Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mahabharata (Tahun 1: 08), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  2. Mahabharata (Tahun 1: 09), Dwipayana, 1955, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  3. Mahabharata (Tahun 2: 01), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  4. Mahabharata (Tahun 2: 05), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  5. Mahabharata (Tahun 2: 06), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  6. Mahabharata (Tahun 2: 08), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  7. Mahabharata (Tahun 2: 11), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  8. Mahabharata (Tahun 2: 12), Dwipayana, 1956, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  9. Mahabharata (Tahun 3: 01), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  10. Mahabharata (Tahun 3: 02), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  11. Mahabharata (Tahun 3: 03), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  12. Mahabharata (Tahun 3: 04), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  13. Mahabharata (Tahun 3: 05), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  14. Mahabharata (Tahun 3: 06), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  15. Mahabharata (Tahun 3: 07), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  16. Mahabharata (Tahun 3: 08), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  17. Mahabharata (Tahun 3: 09), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  18. Mahabharata (Tahun 3: 10), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  19. Mahabharata (Tahun 3: 11), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  20. Mahabharata (Tahun 3: 12), Dwipayana, 1957, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  21. Mahabharata (Tahun 4: 01), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  22. Mahabharata (Tahun 4: 02), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  23. Mahabharata (Tahun 4: 03), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  24. Mahabharata (Tahun 4: 04), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  25. Mahabharata (Tahun 4: 05), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  26. Mahabharata (Tahun 4: 06), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  27. Mahabharata (Tahun 4: 07), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  28. Mahabharata (Tahun 4: 08), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  29. Mahabharata (Tahun 4: 09), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  30. Mahabharata (Tahun 4: 10), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  31. Mahabharata (Tahun 4: 11), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  32. Mahabharata (Tahun 4: 12), Dwipayana, 1958, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  33. Mahabharata (Tahun 5: 01), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  34. Mahabharata (Tahun 5: 02), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  35. Mahabharata (Tahun 5: 03), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  36. Mahabharata (Tahun 5: 04), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  37. Mahabharata (Tahun 5: 05), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  38. Mahabharata (Tahun 5: 06), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  39. Mahabharata (Tahun 5: 07), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  40. Mahabharata (Tahun 5: 08), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  41. Mahabharata (Tahun 5: 09), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  42. Mahabharata (Tahun 5: 10), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  43. Mahabharata (Tahun 5: 11), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
  44. Mahabharata (Tahun 5: 12), Dwipayana, 1959, #1855. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Mahabharata
Citra

No. 8. Tahun ke II. 7 Agustus 1956.

Sêrat MAHABHARATA.

Anggitanipun Rêsi Krêsna Dwipayana Weda Wiyasa.

[Grafik]

Kawêdalakên sabên wulan sapisan.

Permintaan Nomer Contoh hendaknya disertai harganya Rp. 3.50

--- [0] ---

"SÊRAT MAHABHARATA"

Sêrat MAHABHARATA punika sampun nate kawêdalakên dados majalah wulanan mawi basa Jawi aksara Jawi, dening Pakêmpalan Theosofi ing Surakarta, kala taun 1927. Ananging dèrèng ngantos tamat, jalaran saking sabab warni-warni.

Samangke kawêdalakên malih, wiwit tanggal 7 April 1955 ugi mawi basa Jawi, ananging aksara Latin, ngèngêti ewah-ewahaning jaman. Kapimpin dening sadhèrèk S. Satyapranawa, sêsêpuhipun Loge Theosofi samangke, sawarni Redhaktur ingkang tanggêl jawab. Kabantu dening sadhèrèk Kusumadihardjo redhaktur majalah Brahmawidya. Kantoranipun nunggil ing Jalan Balapan No. 189/295 SOLO (Surakarta).

Kalihan ngêntosi saya kathahipun ingkang karsa sami lêngganan, sadhiyan nomêr wiwitan satêrusipun dipun kathahi, murih ingkang badhe lêngganan wiwit nomêr kawiwitan botên kacuwan.

__________

ARTA LÊNGGANAN

Sakwartal Rp. 10,- ... Ècèran sabuku Rp. 3,50.

Arta kasuwun rumiyin.

Alamat Red./Adm. Jl. Balapan No. 189/259 SOLO.

__________

Isinipun taksih kalêbêt peranganing Adiparwa.

__________

Surat idzin pênêrbitan No. 80/DPKN/Prd/55. Tanggal 23 Maart 1955.

__________

Sagêd mundhut tumbas S.M.B. No. 1 dumugi no. 9 taun 1955 rêgi Rp. 30.- potongan 20%.

--- 513 ---

Sêrat Mahabharata No. 8.

7 Agustus 1956.

Ing satunggiling dintên sang prabu manggihi Rêsi Dirgatama kalihan ngandika makatên: "Bagawan, punapa lare sawêlas punika putra kula sadaya?"

Wangsulanipun Rêsi Dirgatama makatên: "Kawuningana sinuwun sayêktosipun lare sawêlas punika anak kula, ingkang dipun lairakên dening pawèstri bangsa sudra, sanès saking garwa pramèswari paduka. Jalaran nalika sang dèwi kala samantên ngawuningani wujud kula sampun sêpuh tur wuta, lajêng botên karsa nyêlaki kula, nanging dhawuh dhatêng satunggiling parêkan supados nyulihi panjênênganipun, makatên punika suraosipun andamêl wirang kula".

Sarêng mirêng aturipun Rêsi Dirgatama makatên wau, sang prabu enggal-enggal lajêng nglipur panggalihipun sang rêsi sarta animbali ingkang garwa, dipun arih-arih supados kêrsa minangkani kêrsanipun sang prabu. Têmahan sang dèwi inggih lajêng nyêlak sang rêsi. Sarêng sampun cêlak, sariranipun sang dèwi ajêng dipun asta sang rêsi, lajêng dipun talusur kanthi ngandika makatên: "Dhuh pramèswari nata, jêngandika badhe pêputra gangsal. Dene pêparabipun Sang Angga, Sang Wangga, Sang Kalingga, Sang Pundra tuwin Sang Sumba. Sadaya wau sami mawi praba ingkang ngênguwung, sarta sami jumênêng narendra. Dene nagarinipun, namanipun sami kalihan asmanipun piyambak-piyambak. Inggih punika: Angga, Wangga, Kalingga, Pundra tuwin Sumba."

Botên sêmang-sêmang malih, bilih darahipun Prabu Wali punika widadanipun dipun sambêt dening Rêsi Dirgatama wau. Wiwitipun ing marcapada (donya) wontên prajurit jêmparing saha maharata anggarwa putri utami, punika saking anggènipun nulat lêlampahanipun Prabu Wali, inggih punika minta sraya dhatêng [dha...]

--- 514 ---

[...têng] brahmana, anyambêt turunipun, sarana nglilahakên garwanipun dhatêng sang brahmana sagêda nurunakên. Dados putrinipun bangsa ksatriya, priyanipun bangsa brahmana.

Aturipun Sang Bisma dhatêng ingkang ibu Dèwi Satyawati: Dhuh kangjêng ibu, samangke paduka sampun nguningani lampah utami pintên-pintên ingkang sayogi kangge têtuladan, kados ingkang sampun kula aturakên wau, kadospundi kaparêngipun kangjêng ibu, kula amung sumangga.

Makatên wêkasanipun bab kaping satus sakawan, saking pêrangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CV. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Sang Bisma nglajêngakên aturipun: "Dhuh ibu, mugi kaparênga andhahar dhatêng atur kula, anggalih sintên ingkang sayogi dipun saraya nyambêt darah Barata. Punapa botên ngupaya brahmana sinakti, manawi makatên ugi dipun pisungsunga êmas picis rumiyin, sasampunipun lajêng dipun aturana nyambêt darah Barata, lêlantaran pramèswarinipun yayi Prabu Wicitrawirya kalih pisan".

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Nalika Dèwi Satyawati midhangêt aturipun ingkang putra Sang Bisma makatên wau, lajêng mangsuli pangandika, kalihan pêdhot-pêdhot, ing sêmu kanthi raos pakèwêd, pangandikanipun makatên: "Kulup, ksatriya pêpêthingane darah Barata, saka bangêting pitayaningsun marang utamaning bêbudènira, mula kabèh aturira mau bakal ingsun pituruti, iya iku ingsun bakal milih sapa kang sayogya pininta saraya. Kulup sêmune sira wus sumurup, kapriye pambudidayane manawa ana pakewuh kaya kang lagi kalakon iki, dadi sira têmtu nayogyani pamilih [pami...]

--- 515 ---

[...lih] ingsun, awit upama sira iku dewa, dewaning kautaman utawa dewaning kasunyatan. Sajatine iya mung sira kang dadi pandam pangayomane para têdhak Barata. Kulup, mara gatèkna, ingsun arêp carita lan caritaningsun iki dudu dongèng, nanging pancèn nyata kalakon. Mula satamate anggon ingsun carita, banjur pikirên lan tindakna kapriye prayogane".

Wruhanamu kulup, sudarmaningsun iku sawijining wong utama. Kautamane mau dipinangkani saka mirantèni prabu marang sing sapa kang nêdya nyabrang kali Yamuna. Ing sawijining dina ingsun makili pakaryane bapa, nglakokake prau, ing kono ana sawijining maharsi pêparab: Parasara, rawuh nyêdhaki cancanganing prabu, nêmbung supaya ingsun sabrangake; sawuse sang maharsi wau lênggah ing prau, banjur ingsun wêlahi. Barêng lakuning prau têkan têngah-têngahing Yamuna, sang maharsi nyêdhaki ingsun, angarih-arih supaya ingsun anurutana ardane marang sarêsmi. Dhèk samana ingsun lagi nêdhêng-nêdhênging birahi, sarta bangêt wêdi marang wong atuwaningsun ewadene saka girise panggalih ingsun marang sote sang maharsi angungkuli wêdiningsun marang wong atuwa, enggale ingsun wêdi yèn ta ambalèkna karsane, luwih manèh sang maharsi paring palilah ingsun diwênangake darbe panyuwun, kang uga banjur dilêksanani, apadene sang maharsi iya rumêksa marang kawirangan ingsun, sarana kasaktène. Sang maharsi bisa nêkakake pêdhut kandêl anglimputi ing Yamuna, ing kono bajur nglêksanani karsane ana ing satêngahing kali.

Dhèk samana sariraningsun angganda amis, kaya gandane iwak loh, nanging saka nugrahane sang maharsi, ingsun banjur anggônda arum mangkene iki. Sang maharsi ngandika, manawa ingsun wus anglairake bayi, kang uga banjur lair ana ing pulo têngah-têngahing Yamuna, ingsun bakal waluya jatining nguni dadi parawan manèh. Dene putrane sang maharsi kang mijil saka ingsun iku diparingi pêparab: Maharsi Dwipayana, pangwasane linuwih, awit saka kasutapane. Rêsi Dwipayana [Dwipaya...]

--- 516 ---

[...na] kang misuwur ing jagad iku wus sagêd merang piwulang Wedha dadi patang bab, mulane banjur sinêbut: Wiyasa.§ Wrêdinipun: Juru anata utawi amerang-merang. Sang maharsi iku sarirane irêng, mula diparabi: Krêsna.§ Wrêdinipun: irêng Maharsi Krêsna Dwipayana Wiyasa iku sêtya tuhu ing wacana, sagêt mangrèh marang kamurkan, sarta ambrastha dosane. Dene anggone ninggal marang ingsun amarga prêlu andhèrèk ingkang rama. Manawa ana karsaningsun sarta kanthi palilahira, maharsi kang mancorong cahyane tanpa timbang ing marcapada iku, têmtu bisa nyambung darah Barata, lêlantaran randhane arinira Prabu Wicitrawirya sakarone.

Nalika Rêsi Wiyasa arêp pangkat andhèrèkake ingkang rama, ninggal wêkas mangkene: Ibu manawi paduka manggih rêribêd, mugi angèngêtana wujud kula".

Kulup Bisma, ksatriya pinunjul ing jagad, manawa sira panuju ing karsa, Maharsi Wiyasa arêp ingsun èsthi, wigatine arêp sun sraya, supaya nuwuhake wiji, lêlantaran pramèswarine kadangira kaki Prabu Wicitrawirya loro pisan, sêmono mau manawa sira têmên wus rila.

Rêsi Waisampayana anglajêngakên cariyosipun; "Golonging rêmbag, ingkang badhe dipun pinta sraya Maharsi Wiyasa, murih widadaning darah Barata. Sang Bisma kalayan asta angapurancang, matur dhatêng Dèwi Satyawati makatên: "Dhuh, ibu, padhitapandhita ingkang paduka dhawuhakên wau pancèn linangkung, awit panggayuhipun dhatêng kautaman, kanthi gênging pangatos-atos, sadaya ingkang nêdya dipun tindaki kagalih rumiyin kanthi sabar, murih sagêd kasêmbadan sadaya pangajêng-ajêngipun. Dhuh, kangjêng ibu, sajatosipun pangandika [pa...]

--- 517 ---

[...ngandika] paduka wau, kajawi migunani tumrap para têdhak Barata, ugi botên murang wêwatoning kautamèn. Dados karsanipun kangjêng ibu wau têtela prayogi".

Dhuh narendraning bangsa Kuru, satêlasing aturipun Sang Bisma, Dèwi Satyawati lajêng angèsthi dhatêng Sang Wiyasa.

Kawuningana, Sang Maharsi Dwipayana punika mumpuni dhatêng wêwadosing Wedha, sarta sampun mitungkas, kadospundi patrap pamusthinipun, samangsa ingkang ibu karsa nimbali sariranipun. Pramila sarêng kaèsthi, sami sanalika sang maharsi katingal lênggah wontên ngarsanipun ingkang ibu, botên kasumêrêpan saking pundi dhatêngipun. Dèwi Satyawati enggal angrangkul ingkang putra kalayan karuna, drêsing waspa ngantos anêlêsi sirahipun sang maharsi. Nalika sang dèwi priksa dhatêng putranipun pambajêng, botên kawawa nahan wêdaling waspanipun amargi sampun dangu botên pinanggih. Sang Dwipayana enggal angusapi pasuryanipun ingkang ibu, kalayan toya tawa, lajêng manêmbah sarwi matur makatên: "Dhuh, ibu, sowan kula ing ngarsa paduka, punika amung badhe nglêksanani dhawuh, mila sumangga, sampun ngantos wontên rangu-ranguning panggalih, tumuntên dipun ngandikakna punapa ingkang dados karsanipun ibu".

Nalika punika para paranparanipun têdhak Barata sami asung pambage dhatêng Sang Mauni Dwipayana, kalayan susilaning tanduk. Sasampunipun nampèni atur pambagenipun para paranpara, sang maharsi lajêng angucapakên mantraning pêpanggihan, kalayan pasêmon ingkang mratandhani sangêt karênan, wusana lajêng sami lênggah satata. Sasampunipun wartos-winartos kawontênanipun, Dèwi Satyawati ngandika makatên:

"Kulup pandhita linuwih, têmtune sira ora kasamaran, manawa dumadine anak iku saka bapa biyung, dadi wus cêtha manawa wawênanging biyang marang sutane iku padha bae lan bapake.

--- 518 ---

Yèn awêwaton iku mau, têtela sira iku putraningsun kang pambayun, dene kaki Prabu Wicitrawirya, iku kang waruju. Wruhanamu enggèr, Bisma iku kadange tuwa kaki Prabu Wicitrawirya nunggal bapa, sira kadange kang nunggal biyung, dadi sira iku kadang uga lan kaki Bisma, mangkono mungguh panêmuningsun. Wruhanira, kaki Bisma iku ksatriya kang sêtya tuhu ing wacana, mula kongsi ora nêdya anurunake wiji, utawa jumênêng narendra. Mulane kulup, manawa sira panuju, miturutana pamrayogane kadangira Bisma, kang wus ingsun condhongi, iya iku sira nyulihana arinira kaki prabu anggone kawajibake gawe widadaning turune darah Barata, dimèn dadi pangayomane para kawula anggone gawe amulyaningkamulyaning kabèh dumadi. Kulup, kadangira taruna kaki Prabu Wicitrawirya, iku ninggal pramèswari loro sulistya warnane kaya widadari, lan lagi nêdhêng taruna. Samêngko putri randha sakarone mau padha kapenging pêputra. Mung saka ênggone nêdya anêtêpi kautaman lan pangudane agama, rêmbuging ngakèh kang pinilih lan kinira pakolih dadi wakile kaki prabu mau sira, mula ênggèr, sira anganakna putra kang migunani tumrap bangsa Kuru, alêlantaran putri sakarone mau, dadi darah Barata ora kacurêsan turun.

Dupi Maharsi Dwipayana mirêng pangandikanipun ingkang ibu makatên wau, lajêng matur: "Dhuh ibu, paduka saèstu botên kakilapan, punapa ingkang dipun wastani utami ingatasipun gêsang wontên ing marcapada, utawi wontên ing alam kaalusan. Dados karsanipun kangjêng ibu wau têmtu awêwaton kautaman. Nalika kula mirêng dhawuhipun kangjêng ibu, lajêng tuwuh osik nêdya ambiyantu murih kalêksananipun. Awit saking punika, mila kula badhe angèstokakên dhawuhipun kangjêng ibu makatên wau. Sajatosipun pandamêl punika, nugrahanipun satimbang kalayan tindak adil, makatên punika manawi wêwaton piwulanging agami. Kula kadhawahan anyulihi kawajibanipun yayi prabu anggènipun damêl widadaning turunipun darah Barata,

--- 519 ---

punika kula matur sandika. Kawuningana ibu, putra ingkang badhe kamiyosakên, warninipun pêkik kadi Bathara Yama tuwin Bathara Baruna. Murih kalampahanipun, putri randhanipun yayi Prabu Wicitrawirya kalih pisan dipun dhawuhana, supados anglêksanani sapitêdah kula, kadospundi ingkang kêdah dipun lampahi salêbêtipun sawarsa. Dados putri kalih wau sagêd sukci sayêktos sabab botên wontên pawèstri kuwawi cacêlakan kalihan kula, manawi botên nglampahi sêsanggêman awrat, kados ingkang badhe kula warahakên punika.

Dhawuh wangsulanipun Dèwi Satyawati; Kulup, putraningsun kang ora kêlepetan dosa, manawa miturut tuturira mau apa ora kasuwèn, awit pangarêp-arêp ingsun, bisaa bab iku tumuli sira lêksanani. Dadi putri loro iku banjur apêputra, sabab nagara kang tanpa ratu iku bakal karusakan, dening saka tanpa pangayoman. Yèn mangkono sakèhing sêsaji lan panggawe sukci banjur ora tumindak, têmah mêndhung ora anurunake udan, lan para dewa ora padha ngaton. O, putraningsun kang wus salingga bathara, gèk sapa kang paring pangayoman, yèn nagara ora ana ratune? Mulane kulup, kapriye pambudidayanira, supaya putri sakarone iku bisa tumuli apêputra dene kang rumêksa wiwit ana ing kandhutan iku kadangira Bisma.

Atur wangsulanipun Sang Wiyasa: "Kawuningana ibu, ing mangke dèrèng dumugi môngsa kalanipun, ewadene manawi kula kadhawahan anglêksanani karsanipun ibu, kangge sêsulihipun yayi prabu, inggih mugi angsala nugrahaning dewa, putri ingkang minôngka lantaran miyosipun rajaputra punika, sagêda anahan giguning manahipun aningali kuciwaning suwarni kula, murih dados têtêbasaning lampah sêsukci salêbêtipun sawarsa, kados atur kula wau. Bilih putri ing Kosala (Kasi) kalih pisan (Dèwi Ambika lan Dèwi Ambalika) mêntala ngambêt amising gandanipun badan

--- 520 ---

kula, saha kadugi anahanakên manahipun aningali warni kula ingkang sakalangkung awon, sarta botên gigu dhatêng badan kula tuwin pangangge kula, sang dèwi badhe apêputra sakalangkung bagus.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Sasampunipun matur makatên, Sang Wiyasa lajêng matur malih: Dhuh ibu, sumangga putri randha kalih pisan dipun dhawuhana mangagêm ingkang sarwa rêsik, lajêng angêntosana kula wontên ing gêdhong pasareyanipun". Satêlasing aturipun, sang maharsi lajêng musna botên katingalan, dene Dèwi Satyawati lajêng manggihi Dèwi Ambika, ingkang rikala punika kapinujon sawêg lênggah piyambakan, mila lajêng dipun paringi wuninga lampah utami ingkang mêntas sami winiraos. Pangandikanipun makatên: "Nini putri ing Kosala (Kasi) mara gatèkna pitutur ingsun kang awêwaton kautaman. Wruhanira nini, samêngko darah Barata kacurêsan turun, mangkono mau iya saka kojuring lêlakon ingsun, dene putraningsun kaki Bisma, nalika mêruhi kasusahan ingsun sarta turune lêluhure kang pancêr lanang curês, saka ênggone nêdya gawe widadaning darah Barata, banjur atur pamrayoga; môngka bisane kalêksanan prayogane ipenira mau, gumantung anèng pangwasanira. Nini dèwi, mendah bêcike upama sira kaduga anglêksanani sapamrayogane kakangira mau. Dhuh, putri kang angrêsêpake ati, muga sira bisa apêputra kang pêkik warnane, lan sumorote prabane, kongsi kaya para jawata, iya putranira mau kang bakal sinangkulan pakaryan gêdhe, gumanti kaprabone darah Barata.

Pangajêng-ajêngipun Dèwi Satyawati kasêmbadan, saking pamrayoginipun ingkang ibu, ingkang awêwaton kautaman dipun sanggêmi dening Dèwi Ambika, mantunipun ingkang luhur ing budi, mila wiwit nalika samantên Dèwi Satyawati lajêng dhawuh misungsung para brahmana, para rêsi, saha nyêgah sintên

--- 521 ---

kemawon ingkang sami dhatêng ing praja Hastinapura.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus gangsal saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CVI. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Botên watawis dangu kalihan lêlampahan ingkang sampun kula aturakên wau, putri Kosala, Dèwi Ambika dumugi môngsa têwahing wijinipun, mila lajêng ngaturi wuninga ing Dèwi Satyawati. Dhawuh wangsulanipun Dèwi Satyawati. Dèwi Ambika kadhawahan siram jamas, sasampunipun busana sarwa sukci, lajêng kaajak lumêbêt ing gêdhong pasareyan. Sadumugining gêdhong Dèwi Ambika kadhawanan lênggah ing pasareyan ingkang rinêngga sakêlangkung asri, wasana lajêng dipun pangandikani makatên: "Wruhanamu nini, garwanira kang wus sawarga iku darbe kadang tuwa, mêngko bêngi bakal têka ing kene, banjur lumêbu ing guwa garbamu, dadi bêbayi, mula antinên aja kongsi katuron".

Dèwi Ambika sadangunipun ngêntosi ingkang badhe rawuh punika Sang Bisma utawi sêsêpuhipun darah Barata salah satunggal. Kacariyos Sang Maharsi Wiyasa, amargi sampun sumagêmsumanggêm badhe damêl mulyanipun Dèwi Ambika, mila ing dalu punika rawuh ing gêdhongipun sang dèwi, ingkang wêkdal samantên dilahipun botên dipun pêjahi. Dupi sang dèwi priksa kulitipun sang maharsi ingkang cêmêng, rikmanipun gimbal abrit kadi têmbaga, paningalipun sumorot, jinggotipun panjang anggêgilani, sang dèwi lajêng angêrêmakên paningalipun, labêt saking

--- 522 ---

sangêt ajrih. Namung kabêkta saking anggènipun badhe angèstokakên dhawuhipun ingkang ibu, sanadyan sangêt ajrih, ewadene kalêksanan carêm kalayan sang rêsi, namung sadangunipun nunggil sang dèwi lêstantun angarêmakênangêrêmakên paningalipun, saking sangêt ajrih aningali sang maharsi.

Saparipurnaning karya, sang maharsi mêdal saking gêdhong pasareyan. Wontên ing kontên kapapagakên kalihan ingkang ibu lajêng kadangu: "Kulup, apa Ambika bakal bisa kalakon apêputra, kang alus bêbudène?"

Atur wangsulanipun sang maharsi: Putra ingkang badhe mijimijil saking Dèwi Ambika, punika karosanipun sami kalihan gajah sayuta, sarta pawingkingipun badhe jumênêng nata binathara, lêbda dhatêng sawarnining kawruh, grahitanipun lantip, saha linangkung kasêktènipun, punapadene badhe pêputra satus, ingkang miyosipun sarêng, ananging awit saking pun Ambika nitisakên punika angêrêmakên netra, mila putra ingkang badhe miyosakên wau wuta wiwit lair.

Dupi Dèwi Satyawati midhangêt aturipun putra makatên wau lajêng ngandika: Kulup, kang abandha kasutapan, apa pantês yèn narendra bangsa Kuru iku wuta: upama mangkono, apa bisa dadi pangayomaning para kadang wargane, sarta dadi agul-agule darah Barata. Prayogane bangsa Kuru gawèkna narendra kang ora mangkono kaanane.

Atur wangsulanipun Sang Wiyasa: "Kaluhuran pangandikanipun kangjêng ibu wau, mila badhe kula èstokakên.

Sang maharsi lajêng musna. Kawuningana, sarêng lèkipun, Dèwi Ambika putri ing Kosala ambabar priya, ananging miyos ampunsampun wuta

--- 523 ---

Dhuh pamunahing satru sêkti, botên antawis dangu kalihan anggènipun Dèwi Ambika kagungan putra, Dèwi Ambalika matur dhatêng Dèwi Satyawati, bilih sampun wanci têwah wijinipun, mila Dèwi Satyawati lajêng angèsthi sang maharsi rawuh sasampunipun dipun pangandikani dhatêng ingkang ibu, lajêng lumêbêt ing pasareyanipun Dèwi Ambalika, pramèswarinipun Prabu Wicitrawirya ingkang ênèm. Kawuningana, sarêng sang dèwi priksa dhatêng sang maharsi sangêt ajrih, pasuryanipun katingal pucêt. Sang Dwipayana botên kasamaran, manawi pucêting pasuryanipun sang dèwi wau, amargi pinarpêkan dhatêng sang maharsi, mila lajêng ngarih-arih, pangandikanipun makatên: "Sêmune sira wêdi andulu kawujudan ingsun, dene pasuryanira kongsi katon pucêt, amarga saka iku mulane putra kang bakal mijil saka sira raine pucêt, dhuh wanita utama, têmbe putranira bakal sinêbut: Pandhu.

Saparipurnaning karya Sang Wiyasa mêdal; dumugi sajawining kontên gêdhong pasareyan, kapapakakên ingkang ibu, dipun badhe kadospundi kawontênipunkawontênanipun putra ingkang mijil saking Dèwi Ambalika. Sang maharsi matur, bilih putranipun Dèwi Ambalika punika ing têmbe pasuryanipun pucêt, mila prayogi dipun parabana: Pandhu. Karsanipun Dèwi Satyawati, supados sang maharsi anitisna sapisan malih, ingkang ugi lajêng dipun sandikani. Ing nalika Dèwi Ambalika anggènipun garbini sampun dumugi lèkipun, lajêng ambabar mijil priya, warninipun sakalangkung bagus, nanging pasuryanipun pucêt, sariranipun lurus botên wontên kuciwanipun, inggih putranipun Dèwi Ambalika wau ingkang ing pawingkingipun pêputra para prajurit jêmparing kinawasa, jêjuluk: Pandhawa.

Kocapa Dèwi Ambika, botên dangu kalihan pambabaripun Dèwi Ambalika, dumugi wanci tuwuhing wijinipun malih, mila

--- 524 ---

lajêng tampi dhawuhipun ingkang ibu, supados nampènana rawuhipun Sang Dwipayana. Sanadyan sang dèwi sangêt botên panuju, jalaran ngèngêti manawi suwarnipunsuwarninipun angajrih-ajrihi, sarta gandanipun amis, ananging sang dèwi sangêt ajrih badhe ambalak karsanipun ingkang ibu, mila lajêng dhawuh dhatêng parêkanipun, supados makilana anggènipun nampèni rawuhipun sang maharsi. Parêkan wau warninipun sakalangkung endah, prasasat widadari, mangka dipun anggèn-anggèni kadi para putrining narendra.

Dhuh, sinuwun Prabu Janamêjaya, nalika sang maharsi lumêbêt ing gêdhong pasareyanipun Dèwi Ambika, parêkan wau enggal amapagakên sumungkêm ing pada, sarta lajêng linggih wontên ngarsanipun sang maharsi, kalihan tumungkul. Sang maharsi sangêt karênan ningali bêktinipun parêkan wau, mila ugi lajêng dipun tampèni. Sarampunging prêlu sang maharsi badhe mêdal saking gêdhong, mawi ngandika makatên: "He, kêkasihing dewa, ora watara suwe manèh sira bakal luwar anggonira dadi batur tukon, awit sira bakal asêsuta priya, ambêk utama, sarta sugih kabêgjan, anane ing marcapada bakal dadi têtungguling para limpat ing budi.

Dhuh, sinuwun putranipun Sang Dwipayana ingkang mijil saking parêkanipun Dèwi Ambika, punika sinung pêparab: Sang Widura, kadangipun Sang Drêstarastra tuwin Sang Pandhu. Dhuh narendra têdhak Barata, Sang Widura wau kalis saking saliring panandhang tuwin sagêd ambrastha pêpenginan, lêbda dhatêng kawruh praja, awit punika panjanmanipun Hyang Darma, dewaning adil. Dene kalampahanipun Bathara Darma ngantos manjanma dhatêng marcapada, punika awit kenging sotipun Rêsi Mandawiya.

Dhuh sinuwun, rikala Maharsi Dwipayana mêdal saking gêdhong, dipun papagakên dening ingkang ibu Dèwi Satyawati sarwi [sar...]

--- 525 ---

[...wi] andangu kadospundi kawontênanipun. Sang maharsi prasaja manawi dipun cidra, Dèwi Ambika wakil parêkanipun, dados badhe apêputra miyos saking pawèstri bangsa sudra. Satêlasing aturipun, sang maharsi lajêng musna sami sapalênggahan.

Rajaputra têtiga, ingkang kadi putraning dewa, saha guwayanipun mancorong kadi kancana sinangling wau, lajêng katêtêpakên dados putranipun Prabu Wicitrawirya, inggih punika ingkang badhe damêl pancêripun para darah Kuru.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus nênêm, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CVII. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Prabu Janamêjaya ngandika: "Paman rêsi Sang Hyang Darma dewaning adil, nglampahi kalêpatan punapa, dene tampi bêbêndu ingkang makatên, punapa Hyang Darma kenging soting brahmana? Bilih nyata makatên, sintên pêparabipun brahmana wau, têka ngantos kalampahan ngêsotakên Sang Hyang Darma manjanma dhatêng marcapada kamiyosakên lantaran wanita bangsa sudra.

Aturipun Rêsi Waismapaya: Dhuh pêpêthinganing para narendra, wontên brahmana, ingkang naminipun: Brahmana Mandawya. Brahmana punika putus dhatêng saliring karma, sêngsêm tapa brata, bêkti dhatêng agami, sarta sêtya tuhu ing wacana. Sang pandhita wau anggêntur kasutapan ngantos mataun-taun, lênggah sangajênging pamidikan ing padhepokanipun, patraping sarira asta ngacung manginggil, sarta amêpêt pangandika.

Nuju satunggiling dintên wontên sagêlênganing durjana lumêbêt ing padhepokanipun, mawi ambêkta angsal-angsalanipun

--- 526 ---

anggèning mandung, mangka durjana wau samun dipun kodhol para wadya ingkang rumêksa tata têntrêm, mila sawêg rampung kemawon anggènipun nyingitakên babêktanipun saha badanipun, lajêng katungka dhatêngipun wadya juru rumêksa wau. Ananging nalika dumugi ing padhepokan, priksa manawi sang pandhita lênggah wontên sangandhaping mandira, enggal pinarpêkan kalayan pitakèn: "Dhuh, sang brahmana, mugi paringa pitêdah, dhatêng ing pundi purugipun para durjana wau, supados kula sadaya lajêng sagêd anututi, botên ndadak mawi ngubrês ing pundi-pundi, dados botên angêngècèr lampah.

Anggènipun pitakèn wadya juru rumêksa wau ngantos marambah-rambah ewadene botên dipun wangsuli, jalaran sang brahmana sawêg anglampahi mêpêt pangandika. Pangagêngipun tiyang-tiyang wau lajêng prentah supados ngubrês sawawêngkoning padhepokan, wasana durjana dalah barangipun sami pinanggih sadaya, awit saking punika Rêsi Madawya ugi lajênlajêng kacêpêng, kadakwa anyingidakên durjana. Ratunipun botên mawi titi pariksa malih, namung pitados kemawon dhatêng aturipun pangagênging rumêksa nagari. Dados sang pandhita katêtêpakên sabiyantu dhatêng durjana. Malah nalika para juru rumêksa nagari wau ngaturakên barang buktining kadurjanan, sang nata sampun lajêng nindakakên wasesa langkung saking samurwating kalêpatan, inggih punika sang pandhita katancêpakên ing pathok ingkang dipun lincipi. Sang pandhita, ingkang ambêg utami, sarta gêntur tapanipun, kapidana makatên wau botên dados jalaraning tiwasipun, awit sang brahmana darbe pangwasa sagêd angêndhêk sugêngipun, malah kakiyataning sarira babar pisan botên suda.

--- 527 ---

Rikala samantên Rêsi Mandawya sarana kasêktènipun, lajêng andhatêngakên para rêsi mitranipun. Dhatêngipun para rêsi wau wanci dalu, kalihan mancala warni pêksi. Kados punapa kagèt sarta gumunipun para rêsi sarêng pirsa Sang Mandawya dipun siksa makatên wau. Mila sasampunipun bage-binage, kalihan raos wêlas pitakèn makatên: "Dhuh sang tapa, jêngandika sampun nindaki dasadosa punapa, têka tampi pidana katanjir wontên ing pathok kajêng makatên.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus pitu saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CVIII. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Têtungguling para tapa, Sang Mandawya, rikala dipun pitakèni makatên dhatêng para rêsi ingkang sami martuwi lajêng mangsuli pangandika: "Botên wontên pangwasa ingkang sagêd masesa kula, manawi botên saking kalêpatan kula piyambak".

Para rêsi linangkung sasampunipun mirêng wangsulanipun Sang Mandawya, sangêt anggènipun ngalêmbana dhatêng patitising jawabanipun kalihan pamit wangsul dhatêng padhepokanipun piyambak-piyambak. Sapêngkêripun para rêsi, pangagênging juru rumêksa nagari, ingkang sampun nyiksa sang brahmana, dhatêng nyumêrêpi kawontênanipun sang rêsi kadospundi. Sarêng sami ngawuningani sang rêsi botên punapa-punapa, enggal wangsul dhatêng kadhaton, munjuk ing panjênêngan nata, bab kawontênanipun sang brahmana. Sang prabu nalika mirêng aturipun wadya makatên wau lajêng têtarosan kalihan para nayaka, kadospundi sakecanipun. Para nayaka atur

--- 528 ---

pamrayogi supados sang prabu manggihana Sang Mauni Mandawya ingkang lajêng dipun lêksanani. Sarêng sampun pinanggih kalihan sang brahmana, sang prabu lajêng ngêndika kalihan ngrêrêpa ngandikanipun makatên: "Dhuh, papêthinganing para manuni, mugi paringa pangaksama dhatêng kalèntuning tindak, dene midana botên mawi nitipriksa. Ingkang makatên punika botên saking panêmaha, nanging saking kabodhoan kula".

Mirêng pangandikanipun sang prabu ingkang nalôngsa makatên punika sang rêsi rêna ing panggalih, mila botên angêsotakên. Sarêng sang prabu priksa manawi sang brahmana botên duka, sang prabu lajêng dhawuh dhatêng para ingkang sami ndhèrèk, supados andudut sang rêsi saking pathok tanjiripun. Nanging sanajan kados punapa kemawon rosaning pandudutipun mêksa botên sagêd andudut, wasana sang prabu lajêng nyarirani piyambak, pathok dipun kêthok sipat bokongipun sang rêsi. Dados sariranipun sang rêsi wau isi tugêlan pathok, kalayan ewadene taksih nglajêngakên tapa brata. Sarêng sampun dumugi mangsa nilar marcapada, Rêsi Mandawya sagêd nginggahi alam minulya, ingkang botên gampil kagayuh ing manusa. Awit saking Rêsi Mandawya punika sariranipun isi tugêlan kajêng, mila lajêng sinêbut: Sang Animandawya, wrêdinipun: Ingkang sariranipun katancêban ing pathok.

Nalika Sang Nandwaya ingkang lêbda dhatêng wêwarahing agami punika, minggah dhatêng kahyanganipun dewaning adil, ingkang jêjuluk Bathara Darma, sang rêsi priksa Hyang Darma pinuju lênggah ing dhamdhar,dhampar enggal pinarpêkan kalayan matur makatên: "Pukulun, sumangga dipun ngandikakna, kalêpatan punapa ingkang kula tindakakên kanthi siya, dene kula ngantos nandhang siksa kados ingkang sampun kula lampihilampahi wontên ing marcapada, bêgja dene kula sagêd damêl botên karaos dhatêng tanduking panyiksa wau".

Wangsulanipun Hyang Darma maktên:makatên "Ing nguni sira

--- 529 ---

wus nganiaya kewan cilik-cilik, sarana sira sunduki ing gagang sukêt, dadi paukuman kang wus tumêka iku, minangka wohe panggawenira mangkono mau. Wruhanamu brahmana, agama anêmtokake yèn wong nglakoni dosa bakal nandhang paukuman kang satimbang lan dosane, kosokbaline, kabêcikaa,kabêcikan kaya ta: pawèwèh, iku bisa nganakake nugraha, nadyan pawèwèh mau ora sapira ajine".

Aturipun Rêsi Mandawya: "Pukulun, kula botên rumaos nindaki pandamêl awon, mila dipun dhawuhana, ing pundi dununging kalêpatan kula". Hyang Darma ngandika, manawi anggènipun Sang Mandawya anglampahi dosa makatên, nalika taksih alit. Sang Mandawya lajêng matur malih: "Pandamêl awon, ingkang dipun lampahi lare dèrèng umur kalih wêlas taun, punika botên kenging kaewokakên dosa. Sêrat-sêrat sukci pratela manawi dosaning lare botên wênang kapidana, dados pamidana paduka ing kula wau botên patitis. Môngka mêjahi brahmana punika dosanipun langkung agêng katimbang dosa amêjahi titah sanès-sanèsipun. Awit saking punika, mila paduka kêdah nandhang paukuman, paduka badhe manjanma dhatêng ing marcapada, dados darahing sudra. Tuwin malih mugi dipun èstrènana anggèn kula mimbuhi anggêring agami makatên: pandamêl dosa ingkang dipun tindakakên ing lare ingkang dèrèdèrèng umur kawan wêlas taun, punika botên kapetang pandamêl dosa; manawi sampun langkung saking umur samatên wau, tumraping manusa, kêdah tampi pidana.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Kasluruning lampahipun Bathara Darma, dados jalaran kaêsotakên Sang Rêsi

--- 530 ---

Mandawya, kêdah nglampahi dados sutaning wanita bangsa sudra, pêparabipun Sang Widura. Sang Widura punika putus dhatêng piwulang kasusilan, kawruh praja, tuwin botên kewran dhatêng lampah panggayuhing kabêgjan, ingkang sagêd pinanggih wontên ing marcapada, botên kandhih dening pêpenginan tuwin kanêpson, limpat pasanging wêweka, ciptanipun jênjêm sarta tansah ngangkah kamulanipun bangsa Kuru.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus wolu, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CIX. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Miyosipun Sang Drêtarastra, kalihan Sang Pandhu tuwin Sang Widura, punika anyêmbuh kamulyanipun praja Kurujanggala, wawêngkon Kuruksetra, dalah têtiyangipun, jalaran miyosipun rajaputra tiga wau, prabanipun damêl andadosipun saliring tanêm tuwuh, sadaya anguwoh ingkang miraos. Dhumawahing jawah têtêp kalihan mangsanipun, sadaya kêkajêngan botên kêndhat-kêndhat anguwuh,anguwoh tuwin anyêkar. Makatên ugi sato iwèn, rajakaya, sami lêma-lêma, pêksi sarta kewan sami katingal bingar. Sêkar-sêkar sami anggônda arum angambar, botên wontên woh-wohan ingkang wohipun botên miraos. Ing kitha-kitha ingkang agêng punapa alit, sami isi nangkoda agêng-agêng kriya sagêd-sagêd, punapadene patukangan sanès-sanèsipun, kathahipun tanpa wicalan. Wêwatakanipun tiyang siti sami wantêr-wantêr, pintêr, prasaja, sarta gêsangipun sami mulya. Durjana botên wontên, punapadene botên wontên tiyang nglampahi pandamêl dosa. Rikala samantên ing Kurujanggala (kithanipun Hastinapura) kenging kawastanan prasasat ngancik jaman kancana. Para kawula sami sêngsêm dhatêng pandamêl utami, tabêri sêsaji, pambêkanipun [pam...]

--- 531 ---

[...bêkanipun] têmên, angêgungakên sih trêsnanipun, ngajèni sasami. Nagari ingkang makatên kawontênanipun saèstu mulya têtiyangipun.

Ing Kurujanggala rikala samantên botên wontên tiyang ingkang angkara murka, sarta adigung, mila nadyan têtiyangipun kathah ingkang marsudi kasarasan, saha kaprigêlaning badan, ewadene botên wontên tiyang pasulayan. Ing Hastinapura sakalangkung tata raharja gêmah ripah. Ing ngriku kathah suyasanipun para luhur bangsa Kuru, ingkang agêng sarta adi, punapadene pakaranganipun wiyar-wiyar, kêbak patamanan, sarta mawi gapura ingkang winangun pêpanggungan sakalangkung inggil, sundhul ngawiyat, mila manawi kasawang saking katêbihan, sanginggiling kitha Hastinapura kadi katawêngan ing mêndhung. Hastinapura punika sampun prasasat ing Amarawati (kithanipun Sang Hyang Indra), kathah têtiyang ingkang sami mangun suka, kados ta: lêlangên ing lèpèn-lèpèn, tala, balumbang, ing patamanan ingkang asri tuwin wiyar, sarta wontên ing wana. Bangsa Kuru ingkang dêdunung ing Kurujanggala iring kidul ugi sami rêmên-rêmên nindaki pandamêl utami, kados ingkang dêdunung ing Kurujanggala iring lèr. Bangsa Kuru mratah rêmên srawungan kalayan para sidha, para carana, tuwin para rêsi. Ing sadhengah pangenanpanggenan talatah Kurujanggala, botên wontên panggenan ingkang botên anêngsêmakên manah, awit têtiyang cêthil, sarta botên wontên randha. Sakathahing sêndhang sumur, tawintuwin têlaga, sami agêng sarta bêning toyanipun, pakarangan-pakarangan sami rinêngga ing taman, saha têtuwuhan, griya adi, sarta kathah padamêlaning brahmana, ingkang kêbak rajabrana, saênggèn-ênggèn wontên têtingalan.

Dhuh Prabu janamêjaya, Sang Bisma pangastanipun pusaraning praja adhêdhasar kautaman. Salêbêting kitha kathah panggenan [pang...]

--- 532 ---

[...genan] ingkang kaminakakênkaginakakên kangge papaning damêl sêsaji. Awit saking punika, mila Hastinapura adamêl sênêngipun ingkang sami dêdunung tuwin ingkang sami dhatêng liyan nagari. Kathah tiyang mancapraja ingkang sami pindhah, dêdunung ing Kurujanggala, têmahan ing Kurujanggala saya rame tiyang-tiyang ing nglêbêt kitha, punapa ing padhusunan, tansah sami ngajêng-ajêng diwasanipun para rajaputra tiga wau.

Dhuh narendra têdhak Barata, têmbung: ganjarên tuwin panganên sampun dados swara padatan, ingkang botên kêndhat-kêndhat kapiyarsa wontên ing suyasanipun para luhur bangsa Kuru, saha para luhur sanès-sanèsipun ingkang sami manggèn ing Kurujanggala. Sang Drêtarastra, Sang Pandhu, saha Sang Widura, wiwit timur sangêt kaêla-êla dening Sang Bisma. Tiga pisan wau karêngkuh kados putranipun piyambak. Sasampunipun jinabadan ing tirta nugraha, tuwin katêtêpakên dados bangsa ksatriya, rajaputra tiga wau lajêng sami tapa brata tuwin puruhita, pramila sami lêbda dhatêng Wedha tuwin diwasanipun prigêl sikêp dêdamêl, manawi anjêmparing titis, wasis mangrèh dipôngga tuwin turôngga, sarta arakit gêlar, sangêt susila, punapadene rajaputra tiga wau ugi putus dhatêng babad, purana, sarta sêrat sukci sanès-sanèsipun. Wuninga dhatêng wêwadosing Wedha tuwin Wedhangga. Enggalipun sami anawung kridha, botên kewran dhatêng agal alus. Botên wontên ksatriya ingkang titisipun manawi jêmparing, satimbang kalihan Sang Pandhu, ingkang sudira rananggana. Karosanipun Sang Drêstarastra, satribawana botên wontên ingkang nimbangi. Têtêpipun dhatêng kautamèn tuwin kasusilan, ing jagad têtiga botên wontên ingkang sami kalayan Sang Widura. Têdhakipun Prabu Santanu ingkang suwau dipun kintên badhe curês punika, sarêng samangke kasumêrêpan tuwuh malih, ing nagari-nagari, kitha-kitha, saha ing dhusun-dhusun sami kapirêng swara pangalêmbana dhatêng Dèwi Ambika tuwin Dèwi Ambalika, ingkang suraosing makatên: "Ora ana putrining bangsa ksatriya kang kaya putri ing Kasi, ora ana nagara tata

--- 533 ---

raharja sarta gêmah ripah kaya Kurujanggala, ora ana sujanma kang utamaning pambêkane sabobot karo Sang Widura. Ora ana kutha kang mulyane kaya Hastinapura. Makatên wau ngantos dados kêmbang lambe.

Ingkang kajumênêngakên nata punika Sang Pandhu, awit pambajêngipun ingkang pêparab Sang Drêstharastra punika wuta, dene Sang Widura botên kawênangakên jumênêng nata, amargi mijil saking pawèstri bangsa sudra.

Anuju ing satunggaling dintên Sang Bisma, têtungguling para lêbda dhatêng darmaning pangrèh praja, tuwin wêwatoning kasusilan, ngandika dhatêng Sang Widura, ksatriya lêbda dhatêng kasunyataning agami, sarta kautaman, dene pangandikanipun wau kados ingkang badhe tumuntên kula aturakên.

Dumugi samantên pungkasanipun bab kaping satus sanga, perangan Sambawa, ing Adiparwa.

_________

BAB CX. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Pangandikanipun Sang Bisma makatên: "Kawruhana kulup, sajatine para darah Kuru kang misuwur ing jagad iku, antuk nugrahaning dewa, sinung watak utama, lan lêpas ing budi, sarta narendrane padha lêstari jumênêng nata binathara, mangrèh pêpadhane narendra salumahing bumi. Bisane lêstari misuwur sarta utama mau, amarga para narendrane mratah padha ambêg utama. Sira apadene kadangira sakarone, iku kang ndumadèkake kakang Maharsi Krêsna Dwipayana, atas dhawuhe kangjêng ibu Satyawati, kang wus ingsun sayogyani. Mula mangkono, awit rumêksa aja kongsi lajêring narendra bangsa Kuru kacurêsan turun. Dadi ingsun apadene sira padha kawajiban mikir, kapriye

--- 534 ---

bisane darah Kuru kalakon tangkar-tumangkar, kongsi kaya samodra, nulat tindake para lêluhur. Kulup, ingsun ngrungu pawarta, yèn ing marcapada ana putri têlu kang pantês kanggo sarana amrih widadane darah Kuru, iya iku: siji putrine Prabu Surasena, narendra bangsa Yadawa, lorone: putrine Prabu Suwala, katêlune: putri ing Madraka. Putri têlu mau padha têdhaking narendra sukci, lan padha sulistya ing warna, mula mendah bacike upama digandhèng lan darahira.

"He, kulup, Widura, pêpêthingane para limpat ing budi, saka panêmuningsun, kanggo nurunake darahira, prayoga milih putri têlu kang wus ingsun tuturake mau, ewadene kapriye mungguh panêmunira, matura kang prasaja, aja ana rangu-ranguning ati".

Nalika Sang Widura tampi pangandikanipun ingkang uwa makatên wau lajêng manêmbah sarwi matur: "Dhuh, kangjêng uwa, paduka tiyang sêpuh kula tuwin guru kula, mila wajib kula aji-aji, paduka wênang anindakakên samubarang ingkang kagalih prayogi tumrap kula, para sadhèrèk.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Botên watawis dangu kalihan anggènipun Sang Bisma ngandika dhatêng Sang Widura makatên wau, Sang Bisma midhangêt pawartos saking cariyosipun para brahmana, ingkang dhatêng saking liyan nagari, manawi Dèwi Gandari, putrinipun Prabu Suwala, ing Gandara tampi nugrahaning dewa ing têmbe badhe pêputra satus. Mila Sang Bisma, pinisêpuhing bangsa Kuru lajêng miji nayaka, kautus dhatêng Gandara, wigatos anglamar putrinipun Prabu Suwala ingkang pêparab Dèwi Gandari wau, badhe kadhaupakên kalihan Sang Drêtarastra. Sakawit Prabu Suwala awrat badhe nglilahakên putrinipun, amargi sang prabu wuninga manawi Sang Drêtarastra punika wuta. Nanging sarêng angèngêti suwur tuwin

--- 535 ---

luhuring bêbudènipun para darah Kuru, Prabu Suwala lajêng karsa maringakên putrinipun dhatêng Sang Drêtarastra.

Kacariyos, Dèwi Gandari, ingkang sulistya ing warni, sarta susila ambêkipun, sarêng mirêng manawi Sang Drêtarastra punika wuta, mangka ingkang rama tuwin ibu sampun marêngakên, sang dèwi lajêng anutupi paningalipun piyambak, kalihangkalihan sinjang ingkang linêmpit-lêmpit ngantos kandêl murih botên sagêd ningali samubarang, kalihan dadosa pratôndha anggènipun sangêt bêkti dhatêng badhe kakungipun. Sasampunipun mirantos, Prabu Gandara lajêng dhawuh dhatêng Sang Sakuni, supados amasrahakên Dèwi Gandari, dhatêng pinisêpuhing bangsa Kuru kalihan wantos-wantos pitungkasipun supados matur, bilih ingkang kaparêng anggarwa sang dèwi namung Sang Datarastia.Drêtarastra Sadumuginipun Dèwi Gandari ing kadhaton Hastinapura, dipun wiwaha agêng-agêngan, punapadene nalika dhaupipun.

Sasampunipun Sang Suwalaputra masrahakên Dèwi Gandari dalah raja kaputrèn bêktanipun dhatêng Sang Bisma, enggal wangsul dhatêng prajanipun, kados limrahipun para ksatriya manawi masrahakên kadangipun èstri.

Dhuh, Prabu Janamêjaya, Dèwi Gandari punika musthikaning èstri, sagêd anuju prana, ambêgipun utami, solah bawanipun sarwa susila, sangêt bêkti dhatêng para pinisêpuhing bangsa Kuru, mila sangêt dipun êla-êla dening darah Kuru, sarta ingugung dening priyanipun. Dèwi Gandari punika wanita sukci mila botên nate damêl tatuning manahipun tiyang, langkung malih dhatêng priya sarta para pinisêpuh.

Dumugi samantên pungkasanipun bab satus sadasa, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

--- 536 ---

BAB CXI. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: Gêntos kacariyos narendraning bangsa Yadawa, sudarmanipun Prabu Wasudewa, ingkang jêjuluk Prabu Sura, punika kagungan putri pêparab Dèwi Prita; sulistyaning warninipun ing jagad tanpa timbang. Dhuh, sinuwun, Dèwi Prita wiwit miyos kaparingakên dhatêng Prabu Kunthibuja, kadang nak sadhèrèkipun Prabu Sura, kaprênah ênèm.§ Ibunipun Prabu Kunthibuja punika, rayinipun ingkang rama Prabu Sura. Prabu Sura sangêt wêlas aningali Prabu Kunthibuja, dene botên apêputra, pramila sanadyan Dèwi Prita wau putrinipun ingkang pambayun, ewadene lajêng kaparingakên dhatêng Prabu Kunthibuja, manut kasagahanipun ing nguni. Mênggah pangrêngkuhipun Prabu Kunthibuja dhatêng sang dèwi punika sampun kados putranipun piyambak. Dèwi Prita wontên ing kadhatonipun Prabu Kunthibuja tansah ambuja krama dhatêng para brahmana, tuwin para tamu.

Anuju ing satunggaling dintên sang dèwi ngladosi Rêsi Durwasa, satunggaling brahmana ingkang sêngsêm dhatêng kasutapan, sarta lêbda dhatêng jatining kawruh kasidan. Sang bagawan sangêt rêna aningali bêktinipun sang dèwi, mila sang dèwi lajêng dipun wêjang aji kangge anggêndam para dewa, ingkang sagêd paring putra. Awit sajatosipun Rêsi Durwasa sampun wuninga dhatêng lêlampahan ing têmbe, mila priksa bilih Prabu Pandhu, ing têmbe badhe kenging sotipun brahmana, jalaran saking Pandhu anggènipun anjêmparing sangsam ingkang pinuju sawêg badhe ngêmpali èstrinipun. Sasampunipun dipun wêjang,

--- 537 ---

Rêsi Durwasa lajêng ngandika dhatêng Dèwi Prita makatên: "Putri, sarana pangwasaning mantra kang ingsun wêjangake marang sira mau, sira bisa nêkakake dewa kang sira karêpake, sarta dewa mau têmtu bakal paring putra marang sira".

Kados limrahipun tiyang kathah, manawi gadhah kasagêdan saèstu kêpengin badhe nyobi kasagêdanipun wau. Saya dangu Dèwi Prita ingkang ugi pêparab Dèwi Kunthi, saya adrêng karsanipun badhe priksa pangwasaning mantra pêparingipun Sang Rêsi Durwasa wau, ngantos botên kawawa mambêng kapenginipun badhe nandukakên. Mila sanadyan sang dèwi dèrèng kêpengin momong putra, ewadene kapengin badhe andhatêngakên Bathara Arka inggih Bathara Surya. Rikala sang dèwi matêg mantra pêparingipun Bagawan Durwasa wau, Bathara Surya, ingkang mancorong prabanipun, jawata ingkang ngudanèni sadaya ingkang gumêlar ing salumahing bantala, lajêng rawuh sami sanalika wontên ing ngarsanipun. Dèwi Prita, nalika priksa suwarninipun Bathara Arka, ingkang sakalangkung endah wau, ing batos sangêt gawok sêmu ajrih, ananging Bathara Wiwaswat enggal marêpêki sarwi ngandika: "He, rara, kang netrane sumorot kaya sêsotya, sarèhning ingsun prapta, sira darbe sêdya apa?"

Dupi Dèwi Prita midhatêng pangandikanipun Bathara Surya makatên wau, lajêng matur: "Dhuh, jawata pangrurah satru sakti, kawuningana, wontên satunggaling brahmana martamu ing kadhatonipun bapa kula, kula ladosi, sêmunipun sang brahmana kalêgan panggalihipun, dene lajêng mêjang aji kangge andhatêngakên para dewa. Pukulun, sajatosiopun kula botên pisan-pisan darbe sêdya ngaturi paduka anggèn kula matêk aji wau amung badhe nyumêrêpi pangwasanipun. Dhuh, bathara, mugi paringa pangaksama ing kula, punapa botên sampun wajibipun

--- 538 ---

paduka ngapura dhatêng pawèstri, ingkang sawêk sapisan anggènipun anglampahi kalêpatan, sarta botên saking panêmaha".

Pangandikanipun Bathara Surya: "Ingsun ora kasamaran, manawa kang marah aji panggêndaming dewa marang sira, iku Rêsi Durwasa. Dhuh kang sulistya ing warna, aja pisan sumêlang atinira, nuli tampanana sih ingsun marang sira. He kêkasihing dewa, anane para dewa kongsi ngejawantah ana ing marcapada, iki têmtu ana karya kang wigati. Sira wus anggêndam ingsun sarana ajinira, dadi manawa pangejawantah ingsun mau banjur ora ana pakaryan kang kudu karampungake, sira têtêp dosa anêrak larangane dewa".

Rêsi Waisampayana anglajêngakên cariyosipun: "Bathara Wiwaswat ngarih-arih dhatêng Dèwi Kunthi, supados sampun ngantos sumêlang panggalihipun".

Dhuh sinuwun, Dèwi Kunthi kajawi ajrih nêrak kasusilaning èstri, ugi nêdya ngluhurakên para lêluhuripun, mila botên karsa nglêksanani dhawuhipun Bathara Surya, ingkang sampun kapangandikakakên wau. Sang Hyang Arka lajêng mangsuli pangandika: "Wruhanamu rara, wong kang nglakoni parentahing dewa, iku luput ing dosa, mula aja lênggana, nuli piturutana apa sadhawuh ingsun".

Kawuningana sinuwun, dupi dipun pangandikani makatên dening Bathara Surya, putrinipun Prabu Kunthibuja lajêng sumarah ing karsa, awit sang dèwi sampun kagandhèng ing sihipun Bathara Surya. Sang dèwi lajêng garbini, sarta sami sanalika wau ugi lajêng ambabar mijil priya. Jabang bayi wau limrah sinêbut: Karna.

Dhuh, narendra têdhak Barata, wiwit miyos saking garbaning ibu, Sang Karna sampun ngangge kotang karakêt kalihan sariranipun, punapadene sampun ngagêm anting-anting sêsotya ingkang [ing...]

--- 539 ---

[...kang] sorotipun nyunari pasuryanipun, têmah amimbuhi bagusing warni. Diwasanipun Sang Karna dados prajurit linangkung, pinunjul sarta prigêl sikêp saliring dêdamêl, agêng bêgjanipun, warnanipun pêkik, kados limrahing bayi babaran kaswargan.

Sasampunipun mbabar, sang dèwi lajêng kaparingan nugraha Bathara Tapana wangsul dados parawan malih: sasampunipun punika Bathara Tapana lajêng musna, Dèwi Kunthi kantun anggana kalihan sakalangkung prihatos, kèwêgan anggènipun badhe ngrukti dhatêng putranipun. Sasampunipun kagalih ngantos sawatawis dangu, sarta awit saking sangêt ajrih dhatêng rama tuwin ibu, prakawis punika nêdya dipun sidhêm, dene bayi putranipun, badhe lajêng kalarung ing lèpèn. Sarêng bayi sampun kalarung dumadakan dipun panggih pinêtri banyu suta nama Rada, dipun gêmatosi kalihan lakinipun, dipun aku anakipun piyambak. Saking golonging rêmbagipun Rada kalihan lakinipun, anakipun angkat wau dipun namani: Wasusena.§ Wasusena = wrêdinipun: ingkang lairipun ambêkta kasugihan. Diwasanipun Sang Wasusena punika karsanipun kang langkung lêbda sikêp saliring dêdamêl, sarta sêkti mandraguna. Sabên manêmbah ing Surya Wasusena mawi matêk kasêktèn, mila kuwawi ngantos dangu, inggih punika wiwit surya malêthèk, ngantos ing wanci têngange. Prajurit linangkung Sang Wasusena salêbêtipun manêmbah ing batos prasêtya, badhe anglilahakên samubarang ingkang dados panêdhanipun brahmana.

Kocapa Bathara Indra, saking anggènipun nêdya damêl kamulyanipun Sang Palguna, lajêng mancala warna dados brahmana, manggihi Sang Wasusena, ingkang sawêg manêmbah ing Surya. sasampunipun cêlak, sang mancala warna brahmana, nêmbung [nêm...]

--- 540 ---

[...bung] kotangipun Sang Wasusena, ingkang karakêt kalayan sariranipun, inggih punika kotang bêktanipun nalika lair. Sang wasusena kalihan sênênging panggalih ambêsèt kotangipun sarta lajêng kaaturakên dhatêng sang mancala warna. Sasampunipun katampan Sang Wasusena lajêng lênggah angapurancang ing ngarsanipun sang brahmana. Hyang Indra ratuning para dewa, sakalangkung rêna panggalihipun, sarta sangêt kagawokan dhatêng luhuring budinipun Sang Karna, mila lajêng gêntos maringakên jêmparing pamungkas, minangka lintuning kotang, sarwi ngandika makatên: "Sarana panah iki sira bisa nyirnakake mungsuhira, nadyan mungsuhira mau dewa, asura, manusa, gandarwa, naga, apa raksasa, nanging sumurupa, panah iki mung kêna katamakake sapisan".

Sang Suryaputra sadèrèngipun pinanggih kalihan sang mancala warna brahmana, limrahipun sinêbut: Sang Wasusena, nanging sasampunipun anglilahakên kotangipun, lajêng dipun parabi: Sang Karna ingkang pikajêngipun: ingkang ambêsèt kotangipun piyambak.

Dumugi samantên wêkasanipun bab satus sawêlas, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXII. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA.

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Putrinipun Prabu Kunthibuja wau, sakalangkung endah ing warni, paningalipun blalak-blalak, sumorot kadi sêsotya, pêparabipun Dèwi Prita. Sang dèwi têtêp dhatêng sêsanggêman, sêngsêm dhatêng kautamèn, sarta luhur bêbudènipun. Sanadyan Dèwi Prita sulistya ing warni, têtêp dhatêng darmaning

--- 541 ---

èstri, sarta sampun diwasa, ewadene dèrèng wontên narendra utawi rajaputra, ingkang angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, pramila kêparêngipun Prabu Kunthibuja, sang rêtnaning pura lajêng kadamêl sayêmbara pilih. Pintên-pintên para nata tuwin rajaputra, ingkang sami angêdêgi sayêmbara. Sarêng sampun mirantos saupakartining sayêmbara, Dèwi Prita lajêng mêdal dhatêng suyasa palênggahanipun para ingkang sami ngêdêk sayêmbara. Ing ngriku sang dèwi priksa Prabu Pandhu, têtungguling para darah Barata, inggih sardulaning para narendra, lênggah ing antawisipun para narendra, ingkang sami ngêdêgi sayêmbara. Wontên ing pamiwahan wau, Prabu Pandhu pinunjul sasamining narendra, polatanipun dyatmika, lênggahipun jênjêm pranajanipun wiyar, paningalipun sumorot, guwayanipun mancorong, sarta sêkti môndraguna. Suwarninipun Prabu Pandhu prasasat Bathara Indra ngejawantah.

Kawuningana, sinuwun, nalika Dèwi Prita, putrinipun Prabu Kunthibuja, ingkang endah ing warni wau, priksa dhatêng Prabu Pandhu, lajêng kuwur panggalihipun, bayu kadi dèn lolosi, nanging botên watawis dangu sang dèwi èngêt kadospundi kuwajibaning èstri, ingkang kadamêl sayêmbara, mila enggal jumênêng saking palênggahanipun, lumampah dhatêng palênggahanipun Prabu Pandhu. Sasampunipun cêlak, lajêng ngalungakên sangsangan oncèn-oncèn sêkar ing lungayanipun Prabu Pandhu.

Dupi para narendra priksa, bilih Prabu Pandhu ingkang kapilih, lajêng sami kundur dhatêng prajanipun sowang-sowang. Dhuh, Prabu Janamêjaya, sabibaripun para ingkang sami ngêdêki sayêmbara, Prabu Kunthibuja lajêng dhawuh, miwaha pangantèn, anut sapitêdahing agami. Prabu Pandhu, ingkang antuk nugrahaning dewa angsal kabêgjan agêng punika, têtela jodhonipun [jodho...]

--- 542 ---

[...nipun] Dèwi Kunthi. Pikramanipun Prabu Pandhu kalihan Dèwi Kunthi wau adamêl sênênging manahipun ingkang sami ningali, kados Bathara Magawat kalihan Dèwi Pulomi, inggih punika ratuning dewa kalihan pramèswarinipun. Dhuh, narendra têdhak Barata, sabibaring wiwahan, sasampunipun para nayaka ngaso sawatawis, Prabu Pandhu kadhawahan ambêkta garwanipun, kundur dhatêng prajanipun piyambak. Kunduring pangantèn mawi kabêktanan mas picis rajabrana, raja kaputrèn sakalangkung kathah, sarta kairing wadyabala agêng ingkang môncawarni daludak saha umbul-umbulipun; para brahmana ingkang ngiringakên sang pinangantèn, samargi-margi tansah ngidungakên mantra, muji raharjanipun, dene para rêsi sami paring nugraha. Rawuhipun ing Hastinapura wilujêng; Dèwi Kunthi lajêng kajujugakên ing kadhaton, salaminipun lêstantun wontên ing ngriku.

Dumugi samantên wêkasanipun bab kaping satus kalih wêlas, saking perangan Sambawa, ing Adiparwa.

__________

BAB CXIII. SAMBÊTIPUN SAMBAWA PARWA

Rêsi Waisampayana nglajêngakên cariyosipun: "Botên watawis dangu kalihan lêlampahan ingkang sampun kula aturakên wau, Sang Bisma putranipun Dèwi Gangga ingkang limpat ing budi, kagungan karsa ngupaya putrining narendra, ingkang sayogi dados sorinipun Prabu Pandhu, ingkang panênggak, mila Sang Bisma lajêng dhatêng praja Madraka kadhèrèkakên wadyabala sêkawan golongan, tinindhihan para pinisêpuhing nayaka, sarta nganthi para maharsi. Nalika narendra ing Madraka tampi aturing wadya tampingan, ingkang mratelakakên manawi Sang Bisma rawuh wontên prajanipun, sang prabu lajêng mapagakên wontên sakèthènging kitha. Sasampunipun

--- 543 ---

pinanggih lajêng sami bage-binage. Prabu Madraka anggènipun nampèni Sang Bisma, kalayan pangaji-aji agêng, sarta lajêng kaancaran lêrêm wontên pakuwon satêpining kitha.

Sarêng Sang Bisma sampun lêrêm sawatawis, lajêng kaaturan rawuh ing kadhaton, mila bêbodholan malih lumêbêt ing kitha. Sadumugining kitha Sang Bisma kaaturan toya kagêm wijik sarta lajêng kaancaran palênggahan sutra pêthak. Sarêng sampun sami satata lênggah, lajêng sinungatasinunggata satataning para narendra, sarta Prabu Madraka lajêng pitakèn ingkang dados wigatosing rawuhipun Sang Bisma ing praja Madraka. Sang Bisma ingkang tansah amrih luhuring bangsa Kuru lajêng mangsuli pangandika: "Dhuh, pamuthahing satru, ujaring pawartos anak prabu darbe kadang wanudya, ingkang sulistya ing warni, ambêkipun utami, sêsilih Dèwi Madri. Wigatosing lampah kula punika angêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, putri kadangipun anak prabu wau. Manawi sami panuju ing galih, badhe kula dhaupakên kalihan pilunanpulunan kula narendra ing Hastinapura ingkang pêparab Prabu Pandhu. Dhuh anak prabu, saking pamawas kula, amung darahipun para lêluhur jêngandika, ingkang sayogi gêgandhengan kalihan darahipun lêluhur kula, mila manawi anak prabu panuju ing karsa, ingkang rayi lajêng kaparênga kula tampèni".

Wangsulanipun Prabu Madra: "Salumahing bantala sakurêbing akasa, kados botên wontên darah sanèsipun, ingkang pantês dados sêsambêtanipun darah Madra, kajawi darah Kuru. Nanging kawuningana uwa, para lêluhur kula, ingatasing salakirabi, darbe padatan ingkang tumurun ngantos dumugi samangke, taksih lêstantun dipun tindakakên, sanadyan awon punapa sae padatan wau kula botên sagêd ngaturakên. Namung kemawon, lampah wau ugi botên murang pranatan sukci mila

--- 544 ---

kangjêng uwa saèstunipun sampun wuninga. Sajatosipun pangandikanipun kangjêng uwa: ingkang rayi lajêng kaparênga kula tampèni, punika tumrapipun darahing lêluhur kula, kamanah lampah nistha, awit saking punika mila wontên pakèwêting manah, anggèn kula badhe minangkani pamundhutipun kangjêng uwa wau".

Wangsulanipun Sang Bisma: "Kaluhuran pangandikanipun anak prabu, salakirabi punika lampah utami. Hyang Mahadewa ugi nate ngandikakakên utamaning lampahipun panêmbung. Para lêluhuripun anak prabu sampun nindakakên tatacara ingkang kêdah kalêstantunakên, mila anak prabu wajib anêtêpi cara wau. Dhuh anak Prabu Salya, kajawi punika tatacara ingkang sampun katindakakên ing salah satunggaling trah, punika saèstu sampun kaanggêp lêrês dhatêng para wicaksana tuwin para ambêk utami".

Sasampunipun ngandika makatên, Sang Bisma lajêng dhatêng nayaka Hastinapura, supados masrahna sasrahan dhatangdhatêng Sang Prabu Salya. Wujuding sasrahan: mas picis rajabrana sêsotya ingkang adi, dipôngga, turôngga, rata paprangan, raja kaputrèn sarta karang bang wêdalan dhasaring samodra. Prabu Salya nampèni sadaya wau kalayan suka pirêna, mila lajêng masrahakên kadangipun èstri dhatêng Sang Bisma, bêbanthènging darah Kuru, kalihan sampun binusanan sarwa endah. Sang Bisma suka amrawata suta, rumaos lampahipun angsal damêl, mila lajêng ambêkta Dèwi Madri wangsul dhatêng Hastinapura.

__________

--- [0] ---

DAFTAR PENERIMAAN UANG LENGGANAN SEBAGAI GANTINYA SURAT TANDA TERIMA.

TahunTriwulananUangNomer lengganan
Bulan
1956I10-215.
II10-396, 348, 92, 25, 214, 393, 189, 360, 300, 395, 215, 85, 295.
III10-317x3, 368, 315, 396, 94, 324, 328, 351, 393, 374, 92, 225, 292, 25, 19, 214, 354, 394, 346, 369, 189, 191, 308, 4, 366, 397, 207, 300, 400, 110, 374, 277, 290, 384, 356, 378, 136, 215, 222, 276, 336, 194, 295, 135, 399, 85, 344, 298, 314, 390, 23, 347, 89, 307, 195, 385.
IV10-328, 25, 346, 4, 366, 300, 290, 194, 295, 385.
Perhatian.Diminta dengan hormat pada waktu mengirimkan uang lengganan supaya nomor lengganan disebut juga, untuk melancarkan pekerjaan administrasi.

--- [0] ---

WARA-WARA.

Ngaturi wuninga, para ingkang kêparêng sami lêngganan "SÊRAT MAHABHARATA" wiwit kwartal III taun 1956 punika, sampun sagêd mêling "Sêrat Mahabharata" wiwitan ngantos dumugi No. 6 wulan Juni punika gunggung 15 buku, sampun kabèndhêl dados satunggal mawi samak kandêl sarta sae, isi 480 kaca, saking 1 dumugi 480. Ing samak dipun sêrati.

1. "Sêrat Mahabharata bagean Adiparwa" praos. Rêgi Rp. 40.-, ongkos 10%.
2. Andharan Bhagawatgita basa Jawi aksara Latin rêgi Rp. 15,- ongkos kirim Rp. 1,50,-
3. Wêdharan Krishnamurti, basa Jawi aksara Latin, rêgi Rp. 10,- ongkos kirim Rp. 1.50,-
4. Bèndhêlan Brahmawedya 1954 basa Jawi, Rp. 25,- ongkos kirim Rp. 2.50,-

Ingkang basa Indonesia ugi rêgi samantên.

TATA USAHA SMB.

Isi diluar tanggungan pêrcetakan "Kêpunton" Solo.