sumêlanging manahipun. Saking bingahipun, para naga

--- 249 ---

ngantos rambah anggènipun sami naros dhatêng sang rêsi, punapa ingkang dipun kajêngakên, ucapipun makatên: "Dhuh rêsi lêlinuwih, apa kang ingsun anggo ambalèkake kabêcikanira, awit ingsun wus padha rumangsa luwar saka bêbaya, jalaran saka pitulunganira. Para naga padha kêpingin arêp misungsung marang sira, mula nuli tutura apa kang sira jaluk?"

Wangsulanipun Rêsi Astika: "Panyuwun kula, para brahmana tuwin sanès-sanèsipun, ingkang sami maos cariyos lêlampahan kula punika, ing môngka anggènipun maos wau kalayan golong, kanthi jênjêming manah, mugi sami kinalisna saking bêbaya panangsayaning sarpa".

Para naga mangsuli kalayan suka pirênaning manah, wicantênipun makatên: "Dhuh, rêsi linuwih, sarèhning kang mangkono iku wus dadi sêsanggêman ingsun marang sira, mula bakal padha dièstokake dening para sarpa, sarta sapa kang ngucapake: ASITA, ARTIMAN, SUNITA, ing sajroning batine ing wanci rina lan wêngi, sarpa padha wêdi, ora wani têdhak. Anjaba saka iku, ula iya padha wêdi marang wong kang batine ngucap mangkene:

"Ingsun angèsthi marang Rêsi Astika kang misuwur ing jagad, putrane Maharsi Jaratkaru, kang mijil saka Dèwi Jaratkaru, iya Rêsi Astika kang wus ngêntas para sarpa saka bêbaya gêni sêsaji naga, mula sira sarpa kang wus antuk kabêgjan gêdhe, aja nangsaya marang ingsun padha sumingkira sarta nêmuha basuki. Sarpa kang mandi aja padha nyêdhaki marang ingsun, ngèlingana marang pangandikane Rêsi Astika, kang kadhawuhake nalika sabubaring sêsajine naga Prabu Janamêjaya.

Manawa isih ana sarpa kang wani anyêdhaki marang janma kang nyêbut jênêngira, sarta dèrèng niyat anyakot, sirahe bakal pêcah dadi satus, kaya woh: singsa.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Dupi Rêsi Astika mirêng ucapipun para naga makatên wau, panggalihipun sakalangkung rêna. Saparipurnaning karya, Rêsi Astika lajêng lêlana

--- 250 ---

anuruti krêjêting panggalih. Pêpêthinganing brahmana wau sasampunipun angrampungakên pakaryanipun, inggih punika angêntas para naga saking bêbaya latu sêsaji, saha sasampunipun nurunakên putra wayah kathah, lajêng murut dhatêng kasidan jati.

Dhuh Sang Sonaka, kula sampun nyariyosakên sadaya lêlampahanipun Rêsi Astika ngantos salêsih, botên siwah kalihan sanyataning kawontênanipun, sajatosipun manawi cacriyosan wau dipun cariyosakên, sagêd damêl sirnaning ajrihipun tiyang dhatêng sawêr.

Sang Soti nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh sang brahmana pêpêthinganing têdhak Bhrigu, kula sampun nyariyosakên lêlampahan ingkang sagêd angwontênakên nugraha, inggih punika cariyos lêlampahanipun Rêsi Astika, ingkang pinunjul sasamining rêsi, ngantos satamatipun, kados sawêtahing pamirêng kula, sarta kados ingkang dipun cariyosakên dening lêluhur paduka Sang Pramati, dhatêng putranipun, ingkang pêparab Sang Ruru. Sang Pramati anggènipun nyariyosakên lêlampahan wau, kalihan suka rênaning panggalih, awit kalampahanipun cariyos wau kawêdhar, saking panyuwunipun ingkang putra.

Dhuh sang brahmana pangêndhaking satru, sarèhning paduka sampun midhangêt cariyos sukci lêlampahanipun Sang Astika, ingkang sagêd damêl indhaking kautamèn, sarta saking pêmundhut paduka piyambak, mila sasampunipun tamat anggèn kula nyariyosakên lêlampahan sarpa Dunduba, pamuji kula mugi cariyos kula sadaya wau, andadosakên marêming panggalih.

Dumugi samantên têlasipun bab kaping sèkêt wolu, saking cariyos Astika, ing Adiparwa.

BAB LIX. ADIWANGSA WATARANA PARWA.

Rêsi Sonaka ngandika: "Ênggèr, sira wus nyaritakake babad gêdhe, kang angandhar-andhar lêlakone, wiwit saka carita lêlakone Maharsi Bhriguputra. Dhuh têdhaking Suta babèhkabèh mau bangêt agawe suka pirênaning panggalihipun, ewadene ênggèr, ingsun isih duwe panjaluk marang sira manèh, muga sira nyaritakna [nyari...]

--- 251 ---

[...takna] babad anggitane Maharsi Wiyasa. Ênggèr, ingsun kapengin krungu carita warna-warna kang elok-elok, lan kang wus kawêdharake ana ing pasamuaning para sadasya, sasêlane anggone padha nindakake pakaryan wiwahaning sêsaji naga. Apadene ingsun uga kêpenging sumurup wosing lêlakon kang dicaritakake mau. Mula ênggèr, muga sira nandangana nyaritakake kabèh mau kang salêsih".

Aturipun Sang Soti: "Para brahmana, sasêlaning anggènipun anglampahi kuwajiban, lajêng sami wiraosan warni-warni awêwaton Wedha, amung kemawon Sang Maharsi Wiyasa, nyariyosakên babad agêng sakalangkung adi, ingkang winastan MAHABHARATA".

Pangandikanipun Sang Sonaka: "Carita sukci kang diarani MAHABHARATA, iku nyaritakake kaluwihane para Pandhawa, mulane Sang Maharsi Krêsna Dwipayana banjur kaparêng nyaritakake kabèh mau, awit ana panyuwune Prabu Janamêjaya, nalika sabubare sêsaji naga. Sakawit carita mau wus kacêtha ana panggalihe sang maharsi, kang jêmbare pindha samodra, sarta budine wus sinukcèn dening Yoga (Panunggal). Dhuh têdhaking Suta, sarta têtunggule para ambêg utama, muga ingsun sira caritakake prakara mau, amarga caritanira kang uwis-uwis durung bisa gawe pamarêm, malah kayadene nyanyongah atiningsun".

Aturipun Sang Soti: "Kula nuwun, kula badhe nyariyosakên babad agêng ingkang kathah pigunanipun punika, anggitanipun Sang Maharsi Wiyasa, nama MAHABHARATA, saking wiwitan ngantos dumugi wêkasan. Dhuh sang brahmana sumangga mugi dipun piyarsakna, sayêktosipun kula ugi rêmên sangêt nyariyosakên lêlampahan wau".

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sèkêt sanga, saking perangan Adiwangsa waratana, ing Adiparwa.

__________

BAB LX. SAMBÊTIPUN ADIWANGSA WATARANA PARWA.

Cariyosipun Sang Soti: "Rikala Sang Maharsi Krêsna Dwipayana Wiyasa midhangêt pawartos, bilih Prabu Janamêjaya

--- 252 ---

karsa anjênêngi sêsaji naga, sang maharsi lajêng rawuh wontên wiwahaning sêsaji naga wau.

Sang maharsi punika eyangipun para Pandhawa putranipun satunggaling wanita, sêsilih Dèwi Kali (Satyawati), patutan kalihan Rêsi Parasara, putranipun Rêsi Sakri. Miyosipun Sang Maharsi Krêsna Dwipayana saking guwa garbaning ibu, wontên ing pulo satênghing-têngahingsatêngah-têngahing lèpèn Yamuna. Saking dayaning pangwasanipun, miyosipun sang maharsi punika sami sanalika lajêng diwasa, panjênênganipun punika mumpuni dhatêng sawarnining Wedha tuwin Wedhangga, punapadene ugi lêbda dhatêng sakathahing babad. Kalangkunganipun sang maharsi wau satri bhawana botên wontên ingkang nyamèni. Para ingkang sami marsudi dhatêng kalangkungan ingkang makatên wau, sanadyan dipun saranani sinau Wedha, nêtêpi sêsanggêman, tapa, matiraga, tuwin sêsaji, malah sanadyan wiwit lair pisan sampun gadhah dhasar kalangkungan, ewadene botên wontên ingkang sagêd mirib kalayan panjênênganipun, Sang Wiyasa sampun amerang Sêrat Wedha dados sakawan; panjênênganipun punika sampun mêngku kawicaksananing brahma ingkang langgêng, wuninga dhatêng sawarnining lêlampahan, ingkang sampun kapêngkêr dangu, tuwin ingkang badhe kalampahan. Sang maharsi punika panggalih saha sariranipun sukci tuwin budinipun luhur saha linangkung, mila kawasa apêputra Prabu Pandhu, Prabu Drêtarastra, tuwin Sang Widura, wigatos kangge nyambêt darahipun Prabu Santanu.

Kacariyos Sang Maharsi Krêsna Dwipayana wau têdhak dhatêng pasamuaning sêsajinipun Prabu Janamêjaya, kadhèrèkakên para siswa, ingkang sami lêbda dhatêng Wedha dalah perang-peranganipun. Sarawuhipun ing panggenaning sêsaji, lajêng anjujug ing tarub wêwangunan, ingkang sakalangkung adi. Ing nalika sang maharsi wuninga sang prabu lênggah wontên ing dhampar anjênêngi sêsaji, tiningalan saking katêbihan, kados Bathara Indra angejawantah. Rikala samantên sang prabu ingadhêp para sadasya, cacahipun tanpa wicalan, tuwin para narendra mancapraja, ingkang mustakanipun sampun sami siniram ing tirta nugraha, punapadene para dwija ingkang sami linangkung saha sukci. Manawi tiningalan sang prabu kados

--- 253 ---

Sang Hyang Brahma ingadhêp para jawata.

Nalika Prabu Janamêjaya priksa rawuhipun para maharsi enggal jumênêng saking palênggahan, mapagakên sang maharsi kaayap para putra santana. Para sadasya enggal munjuk ing sang prabu, supados lajêng nyawisna dhampar kancana kagêm palênggahanipun sang maharsi. Mila sang prabu ugi lajêng angancarani palênggahan ingkang eyang sang maharsi, ing dhampar kancana, kados Sang Hyang Indra nalika ngancarani palênggahan dhatêng Bathara Wrihaspati. Dupi sang maharsi ingkang kawasa paring nugraha, saha linuhurakên dening para rêsi ing kaswargan, sampun satata lênggah, sang prabu tumuntên ngabêkti, saha ngaturakên kasugêngan tuwin angluhurakên, kados ingkang kapacak ing sêrat sukci, punapadene lajêng ngaturakên toya kagêm kêmbêng, saha mijiki sampeyanipun, wasana tumuntên ngaturakên argya tuwin lêmbu.

Sang maharsi sakalangkung kacaryan ing panggalih nguningani bêktinipun sang prabu, sarta lajêng kaparêng nampèni pisungsungipun ingkang wayah, sarwi ngandika manawi lêmbu pisungsungipun sang prabu wau botên badhe kapragat. Sasampunipun sang prabu manêmbah, lajêng lênggah amarikêlu, astanipun ngapurancang, ing panggalih sakalangkung bingah. Sarêng sampun sawatawis, môngka ingkang eyang dèrèng ngandika punapa-punapa, sang prabu manêmbah sarwi matur nungsung pawartos karaharjanipun ingkang eyang. Sang maharsi pamawasipun dhatêng ingkang wayah kalayan pasêmon, ingkang mratandhani rênaning panggalih, wasana ngandika: "Apa kaki prabu padha raharja?"

Sasampunipun sang maharsi ngandika makatên, para sadasya lajêng sami asêsanti muji kaluhuranipun sang maharsi, ingkang lajêng sami dipun nugrahani, saparipurnanipun sadaya wau, sang prabu manêmbah sarwi matur: "Dhuh, dhuh, sang maharsi, ingkang salingga brahma, ing sarèhning paduka ing nguni nguningani piyambak kawontênanipun para wayah paduka Kurawa tuwin Pandhawa ingkang lêlampahanipun sampun misuwur ing jagad, kula kaparênga nyênyadhang sih, mugi paduka kaparêng nyariyosakên, kadospundi mula bukanipun, dene para eyang-eyang Kurawa ngantos pasulayan kalihan Pandhawa, sarta lajêng

--- 254 ---

paparangan,paprangan ingkang wêkasanipun para satriya agêng-agêng pintên-pintên, ingkang sami kasambut ing adilaga, punapadene wadyabala, ingkang makatên wau punapa amargi saking wasesaning papêsthèn? Dhuh têtungguling para brahma, mugi paduka kaparênga nyariyosakên sadaya, kadospundi kawontênaning lêlampahanipun para eyang wau."

Dupi Sang Wiyasa midhangêt aturipun Sang Prabu Janamêjaya makatên wau, enggal nolèh dhatêng siswanipun nama Rêsi Waisêmpayana ingkang lênggah wontên ing sacêlakipun, sarwi ngandika: "Sira nyaritakna lêlakone para Kurawa ing nguni, sadurunge padha pasulayan nganti dadine paprangan kaya kang wus ingsun tuturake marang sira".

Kacariyos, pêpêthinganipun para brahmana Sang Waisampayana, nalika tampi timbalaning gurunipun, manêmbah sarta lajêng miwiti cariyos, wontên ing ngarsanipun Prabu Janamêjaya tuwin para sadasya, para nata saha para nayaka, ingkang sami wontên ing ngriku. Dene ingkang dipun cariyosakên, wiwit saking cacongkrahanipun para Pandhawa kalihan Kurawa, ngantos dumugi têtumpêsanipun kalih golongan wau.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sawidak saking cariyos Adiwangsa Watarana, ing Adiparwa.

__________

BAB LXI. SAMBÊTIPUN ADIWANGSA WATARANA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos: "Ingkang rumiyin kula sumungkêm ing padanipun guru kula, kalayan anggêpokakên pêpranganingperanganing badan kula warni wolu dhatêng ing siti, dadosa pratandhaning sungkêm saha pangaji-aji kula ing panjênênganipun èsthining manah, kula badhe nyariyosakên ngantos satamatipun, cariyos ingkang sampun kula mirêngakên saking pangandikanipun guru kula, ingkang luhur ing budi, inggih Sang Maharsi Wiyasa, saha musthikaning para sarjana sujana ing jagad têtiga. Dene cariyos kula punika minôngka dadosa pangaj-aji kula dhatêng para brahmana tuwin para luhur, ingkang sami ngêmpal wontên ing ngriki.

--- 255 ---

Dhuh sinuwun, sumangasumangga mugi dipun midhangêtna, awit sajatosipun amung paduka ingkang wajib nguningani dhatêng aluraning cariyos BHARATA punika. Sarèhning sampun dados kaparêngipun guru kula, mila samangke kula purun nyariyosakên lêlampahan wau wontên pasamuwaning para linangkung ing ngriki.

Dhuh, narendraning bawana, mugi kaparênga anggatosakên cariyos lêlampahanipun para Kurawa anggènipun lajêng pasulayan kalihan para Pandhawa dhatêng wana, awit kawon anggènipun kasukan dhadhu. Dene kalampahanipun para Pandhawa ngantos karsa kasukan, awit saking pambujukipun para Kurawa, ingkang kapengin angrêbat karatonipun Pandhawa. Dhuh musthikaning para nata, samangke kula badhe ngaturakên cariyos punika wau sadaya.

Kawuningana, samuksanipun ingkang rama, para Pandhawa lajêng sami kondur dhatêng ing kadhaton Hastinapura. Kacariyos, para satriya linangkung wau sami parigêl sikêp sawarnining dêdamêl. Para Kurawa ewa sangêt nyumêrêpi dhatêng karosanipun, kasêktènipun, kalimpataning budinipun para Pandhawa, saha sihipun tiyang sanagari tuwin nugrahanipun para dewa dhatêng para Pandhawa, punapadene kabêgjanipun. Pramila Sang Duryudana ingkang ambêg angkara murka, kalayan Sang Karna tuwin Sang Suwalaputra (Sakuni), sami tansah angrenah, saha ambudidaya supados para Pandhawa sagêd sumingkir saking nagari. Sang Duryudana, ingkang candhala ing budi, awit kèlu dening pamilutanipun Sang Sangkuni (pamanipun Sang Duryudana saking ibu, ingkang rêmên minihi piawon), mila lajêng nangsaya dhatêng para Pandhawa sarana lampah warni-warni, wigatos sagêda angrêbat pangwasanipun Pandhawa, ingkang sakalangkung santosa wau, sarta manawi sampun kenging karêbat, sampun ngantos kenging karubeda malih, liripun, sagêd jumênêng nata, ingkang botên sagêd kalungsur saking kaprabon.

Sang Drêtarastraputra kalampahan lajêng angracun Sang Bima, nanging Sang Bima botên sagêd sirna, amargi dayaning racun cabar dening dhêdhaharan ingkang kadhahar Sang Bima.

--- 256 ---

Ingkang asor ing budi Sang Duryudana lajêng anggodhi Sang Bima nalika pinuju sare kêpati wontên ing pagisikaning lèpèn Gangga. Sasampunipun ginodhi, Sang Bima enggal kacêmplungakên ing lèpèn, lajêng katilar kesah, ewadene Sang Bima sarêng ngalilir, saking anggènipun sare, sagêd angrantas tangsul ingkang kangge ambalêbêt sariranipun. Dados Sang Bima sagêd oncat saking bêbaya saha gêrahipun sampun waluya. Amung kemawon nalika Sang Bima wontên salêbêting toya, dipun kroyok ing sarpa cêmêng ingkang sakalangkung mandi wisanipun, sarwi sami namakakên siyungipun dhatêng sariranipun Sang Bima sakojur, ananging ingkang makatên punika malah adamêl sirnaning wisa ingkang sampun rumêsêp ing sariranipun. Sadangunipun para Pandhawa tansah kaangkah sirnanipun dening para Kurawa, Sang Widura botên kêndhat anggènipun angayomi, saha tansah ambudidaya sagêdipun damêl cabaring piawonipun para Kurawa, sarta tansah amitulungi para Pandhawa, ingkang tansah sinangsaya dening cidranipun Kurawa. Anggènipun Sang Widura ngayomi para Pandhawa wau, kados Sang Hyang Indra anggènipun ngayomi jagad saking kaswargan.

Sarêng Sang Duryudana rumaos, bilih sadaya pambudidayanipun ingkang murih kasangsaranipun para Pandhawa, sarana winados, punapa kasumêrêpan ing ngakathah, punika sampun botên wontên ingkang anglêksanani kados ing pangajêng-ajêngipun, Sang Duryudana sawêg purun têtarosan kalihan para mitra tuwin nayakanipun, kados ta: Sang Wrisa (Karna), Dursasana, tuwin sanès-sanèsipun, kadospundi sakecaning lampah sagêdipun damêl risakipun para Pandhawa. Golonging rêmbag angèstokakên dhawuhipun Sang Prabu Drêtarastra, inggih punika: iyasa pakuwon ingkang kalepa gôndarukêm (Bale Sagala-gala). Ing sarèhning Pandhawa punika kaayoman ing dewa, mila botên sagêd karisakan, amargi pakaryanipun dèrèng rampung.

--- [0] ---

DAFTAR PENERIMAAN UANG LENGGANAN SEBAGAI GANTINYA SURAT TANDA TERIMA.

TahunBulanUang lenggananNo. Lengganan
1955April/JuniApril/Dec.Juli/Sept.103010---271, 272286, 282196, 199, 200, 211, 218, 232, 233, 235, 236, 342, 243, 244, 245, 247, 249, 250, 251, 252, 267, 268, 113, 114, 39, 176, 177, 178, 179, 180, 184, 185.
Juli/Dec.Oct/Dec.2010--12, 49, 287, 46, 171.10, 18, 21, 32, 30, 31, 37, 38, 40, 43, 44, 13, 52, 53, 56, 57, 58, 59, 63, 81, 82, 84, 89, 95, 33, 100, 111, 115, 118, 136, 147, 148, 149, 152, 153, 161, 162, 163, 166, 186, 187, 194, 195, 196, 201, 203, 206, 207, 212, 213, 217, 218, 219, 228, 230, 246, 248, 256, 260, 270, 262, 275, 276, 285, 116, 102, 190, 96, 65, 39, 62, 280, 257, 7, 9, 22, 279.
1956Jan/Mart.Jan/Juni1020--282, 115134
SETORAN AGEN Purwareja 15/10'55 Rp. 150,-Blitar 11/10'55 Rp. 350,-

Isinya diluar tanggungan percetakan "Kepunton" Solo

--- [0] ---

NYUWUN KAWIGATOSAN.

SÊRAT MAHABARATA ingkang kawêdalakên dados majalah samangke punika, lugunipun sêrat waosan ingkang agêng sangêt, aslinipun saking basa Sanskreta, kasantun ing basa Inggris dados pintên-pintên jilid. Ingkang basa Inggris punika kagunganipun sadhèrèk Ir. ingkang sae sangêt panggalihipun, sarta kaparêng maringakên nyambut buku-buku wau dhatêng Pakêmpalan Theosofi ing Surakarta, pêrlu kasantun ing basa Jawi, badhe kasiyarakên murih saya jêmbar têbanipun.

Kalampahan sagêd kawêdalakên dados kalawarti wulanan, mawi basa sarta aksara Jawi, ngantos sawatawis taun ananging kapêksa kèndêl, dening wontênipun pêpêrangan. Sawêg samangke sagêd dipun wiwiti mallih, kawêdalakên dados majalah basa Jawi aksara Latin, sawulan sapisan, dipun angkah mugi-mugi para sadhèrèk ingkang rêmên dhatêng cariyos ringgit, sami sagêd mundhut dados lêngganan.

SÊRAT MAHABARATA punika kadhapuk dados buku, mawi no. kaca urut saking 1 dumugi salajêngipun, murih ing têmbe sagêd kabèndhêl kadadosakên buku waosan agêng ingkang èdi pèni botên jalaran saking agêng sarta kandêlipun ananging ingkang wigatos suraosing isinipun. Ing jagad botên wontên kalih.

Kawiwitan saking ADIPARWA malih dumugi satamatipun, kapêndhêt punapa wontênipun, botên mawi dipun komêntari (wêwahi) punapa-punapa, murih para maos pirsa dhatêng lugunipun.

Dipun angkah ngantos para sadhèrèk ingkang kasèp anggènipun mundhut dados lêngganan, botên sagêd wiwit saking nomêr ingkang kawitan. Dipun sêdhiyani tandhon sacêkapipun.

Wasana mugi andadosna ing kawuningan.

Atur taklim kula

PÊNÊRBIT LAN REDHAKSI.