Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

No. 6. Tahun ke II. 7 Juni 1956.

Sêrat MAHABARATA.

Anggitanipun Rêsi Krêsna Dwipayana Weda Wiyasa.

[Grafik]

Kawêdalakên sabên wulan sapisan.

Permintaan Nomer Contoh hendaknya disertai harganya Rp. 3.50

--- [0] ---

"SÊRAT MAHABARATA"

Sêrat MAHABARATA punika sampun nate kawêdalakên dados majalah wulanan mawi basa Jawi aksara Jawi, dening Pakêmpalan Theosofi ing Surakarta, kala taun 1927. Ananging dèrèng ngantos tamat, jalaran saking sabab warni-warni.

Samangke kawêdalakên malih, wiwit tanggal 7 April 1955 ugi mawi basa Jawi, ananging aksara Latin, ngèngêti ewah-ewahaning jaman. Kapimpin dening sadhèrèk S. Satyapranawa, sêsêpuhipun Lage Theosofi samangke, sawarni Redhaktur ingkang tanggêl jawab. Kabantu dening sadhèrèk Kusumadihardjo rêdhaktur majalah Brahmawidya. Kantoranipun nunggil ing Jalan Balapan No. 189/295 SOLO (Surakarta).

Kalihan ngêntosi saya kathahipun ingkang karsa sami lêngganan, sadhiyan nomêr wiwitan satêrusipun dipun kathahi, murih ingkang badhe lêngganan wiwit nomêr kawiwitan botên kacuwan.

__________

ARTA LÊNGGANAN

Sakwartal Rp. 10,- ... Eceran sabuku Rp. 3,50.

Arta kasuwun rumiyin.

Alamat Red./Adm. Jl. Balapan No. 189/259 SOLO.

__________

Isinipun taksih kalêbêt peranganing Adiparwa.

__________

Surat idzin pênêrbitan No. 80/DPKN/Prd./55. Tanggal 23 Maart 1955.

__________

Sagêd mundhut tumbas S.M.B. no. 1 dumugi no. 9 taun 1955 rêgi Rp. 30.- potongan 20%.

__________

Isinya diluar tanggungan Percetakan "Kêpunton" Solo.

--- 449 ---

Sêrat Mahabharta No. 6.

7 Juni 1956.

Prabu Anadrêsthi pêputra satunggal, jêjulukipun: Matinara, jumênêng narendra, ambêgipun utami, kaonang-onang ing bumi, sagêd damêl sêsaji rajasuya tuwin sêsaji kapal. Prabu Matinara pêputra sakawan, kaprawiranipun tanpa timbang, sêsilihipun: 1. Tansu, 2. Mahat, 3. Atirata, tuwin 4. Drahyu, ingkang kaluhuranipun tanpa timbang. Sang Tansu putranipun pambajêng Prabu Matinara, punika ingkang nyambêt darah Puru, sarta sakêlangkung prawira, sagêd nêlukakên sakathahing nagari saindênging bawana, mila asmanipun sakêlangkung misuwur. Prabu Tansu kagungan putra satunggal sakêlangkung prawira, pêparab: Sang Ilina, dados têtungguling narendra, tansah ngêlar jajahan, wêkasan ngantos sagêd mangrèh sakathahing jagad.

Prabu Ilina kalayan ingkang garwa Dèwi Tantarya pêputra gangsal, pambajêngipun inggih punika Prabu Dusmanta. Putra gangsal wau sami kinawasa prasasat Tatwa gangsal (bumi, toya, latu, angin, akasa), pêparabipun: 1. Dusmanta, 2. Sura, 3. Bima, 4. Prawasu, 5. Wasu.

Dhuh, sinuwun Sang Dusmanta punika putra pambajêng, kajumênêngakên nata gêntosi kaprabon, sarta kalihan ingkang garwa Dèwi Sakuntala kagungan putra satunggal, pêparabipun Sang Barata. Sang Barata jumênêng narendra gumantos kaprabonipun ingkang rama, sarta marêngakên asmanipun kangge sasêbutaning para têdhak turunipun. Inggih saking Prabu Barata punika pinangkanipun darah narendra misuwur sumêbar saindênging jagad. Prabu Barata kalihan ingkang garwa têtiga pêputra sanga, nanging sadaya warninipun botên wontên ingkang mèmpêr kalihan ingkang rama, mila sang prabu kirang rêna ing panggalih, ngantos andadosakên rudahing pênggalihipun [pênggalihi...]

--- 450 ---

[...pun] pramèswari têtiga, têmahan lajêng sami nyirnakakên para putranipun sadaya.

Sang Prabu Barata, sasirnaning para putranipun, rumaos manawi badhe kacurêsan turun, mila lajêng damêl sêsaji agêng. Angsal nugrahanipun Maharsi Baratwaja, kalampahan sagêd kagungan putra malih, pêparab Sang Bhumanyu. Dhuh, têtungguling narendra têdhak Barata. Prabu Barata, narendra darah Puru ngakêni, bilih Sang Bhumanyu punika putranipun, mila dipun wênangakên gumantos kaprabon. Prabu Bhumanyu kalayan ingkang garwa Dèwi Puskarini, pêputra Sang Suhotra, Sang Suhotri, Sang Suhawi, Sang Suyaju, tuwin Sang Diwirata. Putra pambajêng Sang Suhotra gumantos kaprabon. Prabu Suhotra sampun nate sagêd damêl sêsaji rajasuya, tuwin sêsaji kapal ngantos rambah-rambah, mila kawasa mangrèh nagari pintên-pintên ing salumahing bantala, ingkang winatêsan ing samodra. Nagari-nagari wau sami gêmah ripah loh jinawi. Jagad rikala samantên kenging kawastanan mèh mêndêlong, dening kawratên isèn-isènipun, kêjawi kathahing tiyang, mas picis rajabrana, dirada, lêmbu, kapal, rata tuwin sapanunggilanipun ugi sakêlangkung kathah. Prabu Suhotra ingkang misuwur kautamènipun, sadangunipun ngasta pusaraning praja, ing pundi-pundi dipun êdêgi panggenan sêsaji, cacahipun ngantos maèwu-èwu, sarta botên kêndhat kadamêl nindakakên sêsaji. Sanajan rikala samatên ing bawana kêbak isi tiyang, ewadene botên kakirangan sandhang têdha, sadaya sarwa mirah anyêkapi. Prabu Suhotra pêputra tiga, miyos saking garwa Dèwi Heksani, jêjulukipun: Sang Ajamidha, Sang Sumidha, tuwin Sang Purumidha, dene ingkang sagêd nêrahakên widadaning kaprabon, putra pambajêng Sang Ajamidha.

Prabu Ajamidha punika putranipun nênêm, miyos saking ingkang garwa têtiga. Garwa ingkang pêparab Dèwi Dumini, pêputra Sang Riksa, Dèwi Nili, pêputra Sang Dusmanta, tuwin Sang Paramèstin. Dèwi Kèsini, pêputra Sang Jahnyu, [Jah...]

--- 451 ---

[...nyu,] Sang Jala, tuwin Sang Rupina. Sang Dusmanta tuwin Sang Paramèstin anêrahakên golonganing bangsa Pancala. Sang Jahnyu, ingkang kaprawiranipun tanpa timbang, anêrahakên bangsa Kusika. Sang Riksa, sarèhning sêpuh piyambak, kajumênêngakên narendra, sarta pêputra Sang Samwarana, inggih punika ingkang sagêd nêrahakên widadaning kaprabon.

Dhuh Prabu Janamêjaya, kacariyos, nalika Prabu Samwarana, putranipun Prabu Riksa, jumênêng nata binathara mangrèh salumahing jagad, kathah tiyang pêjah saking wontên pagêring tuwin pacêklik, sakit sontên, enjing pêjah, sakit enjing sontên pêjah, ing pundi-pundi sami kakirangan toya. Para narendra darah Barata sami kandhih dening mêngsah, bangsa Pancala sami andon yuda, sumêdya nêlukakên sakathahing nagari sakubênging bawana. Wadyabalanipun cacah sadasa aksohini, tinindhihan para ratunipun piyambak-piyambak, kalampahan ngantos sagêd angasorakên narendra têdhak Barata Prabu Samwarana wau. Sarêng Prabu Samwarana kasoran prangipun, lolos saking kadhaton, kadhèrèkakên para putra santana tuwin garwa, punapadene para nayaka, lajêng sêsingidan wontên ing satêpining lèpèn Sindu, ingkang ilinipun urut sukuning parêdèn agêng. Para darah Barata wau anggènipun wontên ing ngriku, dangunipun ngantos sèwu taun, sarta sami yasa bètèng sakalangkung kuwawi.

Kacariyos sarêng sampun jangkêp sèwu taun anggènipun sêsingidan, karawuhan sang linangkung Rêsi Wasistha. Sarawuhipun sang rêsi para darah Barata wau gurawalan amêthukakên, ngaturakên pambage wilujêng, tuwin nyaosakên pangunjukan argya. Sang rêsi sakêlangkung ingaji-aji sarta sinuba-suba ing boja miwah krama. Dupi sang rêsi sampun lêrêm sawatawis, dipun cêlaki Prabu Samwarana sarwi matur: "Dhuh, sang rêsi linangkung, kula punika gadhah sêdya angrêbat nagari, mila paduka mugi kaparênga dados paranpara kula".

Sang rêsi mangsuli pangandika mawi ngucapakên têmbung aum (pratôndha condhonging karsa), sarta paring nugraha dhatêng

--- 452 ---

sang prabu: dados satunggiling ksatriya ing salumahing jagad, punapadene saking dayaning puja mantranipun sang rêsi, Prabu Samwarana kawasa manjing ing pucuking singat banthèng, tuwin manjing ing tulale dipangga. Sang prabu kasêmbadan ing karsanipun angrêbat nagarinipun malih. Dene para narendra ingkang sami nungkul, katêtêpakên asok bulubêkti glondhong pangarêng-arêng, gurubakal tuwin gurudadi. Wasana sang prabu jumênêng nata binathara malih, ambawani sakathahing nagari salumahing jagad, sarta botên kêndhat sêsaji warni-warni, tuwin misungsung dhatêng para brahmana sakêlangkung kathah.

Prabu Samwanara kalihan ingkang garwa Dèwi Tapati, putrinipun Bathara Surya, pêputra satunggal, jêjulukipun Sang Kuru. Pambêganipun sakêlangkung utami, kajumênêngakên narendra wontên ing tanah misuwur ing jagad, nama: Kurujanggala, mirid asmanipun ingkang jumênêng nata wau.

Prabu Kuru, punika sêngsêm ulah tapa brata, sampun nate mangun brata wontên ing pasitèn wêwêngkoning tanah Kurujanggala, ingkang lajêng kanamèkakên pasitèn ing Kuruksetra mila pasitèn wau dados pasitèn sukci. Dèwi Wahini garwanipun Prabu Kuru, ingkang limpat ing budi, pêputra gangsal, pêparabipun: 1. Sang Awiksit, 2. Sang Abhisyat, 3. Sang Cetrarata, 4. Sang Muni, tuwin ingkang misuwur ing jagad Sang Janamêjaya. Sang Awiksit pêputra: 1. Sang Pariksit, 2. Sang Sawalasya, ingkang sinakti, 3. Sang Adiraja, 4. Sang Wiraja, 5. Sang Salmali, punika sakalangkung prakosa, 6. Sang Ucèsrawa, 7. Sang Banggakara tuwin 8 Sang Jitari. Para putranipun Sang Awiskit wolu wau, sami pêputra sadaya, nugraha saking anggènipun nglampahi pandamêl sukci, sarta para putra wau (wayahipun Sang Awiksit), ingkang dados prajurit wahana rata sinakti wontên pitu, dene ingkang minangka têtunggulipun Sang Janamêjaya. Sang Pariksit pêputra Sang Kaksena, Sang Ugrasena, Sang Citrasena, ingkang sakalangkung sêkti, Sang Indrasena, [Indra...]

--- 453 ---

[...sena,] Sang Susena, tuwin Sang Bimasena. Sadaya punika sami putus dhatêng wêwarahing agami, sarta kasinungan kamulyan.

Sang Janamêjaya pêputra Sang Drêtarastra, Sang Pandhu, Sang Walhika, Sang Nisadha, ingkang angsal nugrahaning dewa, sakêlangkung sêkti mandraguna, Sang Jambunadha, punika kinawasa, Sang Kundhadhara, Sang Padhati tuwin Sang Wasati. Sadaya wau sami kaonang-onang ing bumi, mulya, sarta putus dhatêng kawruh kasusilan mila tindakipun sami susila sarta asih dhatêng sasamining dumados. Dene sadaya wau ingkang jumênêng nata Sang Drêtarastra. Prabu Drêtarastra, pêputra wolu 1. Sang Kunthika, 2. Sang Hasti, 3. Sang Witarka, 4. Sang Kratha, 5. Sang Kundhina, 6. Sang Hawissrawa, 7. Sang Indraba tuwin 8. Sang Bumanyu, ingkang kasudiranipun botên kenging kinawonakên. Wayahipun Prabu Drêtarastra ugi kathah, nanging ingkang misuwur namung tiga: 1. Sang Pratipa, 2. Sang Darmenetra, tuwin 3. Sang Sunetra. Sang Patripa, punika kalangkunganipun ing salumahing bantala, sakurêbing akasa, botên wontên ingkang nyamèni. Sang Pratipa kagungan putra tiga: 1. Sang Dewapi, 2. Sang Santanu, 3. Sang Walhika, punika prajurit wahana rata sura sêkti mandraguna. Putra pambajêng Sang Dewapi botên karsa jumênêng nata, nagarinipun kapasrahakên dhatêng ingkang rayi kêkalih Sang Santanu tuwin Sang Walhika. Dene kaparênging karsanipun Sang Dewapi, namung mandhita, wigatos badhe mamrihakên kamulyanipun ingkang rayi kêkalih pisan.

Dhuh, sang nata (Prabu Janamêjaya), kajawi ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, taksih kathah narendra darah Barata sanèsipun, ingkang sami linangkung sura sêkti, sarta kautamèn tuwin kawasanipun, sampun kados para rêsi ing karang kadewatan, nugraha saking anggènipun tapa brata, para narendra wau cacahipun prasasat tanpa petangan. Darah

--- 454 ---

Manu kathah prajurit wahana rata kinawasa, prasasat jawata, saking kathahipun ngantos angagêngakên darah kaprabon: Ela, ingkang ugi lajêng kathah sangêt têdhak turunipun.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sangang dasa sêkawan, golongan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB XCV. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Dhuh, sang brahmana, sayêktosipun kula sawêg mirêng sapunika, babad agêng ingkang nyariyosakên lêlampahanipun para lêluhur kula, tuwin kawontênanipun ingkang sami jumênêng nata sadaya, ananging kula rumaos dèrèng marêm, awit anggèn paduka nyariyosakên namung ringkêsan kemawon. Dhuh, sang brahmana, paduka mugi kaparênga nyariyosakên malih, sawêtahing lêlampahan, dipun wiwitana saking lêlampahanipun Hyang Manu, jawata juru nitahakên. Asmanipun para narendra wau, manawi tansah dipun ucapakên sarta dipun èngêt-èngêt, tamtunipun badhe saya sumêbar ngêbêgi jagad. Ingkang makatên punika, kadosdene anyêmbuh dhatêng kawicaksanan, kautamèn tuwin luhuring darajadipun para nata wau, mangka sintêna ingkang botên rêmên mirêngakên cariyos sukci makatên punika. Kula mirêng cariyos paduka, ing manah karaos sakêlangung sênêng, kados ngunjuk amrêta, langkung malih sarêng paduka wêwah mratelakakên bilih para nata wau ambêgipun paramarta, kêndêl, prawira lantip, sêkti tuwin santosa, saya andadosakên kapengin kula badhe mirêngakên, raroncèning lêlampahan".

Rêsi Waisampayana mangsuli atur: "Dhuh, sang nata, mugi dipun gatosna, kula badhe ngaturakên cariyos lêlampahanipun para lêluhur punika, sarta anggèn kula nyariyosakên botên beda

--- 455 ---

kados ingkang sampun kula mirêngakên, saking pangandikanipun Sang Dwipayana".

Kawuningana, Dèwi Aditi, putrinipun Hyang Daksa pêputra Bathara Wiwaswat. Hyang Wiwaswat pêputra Hyang Manu, Hyang Manu pêputra Dèwi Ilah, Dèwi Ilah pêputra Prabu Pururawas. Prabu Pururawas pêputra Prabu Ayus, Prabu Ayus pêputra Prabu Nahusa, Prabu Nahusa pêputra Prabu Yayati. Prabu Yayati punika garwanipun kalih: 1. Dèwi Dewayani putrinipun Rêsi Usanas, 2. Dèwi Sarmsitha, putrinipun Prabu Wrêsaparwan. Cariyos bab têdhak turunipun Prabu Yayati, punika sampun wontên slokanipun piyambak. Dèwi Dewayani pêputra Sang Yadu, tuwin Sang Turwasu. Dèwi Sarmsitha putranipun Prabu Wrêsaparwan pêputra Sang Drahyu, Sang Anu, tuwin Sang Duru.

Prabu Puru anggarwa Dèwi Kosalya, pêputra Prabu Janamêjaya. Prabu Janamêjaya ing nguni damêl sêsaji kapal ngantos rambah kaping tiga, ugi sampun nate damêl sêsaji, ingkang dipun wastani: Wiswajit. Sang prabu sarampunging anggènipun sêsaji lajêng jêngkar saking nagari, martapa wontên ing wana. Prabu Janamêjaya pêputra satunggal, pawingkingipun sinêbut: Sang Pracinwat, miyos saking ingkang garwa Dèwi Ananta, putrinipun Hyang Madawa. Prabu Anèm Sang Pracinwat wau, wontênipun sinêbut makatên, jalaran sagêd nêlukakên sakathahing nagari ing bang wetan, ngantos dumugi ing talatah ingkang dipun wastani: tanah Suryadadari. Prabu Anèm Pracinwat anggarwa Dèwi Asmaki, putri bangsa Yadawa, pêputra Sang Sanyati. Sang Sanyati krama angsal Dèwi Warangi, putrinipun Sang Drêsatwata, pêputra Sang Ahaniyati. Sang Ahaniyati krama angsal putrinipun Prabu Kartawirya, sêsilih Dèwi Banuwati, lajêng pêputra Sang Sarwaboma. Sang Sarwaboma anggarwa Dèwi Sumandha, putri nata ing Kêkaya, dene angsalipun sarana rinêbat ing prang. Sang Sarwaboma [Sarwa...]

--- 456 ---

[...boma] kalihan ingkang garwa Dèwi Sumandha, pêputra Prabu Jayatsena. Prabu Jayatsena krama angsal Dèwi Susrawa putri nata ing Widarba, pêputra Sang Awicina. Sang Awicina ugi krama angsal putri ing Widarba, sêsilih Dèwi Maryadha, pêputra Sang Arihan. Sang Arihan anggarwa Dèwi Anggi, pêputra Sang Mahaboma. Sang Mahaboma krama angsal Dèwi Suyaja, putrinipun Sang Prasenajit, pêputra Sang Ayutanali. Wontênipun sinêbut makatên, amargi sampun nate damêl sêsaji ingkang kêdah ngangge daging ayuta (dagingipun sawarnining titah jalêr). Sang Ayutanali wau krama angsal Dèwi Kamah, putrinipun Sang Akrodana. Sang Akrodana anggarwa Dèwi Karamba, putri nata ing Kalingga, pêputra Sang Dewatiti. Sang Dewatiti mundhut garwa putri ing Widhêha, pêputra Sang Arihan, Sang Arihan krama angsal Dèwi Sudewa, putri ing nagari Angga, pêputra satunggal pêparab Sang Riksa. Sang RiksiRiksa anggarwa Dèwi Jwala. Putrinipun Nagaraja Taksaka, pêputra Sang Matirana. Sang Matirana ing nguni sampun nate damêl sêsaji, ingkang kawastanan: sêsaji kalih wêlas taunan, wontên ing gêgisikaning lèpèn Saraswati.

Kacariyos sêsajinipun Sang Matinara wau sakêlangkung sampurna, mila Bathari Saraswati ngantos rawuh angejawantah wontên ing ngarsanipun Prabu Matinara, sarta lajêng kaparêng mundhut garwa dhatêng sang prabu, kalampahan pêputra Sang Tangsu. Pratelan bab têdhak turunipun Prabu Tangsu, sampun wontên, dados sloka piyambak.

Prabu Tangsu punika putranipun Prabu Matinara, ingkang miyos saking Bathari Saraswati. Prabu Tangsu pêputra satunggal Sang Ilina, miyos saking ingkang garwa, putri ing Kalingga. Prabu Ilina kalayan ingkang garwa Dèwi Ratantari pêputra gangsal pambajêngipun Sang Dusmanta. Sang Dusmanta anggarwa Dèwi Sakuntala, putrinipun Rêsi Wiswamitra, lajêng pêputra Sang Barata. Ingkang mratelakakên têtêpipun putranipun Prabu Dusmanta [Dus...]

--- 457 ---

[...manta] punika wontên kalih sloka, dene ungêlipun makatên: "Biyung iku ora liya mung wadhah kang dumadi saka daging lan balung, dene bapa anggone duwe anak lanang iya saka ing kono pinangkane, sarta bapa iku sajatine ora liya iya anak lanang. He Dusmanta, trêsnaa marang sutanira, sarta aja gawe wirange Sakuntala. He, sira kang sinêmbah-sêmbah sakèh manusa, bapa iku maujud dadi anak lanang, sarta bisa ngêntas lêluhure saka ing Yomani (naraka). Apadene ucape Sakuntala mau kabèh nyata, kang nganakake bocah iku têmên sira dhewe".

Prabu Dusmanta sarêng midhangêt pangandikanipun utusaning dewa, ingkang nyabawa ing ngawang-awang wau, lajêng kaparêng nampèni putranipun ingkang saking Dèwi Sakuntala kapatêdhan nama Barata, têgêsipun: ingkang dipun êla-êla. Prabu Barata krama angsal Dèwi Sinandha, putranipun Prabu Sarwasena, pêputra Sang Bhumanyu. Prabu Bhumanyu anggarwa Dèwi Wijaya, pêputra Sang Suhotra. Sang Suhotra krama angsal Dèwi Suwarra, putri têdhak Iksaku pêputra Prabu Hasti, inggih punika ingkang iyasa kadhaton ing ngriki, mila dipun namèkakên: Hastinapura, sang prabu krama angsal Dèwi Yasodara, putri ing Trigarta, pêputra Sang Wikuntana. Prabu Wikuntana anggarwa Dèwi Sudewa, putri ing Dhasarha, pêputra Prabu Ajamidha. Prabu Ajamidha garwanipun sêkawan: 1. Dèwi Kekayi, 2. Dèwi Gandari, 3. Dèwi Wisala, 4. Dèwi Riksa. Sang prabu kalayan ingkang garwa sêkawan wau, pêputra kalih èwu kawan watus, sami kakung sadaya, dene ingkang sagêd nêrahakên widadaning kaprabon, putra ingkang sêsilih Sang Samwarana. Prabu Samwarana anggarwa Dèwi Tapati, widadari Trah Hyang Wiwaswat, pêputra Prabu Kuru. Prabu Kuru krama angsal Dèwi Subanggi, putri ing Dhasarha, pêputra Sang Widurata. Sang Widurata anggarwa putri bangsa Madawa Dèwi Supriya, pêputra Sang Anaswan. Sang Anaswan krama angsal Dèwi Amrêta, ugi putri bangsa Madawa, pêputra

--- 458 ---

Sang Pariksit. Sang Pariksit krama angsal putri bangsa Wahudha, pêputra Sang Bimasena. Sang Bimasena anggarwa Dèwi Kumari, putri ing Kêkaya, pêputra Sang Pratiswara. Sang Pratiswara pêputra Prabu Pratipa. Prabu Pratipa krama angsal Dèwi Sunandha, putrinipun Prabu Siwi, pêputra tiga jêjulukipun: 1. Dewapi, 2. Santanu, 3. Walhika. Putra pambajêng Sang Dewapi wiwit timur sampun martapa wontên ing wana, pawingkingipun lajêng dados pandhita, dene ingkang jumênêng nata Sang Santanu.

Sloka ingkang mratelakakên bab kaluhuranipun Prabu Santanu, ungêlipun makatên:

"Sakèhing janma kang wus tuwa, manawa ginrayang marang nata binathara iki, ora mung bakal rumangsa sênêng atine bae kang nganti tanpa upama, nanging uga bakal dadi ênom manèh, mula narendra iki sinêbut: Santanu".

Prabu Santanu anggarwa Dèwi Gangga, pêputra Sang Dewabrata, pawingkingipun sinêbut asma: Bisma. Sang Bisma saking kêpenginipun nuju panggalihipun ingkang rama, lajêng mundhut Dèwi Satyawati, ingkang ugi sêsilih Dèwi Gandawati, kadhapukakênkadhaupakên kalihan ingkang rama Prabu Santanu. Dèwi Satyawati nalika taksih kênya sampun kagungan putra Sang Dwipayana, saking Rêsi Parasara. Kalihan Prabu Santanu pêputra kalih: 1. Sang Citranggada, tuwin 2. Sang Wicitrawirya. Sang Citranggada dèrèng ngantos diwasa sampun sirna dening satunggaling gandarwa raja, mila ingkang gumantos kaprabon jumênêng nata Sang Wicitrawirya. Prabu Wicitrawirya anggarwa Dèwi Ambika, tuwin Dèwi Ambalika. Kalih-kalihipun sami putri nata ing Kasi. Dèrèng ngantos pêputra Sang Prabu sampun murut ing kasidan jati. Ingkang makatên punika andadosakên sakêlangkung sungkawanipun Dèwi Satyawati, awit kacurêsan ingkang badhe nyambêt kaprabonipun Prabu Dusmanta, mila sang dèwi sangêt anggènipun ambudidaya, sintên ingkang

--- 459 ---

sayogi nglajêngakên jumênêng nata. Dèwi Satyawati rikala samantên lajêng angèsthi ingkang putra Rêsi Dwipayana. Sami sanalika rawuh wontên ing ngarsanipun, sarwi matur: "Ibu wontên karsanipun punapa animbali kula, dipun wangsuli pangandika: "O, kulup sarèhning kadangira kaki Prabu Wicitrawirya wus murut ing kalanggêngan, mangka ora ninggal putra kang bakal nyambung darah kaprabon, mula sira ingsun timbali, muga dadia sêsulihe kadangira wau, nuruna wiji kang utama".

Sang Dwipayana ngèstokakên dhawuh karsanipun ingkang ibu, sarta kalampahan pêputra: 1. Sang Drêtarastra, 2. Sang Pandhu, tuwin 3. Sang Widura. Prabu Drêtarastra kalihan ingkang garwa Dèwi Gandari angsal nugrahanipun Rêsi Dwipayana, sagêd pêputra satus sami kakung sadaya. Para putra samantên wau ingkang misuwur, sakawan: 1. Sang Duryudana, 2. Sang Dusasana, 3. Sang Wikarna, tuwin 4. Sang Citrasena. Prabu Pandhu garwanipun kalih Dèwi Kunthi, ingkang ugi sinêbut Dèwi Prita, tuwin Dèwi Madri, sadaya cahyanipun sami mancorong pindha sêsotya.

Nuju ing satunggaling dintên Prabu Pandhu nalika bêbêdhag ambêrêg buron wana, ing ngriku priksa wontên sangsam jalêr èstri sawêg sami among lulut, ananging sayêktosipun ingkang mancala warna sangsam wau brahmana. Prabu Pandhu salah damêl, salêbêtipun sangsam sawêg among lulut, dipun jêmparing kenging, sami sanalika sangsam santun warni dados rêsi, anguwuh dhatêng sang prabu makatên: "O, Prabu Pandhu, kula priksa bilih panggalih jêngandika punika utami, ananging taksih karsa salah damêl, jêngandika têmtunipun ugi priksa kados punapa sênênging manahipun tiyang ingkang sagêd kadumugèn kajêngipun. Kawuningana, kajêng kula wau dèrèng ngantos dumugi, sampun jêngandika dhawahi jêmparing, mila awit saking punika, jêngandika sawanci-wanci bêdhe salulut, dèrèng ngantos kalêksanan sampun nêmahi seda".

Prabu Pandu sarêng midhangêt sotipun sang brahmana wau, sami sanalika pasuryan aclum, asrta wiwit titimangsa punika [puni...]

--- 460 ---

[...ka] sampun lajêng botên karsa sare têtunggilan ingkang garwa, pangandikanipun sang prabu makatên: "Ingsun samêngko kêna êsot, jalaran saka kalèruning tindak ingsun dhewe. Kawruhana, ujaring pawarta, sapa kang ora duwe anak, iku ing dêlahan ora bisa olèh swarga".

Sang prabu rikala samantên lajêng dhawuh dhatêng pramèswari Dèwi Kunthi, supados ngangkah sagêdipun nurunakên putra. Dèwi Kunthi matur: "Dhuh sinuwun, manawi sampun andadosakên kaparênging karsa paduka, kula ugi sandika ngèstokakên".

Dèwi Kunthi kalêksanan sagêd pêputra, saking pêparingipun Hyang Darma, miyos Sang Prabu Yudhisthira. Saking Hyang Maruta miyos Sang Bima, tuwin saking Hyang Sakra (Indra) miyos Sang Arjuna. Prabu Pandhu sakêlangkung karênan panggalihipun dhatêng ingkang garwa Dèwi Kunthi, ngantos kawiyos pangandikanipun: "Marunira Madri iku uga durung sêsuta, mula warahên bisane duwe atmaja kaya sira".

Atur wangsulanipun Dèwi Kunthi: "Manawi wontên kaparênging karsa paduka, kula ugi badhe ngèstokakên dhawuh".

Dèwi Kunthi lajêng mêjang mantra panggêndam dewa dhatêng Dèwi Madri, kalêksanan sang dèwi sagêd andhatêngakên Bathara Aswin kalih pisan, ngantos pêputra miyos kêmbar, Sang Nakula tuwin Sang Sahadewa. Dèwi Madri ing satunggaling dintên dandos ambêbêsus sarira sang prabu priksa, kadudut raosing panggalih, dêrêng karsanipun badhe among lulut, ananging sarêng anggêpok sariranipun sang dèwi, sanalika sang prabu seda. Dèwi Madri bela sedanipun sang prabu, tumut kabêsmi, sarta nilar wêling dhatêng Dèwi Kunthi makatên: "Kakang êmbok, kula nyuwun titip atmaja kula kêkalih punika, dipun rêngkuha tuwin dipun trêsnanatrêsnanana kados putranipun kakang êmbok piyambak".

Botên watawis dangu kalayan lêlampahan wau, para putranipun Prabu Pandhu ingkang sinêbut Pandhawa gangsal, dipun bêkta dhatêng Hastinapura, dening para pandhita, ingkang

--- 461 ---

sami martapa wontên ing sakiwa têngêning padhepokanipun Prabu Pandhu, lajêng kapasrahakên dhatêng Sang Bisma tuwin Sang Widura, kalayan amratelakakên sadaya ing kawontênanipun. Sasampunipun para rajaputra tinampenan, para jawata ing ngawiyat anjawahakên sêkar, gangsa kaswargan kapirêng mungêl ing ngawang-awang, sarta sanalika wau para pandhita ingkang masrahakên lajêng sami musna wontên ing sangajênging para nayaka, mantri tuwin punggawa ing Hastinapura.

Para rajaputra wau sami priksa piyambak muksanipun ingkang rama, mila anggènipun damêl sêsaji kalihan raos panalôngsa. Pandhawa salêbêtipun dipun opèni mawi pangêla-êla dening Sang Bisma tuwin Sang Widura, Sang Duryudana ingkang agêng dosanipun, mèri sangêt, tansah ngangkah sagêdipun ngesahakên para Pandhawa, ngantos nindaki pandamêl kados patraping raksasa. Ananging sadaya pêpasthèn ingkang tamtu badhe kadadosan, sampun botên kenging pinalangan, mila sadaya pandamêlipun Sang Duryudana makatên wau, katawis kados patrapipun rare alit. Para Pandhawa dipun trekah, saking dhawuhipun Prabu Drêtharastra, kapurih kesah dhatêng Waranawata, para Pandhawa sami angèstokakên. Wontên ing ngriku dipun angkah dening Sang Duryudana, sagêdipun sirna kabêsmi, ananging botên kalêksanan tiwas, amargi para Pandhawa tansah angèstokakên sapitêdahipun ingkang paman Sang Widura, mila sagêd oncat saking bêbaya latu ing Waranawata. Para Pandhawa saoncatipun saking Wanarawata, nyirnakakên raksasa Hidhimba. Sasampunipun lajêng bidhal dhatêng nagari Ekacakra, wontên ing ngriku sagêd amêjahi raksasa raja Prabu Baka. Sapêjahipun raksasa Prabu Baka, lajêng sami dhatêng Pancala nglêbêti sayêmbara, kalampahan sagêd amboyong putri Pancala Dèwi Drupadi, lajêng kagarwa para Pandhawa gangsal, wasana sami kondur malih dhatêng ing Hastinapura.

--- 462 ---

Para Pandhawa anggènipun wontên ing Hastinapura ngantos dangu kalayan wilujêng, panggalihipun têntrêm, sarta sami pêputra. Sang Yudhisthira pêputra Sang Prêtiwindya, Sang Bima pêputra Sang Sutosama, Sang Arjuna pêputra Sang Srutakirti, Sang Nakula pêputra Sang Satanika, Sang Sahadewa pêputra Sang Srutakarma. Sang Yudhisthira, anjawi anggarwa Dèwi Drupadi, ugi kagungan garwa malih, pêparab Dèwi Dèwika, putrinipun Prabu Guwasana, narendra bangsa Sêwiya. Dene angsalipun garwa wau saking anggènipun anglêbêti sayambara pilih, sarta kalayan Dèwi Dèwika, Sang Yudhisthira pêputra Sang Yudeya. Sang Bima anjawi anggarwa Dèwi Drupadi, ugi kagungan garwa malih, sêsilih Dèwi Walandara, putri nata ing Kasi. Nalika dhaup ingkang minangka kangge patumbasan: kasudiranipun sarta lajêng pêputra Sang Sarwaga. Sang Arjuna nalika samantên kesah saking praja lêlana brata ngantos dumugi ing Dwarawati. Wontên ing ngriku andhustha putri kadangipun Sri Krêsna. Dèwi Sumbadra, ingkang misuwur manis wicaranipun. Wasana Sang Arjuna lajêng kondur dhatêng ing Hastinapura, kalayan sukaning panggalih. Sang Arjuna kalayan Dèwi Subadra pêputra Sang Abimanyu, ingkang widakda dhatêng saliring rèh, sarta dipun trêsnani sangêt dhatêng Krêsna. Sang Nakula ugi kagungan garwa sanèsipun malih putri ing Cèdhi. Dèwi Karenuwati, sarta pêputra Sang Niramitra. Sang Sahadewa nate nglêbêti sayambara pilih dhatêng nagari Madra, kalampahan sagêd amboyong putrinipun Prabu Dyutimai, nata ing Madra, sêsilih Dèwi Wijaya, lajêng kapundhut garwa, sarta pêputra Sang Suhotra. Sang Bima sadèrèngipun para kadangipun sakawan sami krama, sampun kagungan putra Sang Gathutkaca, patutan saking Dèwi Hidimbah (Arimbi).

Inggih kados ingkang sampun kula aturakên punika, kawontênanipun para Pandhawa gangsal. Dados para Pandhawa wau

--- 463 ---

pêputra sawêlas. Para putra sawêlas wau ingkang sagêd nurunakên widadaning kaprabon Sang Abimanyu. Dene Sang Abimanyu krama angsal putri ing Wiratha Dèwi Utarah (Utari). Dèwi Utarah ambabar jabang bayi, ingkang sawêg nêm wulan wontên ing kandhutan, miyos kakung, nanging nalika lair sampun pêjah, Sri Krêsna ngaturi Dèwi Kunthi supados amangku jabang bayi, sarwi matur: "Jabang bayi ingkang sawêg umur nêm wulan wontên ing kandhutan punika, badhe kula gêsangakên malih".

Jabang bayi wau wontênipun ngantos lair dèrèng wanci jalaran kabêsmi dening dêdamêlipun Sang Aswatama, sarta nalika sawêg lair katingal ngalêntrih tanpa kakiyatan, ananging sarêng sampun dipun gêsangakên Sri Krêsna malih, malah dados langkung santosa, kawistara manawi rare wau gadhah kasêktèn linangkung. Jabang bayi sasampunipun gêsang, Sri Krêsna ngandika makatên: "Sarèhning rare punika dipun lairakên dados darahing bangsa ingkang sawêg têtumpêsan mila kula namèkakên: Pariksit".

Dhuh, Prabu Janamêjaya, Sang Pariksit anggarwa ibu paduka Dèwi Madrawati, miyosi paduka. Samangke paduka pêputra kalih, Sang Satanika, tuwin Sang Kukarna, sami miyos saking pramèswari paduka Dèwi Wapustama, punapadene putra paduka Sang Satanika, ugi sampun pêputra Sang Aswamêdadhata, miyos saking garwa, putri ing Widhêha.

Dhuh, Prabu Janamêjaya, samangke paduka sampun priksa cariyos nalurinipun darah Puru, tuwin para putra wayahipun para Pandhawa. Cariyos sakêlangkung sae sarta sukci, punapadene sagêd angagêngakên kautamèn, kados ingkang sampun kula aturakên wau, punika prayogi sangêt manawi asring dipun mirêngakên. Para brahmana ingkang têtêp dhatêng sêsanggêman, tuwin para ksatriya ingkang têtêp dhatêng ksatriyanipun, punapadene para waisya, manawi mirêngakên cariyos wau, kêdah anggatosakên kalayan têmên-têmêning manah, dene para sudra, ingkang

--- 464 ---

bakuning kuwajiban namung angladosi sarana bau suku, dhatêng golongan bangsa têtiga wau, manawi mirêngakên kêdah kanthi ngaosi. Para brahmana putus dhatêng Wedha, utawi sintên kemawon, ingkang nyariyosakên utawi mirêngakên cariyos wau, bilih mawi pangaji-aji ing têmbe badhe minggah swarga, tatunggalan kalihan para minulya, tansah dipun èringi saha dipun luhurakên para jawata, tuwin para brahmana, utawi sanès-sanèsipun.

Sêrat Mahabharata punika iyasanipun sang linangkung Rêsi Wiyasa; manawi pinuju kacariyosakên kalayan têmên-têmêning manah sarta cêtha, mangka para brahmana ingkang sampun mangêrtos dhatêng suraosing Wedha, punapadene golongan tiyang sanès-sanèsipun, purun mirêngakên, têmtu badhe tampi nugraha agêng, sagêd minggah swarga, saking lêlabêtan anggènipun nglampahi wêwarahing agami. Tiyang makatên wau, sanajan kathah dosanipun, botên badhe kawiyah ing asanès. Ing Sêrat Barata ugi wontên slokanipun ingkang mungêl makatên: "Layang Barata iku kaanane padha karo Wedha, èdine ora ana kang madhani, bisa marakake sugih, misuwur, andawakake umur, mula prayoga dirungokake lawan sênêng sarta têmên-têmêning ati".

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sangang dasa gangsal, golongan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB XCVI. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos: "Ing nguni wontên narendra têdhak Ikswaku, jêjuluk Prabu Mahabisa, jumênêng nata binathara mangrèh salumahing bantala, sêtya tuhu ing ngandika, sarta sudira ing rananggana. Sang prabu sampun sagêd damêl rênaning panggalihipun para dewa, saking anggènipun sêsaji kapal rambah kaping sèwu, sarta sêsaji rajasuya kaping satus, mila katarimah winênangakên dêdunung wontên

--- 465 ---

karang kadewatan, tatunggilan kalayan para minulya.

Nuju ing satunggaling dintên, para jawata sami kalêmpakan badhe manêmbah ing ngarsanipun Hyang Brahma. Kajawi para jawata wau, kathah para raja pinandhita, ingkang sami tumut manjing ing pasamuan, punapadene Prabu Mahabisa ugi botên kantun. Dèwi Gangga, ingkang sinêbut ratuning lèpèn, ugi tumut badhe nelakakên sungkêming dhatêng Hyang Brahma. Pangagêmanipun sarwa pêthak, tiningalan maya-maya kados sunaring rêmbulan.

Kacariyos rikala samantên wontên angin agêng, sarêng nêmpuh dhatêng sang dèwi, kadosdene nyêndhal angêmipunagêmipun nyamping, ngantos marucut saking sarira. Para jawata sarêng priksa, lajêng sami tumungkul, namung Prabu Mahabisa piyambak ingkang botên tumungkul, malah ngawasakên botên kêdhèp-kêdhèp, mila lajêng kenging sotipun Hyang Brahma makatên: "He, Mahabisa, sarèhne sira isih sulap marang warnane Apsara Gangga, nganti ninggal kasusilan, mula sira bakal linairake, apadene Gangga uga tinurunake marang marcapada, ngrêncana marang sira. Manawa sira ora kengguh dening pangrêncana mau, sira bisa luwar saka ing sot ingsun, sarta kaparêng tatunggalan kalawan para jawata manèh".

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyos: "Nalika samantên Prabu Mahabisa misik dhatêng para narendra tuwin pandhita ing marcapa,marcapada manawi badhe manjalma dados putranipun Prabu Pratipa, ingkang linangkung ing kasudiranipun. Dèwi Gangga sarêng priksa manawi panggalihipun sang prabu kagiwang, ugi lajêng tumurun angejawantah dhatêng marcapada, supados sagêd pinanggih kalayan sang prabu. Sang dèwi lampahipun wontên ing margi kasarêngan para wasu (golonganing bangsa dewa), ingkang ugi sami lumampah badhe tumurun dhatêng marcapada. Sarêng sang dèwi priksa pasêmonipun para wasu wau sami pêtêng, Dèwi Gangga pitakèn: "Dhuh, kisanak,

--- 466 ---

punapa darunanipun têka jêngandika sadaya kawistara ing sêmu kasingkêlan ing panggalih?"

Wangsulanipun para wasu: "O, kawuningana, kula sadaya punika sami tampi sotipun têtungguling para rêsi Sang Wasistha, kêdah tumurun dhatêng marcapada. Manawi ngèngêti dhatêng kalêpatan kula, pantêsipun kenging dipun apuntên, nanging sang rêsi pinuju mêngku duka. Mênggah sakawitipun makatên: Ing wanci sêrap surya, nglêrêsi Sang Wasistha sawêg lênggah samadi, nêtêpi kuwajibanipun manêmbah dhatêng dewa, kula sadaya sami dumrojog tanpa paliwara badhe pinanggih sang rêsi. Kalèntuning patrap kula makatên wau, mimbuhi dukanipun mila kula sadaya lajêng dipun êsotakên makatên: Jêngandika sadaya badhe linairakên dhatêng marcapada dados manusa. Kula sadaya saèstunipun botên kawasa damêl sandening sot ingkang sampun kawêdhar wau, awit pangandikanipun sang rêsi punika namung nglanturakên dhawuhing Hyang Brahma kemawon. Dhuh, sang dèwi sarèhning jêngandika ugi badhe angejawantah dados manusa èstri wontên ing marcapada, manawi andadosakên panujuning panggalih, kula sadaya kaparênga dados putra jêngandika. Dhuh, kêkasihing dewa, kula botên kadugi lumêbêt ing guwa garbaning pawèstri bangsa manusa.

Wangsulanipun Dèwi Gangga: "Mugi pangajêng-ajêng jêngandika sadaya sagêd kasêmbadan, ananging sintên ingkang jêngandika pilih dados sudarma, têmtunipun titah manusa minulya sukci sarta linangkung?"

Wangsulanipun para wasu: "Ing marcapada wontên narendra jêjuluk Prabu Pratipa, ing têmbe badhe pêputra ingkang pawingkingipun jumênêng nata binathara misuwur ing jagad, pêparab Prabu Santanu. Inggih Prabu Santanu punika ingkang kula bilih dados sudarma".

Dèwi Gangga ngandika malih: "Dhuh, para jawata ingkang tanpa dosa, karsa jêngandika makatên punika condhong kalayan

--- 467 ---

sêdya kula, awit kula ugi badhe dados pramèswarinipun Prabu Santanu".

Para wasu ngandika malih: "Dhuh, Dèwi Gangga, ratuning lèpèn ingkang gadhah ili tiga (dhatêng dhasaring bumi, marcapada, tuwin dhatêng swarga), kula benjing manawi sampun kalampahan lahir saking guwa garba jêngandika, mugi lajêng dipun bucala dhatêng ing lèpèn, murih tumuntên luwar, botên kadangon wontên ing marcapada".

Dèwi Gangga mangsuli pangandika: "Karsa jêngandika wau badhe kula lêksanani, nanging mugi wontêna salah satunggal ingkang kantun lêstari gêsang, dados anggèn kula wontên marcapada gadhah tilaran tuwuh".

Pangandikanipun para wasu: "Kula para wasu wolu sadaya, satunggal-satungalipun anglilahakên saprawolonipun, kêmpalipun sadaya, ing têmbe badhe wujud rare jalêr dados putra jêngandika. Wontên ing marcapada rare jalêr wau botên sêsuta, inggih kacurêsan turun, ananging kasinungan kasêktèn linangkung".

Para wasu wau sasampunipun mitungkas makatên, enggal-enggal anglajêngakên lampahipun.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sangang dasa nênêm, golongan Sambawa ing Adiparwa.

__________

BAB XCVII. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos: "Wontên narendra jêjuluk Prabu Pratipa, asih dhatêng sasamining titah, anggêntur tapa wontên ing sirahing lèpèn Gangga, ngantos pintên-pintên taun dangunipun. Ing satunggaling ditên,dintên Dèwi Gangga apsara ingkang ugi sinêbut ratuning lèpèn, mancala warni dados kênya sakalangkung endah, susila pasang solahipun sarwa ngrêsêpakên,

--- 468 ---

sagêd anggiwangakên manahing priya, lajêng miyos saking salêbêting toya mrêpêki sang prabu, tanpa sraba lênggah ing pangkonipun sang prabu wontên ing pupu têngên. Lêkasipun Dèwi Gangga makatên punika, rubeda agêng tumrapipun priya, tamtunipun anggèning badhe nanggulangi sêngsêmipun awrat sangêt, candranipun kados tiyang dipun pasrahi ngangkat kajêng agêng, sagêdipun kangkat, saèstu kêdah ngêtog karosan. Sang dèwi sarêng sampun lêrêm anggènipun lênggah wontên ing pangkon, sang prabu ngandika kalayan manis: "He, kênya kang sarwa ngrêsêkape ati, apa kang dadi karêpira, têka banjur lungguh ana ing pangkon ingsun".

Sang dèwi mangsuli atur: "Dhuh, sang prabu, mugi kaparênga nampi panyuwun kula dadosa garwa. Manawi para linangkung saèstonipun sirik, upami nampika dhatêng pawèstri ingkang masrahakên jiwa raganipun, tuwuh saking kakêncanganingkakêncênganing sêdyanipun piyambak".

Prabu Pratipa mangsuli pangandika: "He, wanudya kang endah ing warna, muga aja andadèkake runtiking atinira, sanadyan kaya apa ardaning panggalih ingsuh marang wong wadon, nanging ingsun wus prasêtya ora nêdya carêm kalawan wong wadon kang wus winêngku ing priya, utawa kang dudu darahing narendra".

Atur wangsulanipun Dèwi Gangga: "Upami paduka mundhut garwa dhatêng kula, punapa anggalih kirang pantês, awit saking kuciwaning warni utawi botên satimbang, dumèh dede darahing narendra. Kawuningana sinuwun, kula punika apsara ing kaswargan, kalêbêt pinunjul piyambak. Dhuh, sang prabu, kula kêpengin sangêt suwita wontên ing ngarsa paduka, mila mugi kaparênga anampèni".

Dhawuh pangandikanipun Prabu Pratipa: "Nini, ingsun prasêtya kaya kang wus ingsun tuturake mau, dadi iya ora bisa

--- 469 ---

mituruti karêpira iku, awit manawa ingsun kongsi nêrak prasêtya, têmtu nandhang cintraka. Wruhanira nini, anggonira ngrangkul jangganingsun iki, sarta lungguh ing pangkon pupu têngên, iku satêmêne palungguhane anak wadon, dene yèn garwa ana ing pupu kang sisih kiwa. Sarèhne sira ora milih kang kiwa, iku mratandhani yèn dudu garwa, aluwung sira nyuwuna dadi mantuningsun, têmtu bakal ingsun tampa".

Dèwi Gangga matur: "Dhuh, ingkang wicaksana, manawi makatên kaparênging karsa paduka, kula sandika nglampahi. Sawanci-wanci manawi wontên karsa paduka andhaupakên kula kalayan ingkang putra, botên badhe lênggana. Kawuningana sinuwun, anggèn kula karaya-raya purun nglampahi badhe dados garwanipun ksatriya têdhak Barata, punika sêdyaning manah badhe nyêmbuh kaluhuran paduka. Dhuh, narendra têdhak Barata, paduka punika pandam pangayomanipun para narendra trah Barata, ingkang sumêbar ing salumahing bantala tanpa petangan kathahipun, upami kapetang ing dalamdalêm satus taun, dèrèng sagêd têlas saking kathahipun. Para nata darah Barata wau, luhur sarta utamining panggalih, ngantos tanpa upami. Dhuh, sinuwun, mugi dipun yêktosana, manawi kula kalampahan dados putra paduka mantu, ingkang putra kados botên badhe kacuwan saking anggèn kula angladosi. Kula badhe tansah ngangkah dhatêng karaharjanipun, sarta sagêdipun angsal swarga, sarana: kula badhe sêsuta jalêr ingkang utami, punapadene kula badhe ambudidaya murih putra paduka tansah tumindak ing kautamèn, tuwin luhur bêbudènipun".

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Dhuh, Sang Prabu Janamêjaya, Dèwi Gangga Apsara ing kaswargan, satêlasing aturipun lajêng musna saking palênggahan, dene Prabu Pratipa anggènipun badhe anglêksanani kasagahanipun dhatêng Dèwi Gangga, ngêntosi sasampunipun kagungan putra ngantos dumugi ing diwasanipun.

--- 470 ---

Prabu Pratipa, agul-agul sarta pandam pangayomanipun para ksatriya darah Kuru, rikala mêsu brata ngèsthi sagêd pêputra miyos saking pramèswari, ananging kasêmbadaning sêdya, sang prabu sampun kaladuk ing yuswa, dene putra ingkang miyos punika, botên liya inggih panjanmanipun Prabu Mahabisa, kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng. Putranipun Prabu Pratipa wau kaparingan nama: Santanu. Wontênipun makatên amargi nalika miyosipun ingkang rama sampun kawasa mangrèh sakathahing pêpenginan sarana tapa brata.

Sang Santanu, pêpêthinganing ksatriya têdhak Kuru, priksa bilih kamulyan langgêng punika kenging ginayuh sarana pandamêl sae, ing satunggaling dintên, Sang Santanu dipun pangandikani ingkang rama makatên: "Kulup, Santanu, ing nguni ana apsara ngejawantah katêmu lan ingsun, sêdyane arêp gawe kamulyanira, mula manawa sira kêtêmu ijèn, môngka nêmbung kapengin sêsuta kalawan sira, banjur saguhana sarta garwanên, dene warnane apsara mau luwih dening endah. Kulup, ingsun mitungkas, apsara mau sajroning sira wêngku, sasolahe kang pantês utawa ora pantês, aja pisan sira aruh-aruhi utawa sira waoni, apadene aja tinakonan jênêng lan pinangkane utawa kang sêsuta, awit saka dhawuh ingsun".

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Prabu Pratipa sasampunipun andhawuhakên makatên, lajêng sèlèh kaprabon, Sang Santanu kagêntosakên jumênêng nata, dene ingkang rama Prabu Pratipa jêngkar saking praja martapa wontên ing wana.

Prabu Santanu punika limpat ing budi, prabanipun sumorot pindha Bathara Indra, ananging karêmênanipun babêdhag, mila sadintên-dintên kenging kawastanan mèh botên kêndhat wontên ing wana, damêl pêpêjah dhatêng sangsam tuwin andaka pintên-pintên. Anuju ing satunggaling dintên Prabu Santanu bêbêdhag wontên ing wana, kapisah kalihan wadyabalanipun, lumampah

--- 471 ---

piyambak ing têpining lèpèn Gangga, ngantos anjog ing satunggaling panggenan ingkang asring kangge palinggaranipun para sidha, tuwin para carana. Wontên ing ngriku sang prabu priksa kênya endah ing warni, pindha Dèwi Sri ngejawantah, wajanipun rêntêt arampak gilar-gilar kados mutyara, ngagêm sangsangan tuwin anting-anting, binggêl sarta karoncong kados apsara. Dene pangagêmanipun sêmbêt, warninipun alus miyar-miyur, sarta sumorot sakêlangkung endah, sêmunipun kados sêrating sêkar tunjung tinênun sang prabu anjêngêr, wuluning sarira sanalika anjêgrik, ing panggalih sakêlangkung gawok, nguningani endahing warninipun kênya wau, sarta botên kêdhèp-kêdhèp pamandêngipun, ing panggalih kapencut, upami tiyang ngorong dulu toya wêning kados tumuntên dipun unjuka, ananging sanadyan kalampahana kaunjuk, têmtu botên sagêd damêl marêming ngorongipun. Pun kênya ugi botên beda kados makatên, anggènipun mandêng dhatêng sang prabu, ingkang mancorong guwayanipun tanpa sampun, andalongob botên purun-purun tumungkul, salêbêting manah gonjing, saking kasêngsêmipun dhatêng sang prabu. Pagudaraosing batos, ing sagêsangan punika botên nêdya mantuni anggènipun nyawang dhatêng sang prabu. Prabu Santanu botên sarônta ing panggalih, marêpêki pun kênya sarwi ngandika arum makatên: "He, nini, kang nawon kêmit lambunge, sira iku sapa, apa pêri prayangan utawa putri danawa, bangsaning gandarwa, apa apsara, putri yaksa, apa putri naga, utawa apa manusa. He, sira kang endah ing warna kaya widadari ing kaswargan, pangarêp-arêp ingsun, muga sira dadia têtimbangan, ngrênggani kadhaton ing Hastinapura".

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sangang dasa pitu, golongan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

--- 472 ---

BAB XCVIII. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos: "Kacariyos kênya endah, inggih punika pangejawantahipun Dèwi Gangga, sarêng dipun pangandikani Prabu Santanu, kalihan manis kêdaling pangandika sarwi mèsêm, sanalika sang dèwi ingkang tanpa cacad ing warni, kèngêtan kasagahanipun dhatêng para wasu, mila botên sampun-sampun anggènipun mrawasa panggalihipun sang prabu, sarana liniring netra tuwin manising wicara, makatên aturipun: "Sinuwun, kula ugi sandika nglampahi dados pramèswari paduka, sarta nêdya badhe miturut ing sakarsa, ananging kula gadhah panyuwun, mugi sampun ngantos nyaruwe utawi maoni dhatêng sadaya tindak kula, ingkang paduka galih prayogi utawi botên prayogi, punapadene sampun ngantos ngandika ingkang damêl sêriking manah kula. Paduka sadangunipun taksih nêtêpi kados atur panyuwun kula, kula ugi taksih badhe lêstantun ngladosi ananging manawi paduka ngantos nêrak ing janji, inggih sanalika punika paduka kula tilar".

Dhawuh wangsulanipun sang prabu: "Panyuwunira mangkono iku ingsun parêngake".

Kacariyos, kala samantên Dèwi Gangga lajêng kagarwa Prabu Santanu. Narendra linangkung tatungguling darah Barata. Sang dèwi sakêlangkung bingahing panggalih, tinurutan panyuwunipun, makatên ugi sang prabu, dene kagungan pramèswari apsara pinunjul. Narendraning bawana Prabu Santanu kasok panggalihipun dhatêng tindak-tanduk tuwin endahing warni, sarta luhuring bêbudènipun Dèwi Gangga, dhasar Sang Dèwi Gangga apsara ing kaswargan, ugi sinêbut ratuning lèpèn, ingkang anggadhahi ili têtiga (dhatêng kaswargan marcapada tuwin dhasaring bumi), ingkang maujud manusa èstri, warninipun sakêlangkung endah, dening utamining pandamêlipun, sarta dados

--- 473 ---

pramèswarinipun Prabu Santanu gêgembonging para narendra ingkang kaluhuranipun prasasat Bathara Indra, sakalihan sami mulya sugêngipun. Dèwi Gangga botên kêndhat angènipunanggènipun mêmalat sihipun sang prabu, sarana anandukakên manising liring, susilaning patrap, tuwin aruming wicara, punapadene parigêling babêksan, sarta widakdaning anênabuh. Sadaya wau namung kangge nginggah panggalihipun sang prabu, sêmipun dhatêng sang dèwi, sang prabu kenging kawastanan ngantos kèrêm, botên kraos bilih anggènipun mangun suka kalihan ingkang garwa wau, sampun pintên-pintên taun dangunipun, sarta sampun pêputra wolu, sadaya warninipun bagus-bagus, kados rare babaran ing kaswargan.

Dhuh, narendra têdhak Barata Prabu Janamêjaya, ananging kawuningana, Dèwi Gangga sabên ambabar putra, lajêng dipun bucal dhatêng ing lèpèn, kalayan ngandika makatên: "Lêkas ingsun mangkene iki dimèn kasêmbadan kapêpirakarêpira kang bêcik. Jabang bayi sasampunipun kacêmplungakên, lajêng amblês botên mathungul malih. Sang prabu sanadyan ing panggalih botên rêna dhatêng patrapipun Dèwi Gangga ingkang sabên-sabên makatên wau, ewadene botên karsa nyaruwe, sumêlang bokmanawi katilar ingkang garwa. Ananging sarêng ambabar putra ingkang kaping wolu, jabang bayi badhe kabucal dhatêng lèpèn malih kados ingkang sampun-sampun, sang prabu sakêlangkung wêlas dhatêng ingkang putra, sarta ing sêmu botên rêna sangêt nguningani lêkasipun ingkang garwa makatên wau, mila kapêksa mambêngi, ing pangangkah badhe mitulungi, sampun ngantos ingkang putra kalajêng dipun bucal, makatên pangandikanipun: "He, yayi, aja sira bacut-bacutake panggawenira mangkono iku, prasajaa bae, satêmêne sira iku sapa, sapa kang sêsuta, lan apa sababe dene sabên anyirnakake putranira dhewe, he tukang matèni anak, dosa kang sira lakoni iku abot sanggane".

--- 474 ---

Dèwi Gangga nalika dipun pangandikani sang prabu makatên wau lajêng matur: "Dhuh, sang prabu, sayêktosipun kula ugi botên maibên, anggèn paduka ngantos nêrak prasêtya, awit tiyang punika tamtunipun kêpengin gadhah anak lajêr, môngka paduka sampun kalêksanan kagungan putra, sarta kengingn kawastanan papêthinganing janma ingkang pêputra jalêr, mila rare punika botên saèstu kula sirnakakên. Ananging têtêping ubaya, paduka kêdah kula tilar kesah, dados namung dumugi samantên kemawon anggèn kula tatunggilan kalayan paduka. Kawuningana sinuwun, sayêktosipun kula punika Bathari Gangga, sasêmbahanipun para pujangga agêng, putrinipun Bathara Jahnu. Wontênipun kula ngantos maujud manusa, sarta têtunggilan kalihan paduka, punika wigatos angèstokakên dhawuhing jawata agung. Dhuh, sinuwun, wasu wolu ingkang kaloka, sakêlangkung sêkti, sami kenging sotipun Rêsi Wasistha, kêdah tinurunakên dhatêng marcapada dados manusa, ananging ing marcapada botên wontên pawèstri ingkang kuwawi dados biyungipun, kajawi widadari ngejawantah, dados manusa kados kula punika. Makatên ugi botên wontên priya ingkang pantês dados sudarmanipun anjawi paduka, mila kula tumurun ing marcapada, wigatos anglairakên wasu wau, paduka sudarmanipun. Awit saking punika paduka badhe angsal nugraha, wênang dêdunung wontên ing alam kamulyan langgêng. Kula ing nguni sampun sagah badhe ngluwari dhatêng wasu wolu wau, anggènipun nandhang sotipun Rêsi Wasistha, ingkang ugi pêparab Sang Apawa, manawi para wasu wau sampun tumitah dados manusa lantaran saking guwa garba kula. Sampun sinuwun, mugi kantuna raharja, kula kalilana kesah saking ngarsa paduka, kula namung ngaturakên piwêling kemawon: mugi rare punika dipun opènana ingkang prayogi, awit ing têmbe badhe nglampahi kuwajibanipun, pakaryan agêng sakêlangkung arwat. Ing nguni kula ugi pratela dhatêng para wasu, dangunipun anggèn kula têtunggilan [têtung...]

--- 475 ---

[...gilan] kalihan paduka, punika manawi para wasu wau sampun kula lairakên sadaya. Samangke sampun kalampahan, botên langkung rare punika mugi dipun parabana: Ganggadata.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sangang dasa wolu, golongan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB XCIX. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Prabu Santanu ngandika: "Apa mulane têka wasu wolu mau disotake Rêsi Apawa, kudu tumurun marang marcapada, linairake dadi manusa, lan putranira Si Ganggadata iki wis tau nglakoni dosa apa, dene banjur diêmorake lan para manusa ing môngka para wasu mau dewa sasêmbahane sagung tumitah ing tribawana. Anjaba iku Rêsi Apawa iku sapa. Dhuh, putrine Bathara Jahnu, ingsun kapengin sumurup lêlakone, mula caritakna".

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dèwi Gangga lajêng nyariyosakên lêlampahanipun para wasu wau, makatên aturipun:

"Dhuh musthikaning narendra têdhak Barata, Rêsi Wasistha ingkang ugi sinêbut Rêsi Apawa, dhêdhepok wontên ing imbanging rêdi Mèru, ratuning rêdi, punika putranipun Hyang Baruna. Pasitèn ing sakiwa têngêning padhepokanipun sang rêsi wau sukci, kathah pêksi sarta sato wana ingkang sami manggèn wontên ing ngriku, punapadene kathah wiwitanipun môncawarni, ingkang sêkar manut mangsanipun piyambak-piyambak. Rêsi Wasistha têtungguling para utami wau, manawi mêsu brata milih papan ing sacêlakipun ngirku, ingkang kathah wowohanipun punapadene pala pêndhêm tuwin toya".

--- 476 ---

"Dhuh, bêbanthènging darah Barata, kacariyos, Dèwi Surabi putrinipun Hyang Daksa, sarta kapingin sangêt badhe damêl kamulyaning jagad, krama angsal Hyang Kaswapa Rêsi Kaswargan pêputra mêdal wujud lêmbu èstri kanamakakên Nandhini, inggih punika dewaning lêmbu sarta ingkang kawastanan sapi pangarêp-arêp (têgêsipun nandhini punika kawasa minangkani sadaya pangajêng-ajêngipun sintêna ingkang gadhah panêdha), dene ingkang dipun wênangakên gadhuh lêmbu wau Rêsi Wasistha putranipun Hyang Baruna, wigatos sagêda nyampêti kabutuhanipun manawi damêl sêsaji homa. Nandhini wontên ing padhepokanipun Rêsi Wasistha dipun pundhi-pundhi para mauni, ingkang sami dêdunung wontên ing wana sakiwa têngênipun ngriku mila manawi saba dhatêng ing wana sukci ingkang nêngsêmakên manah wau, botên wontên ingkang ngarubiru".

"Dhuh narendra têdhak Barata, ing satunggaling dintên, para wasu wolu sagarwanipun sami lêlangên wontên ing wana sukci, ingkang dipun pêpêtri para jawata tuwin para dewa rêsi dene ingkang minangka pangajêngipun Wasu Pritu. Sarawuhipun wontên ing ngriku lajêng sami musup-musup pagrumbulan, anjajah ing salêbêting wana sarwi suka-suka. Dhuh, sang nata Prabu Santanu, garwanipun Wasu Dyahu ingkang lêncitlêncir dêdêg pangadêgipun, tuwin sakalanglung endah ing warni, sarêng dumugi satunggaling panggenan salêbêting wana wau, priksa Nandhini sang dèwi gumun sangêt, awit Nandhini punika mripatipun wiyar sumorot kados sêsotya, ing jaja kathah pênthilipun, buntut panjang ngantos ngalèwèr, tracakipun sae, sarta cirinipun botên wontên ingkang kuciwa, sadaya mratandhani bilih sagêd angêdalakên puhan kathah, tuwin sagêd damêl kabêgjan. Sanalika wau sang dèwi ngaturi priksa dhatêng ingkang raka Wasu Dyahu".

"Dhuh, sang prabu, Sang Dyahu sarêng wunina Nandhini, sakêlangkung gawok, dene wontên lêmbu makatên saenipun, sarta tanpa cacat, wasana ngandika dhatêng ingkang garwa: He,

--- 477 ---

yayi, sapi iki darbèke rêsi kang manggon ing padhepokan asri kang sira dulu mau. He, kang nawon kêmit lambunge, sapa kang ngombe pêrêsane sapi iku awèt nom, nganti sayuta taun ora salin rupane.

Dhuh, papêthingane narendra, Prabu Santanu, sarêng widadari ingkang tanpa cacat, garwanipun Wasu Dyahu, ingkang mancorong prabanipun, dipun pangandikani ingkang raka makatên wau, lajêng matur: Kawuningana pukulun, kula punika gadhah mitra wontên ing marcapada, sêsilihipun Dèwi Jitawati, taksih nêdhêng taruna, sakêlangkung endah ing warni, putrinipun narendra pinandhita Mahaprabu Usinara, Prabu Usinara wau kaluhuranipun prasasat jawata, limpat ing budi, sêngsêm ulah katêmênan. Dhuh, pukulun, kula kêpengin lêmbu punika dalah pêdhètipun, badhe kula sukakakên mitra kula wau, mila mugi lajêng kaalapa, supados mitra kula sagêd ngombe pêrêsanipun, sanajan wontên ing marcapada sampun ngantos kataman sêsakit, sarta botên sagêd sêpuh utawi jêmpo. Dhuh, ingkang botên kenging kinintên-kintên kalangkunganipun, mugi kaparênga mituruti panyuwun kula, awit inggih namung punika ingkang badhe sagêd damêl pamarêming manah.

Wasu Dyahu ginubêl ingkang garwa makatên wau, lajêng mosik panggalihipun nêdya mituruti. Saking dêrênging karsa, têmahan kalimput ing pêpêtêng, andhustha lêmbu Nandhini, dipun biyantu ingkang raka Wasu Pritu sakadangipun, kasupèn bilih Rêsi Wasistha punika sakêlangkung sêkti, punapadene para wasu sami botên ngrumaosi manawi badhe nandhang sangsara, jalaran saking anggènipun dhustha Nandhini.

Ing wanci sontên, taksih nunggil dintên kalihan pandhusthaning Nandhini, Rêsi Wasistha rawuh ing padhepokanipun saking ngupados wowohan, priksa manawi Nandhini sapêdhètipun botên wontên, sang rêsi gupuh angupadosi dhatêng ing wana sakiwa têngênipun padhepokan, nanging botên kapanggih, wasana sarêng

--- 478 ---

sang rêsi lajêng manungku puja samadi, ingkang pinêlêng ing cipta: ing pundi dunungipun Nandhini. Kacariyos ing salêbêting samadi sang rêsi priksa Nandhini dalah sapêdhètipun dipun bêkta para wasu. Sanalika sang rêsi duka sangêt, sarta lajêng angêsotakên dhatêng para wasu makatên: "He, para wasu, amarga sira wanuh wani andhustha sapiningsun kang adi buntute, sarta bisa ngêtokake pêrêsan kang mirasa, sira tamtu linairake ing marcapada, dadi manusa".

Dhuh, sinuwun, sang rêsi sêsampunipun ngêsotakên dhatêng para wasu, lajêng lênggah samadi malih. Kawuningana, para wasu priksa, bilih sami dipun êsotakên sang brahmarsi ingkang kinawasa wau, enggal-enggal sami dhatêng padhepokan ardi Mèru, tampa sarônta angrêrêpa ngasih-asih dhatêng sang rêsi ingkang sawêg manungku puja. Ananging para wasu wau botên kasêmbadan karsanipun, awit Sang Rêsi Apawa ingkang putus dhatêng lampah kautamèn, botên karsa paring pangapuntên, malah pangandikanipun sang utami makatên: "O, andika Wasu Dyahu tuwin wasu sanès-sanèsipun, andika sadaya sami kenging sot kula, sabên taun jêngandika badhe gêntos-gêntos linairakên dhatêng marcapada dados manusa, ananging sagêd luwar nunggil sadintên kalayan lair jêngandika. Namung Wasu Dyahu piyambak ingkang anjalari prakawis kula ngantos angêsotakên, punika ingkang badhe dangu anggènipun wontên ing marcapada, dados janma utami putus dhatêng sawarnining sêrat sukci, sarta dados anak jalêr ingkang bêkti dhatêng sudarma, ananging botên sêsuta, amargi ing têmbe badhe prasêtya botên nêdya mangun rarasing asmara kalayan wanudya. Sampun samantên kemawon, kisanak, kula botên badhe anjabêl ucap kula".

Sang brahmarsi sasampunipun ngandika makatên, lajêng jumênêng nilar para wasu. Dene para wasu ugi sami kesah. Wontên ing margi kapanggih kalayan kula, sarta gadhah panêmbung ngasih-asih, supados kula purun dados ibunipun, murih

--- 479 ---

ing têmbe manawi sampun lair dados jabang bayi, lajêng tumuntên kacêmplungna dhatêng ing lèpèn. Dhuh, sinuwun, kala samantên kula ugi nyagahi panêdhanipun para wasu. Makatên jalaranipun para wasu wau luwar saking gêsang sangsara, dene jabang bayi ingkang mêntas kula lairakên punika panjanmanipun Wasu Dyahu ingkang badhe dangu gêsangipun wontên ing marcapada".

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Dèwi Gangga satêlasing aturipun, sami sanalika musna saking ngarsanipun Prabu Santanu, kalayan ambêkta kesah jabang bayi putranipun, dhatêng panggenan ingkang sinêdya. Putranipun Prabu Santanu punika pêparabipun: Sang Gagaya, ugi ingkang sinêbut Sang Dewabrata, sarta diwasanipun bêkti sangêt dhatêng ingkang rama.

Prabu Santanu saoncatipun ingkang garwa Dèwi Gangga, sakêlangkung sungkawa ing panggalih, lajêng kondur angadhaton. Dhuh, sang prabu, samangke kula badhe miwiti nyariyosakên sakathahipun kautamèn tuwin agênging kabêgjanipun Prabu Santanu, narendra têdhak Barata, ingkang misuwur ing jagad. Sayêktosipun inggih cariyos sakêlangkung adi punika, ingkang kawastanan: Mahabharata.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping sangang dasa sanga, golongan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB C. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana cariyos: Prabu Santanu misuwur ing jagad, ingkang minôngka bêbanthènging manusa ing marcapada punika sampun mangrèh pribadinipun, ambêgipun adil lan utami, bèrbudi sarta limpat, têtêp ing pangandika, susila tuwin santosa [santo...]

--- 480 ---

[...sa] panggalihipun, saha sakêlangkung sêkti, mungkul dhatêng agami, lêlampahanipun sarwa jinurung, punapadene ugi linuhurakên dening para jawata, mila sang prabu kawasa dados pangayomanipun para darah Barata tuwin sagung manusa. Prabu Santanu punika jangganipun mawi gêrêt tiga, saèmpêr kados sompil, jajanipun wiyar, mila manawi bôndayuda pilih tandhing karosanipun kados dirada mêta, sadaya têtêngêr kautamèning narendra kenging kawastanan sampun kasarira ing sang prabu. Sêmunipun sadaya wau pancèn sampun ginadhangakên dening para jawata dhatêng panjênênganipun, awit sang prabu kajibah ing pakaryan agêng damêl rahayuning jagad. Sintêna ingkang sampun mangrêtos dhatêng kawontênanipun narendra ingkang agêng kuwajibanipun wau, tamtu lajêng sagêd kraos bilih kautamèn punika langkung aji katimbang kabingahan tuwin kabêgjan. Ringkêsipun Prabu Santanu punika sampun nyarira sadaya wêwatakan utami, sarta sayêktosipun rikala samantên ing marcapada dèrèng wontên narendra ingkang nyamèni Prabu Santanu.

Prabu Santanu, narendra têtungguling para utami, saking kathahing kautamènipun ingkang sampun kasêktèn para nata salumahing bumi, sang prabu lajêng dipun sêbut dening para nata: ratuning para narendra. Prabu Santanu narendra pangayomanipun darah Barata, sadangunipun ngasta pusaraning praja, para nata saindêngipun bawana botên wontên ingkang sisah utawi kraos giris, punapadene kapêtêngan panggalihipun bêbasan mèh kenging kawastanan namung sare sakeca, sarta nyupêna sae-sae kemawon. Prabu Santanu punika panggalihipun wantêr, sêkti môndraguna kados Bathara Indra, mila para narendra saindênging bawana sami ering sadaya, têmahan sami utami, bèrbudi tuwin ngadil sarta mungkul dhatêng agami, botên kêndhat damêl sêsaji.

--- [0] ---

DAFTAR PENERIMAAN UANG LENGGANAN SEBAGAI GANTINYA SURAT TANDA TERIMA.

TahunKwartalUanglengg.No. Langganan
1956I1018, 22
II10206, 94, 374, 225, 315, 220, 289, 205, 338, 389, 7, 81, 2, 317, 109, 328, 302, 307, 297,191, 321, 89, 347, 136, 276, 369, 345.
II, III, IV.30350.
III, IV20364.
Setoranagen:Blitar 61/4-'36 ... Rp. 160,-Blitar 9/5-'56 ... Rp. 112,-
[Iklan]

--- [0] ---

NYUWUN KAWIGATOSAN.

Nuwun, para maos ingkang minulya! Maos Sêrat Mahabharata punika mênawi sawêg maos nomêr ingkang wiwitan dumugi No. 9 ingkang kathah-kathah têmtu botên badhe marêm, malah sagêd ugi lajêng botên kêrsa nglajêngakên. Dêdongenganipun dipun galih namung ngayawara. Jalaran saking botên mangêrtos dhatêng wosing pikajênganipun. Ananging manawi mangke sampun dumugi nomêr 1 taun II salajêngipun, ing ngriku badhe wiwit katingal agênging pigunanipun, tumrap ing jaman sapunika, saking kathah piwulang-piwulang ingkang ngêmu suraos tumrap luhuring bêbudèn, inggih awit saking makatên punika, mila Sêrat Mahabharata punika sagêd sumêbar ing jagad, kasantun ing basa warni-warni, aslinipun saking basa Sanskrêta. Dene ingkang kasantun ing basa Jawi punika saking basa Inggris; ingkang basa Walandi tuwin Pêrancis, inggih wontên. Makatên ugi basa sanès-sanèsipun malih. Makatên punika botên sanès kêjawi saking èdi pèni sarta luhuring suraosipun, kenging dipun angge sarana ngangkat kaploroting drajat kamanungsanipun manusa. Wasana sumôngga.

Atur taklim kula,

Pênêrbit lan Rêdhaksi.