Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Image

No. 5. Tahun ke II.

7 Mèi 1956.

Sêrat MAHABHARATA.

Anggitanipun Rêsi Krêsna Dwipayana Weda Wiyasa.

[Grafik]

Kawêdalakên sabên wulan sapisan

Permintaan nomer contoh hendaknya disertai harganya Rp. 3,50

--- [0] ---

"SÊRAT MAHABHARATA"

Sêrat MAHABHARATA punika sampun nate kawêdalakên dados majalah wulanan mawi basa Jawi aksara Jawi, dening Pakêmpalan Theosofi ing Surakarta, kala taun 1927. Ananging dèrèng ngantos tamat, jalaran saking sabab warni-warni.

Samangke kawêdalakên malih, wiwit tanggal 7 April 1955 ugi mawi basa Jawi, ananging aksara Latin, ngèngêti ewah-ewahaning jaman. Kapimpin dening sadhèrèk S. Satyapranawa, sêsêpuhipun Loge Theosofi samangke, sawarni redhaktur ingkang tanggêl jawab. Kabantu dening sadhèrèk Kusumadihardjo redhaktur majalah Brahmawidya. Kantoranipun nunggil ing Jalan Balapan No. 189/295 SOLO (Surakarta).

Kalihan ngêntosi saya kathahipun ingkang karsa sami lêngganan, sadhiyan nomêr wiwitan satêrusipun dipun kathahi, murih ingkang badhe lêngganan wiwit nomêr kawiwitan botên kacuwan.

__________

ARTA LÊNGGANAN:

Sakwartal Rp. 10,- ... Ècèran sabuku Rp. 3,50.

Arta kasuwun rumiyin.

Alamat Red./Adm. Jl. Balapan No. 189/259 SOLO.

__________

Isinipun taksih kalêbêt peranganing Adiparwa.

__________

Surat ijin pênêrbitan No. 80/DPKN/Prd/55 tanggal 23 Maart 1955.

__________

Sagêd mundhut tumbas S.M.B. no. 1 dumugi no. 9 taun 1955 rêgi Rp. 30.- potongan 20%.

Isinya diluar tanggungan Percetakan "Kêpunton" Solo.

--- 417 ---

Sêrat Mahabharata no. 5.

7 Mèi 1956.

Mulane kulup, sêmêngko ingsun arsa ambirat sakèhing pêpenginan, mung nêdya ngèsthi nunggal kalawan Brahma. Dene sêdyaningsun kang mangkono iku, bakal ingsun pinangkani dêdunung ana ing alas, awor kidang lan mênjangan. Iya ing kono anggon ingsun nggayuh katêntrêman, ambirat sakèhing pêpenginan marcapada. Kajaba kang wus ingsun tuturake, kulup, Puru, bangêt ing panarimaningsun marang sira, ora liwat pangèsthiningsun marang Hyang Jagad Pratingkah, muga sira rinakêtana ing kabêgjan. Mara, samêngko tampanana bali raganira ênom kang wus ingsun agêm, apadene kaprabon ingsun, kabèh ingsun pasrahake ing dina iki uga, ora ana liya kang wajib nampani kajaba sira, awit sira iku putraningsun kang wus darbe lêlabuhan gêdhe marang ingsun.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rikala samantên Sang Nahusaputra, Prabu Yayati, lajêng maringakên wangsul sarira ênèm ingkang sampun dipun agêm sèwu warsa laminipun, dhatêng putra Sang Puru. Dene sarira sêpuh kagunganipun piyambak, ingkang dipun anggèkakên Sang Puru kapundhut wangsul sarta dipun agêm malih. Sang prabu kêpengin sangêt tumuntên badhe anjumênêngakên nata ingkang putra Sang Puru gumantos kaprabon, ananging wêwakiling para kawula bangsa sakawan golongan: ksatriya, waisya, tuwin sudra, kairit wêwakiling para bangsa brahmana, sami marak ing ngarsa nata ngaturakên pêpèngêt makatên: "Dhuh sinuwun, kadospundi dene paduka lajêng kagungan karsa badhe masrahakên kaprabon dhatêng putra wuragil Sang Puru. Ing môngka taksih wontên putra pambajêng Sang Yadu, ingkang miyos saking pramèswari paduka Dèwi Dewayani, inggih punika wayahipun sang linangkung Rêsi Sukra. Tiyang sanagari sampun sami sumêrap utawi nêksèni, bilih putra paduka pambajêng punika [pu...]

--- 418 ---

[...nika] Sang Yadu, panênggakipun Sang Turwasu, kalih-kalihipun miyos saking pramèswari nata Dèwi Dewayani. Dene putra ingkang miyos saking Dèwi Sarmistha, ingkang sêpuh Sang Drahyu, panênggak Sang Anu, wuragilipun Sang Puru. Punapa botên nglêngkara, upami puttaputra ingkang ênèm piyambak kajumênêngakên nata, ingkang sêpuh-sêpuh dipun langkahi kemawon. Dhuh, sinuwun, pisowan kula sadaya punika, wigatos atur pêpèngêt, mugi paduka sampun ngantos tumindak nalisir saking anggêr-anggêring karaton.

Dhawuh wangsulanipun sang prabu: "Lah, para wêwakiling bangsa sakawan golongan, ingkang dipun tindhihi wakiling bangsa brahmana, sami dipun mirêngna, cariyos kula prakawis anggèn kula botên masrahakên kaprabon dhatêng putra pambajêng pun Yadu".

Sumêrêpa, pun Yadu botên ngèstokakên dhawuh kula. Para wicaksana ngandika, bilih anak ingkang botên miturut sapangrèhing bapa, punika kenging botên dipun anggêp anak. Pun Yadu tuwin Turwasu, punapadene pun Drahyu kalihan Anu sami botên ngèstokakên dhawuh kula, malah angrèmèhakên. Ananging namung pun Puru piyambak ingkang miturut sarta ngèstokakên dhawuh, tansah damêl bingahing manah, purun nampèni badan kula ingkang kuciwa, tuwin ngajèni sangêt. Dados sayêktosipun pun Puru punika kajawi anak ugi mitra kula satuhu, mila sanadyan piyambakipun wuragil, wênang nampèni kaprabon. Anjawi punika, sang linangkung Rêsi Sukra piyambak, putranipun Dèwi Kawi, ugi sampun ngandika, bilih anak kula salah satunggal wontên ingkang ngèstokakên dhawuh, punika wajib kajumênêngakên narendra, gumantos kaprabon, sarta ing têmbe badhe mangrèh saindênging bawana. Awit saking punika, panêdha kula dhatêng jêngandika sadaya, supados pun Puru kajumênêngakên narendra, anggêntosi kaprabon kula.

Aturipun para wêwakiling kawula: "Dhuh, sinuwun kasinggihan [kasing...]

--- 419 ---

[...gihan] dhawuh pangandika paduka. Anak punika sanadyan ênèm piyambak, nanging ambangun turut, tansah ngangkah wilujêng saha pamrayoginipun tiyang sêpuhipun, wajib tampi ganjaran. Sarèhne putra paduka Sang Puru sampun kagungan lêlabêtan, angèstokakên dhawuh paduka, punapadene Rêsi Sukra piyambak sampun paring dhawuh, kados kaparênging karsa paduka punika, kula sadaya inggih sami nayogyani sarta jumurung, Sang Puru kajêmênêngakênkajumênêngakên nata".

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Yayati, putranipun Prabu Nahusa, sakêlangkung bingah panggalihipun, midhangêt atur jumurunging para kawula, mila ingkang putra Sang Puru lajêng dipun pasrahi kaprabon, winiwaha kajumênêngakên nata, gumantos ing panjênênganipun. Prabu Yayati sarampungipun anjumênêngakên nata ingkang putra, damêl sêsaji minangka wilujêngan, anggènipun kaparêng badhe jêngkar saking nagari. Sawatawis dintên malih lajêng bêbodholan dhatêng ing wana, kadhèrèkakên para brahmana tuwin para pandhita".

Têdhak turunipun Sang Yadu limrahipun dipun wastani bangsa: Yadawa. Têdhak turunipun Sang Turwasu sinêbut bangsa: Yawana. Turunipun Sang Drahyu, bangsa: Buja. Dene turunipun Sang Anu, bangsa: Mlêca. Dhuh, sang nata binathara (Janamêjaya), namung darahipun Sang Puru, lajêng dados bangsa ingkang sinêbut: Rurawa. Kawuningana, panjênêngan paduka, punika ugi narendra têdhak Puru, lêrêsipun kuwawi ngasta kaprabon ngantos sèwu taun dangunipun, sarta kawasa mangrèh ardaning panggalih.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping wolung dasa gangsal, saking Sambawa, ing Adiparwa.

__________

--- 420 ---

BAB LXXXVI. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos: "Prabu Yayati, putranipun Prabu Nahusa, sasampunipun anjumênêngakên ingkang putra kinasih, panggalihipun rumaos sakalangkung mulya, lajêng jêngkar saking nagari, adhêdhepok wontên ing wana jumênêng raja pandhita. Sang prabu anggènipun dhêdhepok wontên ing wana, tatunggilan kalayan para brahmana ngantos sawatawis dangu, anglampahi sawarnining sêsanggêman awrat-awrat. Ingkang dipun dhahar ing sabên dintênipun namung wowohan tuwin pala kêpêndhêm, kawawa nampèni sawarnining panandhang, wêkasan lajêng sawarga. Wontên ing kaswargan sang prabu sakêlangkung mulya, nanging botên dangu dipun jêngkangakên Bathara Indra saking ing kaswargan. Dhuh sinuwun (Janamêjaya), ewadene saking pamirêng kula, Prabu Yayati botên ngantos dhawah ing siti, namung kanggêg wontên ing awang-awang kemawon. Botên dangu ugi tumuntên lumêbêt ing alaming para jawata malih, kadhèrèkakên Sang Wasuman, Sang Astaka, Sang Pratardhana tuwin Sang Siwi.

Prabu Janamêjaya andangu: "Kula kapengin priksa, sababipun punapa, Prabu Yayati ing ngajêng sampun dipun parêngakên lumêbêt ing kaswargan, têka lajêng jinêngkangakên, sarta botên dangu dipun parêngakên lumêbêt malih. Dhuh, sang brahmana, mugi paduka kaparêng tumuntên nyariyosakên, supados para padhitapandhita ingkang sami wontên ing ngriki punika, ugi sagêd mirêngakên sadaya. Sayêktosipun Prabu Yayati punika narendraning bawana misuwur ing jagad, prasasat ratuning jawata. Prabanipun kados Hyang Prajapati, pandamêlipun angebat-ebati, saha nêrahakên bangsa Kuru sakêlangkung agêng. Awit saking punika, mila kula kêpenging sangêt badhe sumêrêp andharaning cariyos lêlampahanipun sang prabu.

--- 421 ---

Pangandikanipun Rêsi Waisampayana: "Prabu Yayati pancèn inggih makatên kawontênanipun. Samangke mugi kaparênga midhangêtakên cariyos lêlampahanipun Prabu Yayati, nalika wontên ing marcapada, dumuginipun ing dêlahan. Punika cariyos sakalangkung sae sarta sukci, sagêd ngicalakên dosanipun sintêna ingkang mirêngakên.

Prabu Yayati putranipun Prabu Nahusa, sasampunipun jumênêngakên ingkang putra wuragil Sang Puru, anundhung para putranipun ingkang sakawan, kadhawahan têtunggilan kalayan bangsa Mlêca, wusana sang prabu lajêng jêngkar saking nagari, sumêdya nglampahi kados sacaranipun para ambangun tapa. Sang prabu anggènipun dhêdhepok wontên ing wana ngantos lami. Ingkang dipun dhahar namung wowohan tuwin pala kapêndhêm. Panjênênganipun kalampahan ngantos sagêd mangrèh cipta tuwin ardanipun, ing panggalih sampun karaos marêm, saking anggènipun brata, kanthi dipun saranani sêsaji dhatêng para dewa tuwin para pitri. Sang prabu ugi damêl sêsaji cuwèr, kawontênanipun: angêsokakên martega rêsik wontên ing latu sêsaji, miturut wêwarah pranataning para ambangun tapa, ingkang nglampahi cara: Wanaprastha. Para têtamu tuwin para ingkang sami dhatêng, dipun sêgah wowohan wêdaling wana, utawi martega rêsik. Kalamangsa manawi pinuju kathah tamu, sang prabu ngantos katêlasan botên wontên ingkang dipun dhahar, lajêng ngasak gogrogan jagung utawi gandum, ingkang sami dhawah wontên ing siti dipun dhahar. Sang prabu anggènipun nglampahi cara makatên punika, laminipun sèwu taun, sarta nglampahi botên ngandika kalayan mangrèh cipta, winantonan botên sare tuwin botên dhahar, kajawi namung nyêrot hawa, sataun. Luwaripun saking lampah makatên punika, lajêng santun anglampahi sêsanggêman sakêlangkung awrat, sataun, inggih punika, manggèn wontên satêngah-têngahing latu maju sêkawan, botên keyuban wangon,

--- 422 ---

dados sabên dintên ing nginggil tansah kabênteran ing surya. Saluwaripun saking lampah wau, sang prabu lajêng tapa ngadêg anggantungakên sampeyanipun satunggal, botên dhahar kajawi namung hawa, dangunipun nêm wulan. Sasampunipun anglampahi pandamêl sukci, sadaya wau, sang prabu lajêng sawarga. Ing kaswargan punapadene ing salumahing bantala, sami kaèbêgan suwuring asmanipun sang prabu, dening pandamêlipun ingkang angebat-ebati punika.

Dumugi samantên pungkasanipun bab kaping wolung dasa nênêm saking Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB LXXXVII. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos: "Narendraning para narendra Prabu Yayati, sadangunipun wontên ing alamipun para dewa, kabêkta saking sukci pandamêlipun, sarta sampun sagêd mangrèh cipta, sang prabu kawasa nguwalakên sarira, kalamangsa linggar saking kadewatan, manjing ing alamipun Hyang Brahma. Para jawata, para sadya, para maruta, tuwin para wasu, sami angluhurakên. Dhuh sinuwun, saking pamirêng kula, sang nata anggènipun wontên ing kaswargan ngantos dangu".

Anuju ing satunggaling dintên pêpêthinganing narendra Prabu Yayati marak ing ngarsanipun Bathara Indra, salêbêtipun ngandikan, dipun dangu makatên:

He, sang prabu, nalika sira isih ana ing marcapada, nampakake badanira kang tuwa, apadene masrahake kaprabon marang sutanira Puru, kapriye mungguh pituturira marang putranira mau.

--- 423 ---

Atur wangsulanipun Prabu Yayati: "Kawuningana pukulun, pun Puru kula cariyosi makatên:

Palêmahan kang ana ing antarane kali Gangga lan kali Jamuna, iku ingsun pasrahake marang sira, iya ing kono iku kêna ingaranan: têlênging jagad, dene talatah kang ana sakubênge, kang bakal mêngkoni para kadangira.

Kajawi punika, kula ugi cariyos dhatêng pun Puru makatên: "Kulup, muga andadèkna kawruhira, wong kang wus bisa unggul kalawan kanêpsone, iku luwih luhur karo kang isih bisa kalindhih. Apura paramarta luwih luhur katimbang lan ambêg angkara. Manusa luwih luhur katimbang sato, sarta para sarjana linuwih katimbang lan para tuna ing budi. Manawa sira dialani ing liyan, aja pisan sira walês, awit kanêpson iku yèn diumbar, banjur angobong ati, ananging manawa wong gêlêm ngulatake kanêpsone, sarta banjur dibirat, kautamane têmtu ora bisa rusak. Kulup, sira aja pisan nêmaha anandukake wicara ala, kang agawe sêriking atining liyan, aja sumêdya nêlukake mungsuhira, nganggo patrap angrèmèhake, apadene aja ngucapake wicara wêngis, kang bisa anjalari tatu marang atine kang padha kataman, awit wong kang agawe tatuning ati, jalaran saka wicara ala pêdhês tanduke, iku kêna dèn arani: tutuke kasusupan ing raksasa, amarga saka mangkono, sakèhing kamulyan lan kabêgjane padha nisih. Bêcik sira tansah angulatna, sarta nulada tindake para utama, kabèh tindakira pandhingna. Aja angrasakake wicarane wong ala, kang gawe sêriking ati. Wicara wêngis iku padhane kayadene panah kang luwih ampuh. Wong kang kataman wutah êluhe rina wêngi, awit kang tatu dudu ragane, ananging atine, mula para sarjana ora tau nindaki mangkono iku. Ing tribawana ora ana laku kang bêcik kanggo manêmbah utawa [uta...]

--- 424 ---

[...wa] ngluhurake para dewa, kajaba rumakêt anggone kêkadangan, wêlas asih, lan manis wicarane marang sapadhaning tumitah. Mula wêkas ingsun kulup, sira tansah anandukna wicara kang bisa gawe kapenaking ati, aja agawe tatu, ngajènana marang kang pantês ingajenan, sarta tansah wèwèha aja anjêjaluk".

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping wolung dasa pitu saking Sambawa ing Adiparwa.

__________

BAB LXXXVIII. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos: "Satêlasing aturipun Prabu Yayati, Bathara Indra andangu malih: "He, sang prabu, sarampunge anggonira nêtêpi sakèhing kuwajiban, sira nuli ambangun tapa ana ngalas. He, Yayati, balik samêngko ingsun takon manèh, ingatase prakara kuwantêran olah brata, sapa kang madhani sira?"

Prabu Yayati mangsuli atur: "Dhuh, Hyang Wasawa, saking pangintên kula, manawi sasamining titah: manusa, jawata, gandarwa tuwin rêsi agung, ingatasing kuwantêran olah brata, botên wontên ingkang nyamèni kula".

Dhawuh pangandikanipun Bathara Indra: "O, Yayati, amarga sira ngawur bae anggonira ngarani, môngka sira satêmêne durung sumurup marang lêlabêtane dhêdhuwuranira, sarta sor-soranira, iku nugrahanira kêna ing sambekala, lan suda kautamanira, mula sira kudu jinêngkangake saka kaswargan kene".

Aturipun Prabu Yayati: "Dhuh Hyang Sakra, manawi nugraha kula kenging sambekala, kautaman kula suda, sarta

--- 425 ---

kêdah tinurunakên saking kaswargan. Dhuh, ratuning dewa, mugi wontêna kaparêng paduka, kula dipun dhawahna wontên panggenanipun para utami, tuwin para ambêg adil".

Dhawuh wangsulanipun Bathara Indra: "He Yayati, sira bakal tinibakake ana ing panggonane para utama, lan para linuwih, sarta ing têmbe asmanira bakal misuwur. He Yayati, samêngko sira wus sumurup, mula dipoma, aja pisan angrèmèhake marang dhêdhuwuran utawa sapêpadhanira".

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Yayati nalika samantên dhawah saking alaming para dewa, kumleyangipun kasumêrêpan Prabu Astaka, têtungguling narendra pinandhita, ingkang mungkul dhatêng agami. Sang prabu lajêng nguwuh makatên: "He, wong anom kang endah warnane kaya Bathara Indra, prabane mêncorong kaya gêni murub, sira iku sapa, dene kumleyang tiba saka jumantara? Apa sira iku Surya, têtungguling dumadi ing ngawang-awang kang mêntas kalingan ing mêndhung? Kang padha nyumurupi kumleyangira saka ing pênêring dalane Surya, ngudarasa mangkene: "Apa baya kang tumiba iki? Wasana awit saka gêdhene prabawanira, lan sumunaring cahya kaya srêngenge, banjur padha sumaput. Ingsun barêng wêruh sira cumlorot ngambah dalanggunging para dewa, nuli nyêdhaki karsa nyatakake, sapa kang darbe kasêktèn kaya Bathara Sakra, utawa kaya Bathara Wisnu iku? Wruhanira, manawa ingsun nganti kadhisikan sira takoni, bakal nandhang kaluputan, amarga kurang tatakramane saka durung sumurup, mula samêngko ingsun takon dhisik: sira iku sapa, lan apa wigatine tumêka ing kene. Ilangna rasanira giris, sarta marènana kêlara-laraning ati, awit sira ana ing kene iki tatunggalan kalawan para utama. Ora ana kang bisa masesa marang sira, sanadyan Bathara Sakra. Jawata kang nyirnakake Sang Wala, uga ora sagêd masesa. He sira kang prawira kaya ratuning [ratu...]

--- 426 ---

[...ning] jawata, wruhanira, iya mung para linuwih lan para utama, kang mitulungi marang kadange, yèn nandhang prihatin. Kabèh kang padha kalumpukan ana ing kene iki, mung para wicaksana lan para utama, ora beda kaya sira, mula têntrêma atinira. Mung gêni kang duwe pangwasa awèh panas, mung bumi kang duwe pangwasa awèh urip marang sarupaning wiji, mung surya kang duwe pangwasa madhangi kabèh iki, samono uga iya mung dhayoh kang wênang kongkon marang para utama lan para linuwih".

Makatên wêkasanipun bab kaping wolung dasa wolu, saking Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB LXXXVX. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Prabu Yayati ngandika: "Ingsun iki Yayati, sutane Prabu Nahusa, lan sudarmane Puru. Ingsun iki jinêngkangake saka kahyangane para jawata, para sida, lan para rêsi, banjur tumiba ana ing kene, amarga suda pambêgan ingsun adil, jalaran angrèmèhake titahing jawata. Kawruhana, mungguh umur ingsun luwih tuwa katimbang sira, mula ora ambagèkake luwih dhisik. Yèn para brahmana wis têmtu ngajèni marang kang umure luwih tuwa, luwih pintêr, utawa kang luwih gêdhe nugrahane, saka anggone tapa".

Prabu Astaka mangsuli pangandika: "O, sang prabu, paduka mratelakakên, bilih ingkang langkung sêpuh umuripun, punika pantês dipun ajèni, ananging ujaring pawartos, ingkang langkung dipun ajèni, punika namung ingkang langkung pintêr, tuwin agêng nugrahanipun, saking anggèning ulah tapa brata".

Prabu Yayati ngandika: "Yèn ujaring pawarta mangkene: dosa iku dadi pamurunging nugraha saka panggawe utama. Kumlungkung [Ku...]

--- 427 ---

[...mlungkung] anênuntun lumêbu marang yomani, mula para utama ora tau anggugah watak kang marakake ing karusakan, ananging kang ditindaki mung sakèhing panggawe, nêtêpi pranataning agama, murih bisa anggêdhèkake nugrahane. Ingsun iki uga wus antuk nugraha gêdhe, saka anggon ingsun nêtêpi pranatan agama, ananging samêngko wus ilang babar pisan, sanadyan kaya apa pangangkah ingsun, supaya bisane bali manèh, ewadene tangèh kalakone kacandhak. Wong kumlungkung sarta dêrêng pangangkahe marang pakolèhe dhewe, iku manawa nyumurupi lêlakon ingsun, tumêkane nganti nêmu sangsara kaya mangkene iki, têmtu banjur nêdya marèni kumlungkunge. Sapa kang olèh bandha akèh, kudu gawe sêsaji kang bisa nêkakake nugraha. Sapa kang andarbèni sarupaning kawruh, kudu nalôngsa. Sapa kang putus marang sakabèhing Wedha, kudu tumêmên ulah tapa brata, batine duwea sêdya ngipatake kabèh kasênêngan, kang tinêmu ing marcapada, wong mangkono iku bisa munggah swarga. Yèn wong wis sugih bandha, ora bakal bungah atine. Wong ing marcapada iki beda-beda darajate, ewadene yèn wis bisa marang sawarnaning kawruh Wedha, wis ora duwe rasa kaduwung. Pangrasa lan dêrênging sêdya iku tanpa gawe, awit isih kalah dening pêpasthèn, mula têtela yèn pêpasthèn iku luwih luhur. Para linuwih sumurup, yèn pêpasthèn iku luwih dening kawasa, mula nadyan dhèwèke kêna lêlakon apa bae, ora tau krasa bungah lan susah. Manawa sagung titah iki sumurup, yèn bêgja cilaka iku gumantung ing pêpasthèn, ora ana ing pangwasa lan dêrênging sêdya, têmtu ora tau bungah lan susah, mula di eling, pêpasthèn iku luwih kawasa. Yèn para wicaksana batine tansah narima, ora tau susah manawa nandhang sangsara, ora tau bungah manawa tampa kabêgjan. Sarèhning pêpasthèn iku luhur dhewe lan kuwih kuwasa, dadi bungah lan susah ora ana pêrlune dirasakake.

O, Prabu Astaka, ingsun iki ora tau wêdi, lan ora tau susah, [su...]

--- 428 ---

[...sah,] amarga ingsun sumurup, yèn tumitah ingsun ana ing marcapada wus ditata marang kang Maha Tunggal. Kutu-kutu walangataga, cacing, titah ngêndhog, thêthukulan, titah gumrêmêt, titah rumangkang, sato galak, iwak saba ing banyu, kayu watu, sawarnaning sukêt, lan sapanunggalane manawa wus sampurna pamakartine, lan wus olah pamudharan, iya banjur nunggal lan jiwa luhur, dene bêgja lan cilaka iku kaanane ora langgêng. O, Prabu Astaka, dadi ora ana prêlune yèn ingsun ngrasakna susah, awit satêmêne uwong uga ora tau sumurup, kapriye reka anggone nyingkirake kasangsaran, mula manawa wong nandhang sangsara, pancène ora prêlu dirasakake susahe".

Prabu Yayati ingkang sampun kasinungan sawarnining kautamèn, sarta eyangipun Prabu Astaka saking ibu, salêbêtipun ngandikan wontên ing ngawang-awang makatên wau, prabu Astaka matur pitakèn malih: "O, narendra, mugi kaparênga nyariyosakên ingkang salêsih, kawontênaning alam-alam, ingkang sampun paduka ambah, sarta ingkang paduka dunungi, punapadene pintên taun lamènipun anggèn paduka dêdunung wontên ing satunggal-tunggaling alam wau, kula kêpengin sangêt paduka cariyosi. Dene anggèn paduka nêrangakên bab wêwarahing agami sampun kados guru ingkang putus sasêrapanipun dhatêng bab pakarti tuwin pangandikanipun para titah agung".

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Nalika ingsun ana ing marcapada, dadi narendra agung, mangrèh sakèhing nagara salumahing bumi. Saoncat ingsun saka marcapada, tampa nugraha bisa dêdunung ana ing alam kang luhur-luhur sèwu taun lawase, amarga katarima, saka bantêring kasutapan. Sawise iku, nuli manggon ana ing alam kang luwih dhuwur, lawase uga sèwu taun, iya iku ana ing kahyangane Bathara Indra. Dene kaanane luwih dening endah, jêmbare satus yojana mubêng, sarta gapurane ana sèwu. Saka Kaindran ingsun banjur manggon [mang...]

--- 429 ---

[...gon] ana ing alam kang luwih luhur manèh. Kahyangane para minulya jati, utawa kahyangane jawata juru anitahake, sarta gustine sagung dumadi. Anggon ingsun manggon ana ing kono, lawase uga sèwu taun. Mungguh kaanane alam iku mau sarwa langgêng, sarta ora gampang ginayuh. Ingsun sawise sèwu taun ana ing kono, nuli manjing ing alam kang luwih luhur liyane manèh, iya iku kahyangane Bathara Wisnu, dewaning para jawata. Ingsun ana ing kono uga nglakoni urip mulya, sarta salawase manggon ana ing alam-alam mau kabèh, ingsun tansah ingaji-aji para jawata, kaprawiran lan prabawaningsun wus ora beda lawan jawata, bisa mancala warna manut sakarsaningsun. Nalika ingsun ana ing alam-alam mau, manggon ing taman: Nandana, taman kalangênane para jawata, kanthi tansah mangun suka kalawan para apsara. Ing kono ingsun wêruh wiwitan luwih adi tanpa petungan kèhe, kabèh padha kêmbang, gandane arum angambar, sumrambah ing kanan kering. Anggon ingsun anglakoni urip luwih mulya mêngkono iku nganti pirang-pirang taun lawase.

Anuju ing sawijining dina ana utusaning Jawata, andhawuhake bêbêndu marang ingsun, pangandikane sora kaping têlu mangkene: Sangsaraa, sangsaraa, sangsaraa. O, Prabu Astaka, sardulaning para narendra, swara mau ingsun isih kèlingan cêtha. Padha sanalika ingsun jinêngkangake saka taman Nandana. Nugraha saka anggon ingsun nêtêpi wêwarahing agama, sirna kabèh. O, sang prabu, ingsun sajrone kumleyang ana ing awang-awang, karungu sabawa panguwuhe para jawata kang wêlas, mangkene: Êlo, katiwasan, nugrahane Yayati saka anggone nêtêpi wêwarahing agama, samêngko ilang, mangka Yayati iku tindake sukci lan gêdhe kautamane, ewadene samêngko tinibakake saka ing alam luhur.

Saoncat ingsun saka taman Nandana, lan sajrone kumleyang anguwuh sora minta sih pituduhing jawata, mangkene: "Dhuh,

--- 430 ---

dewa bathara, pundi panggenanipun para linangkung ingkang badhe kula kêmpali". Para jawata kang padha wêlas marang ingsun, banjur nudingi padunungan sukci, iya padununganira kang kanggo sêsaji iki. Ingsun sanalika iku banjur andulu ana kukus irêng kumêndhêng, sarta anggônda martega rêsik, kang diêsokake ing gêni. Ingsun nuli angênêr marang panggonaning kukus mau. Ora antara suwe tumuli têka ing kene iki. Panggalih ingsun karasa bungah bangêt, dene bisa tatunggalan kalawan sira".

Makatên wêkasanipun bab kaping wolung dasa sanga, saking Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB XC. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Prabu Astaka ngandika: "Panjênênganipun eyang anggènipun dêdunung wontên ing taman Nandana dados sampun sayuta taun, sarta sagadsagêd mancala warna manut punapa ingkang kinarsakakên. Dhuh, têtungguling para minulya ing jaman Krêta, sababipun punapa paduka kapêksa katurunakên saking kahyangan, rawuh wontên ing ngriki?"

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Wong ana ing swarga kaelangan pambêgane adil, iku banjur dioncati para jawata saratune pisan, iya iku Bathara Indra, padhane kaya wong ing marcapada kaêntekan bandha, diêmohi sanak kadang lan mitra-mitrane".

Prabu Astaka matur: "Dhuh, eyang Prabu Yayati, sakêlangkung kodhêng anggèn kula ngraosakên, kadospundi tiyang wontên ing alam luhur, têka kautamènipun sagêd ical? Mugi paduka kaparênga nyariyosakên, tiyang anggayuh sagêdipun dumugi

--- 431 ---

alam luhur, punika kadospundi patrap tuwin lampahipun, sarta kêdah anindakakên pandamêl punapa? Mila kula nyuwun pariksa, saèstunipun eyang botên kakilapan dhatêng sawarnining pandamêl saha dhawuhipun para linangkung".

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "He, kang ambêg pinandhita, sapa kang tansah ngandhakake lêlabêtane dhewe, iku bakal tampa sarupaning wasesa naraka, kang ingaranan: Boma. Sanadyan wong mangkono mau wus kuru bangêt, bêbasan mung kari balung lan kulit, iya mêksa diturunake ing marcapada urip dadi anak utawa putu, pêrlu mugmung kanggo pakaning dhandhang, asu, lan asu ajag, mula wong kudu bisa nêlukake sawarnaning panggawe sasar lan ala. He, kaki prabu, samêngko sira wus sumurup prakara iku mau, sabanjure kapengin sumurup apa manèh?"

Aturipun Prabu Astaka: "Dhuh, kangjêng eyang, manusa manawi sampun pêjah, badanipun kamangsa dhandhang, pêksi mêrak, sato gumrêmêt utawi cacing, punika lajêng dumunung wontên ing pundi, punapa inggih lajêng wangsul malih? Anjawi punika kula ugi dèrèng nate mirêng, bilih wontên naraka ingkang kawastanan Boma, naraka ing marcapada?"

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Manusa sawise rusak badane, kagawa saka watak pakartining badan, nuli manjing ing guwa garbaning biyung. Ana ing kono ngrasuk urung kang durung sampurna kaanane, kang suwe-suwe dadi saya sêmpurna. Sawise cêtha wêwangunane, banjur katon bali marang ing marcapada manèh, sarta dêdunung ana ing kono, iya kang didunungi iku kang diarani: Boma. Mula diarani mangkono, amarga manusa anggone dumadi, ora sumurup watêsane, sarta ora tau tumindak kang nêkakake ing pamudharan. Manusa pamanggone ana ing swarga, kalamangsa sok nêm lêksa taun, utawa wolung lêksa taun lawase. Sawise banjur diturunake marang

--- 432 ---

marcapada manèh. Ana ing marcapada rinubeda ing raksasa kang awujud: anak putu utawa kadang warga liyane, angêndhêg-êndhêgi lakune marang pamudharan".

Prabu Astaka matur malih: "Titah ingkang tinurunakên saking swarga, punika dosanipun punapa, têka lajêng rinubeda ing raksasa anggêgirisi, tuwin siyungipun landhêp-landhêp, sarta punapa sababipun raksasa makatên wau botên lajêng dipun sirnakakên kemawon utawi kadospundi patrapipun raksasa wau anggènipun lumêbêt ing guwa garba malih, dene lajêng sagêd kasinungan pangraos?"

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Titah iku mudhune saka ing kaswargan, banjur dadi kaanan luwih alus, manggon ana ing banyu mau dadi mani, iya mangkono iku aslining wijining urip, pamburine manjing ing guwa garba, manawa ambarêngi biyung pinuju tuwuh wijine. Wiji urip ana ing jroning guwa garba, suwe-suwe awujud gana, wêkasan linairake ing marcapada, candrane kayadene kêmbang kang banjur dadi uwoh. Wiji urip mau manawa wus manjing marang uwit-uwitan, marang thêthukulan, marang banyu, marang angin, marang bumi, utawa marang akasa, suwe-suwe banjur dadi titah asikil papat utawa sikil loro, sarta liya-liyane. Iya mangkono iku dumadine sakèhing titah kaya kang sira dulu iki".

Aturipun Prabu Astaka: "Paduka mugi kaparênga angandikakakên malih, titah manusa punika lumêbêtipun ing guwa garba, sampun awajudawujud manusa punapa awujud sanèsipun, awit sasêrapan kula dhatêng prakawis wau dèrèng cêtha. Kadospundi dene kawontênanipun lajêng beda-beda, sagêd kasatmata, kasinungan mripat, kuping tuwin pangraos sampurna. Dhuh, kangjêng eyang, wontênipun kula nyuwun priksa, awit sumêrêp bilih paduka punika sampun wuninga dhatêng sawarnining pakarti tuwin piwulangipun para linangkung".

--- 433 ---

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Urip kang luwih alus kaanane mau, rumasuke marang wiji kang tumètès ing jroning guwa garba, katarik dening karêp marang marcapada. Mungguh beda-bedaning kêdadeyan, miturut nugraha saka panggawene dhewe-dhewe. Ana sajroning guwa garba saya suwe saya mundhak diwasa. Sakawit mung awujut kandhungan, banjur mundhak kasinungan mripat, kuping, irung lan sapanunggalane nganti dadi widungan. Yèn wus tumêka ing mangsakalane nuli linairake. Ing kono wiwite madêg kamanusane, bisa krungu swara lantaran kupinge, bisa wêruh warna lan rupa lantraran mripate, bisa angganda lantaran irune, bisa ngrasakake pêdhês asin sapanunggalane, lantaran ilate, bisa krasa dening gagêpokan lantaran perang-peranganing badane, sarta ngrêti marang osiking batin lantaran ciptane. O, kaki Prabu Astaka, iya mangkono iku kababare urip alus dadi manusa, bisa katon janggêlêg nganggo badan".

Prabu Astaka matur malih: "Tiyang pêjah manawi badanipun kabêsmi utawi kapêndhêm, punapa kasirnakakên sarana lampah sanèsipun, tamtunipun badan wau lajêng sirna, kadospundi sagêdipun tiyang wangsul gêsang ngrasuk badan malih?"

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "O, sardulaning para narendra, manusa iku sawise mati, isih ngrasuk badane kang alus-alus, kalayan isih anggawa pangrasane, kayadene ana ing sajroning pangimpèn, anggone ngrasuk badan wadhag liyane manèh, rikate kaya pupuling hawa. Yèn para utama olèh wujud alus lan luhur, para candhala angkara murka olèh wujud asor, kaya ta: cacing utawa bangsaning sato gumrêmêt liya-liyane. He, sira kang sukci lan luhur ing budi, ingsun ora bisa nuturake luwih saka samono. Sira wus ingsun caritani kaananing urip, kabare sakawit dadi kandhungan sabanjure, lan dadi titah sikil loro, sikil papat, sikil nênêm, lan sapanunggalane. Samêngko sira takon apa manèh?"

Aturipun Prabu Astaka: "Dhuh, kangjêng eyang, tiyang sagêdipun [sa...]

--- 434 ---

[...gêdipun] anggayuh dhatêng marcapada malih, sarananipun kadospundi, punapa kêdah asarana tapa brata utawi punapa sarana kawruh. Lan malih kadospundi tiyang sagêdipun tansah gadhah sêdya anggayuh dhatêng alam ingkang saya luhur? Mugi kangjêng eyang kaparênga andhawuhakên wangsulanipun pitakèn kula punika ngantos salêsih".

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Prêkara gêgayuhan iku ana dalan pitu kang anjog marang swarga, kaya ta: 1. Laku brata, 2. Dêdana, 3. Jênjêming ati, 4. Mangrèh pribadi, 5. Sarwa sukci lan susila solah bawane, 6. Sarwa prasaja, 7. Asih marang sagung dumadi.

Para linuwih ngandika: sanadyan wong wus anglakoni pitung prakara mau, ananging manawa nganti katempelan watak adigung adiguna, lakune kabèh mau tanpa gawe. Wong kang wus darbe kawruh, mangka banjur sumêngah atine rumangsa pintêr dhewe, apadene kapintêrane mau tinêmaha kanggo nyilêp suwure wong liya, wong mangkono iku ora bisa nggayuh alam kamulyan, amarga kawruh iku ora dadi jalarane wong bisa nunggal kalawan brahma langgêng.

Mungguh kang dadi sarana pêmbirating rasa êmar iku ana patang prakara: 1. Anggêgulang kawruh, 2. Dyatmika, 3. Manêmbah sacêdhaking gêni, 4. Sêsaji. Ananging manawa laku patang prakara mau kamomoran ati kumlungkung, ora bisa nyirnakake rasane êmar, malah anuwuhake sangsara.

Para linuwih ora bungah tampa pangaji-aji, sarta ora susah yèn disawiyah, awit kang bisa ngajèni wong linuwih iku uga padhane wong linuwih. Ananging wong candhala ing budi ora tau bisa tumindak kaya para utama. Anggon ingsun dêdana wus akèh, sêsaji wis rambah-rambah, sinau kawruh wus katog, sarta wus anêtêpi sarupaning sêsanggêman, tinêmune: ambêg kumlungkung iku têtela kang anuwuhake wijining rasa êmar.

--- 435 ---

Mula wêkas ingsun kaki prabu, manawa sira kataman rasa kang mangkono mau, tumuli tanggulangana. Dene yèn wong utama kang kaya sira, anggone nanggulangi mung sarana panalôngsa, sumendhe ing karsaning Brahma kang langgêng, angkang ora kêna kinaya ngapa kaanane, awit iya mung Brahma, kang bisa nggrujug nugraha katêntrêman sajati marang para utama, ana ing marcapada tumêka ing dêlahan.

Makatên wêkasanipun bab kaping sangang dasa, golongan Sambawa ing Adiparwa.

__________

BAB XCI. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Aturipun Prabu Astaka. Para putus dhatêng Wedha anggènipun nampèni suraos ing wêwarahipun beda-beda, awit saking makatên, lajêng angwontênakên golongan sakawan warni, ingkang beda-beda anggènipun nglampahi wêwarah wau, inggih punika: golongan ingkang dipun wastani: para grihastha, para bhiksu, para brahmacari, tuwin para wanaprastha. Lampah sakawan warni punika wigatos kangge minangkani gêgayuhan dhatêng nugrahanipun agami. Manawi kangjêng eyang panuju ing panggalih, mugi kaparênga mratelakakên wijang-wijanging lampah sadaya wau.

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Para brahmacari iku laku lan kuwajibane mangkene: kudu manggon ing padhepokane gurune. Kang dadi piwulange iya mung parentah kang wus tinamtokake ing gurune mau. Iku ditampani dadi kuwajiban kang kudu dièstokake, ora nganggo pangatak manèh. Yèn turu ngèrèni gurune, tangine andhisiki, solah bawane kudu susila, mambêng pêpenginan, ing batin sarwa lêgawa, tansah mulat marang sabarang gawene, sarta tabêri gêgulang kawruh. Brahmacari [Brahma...]

--- 436 ---

[...cari] kang têtêp anggone nglakoni mangkono iku bisa antuk nugraha.

Layang Upanishad kang kuna dhewe nyêbutake, yèn para grihastha iku bisane olèh tandha kamulyan, kudu sarana sêsaji, kêrêp dêdana marang wong papa, nyuguh têtamu kang padha têka marang padunungane, sarta pêpacène pangan, kang sawatara kudu diwènèhake wong liya.

Mauni iku wong kang anggayuh nugraha, disaranani ana ing alas lawase manut sakuwate, ora kêna ngupaya pangan, ora kêna milara sarupaning titah, sarwa lêgawa batine, sarta ngêdohi sakèhing panggawe dudu. Iya mauni kang mangkono lakune, iku kang bisa antuk nugraha.

Kang ingaranan bhiksu sajati, iku sujanma kang wus darbe kaluwihan pira-pira, ora tau mingkis tangane kanggo ngupaya sandhang pangan. Ngêndhakake pêpenginane, ora maèlu marang samubarang kang tinêmu ing marcapada. Yèn turu ora kêna keyuban wangon, sarta ora nambut silaning akrama. Sabên dina kudu midêr-midêr nganti sawatara adoh, anjajah nagara, lumêbu ing desa-desa.

Sujanma kang kêna nglakoni wanaprastha, iku kang wus nindaki sarupaning kuwajiban agama. Wus bisa ngipatake karême marang kabungahan, sarta kêpengin andarbèni barang kang sarwa aji. Wanaprastha mau manawa nganti mati ana ing alas, kawasa ngajak jiwa sang nunggal alam kang mulya, iya iku jiwane para lêluhure utawa turun-turune.

Prabu Astaka matur malih: "Dhuh, kangjêng eyang, ingkang nama mauni punika wontên pintên warni. Makatên ugi ingkang nama mauni.§ Maoni ingkang sami nglampahi sêsanggêman ambisu. Mugi kaparênga paring katrangan".

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Kang aran mauni iku anggone nglakoni sêsanggêman kudu dêdunung ana ing alas

--- 437 ---

kang cêdhak karo padunungane manusa, kaya ta: padhukuhan utawa padesan, dene yèn manggon ing padununganing manusa, iya kudu cêdhak lan alas".

Prabu Astaka nyuwun katêrangakên têgêsipun ingkang kados makatên wau, kadospundi.

Dhawuh wangsulanipun Prabu Yayati: "Mauni iku kudu ora ngrasakake marang sarupaning kaanan marcapada, mula pamanggone ana ing alas, nanging nadyan wus ora nêdya nyarawung kaanan marcapada, saka nugraha anggone tapa brata, isih bisa tampa ganjaran ing marcapada, amarga isih manggon ana ing kono. Mauni kang mangkono iku diarani mauni manggon ing alas cêdhak padununganing manusa".

Ana manèh sujanma kang wus ora ngrasakake marang kaanan marcapada, nglakoni tapa brata kaya lêkase para pandhita, nanging manggon ana ing pratapan, ora kêna ngandhakake kaanane lêluhure sarta kapintêrane. Sanadyan manganggo sarwa gombal, kudu rumangsa wus cukup, narima pangan sathithik, mung minangka panambaking urip bae. Sujanma kang mangkono iku nadyan manggon ing padununganing manusa, diarani mauni dêdunung ing alas.

Sujanma kang wus bisa masesa ardane nglakoni ambisu, sèlèh sarupaning panggawe sarta ngipatake sakèhing pêpenginane, iku aran maoni, kang bisa olèh nugraha. O, Astaka, sira wajib ngajèni marang kang sukci atine lan sukci pangane, sarta ora tau gawe tatu marang atining liyan. Wong kang mangkono iku mancorong guwayane labêt saka kasutapane, wus luwar saka bêbandhul luwih abot awujud pêpenginan, sarta kalis marang sakèhing panandhang, dene laku iku mau kabèh miturut wêwarahing agama.

Wong kang nganti aking badane, êntèk gêtihe lan sungsume, [sung...]

--- 438 ---

[...sume,] saka anggone nêtêpi sarupaning sêsanggêman luwih abot, iku ora mung diwênangake mangrèh jagad iki bae, nanging uga diwênangake mangrèh alam kang luhur dhewe. Mauni iku yèn lagi manungku puja samadi ora krasa marang bêgja lan cilaka, sarta ora krasa marang pangaji-aji lan panyamah, amarga ing wêktu iku rasane wus oncat saka ing alam kene, nunggal kalayan Brahma. Mauni iku manawa mangan mung kaya sato bae, lire: ora nganggo dirantam kapriye prayogane lan diolah apa, mêngkono uga wus tanpa dirasakake, kaya bayi turu disusoni biyunge. Pribadine prasasat kaanane Kang Maha Agung, sarta wus luluh dadi sawiji kalawan sagung dumadi. Iya mangkono iku anggone tampa kamulyan sajati.

Makatên wêkasanipun bab kaping sangang dasa satunggal, saking golongan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB XCII. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Prabu Astaka matur pitakèn malih: "Dhuh, kangjêng eyang Prabu Yayati, pandhita tanpa kawruh kalayan sujanma ingkang darbe kawruh panunggal, ananging anggènipun ngangah nunggil kalayan Brahma sami dêrêngipun, prabanipun ugi sami sumorot kados surya utawi rêmbulan, kalih-kalihipun wau pundi ingkang sagêd dumugi ing gêgayuhanipun langkung rumiyin?"

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Awit saka pitulungane Wedha lan kawruh panunggal, para sarjana bisa krasa yèn kaanan kang kasat mata iki, kabèh padha cidra, nanging mung jiwa luhur iku kaanan kang langgêng lan sampurna. Para padhita kang lakune mung sarana muja samadi, iku bisane olèh kawruh mangkono mau suwe, awit para olah samadi bisane krasa, yèn ana kaanan rong rupa mau, mung saka lakune bae

--- 439 ---

ora nganggo sarana liyane. Dadi wus têtela para sarjana kang bisa olèh katêntrêman sajati, luwih dhisik. Wong kang mung têmên-têmên anggone nglakoni yoga iku ing dalêm sauripan durung nyukupi kanggo nggayuh katêntrêman sajati, awit sasuwene nglakoni mangkono tansah kêna pangrêncananing jagad ananging uripe manèh bêgja, banjur bisa tampa nugraha, saka anggone wus tau anggayuh sarana dilakoni rêkasa.

Wong kang wus darbe kawruh panunggal, mung ngawasake bisane lêstari panunggale. Mula sanadyan kungkum ana ing kasênêngan marcapada, wus ora kengguh dening pangrêncana, têmahan katêntrêmane ora kêna karubeda manèh. Wong kang cupêt kawruh panunggal, mangka banjur niru lêkase para bhakta.§ Bhakta punika para tiyang ngangkah panunggal, têtêp anggènipun nglampahi puja tuwin sarana. Kaya ta: nindakake panggawe sêsaji lan sapanunggalane, ananging yèn tumindake mangkono mau sinurung dening pêpenginan arêp ngukup katêntrêman sajati bae, iku ora bisa katurutan sêdyane. Dadi sêsajine mau kêna diarani ora bisa dumadi, sarta kang mangkono iku kalêbu panggawe kalèru. Mungguh laku sukci kang ditindakake ora kanthi kêpengin ngundhuh wohe, iku kang prayoga dhewe: laku yoga (samadi).

Aturipun Prabu Astaka: "Dhuh, sang prabu, sêsawanganipun panjênêngan paduka punika taksih ênèm, ing warni sakêlangkung bagus, prabanipun ngênguwung, ngagêm sangsangan oncèn-oncèn sêkar kados jawata, paduka punika saking pundi, sarta badhe dhatêng pundi punapa paduka punika utusaning dewa, kautus dhatêng marcapada?"

Prabu Yayati ngandika: "Nugraha saka anggon ingsun nêtêpi wêwarahing agama, samêngko wus êntèk, mula ingsun tinurunake saka ing swarga, ditêtêpake manggon ing marcapada (boma). Dadi sarampunge anggon ingsun padha rêrêmbugan iki, tumuli arêp

--- 440 ---

pangkat mênyang marcapada, malah para dewa kang mangrèh keblat sapuluh wus paring sasmita, supaya ingsun enggal mangkat. Ananging sanadyan ingsun tinurunake ing marcapada, saka nugraha pêparinging Hyang Indra, ingsun diwênangake manggon tatunggalan kalawan para linuwih lan para utama, mangka sêmune sira kang padha ana ing kene iki para linuwih sarta utama".

Prabu Astaka matur malih: "Dhuh, eyang Prabu Yayati, ing sarèhning panjênêngan paduka punika widakda, sarta botên kewran dhatêng sakridhaning rèh, manawi kaparêng kula nyuwun pitakèn, kula punika punapa dipun wênangakên dêdunung wontên ing swarga utawi wontên ing awang-awang. Manawi makatên, sanadyan kangjêng eyang tinurunakên saking kaswargan, têmtu botên ngantos dhumawah ing siti".

Dhawuh wangsulanipun Prabu Yayati: "O, kaki Prabu Astaka, sira ginadhang manggon ana ing swarga, sarta diwênangake sakarêp-karêpira, candrane ora beda kaya sapi lan jaran ana ing marcapada, utawa sato liyane kang ana ing alas utawa pagunungan".

Prabu Astaka matur: "Dhuh, eyang prabu, manawi kula sayêktosipun dipun wênangakên makatên, nugrahanipun anggèn kula nêtêpi wêwarah agami, mugi kangjêng eyang sampun sumêlang ing panggalih, wawênang wau kula caosakên kagêma ing kangjêng eyang sadaya, murih paduka sampun ngantos dhumawah ing siti. Samangke sumangga, kaparênga tumuntên milih, manggèn wontên ing swarga punapa ing ngawang-awang".

Dhawuh wangsulanipun Prabu Yayati: "He, papêthingane para narendra, wruhanira, kang bisa sumurup marang kaananing Brahma, iku mung para brahmana, mula iya mung para brahmana kang wênang nampani pisungsung, ananging sujanma kang kaya ingsun lan sira iki ora diwênangake. O, kaki Prabu Astaka, malah ingsun dhewe iki amisungsung marang brahmana, ora beda [be...]

--- 441 ---

[...da] kaya ksatriya, utawa golongan bangsa liyane, kang lumrah gawene padha misungsung marang brahmana.

Ora liya pamujiningsun marang kaki prabu, muga aja ana wong kang nistha uripe, gêlêm nampani pawèwèh, kajaba para brahmana sasomahe, awit pancèn diwênangake. Ing nguni nalikane ingsun ana ing marcapada, kang ingsun sêdyakake nindaki kautaman, ora tau nampani pawèwèh, mula samêngko têmtune ora bisa nglakoni mangkono.

Kawuningana, Prabu Pratardhana, ingkang kala samantên ugi wontên ing ngriku, matur dhumatêng Prabu Yayati makatên: Dhuh, narendra ingkang sulistya ing warni, kula punika Prabu Pratardhana, ing sarèhning paduka punika botên kewran dhatêng samubarang, manawi andadosakên dhanganing panggalih, kula nyuwun sasêrêpan bab nugraha saking anggèn kula nêtêpi sawêwarahing agami, punapa kula ugi dipun gadhang manggèn wontên ing swarga utawi ing ngawang-awang.

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "O, sang prabu, alam kamulyan pira-pira kang prabane sumunar anêlahi, gapurane wus diêblakake kanggo nampani sira. Ing kono ora ana rasa susah, ananging siji-sijine alam mau kuwate sira ênggoni mung mitung dina".

Prabu Pratardhana matur malih: "Dhuh, sang prabu, mugi dipun birata sungkawaning panggalih paduka, wawênang manggèn wontên ing alam-alam wau, kula caosakên paduka sadaya, minôngka pisungsung kula, dados sanadyan paduka tinurunakên saking swarga, tamtu botên ngantos dhumawah ing siti, mila sumangga lajêng kaparênga anampèni".

Wangsulanipun Prabu Yayati: "O, sang prabu, andadèkna kawruhanira, ora ana narendra luhuring budi kaparêng nampèni pisungsung saka narendra liya, awujud nugraha saka kasutapane, luwih manèh ratu kang lagi tampa babênduning dewa, manawa [ma...]

--- 442 ---

[...nawa] pancèn wicaksana têmtu saya ora tumindak nistha, utawa kang ora bênêr, kang tansah diwaspadakake mung laku utama, awit mung iku kang bisa anyêmbuh kaluhuran lan suwure. Yèn wong utama, têmtu ora bakal tumindak nistha gêlêm nampani pawèwèh, awit wus wêruh marang têtêping kuwajiban. Yèn wong kêpenging olèh nugraha saka anggone nêtêpi pituduhing agama, têmtu ora gêlêm nampa pawèwèh, apa manèh wong kang kaya ingsun, yèn arêpa nampani pisungsungira".

Makatên dhawuh wangsulanipun Prabu Yayati, musthikaning para narendra, dhatêng Prabu Pratardhana, tuwin Prabu Astaka. Prabu Wasumat, rikala samatên ugi matur pitakèn dhatêng Prabu Yayati.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sangang dasa kalih, golongan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB XCIII. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Aturipun Prabu Wasumat: "Dhuh Prabu Yayati, kula punika Prabu Wasumat, putranipun Prabu Usyadaswa, kula nyuwun pitêdah, ing kasuwargan utawi ing ngantariksa punapa wontên panggenan ingkang dipun gadhangakên ing kula, nugraha saking anggèn kula nêtêpi wêwarahing agami. Dhuh, narendra luhuring budi, pinunjul ing tribawana, sarèhning paduka priksa kawontênaning sadaya lêlampahan, mugi kaparênga angandikakakên".

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Andadèkna kawruhanira kaki prabu, ing kaswargan, sarta ing ngawang-awang, apadene ing marcapada, utawa ing wêwêngkone keblat sapuluh, kang padha pinadhangan sunaring surya, ana panggonan pira-pira kang digadhangake ing sira.

Aturipun Prabu Wasumat: "Mugi para dewa marêngakên sadaya panggenan ingkang ginadhangakên ing kula wau, kula caosakên kagêma ing paduka, supados anggèn paduka tinurunakên

--- 443 ---

saking kasuwargan punika, sampun ngantos dhumawah ing siti. Dhuh sang prabu, manawi paduka anggalih botên prayogi nampèni pisungsung, mugi disungsung, mugi dipun saranani tinumbas kalihan lampah: opèn tuwin dahwèn".§ Lampah opèn tuwin dahwèn, punika lampah nistha utawi asor, dados pikajêngipun, ingkang purun nindaki kanisthan, inggih namung sasaminipun tiyang asor.

Dhawuh pangandikanipun Prabu Yayati: "Ingsun salawase ora kèlingan darbe laku nguthuh, adol, utawa tuku sarana laku ngopèni kang rèmèh-rèmèh, awit narendra ora tau nglakoni mangkono, kapriye anggon ingsun bisa nuruti kaya karêpira iku".

Prabu Wasumat matur malih: "Manawi lampah makatên punika paduka galih botên prayogi kagêm narendra, sadaya panggenan ingkang sampun dados gêgadhangan kula wau, namung kula pisungsungakên lêlahanan kemawon. Paduka upami andangu: mungguh awakmu dhewe bakal kapriye? Wangsulan kula makatên: Kula botên kadugi ngênggèni sadaya panggenan gêgadhangan kula punika, mila kula pisungsunakênpisungsungakên paduka".

Satêlasing aturipun Prabu Wasumat, Prabu Siwi, ingkang ing wêkdal samatên ugi wontên ing ngriku, lajêng matur dhatêng Prabu Yayati makatên: "Dhuh, Mahaprabu Yayati, mugi andadosakên ing kauningan, kula punika Prabu Siwi, putranipun Prabu Usinara. Dhuh, rama Prabu Yayati, ing kaswargan utawi ing ngawang-awang, punapa wontên panggenan ingkang ginadhangakên ing kula. Ing sarèhning paduka botên kakilapan dhatêng gêgantunganing satunggal-tunggalipun manusa ingkang sampun nêtêpi wêwarahing agami, mila mugi kaparênga paring pangandika dhatêng kula".

Dhawuh wangsulanipun Prabu Yayati: "Sira iku ing lair apadene ing batin, durung tau ngrèmèhake sadhengah, kang padha pitakèn marang sira, mula sira digadhang ing panggonan pira-pira ana ing kaswargan tanpa wangênan, kabèh mawa cahya gumêbyar kaya kilat".

--- 444 ---

Prabu Siwi matur malih: "Dhuh kangjêng rama prabu, sarèhning sadaya pandamêl, ingkang rèmèh-rèmèh punika paduka galih nistha ingatasipun narendra, sawarnining panggenan ingkang dipun gantungakên dhatêng kula wau, kula pisungsungakên kagêma ing paduka sadaya, awit panggenan makatên punika botên sagêd damêl pamarêmipun para wicaksana".

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "He, kaki Prabu Siwi, kang pangwasane prasasat Bathara Indra, nugrahanira wênang manggon ana ing alam kang tanpa wangênan, kang arêp sira pisungsungake iku, ingsun ora kêpengin antuk kang kaya mangkono saka pawèwèhing liyan, mula ora ingsun tampani".

Satêlasing pangandikanipun Prabu Yayati. Prabu Astaka matur malih: "Dhuh eyang Prabu Yayati, kula punapadene para ratu punika sadaya, sami kapengin misungsung panggenan ing kaswargan, ingkang sampun dados gêgadhanganipun piyambak-piyambak, nugraha saking anggènipun sampun sami nêtêpi wêwarahing agami, ananging paduka botên kaparêng nampèni, sayêktosipun upami kalampahan katampi, kula sadaya tamtu lajêng sami katurunakên dhatêng naraka Boma".

Dhawuh wangsulanipun Prabu Yayati: "Sira kabèh iku padha wicaksana sarta sêngsêm marsudi kasunyatan, yèn sira padha kapenging misungsung, misungsunga kang ingsun wênang nampani bae, awit ingsun ora bisa tumindak kang maune durung tau nglakoni".

Aturipun Prabu Astaka: "Dhuh eyang, rata kancana gangsal ingkang katingal punika sintên ingkang darbèni, punika punapa tumpakanipun tiyang ingkang nêdya minggah ing alam katêntrêman langgêng?"

Dhawuh wangsulanipun Prabu Yayati: "Rata kancana lima misuwur ing jagad mancorong prabane kaya gêni murub, iku sajatine [sa...]

--- 445 ---

[...jatine] kang bakal nggawa sira kabèh marang alam katêntrêman sajati."

Prabu Astaka matur malih: "Dhuh eyang Prabu Yayati, mugi paduka titihi piyambak kemawon dhatêng kaswargan, kula sadaya taksih sami sagêd nyarantosakên sawatawis, ing têmbe manawi sampun dumugi kalamangsanipun, badhe sami sumusul sadaya".

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Ingsun lan sira, apadene para ratu liyane, kang padha ana ing kene iki, malah wus bisa bêbarêngan mangkat saiki pisan, awit satêmêne wus padha cinawisan panggonan ana ing kaswargan. Mara dulunên, dalan mulya kang anjog marang kaswargan, samêngko wus katon gawang-gawang".

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Rikala samantên para narendra linangkung gangsal lajêng sami nitih rata kancana dhatêng ing kaswargan. Ing ngawang-awang katingal sumorot, kaprabawan dening sunaring rata kancana, punapadene cahyanipun para nata wau, sami mawa praba gumêbyar, labêt saking utamining pambêganipun".

Prabu Astaka nalika badhe pangkat, matur pitakèn dhatêng BrabuPrabu Yayati makatên: "Ing suwau kula gadhah pandugi bilih Hyang Indra punika mitra kula satuhu, sarta ingkang badhe dipun parêngakên lumêbêt dhatêng kaswargan rumiyin piyambak kula, ananging kalampahipun samangke Prabu Siwi putranipun Prabu Usinara ingkang ngrumiyini, punika jalaranipun punapa?"

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Wruhanira, Prabu Siwi putrane Prabu Usinara iku, wus anglilahake rajadarbèke kabèh, kanggo minangkani nggayuh wawênang manggon ing kahyangane Hyang Brahma. Sêdyane mangkono mau kasêmbadan, mula Prabu Siwi pinunjul dhewe. Kajaba iku Prabu Siwi pambêgane luwih adil, utama, apura paramarta, asih marang sapadha-padhaning tumitah, susila tandang-tanduke, dhasar gêntur kasutapane,

--- 446 ---

sêngsêm mardi kasunyatan, lan tabêri nindaki panggawe bêcik, mula sugih kabêgjan, kaluhurane tanpa timbang".

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Astaka saking satitinipun dhatêng samubarang, matur pitakèn malih dhatêng ingkang eyang Prabu Yayati ingkang prasasat Bathara Indra angejawantah, makatên aturipun: "Dhuh, sang prabu, mugi kaparênga sajarwa, paduka punika ing wingking pundi ingkang pinangka, sintên sinêbut ing asma, sarta sintên ingkang pêputra. Ing marcapada punapa wontên brahmana utawi ksatriya ingkang têtêp dhatêng sêsanggêman kados paduka".

Prabu Yayati mangsuli pangandika: "Ingsun nêdya kandha ing satêmêne marang sira. Ingsun iki kang jêjuluk Prabu Yayati, putrane Prabu Nahusa, sarta sudarmane Prabu Puru. Ingsun ing nguni jumênêng nata binathara mangrèh salumahing jagad, dene sira kabèh iku isih padha darah ingsun kaprênah putu saka ibu. Andadèkna kawruhanira, ingsun sawise kalakon bisa mangrèh saindênging bawana, banjur nindaki panggawe utama, dêdana tanpa kêndhat marang para brahmana, rupa panganggo sarta jaran satus kang prayoga kanggo sêsaji. Mangkono iku andadèkake karênane para dewa. Kabèh isèn-isèning jagad kang rupa jaran, gajah, sapi, abrudha (lêmbu pêrêsan pilihan), sarta mas picis rajabrana, padha ingsun pisungsungake marang para brahmana. Anane jagad lan awang-awang iki isih gumêlar, gêni isih murub, iku satêmêne kadayan dening pangwasa katêmênan lan kautamèn ingsun, awit ingsun ora tau ngucap kang ora nyata.

Kautaman lan katêmênan iku gêdhe dayane, mula para sarjana sujana padha ngrungkêbi marang katêmênan. He, sira kaki Prabu Astaka lan Prabu Pratiardhana, apadene kaki Prabu Wasumat, kawruhana, kang ingsun tuturake marang sira iku: jatining kasunyatan. Mulane para jawata, para rêsi, sarta

--- 447 ---

alam katêntrêman, tansah linuhurake, iku marga padha watak têmên. Sapa kang nyaritakake lêlakon unggah ingsun marang alam kaswargan iki, mangka anggone carita: tata, urut lêlakone, sarta ora mawa kanêpson, bakal olèh nugraha bisa nggayuh sakèhe alam kang wus tau ingsun lacak".

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, sinuwun, makatên lêlampahan inggahipun Prabu Yayati, ingkang linangkung saha luhur pandamêlipun dhatêng kaswargan, sarta anggènipun linuwaran cintrakanipun, dening darahipun saking pancêr putri. Samuksanipun Prabu Yayati ing jagad têtiga kaèbêgan suwuring pandamêlipun".

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sangang dasa tiga, golongan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB XCIV. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh sang rêsi, ingkang mungguh ingaji-aji, kula kapèngin mirêng cariyos lêlampahanipun para nata têdhak Puru, mugi kaparênga nyariyosakên lêlabêtanipun para lêluhur kula punika. Sayêktosipun kula ugi sampun mirêng, bilih para narendra têdhak Puru punika, botên wontên ingkang kuciwa ing pambêgan, utawi ingkang botên sudira, sarta botên pêputra. Dhuh, ingkang abandha kasutapan, kula kapengin sumêrêp andharaning cariyos lêlampahanipun para narendra ingkang misuwur linangkung, saha widakda dhatêng samubarang punika".

Rêsi Waisampayana mangsuli atur: "Awit saking pamundhutipun sang prabu, kula ugi badhe gancarakên sadaya lêlampahanipun para nata prajurit têdhak Puru, ingkang kaprawiranipun prasasat Hyang Indra, agêng pangwasanipun tuwin dipun aji-aji ing ngakathah, awit saking sarwa utami pandamêlipun.

--- 448 ---

Prabu Puru kalihan ingkang garwa Dèwi Pusthi apêputra tiga, jêjulukipun: Prawira, Iswara, tuwin Rodraswa, têtiga pisan sami prajurit wahana rata sinakti. Sang Prawira ingkang sagêd nurunakên lêstantunipun darah kaprabon sarta kalihan ingkang garwa Dèwi Surasèni pêputra satunggal, jêjuluk Sang Manasyu. Prabu Manasyu ingkang tingalipun kados ron tunjung, jumênêng nata mangrèh sakathahing nagari salumahing jagad, ingkang kinêpang ing samodra sakawan. Sang Prabu Manasyu anggarwa Dèwi Sowiri, apêputra tiga, pêparabipun: 1. Sakta, 2. Sanhanana tuwin 3. Wagni. Putra tiga pisan wau sami prajurit wahana rata linangkung sarta sinakti.

Sang Rodraswa ingkang utami sarta sakêlangkung lantip, anggarwa apsara Dèwi Misrakèsi, pêputra sadasa, pêparabipun: 1. Ricêyu, 2. Kaksêyu, 3. Wrikêyu, ingkang sakalangkung sudira, 4. Stadhilêya, 5. Wanêyu, 6. Jalêyu, 7. Têjêyu, ingkang sakêlangkung prakosa, tuwin limpat ing budi, 8. Yatsêyu, ingkang sakêlangkung suduria kados Hyang Indra, 9. Darmêyu, 10. Sanêtêyu, ingkang sakêlangkung sêkti kados dewa. Para rajaputra sadasa wau diwasanipun sami dados prajurit linangkung. Sadaya sami widakda ulah langkap tuwin jêmparing, putus dhatêng sawarnining kawruh, sêngsêm marsudi kautamèn, sarta botên kêndhat damêl sêsaji, kangge angluhurakên para dewa. Putra sadasa wau, ingkang jumênêng nata mangrèh salumahing bawana, namung sang Ricêyu piyambak, limrah sinêbut: Prabu Anadrêsthi, kasudiranipun linangkung, upami jawata saminipun Bathara Wasawa.

__________

--- [0] ---

DAFTAR PENERIMAAN UANG LENGGANAN SEBAGAI GANTINYA SURAT TANDA TERIMA.

TahunKwartalUanglengg.No. Langganan
1956I10220, 16, 85
II10207, 321, 290, 378, 136, 222, 318, 368, 311, 135, 359, 324, 328, 304, 75, 330, 292, 325, 387, 377, 369, 351, 352, 302, 261, 276, 221, 312, 336, 295, 9, 26, 27, 28, 29, 31, 37, 38, 40, 52, 53, 56, 35, 100, 111, 67, 116, 160, 190, 293, 96, 84, 314, 23, 11, 17, 75.
I/II20382, 299, 385, 4, 363, 388, 285.
II/III20115, 334, 339, 350, 16.
IV10339, 350, 16.
1955IV10220.
[Iklan]

--- [0] ---

NYUWUN KAWIGATOSAN.

Nuwun, para maos ingkang minulya! Maos Sêrat Mahabharata punika mênawi sawêg maos nomêr ingkang wiwitan dumugi No. 9 ingkang kathah-kathah têmtu botên badhe marêm, malah sagêd ugi lajêng botên kêrsa nglajêngakên. Dêdongenganipun dipun galih namung ngayawara. Jalaran saking botên mangêrtos dhatêng wosing pikajênganipun. Ananging manawi mangke sampun dumugi nomêr 1 taun II salajêngipun, ing ngriku badhe wiwit katingal agênging pigunanipun, tumrap ing jaman sapunika, saking kathah piwulang-piwulang ingkang ngêmu suraos tumrap luhuring bêbudèn, inggih awit saking makatên punika, mila Sêrat Mahabharata punika sagêd sumêbar ing jagad, kasantun ing basa warni-warni, aslinipun saking basa Sanskrêta. Dene ingkang kasantun ing basa Jawi punika saking basa Inggris, ingkang basa Walandi tuwin Pêrancis, inggih wontên. Makatên ugi basa sanès-sanèsipun malih. Makatên punika botên sanès kêjawi èdi pèni sarta luhuring suraosipun kenging dipun angge sarana ngangkat kaploroting drajat kamanungsanipun manusa. Wasana sumangga.

Atur taklim kula,

Pênêrbit lan Rêdhaksi.