Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

No. 1. Tahun ke II.

7 Januari 1956.

Sêrat MAHABHARATA.

Anggitanipun Rêsi Krêsna Dwipayana Weda Wiyasa.

[Grafik]

Kawêdalakên sabên wulan sapisan.

Permintaan no. Contoh hendaknya disertai harganya Rp. 3.50.

--- [0] ---

"SÊRAT MAHABHARATA"

Sêrat MAHABHARATA ingkang kawêdalakên dados majalah bulanan punika, aslinipun saking basa Inggris kadadosakên basa Jawi, kala kalih dasanan taun ingkang kapêngkêr, dening para sadhèrèk warga Theosofi ing Surakarta. Ugi sampun nate kawêdalakên dados majalah basa Jawi aksara Jawi, ananging kandhêk ing margi. Samangke kawêdalakên malih mawi basa Jawi aksara Latin.

KAPIMPIN dening sadhèrèk SATYAPRANAWA sawarni Redhaktur ingkang tanggêl jawab, kabantu dening sadhèrèk Kusumodihardjo redhaktur Brahmawiya.

Alamat Redhaksi/ Adm.

JALAN BALAN No. 189/295 SOLO (Surakarta).

__________

ARTA LÊNGGANAN

Sakwartal: Rp. 10,- Rêgi ècèran: Rp. 3,50.

Arta kasuwun rumiyin.

__________

Isinipun taksih lêlajênganipun ADIPARWA.

__________

Para sadhèrèk ingkang kêparêng badhe lêngganan urut no. 1 têksih dipun sêdhiyani cêkap dumugi pungkasaning taun 1955 punika.

Surat idzin penerbit No. 80/DPKN/ Prd./55. tanggal 23 Maret 1955.

--- 289 ---

Sêrat Mahabharata No. 1.

7 Januari 1956.

LAJÊNGIPUN S.M.B. No. 9.

7 December 1955.

Dhuh, narendra darah Barata, putranipun Dèwi Danu, punika wontên sakawan dasa. Pambajêngipun ingkang kaloka Prabu Wipriciti, lajêng Sang Samwara, Sang Namuci, Sang Puloman, Sang Asiloman lajêng Sang Kèsi, Sang Durjaya, Sang Ayassiras, Sang Aswassiras, Sang Aswasangku, punika linangkung kasudiranipun, Sang Gaganamurdan, Sang Wêgawat, ugi pêparab Sang Kêtumat, Sang Swarbanu, Sang Aswa, Sang Aswapati, Sang Wrisaparwan, Sang Ajaka, Sang Aswagriwa, Sang Suksma, Sang Tuhunda, ingkang sakalangkung santosa, Sang Ekapada, Sang Ekacakra, Sang Wirupaksa, Sang Maodara, Sang Nicandra, Sang Nikumba, Sang Kupata, Sang Saraka, Sang Salaba, Sang Surya, tuwin Sang Candramas. Ingkang kacariyos wau sampun kasumêrêpan ing ngakathah, manawi putranipun Dèwi Danu. Nanging ingkang kasêbut Sang Surya kalayan Sang Candramas wau, punika sanès Barata Candramas (srêngenge kalayan rêmbulan). Dhuh sinuwun, putranipun Dèwi Danu ingkang sadasa malih jangkêpipun sakawan dasa kalihan ingkang kacariyos ing nginggil inggih punika Sang Ekaksa, ingkang ambêg sudira Sang Amrêtapa, Sang Pralamba, Sang Naraka, Sang Watrêpi, Sang Satrupasana, Sang Satha, punika satunggaling asura agung, Sang Gawistha, Sang Wanayu, sarta Dagawa Dirgajiwa, sadasa wau sami gagah prakosa. Dene putra wayahipun para putranipun Dèwi Danu punika kathahipun tanpa petangan.

Dèwi Sinhika apêputra Sang Rahu, inggih punika

--- 290 ---

ingkang tansah ambujêng Surya tuwin Candra. Kajawi punika Dèwi Sinhika taksih kagungan putra malih, kathahipun tiga, pêparab: Sang Sucandra, Sang Candrahantri, tuwin Sang Candrapramardhana.

Putra wayahipun Dèwi Krura, ingkang ugi sinêbut Dèwi Krodha, punika sakalangkung kathah, ambêgipun sami culika saha drêngki, botên siwah kalayan Dèwi Krodha piyambak. Bangsa têdhak turunipun Dèwi Krodha wau, sami angkara murka, sakathahing tindakipun tansah murang kautamèn, sarta tansah nêdya nangsaya mêngsahipun.

Dèwi Danayu pêputra sakawan, sadaya sami dados agul-agulipun para asura, pêparabipun: Sang Wiksara, Sang Wala, Sang Wira, tuwin Writra, asura gêgêdhug.

Putranipun Dèwi Kala sadaya sami kadi Bathara Yama, saha misuwur sami dados pangrurahing satru sêkti, jêjulukipun Sang Winasana, Sang Krodha, Sang Krodhahantri, Sang Krodhasatru, tuwin sanès-sanèsipun malih.

Kacariyos, wontên satunggaling putra rêsi, pêparap Sang Sukra, punika dados pangajênging brahmananipun para asura. Dene Sang Sukra wau putranipun kakung sakawan, sadaya dami dados brahmananipun para asura, sêsilihipun: Sang Tastadara, Sang Atri, ingkang kalih botên kocap asmanipun, nanging lêlabêtanipun ngebat-ebati. Para putranipun Sang Sukra wau sami sêkti-sêkti, jêmbar têbaning suwuripun, kenging kaupamèkakên kados prabaning srêngenge, sarta tansah anggayuh sagêda anginggahi kahyanganipun Sang Hyang Brahma.

Kawuningana sinuwun, sadaya wau putra wayahipun para dewa tuwin têdhak turunipun para asura, sarta sampun sami kawursita wontên Sêrat Purana. Sadaya para raksasa sami mandraguna sura sêkti. Kajawi ingkang sampun kula aturakên wau, botên sagêd ngaturakên sanès-sanèsipun malih, awit kathahipun

--- 291 ---

tanpa petangan tuwin wontênipun ing marcapada botên patos misuwur asmanipun.

Para putranipun Dèwi Winata, inggih punika: Sang Kartikeya, Sang Aristanêmi, Sang Garudha, Sang Aruna, Sang Aruni, tuwin Sang Waruni. Dhuh sinuwun, dene Sang Sesa, ingkang ugi sinêbut Sang Ananta, Sang Basuki, Sang Taksaka, Sang Kurma, Sang Kukila, punika sami putranipun Dèwi Kadru.

Kawuningana, Dèwi Muni, putrinipun Hyang Daksa ingkang sampun kawursita ing ngajêng, apêputra para dewa tuwin para gandarwa, asmanipun Sang Bisena, Sang Ugrasena, Sang Suparna, Sang Wasuna, Sang Gopati, Sang Britarastra, Sang Suryawacas, Sang Satyawatas, Sang Arkaparna, Sang Prayuta, Sang Bima, ingkang kasumbaga Sang Citrarata, punika sakalangkung wêgig saha sampun sagêd mangrèh kamurkanipun, Sang Salisiras, Sang Prajanya, Sang Kali, sarta Sang Naradha. Dhuh pêpêthinganing darah Barata, taksih kathah ingkang badhe kula aturakên, kados ta: Dèwi Anawadya, Dèwi Manu, Dèwi Wangsa, Dèwi Asura, Dèwi Marganapriya, Dèwi Anupa, Dèwi Subaga, Dèwi Wasi, sadaya punika wau sami putranipun Dèwi Prada. Kajawi punika wontên malih putranipun Dèwi Pada,[1] inggih punika: Sang Sidda, Sang Purna, Sang Warhin, ingkang kaloka Sang Purnayus, Sang Brahmacarin, Sang Ratiguna, Sang Suparna, Sang Wiswawau, Sang Banu, sarta Sang Sucandra, sadaya punika sami gandarwa ing kaswargan.

Ugi sampun kasumêrêpan ing ngakathah, bilih rêsi kaswargan ingkang pêparab Sang Kasyapa, anggènipun anggarwa Dèwi Prada, punika kagungan putri: Dèwi Dlamwusah, Dèwi Misrakèsi, Dèwi Widyutparna, Dèwi Tilotama, Dèwi Aruna, Dèwi Raksita, Dèwi Ramba, Dèwi Monorama, Dèwi Kèsini, Dèwi Suwahu, Dèwi Surata, Dèwi Suraja, sarta Dèwi Supriya. Para putrinipun Dèwi

--- 292 ---

Prada, ingkang sami kapratelakakên wau, sadaya golonganipun apsara, ingkang sukci. Dene putranipun Dèwi Prada, inggih punika: Sang Atiwahu, ingkang kasumbaga Sang Haha, Sang Hunu, tuwin Sang Tamburu, punika sami gandarwa pêpêthingan. Manawi miturut ingkang kasêbut ing Sêrat Purana, Dèwi Kapila punika ingkang nuwuhakên Amrêta, para brahmana, lêmbu, para gandarwa tuwin para apsara.

Dhuh sinuwun, kula sampun ngaturakên nalurinipun sakathahing titah, kados ta: para gandarwa, para apsara, para naga, para suparna, para rudra, para maruta, lêmbu, tuwin para brahmana ingkang sami antuk nugrahaning dewa, agêng kabêgjanipun, saha sukci tindakipun. Sintêna ingkang maos cariyos punika, tamtu panjang umuripun, awit punika cariyos sukci, ajinipun langkung saking samubarang ingkang limrahipun dipun anggêp aji, punapadene cariyos wau sagêd damêl sênênging manah, pramila prayoginipun, tansah dipun cariyosna dhatêng tiyang sanès. Dene anggènipun nyariyosakên, sarta mirêngakên kêdah kalayan ingkang aring.

Sintêna ingkang maos nalurinipun para minulya wau, wontên ing ngarsanipun para brahmana tuwin para dewa, mangka cêtha saha titis, tiyang wau badhe angsal nugraha kabrayan (sugih putra wayah), agêng kabêgjanipun, misuwur asmanipun, sarta ing dêlahanipun, sagêd anginggahi alam ingkang luhur-luhur.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping suwidak gangsal, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB LXVI. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sampun dipun sêmêrêpi ing ngakathah, bilih Hyang Brahma punika pêputra maha rêsi nênêm, kados ingkang sampun kula aturakên wau. Kajawi punika ugi taksih kagungan putra malih, jêjulukipun Bathara [Ba...]

--- 293 ---

[...thara] Stanu. Dene Bathara Stanu ingkang kasumêrêpan, apêputra sawêlas, putra-putra wau sami sêkti-sêkti, mênggah pêparapipun: Sang Mregawadya, Sang Sarpa, ingkang misuwur ing tribawana Sang Niriti, Sang Ajêkapat, Sang Dhiwrêdna, pangrurah satru Sang Pinaki, Sang Dahana, Sang Iswara, Sang Kapali, ingkang mancorong prabanipun Sang Sanu, tuwin Sang Bharga. Sadaya punika limrahipun sinêbut para rudra sawêlas.

Kalawau kula sampun nyariyosakên, bilih Rêsi Marici, Rêsi Anggiras, Rêsi Atri, Rêsi Pulastya, Pulaha, tuwin Rêsi Kratu, nênêm pisan punika sami putranipun Hyang Brahma, sarta sami linangkung kasêktènipun. Kawuningana, ingkang sampun kasumêrêpan. Rêsi Anggiras punika apêputra tiga, pêparabipun: Sang Wrêhaspati, Sang Utatya tuwin Sang Samwarta. Tiga pisan punika sami têtêp dhatêng sêsanggêman.

Dhuh narendra têdhak Barata, dene putranipun Sang Rêsi Atri wau sakalangkung kathah, sadaya sami dados rêsi agêng-agêng, saha putus dhatêng saliring Wedha. Sang Rêsi Pulastya, ingkang linangkung kawicaksananipun, punika anurunakên para: raksasa, wanara, kinara (satêngah manusa satêngah kapal) tuwin yaksa. Rêsi Pulaha anurunakên para: salaba (kados ta: kupu, walang, kandhêla, sarta sapanunggilanipun), singa, kampurusa (satêngah manusa satêngah singa), sima, baruwang, tuwin bangsaning sagawon ajag. Ananing para putranipun Rasi Kratu, punika sami sukci kados sêsaji, inggih punika ingkang minangka kanthinipun Hyang Surya, sarta ingkang limrahipun sinêbut: para walikilya, saha sampun misuwur satribawana, sami têtêp dhatêng sêsanggêmanipun, botên nate cidra ing pangandika.

Dhuh pangayomanipun bawana, ingkang kaloka Rêsi Daksa, saha ingkang rahayu ing budi, tuwin kêncêng dhatêng kasutapan, punika mijil saking dariji sampeyanipun Hyang Brahma ingkang kanan. Mênggah garwanipun Rêsi Daksa, ingkang

--- 294 ---

luhur ing budi wau, punika mijil saking dariji sampeyan ingkang kiwa.

Kacariyos, Mahamauni Daksa punika kagungan putri sèkêt, sadaya sami mijil saking garwa satunggal wau. Para putri wau sami sulistya ing warni, netranipun kadi roning tunjung. Rêsi Daksa punika botên pêputra priya, mila para putrinipun lajêng kadadosakên putrika (wayahipun kaanggêp putra, nanging taksih dados putraning sudarmanipun piyambak-piyambak), mila miturut pranatan sukci, ingkang sampun tumindak wontên ing kadewatan, Rêsi Daksa wau kêdah angganjarakên putrinipun ingkang sadasa dhatêng Bathara Darma, pitulikur dhatêng Bathara Candra (rêmbulan), tiga wêlas dhatêng Rêsi (Bathara) Kasyapa.

Dhuh sinuwun, sumangga mugi dipun piyarsakna anggèn kula ngaturakên asmanipun para garwanipun Hyang Darma: 1 Dèwi Kirti, 2 dèwi Laksmi, 3 Dèwi Arêti, 4 Dèwi Mada, 5 Dèwi Pusthi, 6 Dèwi Srada, 7 Dèwi Kriya, 8 Dèwi Budi, 9 Dèwi Ladja, 10. Dèwi Mati. Dene ingkang nêtêpakên, manawi widadari sadasa wau kêdah dados garwanipun Hyang Darma, punika dewa ingkang dumados saking pangwasanipun pribadi. Ugi sampun kasumêrêpan ing jagad, bilih garwanipun Bathara Soma (Candra = rêmbulan) punika wontên pitulikur, sami bêkti-bêkti, saha sukci tindakipun. Kuwajibanipun anêdahakên wanci, sasêbutanipun para: Naksattra, tuwin para Yogini, inggih punika ingkang sami ambiyantu lampahipun sakathahing alam-alam.

Hyang Brahma punika ugi kagungan putra malih wasta: Hyang Manu. Dene Hyang Manu wau lajêng apêputra Hyang Prajapati; Hyang Prajapati apêputra wolu, inggih punika ingkang sinêbut: Wasu wolu, pêparab: Bathara Dara, Bathara Druwa, Bathara Soma, Bathara Aha, Bathara Anila, Bathara Anala, Bathara Pratyusa, tuwin Bathara Prabasa. Bathara Dara tuwin Bathara Druwa, ingkang putus dhatêng kawruh kasunyatan, punika mijil saking Dèwi Drumah. Bathara Candrama (Soma) kalihan Bathara Swasana (Anila), punika sami miyos saking Dèwi Swasah, ingkang lêpas ing budi. Bathara

--- 295 ---

Aha miyos saking Dèwi Rata. Bathara Hutasana (Anala = agni) miyos saking Dèwi Sandila. Bathara Pratusa kalayan Bathara Prabasa, sami miyos saking Dèwi Prabata. Bathara Dara apêputra kalih, sinêbut: Sang Drawina tuwin Sang Hutahawyaha. Putranipun Bathara Druwa, inggih punika ingkang kaloka Bathara Kala (mangsa kala ingkang misuwur dados panglêburing jagad). Bathara Soma pêputra kakung Sang Warcas, prabanipun mancorong. Sang Warcas apêputra tiga, miyos saking Dèwi Manohara, pêparapipun: Sang Sisira, Sang Prana, tuwin Sang Ramana. Putranipun Bathara Aha, Sang Jyoti, Sang Sama, Sang Santa tuwin Sang Muni. Bathara Agni (Anala-Hutasana) pêputra Sang Kumara, warninipun pêkik, miyosipun wontên ing wana parumputan. Sang Kumara wau ugi pêparab Sang Kartikeya, awit kagulawênthah dening Dèwi Krêtika, tuwin sanès-sanèsipun. Dene kadangipun Sang Kartikeya tiga sami priya, inggih punika: Sang Sangka, Sang Wisangka, tuwin Sang Negameya. Bathara Anila anggarwa Dèwi Siwah, apêputra: Sang Manojawa, tuwin Sang Awijnatagati. Bathara Pratyasa apêputra Rêsi Dewala. Rêsi Dewala pêputra kalih, sadaya sami ambêg paramarta, saha sakalangkung sêkti mandraguna. Hyang Wrihaspati, darbe kadang pawèstri satunggal, inggih punika wanodya ingkang wiwitan. Sang dèwi wau botên nate cidra ing pangandika, sêngsêm dhatêng tapa brata saha tansah lêlana ngidêri bawana, wasana sang dèwi lajêng kagarwa Bathara Prabasa (Wasu ingkang angka wolu), pêputra Bathara Wiswakarma, ingkang misuwur dewaning kagunan, inggih dewa ingkang mêngku kagunan sèwu, juru nganggit sawarnining wêwangunan. Bathara Wiswakarma punika undhagi ingkang wiwitan, saha ingkang iyasa rata titihanipun para jawata, tuwin titah sanès-sanèsipun ingkang sami dumunung ing kaswargan, inggih panjênênganipun wau, ingkang ambudi kalampahanipun manusa lajêng sagêd gêsang. Awit saking makatên punika, mila Bathara Wiswakarma wau sinêbut: sasêmbahanipun manusa. Sang Wiswakarma punika langgêng, botên kenging ewah gingsir.

--- 296 ---

Dene ingkang kasumbaga Bathara Darma, ugi sinêbut Bathara Ahasta, saha dewa ingkang mangwasani saliring kabêgjan, punika maujud manusa, miyos saking pranajanipun Hyang Brahma, ingkang iring têngên. Panjênênganipun wau apêputra tiga, sami pêkik-pêkik, tuwin sagêd damêl kayungyunipun sagung titah, pêparabipun: Bathara Sama, Bathara Kama, tuwin Bathara Harsa.[2] Têtiga pisan wau pakaryanipun ambiyantu kamajênganing bawana. Bathara Kama punika anggarwa Dèwi Rati. Bathara Sama anggarwa Dèwi Prapti, dene Bathara Harsa anggarwa Dèwi Nandha. Sayêktosipun kawontênanipun bawana punika, purba wasesanipun wontên ing jawata têtiga dalah sagarwanipun pisan wau.

Putranipun Hyang Marici (rêsi putranipun Hyang Brahma) punika Rêsi Kasyapa. Mênggah ingkang nurunakên para dewa tuwin para asura, punika Rêsi Kasyapa, mila panjênênganipun wau sinêbut: Sudarmanipun sagung bawana, kacariyos Dèwi Tastri, ingkang awujud wadana (kapal èstri) punika kagarwa Bathara Sawitri, lajêng pêputra kêmbar sinung pêparab Bathara Aswin inggih punika dewa kêmbar, ingkang miyosipun wontên ing ngawang-awang, sarta agêng kabêgjanipun. Dhuh, sinuwun, Dèwi Aditi pêputra kalih wêlas kakung sadaya; pambajêngipun pêparab: Bathara Indra, dene wuragilipun Bathara Wisnu, inggih punika dewa ingkang ngayomi sagung bawana saisèn-isènipun. Sadaya ingkang sampun kapratelakakên wau, kawontênanipun para jawata tigang dasa tiga. Wijangipun makatên: Wasu wolu, Aditya kalih wêlas, Rudra sawêlas, Prajapati satunggal, tuwin Wasatakara satunggal.

Samangke kula badhe ngaturakên pratelanipun putra-putranipun para jawata wau, miturut: Paksa, Kulas, tuwin Gananipun piyambak-piyambak. Para Rudra, para Sadya, para

--- 297 ---

Maruta, para Wasu, para Bargawa tuwin para Wiswedewa, punika kalêbêt golonganing Paksa. Garudha putranipun Dèwi Winata, Sang Aruni ingkang kinawasa, tuwin Hyang Wrihaspati ingkang kaloka, punika kalêbêt golonganing Aditya. Bathara Aswin sakêmbaran, sadaya kajêng taun, sarta sadaya sato alit-alit, punika kagolonganing para Guhyaka.

Dhuh sang nata, ingkang kula aturakên wau gananipun para dewa, kawuninga[3] sinuwun, manawi sadaya mawi dipun cariyosakên, sagêd dados panêbusing dosa.

Ingkang kasumbaga Rêsi Brigu, punika miyos saking jajanipun Hyang Brahma, dene panjênênganipun apêputra Bathara Sukra. Sang linangkung Bathara Sukra lajêng dados lintang sarta kawajiban anglantarukên sadaya dhawuhipun Hyang Brahma, nurunakên saha ngèndêlakên jawah, ngwontênakên saha ambirat kasangsaran, sarta pakèwêd, wigatos kangge rumêksa sagung titah isèn-isèning tribawana Rêsi Sukra ingkang limpat ing budi saha wicaksana, tuwin sêtya dhatêng sêsanggêman punika, sugêngipun kados sacaraning brahmancarya panjênênganipun sampun ambage kawontênanipun piyambak dados kalih, sarana pangwasa ingkang tuwuh saking anggènipun ambangun tapa. Ingkang saperangan dados gurunipun para detya, dene ingkang saperanganipun malih dados gurunipun para dewa. Dados Rêsi Sukra punika dipun paringi kuwajiban dening Hyang Brahma, damêl kamulyanipun para dewa tuwin para asura. Sarêng Rêsi Sukra sampun tinanggênah ing karya ingkang makatên wau, Rêsi Brigu lajêng pêputra malih sakalangkung pêkik warninipun, pêparab Sang Cwawana. Rêsi Cwawana wau cahyanipun mancorong kadi srêngenge, pambêganipun utami sarta misuwur satribawana. Miyosipun saking garbaning ibu dèrèng dumugi mangsa, awit sinurung saking kanêpson nanging malah kados jalaran luwaripun ingkang ibu saking rêgêmaning raksasa. Ingkang wicaksana Sang Cwawana lajêng anggarwa Dèwi Arusi, putranipun

--- 298 ---

Hyang Manu, lajêng patutra[4] satunggal pêparab Sang Urwa. Dene miyosipun Rêsi Urwa punika saking pupunipun ingkang ibu Dèwi Arusi.

Rêsi Unwa pêputra Rêsi Ricika, wiwit timur sampun kasinungan kasantosan, sarta kasêktèn linangkung, pambêganipun utami. Rêsi Ricika pêputra Rêsi Jamadagni. Rêsi Jamadagni apêputra kakung sêkawan, warujunipun inggih punika Sang Parasurana. Rêsi Parasurana punika linangkung piyambak kalihan para kadangipun. Pajênênganipun wau parigêl sikêp saliring dêdamêl, sarta dados pangrisaking para ksatriya. Sang Rêsi Parasurama punika sampun sagêd mangrèh angkara murkanipun. Putranipun Rêsi Urwa punika sadaya wontên satus, ingkang pambajêng apêputra Sang Jamadagni wau, dene sanès-sanèsipun, têdhak turunipun maèwu-èwu sumêbar salumahing bumi.

Putranipun kakung Hyang Brahma taksih wontên kalih malih, ingkang kawajibanipun ambiyantu pakaryanipun Hyang Manu, jêjulukipun Hyang Datri, kalihan Hyang Widatri. Kadangipun èstri jawata kalih wau, pêparab Dèwi Laksmi ingkang misuwur akahyangan wontên ing sêkar tunjung, Dèwi Laksmi pêputra kapal, sagêd ngambah ing ngawang-awang. Putrinipun Bathara Sukra, ingkang sêsilih Dèwi Diwi, punika dhaup kalayan Hyang Waruna, dados garwa ingkang sêpuh piyambak Sang Dèwi Diwi wau apêputra kalih kakung putri, ingkang kakung pêparab Sang Wala dene ingkang putri asma Dèwi Sura (anggur) unjuk-unjukan ingkang dahat damêl bingahing para dewa.

Mênggah miyosipun Sang Adarma (dosa) punika nalika sakathahing titah wiwit pêjah-pinêjahan rêbatan têdha. Dene damêlipun Sang Adarma wau tansah amêmêjahi, sarta lajêng anggarwa Dèwi Niriti, apêputra para raksasa, ingkang sinêbut para: Nêrita (têdhak turunipun Niriti). Para putranipun Dèwi Niriti wau, wontên tiga ingkang candhala ing budi, karêm dhatêng [dha...]

--- 299 ---

[...têng] pandamêl dosa, asmanipun: Sang Baya (ajrih) Sang Habaya (giris) tuwin Sang Mrêtyu (pêpêjah), tiga pisan wau tansah sami nêdya ngrêrisak sagung dumadi. Awit saking dewa têtiga wau rêmên mêmêjahi, mila sami botên nambut silaning akrama, saha botên apêputra. Dene putrinipun Dèwi Tamra, punika wontên gangsal, sarta sadaya sampun kasumêrêpan wontên ing sagung bawana, inggih punika: Dèwi Kaki (dandhang), Dèwi Swèni (alap-alap), Dèwi Basi (ayam), Dèwi Drêrastri (menthog), Dèwi Suki (pêksi jaka tuwa). Dèwi Kaki ingkang lajêng nurunakên sadaya pêksi bangsaning dandhang, Dèwi Swèni nurunakên alap-alap, Dèwi Basi bangsaning ayam, tuwin pêksi bidho, Dèwi Drêtarastri nurunakên kambangan tuwin banyak sarta cakrawaka, dene Dèwi Suki ingkang endah ing warni, saha angrêsêpakên tuwin sarwa sae sêsranduning sariranipun, punika anurunakên bangasaning pêksi jaka tuwa.

Dèwi Krodha apêputra sanga sami putri sadaya, watakipun sami bêngis-bêngis, pêparabipun: Dèwi Mrêgi, Dèwi Mrêgamanda, Dèwi Hari, Dèwi Badramana, Dèwi Matangi, Dèwi Sarduli, Dèwi Sweta, Dèwi Surawi, tuwin Dèwi Surasa. Namung Dèwi Surasa punika ingkang ngrêsêpakên manah, saha angsal nugrahaning dewa, kasinungan pambêgan utami. Dhuh, narendra têdhak Barata, Dèwi Mrêgi wau lajêng anurunakên bangsaning sangsam, Dèwi Mrêgamanda nurunakên bangsaning baruwang, tuwin ingkang dipun wastani Srimara (sato ingkang rikat plajêngipun), Dèwi Badramana nurunakên dirada kaswargan nama Erawata. Dèwi Hari anurunakên bangsaning wanara, ingkang watakipun sakalangkung tabêri, tuwin sadaya kapal, sarta sadaya sato ingkang dipun wastani: Golanggula (sato ingkang buntutipun kados buntut lêmbu). Dèwi Sarduli, anurunakên singa, sima tutul ngantos tanpa wicalan, utawi nurunakên bangsaning sato sanès-sanèsipun, ingkang santosa-santosa. Dhuh, sinuwun, Dèwi Matangi anurunakên sakathahing dirada. Dèwi Sweta anurunakên dirada agêng-agêng sarta kêbat lampahipun, nama Sweta, Dèwi Surabi pêputra kalih, sêsilihipun Dèwi

--- 300 ---

Rohini, pasêmon tuwin warninipun angrêsêpakên manah; satunggalipun malih Dèwi Gandarwi, punika misuwur ing jagad. Dhuh, sinuwun, anjawi punika wau Dèwi Surabi taksih kagungan putri kalih malih, kêkasih: Dèwi Wimala tuwin Dèwi Anala.

Kawuningana sinuwun, sadaya lêmbu punika turunipun Dèwi Rohini, sato bangsaning kapal punika turunipun Dèwi Gandarwi. Dèwi Anala anurunakên wiwitan warni pitu, ingkang wohipun mawi raos sêpêt, kados ta: arèn, siwalan, hintila, tali kurma, gayam, tuwin klapa. Dèwi Gandarwi wau taksih darbe putra putri, sêsilihipun Dèwi Suki. Dèwi Suki punika ingkang nurunakên sadaya pêksi bangsaning bèthèt. Dèwi Surasa, pêputra kakung satunggal nama: Sang Kangka (bangsaning pêksi ingkang mawi lancur), Dèwi Swèni garwanipun Sang Aruna, pêputra kakung kalih sami santosa saha sêkti-sêkti, pêparab Sang Sampati tuwin ingkang kinawasa Sang Jathayu. Dèwi Surasa pêputra para naga, dene Dèwi Kadru pêputra para panaga (sarpa). Dèwi Winata pêputra kakung malih: Sang Garudha tuwin Sang Aruna, ingkang asma saha lêlampahanipun sampun kamirêngan ing jagad. Dhuh, narendraning manusa, saha têtungguling para sarjana, kula sampun ngaturakên nalurinipun sakathahing titah pêpilihan, ngantos salêsih. Sintêna ingkang mirêngakên cariyos wau dosanipun sadaya lajêng sagêd sirna, sarta kasinungan kawruh luhur. Awit saking punika gêsangipun malih ing têmbe badhe sagêd gayuh darajat ingkang luhur.

Dumugi samantên wêkasanipun bab suwidak nênêm, saking cariyos Sumbawa, ing Adiparwa.

__________

BAB LXVII. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh, maharsi ingkang pantês linuhurakên, kula kapengin sangêt badhe sumêrêp kawotênanipun para jawata, danawa, gandarwa, raksasa, singa, sima,

--- 301 ---

sarpa, pêksi, tuwin sanès-sanèsipun, enggalipun sawarnining titah ingkang têtunggilan kalayan manusa, wontên ing marcapada. Anjawi punika kula ugi kapenengin[5] mirêng, pandamêl saha lêlampahanipun ingkang sami tinitahakên dados manusa?

Rêsi Waisampayana cariyos: "Dhuh narendraning bawana, ingkang rumiyin kula badhe ngaturakên kawontênanipun para jawata, tuwin para danawa, ingkang sami manjanma dhatêng ing marcapada.

Têtungguling danawa ingkang sinêbut: Sang Wipraciti, punika manjanma dados Prabu Jarasanda, bêbanthènging para narendra. Putranipun Dèwi Diti, ingkang pêparab Sang Hiranyakasipu, manjanma dhatêng marcapada, dados Prabu Sisupala, ingkang linangkung kaprawiranipun. Sang Lada, arinipun Sang Pralada, dados Prabu Salya, pêpêthinganing bangsa Wahika, ingkang kaloka. Sang Anulada, kadangipun Sang Pralada, ingkang wuragil, dados Sang Drêtakètu. Dhuh, narendra têdhak Barata, putranipun Dèwi Diti, ingkang sêsilih Sang Siwi wontênipun ing marcapada dados Prabu Druma, narendra ingkang misuwur kasêktènipun. Asura agung ingkang jêjuluk Sang Waskala, manjanma dados Prabu Bhagadata kang agung. Dene asura agung gangsal ingkang sami sêkti mandraguna, Sang Ayasirah, Sang Aswasirah, Sang Ayasangku, ingkang sudira ing rananggana, Sang Gaganamurdan, tuwin Sang Wêgawat, punika sami tinitahakên dados darahing bangsa Kêkaya, sarta sami dados nata binathara. Asura sêkti mandraguna, ingkang limrahipun sinêbut: Sang Kêtumat, punika wontên ing marcapada dados Prabu Amituja, tandangipun wontên ing paprangn anggirisi. Asura agung Sang Swarbanu, manjanma dados Prabu Ugrasena, ingkang sudira ing ranangga. Asura agung ingkang limrahipun sinêbut Sang Aswa, manjanma dados Prabu Asoka, narendra sura sêkti, saha botên kenging kinawonakên wontên ing palagan. Dhuh, sang

--- 302 ---

nata, arinipun Sang Aswa ingkang pêparab Sang Aswapati, putranipun Dèwi Diti, punika wontênipun ing marcapada dados Prabu Hardikeya, narendra kinawasa ing marcapada. Asura dibya saha minulya, ingkang jêjuluk Sang Wrêsaparwan, wontên ing marcapada dados Prabu Dirgapraja.

Dhuh narendraning bawana, arinipun Sang Wrêsaparwan, ingkang limrahipun sinêbut Sang Ajaka, punika manjanma dados Prabu Salwa. Asura kinawasa sarta linangkung kaprawiranipun, ingkang jêjuluk Sang Aswagriwa, manjanma dados Prabu Rucamana. Asura ingkang sêsilih Sang Suksma, saha ingkang limpat ing budi, tuwin luhur sagung pandamêlipun, punika wontên ing marcapada dados narendra misuwur, jêjulukipun Prabu Wrehadrata. Dene pêpêthinganing asura, ingkang pêparab Sang Tuhunda, manjanma dados Prabu Senawindu. Asura ingkang linangkung kaprawiranipun, sinêbut nama: Sang Isupa, manjanma dados Prabu Nagnajit, punika narendra misuwur kakêndêlanipun. Asura agung Ekacakra, manjanma dados Sang Prêtiwindya. Asura agung Sang Wirupaksa, ingkang undhagi rakit gêlaring ngayuda, wontên ing marcapada dados Prabu Citrawarman. Têtungguling danawa Sang Hara ingkang sagêd ngêndhakakên kumlungkunging mêngsah, saha prawira ing ngayuda, manjanma dados Sang Subahu. Wontên ing marcapada misuwur sarta minulya. Asura Sang Suraha, ingkang linangkung kasêktènipun, saha pangrurahing satru sêkti, wontên ing marcapada dados Prabu Wahlika. Papêthinganing Asura Sang Nicandra, ingkang pêkik warninipun, saha prabaning cahyahipun sumunar kadi wulan purnama, manjanma dados Prabu Munjakesa, narendra binathara saha jumurung ing kabêgjan. Asura sakalangkung julig Sang Nikumba, ingkang botên gampil kinawonakên wontên madyaning paprangan, manjanma dados Prabu Dewadipa, narendra linangkung ing marcapada. Asura agung Sang

--- 303 ---

Saraba, putranipun Dèwi Diti, manjanma dados narendra pinandhita, jêjuluk Prabu Porawa.

Dhuh sinuwun, Asura sura sêkti, saha bêgja lêlampahanipun, pêparab Sang Kupatha, tinitahakên wontên ing marcapada, dados narendra kaloka, jêjuluk Mahaprabu Suparswa. Asura agung Sang Kratha manjanma dados raja pinandhita, jêjuluk Prabu Parwateja, ingkang gung luhur sariranipun, mancorong cahyanipun, candranipun kadidene ardi kancana. Asura Sang Salaba ingkang kaping kalih, dados nata binathara wontên ing nagarinipun bangsa: Wahlika, jêjuluk Mahaprabu Pralada. Têtunggulipun para putranipun Dèwi Diti, ingkang jêjuluk Sang Candra, saha pêkik ing warni prasasat ratuning lintang, punika wontên ing marcapada dados Prabu Candrawarman, ratuning bangsa Kamboja. Bêbanthènging danawa ingkang sêsilih Sang Arka, dados raja pinandhita, pêparab Sang Risika.

Dhuh musthikaning para narendra, papêthinganing asura ingkang sinêbut Sang Mrêtapa, dados Prabu Pascimanupaka. Asura agung, saha tanpa timbang kasêktènipun, ingkang pêparab Sang Garista, dados Prabu Drumasena. Asura agung Sang Mayura, dados Mahaprabu Wiswa. Arinipun Sang Mayura, ingkang sêsilih Sang Suparna, manjanma dados Prabu Kalakêrti. Asura kinawasa Sang Candrahastri, manjanma dados raja pinandhita, jêjuluk Prabu Sunaka, Asura agung Sang Candrawinasana, wontên ing marcapada dados Mahaprabu Janaki. Dhuh, narendra têdhak Kuru, têtungguling danawa Sang Dirgajiwa, dados Sang Kasiraja. Putranipun Dèwi Singhika, wasta Sang Graha[6] ingkang tansah ambujêng surya tuwin rêmbulan, manjanma dados Prabu Krata. Asura agung Sang Wiksara, pambajêngipun putranipun Dèwi Danayu sakawan, manjanma dados Prabu Wasumitra, narendra [na...]

--- 304 ---

[...rendra] ingkang trangginas tandang tandukipun. Asura agung kadangipun Sang Wiksara, ingkang panênggak, manjanma wontên ing marcapada, dados narendra ing praja Pandya. Papêthinganing asura ingkang sampun limrah sinêbut Sang Walina, manjanma dados Mahaprabu Pundramatsyaka.

Dhuh sinuwun, Asura agung Sang Wrêtra, wontên ing marcapada dados ratu pandhita, jêjuluk Prabu Manimat. Asura arinipun Sang Wrêtra, ingkang sêsilih Sang Krodhahantri, manjanma dados Prabu Dêndha. Asura sanèsipun malih, ingkang limrah sinêbut Sang Krodhawardana, wontên marcapada dados Mahaprabu Dhêndhadara. Sutanipun Kaleya wolu, ingkang sami manjanma dhatêng marcapada, sami dados narendra agêng sadaya, saha kakêndêlanipun kados sima. Ingkang sêpuh piyambak dados Prabu Jayatsena ing Magada, ingkang angka kalih, kasudiranipun kados Bathara Indra, punika manjanma dados Sang Aparajita. Ingkang angka tiga, sêkti mandraguna, dados narendra ing Nisada, saha linangkung kasudiranipun. Ingkang angka sêkawan, wontên ing marcapada dados Prabu Srinimat, musthikaning raja pinandhita. Ingkang angka gangsal punika asura agung, manjanma dados Prabu Manjas, saha pangrurahing satru sêkti. Ingkang angka nênêm, punika asura agung sakalangkung sêkti, manjanma dados Prabu Abhiru, têtungguling raja pinandhita. Ingkang angka pitu, wontên ing marcapada dados Prabu Samontrasena, asmanipun misuwur wontên ing dharatan tuwin ing samodra, sarta putus dhatêng jatining suraosipun sêrat-sêrat sukci. Dene ingkang angka wolu, sêsilih saha Wrêhat, manjanma dados narendra ambêg utami, tansah damêl kasaenan dhatêng sakathahing titah. Danawa kinawasa, ingkang sêsilih Sang Kuksi, wontênipun ing marcapada dados Sang Parwatiyasa prabaning cahyanipun mancorong kadi ardi kancana kasorotan ing surya. Asura kinawasa [kina...]

--- 305 ---

[...wasa] Sang Krathana, ingkang sakalangkung sêkti, manjanma dados Mahaprabu Dharadha, narendranipun bangsa Wahlika.

Dhuh sang nata, darahipun Asura Krodhawasa, kados ingkang sampun kula aturakên, kathah ingkang katurunakên dhatêng ing marcapada, dados narendra prajurit, kados ta: Prabu Madraka, Prabu Karnawista, Prabu Sidharta, Prabu Kitaka, Prabu Suwira, Prabu Subahu, Prabu Mahawira, Prabu Wahlika (Bahlika), Prabu Kratha, Prabu Wicitra, Prabu Surata, ingkang pêkik ing warni Prabu Nila, Prabu Cirawasa, Prabu Bumipala, Prabu Dhantawakra, tuwin ingkang sinêbut Prabu Durjaya. Sardulaning para narendra Prabu Rukmi, Prabu Janamêjaya, Prabu Asadha, Prabu Bayuwêga, Prabu Buriteja, Prabu Êlalawiya, Prabu Sumitra, Prabu Watadana, Prabu Gomuka. Darahing para narendra ingkang sinêbut para Karusaka: Prabu Kemandurti, Prabu Surtayu, Prabu Udyaha, Prabu Wrihatsena, Prabu Ugratirta, narendra ing Kalingga Prabu Matamat, sarta narendra ingkang sampun limrah sinêbut Prabu Iswara. Sadaya wau sami papêthinganing narendra, sarta panjanmanipun darahing Asura Krodhawasa.

Wontên malih Asura kinawasa, ingkang katurunakên dhatêng marcapada, para danawa anyêbut Sang Asura wau: Sang Kalanêmi. Sang Kalanêmi sakalangkung sêkti, agêng lêlabêtanipun, saha tansah jinurung ing kabêgjan. Wontên ing marcapada dados putranipun Sang Prabu Ugrasena, jêjulukipun Sang Kangsa Asura ingkang sinêbut Sang Dewaka saha ingkang prabaning cahyahipun sumunar kadi Bathara Indra, wontên ing marcapada dados têtungguling narendranipun para gandarwa. Dhuh, sang nata binathara, kawuningana, putranipun Rêsi Baratwaja, Sang Rêsi Drona, punika botên miyos saking wanudya, sang rêsi wau dumados saking saperanganing rêsi ing

--- 306 ---

kaswargan, ingkang luhur sakathahing pandamêlipun, pêparab Rêsi Wrehaspati. Rêsi Drona punika gurunipun para sikêp jêmparing, parigêl ulah saliring dêdamêl, linangkung kasêktènipun. Punapadene sang rêsi wau ugi putus dhatêng saliring Wedha, sarta kawruh tangguhing dêdamêl. Manawi mangun yuda tandangipun angebat-ebati, mila kinarya agul-aguling bangsa darahipun Prabu Drêtarastra. Putranipun Rêsi Drona Sang Aswatama, ingkang kêndêl ing ngayuda, saha ingkang tingalipun kadi roning tunjung, punika kasêktènipun anglangkungi ing sasami, dipun ajrihi ing mêngsah, tuwin pangrurahing satru sêkti. Sang Aswatama punika panjanmanipun saperanganing Bathara Mahadewa, Bathara Yama, Bathara Kama, tuwin Sang Krodha.

Awit saking sotipun Rêsi Wasistha, tuwin dhawuhipun Hyang Indra para Wasu wolu sami katurunakên dhatêng marcapada, sarana mijil dados putranipun Dèwi Gangga, pramèswarinipun Prabu Santanu. Wuragilipun para Wasu, pêparab Sang Dyahu, manjanma dados Sang Bisma, inggih punika ingkang sagêd ambirat prihatosipun bangsa Kuru. Sang Bisma punika limpat ing budi, putus dhatêng Wedha, papêthinganing para wasis micara, saha tansah damêl ringkihipun barisaning mêngsah, tuwin sêkti mandraguna, têtungguling para prajurit, ingkang kadugi lumawan prangipun Rêsi Rama, ingkang misuwur asma tuwin kaprawiranipun, putranipun Rêsi Jamadagni, têdhakipun Maharsi Bhrigu.

Dhuh sang prabu, Sang Krêpa, brahmana ingkang sêngsêm dhatêng kapandhitan, inggih punika wujudipun watak priya, saha panjanmanipun jawata golongan Rudra. Kawuningana, sinuwun, prajurit wahana rata kinawasa ingkang wontên ing marcapada dados narendra, sinêbut Sang Sakuni, saha ingkang tansah sagêd masesa mêngsah, punika panjanmanipun Bathara Dwapara. Sang Satyaki ingkang sakalangkung titis manawi

--- 307 ---

jêmparing, saha pangrurahing satru sêkti, ingkang rumêksa kaluhuranipun bangsa Wrêsni, punika panjanmanipun peranganing jawata golongan Maruta. Prabu Drupada, nata binathara ingkang ambêg pinandhita saha têtungguling para sikêp dêdamêl, punika ugi panjanmanipun dewa golongan Maruta. Dhuh, sang prabu, ingkang prakosa Sang Prabu Krêtawarman, saha ingkang kasudiranipun tanpa timbang, tuwin têtungguling para ksatriya pêpêthingan, punika ugi panjanmanipun dewa golongan Maruta. Raja pinandhita ingkang jêjuluk Prabu Wirata, saha ingkang tansah ngêlar jajahan, tuwin pangrurahing satru sêkti, punika ugi panjanmanipun dewa golonganing Maruta. Putranipun Sang Aristha, ingkang sêsilih Sang Haksa, punina[7] manjanma dados bangsa Kuru, sarta ambitnatarani[8] bangsa gandarwa, inggih punika Prabu Drêtrarastra, turasipun Maharsi Krêsna Dwipayana; baunipun panjang, kasêktènipun linangkung, priksa sadèrèngipun winarah, sarta jumênêng nata binathara, nanging netranipun wuta, awit saking kalêpatanipun ingkang ibu, tuwin kenging sotipun ingkang rama sang rêsi. Arinipun Prabu Drêtarastra, ingkang limrah sinêbut Sang Pandhu, punika linangkung kaprawiranipun, têtela manawi titah linangkung. Prabu Pandhu punika pangandikanipun têtêp, botên nate cidra ing ubaya, sukci panggalihipun, tuwin sêngsêm ulah kautamèn.

Dhuh sinuwun, ingkang wontên ing marcapada pêparab Sang Widura musthikaning para ambêg utami, punika panjanmanipun dewaning adil. Dene dewaning adil punika putranipun Sang Atri, rêsi pêpilihan saha bêgja piyambak. Prabu Duryudana, ingkang ambêg angkara murka, saha dados pangrisaking suwur kautamènipun bangsa Kuru, punika pangejawantahipun, saperanganing Bathara Kali. Inggih Prabu Duryudana, ingkang ngurubakên latuning mamêngsahan, têmahan ambêsmi sagung kawontênan. Para putraning Rêsi Pulastya (para raksasa), ugi sami katitahakên tumurun dhatêng marcapada, dados kadangipun

--- 308 ---

Prabu Duryudana; cacahipun wontên satus, ambêgipun sami angkara, dene ingkang dados pangajêngipun Sang Dursasana. Arinipun Sang Dursasana, Sang Durmuka, Sang Dusaha, tuwin sapiturutipun. Namanipun botên kula aturakên sêdaya, cêkakipun ingkang sami jurungi sadaya karsanipun Sang Duryudana, punika sayêktosipun panjanmanipun para putranipun Rêsi Pulastya wau. Anjawi putra ingkang satus wau, Prabu Drêtarastra taksih kagungan putra satunggal malih, miyos saking pawèstri bangsa Waisya.

Pangandikanipun Prabu Janamêjaya: "Dhuh, sang linangkung, mugi kaparênga mratelakakên asmanipun para putranipun Prabu Drêtarastra, dipun wiwitana saking ingkang sêpuh piyambak".

Rêsi Waisampayana matur: "Dhuh, sang prabu, mênggah urut-urutanipun makatên: 1. Duryudana, 2. Yuyutsuh, 3. Dusasana, 4. Dusaha, 5. Dusala, 6. Jalasanda, 7. Sama, 8. Saha, 9. Winda, 10. Anuwinda, 11. Durdarsa, 12. Subahu, 13. Duspradarsana, 14. Durmarsana, 15. Durmuka, 16. Duskarna, 17. Karna, 18. Wiwingsati, 19. Wikarna, 20. Sala, 21. Satwa, 22. Sulocana, 23. Citr, 24. Upacira, 25. Citraksa, 26. Carucitra, 27. Sarasana, 28. Durmada, 29. Durwigaha, 30. Wiwitsuh, 31. Wikatanana, 32.Urnanaba, 33. Sunaba, 34. Nandaka, 35. Unandaka, 36. Citrawana, 37. Citrawarman, 38. Suwarman, 39. Durwilocana, 40. Ayobau, 41. Mahabau, 42. Citrangga, 43. Citrakundhala, 44. Bimawega, 45. Bimawala, 46. Balaki, 47. Balawardana, 48. Ugayuda, 49. Bima, 50. Kanakaya, 51. Drêdayuda, 52. Drêdawarman, 53. Drêdaksastra, 54. Somakirti, 55. Anudara, 56. Drêdasanda, 57. Jarasanda, 58. Satysanda, 59. Sandhas, 60. Subatsa, 61. Ugrasrawa, 62. Ugrasena, 63. Senani, 64. Dusprajala, 65. Aparajita, 66. Kundhasayin, 67. Wisalaksa, 68. Duradara, 69. Drêdahasta, 70. Suhasta, 71. Watawela, 72. Suwarcas, 73. Adityaketu,

--- 309 ---

74. Wahwasin, 75. Nagadatta, 76. Agrayayin, 77. Kawacin, 78. Krathana, 79. Kundha, 80. Kundhadara, 81. Danurdara, 82. Ugra, 83. Bimaratta, 84. Wirabahu, 85. Alolupa, 86. Abaya, 87. Rudrakarman, 88. Drêdharatta, 89. Anadrêsya, 90. Kundhabedin, 91. Wirawi, 92. Dirgalotana, 93. Pramatta, 94. Pramatti, 95. Ingkang kinawasa Drigaroma, 96. Dirgabahu, 97. Mahabahu, 98. Wyudorus, 99. Kananadaja, 100. Kundhasi, 101. Wiraja, 102. Dèwi Dusilah.

Putra satus satunggal punika, ingkang satunggal Sang Yuyutsuh, punika miyos saking pawèstri bangsa Waisya. Anjawai punika wau, Sang Drêtarastra kagungan putra putri miyos saking Dèwi Gandari, sêsilih Dèwi Dusalah.[9]

Dhuh sinuwu,[10] kula sampun ngaturakên asmanipun para rajaputra satus satunggal, punapadene putrinipun Sang Prabu Drêtarastra. Ing mangke paduka sampun wuninga dhatêng asma saha urut-urutanipun para rajaputra wau, sadaya sami dados prajurit saha Maharata linangkung, sarta sami undhagi rakit gêlaring prang. Para rajaputra wau sami putus dhatêng saliring Wedha tuwin sêrat-sêrat sukci wasis nêmpuh saha nadhahi panêmpuhing mêngsah, sarta botên kewran dhatêng saliring kagunan. Dhuh, nata binathara, garwanipun para rajaputra punika sami endah-endah ing warni, racak-racakipun sami susila solah bawanipun, satimbang kalayan priyanipun. Sarêng Dèwi Dusalah sampun diwasa, lajêng dipun dhaupakên kalayan narendra bangsa Sindu, jêjuluk Prabu Jayadrata. Wontênipun Sang Prabu Drêtarastra mikramakakên putrinipun angsal narendra ing Sindu wau, saking pamrayogining Prabu Sakuni.

Dhuh narendra binathara, kawuningana, Sang Prabu Yudhisthira punika panjanmanipun saperangan saking Bathara Darma,

--- 310 ---

Sang Bimasena, saperanganipun Dewaning Angin. Sang Arjuna saperanganipun ratuning para dewa: Bathara Indra, dene Sang Nakula tuwin Sang Sahadewa punika kalihan sasaminipun titah ing marcapada bagus piyambak, inggih punika panjanmanipun saperanganipun dewa kêmbar: Bathara Aswina. Ingkang kinawasa Bathara Warcas, putranipun Hyang Soma, punika manjanma dados putranipun Sang Arjuna, sêsilih Sang Abimanyu, ingkang kawantêranipun angebat-ebati.

Dhuh sang prabu, nalika Hyang Soma putranipun badhe manjanma dhatêng marcapada, ngandika dhatêng para jawata makatên: "Kula botên badhe sagêd pisah dangu-dangu kalihan anak kula awit tumraping kula, anak punika langkung aji katimbang kalihan gêsang kula piyambak. Mila sasagêd-sagêd, mugi kula lêstantuna tatunggilan kalihan anak kula, sampun ngantos pisah. Sanadyan panumpêsipun para Asura wontên ing marcapada punika dados jêjibahanipun para dewa, sarta ugi pandamêl kula, ewadene Warcas, sampun ngantos kadangon wontên ing marcapada".

Kawuningana, kanthinipun Bathara Narayana, ingkang pêparab Hyang Nara, punika badhe manjanma dhatêng ing marcapada, dados putranipun Bathara Indra, limrahipun wontên ing marcapada sinêbut: Sang Arjuna, putranipun Prabu Pandhu, ingkang kinawasa. Dene anak kula pun Warcas wau, badhe dados putranipun Sang Arjuna, sarta wiwit alit sampun dados prajurit wahana rata linangkung. Dhuh, para ingkang botên kenging pêjah, mugi anak kula wau wontênipun ing marcapada, katêtêpan namung nêmbêlas warsa kemawon. Manawi sampun dumugi umur samantên, ing marcapada wontên pêrang agêng, inggih ing wêkdal punika para jawata, ingkang sami wontên ing marcapada, anggènipun anêtêpi kawajibanipun, numpês para prajurit kinawasa. Salêbêtipun prang agêng badhe wontên dintên paprangan, ingkang botên dipun jênêngi Bathara Nara, tuwin Bathara Narayana. Dhuh, para jawata, inggih jêngandika, ingkang [ing ...]

--- 311 ---

[...kang] sami badhe bandayuda, sasampunipun mêngsah arakit gêlar ingkang dipun wastani: gêlar cakra byuha, anak kula ingkang rosa baunipun wau, badhe ngundurakên mêngsah, sarana dipun lêbêti barisanipun, kalayan tanpa ringa-ringa pangamukipun, salêbêtipun satêngah dintên, sampun sagêd nyirnakakên saprapating wadyabalanipun mêngsah. Dupi sampun sêrap surya, para prajurit linangkung tuwin Maharata, ingkang tanpa wicalan kathahipun, badhe sami wangsul saking anggènipun anggarap pakaryanipun agêng, inggih ing wêkdal punika wangsulipun anak kula, nunggil kalihan kula malih. Anak kula wau nalikanipun wontên ing marcapada, asêsuta satunggal, sakêlangkung sudira ing paprangan, inggih punika ingkang badhe nyambêt kaprabonipun darah Barata, ingkang sampun mèh curês.

Rikala para isèn-isèning Kaswargan, mirêng pangandikanipun Bathara Soma makatên wau, lajêng sami saur pêksi: "Inggih lêrês, pancèn makatên kawontênanipun".

Para jawata ugi sami jumurung sarta angluhurakên karsanipun ratuning kartika (Hyang Soma) punika. Dhuh, sang prabu, ing mangke paduka sampun uninga wigatosipun, dene eyang paduka Sang Abimanyu kamiyosakên wontên ing marcapada.

Kawuningana sinuwun, Maharata kinawasa, Sang Drêsthadyumna punika saperanganipun Bhathara Agni. Sikandin (Srikandhi), ingkang suwaunipun pawèstri, nanging lajêng maujud priya, punika panjanmanipun raksasa para bêbanthènging ksatriya gangsal têdhak Barata, putranipun Dèwi Drupadi, punika sajatosipun panjanmaning dewa, ingkang limrahipun sinêbut: para Wiswa. Dene turasipun Sang Yudhisthira, jêjulukipun Sang Prêtiwindya, putranipun Sang Bima, Sang Sutasuma, putranipun Sang Arjuna: Sang Srutakirti, putranipun Sang Nakula: Sang Satanika, sarta putranipun Sang Sahadewa: Sang Srutasena, sadaya punika sami sêkti mandraguna.

--- 312 ---

Kacariyos, têtungguling bangsa Yadu Sang Prabu Sura, punika putranipun Prabu Wasudewa. Prabu Sura, wau kagunan putri sêsilihipun Dèwi Prita (Kunthi), sulistyaning warninipun sang dèwi punika, ing salumahing bantala botên wontên ingkang nimbangi. Ing suwaunipun Prabu Sura sampun kagungan prasêtya sinêksenan latu sêsaji, bilih kagunan putra, ingkang pambajêng badhe kaparingakên dhatêng putranipun ingkang bibi, kadangipun ingkang rama, jêjuluk Prabu Kunthibuja. Dados Sang Prabu Kunthibuja punika kadang nakdhèrèk kalihan Prabu Sura. Pramila sarêng Sang Prabu Sura kalampahan kagungan putra putri Dèwi Prita wau, lajêng kaparingakên dhatêng Sang Prabu Kunthibuja, ingkang lajêng kapundhut putra angkat, awit Sang Prabu Kunthibuja piyambak botên kagungan putra. Wiwit timur kuwajibanipun sang dèwi wontên ing kadhatonipun ingkang rama angkat, ngadhêp tuwin ngladosi, punapadene nyugata dhatêng para tamu tuwin para brahmana. Pinuju ing satunggaling dintên, wontên tamu pandhita têtêp dhatêng sêsanggêman, pêparap Rêsi Durwasa, nanging pambêganipun brangasan, waspada dhatêng kasunyatan, sarta putus dhatêng wêwadosing agami. Dèwi Prita waspada ing sêmu, bilih sang rêsi punika panggalihipun brangasan, mila anggènipun angladosi angatos-atos sangêt, sarta tansah ngangkah damêl rênaning panggalihipun sang pandhita. Kalampahan sang pandhita ingkang sukci wau, ngantos karênan ing panggalih, mila ngantos kawiyos pangandikanipun dhatêng sang dèwi makatên: "He, sira putri kang bêgja, ingsun karênan bangêt marang patrap anggonira ngladèni sarta nyunggata marang ingsun. Awit saka iku, sira ingsun nugrahani mantra panggêndaming dewa. Manawa mantra mau sira watêk, sira kawasa nêkakake dewa kang sira karêpake padha sanalika, sarta dewa mau banjur paring atmaja marang sira.

Sasampunipun sang pandhita ngandika makatên, lajêng mêdharakên [mê...]

--- 313 ---

[...dharakên] mantra panggêndaming dewa wau dhatêng sang dèwi. Botên watawis dangu kalihan lêlampahan ingkang kacariyos ing nginggil, sarêng sang dèwi sampun dumugi ing mangsaning birai, mosik panggalihipun badhe namakakên mantra pêparingipun sang pandhita wau. Kalampahan mantra lajêng dipun watêk, ngèsthi Bathara Surya, ingkang ing wêkdal punika nyarêngi mangsa sang dèwi tuwuh wijinipun. Ratuning dewa ingkang kaèsthi, sanalika ugi lajêng nglunturakên sihipun dhatêng sang dèwi, wêkasan sang dèwi apêputra, ingkang ing diwasanipun dados prajurit linangkung. Awit saking lêlampahanipun ingkang makatên punika, Dèwi Prita sakêlangkung ajrih dhatêng ingkang rama tuwin ibu, mila nalika ambabar jabang bayi asêsingidan. Wiwit lair, jabang bayi sampun ngangge kotang tuwin anting-anting kadewatan, saha warninipun sakalangkung pêkik kados bayi ing kaswargan, cahyanipun sumorot kados jawata ingkang madhangi jagad (Bathara Surya), sariranipun lurus, sambada kalihan warninipun. Jabang bayi ingkang bagus punika, sasampunipun miyos saking guwa garbaning ibu, lajêng dipun larung, wasana dipun panggih sarta dipun pupu ing tiyang jalêr sae pambêganipun, lakinipun Rada. Ing ngriku lajêng katampèkakên dhatêng semahipun, supados dipun opènana, sarta dipun anggêpa sutanipun piyambak. Golonging rêmbagipun, Rada kalihan lakinipun, rare wau kanamèkakên: Wasusena, ingkang lajêng waradin dhatêng sakiwa têngênipun padununganipun Rada. Pun Wasusena, sarêng sampun diwasa, sakalangkung prawira, wasis sikêp saliring dêdamêl, linangkung ing kalantipanipun, punapadene putus dhatêng saliring guna pangawikan. Sarêng sang linangkung Wasusena sampun lêbda nyakup suraosing Wedha, sarta watak têmên sampun kasarira, sok wontêna panêmbungipun brahmana, botên wontên rajadarbèkipun ingkang botên dipun lilahakên. Hyang Indra ingkang sangêt pambudidayanipun, badhe damêl kamulyanipun ingkang putra Sang Arjuna, rikala samantên mancala warna brahmana, amanggihi Sang Wasusena, wigatos mundhut [mun...]

--- 314 ---

[...dhut] anting-anting tuwin kotangipun kadewatan. Sanalika punika prajurit linangkung wau lajêng lukar anting-anting tuwin kotangipun kodrat, kaaturakên sang amindha brahmana. Hyang Sakra (Indra) kagawokan sangêt nguningani lêgawaning pambêganipun Sang Wasusena, mila sasampunipun nampèni kotang sarta anting-anting, lajêng maringi ganjaran jêmparing, sarwi ngandika makatên: "He, prajurit linuwih, ora ana kang kuwawa nadhahi panah iki, sanadyan para dewa, asura, gandarwa, naga, apadene para raksasa, manawa sira tamani panah iki, mêsthi sirna".

Putranipun Bathara Surya Sang Wasusena, punika awit saking linangkung ing kakêndêlanipun, kadugi ambêsèt kotangipun kodrat, ingkang kêlèt kalihan sariranipun, mila lajêng sinung pêparab: Sang Karna. Dhuh, narendra têdhak Barata, prajurit sinakti wau wiwit timur ngantos dumugi ing diwasanipun, tatunggilan kalihan kulawarga bangsa Suta. Kawuningana sinuwun, Sang Karna, papêthinganing para luhuring budi, saha têtungguling para olah dêdamêl, tuwin pangrurahing satru sêkti, punapadene turasing jawata ingkang madhangi jagad, punika lajêng dados mitra darma, sarta senapatinipun Prabu Duryudana.

Dhuh sang prabu, sapunika gêntos ingkang kacariyos, ingkang sudira ing rananggana, saha ingkang sinêbut: Sang Wasudewaputra, punika mangejawantahipun saperanganing dewa, ingkang sinêbut: Bathara Narayana, dewaning para dewa ingkang langgêng kawontênanipun. Dene ingkang prakosa ing ayuda Sang Baladewa, punika panjanmanipun saperanganing Hyang Nagasesa. Sang Pradyumna ingkang sêkti mandra guna, punika panjanmanipun Bathara Sanatkumara. Mênggah peranganipun para ingkang dêdunung ing kaswargan sanès-sanèsipun, punika sami dados ksatriya linangkung, nunggil bangsa kalihan Sang Wasudewaputra, mila bangsa wau misuwur satribawana.

--- 315 ---

Dhuh narendraning bawana, para apsara ingkang sampu[11] kula aturakên ing ngajêng wau, manjanmanipun miturut dhawuhipun Bathara Indra, para widadari ingkang manjanma dhatêng marcapada, sadaya wontên nêmbêlas èwu, sarta sami dados garwanipun Sang Wasudewaputra. Dèwi Sri, ugi manjanma dhatêng marcapada, dados putrinipun Prabu Bismamaka, sêsilih Dèwi Rukmini, ingkang misuwur kasukcianipun. Kalampahanipun Dèwi Sri wau manjanma, wigatos kangge damêl karênanipun Hyang Narayana. Dèwi Drupadi, ingkang tanpa cacat saha nawon kêmit bangkekanipun, punika panjanmanipun Dèwi Kaci (pramèswarinipun ratuning dewa), sarta kamiyosakên dados putranipun Prabu Drupada. Dèwi Drupadi punika, dêdêg pangadêgipun pidêgsa, sariranipun anggônda arum, amrik angamkar[12] kadi gandaning sêkar tunjung biru, tingalipun blalak-blalak kadi ron saroja, pupu gilig alurus, rema mêmak mêmês ngandhan-andhan, polatanipun sumèh angrêsêpakên manah, kuliting sariranipun jênar sêmu ijêm, kados sunaring jumêrut manawi kataman soroting surya, sarta sang dèwi wau dados garwanipun ksatriya gangsal linangkung. Dene Dèwi Sidi tuwin Dèwi Drêti, punika manjanma dados ibunipun ksatriya gangsal wau, sarta wontên ing marcapada sinêbut: Dèwi Kunthi sakalihan Dèwi Madri. Dèwi Mati manjanma dados putrinipun Sang Suwala, sêsilih Dèwi Gandari.

Dhuh sang prabu, kula sampun ngaturakên cariyos panjanmanipun para jawata, asura, gandarwa, tuwin raksasa, mawi kula pratelakakên sadaya ingkang sami pêputra. Kajawi punika kula ugi sampun ngaturakên, satunggal-tunggalipun ingkang sami jumênêng nata binathara wontên ing marcapada, sarta ingkang botên sagêd kinawonakên wontên ing paprangan, punapadene ingkang sami manjanma dados darahing narendra bangsa Yadu, kathahipun tanpa wicalan. Kula ugi sampun ngaturakên ingkang

--- 316 ---

sami manjanma dados nata binathara sanès-sanèsipun, tuwin ingkang sami dados brahmana, ksatriya, tuwin waisya. Cariyos panjanmanipun para titah minulya, mawi pratelan sadaya asmanipun, punika manawi dipun cariyosakên, nugrahanipun ingkang mirêngakên: sugih, kabrayan, panjang umuripun, mulya, tuwin misuwur asmanipun, mila ingkang sami mirêngakên kêdah anggatosakên. Manawi tiyang sampun mirêng cariyos wau dalah katranganipun pisan, sintên asmanipun para minulya punika, sarta dados punapa kalanipun dipun miyosakên wontên ing marcapada, tiyang wau lajêng priksa lampah-lampahing tumitahipun, wêkasan tiyang wau lajêng sugih kawruh. Sanadyan tiyang makatên wau kataman kasangsaran agêng, botên sagêd karaos sisah manahipun.

Dumugi samantên wêkasanipun bab sawidak pitu, saking cariyos Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB LXVIII. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh, sang brahmana, kula sampun priksa cariyos panjanmanipun para: jawata, danawa, raksasa, gandarwa, tuwin para apsara, dalah katranganipun ingkang sami pêputra, nalika turunipun dhatêng ing marcapada, nanging samangke kula kapengin mirêng nalurinipun bangsa Kuru. Dhuh, sang brahmana, mugi paduka kaparênga nyariyosakên sadaya wau wontên sangajênging para rêsi punika".

Rêsi Waisampayana matur: "Dhuh darah Barata ingkang murni, ingkang murwani darah Porawa, punika sang kaloka Prabu Dusmanta, ingkang linangkung kasêktènipun, saha pangayomanipun jagad, ingkang kinubêngan samodra sakawan, tuwin narendra binathara ing sakathahipun nagari isining keblat sakawan saindênging bawana. Pangêndhihing satru Prabu

--- 317 ---

Dusmanta punika wawêngkonipun ngantos anglanjak dumugi ing kapuloan pintên-pintên, sarta malah mangrèh nagaranipun bangsa Mleca: pisan.

Sadangunipun Sang Prabu Dusmanta ngasta pusaraning praja botên wontên tiyang cawuh anggènipun jajodhohan, brahmana angsal bangsa brahmana, ksatriya sami bangsa ksatriya makatên sapiturutipun; dados botên wontên bangsa cêcamboran. Para among tani mayar anggènipun sami ngolah, awit dening lohipun, punapadene botên juru melik, amargi sitinipun isi pêpêlikan kathah, ingkang botên kêdah kadhudhuk ngantos lêbêt, sarta botên wontên tiyang ingkang nglampahi padamêl[13] awon tuwin nandhang dosa. Dhuh sang prabu, pambêganipun têtiyangipun racak sami utami. Sadaya pandamêl ingkang sami dipun tindakakên, èsthining manah namung dhatêng kautamèn kemawon. Ingkang nama colong jupuk sêpên, punapadene botên nate wontên pacêklik, tuwin pagring. Bangsa warni sakawan pisan: brahma, ksatriya, waisya, tuwin sudra, sami têtêp dhatêng wajibipun piyambak-piyambak, sarta sami sêngkut pangudinipun dhatêng agami, ananging botên kapengin ngundhuh wohing pandamêlipun. Para kawula sami botên gadhah kuwatos kadhatêngan ing bêbaya, amargi rumaos manawi tansah kaayoman ing pangwasanipun sang prabu. Bathara Parjanya (Indra) anggènipun anurunakên jawah, têtêp wontên ing mangsanipun, mila sakathahing tanêman tuwuh sami subur-subur, sarta pamêdalipun anyêkapi. Kathah siti ingkang isi sêsotya, tuwin rajakayanipun warni-warni. Para brahmana sami mungkul anggènipun nindakakên kuwajibanipun, sarta botên nate lampah cidra. Sang prabu, ingkang sawêg nêdhêng taruna, saha linangkung kasudiranipun punika sariranipun sarwa santosa, sarta karosanipun kados balêdhèg. Upami karsaa, sang prabu wau kawawa nyanggi ardi Mandara dalah saisèn-isènipun. Panjênênganipun punika sagêd angulahakên alugora sakawan lampah, kados ta: anyawatakên manawi mêngsahipun têbih, nyabêtakên mênawi cêlak ngikal rinukêt sarta kinrubut, punapadene angobat-abitakên manawi wontên ing ngarsanipun cakêt. Sang prabu ugi tarampil sikêp dêdamêl sanès-sanèsipun, saha widagda anitih turôngga tuwin dirada.

--- 318 ---

BAB LXIX. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh, sang brahmana, sayêktosipun kula kapengin mirêng cariyos lêlampahan miyosipun Prabu Barata, ingkang luhur ing budi, putranipun Dèwi Sakuntala. Anjawi punika kula ugi kêpengin priksa, lêlampahanipun narendraning bawana Sang Prabu Dusmanta, nalika krama angsal Dèwi Sakuntala. Mugi kaparênga lajêng amiwiti nyariyosakên sadaya wau.

Rêsi Waisampayana cariyos: "Anuju satungaling[14] dintên, Prabu Dusmanta cangkrama babêdhag sato dhatêng ing wana. Kathahing wadya ingkang dhèrèkakên tanpa wicalan, kuda tuwin dirada ingkang kabêkta atusan. Dene wadyabalanipun wontên sakawan golongan: wadyabala dharat, wadyabala kêkapalan, wadyabala wahana rata tuwin wadyabala wahana dirada. Anjawi sakawan golongan punika, taksih wontên wadyabala sinêlir, sami nggendhong jêmparing, nganggar sabêt, mandhi gada sarwi angiwa tamèng. Sang prabu kaurung-urung ing wadyabala sikêp lawung utawi towok, swaraning wadya gumuruh kados ambêlahna akasa. Ungêling kalasangka tuwin tambur, gêroting rodhanipun rata paprangan, pangêmprèting dirada, bangingèhing turôngga, binarung cêrêngklinging dêdamêlipun para wadyabala ingkang mancawarna panganggenipun, punika adamêl gambiraning manahipun para kawula. Para kênya sami pating parungup wontên ing korining griyanipun, kêpengin sumêrap dhatêng ratu prajurit kaonang-onanging bumi punika. Pangraosipun para kawula ingkang sami ningali, Sang Prabu Dusmanta punika prasasat Hyang Indra angejawantah, narendra kinawasa pindha jawata, ingkang adêdamêl balêdhèg, punika saèstu kawawa ambuncang dirada tatumpakanipun mangsah. Ucapipun para kênya

--- 319 ---

ingkang sami ningali. Baya iki sardulaning para prnajurit,[15] prawirane yèn mangun yuda kayadene para Wasu, sarta sakèhing mungsuh mêsthi sirna gêmpang ora ana kang kaliwatan.

Para kênya anggènipun wicantên makatên wau, sarwi nyawurakên sêkar dhatêng sang prabu, kalayan nawung raos kasmaran. Sang prabu ugi ginarêbêg para brahmana, ingkang ing samargi-margi tansah asêsanti rahayuning lampah, mila têdhakipun sang prabu dhatêng wana wau kanthi suka bingahing panggalih. Para brahmana, ksatriya, waisya, tuwin sudra pintên-pintên ingkang sami anggarêbêg sang prabu, sinawang sang prabu kadi ratuning dewa tumurun dhatêng marcapada, anitih dirada pêpilihan. Para punggawa mantri, ingkang pinatah têngga nagari, ugi sami nguntapakên tindakipun sang prabu dumugi sakèthènging kitha, sarêng sampun tampi timbalanipun sang prabu kinèn wangsul, lajêng sami mundur.

Saunduripun para punggawa mantri, sang prabu lajêng santun wahana rata, kuda pangiridipun kinêtap, lêpas lampahing rata. Swaraning rodha gumêrot angêbêgi bawana, sarta ngantos ngumandhang wontên ing kaswargan. Botên watawis dangu lajêng katingal wana abêbanjêngan sakêlangkung asri, kados taman: Nandana (taman ing kaswargan). Ing ngriku kathah kêkajênganipun warni-warni, kados ta kajêng: wilwa, arka, kadira, kupitwa, tuwin dawa. Pasitènipun mêndhak mandhukul, ing sacêlakipun kathah sela tuwin padhas curinipun, ingkang sami longsor saking pêpèrèng ardi. Ngantos pintên-pintên yojana wiyaripun, botên katingal wontên sumbêr utawi lèpènipun, punapadene sêpên botên wontên tiyang, ananging sangsam, tuwin sato galak sanèsipun sakêlangkung kathah.

Gêgembonging para narendra Prabu Dusmanta, sadumuginipun ing wana lajêng wiwit ambujêng sato wana, kabiyantu ing para wadyabalanipun. Têmahan ing wana ngantos bosah-basih, [bosah-...]

--- 320 ---

[...basih,] sêrta kathahing sato ingkang sami pêjah kaparwasa tanpa wicalan. Sato galak ingkang têbih dhinawahan jêmparing, ingkang cêlak sinabêt ing pêdhang botên ngaping kalih, dhasar sang prabu têtungguling prajurit sikêp jêmparing, sarta parigêl olah gada, punapadene kakêndêlanipun tanpa timbang, mila tanpa wigah-wigih nasak ing pagrumbulan, angrabasa sato wana. Ingkang têbih-têbih sami kapisanan dening jêmparing, ingkang cêlak dening sabêt utawi gada. Saking rosaning anggènipun nandukakên dêdamêl, kathah sato ingkang namung kasampe kemawon pêjah.

Ing wana kêthêr dening tandangipun narendra, ingkang angebat-ebati kasêktènipun punika. Dalah para wadyabalanipun ingkang sami suka-suka ambêbujêng sato wana, kados manawi anêmpuh barisaning mêngsah. Kathah sima ingkang sami pêjah, punapadene sato sanès-sanèsipun. Sarêng agul-agulipun kathah ingkang kapawasa,[16] tumuntên sami lumajêng asasaran, kalayan anyabawa sora saking mirising manahipun. Sarêng sampun sayah anggènipun lumajêng, sarta sangêt kasatanipun, lajêng sami andhawah saênggèn-ênggèn, ingkang sagêd dumugi ing lèpèn mêksa botên sagêd ngumbe, jalaran lèpènipun asat. Sakathahing sato ingkang sami andhawah wau, lajêng dipun cêpêngi dening para wadyabala ingkang sami kaluwèn, sarta dipun kropoki ngênggèn kemawon ing pundi pinanggihipun. Dene wadya ingkang sabar manahipun, sami ngêntosi dumugi wanci ngasonipun, sawêg sami cêthik latu kangge angratêngi sato angsal-angsalipun piyambak-piyambak. Dirada agêng-agêng kathah ingkang sami kabranan, sarta lumajêng sarwi ngêmprèt-êmprèt, saking anggènipun ngraosakên sakitipun, têlalenipun dipun dhangakakên. Sarêng sakathahing dirada wau rumaos manawi katêmpuh ing bêbaya, lajêng sami nyêmprotakên sêsukêripun, kados limrahipun dirada, manawi manggih bêbaya. Ingkang kabranan sami anuntak ludira, wontên ingkang gêdrug-gêdrug, utawi lumajêng anggêndring. Makatên ugi kathah wadyabala sami katiwasan, jalaran katunjang plajêngipun dirada. Ing wêkdal wau wana ingkang suwaunipun kêbak isi bêbujêngan, têmahan lajêng sêpên, botên wontên sabawaning singa utawi sima tuwin sapanunggilanipun, awit sampun tapis dipun tumpês sang prabu dalah para wadyabalanipun.

--- [0] ---

DAFTAR PENERIMAAN UANG LENGGANAN SEBAGAI GANTINYA SURAT TERIMA.

TahunBulanUanglenggananNo. Lengganan
1955Apr./Dec.Apr./Sept.Oct./Dec.Juli/Dec.30201020----290, 299, 300.298, 301.297, 98, 103.91, 295.
1956Jan./Mart.Jan./Juni1020--9, 98, 290, 291, 281, 292, 207, 296, 297, 299, 294, 84, 82, 275, 45, 295, 300.16, 21, 194.
SETORAN AGENBlitar 18/12-55 Rp. ... 124,-
[Iklan]

Isi diluar tanggungan perc. "Kepunton" Solo.

--- [0] ---

NYUWUN KAWIGATOSAKÊN.

SÊRAT MAHABHARATA ingkang kawêdalakên dados majalah samangke punika, lugunipun sêrat waosan ingkang agêng sangêt, aslinipun saking basa Sanskrêta, kasantun ing basa Inggris dados pintên-pintên jilid. Ingkang basa Inggris punika kagunganipun sadhèrèk Ir. ingkang sae sangêt panggalihipun, sarta kaparêng maringakên nyambut buku-buku wau dhatêng Pakêmpalan Theosofi ing Surakarta, pêrlu kasantun ing basa Jawi, badhe kasiyarakên murih saya jêmbar têbanipun.

Kalampahan sagêd kawêdalakên dados kalawarti wulanan mawi basa tuwin aksara Jawi, ngantos sawatawis taun ananging kapêksa kèndêl, dening wontênipun pêpêrangan. Sawêg samangke sagêd dipun wiwiti malih, kawêdalakên dados majalah basa Jawi aksara Latin sawulan sapisan dipun angkah mugi-mugi para sadhèrèk ingkang rêmên dhatêng cariyos ringgit, sami sagêd mundhut dados lêngganan.

SÊRAT MAHABARATA punika kadhapuk dados buku mawi no. kaca urut saking 1 dumugi salajêngipun, murih ing têmbe sagêd kabèndhêl kadadosakên buku waosan agêng ingkang èdi pèni, botên jalaran saking agêng sarta kandêlipun, ananging ingkang wigatos, suraosing isinipun. Ing jagad botên wontên kalih.

Kawiwitan saking ADIPARWA malih dumugi satamatipun kapêndhêt punapa wontênipun, botên mawi dipun komentari (wêwahi) punapa-punapa, amrih para maos pirsa dhatêng lugunipun.

Dipun angkah sampun ngantos para sadhèrèk ingkang kasèp anggènipun mundhut dados lêngganan botên sagêd wiwt saking nomêr ingkang kawitan. Dipun sêdhiyani tandhon sacêkapipun.

Wasana mugi andadosna kawuningan.

Atur taklim kula

PÊNÊRBIT LAN REDHAKSI.

Catatan kaki:

1. Prada (kembali)
2. § Bathara Sama wrêdinipun katêntrêman, Bathara Kama, dewaning pêpenginan, Bathara Harsa, dewaning kabingahan. (kembali)
3. kawuningana (kembali)
4. paputra (kembali)
5. kapengin (kembali)
6. § Sêsêbutanipun Sang Rahu. (kembali)
7. punika (kembali)
8. ambinatharani (kembali)
9. § Manawi Jawi Dèwi Drêsilawati. (kembali)
10. sinuwun (kembali)
11. sampun (kembali)
12. angambar (kembali)
13. pandamêl (kembali)
14. satunggaling (kembali)
15. prajurit (kembali)
16. kaparwasa (kembali)