Menak Cina (Jilid 02), Balai Pustaka, 1934, #1087


Serie No. 1146a ... f 0.50

Menak Cina

Jilid 2

Balepustaka - Batawi Sèntrêm

--- 2 : [0] ---

Sêrat Menak

Sêrat Menak wêdalan Balepustaka ngantos tamat dumugi sedanipun wong agung nalika pêrang ing Lakad.

Dene urut-urutanipun kados ing ngandhap punika:

1. Menak Sareas.

2. Menak Lare: 1-4.

3.Menak Sêrandil.

4. Menak Sulub: 1-2.

5. Menak Ngajrak.

6. Menak Dêmis.

7. Menak Kaos.

8. Menak Kuristam.

9. Menak Biraji.

10. Menak Kanin.

11. Menak Gandrung.

12. Menak Kanjun.

13. Menak Kôndhabumi.

14. Menak Kuwari.

15. Menak Cina: 1-5.

16. Menak Mukub.

17. Menak Malebari: 1-4.

18. Menak Purwakôndha: 1-3.

19. Menak Kustup: 1-2.

20. Menak Tasmitèn.

21. Menak Pirkaras.

22. Menak Kalakodrat: 1-2.

23. Menak Sorangan: 1-2.

24. Menak Jamintoran: 1-2.

25. Menak Jaminambar: 1-3.

26. Menak Talsamat.

27. Menak Lakad: 1-3

Ôngka: 1-15, sampun rampung pangêcapipun. Dene sanèsipun inggih badhe tumuntên mêdal.

--- 2 : [1] ---

Serie No.1146a

Menak Cina

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid: 2.

Balepustaka -1934 – Batawi Sèntrêm

--- 2 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 2 [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

15. Putri Cina Kadamêlakên Pakuwon

1. Mijil

1. dene nora kaparêng wong iki | lawan karyaningong | marêngana mendah ta sukane | sampurnaa ing aprang puniki | iki ta ki patih | wong tuwa rumuhun ||

2. dadi kiring katindhihan cêngkir | bêcik kang mangkono | yèn kiringa nindhihi cêngkire | pan kasungsang patih milalati | putri Cina iki | mêngko karsaningsun ||

3. sun aturi manjing jro nagari | aja amakuwon | nèng pasisir asaru dêlênge | desa Parangjara iku patih | wus padha ambalik | milu Jayèngsatru ||

4. Patih Jawiarta dèn timbali | prapta ngarsa katong | Kewusnendar alon timbalane | hèh apatih rêsikana aglis | ing Palangsêndari | wangunên têtarub ||

5. putri Cina arsa sun pondhongi | karyakna pakuwon | dèn samêkta sauparênggane | iya dadèkna padha tumuli | sandika kya patih | wêdalira gupuh ||

6. ngrakit pakuwon Palangsêndari | wau ta sang katong | Kewusnendar alon andikane | Patih Bêstak matura rama ji | putri

--- 2 : 4 ---

Cina iki | sun aturi kuwu ||

7. anèng Palangsêndari yèn uwis | rama ji lan ingong | iya padha atêtêmu dhewe | Jawiarta lan sira tumuli | sun kon angaturi | marang sang rêtna yu ||

8. dhusun agêng ing Palangsêndari | kaprênah lor kulon | saking Kewusnendar pakuwone | pinggir kali kali angubingêGuru lagu seharusnya: 10i, pinggir kali kali angubêngi | pasitène rêsik | wismane gung-agung ||

9. saking pakuwone Jayèngmurti | prênah kidul kulon | binusanan rêspati rakite | kunêng wau kang winarna malih | Arya Pulangwêsi | lampahira rawuh ||

10. saking umarêk Rajèng Mêdayin | lajêng mring pakuwon | Sang Jayèngmurti lênggah rowange | amung wong agung ing Ngalabani | nèng ngarsa tan têbih | pan lagya umatur ||

11. Arya Maktal mring Sang Jayèngmurti | ngaturkên wêwados | putri Cina kang dadya praptane | Adaninggar kang anyalawadi | kasaru kang prapti | Umarmaya lungguh ||

12. matur ing rèh Sang Rajèng Medayin | tingkah kang linakon | mung satunggal kang raja kaputrèn | tatanggon kang badhe dèn paringi | putri Cina nênggih | ngarsane sang prabu ||

13 inggih nêdya mawongan anyèthi | ing rama sang katong | amba sinung uninga surate | saking sang putri kula watawis | amindho papani | loropan kang wangun ||

14. wangun têmbung mindakèng krama sih | nging rama sang katong | kadi botên uninga sêmune | alon ngandika Sang Jayèngmurti | bêner sri bupati | panganggoning ratu ||

--- 2 : 5 ---

15. yayi Maktal samêngko ing jurit | aja na kang miyos | padha dhêdhêpa pitambuh bae | lamun ora Kewusnendar mijil | kabèh wadya mami | aywa na kang mêtu ||

16. Umarmaya aturira aris | pukulun kang kanggo | mung satunggil kang raja kaputrèn | Putri Karsinah agêmirèki | Putri Parangakik | kinèn bêkta wangsul ||

17. botên kangge dêdege tan sami | amung sang lir sinom | Putri Karsinah sami lêncire | malah amba asisan tinuding | mring pakuwonnèki | putri Cina wau ||

18. kinèn maspadakna ingkang warni | lêncir ayu kaot | mila agêm Karsinah kang kangge | mila mangke rama paduka ji | kagimir kagingsir | tyase wus karidhu ||

19. angandika Sang Surayèng Bumi | yayi wadyaningong | upacara wong Cina samangke | wong rong lêksa aja wira-wiri | kêpalane sami | awêrana iku ||

20. marang pakuwon Cina samangkin | akarya ing pandoh | kawistara asamar sêmune | salah graita kang aningali | dimène wong cilik | têmu sanakipun ||

21. Arya Maktal sandika wotsari | makatêna kados | ya ta lami akèndêl yudane | putri Cina sampun dèn pondhongi | mring Palangsêndari | lan sawadyanipun ||

22. masanggrahan nèng Palangsêndari | asri kang pakuwon | ambêranang gênis bang tarube | pinalisir sutra pita wilis | motha pagêr bumi | wèh eram kang dulu ||

23. Rajèng Yujana Rajèng Mêdayin [Mêda...]

--- 2 : 6 ---

[...yin] | andina sêsugoh | ya ta wau sang prabu kalihe | arsa panggih sang putri pribadi | Sang Rajèng Mêdayin | abusana luhung ||

24. abajo mas apadaka rukmi | kinitir bang ijo | langkung asri êbyur bat-ebate | gandhowara agapura pênding | bêbêsur kêtêbing | amangkawa gumyur ||

25. makutha bêlah bawa buka sri | akarawistha byor | nênetrane krawistha ênggène | intêne sasêntul-sêntul sami | baskarendra giri | aprabawa barung ||

26. abêbondhan bêbadhong bangun jring | mawarna gora byor | abintulu buntala srêbange | atambang lèhèr markata mêntrik | tinon angebati | kadi wanakirun ||

27. Prabu Kewusnendar kang umiring | nèng rata binarong | wadyanira gumuruh gora rèh | wahana kuda blêgdaba èsthi | pambarêping baris | para ratu-ratu ||

28. ingkang sami makutha buka sri | punggawa têtopong | kêre baruti bajo mas kabèh | Kya Patih Cina wus acêcawis | acara jro puri | amanggihi tamu ||

29. praptanira sri bupati kalih | wus kèndêl sang katong | Patih Cina manggihi tamune | kinèn atur uninga ing gusti | kyana patih prapti | ing ngarsa sang ayu ||

30. wus winisik ing karsa sang putri | sadaya wus kawot | pan kinandhut sêrat pitungkase | sigra mêdal wau ki apatih | panggih raja kalih | ingirid malêbu ||

31. nanging winisik marang apatih | sampun [sa...]

--- 2 : 7 ---

[...mpun] ta kadangon | yèn apanggih lan gusti nah anggèr | lagya wontên gêrahe sang putri | lumakyèng jaladri | kadi mambêt arus ||

32. lêbêtira bêkta abdi kalih | sapraptanirèng jro | putri Cina sah saking dhampare | mung sakêdhap sarwi ngacarani | mring sang prabu kalih | wus tata alungguh ||

33. pan kumêpyur Batharèng Mêdayin | mulat sang lir sinom | samya obah bêbalunge kabèh | pan sumaput sakala sang aji | yèn sampuna eling | lamun ratu agung ||

34. Raja Kewusnendar angêjèpi | Patih Cina kinon | mijil mundhut kang raja kaputrèn | praptèng ngarsane sang prabu kalih | Kewusnendar angling | punika mas ratu ||

35. rama Prabu Mêdayin ngaturi | dhatêng sang lir sinom | apratôndha kang raja kaputrèn | sapanjênêngan tuwan sang putri | lan malih ngaturi | pisalin wadya gung ||

36. sagung parêkan êmban lan cèthi | pitung atus gotong | pitung èwu kodhi sadayane | putri Cina mung dhêku tan angling | kang netya awingit | Kewusnendar muwus ||

37. sampun taha paduka sang putri | yèn arsa kalangon | ing Yujana katur saisine | inggih Yujana inggih Mêdayin | andhêku sang putri | nanging tan sumaur ||

38. Raja Kewusnendar nulya pamit | lan rama sang katong | wruh sang putri agawat sêmune | risaking sarira pan katawis | yèn gêraha kadi | marmanya mit mantuk ||

39. sarawuhe pakuwon Sang Aji | Nusirwan anjoto [a...]

--- 2 : 8 ---

[...njoto] | sêmanging tyas saput pandulune | barang katon cinipta sang putri | mèh jawal ing pikir | yèn sampuna ratu ||

40. kadi mayêng angusir pasisir | gung ngame anglamong | kuciwane emut ratu gêdhe | pinituwa sinêmbah para ji | madhêdhêg-madhidhig | tyasira madhudhug ||

41. mingak-minguk sare ringak-ringik | wungune anjongok | ngungak-ungak malongo amènglèng | ngolang-aling angiling-ilingi | gambar anyar dadi | sinawang-sinawung ||

42. tyas kaprabon kang prapta anyapih | solahe nistha wor | dadya ngonggo-onggo minggu bae | kunêng ing Cina Sang Rajaputri | pinarêk ing cèthi | saungkure tamu ||

43. sagung pisungsung saking Mêdayin | tan ana kang tinon | amung miyat kang raja kaputrèn | langkung eram pinundhut ing cèthi | nèng tadhahan rukmi | sumaos ing ngayun ||

44. nênetrane dèn iling-ilingi | sang dyah langkung gawok | sabên-sabên sakarawisthane | isining intên amolung supit | sakudhup mêlathi | nêracak gêngipun ||

45. karawisthane aniga sisih | kajawi kang roro | ngarsa wuri pindha garudhane | isining intên mitulas sisih | nêracak gêngnèki | sakudhuping mênur ||

46. lawan hère pinunjul sabumi | sang rêtna agawok | nora kaprah lan manungsa hère | hèr baskara kalawan hèr sasi | hèr kilat hèr thathit | lumintang andaru ||

47. ginunggung satus sawidak nênggih

--- 2 : 9 ---

samya sêsotya byor | dèn ubêngi sang dyah pandulune | raja kaputrèn winolak-walik | baya dèn isèni | hèh Ban Siwang Siwung ||

48. pamapage Sang Rajèng Mêdayin | suwene sun anon | raja kaputrèn tyas ingsun rongèh | apa kêmat sumbaga lan pêsthi | tyas sun sênak-sênik | umiyat kumêpyur ||

49. Ban Siwang Siwung matur wotsari | dhuh gusti sang sinom | yèn makotên kang raja kaputrèn | tinêbihkên sampun dèn tingali | ngandika sang putri | ing tyas kudu dulu ||

50. sira biyang milua ningali | Siwang Siwung gupoh | marêk umiyat raja kaputrèn | inggih gusti tan pantês nèng bumi | manawi nèng langit | anggèr pantêsipun ||

51. Siwang Siwung andulu mucicil | dangu-dangu anon | krawisthane ing wuri ênggène | gusti wontên tulise puniki | kagyat rajaputri | sri nata pinundhut ||

16. Putri Cina Damêl Gêlar dhatêng Ratu Mêdayin

2. Sinom

1. sastra kang munggèng krawistha | pinandêng dening sang putri | winaos pemut têmbungnya | raja kaputrèn puniki | saking Ismayawati | masiyati marunipun | putri adi Karsinah | Rabingu Sirtupelèli | gêgaweyan kêmasan êjin Ngajêrak ||

2. kalawan Rêtna Sudara | putri adi [a...]

--- 2 : 10 ---

[...di] Parangakik | pan sami winasiyatan | raja kaputrèn saking jin | ajine kang sawiji | padha lan nagri têtêlu | nagari kang satunggal | kang isi dhomas bupati | kang nampani bulu bêkti patang yuta ||

3. lan ratune kang prakosa | sudibya prawirèng jurit | yèn ora mangkono ora | nimbangi ingkang pangaji | raja kaputrèn siji | manawa ratu rong puluh | Sang Rêtna Adaninggar | sawusnya amaos tulis | têka niba gumuling tan mawi bantal ||

4. suka kadya kapidhara | kagyat ban parêkan cèthi | sawungune Adaninggar | pungun-pungun ngandika ris | sarwi mèsêm pan iki | biyang Êmban Siwang Siwung | dudu ingkang gondhalan | si dhawuk Rajèng Mêdayin | kang aduwe iki bakal maruningwang ||

5. putri adi ing Karsinah | kangbok Sirtupelaèli | apa ta iki sinêlang | mring si dhawuk ing Mêdayin | Mêjanani nagari | nora nana wohing kutu | putrine Rajèng Cina | ayu prawira ngajurit | yèn kramaa olèh pamapag sêlangan ||

6. jalêbudakên nagara | si gêrang Rajèng Mêdayin | sumakehan-sumakehan | si bongkrang Nusirwan mêntrik | duwe mantu linuwih | surayèng jagad pinunjul | apa ta ratu kumpra | gupuh-gupuh arsa krami | pamapage raja kaputrèn sêlangan ||

7. dhuh lae nora kayaa | tumrêcêp arabi putri | ing Cina Rêtna Daninggar | ayu prawira ngajurit | gumampang [gu...]

--- 2 : 11 ---

[...mampang] wong Mêdayin | dêdagangan angêndhukur | larang dèn tuku murah | enak-enuk wong Mêdayin | lamun ora beya samudra ludira ||

8. lan sarah sirahing raja | lêlumut bangkening mantri | rêramon gêmbung punggawa | ngêbêki bangawan Mêsir | ing bangawan Maryanil | lan anjugrug ing gunung Kud | bubrah Kakbah ing Mêkah | manawa sida akrami | iya lawan putrine Sang Rajèng Cina ||

9. wau Rêtna Adaninggar | sangsaya kambah wiyadi | sawusnya maos pratôndha | kang munggèng kaputrèn nênggih | kagungane Sang Putri | Karsinah Rêtna Rabingu | Sirtupelèli pelag | tyasira saya ngranuhi | salin cipta takon putri ing Karsinah ||

10. nimbali rêkyana patya | prapta ngandika sang putri | bapa patih sira bisa | apa wong sanak lawan jin | matur rêkyana patih | anggèr angèl marginipun | tan kenging ginagampang | agawat anglêliwati | datan wontên ingkang sagêd amrêsanak ||

11. yèn kenginga ginagampang | baya jêprah kang rabi jin | pintên ta isining jagad | ratu sangisoring langit | saluhuring pratiwi | dèrèng wotên wartosipun | mung satunggil punika | Wong Agung Surayèng Bumi | jêr punika tinitah musthikaning rat ||

12. malah ta pininta sraya | ing aprang dening ratu jin | lah sintên ingkang mêmadha | tinulada botên kêni | Wong Agung Jayèngmurti | Surayèng Jagad pinunjul | Menak pêpakuning

--- 2 : 12 ---

rat | adarbe putri ratu jin | Adaninggar miyarsa wuwuh wuyungan ||

13. iya patih wruhanira | kang pamapag Sri Bupati | Mêdayin kaputrèn ika | iya saking putrining jin | Dèwi Ismayawati | masiyati marunipun | Rajaputri Karsinah | Rabingu Sirtupelèli | ana ciri surat muni karawistha ||

14. têgêse sapa kang krama | lan Wong Agung Jayèngmurti | sayêktine pinilala | mring Rêtna Ismayawati | yèku kapingin mami | mêmaru putri pinunjul | nora isin anêmbah | dhasar tuwa putrining jin | saya mêtêk gon ingsun kandhahan rimang ||

15. padma munggèng antariksa | Wong Agung Surayèng Bumi | kalintang sun êla-êla | yayah trunaning udadi | karoban ing pawarti | rangu-rangu kapirangu | wirangrong karungrungan | praja tampingan Sêrandil | pan kabobo ing rèh durung antuk marga ||

16. pustakaraja rinêngga | ngur matia awak mami | sasmita ngulawisudha | yèn tan tulusa pêpanggih | kang karya lara brangti | Wong Agung Anjayèngsatru | surayèng pramudita | migêna apulang siti | ing sakarat tontonên awora cipta ||

17. patih wus tinundhung mêdal | sang rêtna niba aguling | kabyatan lara asmara | tan ana kaciptèng galih | amung Sang Jayèngmurti | cumanthèl anèng pandulu | dangu rarasing driya | wiyoga buntu tyasnèki | ngunandika age sampurnaning aprang ||

18. sang rêtna sigra nênurat | katur mring Rajèng Mêdayin | miwah [mi...]

--- 2 : 13 ---

[...wah] Prabu Kewusnendar | angamadaka miranti | pamrihe ing ajurit | aywa lawas dimèn uwus | dadya kang punang surat | cundaka prameya mantri | lumaksana katur ing Prabu Nusirwan ||

19. gya tinampan kang nawala | walgita sinukmèng galih | yèn sang prabu amrih enggal | panggih lan sarira mami | wêkasana ing jurit | sirnane madyèng prang pupuh | Wong Agung Kakungingrat | sawadya para narpati | yêkti enggal pangihe samôngsa-môngsa ||

20. kagyat kang duta tinilar | sakala Prabu Mêdayin | mring pakuwon Kewusnendar | gupuh dènira nêdhaki | pamêthuke sang aji | mring kang rama wus atundhuk | lênggah nèng singasana | sinungkên suratira glis | kang paminta saking Rajaputri Cina ||

21 kadriya Sri Kewusnendar | gumujêng aturirèki | mring kang rama Sri Nusirwan | putri ing Cina puniki | têgêsipun pan apik | kêdah sarênga pukulun | lawan damêl kawula | panggihe sang rajaputri | putra tuwan Marpinjun sêsarêngana ||

22. yèn makatên benjang-enjang | amba miyosi ngajurit | nuntên tuwan dhawuhana | dutane sang rajaputri | sampun sumêlang galih | antakane Jayèngsatru | sadèrènge palastra | prasasat sampun ngêmasi | wus katêkêm nèng tangane Kewusnendar ||

23. kondure Prabu Nusirwan | dutèng Cina dèn dhawuhi | matura aja sumêlang | ing pamundhute sang putri | pasthi kalakon nuli | dutèng Cina nêmbah mundur | mantuk matur gustinya | kunêng dalu [da...]

--- 2 : 14 ---

[...lu] tan kawarni | wong Yujana enjang anêmbang têngara ||

24. kêndhang gong bèri sauran | têtêg munya wanti-wanti | umèb gêgaman Yujana | wadya punggawa wus mijil | wadya Ngarab miyarsi | nimbangi têngara umung | sagunging para raja | mijil ing papan miranti | lir samodra wutah bêlabari papan ||

25. miyos prabu ing Yujana | lan sang prabu ing Mêdayin | aglar punggawa ing ngarsa | satriya mantri prajurit | Wong Agung Pusêr Bumi | lan sawadya para ratu | mijil marang paprangan | tata prasamya alinggih | pan kinubêng Wong Agung Surayèng Jagad ||

26. lunggyèng patarana êmas | ratu wadana prasami | nèng wijoan palorêtna | Maktal Marmaya tan têbih | kêpung kapang kang baris | ya ta wau Sang Aprabu | Yujana Kewusnedar | ngrasuk kapraboning jurit | nitih kuda mangsah marang rananggana ||

27. surak bala ing Yujana | miwah wadya ing Mêdayin | lir gora manêngkêr wiyat | prapta ing papan sêsirig | sêsumbar nguwuh tandhing | payo sapa arsa lampus | êndi Si Kakungingrat | mêtua padha prajurit | arok bôndawala pati ngadu yasa ||

28. wau tan bêtah miyarsa | sri bupati ing Kuwari | amit ngraup pada sigra | ingidèn mangsah tumuli | nitih kudanirèki | kawot kaprabon prang pupuh | praptèng madyaning rana | ayun-ayunan wus panggih | Kewusnendar marêpêki mandhi watang ||

29. hèh pagene iku sira | Kemar mêtu ing ajurit | sira ratu tanpa guna | kalah prang nungkul [nungku...]

--- 2 : 15 ---

[...l] angabdi | Raja Kemar nauri | Kewusnendar sira bingung | agama luwih sasar | Jêng Gusti Surayèng Bumi | agamane agama luwih minulya ||

30. payo nuli lêkasana | Kewusnendar ing ajurit | angling prabu ing Yujana | sira tan pantês atandhing | êndi Si Jayèngmurti | kang pantês tandhing lan ingsun | sira ratu pêdhotan | Kemar sumaur nudingi | aja langar Kewusnendar anumbaka ||

31. angling Prabu Kewusnendar | dèn prayitna sri bupati | akudhunga bôndabaya | sun tumbak aja gumingsir | tinumbak sri bupati | kang parise waja têrus | kêna wêntise kiwa | aniba Rajèng Kuwari | pan kantaka Kemar sampun ginosongan ||

32. Radèn Samtanus mit nêmbah | arine Rajèng Yunani | ingidèn sigra umangsah | sampun anitih turanggi | sikêp gada wus prapti | ing payudan asru muwus | Sang Prabu Kewusnendar | sapa aranmu prajurit | angakua mupung isih duwe nyawa ||

33. ingsun satriya ing Yunan | arine Sri Narapati | Prabu Tamtanus kang tuwa | Radèn Samtanus sun iki | Natèng Yujana angling | apa kang anèng sirèku | Samtanus tamakêna | angling satriya Yunani | dudu watak wadya Rab dhingini ing prang ||

34. Kewusnendar anumbaka | Natèng Yujana sru angling | lah iya sira tangkisa | sun tumbak aja gumingsir | ngêmbat lawung kumitir | tinumbak Arya Samtanus | parise waja sigar | anrus lambungira kanin | niba saking kuda Samtanus kantaka [ka...]

--- 2 : 16 ---

[...ntaka] ||

35. sigra wau ginosongan | Kewusnendar asêsirig | turangganira jongwiyat | midêr ing papan sang aji | wau Rajèng Yunani | amit ingidèn umagut | Tamtanus langkung duka | arine anandhang kanin | praptèng papan tanya Raja Kewusnendar ||

36. prajurit aranmu sapa | baya sira Jayèngmurti | Prabu Tamtanus saurnya | ya ingsun Rajèng Yunani | mau kang nandhang kanin | Samtanus pan ariningsun | hèh payo Kewusnendar | dèn padha angungsi pati | Kewusnendar ngayati watang lumarap ||

37. tinangkis ing paris waja | samya rikating ajurit | waose Rajèng Yujana | tumancêp parise aglis | wau Rajèng Yunani | angipat parisanipun | sarwi angêtap kuda | putung waosira kontit | Rajèng Yunan mrêpêki ngayati pêdhang ||

38. Rajèng Yujana ambuwang | watang parisane aglis | kinudhungakên turôngga | amêdhang Rajèng Yunani | parisanira manjing | Kewusnendar kêbatipun | ngipat putung kang pêdhang | samya wasising ajurit | kadya guntur surake mungsuh lan rowang ||

39. rame tan ana kuciwa | pêdhang wus tan migunani | sarêng dènnya sèlèh pêdhang | arame bindi-binindi | malah kasaput wêngi | kang aprang pur têtêg mundur | kalihe masanggrahan | ing dalu bujana sami | mungsuh rowang andrawina maskumambang ||

--- 2 : 17 ---

17. Putri Cina Nyolong Menak Jayèngmurti

3. Maskumambang

1. kawarnaa wau ta sang rajaputri | Rêtna Adaninggar | mêtak wiyoganirèki | agung amaca udrasa ||

2. awuyungan bingung tyase poyang-paying | kaledhon ing karsa | dhompo kuwur kowar-kawir | andadak tindak kadadak ||

3. karya agni ngobar kutug kayu manis | mênyan madu ana | saêndhasing gajah mati | mubal urube kang dupa ||

4. amêmuja wau ta sang rajaputri | amung ciptanira | bingung têmah mêtu runtik | kang pininta jroning puja ||

5. kaki andhol hong tite wêtokna aglis | hyang lata wal ujwa | kuda sakaprabon jurit | lan tambang talikêm tular ||

6. sasirêping dahana turôngga mijil | saking ing pawaka | sakaprabon saput ranti | myang tambang talikêm tular ||

7. sirêping wong sang dyah anilib ing latri | sawiji tan ana | ngawruhi solahing gusti | angrakit kaprajuritan ||

8. bajo wulung sutra alancingan langking | ambên pêkak madya | angiwa gandhewa gadhing | asikêp pêdhang nyuriga ||

9. atarincing mathinthing putri prajurit | endhonge sinandhang | tan môntra prajurit èstri | ngungkuli prajurit priya ||

10. sigra nitih sang rêtna ing kuda janggi | sinabêt umêsat | saasta tan napak siti | cumalorot [cumalo...]

--- 2 : 18 ---

[...rot] kadya kilat ||

11. têngah dalu praptane sang rajaputri | pasanggrahan Ngarab | wus têdhak saking turanggi | lumampah kuda tut wuntat ||

12. lajêng manjing baris agêng rajaputri | sigra matak môntra | sêsirêpe angênèni | kabèh wong ing pasanggrahan ||

13. anggêlasah sadaya wus samya guling | lajêng lampahira | sang rêtna mubêng nênitik | kapêthuk ana wong nganglang ||

14. wadyanira Adipati Guritwêsi | pakuwon wadya Rab | ping tiga dipun ubêngi | prajurit Kaumarmayan ||

15. kalih atus samya pêthuk maling julig | ngagêm lêmbing cacap | sêsandhok pêdhang lan tamsir | sang rajaputri sinapa ||

16. kagyat ngungun dene ta maksih kaèksi | wong kang nyapa ika | mrêpêki ngaruh-aruhi | dening ta rupane Cina ||

17. Si Patayar bêngi-bêngi marang ngêndi | wong Kaumarmayan | panyanane tan kuwatir | anarka yèn Cina kônca ||

18. langkung ngungun sang putri gya mangun malih | kang môntra utama | sêsirêp kang luwih mandi | kapêthuk malih wong nganglang ||

19. nora nyapa liniwatan wira-wiri | wus eca tyasira | kabul istijrate nênggih | sang dyah jajah pasanggrahan ||

20. sampun manjing pakuwon agêng sang dèwi | ingkang linangkungan | tan ana walang salisik | paseban jro lan ing jaba ||

21. kori tundha sadaya marapat sami | kulon kidul wetan | tan beda lor rakitnèki | pan sami tundha sadasa ||

22. wontên kawan [kawa...]

--- 2 : 19 ---

[...n] lêksa wadya gung kang kêmit | miwah wong Patayar | sang putri sampun umanjing | sarwi anuntun turôngga ||

23. saking kori kang lèr lêbête sang dèwi | sabên kori tundha | damar agêng amarapit | kang kêmit wus anggêlasah ||

24. lampahira sabên kori dèn andhêgi | pinandêng minantran | korine mênga pribadi | pagêr pakuwon sadaya ||

25. motha dadu sangkêlat kinarya ringgit | winuwungan sutra | kinayu apu linangsir | wau lampahnya sang rêtna ||

26. sampun manjing kori kang sapuluh nênggih | praptèng palataran | tan ana ingkang udani | sang rêtna mulat anganan ||

27. ana cungkup linangse linapis-lapis | nulya pinrêpêkan | ampingan sêdyanirèki | ênggène askarduwijan ||

28. karsanira aso panjêjêpirèki | tan wruh gèn turôngga | askardiyu bêrik-bêrik | munya kadi gugah-gugah ||

29. kang akêmit sadaya kadi ngêmasi | kagyat sang lir rêtna | tan wruh yèn ênggèn turanggi | linangse tinundha-tundha ||

30. sinirêpan askarnuwijanaskarduwijan tan kêni | kinêpyuran lêmah | wali-wali maksih muni | thakur-thakur gibrah-gibrah ||

31. sang rêtna yu langsene winiyak aglis | ingkang tundha sapta | askardiyu dèn lêbêti | lah ta ika jaran apa ||

32. dadak nora tumama ing sirêp mami | ajiningsun uga | sêsirêpe wong sabumi | sagung kumêlip kakênan ||

33. yèn sun watêk kabèh saisining bumi | tan ana kang gagal | isining [i...]

--- 2 : 20 ---

[...sining] samodra kêni | kutu-kutu walang taga ||

34. iki kuda dadak luput sirêp mami | sang dyah èsmu duka | turôngga pun askarduwi | sinabêt talikêm tular ||

35. netranira askarduwijan kang kêni | sangsaya abigar | ambuka netranirèki | nênggih kang munggèng andhêman ||

36. panthêlênge kadya netraning rasêksi | sang rêtna umiyat | kumêpyur maras muriring | eram unduring lon-lonan ||

37. ngandikèng tyas lah iya sun salin margi | kang adoh gêdhogan | jaran iki dubilahi | agila ingsun tumingal ||

38. mêdal malih angilèn sang rajaputri | marang pêpungkuran | tan beda gunge kang kêmit | nanging têbih lan turôngga ||

39. sigra manjing saking pungkuran sang dèwi | ngrampit pagêr motha | tigang sap wus manjing malih | andungkap ing pasarean ||

40. kudanira tinilar cinancang jawi | wus manjing sang rêtna | miyat kaleja kang samir | sang dyah ngunandikèng driya ||

41. pasthi kene ênggone Sang Jayèngmurti | tyase tarataban | sang dyah miyak langse malih | katingal wau kang nendra ||

42. damar lilin sakawan kang munggèng jawi | kang langse rangrangan | ênggène Sang Jayèngmurti | ingkang datan mawi damar ||

43. sêsaosan inuman aglar ing jawi | gêlas nawa rêtna | sang putri tyasnya kumitir | kêtir-kêtir mêlang-mêlang ||

44. ciptanira ing Cina Sang Rajaputri | sun gawane lunga | mring alas ênggon kang sêpi | jodhèh yèn ing pasanggrahan ||

--- 2 : 21 ---

45. liwunging tyas madêg suranirèng galih | kang langse rangrangan | winiyak ing asta kering | kagyat mulat cahyanira ||

46. kadya wulan ping pat bêlas andhadhari | sang dyah ngusap jaja | dudu manungsa wong iki | cahyane kagila-gila ||

47. gènnya lênggah nèng dagan rada kapering | wêntise sang rêtna | mèh gathuk lan jêmpol sikil | dangu mung mawas wadana ||

48. miyat ngandhap kagyat sang rêtna ngingkêdi | gêni pangrasanya | malêtik mèh tibèng wêntis | sigra dinumuk jêmpolan ||

49. jêmpol sikil sigra dènira nyêkêli | binuka lir lintang | ginêgêm nora kaèksi | winêdhar malih gumêbyar ||

50. dangu dènnya mêng-amêngan jêmpol sikil | kênaka sadaya | binuka pating parêlik | kadi cahyaning kancana ||

51. mas kang tuwa winèwèh sinangling-sangling | amung kang kênaka | ing jêmpol murub nêlahi | sang rêtna gung têbah jaja ||

52. nora lidok ing sêrênging ati mami | brôngta ambêk pêjah | iya mring wong agung iki | anèh wong sapramudita ||

53. dangu pijêr amawas jêjêmpol sikil | mèh lali pratingkah | katuju sirêpe mandi | wong sapakuwon lir pêjah ||

54. panah endhong gandhewa pêdhang tan têbih | pêpalangkanira | ênggène kaprabon jurit | munggèng kiri lawan kanan ||

55. endhong panah gandhewarsa dèn tingali | cinandhak tan kêna | rinanggèh-ranggèh ngêdohi | ginayuh-gayuh manculat ||

56. pinrêpêkan atinggal palangkannèki [pa...]

--- 2 : 22 ---

[...langkannèki] | sang dyah langkung eram | tan antuk andumuk siji | kabèh kapraboning aprang ||

57. Adaninggar gawok gumujêng pribadi | kang sare tan obah | umadêg suraning galih | tyasnya ayuda kênaka ||

18. Menak Jayèngmurti Kabêkta dhatêng Guwa

4. Pangkur

1. sang rêtnarsa matak môntra | lan anglêkasakên kang darubêsi | mrih tutug sasolahipun | madêk amatak môntra | anèng dagan tiba kantêb pan sumaput | gumêtêr tanpa upaya | adangu konjêm ing siti ||

2. wungune sang dyah micara | dhuh wong agung botên salah ing kapti | kawula nêdya rahayu | amrih angèstupada | ngadêg malih dèrèng tutug kajêrungub | amênggah gya matak yoga | aji pamungkasing kaki ||

3. aji pangracut buwana | minggu asidhakêp anênga langit | satêngah jam dènnya jêtung | prapta kang bayu bajra | pôncawora gora riwut siwat-siwut | sang rêtna amudhar asta | prapta udan riwis-riwis ||

4. kang tambang talikêm tular | ingubêdkên ping pitu wali-wali | ciptanira sang dyah ayu | bisa mêsat sagara | yêkti bisa puniku anggêmpur gunung | upama yèn kinarêpna | kaconggah ambubrah langilangit ||

5. tuhu yèn putri prawira | môndraguna sumbaga sura sêkti | cinandhak [cina...]

--- 2 : 23 ---

[...ndhak] jêjêmpolipun | suku malih ping sapta | dyan ingaras wali-wali ping sapuluh | wong agung sigra pinolah | sarira winolak-walik ||

6. kadya lajênga kantaka | saking dening sakeca jroning guling | amung kang cahya kumutug | tambang talikêm tular | binêbêdkên awit sanginggiling sikut | sangandhap suku punika | sapangandhap praptèng sikil ||

7. sangandhap jêngku punika | ingkang tambang talikêm tular maksih | tigang dhêpa ingkang kantun | wong agung gya ingangkat | wus binêkta mêdal winot ing kudèku | ginoyot talikêm tular | kukuh binêkta lumaris ||

8. saking pakuwon wus mêdal | manjing wana ana guwa gêng kèksi | kuda kinèndêlkên ngriku | jawining lawang guwa | sang dyah sigra manjing jroning guwa gupuh | kanan keringe dhinupak | rinata jêmbar wus radin ||

9. wong agung wus inguculan | saking kuda binêktèng jro wus manjing | godhong pêlasa tinumpuk | kadi kasur tinata | rajaputri gya nitih turôngga mamprung | mung sakêdhap praptanira | pakuwon Palangsêndari ||

9. ngambil karang ulu gobah | tuwin kasur cangkelak nulya bali | lampahing kuda lir daru | sapraptaning jro guwa | pinapajang asri uparêngganipun | sang rêtna anarik pêdhang | ingabên lan waja tamsir ||

10. murub sang dyah masang damar | binêktèng jro gène Sang Jayèngmurti | sinarèkakên ing ngriku | kunêng kang anèng guwa | byar raina gantya wau kang winuwus | pasanggrahan kang tinilar [tini...]

--- 2 : 24 ---

[...lar] | Wong Agung Surayèng Bumi ||

11. tan ana ingkang graita | pangrasane maksih eca aguling | kongsi ing pukul sapuluh | datan wontên sineba | ing sabêne mring gèn kuda pukul wolu | lênggah ing kursi kewala | pukul sanga kondur nuli ||

12 busana lajêng sineba | animbali para ratu kang nangkil | ing mangkya mamring asamun | wau putra kalihnya | atêtanya mring wong Kebar lan wong ing Rum | punggawanira kang jaga | nyapuluh kalih nagari ||

13. kang munggèng ing palataran | sira wêruh kangjêng rama ing wêngi | punggawa Kebar lan ing Rum | ature tan uninga | radèn angling mara pariksanên gupuh | pakuwone paman Maktal | lan uwa Tasikwajèki ||

14. gya pinriksa pakuwonnya | Radèn Maktal lawan Umarmayèki | wau kalane angrungu | Dipati Tasikwaja | tyas kumêpyur wus angrasa pelingipun | ing nguni si kaki tuwa | sigra dènira lumaris ||

15. miwah Arya Parangteja | duk miyarsa gupuh dènnya lumaris | sarêng wau praptanipun | Marmaya Radèn Maktal | panggih rajaputra kalih têtanya sru | paman uwa kangjêng rama | dhatêng ing pundi puniki ||

16. Umarmaya tanpa ngucap | dhêlêg-dhêlêg sarta waspanya mijil | Arya Maktal sênggruk-sênggruk | tan kêna sasabana | saking dèning trêsnaning bala gumuruh | datan kêna sinapiha | wurahan swaraning tangis ||

17. sagung para raja-raja | kang wus nangkil manjing pakuwon sami | kang dèrèng

--- 2 : 25 ---

prapta gumrubyug | samya anglud karuna | Raja Ukman lawan Sang Prabu Tamtanus | angubêngi pasanggrahan | kori kilèn ana titik ||

18. tapaking turôngga lijag | nanging iya tapak kuda sawiji | mubêng-mubêng tilasipun | sagung kang para raja | ting bilulung nitik tapaking kudèku | èstu tapaking turôngga | nanging turôngga sêmbrani ||

19. saya gung kang para raja | ting balêbêr prapta samya anangis | pakuwon jêjêl supênuh | gêng alit bala Arab | samya nangis Radèn Jayusman pan ambyuk | nèng pangkonira kang paman | Wong Agung Parangtejèki ||

20. Radèn Ruslan ambyuk mara | pangkonira sang prabu ing Yunani | kang tangis saya gumuruh | tan kêna sinirêpa | Adipati Tasikwaja ngalor ngidul | anyirêp ingkang karuna | kèhing wadya datan kêni ||

21. Prabu Lamdahur ingatag | ngagar gada sarya sru dènira ngling | mênênga aja gumrumung | mundhak bingungi nalar | bok karungu Si Kewusnendar puniku | angajak bilai sira | balik apacaka baris ||

22. mênêng kang cêlak gènira | ingkang têbih maksih prasamya nangis | kang têbih pisan gumrumung | Dipati Tasikwaja | cêrak-cêrik angatag Prabu Lamdahur | panyirêpe ngagar gada | sirêpe tangis wus linggih ||

23. pating salênggruk kewala | asru mojar Dipati Guritwêsi | hèh payo kang para ratu | mijil marang têratag | yayi Maktal gawanên sutanirèku | Radèn Jayusman miyosa [miyo...]

--- 2 : 26 ---

[...sa] | sineba para narpati ||

24. sampun miyos siniwaka | Umarmaya Maktal ingkang siniwi | dening sagung para ratu | samya lunggyèng wijoan | pra dipati satriya mantri supênuh | Umarmaya undhang-undhang | hèh sagung para narpati ||

25. samêngko Radèn Jayusman | sadurunge ingkang rama pinanggih | Radèn Jayusman puniku | iya kang sumiliha | mring kang rama pamêngkunirèng wadya gung | yayi Maktal awak-awak | misesa panata baris ||

26. kaya adat kalampahan | aja owah ingsun arsa ngulati | kang samya anandhang tatu | tinamban wus waluya | Raja Kemar kang ngêbayani pakewuh | kang wruh watêsing jajahan | Yujana lawan Kuwari ||

27. samya ngèstokkên sadaya | radèn putra tinarik wus alinggih | ing padmasana mas murub | narpadmaja taruna | Radèn Ruslan nèng wijoan palowanu | jajar lawan Arya Maktal | Adipati Guritwêsi ||

28. mrêpêki mring Arya Maktal | abêbisik Kêndhang Iskandar iki | kalamun sutanirèku | arsa magut ngayuda | yayi sira kang sun pitayani gadhuh | anatab Kêndhang Iskandar | Dyan Maktal sampun nampèni ||

29. Umarmaya sigra kesah | tanpa rowang anasak ing wanadri | wau ta sapungkuripun | prabu jaka ngandika | paman Parangteja mangke karsaningsun | rakanta ibu kalihnya | arsa kawula pondhongi ||

30. kang paman alon turira | inggih lêrês yayi Prabu Kuwari | saosa kapat tumênggung [tu...]

--- 2 : 27 ---

[...mênggung] | badhe lumaku duta | mring Kuwari tuwin ingkang para ratu | kabèh utusana garwa | umiring sang rajaputri ||

31. bubaran kang siniwaka | pacak baris pêndhêm angati-ati | Prabu Jayusman puniku | tan têbih lan kang paman | wong agung ing Parangteja siyang dalu | pakumpulan para raja | gunêm masalahing jurit ||

32. wau lampahe Marmaya | ngêmpêt dhatêng nagari ing Kuwari | para garwa sinungan wruh | wong agung musnanira | ingkang putra sumilih mêngku wadya gung | ancritanjrit sang putri kalihnya | nêmbang têngara tinitir ||

33. sagung para raja-raja | ingkang anèng Kuwari sinung warti | puyêngan tangis gumuruh | samya mangun sungkawa | para ratu kang kantun siyaga sampun | Ki Umarmaya wus kesah | wangsul mring wana ngulati ||

34. ing nguni si kaki tuwa | kang wêwarah sarta amasiyati | Kêndhang Iskandar rumuhun | gununge pinaranan | Umarmaya lajêng nênêpi nèng ngriku | ngundhamana kaki tuwa | hèh kaki praptaa maning ||

35. wus bêner pituturira | nanging ingsun kaki wisikên ugi | ênggone Sang Jayèngsatru | enake atiningwang | yèn wus wêruh aja kudu tutur-tutur | wus ilang mêmarasing tyas | lah kaki agea prapti ||

36. Adipati Tasikwaja | ngambil kasur bantal saking kêkandhi | anèng wukir alit turu | sarwi angundhamana | suwe têmên kaki tuwa kaki pikun | kaki dhawuk kaki gêrang | dene nora prapta maning ||

37. kunêng kang lagya tirakat | anênêpi [anênê...]

--- 2 : 28 ---

[...pi] Dipati Guritwêsi | nèng wana Kuwari gunung | alit madyaning wana | anênêdha marang Hyang Kang Maha Luhur | panggihe Sang Kakungingrat | kunêng gantya kang winarni ||

38. Kusuma Yu Adaninggar | nèng jro guwa lan Sang Surayèng Bumi | nalika iku wong agung | winungu mring sang rêtna | kagyat wungu mulat kanan keringipun | dudu pasanggrahanira | anèng jro guwa puniki ||

39. lan binêbêd badanira | datan bisa obah kadya ginodhi | lawan mulat daganipun | ana wanodya endah | ngunandika paran iki solah ingsun | sang putri alon sinapa | sirèku pawèstri ngêndi ||

40. ayu anom tanpa rowang | kayaparan ana ing kene iki | lan ing mêngko raganingsun | têka liru panggonan | Adaninggar nêmbah mèsêm aturipun | kula Rajaputri Cina | andhandhang saking nagari ||

19. Putri Cina Wontên ing Guwa kalihan Menak Jayèngmurti

5. Dhandhanggula

1. amba matur ing tuwan sayêkti | mila kesah saking ing nagara | kawratan nandhang wirage | amung paduka ketung | ing supêna tan wontên malih | awit ing mila-mila | kawula pukulun | ing timur praptèng diwasa | ginagulang ing rama amangun jurit | kathah paguroning prang ||

2. nuntên diwasa tinari krami | dhatêng rama prabu tyas kawula | tan arsa kramaa tangèh [ta...]

--- 2 : 29 ---

[...ngèh] | ing pangraos pukulun | karêm kaprawiraning jurit | sintên pantês mêngkua | mring sariraningsun | yèn nora nana satriya | prawirane angungkuli wong sabumi | datan arsa akrama ||

3. nuntên kathah wong Cina kang warti | ingkang dagang saking ing Kuparman | samya akathah bathine | kèh dadya sugihipun | ingkang ngantos wangsul ping kalih | punika kang pawarta | Kuparman praja gung | tan wontên kang nimbangana | pasitène atandhês wêdhi numpangi | kali sèwu jro praja ||

4. sêmbadane ingkang ngadhatoni | apan dene têrahing Kuparman | saking Kalana wijile | andon prang saking timur | praptèng mangke datanpa tandhing | Wong Agung Kakungirat | kathah para ratu | sagung para raja-raja | Ngatasangin ing Bawahangin kajodhi | ing prang lajêng suwita ||

5. mèh kaputêr sangisoring langit | datan wontên ratu gung kang nandhang | ing prang nanggulang bobote | narpati punjul-punjul | kang prawira ing nguni-uni | sawiji datan ana | lumawan ing pupuh | wus kasub kaonang-onang | kang pêparab Ambyah Surayaning Bumi | Menak Pêpakuningrat ||

6. Wong Agung Kalana Jayèngmurti | Jayèngsatru prawira dikdaya | ing aprang pilih bobote | bêbala para ratu | pitung lêksa lan kalih kêthi | sèwu ratu wadana | sumbaga nung-anung | ingambil putra panuwa | dening Prabu Anyakrawati Mêdayin | ingambil mantu pisan ||

7. satriya lus ambêk martèng dasih

--- 2 : 30 ---

sih ing wadya kinulawisudha | tan ana rêngat wadyane | abagus ambêk sadu | mawa cahya apindha sasi | garwanira têtiga | putri luwih ayu | Mêdayin lan ing Karsinah | Parangakik kang kalih putri prajurit | awit kula miyarsa ||

8. kandhahan brôngta dening pawarti | rama prabu asih apêputra | kawula ingatêrake | binaktan palwa sèwu | satus wêndra warni brana di | pèni-pèni ing Cina | lan pêpatihipun | rama ji tumut kawula | mung binêkta kang prajurit tigang kêthi | sanèsing pra dipatya ||

9. prajurit priya mung kalih kêthi | pitung nambang dhomas kang wanodya | dhatêng Kuparman sêdyane | wontên margi pukulun | angsal warti Kuparman sêpi | wontên Kuwari tuwan | lajêng layaripun | praptèng Kuwari kawula | panggih sêpi mring Yujana Paduka Mir | lajêng kawula prapta ||

10. amba badhe sowan Paduka Mir | nuntên wontên peling mring kawula | yèn tuwan lagya prang rame | tan tolih ing dyah ayu | amung aprang kang dèn sungkêmi | dadya kawula nêmah | ing tyas lênglêng bingung | kuwur pikir tanpa nalar | ngawar-awur karya lambe bang lan malih | akarya samudana ||

11. kalairan mring Rajèng Mêdayin | sêdhêng bubar prang kula pratela | ing tuwan sarbi batine | duk mila-milanipun | badhe atur surat ing gusti | sagunging kang pratingkah | punika pukulun | kang mawi gugup punika | bok manawi kadrawasan ing pawarti | awit saking pamapag ||

12. raja

--- 2 : 31 ---

kaputrèn kang luwih adi | wontên cirine Putri Karsinah | garwa paduka kang anèm | Rêtna Dèwi Rabingu | kang kagungan kaputrèn adi | dadya pikir kadadak | anêmah tyas ulun | mandungi dhatêng paduka | nêdya atur pratela tur pati urip | ngaturkên kabatinan ||

13. lir carita ature sang putri | ya ta wong agung alon ngandika | tuturira iku kabèh | tan ana ingkang luput | namung ingkang wêkasan iki | sisipe lakunira | kagupuhên gugup | dadi wus karsaning Sukma | wus kacêtha garwa Sang Rajèng Mêdayin | sira pan maratuwa ||

14. nora kêna raganingsun iki | yèn ciptaa marang maratuwa | dadi antuk nama sèdhèng | duraka kang tinêmu | duk miyarsa sang rajaputri | ngungun nglêgêr ing driya | sumaput arubuh | gumuling anèng bantala | dangu-dangu anglilir pêpungun aris | aturira ngrêrêpa ||

15. botên kenging yèn paduka nampik | saking asangêt brôngta kawula | duk saking Cina milane | tan wontên ingkang ketung | mung paduka ing siyang latri | cumanthèl anèng nêtra | gumantung jêjantung | dêmi Hyang latawal ujwa | yèn darbea cipta liyan Paduka Mir | sampun manggih raharja ||

16. angandika Sang Surayèng Bumi | tan maido ing prasêtyanira | iya baya wus pasthine | sira pan jodhonipun | rama prabu anyakrawati | ingsun dadi tur sêmbah | andika pun ibu | lah ibu paran ing karsa | raganingsun makètên lah kadipundi

--- 2 : 32 ---

tuwan pan maratuwa ||

17. yèn ajaa kapalang sirèki | angupaya putri kang kaya pa | ayu anak ratu têdhegêdhe | prawira ing prang pupuh | sugih brana sugih prajurit | kasub kalokèng jana | amanis sumunu | rêspati sêdhêp sêmbada | sira pantês tinuku samodra gêtih | kuciwa maratuwa ||

18. dadi apa wong urip puniki | yèn muranga krama kang wus kaprah | kang linakon ing wong akèh | yèn ngowahana wuwuh | cilakane manungsa iki | siniksa jro naraka | tan ana kang tulung | yèn kramaa maratuwa | tuduh kêthuh kabubuhan bêbayani | talutuhing sajagad ||

19. lawan ilang yuwananing jurit | ilang sêbuting janma utama | kèsi-èsi wêkasane | anak putune katut | nora bisa têmu ing wuri | lan sanak wong atuwa | sinatru sinêrtu | pinapas ingkang pangwasa | wêkasane binurak-burak ing bumi | wong rabi maratuwa ||

20. Rêtna Daninggar anjrit anangis | gawok têmên ingsun yèn ngandika | kaliwat pamaidone | durung imbalan wuwus | durung salang gêpokan mami | durung atêpung ulat | durung rèh rinêngkuh | lagi mawang sêsawangan | tur gorohan kaniaya kang ngarani | angaku maratuwa ||

21. anauri Sang Surayèng Bumi | nadyan mangkono pae wong jaba | kaanane gumapruke | mungguh tingkahing ratu | jroning surat bae wus dadi | jêr sira wus pratôndha | suratira katur | lan sira wus [wu...]

--- 2 : 33 ---

[...s] pinaringan | ingkang raja kaputrèn nyêlang ing mami | jêr wajib maratuwa ||

22. sang dyah matur yèn tuwan tan apti | animbangi ing brôngta kawula | kadi tuwan botên wande | inggih nêmahi lampus | anauri datan gumingsir | jurên sariraningwang | dèn atêmah lêbur | tan garantês patiningwang | asal aja dadi ojating sabumi | angalap maratuwa ||

23. gêdrag-gêdrug anjêjêki bumi | jêmplang-jêmpling dènira karuna | sikara wong agung kiye | wastra pisah tinêpung | bisa jait rasaning ati | buron Ngarab kang mindha | maesa nak-enuk | praja sawetaning Mêkah | dipaningrat sêrêng ngayam-ayam pati | mêmacuk maratuwa ||

24. wus mangkana tinilar Sang Amir | sang rajaputri enjang umêsat | mantuk marang pakuwone | lamun ing dalu wangsul | marang jroning guwa minta sih | ngrêrêpa mring wong Menak | nanging datan antuk | dadya wau putri Cina | wira-wiri nêngêna wau sang dèwi | wuwusên pasanggrahan ||

25. wadya kang prapta saking Kuwari | para ratu sawadyabalanya | kang samya dhèrèk praptane | sang putri kalihipun | lan kang putra wus sami panggih | anglud bantu karuna | mangkana winuwus | sira Raja Kewusnendar | wus miyarsa sirnane Sang Jayèngmurti | atilar pasanggrahan ||

26. sami myarsa lan Natèng Mêdayin | pagunêman lan Natèng Yujana | Sri Kewusnendar ature | yèn suwawi pukulun | tinumpêsan bala Nata Mir | gustine sampun minggat [ming...]

--- 2 : 34 ---

[...gat] | pan ajrih ing lampus | kariyon ing karsanira | Kewusnendar enjing anêmbang têngari | arsa miyos andurma ||

20. Radèn Jayusman Kajumênêngakên Nata Makili Rama

6. Durma

1. atêngara enjing bala ing Yujana | kêndhang gong lawan bèri | gong maguru gôngsa | têtêge asauran | barising Yujana mijil | aglar ing papan | wadya Rab animbangi ||

2. atêngara sagung para raja-raja | bubul wadyanirèki | mijil amèt papan | sampun baris kalangan | Kêndhang Iskandar tinitir | mring Arya Maktal | guguk munyèng wiyati ||

3. wadya Ngarab gambira wuwuh tyasira | lir jangkrik dèn kilèni | surake gumêrah | wuwuh kasuraning tyas | linilana marang gusti | manglêbur kitha | tan kongsi dina malih ||

4. Prabu Jaka Jayusman munggèng amparan | dirgasana rinukmi | kinubêng pra raja | punggawa ulubalang | satriya myang para mantri | saos ing yuda | munggèng ngarsaning gusti ||

5. sigra Prabu Yujana mundhut turôngga | sangkêp kaprabon jurit | miyos ing ayuda | sang nata nitih kuda | jongwiyat midêr sêsirig | asumbar-sumbar | payo bala Nata Mir ||

6. mêtonana iki Prabu Kewusnendar | rêbutên ing ajurit | dadi sukaning tyas

--- 2 : 35 ---

payo barênga mara | gustimu anglês ing wêngi | wêdi maring wang | wau ta duk miyarsi ||

7. Raja Kalbudiyan amit miyosi prang | sira Natèng Biraji | anitih turôngga | kawot kapraboning prang | prapta ing papan wus panggih | Rajèng Yujana | asru dènira angling ||

8. saparanmu satriya utawa raja | ingsun Rajèng Biraji | aran Kalbudiyan | gumuyu Kewusnendar | ragane sira narpati | apa sêsêngkan | pan dudu ratu wiji ||

9. pêpantêsmu omaha pinggiring alas | nukangi kayu jati | abahan baita | iku pêpantêsira | têka dadak dadi aji | wingi wong Arab | kang aprang bêcik-bêcik ||

10. ya katêmu ing apa Si Kakungingrat | gawe ratu sirèki | liwat saking wadhag | ing tatah warnanira | Kalbudiyan amucicil | sumaur sugal | buwah Biraji mami ||

11. ala-ala pan ingsun ratu wadana | dhomas para narpati | kang karèh dening wang | wit saking karsanira | Jêng Gusti Sang Jayèngmurti | wus tate ingwang | bônda kaya sirèki ||

12. payo Kewusnendar apa anèng sira | Rajèng Yujana angling | iya dèn prayitna | kudhunga bôndabaya | sun gada aja gumingsir | sigra ginada | Kalbudiyan atangkis ||

13. sarwi sênggak panggadane Kewusnendar | sang prabu ing Biraji | parisane sigar | anrus sirahing kuda | pêjah turônga ngêmasi | tiba kasingsal | sira Natèng Biraji ||

14. tangi narik pêdhang Raja Kalbudiyan [Kalbu...]

--- 2 : 36 ---

[...diyan] | sinandêr Sri Bupati | Kewusnendar sigra | têdhak saking turôngga | kang pêdhang tinêmpuh tangkis | manjing kinipat | putung pêdhangirèki ||

15. asru mojar Sri Bupati Kèwusnendar | ujarku nora sisip | si anak baita | si tukang kayu sira | kuthuh solahmu ing jurit | gya Kalbudiyan | nyandhak wangkingan aglis ||

16. Kewusnendar ingangkat-angkat tan kangkat | gantya tarik-tinarik | Raja Kalbudiyan | binanting sarwi sênggak | kabanting Rajèng Biraji | tiba kantaka | sigra dènnya gosongi ||

17. Raja Sarkab amit miyos ing ayuda | ingidèn sigra nitih | turôngga umangsah | panggih ayun-ayunan | Rajèng Yujana sru angling | lah sira sapa | abagus gêng ainggil ||

18. anauri ya ingsun Sang Raja Sarkab | nagaraningsun Turki | ratu andêl ingwang | sinêmbah ing prawira | ngawulakkên para aji | hèh Kewusnendar | dèn panggah ing ajurit ||

19. iya Sarkab dèn prayitna ingsun gada | kudhunga paris wêsi | Prabu Kewusnendar | pun jongwiyat kinêtap | amutêr gada sang aji | Sarkab ginada | kuwat dènira tangkis ||

20. rosanira panggadane Kewusnendar | jumêbrèt tibèng tangkis | awêtu dahana | murub kumatar-katar | surak lir karêngèng langit | ingkang ayuda | samya prawira sêkti ||

21. Kewusnendar amindho panggadanira | Sarkab kalaban agni | surak wong Yujana | lah mati ratu ika | ajur awor

--- 2 : 37 ---

lawan siti | adate uga | yèn gada ratu mami ||

22. sapa-sapa mungsuhe môngsa mindhoa | Sarkab tinon pan maksih | sigra malês gada | Kewusnendar atadhah | ginada tinitir-titir | turangganira | pun jongwiyat sru anjrit ||

23. mubal gêni parisane Kewusnendar | Rajèng Yujana angling | hèh Sarkab prawira | sêdhêng ratu wadana | mau Sang Rajèng Biraji | mambu urakan | tandange ing ajurit ||

24. rame dènnya ayuda gada-ginada | gantya titir-tinitir | pan sami wêntala | dangu datan kasoran | sarêng sèlèh gada kalih | pêdhang-pinêdhang | samya wasis ing jurit ||

25; awurahan suraking mungsuh lan rowang | wau ta kang ajurit | kasaput ing surya | diwasa tinêtêgan | mundur kalih kang ajurit | mungsuh lan rowang | amasanggrahan sami ||

26. apan sami bujana ing dalunira | enjing atangkêp malih | wus samya têngara | kêndhang gong asauran | wong Arab wong Yujanèki | arêbut papan | têpung kapang kang baris ||

27. Prabu Kewusnendar wus munggèng amparan | lan prabu ing Mêdayin | sagunging punggawa | bupati lan satriya | andhèr ing ngarsa narpati | wau wadya Rab | prabu jaka siniwi ||

28. lênggah ing amparan rêtna dirgasana | Arya Maktal angapit | lawan Radèn Ruslan | Lamdahur datan têbah | Tamtanus lan Umarmadi | Iskal Iskalan | Sarkab lan Yusup Adi ||

29. angandika Sang Surayèng Bumiputra [Bumipu...]

--- 2 : 38 ---

[...tra] | lah pama kadipundi | prakawis kang mêdal | umangsah mêthuk ing prang | punapa sampun prayogi | yèn nglêstantuna | kados ing wingi uni ||

30. aturira wong agung ing Parangteja | botên inggih ing mangkin | asalina gêlar | inggih sagêgolongan | kang darbe dintên puniki | rama paduka | kakang Prabu Sêrandil ||

31. sasukane amatah prajuritira | ratu miwah bupati | dintên benjang-enjang | yayi Iskal Iskalan | êmbène yayi Yunani | êmbène dawa | anak Prabu Ngabêsi ||

32. yèn wilujêng wontên balikane gêsang | ingsun ingkang mungkasi | alon angandika | Prabu Jaka gih paman | sagunge para narpati | kang kathah-kathah | angantosa panuding ||

33. Prabu Alamdahur gumujêng turira | puniku kang prayogi | kariyon ing karsa | sagunging para raja | sigra Sang Prabu Sêrandil | angatag putra | mangsah Radèn Pirngadi ||

34. nitih kuda kawot sakapraboning prang | praptèng papan sêsirig | asru asêsumbar | hèh payo wong Yujana | sapa kang arsa ngêmasi | papagên ingwang | tandang ingsun ing jurit ||

35. iya iki Pirngadi putra ing Selan | prawira sura sêkti | wus tate sumêngka | satriya bônda raja | unclang êndhasing narpati | hèh Kewusnendar | metua ing ajurit ||

36. aprang tandhing lan ingsun kêmbulan gada | rok bôndawala pati | rêbutên ing yuda | Sang Prabu Kewusnendar [Kewu...]

--- 2 : 39 ---

[...snendar] | miyarsa krodha tan sipi | ngatag prawira | Raja Kandrun prajurit ||

37. pan kaipe marang Prabu Kewusnendar | nagrine ing Drêmani | mangsah nitih kuda | pan sarwi mandhi gada | prapta ing rana wus panggih | ayun-ayunan | angling Radèn Pirngadi ||

38. sapa ranmu kang amapag tandang ingwang | ingsun Natèng Drêmani | Raja Kandrun ingwang | ipene Kewusnendar | lah sira wong anom pêkik | sapa ranira | apa ratu dipati ||

39. anauri ingsun Rajaputra Selan | putrangkat sun ingambil | dening gustiningwang | Risang Surayèng Jagad | ingsun kang aran Pirngadi | apa nèng sira | payo Rajèng Drêmani ||

40. Raja Kandrun marêpêki ngundha gada | kudhung parise wêsi | Rajaputra Selan | ginada tinadhahan | parisane mubal gêni | surak gumêrah | yayah nêngkêr wiyati ||

41. pining kalih tinitir panggadanira | panggah Radèn Pirngadi | ngling Kandrun dèn yitna | kudhunga bôndha baya | amutêr gadanira glis | putra ing Selan | ngêtap kuda mrêpêki ||

42. Raja Kandrun wus tangkis parise waja | sigra tiniban bindi | parisane sigar | kampat sirahing kuda | rêmuk ajur tibèng siti | tiba kaplêsat | sira Natèng Drêmani ||

43. ingudhunan Raja Kandrun tangi mêdhang | tinangkis sarwi babit | tikêl pêdhangira | Raja Kandrun cinandhak | wangkinganira binanting | tiba kantaka | tarutul analèni ||

44. Jatiwalar Pêpatih Kaumarmayan

--- 2 : 40 ---

binêkta mundur aglis | Rajaputra Selan | sêsumbar nguwuh lawan | wong Yujana aja gênti | barênga mara | rêbutên ing ajurit ||

45. duk miyarsa mangsah Sang Rajèng Tirantang | sira Sang Raja Kibsil | dharat praptèng rana | sarwi angundha gada | wong anom dèn ngati-ati | sapa ranira | ingsun Radèn Pirngadi ||

46. sira iku wong tuwa aranmu sapa | wis nora patut jurit | ngling Rajèng Tirantang | pan ingsun ratu tumbal | dadi masêlating jurit | môngsa anaa | nimbangi Raja Kibsil ||

47. dèn prayitna Pirngadi sira sun gada | mutêr gadanira glis | sarwi matêk japa | ukhul jawês-jawês prak | rêmuk saking gada mami | tiniban gada | Rajaputra Sêrandil ||

48. tinadhahan parise têmpuh kumêmprang | sarwi lok mati-mati | Raja Kibsil bapang | Pirngadi ngundha gada | dèn prayitna sira kaki | sigra ginada | tadhah Sang Raja Kibsil ||

49. pan ingampat panggadane putra Selan | sira Sang Raja Kibsil | kajumpalik rêbah | tibanira kalumah | Jatiwalar sigra prapti | wus ingancikan | jajane Raja Kibsil ||

50. gya rinangkus tanganira sukunira | Raja Kibsil anangis | sigra binabayang | Raja Kibsil katawan | sigra prabu ing Sêrandil | angatag gantya | sira Rajèng Surati ||

51. sigra mangsah Sang Raja Suratisdaham | sampun wahana èsthi | praptèng rananggana | Rajèng Surati mojar | radèn kèndêla rumiyin | ingkang timbalan | rama paduka

--- 2 : 41 ---

aji ||

52. lan rakanta Sang Surayèng Bumi putra | ngong kinèn anggêntosi | radèn mundur sigra | praptèng ngarsa tur sêmbah | mring Prabu Jayusman nuli | marêk ing rama | nêmbah rinangkul aglis ||

53. wau Rajèng Surati Suratisdaham | sêsumbar nguwuh tandhing | payo mêtonana | prajurit ing Yujana | sapa kang arsa ngêmasi | lah papagêna | yuda kênaka mami ||

21. Prangipun Para Raja Wadyanipun Menak Jayèngmurti kalihan ing Yujana

7. Pangkur

1. mangsah Raja Darudirham | Natèng Saldum nitih liman ajrihi | sarwi angundha salukun | prapta ayun-ayunan | Darudirham angling lah sapa aranmu | sumaur Suratisdaham | ya ingsun Rajèng Surati ||

2. lah sira sapa ranira | anauri sun andêl Yujanèki | nagaraningsun ing Saldum | aran ngong Darudirham | tadhahana wong Arab ingsun salukun | Sang Raja Suratisdaham | sinalukun anadhahi ||

3. mentar parisane waja | sigra malês sira Rajèng Surati | atangkis Sang Natèng Saldum | surak bala gumêrah | rame têmpuh gada kalawan salukun | tan ana ingkang kasoran | Rajèng Saldum lan Surati ||

4. sarêng kang surya diwasa | tinêtêgan mundur kalih kang jurit | makuwon kang baris kêbut | dalu samya bujana | pan sadalu enjinge malih winuwus | muni têngaraning [tê...]

--- 2 : 42 ---

[...ngaraning] aprang | kêndhang gong gurnang lan bèri ||

5. têtêg barung asauran | mijil baris Arab wus amiranti | lan baris Yujana têpung | wong agunge wus samya | nèng payudan Sang Surayèng Jagad sunu | aglar ratu pinituwa | tuwin Rajèng Yujanèki ||

6. lawan Sang Prabu Nusirwan | kalih samya lunggyèng amparan rukmi | andhèr kang saos ing pupuh | Sang Raja Darudirham | mêdal malih sêsumbar anguwuh mungsuh | hèh payo Suratisdaham | nutugake ing prang wingi ||

7. anglela munggèng dipôngga | Prabu Iskal ngatag prajuritnèki | ing Markiyah Raja Aryus | mangsah nitih blêgdaba | praptèng rana Darudirham asru muwus | wong Arab aranmu sapa | Raja Arnus anauri ||

8. ingsun ratu ing Tarkiyah | sira sapa wong Yujana rannèki | sumaur sun Natèng Saldum | pêparab Darudirham | tadhahana wong Arab salukuningsun | têmpuh salukun lan gada | arame dènira jurit ||

9. binalik têmpuh ing gada | Darudirham putung salukunnèki | ginada dipangganipun | Sang Raja Darudirham | sirah pêcah gajah rêbah Raja Saldum | tiba saking dipangganya | tangi narik pêdhang aglis ||

10. Sang Raja Arnus pinêdhang | blêgdabane sigra dènnya ngudhuni | tinangkis pamêdhangipun | Arnus malês anggada | tuna-dungkap panangkise Rajèng Saldum | dhasar sampun sangêt sayah | tibane saking ing èsthi ||

11. bau kasampar ing gada | Raja Darudirham niba ing siti | wong Arab [Ara...]

--- 2 : 43 ---

[...b] surak gumuruh | tarutul TajiwalarJatiwalar | analèni marang sira Raja Saldum | binêkta mundur katawan | Radèn Bandarkung gya prapti ||

12. sugal dènira têtanya | hèh wong Arab sapa aranirèki | sumaur Sang Raja Arnus | prajaningsun Tarkiyah | sira sapa sumaur ingsun Bandarkung | satriya andêling aprang | arine sri narapati ||

13. ing Yujana Kewusnendar | dèn prayitna Arnus sira sun bindi | akudhung Sang Raja Arnus | parisanira waja | mutêr bindi Rajèng Tarkiyah pinupuh | sigar parisane waja | anêmpuh sri narapati ||

14. Raja Arnus kapidhara | surak umung wadya ing Yujanèki | Raja Iskal amit magut | Arnus wus ginosongan | mangsah dharat panggih lan Arya Bandarkung | têtanya sapa ranira | Raja Iskal ing Rum mami ||

15. sira wong Yujana sapa | anauri sun arine sang aji | kang nama Radèn Bandarkung | payo Iskal gadaa | anauri hèh Bandarkung nambung laku | nora yèn ora ngrungua | wong Arab prange ngèrèni ||

16. hèh iya Iskal dèn yitna | ingsun gada kudhunga paris wêsi | Sang Raja Iskal pinupuh | tan osik astanira | mutêr gada winalês Radèn Bandarkung | tan osik panangkisira | arame bindi-binindi ||

17. surake mungsuh lan rowang | tri gumuruh kang yuda antuk sisih | adangu pupuh-pinupuh | tan ana kang kasoran | sèlèh gada pêdhang-pinêdhang matêmpuh | ukêl tanduk ukêl tindak | samya wasis [wasi...]

--- 2 : 44 ---

[...s] ing ajurit ||

18. dangu dènnya main pêdhang | pêdhang tikêl kalih wus dharat sami | caruk rok popor agapyuk | pan sami prakosanya | udrêg dêdrêg agantya junjung-jinunjung | angangkat sami tan kangkat | ing prang pur kasaput wêngi ||

19. bubar samya masanggrahan | abujana ing dalunira sami | kunêng wau kang winuwus | rajaputri kalihnya | arsa jêjêp marang pakuwoning mungsuh | miwah anjêjêp jro kitha | kang raka musnanirèki ||

20. wus samya ngrasuk busana | titihane wus sumaos nèng ngarsi | lampah anilib wadya gung | Rêtna Dèwi Sudara | wus anitih ing garudha yaksa mamprung | Sirtupelaèli numpak | ing pêksindra saomahi ||

21. rajaputri kalihira | amalawang marga badhe ing latri | manjing pakuwoning mungsuh | lajêng jêjêp jro kitha | pukul sanga samya kèndêl lampahipun | wuri pakuwon Yujana | niyup rajaputri kalih ||

22. wontên wrêksa gora rupa | langkung agêng ngrêmbuyung kadi wukir | yèn siyang iku marga gung | palerenan wong liwat | apan ewon wong ngarit kèndêl ing ngriku | saking pakuwon Yujana | kapungkur ragi kapering ||

23. wrêksa agêng palerenan | putri Cina margine wira-wiri | marang ing guwa yèn dalu | kadhang kèndêl sakêdhap | duk puniku putri Cina nuju langkung | kèndêl soring gora rupa | anganti wêngi sakêdhik ||

24. kagyat Rêtna Adaninggar | ana [a...]

--- 2 : 45 ---

[...na] swara kapyarsa ing wiyati | payo lèrèn soring kayu | kono mênêng sadhela | putri Cina miranti panggenanipun | singidan bok kawênangan | nulya putri Parangakik ||

25. kumabruk ing praptanira | kumarincing ana kang prapta malih | sarya ngling kangbok ing ngriku | ngungun Sang Putri Cina | apa iki êjin utawa lêlêmbut | nanging swaraning manungsa | dene sêsaba ing langit ||

26. padha wadon yu utama | swaranira sami pating carêngkling | môngka yogyapara iku | têgêse kêparêngan | putri Cina arsa mring guwa gènipun | Wong Agung Surayèng Jagad | kang roro arsa ngulati ||

27. mangkana Sang Putri Cina | kudanira cinancang ngiwa têbih | matêk lêlimunanipun | bakul ingkang istijrat | tan katingal mrêpêki ampingan kayu | oyod tambi gora rupa | nèng wurine putri kalih ||

28. titihanira nèng ngarsa | kèndêl mucang kaecan sarwi angling | lah yayi Karsinah mau | yudane sutanira | nora asor iya yayi nora unggul | umatur Putri Karsinah | kangbok pan unggul sakêdhik ||

29. kêni siji angsal tiga | bônda ratu wikana benjing-enjing | pun Kewusnendar yèn mêtu | ngawaki ing ayuda | lagya mangke kangbok wontên unggulipun | ya yayi sapa kang dhustha | wong agung asmarèng jurit ||

--- 2 : 46 ---

22. Raosanipun Putri Kalih Sami Madosi Menak Jayèngmurti

8. Asmaradana

1. miyarsa graitèng galih | wau Rajaputri Cina | adhuh lae iya lae | iki para Putri Arab | dene padha kuwasa | sêsabane mega biru | agawok ingsun tumingal ||

2. yèn ngatona awak mami | baya anuli pinêdhang | pinatenan raganingong | tunggangane iku apa | siji kaya garudha | padha manuk karo iku | siji kaya manuk mêrak ||

3. yu-ayu têmên wong iki | baya angulati padha | Wong Agung Jayèngpalugon | pantês padha môndraguna | santosane katara | tan ana mêmarasipun | pratingkahe ngenak-enak ||

4. mangkana Sang Rajaputri | Parangakik angandika | mêngko yayi karsaningong | anjujug ing pêpungkuran | yèn anèng pasanggrahan | yèn ing jro puri jinujug | iya yayi pakêbonan ||

5. nanging ta panduga mami | Kewusnendar nora bisa | duwe panggawe mangkono | lamun duwea dandanan | kang bisa laku dhustha | Putri Karsinah umatur | inggih amba tan miyarsa ||

6. Ratu Yujana puniki | lamun darbea dandanan | miwah darbea paguyon | ratu mung atingkah wantah | pun Raja Kewusnendar | nanging kawula pukulun | darbe graita panarka ||

--- 2 : 47 ---

7. manawi inggih manawi | kakangbok Dèwi Ismaya | punika ingkang gêguyon | anyolong raka paduka | pinrih ramening aprang | kang jinajal putranipun | pun Jayusman lan Ki Ruslan ||

8. kaprawiraning ajurit | Si Sudarawrêti drêma | yèn abêra pêpêrange | iya iku Si Jayusman | pasthine ingkang kocap | pan ingsun kang ngambil sunu | Si Jayusman lan Si Ruslan ||

9. putri atètèh atitih | gêmi angagêm agama | mrih ayu waluya malèh | putri tanggon tur atatag | yèn kalih abêring prang | sayêkti nuntên tinimbul | winuwuhan kadigdayan ||

10. gumujêng Sudarawrêti | bênêr panggraitanira | nging yayi simpênên bae | ngupaya pikir kang liya | tyas aja ngenak-enak | dene panggraitaningsun | marang Rajaputri Cina ||

11. pan iku putri prajurit | wus kalok ing pramudita | putri abot sêsanggane | manawa pininta sraya | mring Raja Kewusnendar | graitanên lakunipun | yaiku gawene apa ||

12. suraking ampuhan yayi | ngunggahi Prabu Nusirwan | adoh yayi mungguh ingong | dene putri kasub ing rat | gêdhe nagara Cina | tingkahe kuwur angawur | tanpa budi tanpa nalar ||

13. ngunggahi Rajèng Mêdayin | katêmu pirang prakara | yèn melika gêng karaton | wus gêdhe nagara Cina | melika kabagusan | wis dhawuk pan ora bagus | yèn melika kadigdayan ||

14. wus ana [a...]

--- 2 : 48 ---

[...na] ingkang ngungkuli | Wong Agung Surayèng Jagad | sajagad lakimu dhewe | andhèwèki kaprawiran | kadibyan kaluhuran | nadyan tuwa tuwa bagus | cahyane apindha wulan ||

15. lawan musthikaning bumi | trah Nabi Ibrahim mulya | tur utama têdhak Kurès | pantês yèn dèn unggahana | ing para putri kênya | sugih bala para ratu | rong kêthi lan pitung lêksa ||

16. wadyane kadya jaladri | sèwu ratune wadana | kêkuwunge mentar-mentar | bonyo daginge alêmbat | lurus kang pasariran | kadya anggêpok baludru | apantês dèn êla-êla ||

17. nanging trêkaningsun yayi | lakune Sang Putri Cina | sêmune kaledhon dhompo | durung wêruh ing wêwatak | marma yayi ngagêsang | mitra miwah ulah mungsuh | sarat wêruha ing watak ||

18. dèn kêlamarana wêsi | cêlorote wus katara | Sang Putri Cina gawene | payo yayi gêgêthokan | luputa tangguh ingwang | Sirtupelaèli matur | gih dhèrèk karsa paduka ||

19. dadi mêsakake yayi | putrine Sang Rajèng Cina | pêlêm gung anglêk gandane | kèni-kèni anèng Cina | wowohan liwat môngsa | praptaning paran wong ayu | sêmune alêlêbaran ||

20. jalma murbèng kayu mati | putrine Sang Rajèng Cina | yèn lupuk ta undhagine | tambang sinambung tan pêgat | pamolahing sarira | adawa yèn mungguh ingsun | lêlakone putri Cina ||

21. Rêtna Daninggar miyarsi [mi...]

--- 2 : 49 ---

[...yarsi] | gumêtêr karingêt mêdal | kêbês kabèh busanane | sariranira marlupa | lir kêna sampirêna | kenyut ing rêrasanipun | sang rajaputri kalihnya ||

22. lan maras pamêthèknèki | lakone sariranira | tumpang-so ing pratikêle | ngandika Rêtna Sudara | yayi iki wis môngsa | sarêng nitih kalihipun | sumêbut napak gêgana ||

23. kari anggana sang putri | kadya tinêbak mong tuna | nutuh sarirane dhewe | mau ingsun angatona | nêmoni putri ika | kapriye wus katêrucut | mau angur nêmonana ||

24. nanging ta sun pikir-pikir | nêmoni bok nora enak | salah graita têmahe | nuli ingsun pinêdhanga | durung kongsi pratela | apranga kasoran ingsun | karone putri digdaya ||

25. sang rêtna tyasira brangti | dadya wande lampahira | manggihi Jayèngpalugon | wangsul marang pasanggrahan | prapta mujung anendra | tontonên sasolahipun | mring rajaputri kalihnya ||

26. karsane sang rajaputri | ing benjang dalu kewala | kunêng wau winiraos | putri kalih lampahira | jêjêp manjing pondhokan | amasang sêsirêpipun | rajaputri ing Karsinah ||

27. anjajah pakuwon sami | mamring tan ana swaranya | pan wus ingubêngan kabèh | angling Sang Rêtna Sudara | yayi sêpi kewala | nora nana tabêtipun | payo marang jroning pura ||

28. wus mêsat sang putri kalih [ka...]

--- 2 : 50 ---

[...lih] | samya napak jumantara | jujug sajroning kadhaton | lajêng marang patamanan | sadaya ingubêngan | jinajah sawêngkonipun | jroning kadhaton Yujana ||

29. sadalu dènnya nênitik | mangkana wus sirat wetan | mundur sang putri kalihe | ngandika Rêtna Sudara | yayi pangrasaningwang | wis karuhan sêpinipun | pakuwon miwah jro kitha ||

30. pukul lima praptanèki | lêbête pakuwonira | kunêng malih winiraos | sang rajaputri ing Cina | sawungunira nendra | mulat surya lingsiripun | kadya ge nuli surupa ||

31. tan ana ingkang miyarsi | gêng alit wadya ing Cina | abdi lanang abdi wadon | sadaya tan anggraita | solahe gustinira | Kya Patih Cina puniku | lami datan ingandikan ||

32. amung panarkane sami | saking sangêting kung rimang | mung kaetang wus pasthine | kalangan akèh prakara | mila sagunging wadya | wuyungan ing batinipun | awlas marang gustinira ||

33. mangkana sang rajaputri | ing wanci pukul satêngah | pitu ambuka pangkènge | sadintên mujung kewala | turôngga anèng ngarsa | wus sumaos munggèng pintu | pintu jawining paprêman ||

34. angrasuk kaprabon jurit | acancut apêkak madya | tali jaja tali lèhèr | mawa bate pêndhing wêdhar | pêdhang miwah gandhewa | sinandhang sadayanipun | tanpa kanthi kesahira ||

--- 2 : 51 ---

23. Putri Cina Ngasih-asih dhatêng Wong Agung

9. Kinanthi

1. ing wanci pukul sapuluh | kesahe sang rajaputri | wuwusên kang kasangsaya | Wong Agung Surayèng Bumi | tyase sokur ing satitah | madhêp tan nêndya gumingsir ||

2. amung pati ciptanipun | datan arsa anuruti | panggodhane putri Cina | ing batin pêpagêr wêsi | suka prapta ing antaka | tan arsa kalok ing bumi ||

3. lamun atindak kasaru | mangkana sang rajaputri | yèn rina towong tan prapta | amung praptanya ing wêngi | sabên dina pêksi mêrak | praptane ambêkta roti ||

4. sabên ing pukul sapuluh | rina prapta sarta roti | apan amung mrak satunggal | kang binêkta roti siji | wong agung tyas tan karasa | ayêm datan krasa ngêlih ||

5. putri Cina sêdyanipun | wong agung pan pinisakit | karaosa ing sarira | dimène nuli nyaguhi | brangtane sinatmataa | pasthine nuli nuruti ||

6. wau ta ing lampahipun | Sang Putri Cina nèng margi | kapirangu karungrungan | angarang tan antuk aring | kang kèsthi jroning wardaya | pocapane putri kalih ||

7. Karsinah Rêtna Rabingu | Sirtupelaèli nênggih | lawan Sang Rêtna Sudara- | wrêti Putri Parangakik | samya gandêse pasaja | ing pasang sêdhêpe manis [ma...]

--- 2 : 52 ---

[...nis] ||

8. karone prawirèng pupuh | paran margane wak mami | atêpunga panggawean | kêkanthèn suwitèng laki | nanging tyase putri Cina | ciptane luput kuwalik ||

9. sanès ing pangraosipun | dènnya kêdah mrih misakit | brôngta nuli kalakona | kinira wêngi ngêmasi | wus wantune trahing Arab | wasiyat amilih pati ||

10. samarga gung kapirangu | tan arsa nitih turanggi | kuda tinuntun kewala | manawa kapranggul malih | mring Rajaputri Karsinah | lawan putri Parangakik ||

11. wataraningsun sang ayu | wus kaliwat wayahnèki | kaya nora alêledhang | iya ing sawêngi iki | laju lampahe sang rêtna | ngarsaning guwa wus prapti ||

12. ngintip saking jawi pintu | wong agung pi-api guling | sajroning tyas paripurna | mung anyipta labuh pati | satata jroning panêdha | yayah angayuh wiyati ||

13. datan ana swaranipun | sang rêtna maras ing galih | sigra wau linêbêtan | winungu saking ing wuri | wong agung punapa tuwan | inggih maksih wontên urip ||

14. punapa ing tyas pukulun | dèrèng darbe wlas ing dasih | kalêbu wong nganiaya | têka ora anuruti | wong agung iki basakna | nora nana kang tinolih ||

15. lah kadipundi pukulun | yèn sagah kula luwari | andasihakên kawula | yèn mopo yêkti ngêmasi | dawêg tuwan ngandikaa | mangke kawula sung warti ||

16. alon ngandika

--- 2 : 53 ---

wong agung | apa ingkang dèn saguhi | panjalukmu nora kaprah | kudu akon anuruti | wong arabi maratuwa | murang tatane sabumi ||

17. satus luput sèwu luput | yèn mungguh sarira mami | balênggunên pitung wulan | nora duwe ujar kalih | angur nuli patènana | mung iku suka tyas mami ||

18. Adaninggar jrit angadhuh | jêlèh sarwi jêjêk siti | ana watu kumalasa | dhinupak sumyur wor siti | ngandika Sang Kakungingrat | warnamu ayu rêspati ||

19. sêmbada putrining ratu | tatêkonmu nora bêcik | lan bakal garwaning nata | pinituwa ing Mêdayin | sinêmbah samining raja | solahmu kurang prak ati ||

20. saya sru panjêritipun | gêgulungan anèng siti | tangi ngadêg narik pêdhang | sumbalinga wong puniki | yèn nora sun lênyêpêna | saking ing ngalam donyèki ||

21. urip nèng donya wèh wuyung | wasisan aja kaèksi | pêdhange sampun lumarap | Wong Agung Surayèng Bumi | mêrêm ing nala wus pasrah | dangu tan ana nibani ||

22. Sang Putri Cina andulu | manising wadananèki | marlupa pêdhange gigal | ngrungkêpi padanira Mir | karane aja sikara | wong iki mêmanas ati ||

23. wangkote ngakokkên kalbu | dhêngkok tan kêna tinêmpil | kawula nêmpil kewala | boya kudu ambawani | garwa paduka têtiga | sakawan putrining êjin ||

24. kalimanipun pukulun | kawula ingkang bunciti [bunci...]

--- 2 : 54 ---

[...ti] | dadya paminggir kewala | botên kêdah ambawani | kawula bêkta nagara | ing Cina manjinga koki ||

25. sanadyan ta rama prabu | miwah kangjêng ibu sori | kawula bêkta suwita | dhomas kang para narpati | punggawane tigang lêksa | sakêthi kang para mantri ||

26. manjinga koki pukulun | pitungkase jêng rama ji | nini yèn sira katampan | iya gonira angabdi | marang Wong Agung Kuparman | Sri Kalana Jayèngmurti ||

27. nuli utusana mantuk | ingsun lan ibunirèki | nuli nusul marang sira | angabdi manjinga koki | nagaranira ing Cina | karyanên tombok ngakrami ||

28. alon ngandika wong agung | puniku luwih patitis | karsane Sang Rajèng Cina | alah si sarira mami | dene Bathara Nusirwan | ratu bituwahing bumi ||

29. malah ngong nêmbah ing riku | manira iki angabdi | kapindhone maratuwa | ing wajibe ngabêktèni | pan dadi luwih prayoga | karsane sri narapati ||

30. Adaninggar jrit angadhuh | kaliwat wong agung iki | anggêpe asiya-siya | iya mring wong tuwa mami | suwita mring kang sarira | têka tan arsa nampèni ||

31. siningkang-singkang kalangkung | rama prabu ibu sori | andadak binuwang-buwang | kinèn mring Rajèng Mêdayin | môngsa si dhara Kalana | suwita Rajèng Mêdayin ||

32. nora ngipi angrêmpêlu | suwita Rajèng Mêdayin | aja kudu lunga pisan | lamun kang sarira nampik [na...]

--- 2 : 55 ---

[...mpik] | anèng Cina lara lapa | sineba para narpati ||

33. kawula ngaturkên tutur | putra paduka ing wuri | kang kantun nèng pasanggrahan | andina amangun jurit | ing mangke Radèn Jayusman | umadêg prabu sêsilih ||

34. kang ibu wus samya ngumpul | ingkang wontên ing Kuwari | sampun wontên ing Yujana | tuwin kang para narpati | rumêksa putra paduka | kang madêg prabu taruni ||

35. kakang êmbok sabên dalu | putri adi Parangakik | lan kangbok putri Karsinah | prasami kesah mêmaling | jêjêp pakuwoning mêngsah | angulati Paduka Mir ||

36. kawula inggih kapêthuk | kakangbok Sudarawrêti | wontên ing margi kalawan | kangbok Sirtupelaèli | kalihe putri prawira | prasamya napak wiyati ||

37. ngubrês pakuwoning mungsuh | warti iku Marmayèki | kesahe anasak wana | dening sagunging para ji | dèrèng kêndhat ing karuna | prihatin kecalan gusti ||

38. milane tuwan pukulun | nuntên paduka sagahi | andasihakên kawula | nuntên têtulung ing jurit | mêngsah Raja Kewusnendar | saêjam kula sagahi ||

39. sirna kabônda dening sun | wau kalane miyarsi | Wong Agung Surayèng Jagad | ing solahira kang kari | bala nata garwa putra | sadaya samya prihatin ||

40. sakêthi rêntênging kalbu | marêbêl waspanya mijil | matrênyuh ing tyas sungkawa | gara-gara andhatêngi | gumuruh braja ruara [rua...]

--- 2 : 56 ---

[...ra] | busêkan isining bumi ||

41. gora rèh giri gumuntur | rug rêbah pratala gonjing | wrêksa sol sêmpal kaprapal | ambêlasah bosah-basih | katrajang gênging prahara | kumocak kang jalanidhi ||

42. kang sela prak-prok kumêpruk | kataman rungkading ardi | têdhuh dhêdhêt ing awiyat | pôncawara sru tan aris | maras tyase putri Cina | ngathêpêl padanira Mir ||

43. wong agung paduka wungu | wontên punapa puniki | mayag-mayug bumi molah | rag-rêg lindhu gonjang-ganjing | Sang Putri Cina gya nyipta | istijrat gêng kang dhatêngi ||

44. pawaka sagunung-gunung | kèngsêr mangunah ing mukmin | kêkayon kang cêlak guwa | prênahe Sang Jayèngmurti | barindhil kênèng dahana | rêsik kadya dèn saponi ||

45. sirêping prahara ruruh | raras riris maruta ris | ing wanci sumirat wetan | ing Cina Sang Rajaputri | sadalu pangrêpanira | tan antuk don angunduri ||

24. Wadya Kuparman kalihan Yujana Sami Prang Tandhing.

10. Durma

1. kawuwusa sira Prabu Kewusnendar | enjang miyos ing jurit | anêmbang têngara | têtêg munya sauran | kêndhang gong gumuruh atri | sagung wadya Rab | miyarsa animbangi ||

2. atêngara sagunging kang para nata | têtêg makêthi-kêthi [makêthi-...]

--- 2 : 57 ---

[...kêthi] | kêndhang gong barungan | sagunging para raja | kumrap barise wus mijil | arêbut papan | têpung kapang kang baris ||

3. prabu jaka mijil saking pasanggrahan | ginrêbêg ing prajurit | praptèng pabaratan | lênggah munggèng amparan | dirgasana mantên wilis | kang para raja | aglar ing kanan kering ||

4. ingkang paman wong agung ing Parangteja | lawan Rajèng Yunani | Lamdaur kalawan | pra ratu kawan dasa | Marmadi sakadangnèki | Rajèng Rum Kebar | Biraji lan Ngabêsi ||

5. ing Kunawar Tursina Ngindi ing Kangkan | ing Kaos lan ing Turki | Kuwari Kuristam | Dêmis lan ing Katijah | ing Miskat lan Kôndhabumi | kadi samodra | wadya Rab angêrobi ||

6. Prabu Kewusnendar pan sampun alênggah | lan prabu ing Mêdayin | mungging amparan mas | aglar kang saos ing prang | amit Sang Rajèng Bêdhali | Prabu Ukdiyar | ratu andêling jurit ||

7. ingkang paman mring Sang Prabu Kewusnendar | sampun wahana èsthi | Sang Raja Ukdiyar | prapta ing rananggana | sêsumbar anguwuh tandhing | payo wong Arab | mêtua ing ajurit ||

8. apiarsa Tamtanus sigra angatag | marang prajuritnèki | Natèng Dêmis mangsah | ingidèn nitih liman | amandhi gada sang aji | praptèng payudan | ayun-ayunan sami ||

9. atêtanya sira Sang Raja Ukdiyar | sapa ranmu prajurit | mapag tandang ingwang | baya ta bosên gêsang | sugal dènira nauri | pan ingsun Raja | Dêbruni [Dêbru...]

--- 2 : 58 ---

[...ni] Natèng Dêmis ||

10. payo Arab apa kang ana ing sira | nauri Natèng Dêmis | dudu caraningwang | yèn dhinginana ing prang | Raja Ukdiyar sru angling | lah tadhahana | sun gada sira mangkin ||

11. iki Raja Ukdiyar andêl Yujana | amutêr gada aglis | Rajèng Dêmis sigra | kudhung parise waja | pinupuh tangkis tan osik | gada-ginada | rame dènira jurit ||

12. tri gumuruh suraking mungsuh lan rowang | yayah nêngkêr wiyati | Sang Raja Ukdiyar | ngantêp panggadanira | tinula mawanti-wanti | dipangganira | Rajèng Dêmis kababit ||

13. sirah pêcah pêjah dipôngga sang nata | malumpat Rajèng Dêmis | tangi ngundha gada | gajahira Ukdiyar | ginada sirah ngêmasi | kêbat malumpat | sira Rajèng Bêdhali ||

14. sami dharat kang yuda gada-ginada | gada tan migunani | sarêng sèlèh gada | rame pêdhang-pinêdhang | adangu tangkis-tinangkis | asèlèh pêdhang | rukêt cangking-cinangking ||

15. gantya sêndhal-sinêndhal buwang-binuwang | gapyuk parêng walnèki | Rajèng Dêmis sigra | binanting tibèng lêmah | jajane wus dèn anciki | wau kang prapta | Sang Prabu Pusanggarim ||

16. Rajèng Dêmis karêbut wurung kabônda | angling Rajèng Bêdhali | sapa aranira | angling Sang Rajèng Sarwal | ingsun Raja Pusanggarim | lah sira sapa | ingsun Rajèng Bêdhali ||

17. iya Prabu Ukdiyar kaprênah paman | ing Rajèng Yujanèki | payo akudhunga | parismu ingsun gada | mutêr gada marêpêki | Raja [Ra...]

--- 2 : 59 ---

[...ja] Ukdiyar | anggada wanti-wanti ||

18. Pusanggarim prakosa tangkis lêgawa | gantya bindi-binindi | sami kuwatira | kalih sami prawira | adangu datanpa kardi | asèlèh gada | pêdhang-pinêdhang uthik ||

19. samya wasis ing aprang amain pêdhang | angling Rajèng Bêdhali | sapa bèbètira | bisa prang main pêdhang | ing batin Rajèng Bêdhali | tangkêpe padha | lawan paguronnèki ||

20. Raja Pusanggarim anauri sugal | iya pan bapa mami | aran Raja Istam | arine mring Kistaham | Raja Ibruskara kaki | Raja Rêrustam | pan iku buyut mami ||

21. Raja Dhasthakenas iku canggah ingwang | Sang Prabu Hasan Harim | udhêg-udhêg ingwang | tan ana apês ing prang | mung uwa Kistaham dhingin | sawabe cidra | marang Jêng Gusti Amir ||

22. ingsun uwis kinulawisudhèng Ambyah | mulih karaton mami | nagara ing Sarwal | pinaringakên ingwang | mulih kaprawiran mami | ing kuna-kuna | angumpul ingsun sêkti ||

23. sagêndhinge pranga lawan Kewusnendar | aja kaya sirèki | Sang Raja Ukdiyar | mangu angunandika | kaprawiran Yujanèki | warising kuna | pan saking Hasan Harim ||

24. ulah gada ulah pêdhang ulah tumbak | warise Hasan Harim | sang prabu ing Sarwal | muruk Raja Bukahar | Raja Bukahar muruki | Rajèng Yujana | Sang Prabu Bujanjani ||

25. Raja Bujanjani muruk ingkang putra | Iskardan Ibnujani | lan ari Ukdiyar

--- 2 : 60 ---

Iskardan muruk putra | iya Prabu Yujanèki | Sri Kewusnendar | kaprawiraning jurit ||

26. kadigdayan pratingkah ngadoni ing prang | warise Hasan Harim | Sang Raja Ukdiyar | eling yudane kêmba | trah guru mungsuhe jurit | Sang Rajèng Sarwal | kang nama Pusanggarim ||

27. dadya ridhu ing prang nêdya kawal-kawal | dangu banting-binanting | rame ngadu yasa | surak umung wurahan | dènira prang bolak-balik | angkat-ingangkat | junjung-jinunjung gênti ||

28. Pusanggarim binanting tiba kalumah | kantaka sri bupati | gya Raja Ukdiyar | taklim guru kaetang | dadya nimbangi gumlinting | api kantaka | ing lok pur kang ajurit ||

29. ingundurkên kalihe ingkang kantaka | Sang Prabu Pusanggarim | undure binayang | sangêt kantakanira | dene Sang Rajèng Bêdhali | mung jinaganan | kantaka api-api ||

30. Radèn Ruslan umatur marang kang raka | kangmas kula miyosi | sarya ngling mring paman | kularsa magut ing prang | Maktal angling kadipundi | pan maksih kathah | prajurit kang para ji ||

31. Prabu Jaka Jayusman alon ngandika | jêng paman iku yayi | durung pati lila | dening tarunanira | tangèh yèn mangun ajurit | Rahadèn Ruslan | mêksa aturirèki ||

32. nadyan anèm cabara tiwas ing aprang | jêr arsa angrasani | tingkahing ayuda | lamun trahing prawira | Wong Agung Surayèng Bumi | sampun kasêdya | ing sabil pati pinrih ||

33. dadya

--- 2 : 61 ---

èwêd kang raka miwah kang paman | Maktal têmah nuruti | mothahe kang putra | tuwin Prabu Jayusman | nuruti aturing ari | srah ing Hyang Suksma | sigra atur udani ||

34. mring kang ibu kalih lamun ingkang putra | Ruslan kêdah miyosi | mangkana umangsah | arine Kewusnendar | Radèn Bandarkung anitih | turangganira | mandhi lawung rêspati ||

35. lamun wijil Yujana sadaya guna | gêgamaning ajurit | gada pêdhang tumbak | singa ingkang cinandhak | apan sami ngrêspatèni | wasis utama | trahing sri nata luwih ||

25. Prang Barubuh.

11. Sinom

1. prapta ing rana sêsumbar | Bandarkung aminta tandhing | hèh payo bala Kuparman | sapa kang arsa ngêmasi | papagên tandang mami | yèki satriya Bandarkung | arine Kewusnendar | bagus prawira ngajurit | iya ingsun bobote nagri Yujana ||

2. wong agung ing Parangteja | kang putra ingandhêg dhingin | pamrihira Arya Maktal | apan angalub-alubi | yèn ingkang putra mijil | amanggiha sampun lêsu | ngatag prajuritira | Sang Raja Sakirdan Ali | sigra mangsah sri naranata ing Miskad ||

3. sampun anitih turôngga | Sang Raja Sakirdan Ali | kawot sakapraboning prang | turangganira sêsirig | praptèng rana wus panggih

--- 2 : 62 ---

têtanya Radèn Bandarkung | lah sapa aranira | apa satriya bupati | angakua mupung misih duwe nyawa ||

4. sumaur kang tinakonan | sun Raja Sakirdan Ali | nagaraningsun ing Miskad | iki andêling ajurit | iya kang ngêbayani | sabalane gustiningsun | Wong Agug Parangteja | yèki Si Sakirdan Ali | Rajèng Miskad kang tate nguwisi karya ||

5. payo apa anèng sira | Radèn Bandarkung nauri | iya sira dèn prayitna | sun tumbak aja ngoncati | kudhunga paris wêsi | Rajèng Miskad wus akudhung | parise bôndabaya | munggèng sirahing turanggi | gya tinumbak parisane Rajèng Miskad ||

6. sigar nrus sirahing kuda | lajêng naratas ing wêntis | kuda pêjah Rajèng Miskad | niba ing siti tan eling | wus ginosongan nuli | wong Yujana surak umung | gumuruh lir ampuhan | Bandarkung midêr sêsirig | nguwuh-uwuh sêsumbar aminta lawan ||

7. wau dènira utusan | prabu jaka tur udani | marang kang ibu kalihnya | nênggih kalamun kang rayi | kêdah miyos ing jurit | Rahadèn Ruslan puniku | angling Rêtna Sudara | payo adandana yayi | angimbangi ing yudane sutanira ||

8. sumaos titihanira | sigra kalih parêng nitih | wus ngrasuk kaprajuritan | mêsat anapak wiyati | ngimbangi saking têbih | jumantara nyamut-nyamut | wau ta Radèn Ruslan | wus anitih kuda nirig | tambang janggi turôngga wêton [wê...]

--- 2 : 63 ---

[...ton] Kunawar ||

9. praptèng rana yun-ayunan | lan mêngsah sang rajasiwi | Arya Bandarkung têtanya | sapa aranmu prajurit | apêkik tur rêspati | kuciwane maksih timur | durung pantês mangun prang | nauri sang rajasiwi | ingsun putra Kuparman Rahadèn Ruslan ||

10. patutan putri Karsinah | Rabingu Sirtupelèli | ingkang pinundhut atmaja | ing ibu Ismayawati | payo tandhing kuwanin | lah sapa aranmu mungsuh | angling putra Yujana | Bandarkung ingsun prajurit | dèn prayitna putra Rab sira sun tumbak ||

11. Radèn Ruslan mandhi watang | gênteyong lawung pinêthit | kapanjangên lawungira | abêr kinarya atangkis | tinumbak radèn mantri | tangkis lêgawa kang lawung | rame gêbang-ginêbang | surake awanti-wanti | dèrèng wontên asor unggul ing ayuda ||

12. wong Arab kang baris kuda | Natèng Kebar Kôndhabumi | Yunan Kunawar Tursina | Kangkan Ngindi Ngalabani | sayuta winitawis | prapta ngimbangi ing pungkur | dening prajurit dharat | prapta munggèng kanan kering | kagyat mulat tanya Prabu Kewusnendar ||

13. wong Arab karane apa | baris kuda anusuli | umatur Kya Patih Bêstak | mring Sang Prabu Yujanèki | dèn radi ngati-ati | mêngsah wontên wadosipun | adatipun wong Arab | yèn aprang arsa mungkasi | pan punika praptane kang baris kuda ||

14. nanging punika wikana | dene paduka kang jurit | manawi asalin gêlar | kawula botên [bo...]

--- 2 : 64 ---

[...tên] kadugi | wau kalih kang jurit | pan rame aliru têmbung | dangu lantaran watang | gêbang-ginêbang prasami | radèn putra sayah abêr tangkisira ||

15. lawunge wus katindhihan | abêr panyuthatirèki | Radèn Ruslan kalorogan | têlompene katalampik | katêratas kang wêntis | wêntise kiwa kacundhuk | niba saking turôngga | sumaput panonirèki | surak umung gumuruh bala Yujana ||

16. wau kang anèng awiyat | waspada kang putra kanin | nanging sampun ginosongan | kang prapta Radèn Pirngadi | umagut liru tandhing | kang ngambara kalihipun | maniyup kadya kilat | putri adi Parangakik | lawan putri Karsinah durma praptanya ||

26. Pêjahipun Bandarkung Pinêdhang ing Putri Karsinah

12. Durma

1. praptèng dharat kagyakkagyat kang samya tumingal | hèh mirea Pirngadi | sang putri lingira | têdhak putra ing Selan | wruh lamun sang rajaputri | dharat umangsah | nêmbah Radèn Pirngadi ||

2. Radèn Arya Bandarkung sigra pinêdhang | mring Sirtupelaèli | pagas jangganira | sigra wau cinandhak | mring Dèwi Sudarawrêti | sirah binuwang | mring baris Yujanèki ||

3. Prabu Jaka Jayusman sasampunira | nangisi mring kang rayi | mulat kang ayuda | asru dènnya ngandika | paman punika

--- 2 : 65 ---

jêng bibi | raka paduka | lan ibu kang ajurit ||

4. sigra ngadêg wong agung ing Parangteja | ngawe sagung narpati | saprajuritira | sumahab parêng mangsah | kadya ladhu banjir wukir | krodha kotbuta | grêgut krura ngajrihi ||

5. para ratu kang nindhihi baris kuda | sadaya anglancangi | bala ing Yujana | prajurit parêng mangsah | pra dipati para mantri | pan kadya uyah | sawuku tibèng kali ||

6. pangamuke Lamdahur sabalanira | dharat kang andhadhani | Prabu Kewusnendar | nèng kuda narik pêdhang | mangsah ginrêbêg prajurit | piyak kang kambah | ing wuri anangkêbi ||

7. Prabu Jaka Jayusman nitih turôngga | ingayap ing prajurit | lir kinarirêngga | gajah rong lêksa ngayap | lan turôngga tigang kêthi | kang pra dipatya | satriya tan atêbih ||

8. kadya alun gumulung kambah arêbah | riwut wuru ing jurit | sagung para raja | lan sapunggawanira | tanpa wilis kang ngêmasi | mungsuh lan rowang | yayah marawa gêtih ||

9. Arya Maktal munggèng wurining kang putra | lan prabu ing Yujani | Marmadi manêngah | mangsah sakadangira | myang sagung para narpati | mangsah kotbuta | bubrah tataning baris ||

10. ngobrak-abrik wong Arab riwut ing yuda | wong Yujana Mêdayin | kyèh rusak kasrakat | dhadhal akèh kababad | anggada Rajèng Sêrandil | lan Raja Sarkab | Kaos Ngindi Ngabêsi ||

11. mawur-mawur malêdug manjing jro kitha | sang prabu ing Mêdayin [Mêda...]

--- 2 : 66 ---

[...yin] | lawan Patih Bêstak | dhingini manjing kitha | Kewusnendar dèn aturi | mring Jawiarta | suwawi sri bupati ||

12. manjing kitha datan kenging sinawawa | wadya Rab kang para ji | wuru riwut ing prang | tan kêni tadhahana | rama paduka Mêdayin | wus manjing kitha | wontên pikir ing benjing ||

13. Kewusnendar èngêt mundur sawadyanya | sakarine kang mati | wus manjing jro kitha | akèn atutup lawang | sakèthèng marapat sami | lêlarènira | sampun ingisèn warih ||

14. kasapih ing latri mundur kang wadya Rab | sang aprabu sêsilih | sampun masanggrahan | makuwon para raja | ing dalu samya akêmit | mring Radèn Ruslan | tan ana kang jampèni ||

15. sakathahe kang kanin dèrèng tinamban | kesahe Marmayèki | apan datan ana | wani ngusadanana | kang ibu kalih nangisi | sêdhih sadaya | wadya Rab kang para ji ||

16. kang tinuduh mring Wong Agung Parangteja | ngêpung kitha mrêpêki | ratu pitung dasa | samya ratu wadana | Rajèng Kabar Kôndhabumi | dadya pangarsa | Biraji Rajèng Ngindi ||

17. lawan ing Rum Ngabêsi lan ing Kunawar | wus majêng barisnèki | amrêpêki kitha | gumrah kang balakuswa | pakuwon Yujana nênggih | Sang Rajèng Selan | Lamdaur kang ngêbroki ||

18. samya nugêl wong Arab buntuting kuda | pratôndha yèn prihatin | ya ta kawuwusa | Sang Prabu Kewusnendar | lan kang rama ing Mêdayin | dalu bujana | lan wadya kang para

--- 2 : 67 ---

ji ||

19. langkung ngungun Sang Aprabu Kewusnendar | pêjahe ingkang rayi | Bandarkung kang nigas | ciptane sri narendra | kalonga sapuluh nênggih | kang para raja | tan sami lan kang rayi ||

20. aprasasat sêmpal baune kang kiwa | kadang andêling jurit | Bandarkung prawira | Sang Prabu Kewusnendar | têtanya mring ki apatih | hèh Patih Bêstak | sapa mau kang prapti ||

21. saking wiyat Si Bandarkung kang anigas | apa ta Kuraisin | sutanira Ambyah | Nata Dèwi Ngajêrak | Patih Bêstak matur aris | apan punika | garwane Jayèngmurti ||

22. Putri Parangakik Sang Rêtna Sudara | dene ta kang satunggil | putri ing Karsinah | nênggih ingkang pêparab | Rabingu Sirtupelèli | samya digdaya | Ruslan ibunirèki ||

23. kang satunggil ibune Radèn Jayusman | putri ing Parangakik | mila wau amba | angaturi mundura | wong Arab yèn pisah nênggih | lawan wong Menak | sami galak ing jurit ||

24. luwung inggih yèn wontên pun Kakungringrat | sami jêtmikèng jurit | tuwan kèndêlêna | sami pinitambuhan | yêkti yèngyèn sêdhih pribadi | ngênês sadaya | gustine nandhang kanin ||

25. pan sadalu nginum ngiras pagunêman | lah iki marang ngêndi | ing panduganira | lungane Jayèngrana | Bêstak matur tan kadugi | gaibing Ambyah | wontên wados manawi ||

26. duk rumiyin prang Pakaos inggih ical | nging pinèt sraya ing jin | dhatêng ing Jabalkap [Ja...]

--- 2 : 68 ---

[...balkap] | kantos wolulanwolulas warsa | balane kang kantun wuri | ngrêksa Muninggar | pan datan kêna pinrih ||

27. tur samantên Sang Prabu Kaos nagara | pangêpunge ngêrobi | prandene tan bisa | mrêpêki bala Ngarab | wadya paduka puniki | tikêl aijab | ijab lan bala AmiAmir ||

28. yèn pinêlak tatane prajurit Ngarab | sadaya ambêk pati | tan purun nungkula | mantri miwah punggawa | dadya sêrati pêkathik | anêdya pêjah | tan wontên bolak-balik ||

29. lawan mangke sampun mèh kaputêr ing rat | mring Sang Surayèng Bumi | lan sugih dandanan | putra tanapi garwa | tuwin kang para narpati | ing sapunika | pan sampun angluwihi ||

30. sampun tangkar-tumangkar bandhu abôndha | sutaning kang para ji | akathah prawira | samya ngêntasi karya | Sri Kewusnendar nglingnya ris | lamun mangkana | aywa na mêtu jurit ||

31. lamun ora wong Arab mêtoni ing prang | enak tinambuh sami | dene kasusahan | gustine nandhang brana | nora nana kang nambani | Marmaya minggat | mulane sêdhih kingkin ||

32. kawuwusa wau Rajaputri Cina | saya gung brôngta kingkin | dening barisira | Natèng Yujana dhadhal | samya manjing kitha ngungsi | Sang Putri Cina | sêmana dèn aturi ||

33. angumpula anèng jro kitha Yujana | nanging sang dyah tan apti | nèng jawi kewala | tan nêdya yèn nunggila | pan botên anêdya jurit | dadya Nusirwan |

--- 2 : 69 ---

amêksa maksih ajrih ||

34. dene dèrèng tinêkan pundhutanira | mangkana rajaputri | wus sadasa dina | sabên dalu mring guwa | nèng pakuwon lamun ari | nèng pangkèngira | pan ora mijil-mijil ||

27. Wong Agung Dipun Rêrêpa ing Putri Cina.

13. Mijil

1. duk samana pukul pitu mijil | dalu sang lir sinom | praptèng guwa alon ing ature | kadipundi tuwan sampun eling | atolih ing dasih | kang kawêlasayun ||

2. kadya gonjinga giwanging langit | sruning brangtaningong | nguladara mrih ngèstupadane | bok inggiha paduka mirahi | sampun awis-awis | sikara wong agung ||

3. sakèh ujar supata sakêthi | yèn ciptaa ingong | saking praja tan lyan sarirane | dening lêpat kawula sakêdhik | amêmasang sandi | mring Rajèng Mêdayun ||

4. parandene dèrèng kaping kalih | panggih lan sang katong | amung sapisan pan botên suwe | dèrèng pocapan dèrèng ngaruhi | tan wruh ing wêwadi | sikune wak ingsun ||

5. ngulatana saidêring bumi | ingsun durung tumon | wêwikine lir wong agung kiye | sumakehan lêlananging bumi | ambêk tan tumolih | mring samèng tumuwuh ||

6. kawlasana dasih mêlasasih | kadya [ka...]

--- 2 : 70 ---

[...dya] sawang layon | yayah kanin manah rojah-rojah | kênèng jêmparing salawe sisih | tumamèng wak mami | ajur kumur-kumur ||

7. satmatanên pukulun kang abdi | gung nandhang wirangrong | wus alami awèta mangkene | angandika Sang Surayèng Bumi | tatane wong ngêndi | rabi marasêpuh ||

8. nora kaprah panjalukirèki | luwih saking elok | ngêndi ana ngalap biyangane | misih jêmbar saidêring bumi | dadak angrabèni | maratuwanipun ||

9. apa jagad mung sagodhong pari | nêrak kang mangkono | hèh sang putri ngiyênga karsane | basakêna kêwolak-kêwalik | alah dadi laki | dene dadi mantu ||

10. sayêktine kawula ngabêkti | sabên awotsinom | putri Cina ambêkis anjêlèh | nora kudu sinêmbah wak mami | baya kajumpalik | warasa nyêkukruk ||

11. sinêmbaha surayaning bumi | sayêkti wurung wong | ngêgak-êgik nêm likur taune | lamis bae wak ingsun sayêkti | wong agung kêpati | dènnya mowor sambu ||

12. dosa sathithik dèn uthik-uthik | lupute pinathok | angêlathak adoh apurane | jamak wong kudu kêpati-pati | sayêkti pinikir | mrih cupêting luput ||

13. jêlèh bosên maratuwa mami | maratuwaningong | nora ilok maratuwa pinèt | jaman kapan ingsun dadi rabi | duk môngsa punapi | nama Bok Mêdayun ||

14. sintên nyêbut sintên kang ngarani | sintên [si...]

--- 2 : 71 ---

[...ntên] ta kang nguwoh | Nimas Ratu Mêdayin sun kiye | ilang namaningsun pan wus salin | Adaninggar mari | mung Nyai Mêdayun ||

15. Nyai Nusirwan bae kang maksih | kabèh sêbuting wong | putri Cina wus ilang talêre | aran uwis dadi wong Mêdayin | liwat mêjanani | mring sariraningsun ||

16. sintên ngucap liya Paduka Mir | wontên ngarsaningong | têka botên kula brèk cangkême | kula suwèk kula juwing-juwing | kula suwir-suwir | kula sapu-sapu ||

17. kula thèthèli pêthèl lan kudhi | kula dhêplok-dhêplok | kula sêmpal kula suwèk-suwèk | brèk rêkètèk inggih ta suwawi | tuwan kèn mastani | wontên ngarsaningsun ||

18. langkung duka jaja dadi gêni | katon marong-marong | sru kumêdut padone lathine | wong agung miyat sang dyah sru runtik | kèndêl datan angling | wasana tumungkul ||

19. sang dyah miyat wong agung awingit | ngêrêpa turnya lon | kula atur pawarti yêktine | pabarisan rame prange wingi | bala Paduka Mir | ing prang kèh kapupu ||

20. putra paduka anandhang kanin | rahadèn kang anom | ingkang putra Karsinah ibune | kaprajaya wêntise kang kering | rajaputri kalih | wingi ngamuk punggung ||

21. amêdhangi mring wong Yujanèki | kyèh murda kapocot | inggih saking sang putri kalihe | Rêtna Sudara angobrak-abrik | Sirtupelaèli | pangamuke riwut ||

22. lir kiyamat prangipun [prangipu...]

--- 2 : 72 ---

[...n] duk wingi | sagung para katong | ngamuk sadaya saprajurite | awit saking rajaputra kanin | Kewusnendar gusis | risak balanipun ||

23. Rajèng Yujana sawadya ngisis | atilar pakuwon | samya ngungsi mring jro kitha kabèh | tutup korine mêrapat sami | wadya Rab para ji | wus samya tinuduh ||

24. kitha Yujana kinêpung kikis | barise pra katong | nanging wadya Ngarab sadayane | para nata prasamya prihatin | buntuting turanggi | tinugêlan sampun ||

25. radèn putra kanine ngranuhi | kinêmit pra katong | gung nangisi kang ibu kalihe | duk miyarsa wong agung awingit | tyasnya lir jinait | sang rêtna wotsantun ||

26. mila gusti wêlasa ing dasih | kang edan anglamong | tilar praja mung katon dhèwèke | praptaning don amêmara sandi | tinarka ngugêmi | tinampik wong agung ||

27. lamun tuwan asiha samangkin | wêlas mring ragèngong | mangke sampun kawula pisah gèn | tan nyêlaki pakuwon Mêdayin | yèn tuwan ugêmi | garwa ji Mêdayun ||

28. rabining mungsuh kasor ing jurit | yêkti yèn binoyong | datan wontên ing jana êloke | wus pantês atas wong mangun jurit | sirna ucapnèki | anak lawan biyung ||

29. singa tiwas kasoran ing jurit | pan boyong-binoyong | môngsa wontêna jalma ucape | wus wajibe wong unggul ing jurit | boyong nini kêni | miwah

--- 2 : 73 ---

boyong biyung ||

30. lah punapa kang tuwan lingsêmi | aran wong bêboyong | nadyan mêngsaha bapa yêktine | mungsuh kaki wajib boyong nini | êsahing prajurit | yêkti yèn rahayu ||

31. wong agung tumungkul tyasnya wingit | kèndêl tan miraos | putri Cina nungkêmi padane | angèl têmên karsane wong iki | bok inggih nauri | sampun pijêr minggu ||

32. gunung Selan wong iki tan adil | arane kang pulo | saking Nistan pan kidul wetane | sabrangane wong marang Sêrandil | nyata bêbayani | nyênyuwani kayun ||

33. sukêt galêng rinumpaka gusti | wowohan bang ijo | kapapasa raganingsun kiye | yêkti sun labuhi rontang-ranting | datan sae mulih | mring Cina wak ingsun ||

34. kunêng Wong Agung Surayèng Bumi | lawan sang lir sinom | Umarmaya winuwus lampahe | dènnya nêkung nèng têngah wanadri | pojok wukir alit | angajap katêmu ||

35. mring kaki-kaki kang masiyati | nênggih kaki kêmpong | ingkang nora jarwa ing arane | kang asung kêndhang Iskandar nguni | Radèn Pulangwêsi | aminta pituduh ||

36. duk puniku kaki tuwan prapti | ingkang sarwa ijo | Umarmaya nungkêmi padane | kaki èstu sabda tuwan nguni | nanging amba kaki | anuwun pinuduh ||

37. ênggènipun wayah Tuwan Amir | ki tuwa lingnya lon | durung patang puluh ing dinane | nanging sira sun warah saiki | apan ora têbih | ing panggonanipun [pang...]

--- 2 : 74 ---

[...gonanipun] ||

38. alas Yujana kulone thithik | saking ing pakuwon | ana guwa samar lawangane | kiwa têngêne padha barindhil | rêsik saking agni | sukêt kayonipun ||

39. iki lagi salikur dinèki | besuk sawusnyanjog | patang puluh dina sira age | paranana ganêping dinèki | juputênjumputên tumuli | ing tanggal ping pitu ||

40. kaki tuwa musna tan kaèksi | Umarmaya jomblong | ecaning tyas wus antuk wangsite | nulya mangkat lumampah kuliling | ambônda astèki | singsot lênthung-lênthung ||

41. ura-ura lèrèn amênyanyi | samarga ambetho | tan kawruhan yèn satriya gêdhe | namur momor wong babad wanadri | yèn kadalon nênggih | sarean nèng gubug ||

42. cinarita wau sang dipati | Marmaya mêlancong | wus nêm likur dina ing lamine | datan tolih mung mungsêng sawiji | kapanggihe nuli | Menak Jayèngsatru ||

43. sabên dina Marmaya miyarsa | wartaning prang popor | datan piniarsa salamine | eca-eca nèng têngah wanadri | Arya Pulangwêsi | tan atolih pungkur ||

28. Putri Cina Dipun Wuruki Donga

14. Pangkur

1. kunêng Rajaputri Cina | amrih êsih datan antuk ingkang sih | sirat wetan konduripun | saking wana jro guwa | sapraptane pakuwon sare amujung | amêtak [amêta...]

--- 2 : 75 ---

[...k] wiyoganira | sangêt ing turida gati ||

2. tyasnya wimbuh wuwuh kambah | ing gêng susah sigra dènnya nimbali | prapta Êmban Siwang Siwung | sang rêtna angandika | lah kapriye budinira iki biyung | lamun awèt mangkenea | lêlakone awak mami ||

3. Wong Agung Surayèng Jagad | angèl têmên tan kêna ginagampil | nora kêna salang-surup | prakara lakuningwang | nganggo Rajèng Mêdayin sêsikuningsun | margane nora katampan | mring Wong Agung Jayèngmurti ||

4. Êmban Siwang Siwung turnya | têgêsipun wong agung sangêt apik | tan arsa woworan kayun | bêbarêngana karsa | miwah salang cêngkah lawan mara sêpuh | jamika ewa loking rat | punika kang dèn singkiri ||

5. sang dyah angling bênêr sira | iya iku lupute awak mami | iya apa kang cinatur | kang uwis kaluputan | ing banjure kapriye pratikêlipun | Ban Siwang Siwung tur sêmbah | yèn mênggah kawula gusti ||

6. prayogi kèndêl kewala | pinêksaa lingsêm tur bêbayani | dandanan lair wus luput | amung kang dèrèng mangsah | pradandanan batin kang dèrèng tumanduk | guna pangasihan gêndam | winangun sumbaga dêsthi ||

7. sang rêtna mèsêm ngandika | ngupayaa sun opahi sakêthi | matur Êmban Siwang Siwung | anggèr ingkang punika | botên susah kula pribadi kang gadhuh | lampahipun inggih mêthak | jangkêpa kawan dasa ri ||

8. amba duk maksih neneman | duk paduka gêmajang [gê...]

--- 2 : 76 ---

[...majang] kèwèr gusti | samôngsa ajêng pun biyung | inggih ngarah wong lanang | nuntên mêsu kula watêk sabên dalu | botên kantos pitung dina | amung sawêg tigang latri ||

9. nuntên kawula lêledhang | dhatêng jawi sintên kang kula liring | sadintên angsal sapuluh | yèn inggih sok jalêra | lamun milih anaking para tumênggung | sadintên angsal sakawan | milih ingkang pêkik-pêkik ||

10. punika anuntên angsal | sanadyan putraning pra ratu kêni | makatên anggèr mèlipun | hong tingte sun anyambat | hong topèkong padha jurungana ingsun | ana panahku kancane | arane si kala sêkti ||

11. bumi kapitu sun panah | kêna têrus sun panahkên ing langit | têrus kang langit kapitu | sun panahkên sagara | asat gêrèng sun panahakên ing gunung | rugrug kabèh gunung donya | punika nuntên mastani ||

12. namane kang dipun arah | sun panahkên Kalana Jayèngmurti | ping têlu badane luput | nyawane ingkang kêna | luput nyawa ingkang kêna rahsanipun | rahsane luput anulya | elinge sun panah kêni ||

13. jog tangi eling maring wang | mêngko thithik tansah eling mring mami | têngange eling maring sun | nutug sadina pisan | amung eling ciptane nunjêm maring sun | ya elinge putri Cina | ya rahsane Jayèngmurti ||

14. ya rahsane putri Cina | ya elinge Kalana Jayèngmurti | anunggal pinangkanipun | sinimpên jroning rasa | sadurunge

--- 2 : 77 ---

ana jagat awang-uwung | mung putri Cina kang ana | sajodho lan Jayèngmurti ||

15. elinge pan wus anèng wang | eling ingsun ana ing Jayèngmurti | nalika tunggal sawujud | ya ingsun iya sira | Jayèngmurti condhonge tan liya mring sun | kèlingan sasolah ingwang | mung eling pangeling-eling ||

16. lali ing purwa duksina | malah prapta mung eling marang mami | poyang-paying bingung wuyung | tan ana nambanana | sun tadhahi rahsa kang eling maring sun | bali batine maring wang | wus nunggal sawujud malih ||

17. wus têlas anggèr punika | Siwang Siwung pan ginanjar sakêthi | nampèni sarya umatur | gusti lamun tan prapta | patang puluh dina tigang wulanipun | prapta makathik tinêmah | anut ing karsa sang putri ||

18. iya biyung wus prayoga | kari iku iya dandanan batin | biyang rêwangana ingsun | pan sira kuwajiban | ingsun iki sira mong sangkaning timur | malah ing mêngko diwasa | nandhang papa angluwihi ||

19. pan papa ratuning papa | dudu papa brana lan papa sakit | papa cuwa karsaningsun | tan ana nimbangana | gunung sèwu rubuh nibani maring sun | maksih kêlar nadhahana | mung papa sawiji iki ||

20. sun rumasa tan kuwawa | tinambaka iya rubuhing langit | pan ora kêtambak biyung | lah iku antêp ingwang | yèn wurunga angèstupada wak ingsun | mring Wong Agung Kakungingrat | yêkti puwara ngêmasi ||

21. yèn ora mati angarang | pasthi mati

--- 2 : 78 ---

rêrêmpon ing ajurit | sun labuhi gêmpur tumpur | nèng asmara dilaga | lah ta êlah biyang Êmban Siwang Siwung | lêbura awor lan kisma | putri Cina aywa urip ||

22. sasmita surya diwasa | iya pêtis cinandu rasa nênggih | tan gingsir pangucap ingsun | Wong Agung Kakungingrat | tyase lamun marang ingsun sida lumuh | Ban Siwang Siwung tur sêmbah | dhuh nah anggèr dipun ririh ||

23. pan sampun darbe dandanan | tuwan antos ingkang dhêsthi puniki | punika pan saratipun | angalusakên badan | kêdah ayêm botên kinging gupuh-gupuh | darapon japa punika | tumanduka saking ririh ||

24. yèn dhêsthi sampun tumama | yêkti ngênês Kalana Jayèngmurti | yèn botên panggih anêmpuh | anggèr dhatêng paduka | poyang-paying angiyêng awayang-wuyung | mung paduka kang kaetang | tan wontên kacipta malih ||

25. andina sangsaya mêtak | sakitipun ngajap agea panggih | lawan ingkang karya wuyung | anggèr benjing agantya | yèn Wong Agung Jayèngmurti sangêt wuyung | paduka mitambuhana | agantos pangkring-pinangkring ||

26. sampun si ijèn punika | Jayèngmurti lan anggèr sami siji | amba ing nguni pukulun | kantos rangkêp sadasa | suprandene sarêng brôngta wong sapuluh | analusur pagêr bata | kalamun kula panggihi ||

27. sadaya sarêng karuna | angrungkêbi suku ngong gangsal sisih | kawula keron kalangkung | sami kula kèn kesah | wong sapuluh sami nangis [nangi...]

--- 2 : 79 ---

[...s] gumarumung | nuntên kula dumi sêpah | satunggal kula parêjit ||

28. gih kula para sadasa | wong sawiji inggih sasuwir-suwir | punika sagêd lumaku | nolih sarwi karuna | nuntên kula sukani layoning santun | inggih kang sêkar cêpaka | pinara sadasa malih ||

29. saking lêbête gèn kula | botên kobêr momong paduka gusti | kathah ingkang lajêng lampus | tan sagêd ngampêt brôngta | mung têtiga kang gêsang pêjah pêpitu | kang sinambat ing sakarat | pan amung kawula gusti ||

30. kang gêsang tiga punika | katututan inggih kula jampèni | ing toya tuli sabumbung | inggih pinara tiga | sarêng nguyup sanalika sarasipun | gumujêng Rêtna Daninggar | tyasnya anggambuh sang putri ||

Lajêng nyandhak jilid 3.

--- 2 : [80] ---

Isinipun

... Kaca

15. Putri Cina kadamêlakên pakuwon. ... 3

16. Putri Cina damêl gêlar dhatêng Ratu Mêdayin. ... 9

17. Putri Cina nyolong Menak Jayèngmurti. ... 17

18. Menak Jayèngmurti kabêkta dhatêng guwa. ... 22

19. Putri Cina wontên ing guwa kalihan Menak Jayèngmurti. ... 28

20. Radèn Jayusman kajumênêngakên nata makili rama. ... 34

21. Prangipun para raja wadyanipun Menak Jayèngmurti kalihan ing Yujana. ... 41

22. Raosanipun putri kalih sami madosi Menak Jayèngmurti. ... 46

23. Putri Cina ngasih-asih dhatêng wong agung. ... 51

24. Wadya Kuparman kalihan Yujana sami prang tandhing. ... 56

25. Prang barubuh. ... 61

26. Pêjahipun Bandarkung pinêdhang ing putri Karsinah. ... 64

27. Wong agung dipun rêrêpa ing putri Cina. ... 69

28. Putri Cina dipun wuruki donga. ... 74