Menak Cina (Jilid 04), Balai Pustaka, 1934, #1087

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Menak Cina (Jilid 02), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
  2. Menak Cina (Jilid 03), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
  3. Menak Cina (Jilid 04), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
  4. Menak Cina (Jilid 05), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak
Image

Serie No. 1146c

Menak Cina

Miturut Babon Yasanipun Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 4.

Balepustaka - 1934 - Batawi Sèntrêm.

--- 4 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 4 : [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing.Kon.Bat. Gen.v.K. en W.

44. Raja Jamum Saanakipun Kêkalih Pêjah dening Putri Cina.

1. Pangkur

1. payo jêr ko anak buta | buta bêbrêt Si Mardawa Mardawi | têdhake buta garuwung | Si Samum pêpêrungan | buta bangkrah bêbêdholan madhul-madhul | pêpêdhotan andhêradhat | lumayu lunga angili ||

2 thukulane yèn thèkèla | bongkotane bungkik kawalik-walik | bêkakrak kabêkuk-bêkuk | ngungsi Sigarsi guwa | ingulatan julalatan duk kapangguh | dhêlik pangêrêt pinanah | kakèkamu rontang-ranting ||

3. mangkrak krura putri ditya | babo-bao kumêsat kadya riris | sêsumbare dene wutuh | saèn bisamu ngucap | kaya nora ngong wruh barang pratingkahmu | si tampikan adol karya | sira putri tan wruh ngisin ||

4. môngka yèn sira bêcika | môngsa dadak ngunggahana tinampik | têdhake ratu kêkuncung | kêkucir anêlacar | kocar-kacir angunggahi nora payu | si piyêk dadi poyokan | lunga ngawar kowar-kawir ||

5. runtik mênthang langkapira | putri Cina lumêpas kang jêmparing | putri yaksa pan kacundhuk | niba nulya sinôngga | mring kang

--- 4 : 4 ---

rama Rêtna Mardawi tumanduk | pinanah niba sinôngga | marang bapakipun malih ||

6. sêsambat akon mindhoa | pining kalih urip sarêng ngêbyuki | Sang Putri Cina kinrubut | Jamum têtulung putra | ngundha watu tinundha sang dyah binêntur | sinabêt talikêm tular | sela sumyur awor agni ||

7. wau èngêt ing wèntèhan | pranging ditya Sang Putri Parangakik | marêpêki alon muwus | hèh yayi Adaninggar | mungsuh buta yèn wus katiban panahmu | sambat akon mindhonana | ngucapa mangkene yayi ||

8. nora kudu mindho ingwang | pan sapisan bae sira ngêmasi | yèn ngrungu wuwusirèku | si buta nuli niba | pan binanting-banting dhewe badanipun | êndhas binêntuskên sela | mati polahe pribadi ||

9. putri Cina wus atômpa | ing wulange Rêtna Sudarawrêti | sêsumbar anguwuh-uwuh | payo kene Mardawa | hèh Mardawi têdhake buta garuwung | duk miyarsa krodha mangsah | kalihe sami krura ngrik ||

10. arsa nubruk binarêngan | Ni Mardawa kacundhuk ing jêmparing | Mardawi arsa anaut | binarêngan pinanah | pan kacundhuk tibane sinôngga gupuh | mring bapa asru sêsambat | hèh pindhonên dimèn mati ||

11. angling Rajaputri Cina | nora kudu sapisan bae mati | putri ditya duk angrungu | wuwuse Adaninggar | anggaronjal tiba saking astanipun | Jamum kagyat ngrik makrura | sigra putri Parangakik ||

--- 4 : 5 ---

12. angplêpasakên sanjata | Raja Jamum kacundhuk jajanèki | niba anggro jungkir mumbul | niba praptèng bantala | tan atêbih lan kang putra kalihipun | ditya tigang atus bubar | giris mawur samya ngisis ||

13. sigra putri ing Karsinah | ambêbujung mêdhang ditya kyèh mati | Rêtna Sudara gya nusul | tumut bêbujung ditya | akèh pêjah jêmparinge kadya jawuh | ditya kang kari sar-saran | angungsi ing jurang trêbis ||

14. sirna ditya brêkasakan | isèn-isèn ing gunung jurang trêbis | ingkang kacandhak sapuluh | wadon pêpitu samya | ditya lanang ingkang kacandhak têtêlu | kang kalih buta nonoman | siji buta kaki-kaki ||

15. byar raina praptanira | wus angumpul katri kang para putri | Jatiwalar wus angumpul | kalawan Ki Sihngiyar | sakancane angadhêp putri katêlu | Adaninggar matur nêmbah | kangbok kawula rumiyin ||

16. mantuk pakuwon ing wuntat | angandika Rêtna Sudarawrêti | dadi sira nora milu | seba mring pasanggrahan | Rajaputri Karsinah nambungi wuwus | bêcike yayi milua | sira mêntas antuk kardi ||

17. utamane ngaton padha | bok ginanjar aja liya nampani | Rêtna Sudara gumuyu | ana bênêre uga | Adaninggar malerok sarwi basêngut | ingkang raka kalih pisan | kang sami dèn paleroki ||

18. boya kudu adol karya | mring wong kana-kana sarira mami | mung dhèwèke [dhèwè...]

--- 4 : 6 ---

[...ke] karo iku | kang padha ingsun rêksa | nora nêdya tômpa ganjaran wak ingsun | kadang tuwa nêmu papa | wong anom nanggulang pati ||

19. Sudarawrêti ngandika | karsanira yayi dhingini mulih | Adaninggar nêmbah mundur | Sudarawrêti ngatag | hèh wong Parangakik milua karuhun | aja ngêntèni maring wang | ngiringa ing yayi dèwi ||

20. budhale Sang Putri Cina | pan ing wuri sang rajaputri kalih | marang pasanggrahan agung | bêkta bandhangan ditya | miwah sirah têtiga kang badhe katur | Wong Agung Surayèng Jagad | nèng pakuwon duk siniwi ||

21. dening sagung para raja | Arya Maktal Dipati Guritwêsi | kang munggèng ngarsa wong agung | kasaru praptanira | rajaputri kêkalih sarêng tumanduk | atur bêkti ngaras pada | ing raka Sang Jayèngmurti ||

22. ngaturkên boyongan ditya | dhasing Jamum lan Mardawa Mardawi | katur mulabukanipun | lamun Sang Putri Cina | kang marwasa ing yuda kêkalihipun | langkung sudirèng ngalaga | prawira putus ing jurit ||

23. wasis sakathahing gêlar | titih têtêg atrêngginas tarampil | bisa mumbul mor ing kukus | bisa manjing dahana | kula lawan yayi dèwi eca dulu | tan kewran binotan lawan | tuhu prawirèng ajurit ||

24 wong agung mèsêm ngandika | bênêr yayi pan ingsun wus ngrasani | tuhu prawira pinunjul | Wong Agung Parangteja | matur nêmbah mring sang putri kalihipun | ing mangke rayi paduka | putri [pu...]

--- 4 : 7 ---

[...tri] Cina wontên pundi ||

25. ngandika Rêtna Sudara | mulih dhingin tan arsa milu mampir | wong agung ngandika arum | yayi karo matura | mring sang putri kaliwat tarimaningsun | ambuwang sêsukêr ingwang | putri Cina andanani ||

45. Menak Jayèngmurti Nodhi Ratu ing Kelan.

2. Asmaradana

1. wong agung ngandika malih | prakara boyongan ditya | iku yayi karsaningong | ing kene ginawe apa | tunggale ora nana | sun gawani layang iku | marang nagara Ngajêrak ||

2. sakarsane yayi dèwi | Ismayawati ing kana | iya kang akèh tunggale | sugih boyongan dênawa | yèn tinari tan arsa | kudu milu jinisipun | wênang ugi pinatenan ||

3. yèn anut ing karsa mami | mara dadi buta desa | buta gunung amêmèrèng | dadi buta ing nagara | Dipati Tasikwaja | wau ingkang kinèn nantun | sadaya matur sandika ||

4. Umar Maya matur aris | ditya kang kalih punika | inggih prayogi kinèngkèn | anonjok sêrat mring Kelan | dhaharên tur kawula | nuruti sira wong agung | kang raka kinèn nênurat ||

5. tan adangu sêrat dadi | ditya kang kalih ngandikan | Dyan Umar Maya têtakon | buta sapa aranira | ditya kalih tur sêmbah | pun Jawès kula pukulun [puku...]

--- 4 : 8 ---

[...lun] | ingkang satunggil pun Bujar ||

6. ya gawanên layang iki | paringna Sang Rajèng Kelan | têkaa sadina bae | Bujar Jawès matur nêmbah | gusti inggih sandika | wus tinampan suratipun | kalih napak jumantara ||

7. ing pukul sadasa enjing | mangkat saking pasanggrahan | ya ta gênti winiraos | nênggih sang prabu ing Kelan | enjing duk siniwaka | lawan Sang Prabu Mêdayun | sangkêp pra mônca punggawa ||

8. lubalang satriya mantri | aglar ratu môncapraja | Kya Patih Bêstak jajare | lawan pêpatih ing Kelan | Gajahbihêr nèng ngarsa | ing wanci pukul sapuluh | dèrèng bubar kang sewaka ||

9. dadya pêndhak praptanèki | ing Kelan pukul sadasa | lampahira Bujar Jawès | niyup anjog ing dharatan | lajêng mring panangkilan | sarwi musthi suratipun | cingak prapta nèng ngayunan ||

10. orêg sagung kang anangkil | praptaning ngarsa sang nata | Gajahbihêr ngadêg age | ditya alon tinakonan | buta ing ngêndi sira | ditya kalih sauripun | huk hah ngong buta Sindhula ||

11. nanging praptaningsun iki | huk hah angêmbani surat | aran ingsun Bujar Jawès | dene kang kongkon maring wang | Wong Agung Surayèngrat | iya iku tunggulipun | kang baris Mariobara ||

12. Raja Jamum ratu mami | kang anèng wukir Sindhula | tinumpês ingsun binoyong | Jamum saputrine pêjah | aprang mung têlung êjam | mungsuh lawan balanipun [balani...]

--- 4 : 9 ---

[...pun] | wong agung ing Tasikwaja ||

13. Radèn Sihngiyar namèki | lawan Radèn Tajiwalar | tan kongsi kawruhan ngakèh | ditya tri atus sar-saran | sirna saking Sindhula | huk hah sun iki ingutus | iya maringakên surat ||

14. mring Raja Kelanjajali | kyana patih alon mojar | lah êndi layangmu kene | sun aturne sri narendra | sêrat wus tinampanan | lajêng katur mring sang prabu | ditya kalih ngadêg samya ||

15. munggèng ngarsane sang aji | kumitir talinganira | mondar-mandir pandulune | miris wong sapanangkilan | mulat caraka buta | surate binuka gupuh | winaca sinukmèng driya ||

16. pèngêt bêbukaning tulis | Wong Agung Surayèng Jagad | Ambyah kang Jayèngpalugon | turasing Dipati Mêkah | praptaa Rajèng Kelan | wruhanira sang aprabu | ratu kang aran Nusirwan ||

17. kang angungsi Kaelani | apa sira kukuhana | ingkang dadi praptaningong | lawan saprajurit ingwang | apa sira aturna | miwah panungkulirèku | rajapèni aturêna ||

18. apa sira mapag jurit | ngukuhi Ratu Nusirwan | yèn èstu kaya mangkono | amapaga ing ayuda | marang jabaning kutha | nora wurung ingsun gêmpur | prajamu sun gawe karang ||

19. sawusira maca tulis | hèh duta sapa ranira | sumaur sun Bujar Jawès | angling Bujar kayaparan | sang nata lakuningwang | rêksasa Jawès sru muwus | huk hah apa nungkul sira ||

--- 4 : 10 ---

20. huk hah apa mapag jurit | Sang Rajèng Kelan wuwusnya | ingsun amapag prang popor | lawan Si Surayèng Jagad | môngsa ingsun mirisa | rêksasa Bujar sru muwus | huk hah ya luwih utama ||

21. rêksasa Jawès nambungi | huk hah sira dèn prayitna | ingsun mulih wong kinongkon | mêsat saking panangkilan | sapraptanirèng jaba | angêlih mêntas lêlaku | nyêkêl bocah siji sowang ||

22. binadhog sarwi lumaris | wayahe bocah kang kêna | lagya madhêp biraine | gègèr otêr bilulungan | katur marang sang nata | yèn ditya kengkenan wau | mêdale nyampe manungsa ||

23. binadhog sarwi lumaris | mangke sampun tan katingal | pan sampun lêpas lampahe | sri naranata ngandika | Gajahbihêr kaya pa | buta ing Sindhula iku | têka apês ing ayuda ||

24. Patih Bêstak anambungi | pukulun sri naranata | punika dede wong gêdhe | kajinêmane Marmaya | Sihngiyar Tajiwalar | ingkang sami analikung | kinarya dêdolan bocah ||

25. limrah bala Pusêr Bumi | sikêpe ngalenang buta | buta Sindhula gêmpure | wong gêdhe tan wontên mirsa | sami bocah kewala | ujêr inggih gustinipun | mamah-mamahane buta ||

26. hèh anak rêkyana patih | kula tuhu marang dika | ing mangke punapa lidok | de puniku botên gethang | cacak wukir Jabalkap | dityane mahratu-ratu [mahra...]

--- 4 : 11 ---

[...tu-ratu] | balane mayuta-yuta ||

27. sirna dening wong sawiji | buta pirang-pirang raja | tumpês ing Jayèngpalugon | kadya nyuru bubur surba | wong Arab prang lan ditya | Kelan Jajali kalangkung | wirang aclum amiyarsa ||

28. kondur anyurud sang aji | duk wau kinarya umbag | sapraptanirèng kadhaton | lajêng amujung anendra | bubar ingkang sewaka | wau ta ing lampahipun | Bujar Jawès sampun prapta ||

29. katur solahnya tinuding | yèn Raja Kelan mapag prang | ya ta sira Bujar Jawès | sampun pinaringan surat | kinèn wismè Ngajêrak | mangkat kang ditya sapuluh | lan sampun salin agama ||

30. lampahe mêdal wiyati | kunêng malih winursita | Rajèng Kelan sawungune | animbali ingkang putra | Ni Dèwi Kelaswara | praptèng ngarsanya sang prabu | kang rama alon ngandika ||

31. paran karsanira nini | mungsuhira ingkang prapta | luwih abot sêsanggane | Wong Agung Surayèng Jagad | kaya pa tingkahira | buta Sindhula wus gêmpur | dening wong sikêp kewala ||

32. wong gêdhêne tan udani | sirna buta ing Sindhula | kang urip padha binoyong | iku batur ulubalang | kang ngêsorkên prangira | kang putra mèsêm umatur | inggih sukur yèn prawira ||

33. alêga raosing galih | mungsuh satriya prawira | botên acuwa raose | sêdhêng ngantêp kaprawiran | yèn asor botên wirang

--- 4 : 12 ---

ing tyas kawula pukulun | langkung agêng saprabata ||

34. amanggih mungsuh linuwih | Kalana Surayèng Jagad | yêkti gumadhug tibane | paduka sampun sungkawa | inggih nêdya punapa | kalah sirna mênang ngukup | sampun jamake narendra ||

35. nêdya ngungsi dhatêng pundi | yèn sampun untunge pêjah | apan ta inggih jenênge | ratu luhur lawan andhap | ingkang darbe kaskaya | laire ing bau suku | batin pratikêling manah ||

36. punika tuwan sêdhihi | kula pan inggih kaduga | umbag tuwan kèh katlangso | angapêsakên wong Arab | ditya wukir Sindhula | kang tuwan damêl gul-agul | dene limrahing rasêksa ||

37. sami sinerenan sêkti | beda lawan kang manungsa | ing mangke têmah macothot | kawula matur ing tuwan | kang nama Patih Bêstak | tuwan angalêm pukulun | saktine ditya Sindhula ||

38. langkung dènnya angèsêmi | bêbisik ing uwa patya | apan makatên wuwuse | andhi patih ratu dika | ing tangguh kaluputan | moprok tan sagêd lumaku | durung wêruh ingkang adat ||

39. punapa botên miyarsi | yèn buta gunung Jabalkap | awêndran barang cacahe | agulman uluk-ulukan | ewon ratuning buta | tanpa bala gêmpur tumpur | sirna de Si Jayèngrana ||

40. lan malih kaku tyas mami | punika lan Patih Bêstak | miyarsakkên umbag kapok | ratu kang wus kalampahan | ingkang pininta sraya | samya umbag kumalungkung | samya kabala sadaya ||

--- 4 : 13 ---

41. mring Kalana Jayèngmurti | mila kamipurun amba | ingumbag têmah kacirèn | inggih yèn tan kalampahan | surêm sunaring praja | Nusirwan puniku kawus | mirsa galudhuging sumbar ||

42. cacad agêng paduka ji | yèn ngumbagakên nèng putra | Si Kelaswara bobote | esuk nyata sore nyata | ing têngah wêngi nyata | lingsir wêngi bangun esuk | uthuk-uthuk êbyar nyata ||

43. sadhawuh nyata prajurit | pukul wolu pukul sanga | nyata ing kaprawirane | ing pukul sapuluh nyata | prawira digdayanya | pukul rolas nyata punjul | pukul satu nyata dibya ||

44. pêdhak satu nyata luwih | aprakosa môndraguna | nyata nyikêp para katong | nyata angêlar jajahan | nyata sugih boyongan | nyata bônda para ratu | pan nyata sinêmbah-sêmbah ||

45. ing samôngsa para putri | nyata anggung unclang gajah | pan nyata sok canthèng kêbo | kaku tyase Kelaswara | wadana dadi êrah | mrêbêl êluh nêmbah mundur | saking ngarsane kang rama ||

46. sapraptanira sang putri | kaputrèn lajêng siyaga | angundhangi prajurite | putri kawan atus samya | ngrasuk kapraboning prang | mêdal saking jro kadhatun | pacak baris anèng taman ||

47. êmbane jalu tut wuri | lan wadya lanang binêkta | watara mung sapalihe | tigang kêthi mantri samas | punggawa wolung lêksa | wus apajêg baris tugur | wong kaputrèn anèng taman ||

48. tamane sang raja putri [pu...]

--- 4 : 14 ---

[...tri] | anênggih jabaning kutha | tigang onjotan têbihe | pasagi kori marapat | karêtêg nut sakawan | ingubêngan lèpèn agung | wêning gambuhing toyanya ||

46. Wong Agung Rêrêmbagan Badhe Mangsah Prang.

3. Gambuh

1. asri pêthetanipun | sangkêp kêmbang ing alam donyèku | jinêmbangan kang sêkar alit tulya sri | ing gêdhah seta myang dadu | gêdhah abang gêdhah ijo ||

2. kalawan gêdhah wungu | nêdhêng tumruna kêkayonipun | bata bumi kinarya sela cêndhani | winardi pêpojokipun | kang cêpuri akik ijo ||

3. akik bang akik wungu | kang kinarya ing warananipun | pancak suji malisir lêlarèn alit | rinumpaka ing mas tatur | botrawining katon mêlok ||

4. têmbaga kang ginangsur | palipitira wêsi balitung | talundhage têmbaga parunggu sari | sabên gêdhong mangku banyu | pancak suji dhapur endhong ||

5. amirit ing bêbatur | têmbaga dene umpak parunggu | pagêr gêdhong sadaya kinarya akik | sinungging warna mas tatur | yèn tinon pating pancorong ||

6. tinundha sap pêpitu | pipining kori ngapit wisma gung | kinakampung têmbaga payone sami | ênggon dandanan prang pupuh | ênggone prajurit wadon ||

7. dene prajurit kakung | ingkang sakêthi taman kinêmput

--- 4 : 15 ---

kang rong kêthi tinêbih pakuwonnèki | pra dipati baris ngayun | mor ing gusti sapratêlon ||

8. parentahe sang ayu | kinèn angradin ra-aranipun | rinêsikan kang lêgok kinèn ngurugi | pinapar ingkang mêndhukul | badhe papaning prang popor ||

9. wus pajêg barisipun | bala kaputrèn pratôndha sampun | kawarnaa Wong Agung Surayèng Bumi | siniwi ing para ratu | wong agung munggèng pakuwon ||

10. tur sêmbah sarwi matur | Arya Maktal mring wau wong agung | dhuh pukulun kang mêngsah barise mijil | baris wontên taman lulut | andêl prajurite wadon ||

11. putrinipun sang prabu | Dèwi Kelaswara namanipun | mung sajuga kalangkung dènira jurit | baris jawi kitha sampun | pajêg gènira mirantos ||

12. nênggih ing taman lulut | tigang onjotan saking praja gung | angandika Wong Agung Surayèng Bumi | ari mas pikirên iku | lawan sagung para katong ||

13. myang kakang Marmayèku | aprakara ingkang dadya rêmbug | mungguh ingsun apa bêcik angajaki | yayi dèwi kalihipun | yèn kudu amrih prang popor ||

14. iya apa tinurut | Marmaya nolih sarwi amuwus | yayi Maktal paran budine sayêkti | Arya Maktal lon sumaur | kakang yèn ta mungguh ingong ||

15. yèn angantia iku | sang rajaputri kalih umagut | rong prakara kaluputane yèn mami | kang dhingin maring Hyang Agung | manggih sêsêmon binêndon ||

--- 4 : 16 ---

16. lire dene têkabur | têkabure iya dene nglurug | bêdhah praja mung wong wadon kinèn jurit | kêna sumakeyan iku | duwe garwa aprang bobot ||

17. pan dudu wajibipun | sae ganti yèn uwis kasêlut | bêbutuhan iku panggawene èstri | lawan kurang taklimipun | mêmungsuhan padha katong ||

18. dene ping kalihipun | yèn Sang Rêtna Parangakik magut | pasthi lamun putri Cina milu jurit | amutahakên pukulun | salêlingsêm ing wêwados ||

19. tumarcêb ing lo patut | mèsêm wau ngandika wong agung | iya yayi wus bênêr ing pikir iki | dhawuhêna dipun gupuh | iya bakayumu karo ||

20. yèn ingsun arsa maju | dene mungsuh barise wus mêtu | masanggrahan ing Mariobara iki | iya ing saungkur ingsun | dèn gonana yayi karo ||

21. lawan ta malihipun | Rêtna Daninggar pakuwonipun | dèn amêncil adoha saka sathithik | sawetan kali puniku | ana desa gung kinaot ||

22. ing Tarulaya patut | sandika wau ing aturipun | atêtanya Wong Agung Surayèng Bumi | yayi Prabu Yujanèku | ing ngêndi ingkang pakuwon ||

23. Kewusnendar wotsantun | pukulun inggih kawula sampun | anênitik kang sêdhêng ing têbihnèki | lawan gèn mêngsah pukulun | masanggrahan sampun dados ||

24. mapan langkung panuju | ing kanan kering gih lèpèn agung | radin wiyar dhusun Tatarmaledari

--- 4 : 17 ---

ara-ara wiyar ngayun | pan rinadin dhatêng mungsoh ||

25. gya ingundhangan sampun | sakathahe wadya budhal esuk | baris maju maring Tatarmaledari | datan kawarna ing dalu | manjinge têngara bodhol ||

26. garwa kêkalih sampun | dhinawuhan karsane wong agung | makuwona Mariobara sang putri | kang raka barise maju | nèng Tatarmaledar sinom ||

47. Dèwi Kelaswara Mangsah Prang.

4. Sinom

1. wus gusis Mariobara | wadyane Sang Jayèngmurti | makuwon Tatarmaledar | sira rajaputri kalih | Mariobara prapti | makuwon sawadyanipun | myang kalih radèn putra | tan pisah lan ibunèki | putri Cina wus makuwon Tarulaya ||

2. rinêngga pakuwonira | kang minôngka pagêr bumi | sangkêlat abang baranang | ingkang kinarya cêpuri | apan sangkêlat wilis | rininggit ing kayu apu | sutra diwôngga pita | sinungsun dadu lan wilis | asri tinon winuwungan kapurônta ||

3. pêpayone pasanggrahan | kêsting pita kêsting wilis | tinumpangan ing renda mas | renda putih kang lêlungsir | pêpagêr tangsi wilis | apaningrat tangsi wungu | taratag mario bang | kang kori linungsir-lungsir | lir kaswargan tan wus winarna ing gita ||

4. pakuwone pra dipatya | têbih munggèng kanan kering | kyana patih ngarsa kanan | ing wuri mantri [ma...]

--- 4 : 18 ---

[...ntri] ban sami | prasamya mangku kori | langkung asri rakitipun | suka ing wadya Cina | amanggih papan rêspati | katon saking pakuwon Mariobara ||

5. têbih lamun pinaranan | nanging dinulu kaèksi | baranang pakuwon Cina | kadya panjrah puspita di | sabên ing sontên enjing | gamêlan pating carêngklung | kênthung bèri biolah | ngrêrangin kêndhang saruni | langkung asri rêsmine kang pasanggrahan ||

6. sabên dalu putri Cina | marêk ing Sudarawrêti | apan pêndhak patang dina | Rajaputri Parangakik | lan Sirtupelaèli | Karsinah Rêtna Rabingu | têdhak mring Tarulaya | Sang Putri Cina angênting | sêsugune kasukan inum-inuman ||

7. langkung dènnya sih-sinihan | kadya yayah tunggil bibi | gantyan paran-pinaranan | kunêng gantya kang winarni | Sang Prabu Kaelani | ngirabakên barisipun | mijil saking jro kitha | dalêdêg datanpa wilis | wadya Kelan kadya girindra pawaka ||

8. anêpungi barisira | kang putra sang rajaputri | nanging ta kaparèng wuntat | lan pakuwone sang putri | pakuwoning Mêdayin | kapering rada kapungkur | lawan pakuwonira | Sang Prabu Kelanjajali | moncol ngajêng pakuwone Kelaswara ||

9. Patih Gajahbihêr prapta | umarêk maring sang putri | ingandikan praptèng ngarsa | tur sêmbah rêkyana patih | pukulun pan pun patih | kautus ing rama prabu | inggih paring uninga | mêngsah tuwan wingi prapti [pra...]

--- 4 : 19 ---

[...pti] | masanggrahan balane kadi samodra ||

10. wus kêkojor rakit kutha | dhusun Tatarmaledari | ênggène Sang Kakungingrat | lan paring uninga malih | garwane Jayèngmurti | kêkalih putri pinunjul | prawira môndraguna | widigdaya tanpa tandhing | pan wus kasub ing jagad kaonang-onang ||

11. anumpês ditya Sindhula | kalintu kang matur nguni | sayêktine para garwa | Rajaputri Parangakik | Dèwi Sudarawrêti | ing pramuditya pinunjul | lawan Putri Karsinah | Rabingu Sirtupelèli | ingkang numpês rasêksa wukir Sindhula ||

12. samya napak jumantara | titihane yèn ajurit | anênggih garudha yêksa | lan pêksindra saomahi | mèsêm sang rajaputri | pan iku misih kaliru | nora pati waspada | kang umatur ing rama ji | kang sayêkti ana putri ngulandara ||

13. pan sami ngadu kewala | garwane Sang Jayèngmurti | nora ngawaki ing yuda | andhêku rêkyana patih | paran karsanta gusti | yèn mênggah miyosi pupuh | angling rêtna juwita | ingsun dhewe kang ngawaki | aja kongsi angadu prajurit lanang ||

14. lan bapa patih ya sapa | kang makuwon kidul iki | umatur rêkyana patya | inggih Sang Rajèng Pêrganji | lawan Natèng Jêrjani | punika pangawatipun | barise rama tuwan | ngandika sang rajaputri | konèn ngalih sompok lawan baris ingwang ||

15. aja kudu ingawatan | sun mêncil rada kapering | ingkang ngarêp baris ingwang

--- 4 : 20 ---

padha dohêna dèn aglis | besuk bapa apatih | umatura rama prabu | iya patêmpuh ing prang | surake dèn ngati-ati | mungsuh iki undhagi gêlar wangunan ||

16. nadyan surake tinata | pinatut lan ingkang jurit | duk prang ing wukir Sindhula | iya ingkang anyuraki | dene kang aprang putri | tan luwih wong patang atus | lawan nganggo ukara | pangrunguningsun wa patih | yèn kang aprang lagi ana ngêmbat panah ||

17. surake cinara sênggak | nora kuwur kang miyarsi | kang aprang yèn ana rêbah | sinusul ingkang nyuraki | iku prajurit luwih | nganggo dhong-dhing surakipun | yèn kang aprang kasoran | surake kadya nangisi | sinalahan angkat ênênge kang surak ||

18. maras têmên kabatinan | tyas ingsun uwa apatih | sajêg ingsun manggih mêngsah | iya durung kaya iki | senapatining jurit | dudu ratu gung aluhur | ora angadu bala | agagah umbak kumaki | apidêksa kang cahya nuksmèng sasôngka ||

19. budine lir mênyan kobar | ambêke alus aririh | sabar ngasmara dilaga | ngugung mungsuh yèn ajurit | bagus datanpa tandhing | ki besan pawartinipun | môngsa ta pêparaba | Wong Agung Surayèng Bumi | soring wiyat tan pilih angèstupada ||

20. wa patih duk purwanira | umur têlu wêlas warsi | wus ambônda para raja | praptaning pitulas warsi | sinêmbah ing para ji | andungkap salawe taun | lêlana andon [a...]

--- 4 : 21 ---

[...ndon] aprang | bêdhah nagri kanan kering | sugih garwa putri prajurit sadaya ||

21. bêburone iku uwa | ya maratuwa sayêkti | pan anggung kinêmbar ing prang | lan ratu kang lêwih-lêwih | kabèh padha kajodhi | kabala kang para ratu | Gajahbihêr miyarsa | malongo akêthip-kêthip | mangolone ana karasa ing driya ||

22. kyana patih graitanya | salênthing mambu kalênthing | sarwi mawang gustinira | sampun amêpêk birai | sêmune kangjêng gusti | kang ngajap krama pinunjul | satriya murwèng laga | kang môngka dipaning bumi | lagu anyar mungsuh ginunggung kalintang ||

23. kya patih mundur tur sêmbah | saking taman lulut nênggih | parentah ngalih pondhokan | kang sompok lawan sang putri | samya kinèn anêbih | wus mêncil ing taman lulut | anglela moncol ngarsa | mangkana Sang Rajaputri | Kelaswara andina ajar gulang prang ||

24. mangkana ing pêndhak dina | nêmbang têngara sang putri | apan miyos ing ayuda | aglar wadya tata baris | wong kaputrèn kang baris | tinêpungan para ratu | mijil saking jro taman | lawan prabu ing Mêdayin | Prabu Kelan sampun munggèng ing dhêdhampar ||

25. anèng sor tarub wangunan | Sang Prabu Kelanjajali | ingayap prajuritira | para ratu pra dipati | aglar munggèng ing ngarsi | kang baris kapang atêpung | wadya kaputrèn kadya | panjrahing puspita rêsmi | kawuwusa pakuwon Tatarmaledar ||

26. Wong Agung

--- 4 : 22 ---

Surayèng Jagad | nimbangi nêmbang têngari | gumuruh têtêg barungan | mijil barise para ji | sampun atata baris | kapang kalangan atêpung | aglar kang para nata | prasamya munggèng ing ngarsi | pan wong agung ing amparan dirgasana ||

27. sampun asawang-sinawang | kadya têdhuh anglimputi | baris Arab lir wanarga | puspitanjrah udan katri | wau sang rajaputri | amundhut turangganipun | agêm tambang kumala | janggi ulês janjan wilis | binusanan ing kênaka gêbyar-gêbyar ||

28. kadi andaru magut prang | aliwêran ngilat thathit | sang rêtna ngrasuk busana | têdhak saking kursi gadhing | lajêng nitih turanggi | rêspati amandhi lawung | nyirig tambang kumala | tan môntra prajurit èstri | ngiwa nêngên lawunge mubêng nèng asta ||

29 wadya kaputrèn gumêrah | surake mawanti-wanti | praptèng rana asêsumbar | rêbutên wong Pusêr Bumi | prajurit Kaelani | widigdaya ing prang pupuh | payo barênga mara | sapa kang arsa ngêmasi | hèh Wong Agung Surayèng Jagad miyosa ||

30. ing kene ngadu prawira | ambônda rok walapati | jaya mrata sura mrata | sajêgmu anglêlanangi | durung mring Kaelani | tan nêmu prajurit punjul | iki Si Kelaswara | iya Sang Rêtna Diwati | kang minôngka gustine wadon sajagad ||

31. lamun tuhu yèn prawira | hèh Kalana Jayèngmurti | mêtua ngadu prabawa | angadani Jayèngjurit | swaranira cumêngkling | eram kang samya andulu | sagêde ing turôngga

--- 4 : 23 ---

mangkana wau miyarsi | Kewusnendar amit miyos ing ayuda

32. ingidèn lèngsèr tur sêmbah | lajêng anitih turanggi | dhawuk bang pun simbarmega | jongwiyat sampun ngêmasi | asikêp pêdhang tamsir | wus anitih kuda mamprung | prapta ayun-ayunan | Kelaswara marêpêki | pan kinitêr kinalang Rajèng Yujana ||

33. alon dènnya atêtanya | sira pa Surayèng Bumi | agagah dêdêg parusa | sêdhêng siniwèng para ji | Kewusnendar nauri | Rajèng Yujana pan ingsun | Narpati Kewusnendar | ingakên sudara wèdi | mring Wong Agung Kalana Surayèng Jagad ||

34. hèh kalingane ta sira | kang mêntas kasoran jurit | dene ratu sugih bala | kasub prawira ing jurit | sinêmbah ing para ji | munduran têka baludhus | kalah prang asuwita | eman dhapurmu rêspati | pêpatutmu tan kalah padha manungsa ||

35. dene nyolong pêthèk sira | widigdaya kurang ati | anauri Kewusnendar | amrih utamaning pati | tan arsa mati kapir | iya kaya kakèkamu | Raja Bardinilekan | bapakmu Kelanjajali | sabèbètmu kang padha modar duraka ||

36. ruditya Ni Kelaswara | hèh payo Rajèng Yujani | apa kang ana ing sira | Kewusnendar anauri | tan watak mati kapir | sabalaning gustiningsun | sira andhinginana | Dèwi Kelaswara angling | amasanga paris waja ingsun tumbak ||

37. Kelaswara ngêtab kuda | sigra watange binalik | binuntar parisanira

--- 4 : 24 ---

sigar gigal tibèng siti | sirahing kuda mati | pêcah sigar sirahipun | tiba Sri Kewusnendar | kuwalik pan kajumpalik | pan gumuruh surake wadya ing Kelan ||

38. Prabu Yujana cinuthat | tiba sajabaning baris | kantaka Sri Kewusnendar | Sang Rêtna Suradiwati | mubêng kudane nyirig | payo sapa arsa lampus | papagna tandang ingwang | êndi Si Surayèng Bumi | mêtonana ing kene angadu yasa ||

39. amit miyos ing ayuda | sigra Prabu Kalandini | ingidèn lèngsèr tur sêmbah | sri naranata ing Ngindi | saksana nitih èsthi | asikêp gada sang prabu | prapta ayun-ayunan | sapa aranmu narpati | anauri ingsun Kalandini Raja ||

40. ratu andêling ayuda | nagaraningsun ing Ngindi | pan ingsun ratu wadana | hèh payo wong Kaelani | sira putri kêmini | pêksa ngasorakên kakung | sigra ngling Kelaswara | dèn prayitna sri bupati | ingsun tumbak akawala paris waja ||

41. marêpêki Kelaswara | lawunge sigra binalik | rinogok kênèng andhêman | ingundha Sang Kalandini | sumêbut sri bupati | kaplêsat lan gajahipun | tibanira kantaka | sinurak Sang Kalandini | kadi guntur surake bala ing Kelan ||

42. sira Dèwi Kelaswara | Kusuma Suradiwati | sêsumbar aminta lawan | sapa mapag tandang mami | bok aja mêjanani | êndi ratu kang gêgêdhug | ya aja sok ratua | apêgêl rasaning ati | lamun ora tandhing durmane ngalaga ||

--- 4 : 25 ---

48. Dèwi Joharmani Kadhawuhan Majêng Prang, Ambiyantu Dèwi Kelaswara.

5. Durma

1. amit nêmbah Raja Sadat Kadarisman | Sri Bupati Ngabêsi | ingidèn tumandang | dharat sri naranata | asikêp gada ngajrihi | praptèng ngayunan | têdhak sang raja putri ||

2. atêtanya prajurit sapa ranira | ingsun Rajèng Ngabêsi | Sadat Kadarisman | andêl ratu wadana | hèh iya sri narapati | dèn aprayitna | sun tumbak sri bupati ||

3. gya binalik lawungira Kelaswara | binuntar sri bupati | awas binarêngan | parisane kinipat | parise sigar sapalih | tunjunge watang | tugêl tumibèng siti ||

4. Kadarisman marêpêki mutêr gada | ginada sang suputri | tinampèl ing asta | gadanira malêsat | tugêlan lawung binalik | sinampe kêna | gulune Rajèng Ngabsi ||

5. pan karungkêb sang nata ing tibanira | cinuthat sri bupati | Sadat Kadarisman | kadya ambuwang mêrang | tiba sajabaning baris | surak gumêrah | wong Kelan wong Mêdayin ||

6. wus kasaput ing dalu gya tinêtêgan | mundur kalih kang jurit | samya masanggrahan | mungsuh kalawan rowang | wadya Rab kang nandhang kanin | tinamban marang | Dipati Guritwêsi ||

7. wus waluya sagung ingkang para raja | prasamya dèn timbali | bujana nèng ngarsa | angling Sang Prabu Selan | hèh Kewusnendar [Ke...]

--- 4 : 26 ---

[...wusnendar] sirèki | pagene kalah | aprang lawan pawèstri ||

8. anauri Kewusnendar lawas sun prang | durung nêmu prajurit | kaya Kelaswara | kêras kuwat arikat | ika si wong kaya angin | lah ayonana | yèn sira mêtu benjing ||

9. pan sadalu wau gènira bojana | enjing nêmbang têngari | gumuruh swaranya | têtêg ewon sauran | kêndhang gong bèri saruni | bêndhe angangkang | kêkirab sagung baris ||

10. amalatar nèng papan baris kalangan | têpung ingkang wadya lit | barise wong Kelan | Mêdayin wus tinata | mijil sagunging para ji | mungsuh lan rowang | sadaya wus miranti ||

11. Rajaputri Kelaswara saha wadya | mijil sampun miranti | prajurit wanodya | samas saos ing yuda | lênggah munggèng kursi gadhing | ngubêng angayap | sagung prajurit èstri ||

12. wau mijil Wong Agung Surayèng Jagad | prapta papan alinggih | patarana êmas | kumala dirgasana | pinatik ing mantên wilis | aglar ing ngarsa | prajurit kang para ji ||

13. sampun mêdal Rajèng Kelani kalawan | sang prabu ing Mêdayin | prajurite aglar | wau kang kawarnaa | prajuritira sang putri | ingkang kinarya | lêlurah para putri ||

14. kawan atus lêlurahipun sakawan | sang putri ing Kirmani | lawan putri Kedah | lan putri Sulôndara | sakawan putri Janarsi | sami prawira | putri andêling jurit ||

15. Rêtna Dèwi Kelaswara

--- 4 : 27 --- ||

mèsêm mulat | yayi putri Kirmani | mêtua ngayuda | cacakên baris Arab | aja na sira patèni | padha kawusna | nèng madyaning ajurit ||

16. nêmbah mundur angrasuk sikêping aprang | Ni Dèwi Joharmani | sampun nitih kuda | mubyar busananira | sinabêt kudane nyirig | praptèng ngayunan | midêr anganan ngering ||

17. endhongira sinandhang anèng walikat | sikêp gandhewa gadhing | munggèng asta kiwa | tumumpang ing kêkapa | ngiras ulah apusnèki | astane kanan | anggung ngikal jêmparing ||

18. asêsumbar payo para Ratu Arab | sapa arsa ngêmasi | kene papagêna | lawan ingsun ayuda | arok bôndawala pati | padha prawira | wau duk amiyarsi ||

19. Raja Samsir Ibnu Buldan amit nêmbah | Sang Prabu Kôndhabumi | ingidèn tumandang | mangsah nitih turôngga | praptèng payudan apanggih | ayun-ayunan | tanya sang rajaputri ||

20. sapa ranmu wong Arab kang juwèh aprang | ratu apa dipati | tuwin yèn satriya | ywa mati tanpa aran | ingsun Natèng Kôndhabumi | ratu gêgala | gul-aguling ajurit ||

21. iya iki Raja Samsir Ibnu Buldan | sira ta putri ngêndi | mèsêm saurira | ingsun andêling aprang | putri saking ing Kirmani | hya kang pêparab | Ni Dèwi Joharmani ||

22. putri abot sêsanggane ing ayuda | hèh payo Raja Samsir | apa anèng sira | dudu watak wong Arab | andhingini

--- 4 : 28 ---

ing ajurit | gumuyu latah | Ni Dèwi Joharmani ||

23. dèn prayitna tangkisên parisanira | hèh Rajèng Kôndhabumi | gêrèt mênthang langkap | lumêpas kang sanjata | tumamèng parise wêsi | kêre naratas | marang wêntise kering ||

24. angranuhi ludiranira drês muncar | tiba saking turanggi | Samsir Ibnu Buldan | kantaka ing bantala | saking ampuhing jêmparing | wus ginosongan | Sang Prabu Kôndhabumi ||

25. amit nêmbah ya ta Sang Aprabu Miskat | Raja Darbarunali | mangsah nitih kuda | kawot kapraboning prang | praptèng rana wus apanggih | ayun-ayunan | angling putri Kirmani ||

26. sapa ranmu ratu kang mêtu ngayuda | ingsun Darbarunali | narendra ing Miskat | sang prabu dèn prayitna | tadhahana panah mami | amênthang langkap | Ni Dèwi Joharmani ||

27. wus lumêpas sigar parise malela | sigra pangipatnèki | sarêng sigarira | lawan tikêling panah | Sang Prabu Darbarunali | angayat pêdhang | sinampe ing camêthi ||

28. pêdhang tiba sang prabu ngêtab turôngga | marêpêki anarik | apan arsa nyandhak | wau sang putri sigra | camêthinira binalik | pinukul kêna | Raja Darbarunali ||

29. pilingane aniba saking turôngga | kantaka sri bupati | sampun ginosongan | wau Sang Rajèng Miskat | midêr ing papan sêsirig | rêbutên ingwang | Ni Dèwi Joharmani ||

30. putri saking Kirmani andêling

--- 4 : 29 ---

aprang | payo wong Pusêr Bumi | sapa arsa pêjah | papagên tandang ingwang | ya ta wau duk miyarsi | Sang Rajèng Buldan | Raja Gambilagaji ||

31. amit nêmbah sigra anitih dipôngga | sikêp gada ngajrihi | praptèng rananggana | panggih ayun-ayunan | tanya Dèwi Joharmani | hèh bala Arab | sapa aranirèki ||

32. angakua aja mati tanpa aran | ingsun Gambilagaji | nagriningsun Buldan | ratu kapitu sanak | ingkang tinuduh ngêmbani | maring kang wayah | Wong Agung Jayèngmurti ||

33. Natèng Kaos Ibnu Ngumar kang pêparab | raja kapitu mami | kadang pitu pisan | bêbala kalih yuta | sira iki putri ngêndi | sumaur sugal | ingsun putri Kirmani ||

34. kang ingakên kadang Dèwi Kelaswara | sun aran Joharmani | babo sri narendra | iya dipun prayitna | kinêtab kudanirèki | mingêr angiwa | pêdhangira tinarik ||

35. nora gayuk pamêdhange mring kang nunggang | sukune ingkang èsthi | sinabêt kang ngarsa | rantas kalih wus rêbah | dipanggane wus ngêmasi | tiba kalumah | Raja Gambilagaji ||

36. tangi mutêr gadane Sang Rajèng Buldan | ginada Joharmani | tinangkis ing pêdhang | sarêng pyur sumyurira | kêbat Dèwi Joharmani | nujahkên kuda | sarwi mukul cêmêthi ||

37. pan kaprênah wadanane Rajèng Buldan | pamukule anitir | kudane narajang | tinujah Rajèng Buldan | kantaka gumuling siti | surak gumêrah | wadya ing Kaelani [Kae...]

--- 4 : 30 ---

[...lani] ||

38. ginosongan kadangira sigra prapta | Abgaja Bilahabi | dharat ngundha gada | Joharmani têtanya | sapa aranmu narpati | ya ingsun Raja | Abgaja Bilahabi ||

39. gya pinêdhang winuwung saking turôngga | kudhung parise wêsi | pêdhange katulak | murub parisanira | ginada Sang Joharmani | turangganira | ajur awor lan siti ||

40. pan kaplêsat Joharmani tibanira | tangi mangsah angungkih | ginêbug gandhewa | tangkis gada sang nata | Sang Abgaja Bilahabi | krodha anyandhak | wangkingan Joharmani ||

41. mèh binanting Joharmani sigra prapta | Ni Dèwi Maniklungit | Rajaputri Kendah | lajêng gènira mêdhang | parisanira tan osik | panyêkêlira | uwal mring Joharmani ||

44. kinarubut kalih pêdhang kering kanan | siji saking turanggi | siji saking dharat | bingung panangkisira | Sang Abgaja Bilahabi | sigra kang prapta | kadange kang taruni ||

45. sami Buldan Sang Abgaja Môndalika | turangganira ngering | sarwi mutêr gada | Maniklungit ing ngarsa | sapa aranira putri | ngong putri Kendah | ran Dèwi Maniklungit ||

46. sira sapa sun Abgaja Môndalika | pinêdhang gadanèki | tugêl sarêngira | sigra anarik pêdhang | pinêdang sarêng mangungkih | gapyuk kang kuda | tujah pating balêrik ||

47. kang adharat Joharmani ngadu yasa | Abgaja Bilahabi | asilih prabawa | Abgaja Môndalika | lawan Dèwi Maniklungit [Maniklu...]

--- 4 : 31 ---

[...ngit] | rame prangira | kasapih saput wêngi ||

48. tinêtêgan mundur kalih kang ayuda | amasanggrahan sami | para Ratu Arab | kathah kang nandhang brana | dene Dèwi Joharmani | ngênês ing driya | ingkang kasoran wingking ||

49. Dèwi Tasikwulan Mangsah Prang.

6. Pangkur

1. ing dalu samya bujana | ngiras gunêm sagung kang para aji | enjinge têngara umung | têtêg ewon sauran | gubar bèri kêndhang gong bêndhe angungkung | mungsuh rowang wus kêkirab | mijil barise para ji ||

2. Wong Agung Surayèng Jagad | praptèng papan ing patarana linggih | aglar ingkang para ratu | ingkang saos ing aprang | Rajèng Kelan lawan prabu ing Mêdayun | wus munggèng ing amparan mas | anjênêngi kang ajurit ||

3. ya ta Dèwi Kelaswara | sampun mijil ing patarana linggih | ing kursi kanaka murub | atap prajurit samas | ngatag Putri Janarsi kinon umagut | Rêtna Dèwi Tasikwulan | tur sêmbah nitih turanggi ||

4. kawot sakapraboning prang | praptèng papan masir lan asêsirig | sêsumbar anguwuh mungsuh | payo bala Kuparman | para ratu papagêna tandang ingsun | iki Dèwi Tasikwulan | putrine Rajèng Janarsi ||

5. sapa kang arsa palastra | hèh prajurit Arab aja sarênti | ya ta wau duk angrungu | sira Radèn Kênahan [Kêna...]

--- 4 : 32 ---

[...han] | amit nêmbah anitih turôngga mamprung | praptèng papan wus apanggya | têtanya putri Janarsi ||

6. prajurit aranmu sapa | apa ratu miwah mantri dipati | ingsun satriya pinunjul | aran Radèn Kênahan | pan arine Raja Ukman Kangkan ingsun | atmajane Raja Bahram | têrahing ratu prajurit ||

7. hèh wong Kelan sira sapa | anauri ingsun Putri Janarsi | Rêtna Tasikwulan ingsun | apa kang anèng sira | ya ta Radèn Kênahan sumaur dudu | caraningsun dhinginana | sawadyane gusti mami ||

8. angling Rêtna Tasikwulan | dèn prayitna Kênahan sun jêmparing | mênthang langkap sang dyah ayu | sira Radèn Kênahan | parisane munggèng sirah kudanipun | lumêpas sanjatanira | Tasikwulan angênèni ||

9. tatas parisane waja | nêrus sirahing kuda angêmasi | Radèn Kênahan kumabruk | tiba saking turôngga | narik pêdhang sarwi angawêt gumrêgut | sukune turôngga rantas | kapat pisan angêmasi ||

10. kaplêsat Ni Tasikwulan | tibanira tangi amarêpêki | Radèn Kênahan ginêbug | ing gandhewa aniba | ginosongan wong Kelan surak gumuruh | prapta kang ngatêri kuda | Rêtna Tasikwulan nitih ||

11. sêsirig midêr ing papan | hèh wadya Rab sapa arsa ngêmasi | papagêna tandang ingsun | sigra Sang Raja Ukman | amit nêmbah ingidèn mangsah sang prabu | anitih turôngga mêsat | praptèng papan wus apanggih [apang...]

--- 4 : 33 ---

[...gih] ||

12. sapa aranmu narendra | iya ingsun Ukman ratu prajurit | hèh sira sapa aranmu | ya ingsun Tasikwulan | dèn prayitna sira sun pêdhang sang prabu | akudhunga paris waja | sigra pinêdhang sang aji ||

13. tangkis lêgawa tan obah | gya pinêdhang wau Putri Janarsi | tangkis kumêmprang tumanduk | rame pêdhang-pinêdhang | ugêl panduk kuda sami nêngênipun | kêpruk tangkis sarêng mêdhang | têpung kuda samya ngering ||

14. surake mungsuh lan rowang | tri gumuruh kadya nêngkêr wiyati | kang aprang lir kupu tarung | antuk silih kang yuda | datan ana kuciwa prawiranipun | adangu pêdhang-pinêdhang | pêdhang wus tan migunani ||

15. sarêng dènnya buwang pêdhang | sarêng dènnya ngêtab ingkang turanggi | rajang-rinajang apêluk | dangu rajange rantas | gapyuk kuwêl sami acaruk-cinaruk | tubruk-tinubruk kang kuda | kang nitih tarik-tinarik ||

16. kasilib Sang Rajèng Ukman | turanggane sang putri mingêr ngering | sarwi gapruk sarêng pêluk | sinêndhal Raja Ukman | singsal saking turôngga mèh tibanipun | pambantinge Tasikwulan | wau kang prapta saryanjrit ||

17. rahadèn putra ing Selan | sigra nyandhak Ukman rinêbut kêni | Dèwi Tasikwulan muwus | satriya ranmu sapa | têka jail mungsuh sun banting rinêbut | angling Rajaputra Selan | ya ingsun Radèn Pirngadi ||

18. Lamdahur kang darbe putra | pan arine Rahadèn Banarungsit | lah sira sapa aranmu | ya ingsun Tasikwulan | Rajaputri Janarsi Pirngadi muwus [mu...]

--- 4 : 34 ---

[...wus] | hèh prange si pidhir Kelan | bêborosi para aji ||

19. pira bêtahan narendra | sabên mêtu sira sorakên jurit | iki satriya dibya nung | prawira môndraguna | payo aprang Tasikwulan mêdhang gupuh | tinangkis parise waja | pêdhang-pinêdhang akangsi ||

20. anduk-dinuk main pêdhang | adangu prang tan ana nguciwani | prapta pêdhang salinipun | dangu rame gènnya prang | pêdhang rêmpu sarêng buwang kalihipun | agantya rajang-rinajang | rantas rajang salin tarik ||

21. adangu sêndhal-sinêndhal | rajaputra sinêndhal anguwati | singsal saking kudanipun | ya ta Ni Tasikwulan | mèh binanting Dèwi Ambarsirat rawuh | wus karêbat Tasikwulan | ingundurakên tinarik ||

22. tannya Rajaputra Selan | sapa ranmu sira kang paksa lêwih | Rêtna Ambarsirat ingsun | putri ing Sulandara | sira sapa sun putra Prabu Lamdahur | putra boboting ayuda | ingsun Rahadèn Pirngadi ||

23. hèh putrane Rajèng Selan | dèn prayitna kudhunga paris wêsi | sarwi ngêtab kudanipun | Ambarsirat amêdhang | tinadhahan ing parise pêdhang putung | Radèn Pirngadi amêdhang | Dèwi Ambarsirat tangkis ||

24. sarwi ngipat parisira | tikêl pêdhangira Radèn Pirngadi | kuwêl kang turôngga gapruk | uwal sarêng idêrnya | tri gumuruh suraking rowang lan mungsuh | kang aprang sami digdaya | tan ana kasoran kalih ||

25. arame sêndhal-sinêndhal | saking kuda Ambarsirat katarik | singsal saking kudanipun [ku...]

--- 4 : 35 ---

[...danipun] | binanting saking kuda | tibèng siti wêntala sigra awungu | mangsah marêpêki kuda | kudane Radèn Pirngadi ||

26. tinapuk mukane pêcah | amalêsat tiba Radèn Pirngadi | turangganira wus lampus | tangi gapyuk acêngkah | sarêng cêngkah tinarik sampun kajunjung | sigra Dèwi Ambarsirat | dadya binanting ping kalih ||

27. tibèng bantala kantaka | Ambarsirat anulya dèn gosongi | sarêng kasaput ing dalu | kang aprang tinêtêgan | sarêng mundur baris bêdhol kalihipun | prasamya amasanggrahan | kang kabranan ngusap wèni ||

50. Dèwi Kelaswara Tandhing kalihan Prabu Lamdahur.

7. Sinom

1. kang tatu nulya tinamban | mring Dipati Guritwêsi | kang para raja waluya | ing dalu bujana sami | pan sami gunêm kawis | pratingkahing prang winuwus | saktine putri Kelan | sawadyane bangkit-bangkit | ing ayuda luwês tarampil arikat ||

2. arame gènnya bujana | Wong Agung Surayèng Bumi | lan sawadya para nata | kunêng gantya kang winarni | Mareobara nênggih | ing wuri pakuwon agung | Rêtna Dèwi Sudara | miwah Sirtupelaèli | lan Sang Rajaputri Cina marêk ing dyah ||

3. tuwin ingkang para putra | kalih nèng ngarsa bunèki | aglar kang cèthi pawongan | ngandika [ngandi...]

--- 4 : 36 ---

[...ka] Sudarawrêti | mring Sirtupelaèli | yayi dèwi sira ngrungu | wartane baris ngarsa | apa wis campuh ing jurit | matur nêmbah rajaputri ing Karsinah ||

4. inggih sampun campuh yuda | utusan kawula prapti | mêningi campuhing aprang | inggih sampun kawan ari | langkung ramening jurit | nanging mêngsah dede kakung | kang minôngka lad-alad | Rajaputri Kaelani | Kelaswara wantêr prawira digdaya ||

5. gih pun Raja Kewusnendar | ing prang kang nacak rumiyin | mêngsah lawan Kelaswara | kalawan sang Rajèng Ngindi | katri Rajèng Ngabêsi | kasoran raja têtêlu | cinuthat buntar watang | tiba sajabaning baris | ratu katri langkung sangêting kantaka ||

6. nuntên sampun dalu enjang | prang malih botên miyosi | Rajaputri Kelaswara | ngabên prajurite èstri | kang nama Joharmani | yudane kalangkung ampuh | kathah ratu kuciwa | dene Dèwi Joharmani | Rêtna Dèwi Sudara alon ngandika ||

7. iya talah yayi talah | mungguh sira lawan mami | milu anjajah nagara | ngadhêpi nêdya ajurit | ana ngalang-alangi | marmane ginawe nganggur | ingsun yayi lan sira | iya parentah ing laki | lagi arumêksa wiwitan milu prang ||

8. lah iya môngsa bodhoa | kang paring parentah pasthi | yèn mungguh sariraningwang | upamane mungsuh iki | putri ing Kaelani | andadra anguwus-uwus | mring para Ratu Arab | sun ora bêtah miyarsi [mi...]

--- 4 : 37 ---

[...yarsi] | cinancanga ingsun mêdhot amilu prang ||

9. putri Cina matur nêmbah | pan kawula tuwan tandhing | lan si bungkêr Kelaswara | madonakên wong sabumi | duk kula kangbok maksih | wontên nagari rumuhun | inggih pun Kelaswara | anlatah mukul Bêrdasi | apan cêlak saking jajahan ing Cina ||

10. pan kawula mèh lumampah | magut putri Kaelani | anêdya nyilih kalangan | dhatêng Sang Rajèng Bêrdasi | kula kakangbok pamit | inggih dhatêng rama prabu | sangêt gènipun ngampah | nini aja salah kardi | aja dahwèn Kelaswara bêdhah praja ||

11. dene lamun wani ngambah | ing jajahanira nini | lah iku sakarsanira | ing mangke inggih marêngi | yèn ta kangbok ngajani | pan kawula sèwu purun | dene kapasang yogya | panggih pêpacangan lami | kadi sampun pasthine Ni Kelaswara ||

12. atandhing lawan kawula | ratu tanah ajanajam wingwrin | kang dèn ambah Kelaswara | kumlungkung kalêngki-lêngki | nêdya amutêr bumi | anapis jagad sawêgung | aja Ni Kelaswara | anglawan Surayèng Bumi | sumakeyan putri prawira digdaya ||

13. amungsuh Sultan Kuparman | Kalana Surayèng Bumi | ingkang para Ratu Arab | dèn wirangakên ing jurit | tan ana dèn patèni | kumingsun kalangkung-langkung | sarirane apanas | wadanane dadya gêtih | watak lanas gênging napsu ngrungu warta ||

14. kunêng malih winursita | Rajaputri Kaelani | ing dalu samya dhaharan | bujana [bu...]

--- 4 : 38 ---

[...jana] lan para putri | paran mau ing jurit | para ratu ingkang mêtu | abot kang êndi iya | lawan ingkang mêtu wingi | nêmbah matur sira Dèwi Ambarsirat ||

15. pukulun mênggah kawula | tan wontên kaoting gusti | sami prawira digdaya | inggih sami bêcik-bêcik | sami gêlaring jurit | awrat-awrat wawratipun | tur sêmbah Tasikwulan | miwah Dèwi Maniklungit | pan aracak saktine pra Nata Arab ||

16. ngandika Ni Kelaswara | iya dina benjing enjing | sun têdha mêtua aprang | Wong Agung Surayèng Bumi | aja liya nadhahi | eman sêktine pinunjul | nutug dènnya kasukan | lan prajurit para putri | tuwin prabu ing Kelan sarta Nusirwan ||

17. dhêdhaharan para nata | Sang Prabu Kelanjajali | têtanya lan Patih Bêstak | hèh paran rêkyana patih | prajurit Pusêr Bumi | kang padha magut kasambut | umatur Patih Bêstak | ingkang mijil kawan ari | apan gangsal inggih ratuning wadana ||

18. ratu pawingking sakawan | satriyanipun kêkalih | inggih kang sami kasoran | kadi-kadi benjing enjing | kathah ingkang miyosi | para ratuning gêgêdhug | Lamdahur Rajèng Selan | ing Kohkarib Umarmadi | miwah Prabu Tamtanus Sang Rajèng Yunan ||

19. Rajèng Rum Iskal Iskalan | Rajèng Kebar Yusup Adi | ingkang sami kasarira | Sang Raja Sarkab ing Turki | Sarsaban ing Pirkari | Kuristam lawan ing Kuljum | Biraji ing Tursinah [Tur...]

--- 4 : 39 ---

[...sinah] | akathah andêling jurit | tan winarna ing dalu sami kasukan ||

20. enjing anêmbang têngara | têtêg munya lawan bèri | mijil Dèwi Kelaswara | lan prajurit para putri | aglar ingkang para ji | wong Arab barise mêtu | muntab samya mèt papan | akalang têpung kang baris | sampun mijil Wong Agung Surayèng Jagad ||

21. munggèng patarana rêtna | aglar sagung kang para ji | kang samya saos ing aprang | sigra Sri Kelanjajali | lawan Prabu Mêdayin | mijil kupêng barisipun | Ni Dèwi Kelaswara | iya Sang Suradiwati | mundhut kuda nitih miyos ing ayuda ||

22. kawot sakapraboning prang | mangsah ing rana sêsirig | pan sarwi asumbar-sumbar | êndi Sang Surayèng Bumi | mêtua ing ajurit | payo aprang lawan ingsun | kene angadu yasa | prabawa asilih ungkih | mêtonana Kalana Surayèng Jagad ||

23. wau tan bêtah miyarsa | amit Sang Rajèng Sêrandil | ingidèn lèngsèr tur sêmbah | sang nata anitih èsthi | surak wong Pusêr Bumi | guntur-gumuntur gumuruh | pratèng papan apanggya | tanya putri Kaelani | apa sira Wong Agung Surayèng Jagad ||

24. dene dhapurira beda | lan sagung para narpati | nauri Sang Rajèng Selan | ingsun andêling ajurit | ratu prakosa sêkti | ya ingsun Prabu Lamdahur | sinêmbah ratu dhomas | wolung lêksa pra dipati | ingkang karèh môncanagara salêksa ||

25. angling Dèwi Kelaswara [Kela...]

--- 4 : 40 ---

[...swara] | mundura Rajèng Sêrandil | ing ayuda tundha bema | yèn dudu wong Menak Amir | eman tênaga mami | dudu tandhingmu prang pupuh | Prabu Lamdahur sugal | pan ingsun salawe uwis | anguwisi bônda mungsuh kaya sira ||

26. mèsêm dènira ngandika | Kusuma Suradiwati | hèh Lamdaur dèn prayitna | sigra dènnya marêpêki | Sang Putri Kaelani | tumênga pandulunipun | gêng inggil anèng gajah | kang alit anèng turanggi | Kelaswara tumênga angayat gada ||

27. ginada kumbaning liman | luluh ajur tibèng siti | kasingsal Lamdahur tiba | gumregah tangi mrêpêki | angikal gada aglis | ginada kusumaning rum | tadhah Sang Putri Kelan | tinangkisan ing camêthi | amalêsat gadane Sang Rajèng Selan ||

28. Prabu Lamdahur ginada | atangkis parise wêsi | jumêbrèt mêdal dahana | Prabu Lamdahur nguwati | gumêtêr sri bupati | pining kalih kontal rubuh | tinujahakên kuda | kantaka Rajèng Sêrandil | kadya guntur surake wadya ing Kelan ||

29. Lamdahur wus ginosongan | amit Prabu Umarmadi | ingidenan sigra mangsah | bramantyanira tan sipi | kadi tan napak siti | mulat Sang Prabu Lamdahur | kinasorakên ing prang | nitih turôngga sang aji | sikêp gada praptèng rana yun-ayunan ||

30. alon dènira ngandika | Kusuma Suradiwati | prajurit sapa ranira | sumaur ingsun Marmadi | lêlurahing para ji | Kohkarib [Kohka...]

--- 4 : 41 ---

[...rib] kadhaton ingsun | Kelaswara ngandika | ragane sira narpati | nyananingsun sira paranakan buta ||

31. wong ala ratuning ala | ngulatana wolung warsi | sayêkti môngsa antuka | alane kaya sirèki | kajaba ing wanadri | kaya akèh èmpêripun | ya misih duwe uga | bêbêcik têka sathithik | sira iki kapati-pati andadra ||

32. ala nora tulus ala | têka dadak anyênyêngit | ulatmu jêmbrung akithal | apawidhungan ditya wil | dene tan nganggo gêmpil | wadhak-wadhukmu bêdhudhug | anumpêsakên bêras | yêkti bêborosi pari | nora layak sira amor lan manungsa ||

33. yêkti burêngakên jagad | pantês amor ing wanadri | bara-bara lamun ana | iya danawa nusoni | yèn manungsa nusoni | apa pênthile sakêthuk | Umarmadi mundura | aja prang kalawan mami | nora asab sira aprang lan manungsa ||

34. Prabu Kohkarib bramantya | pira kèh isining bumi | yèn ayuda kaya sira | hèh bêlis payo ajurit | Kelaswara sru angling | kari paksa si badhudhug | tangkisan paris waja | ing aprang aja ngoncati | sèlèh gada nyandhak lawung Kelaswara ||

35. binuntar parisanira | pangrasane Umarmadi | lir binandhêm gunung sela | sigaring paris nampêki | sirahing kuda mati | kasingsal tiba kumabruk | pinindho kapidhara | Marmadi gumuling siti | ginosongan anggambuh kantakanira ||

--- 4 : 42 ---

51. Wong Agung Pêpanggihan kalihan Dèwi Kelaswara.

8. Gambuh

1. ya ta wau wong agung | nulya mundhut ing turangganipun | askarduwi sinaosakên ing ngarsi | kapraboning aprang sampun | munggèng ing turôngga kawot ||

2. Ki Umarmaya matur | yèn kalilan kula arsa tumut | watir saking sêkti putri Kaelani | iya sakarsanirèku | aja adoh lawan ingong ||

3. sigra nitih wong agung | turangganira pun askardiyu | pan ambuntut Adipati Guritwêsi | sinabêt turôngga mamprung | kadi thathit cumalorot ||

4. praptèng payudan sampun | Kelaswara kagyat dènnya dulu | dene cahya gêbyare amindha sasi | Kelaswara mulat jêtung | wong agung tumingal jomblong ||

5. samnya pangungunipun | dangu dènnya andulu-dinulu | nulya wontên panyapihirèng Hyang Widhi | ana swara gumaludhug | kadya ingkang langit ruboh ||

6. nimbangi lindhu kêtug | gogragakên gêr guntur-gumuntur | awurahan prahara awêtu riris | mêsês bayu bajra lesus | dhêdhêt wurahan ponang wong ||

7. gègèr gora gumuruh | busêkan wadya mawut sumiyut | tan katingal prênahe sawiji-wiji | wadya gung pating bilulung | angawag maring pakuwon ||

8. wau sang rêtnaning rum | putri sakawan [saka...]

--- 4 : 43 ---

[...wan] dharat tut pungkur | angampingi nyêkêli ingkang turanggi | gêbyaring kilat tinurut | praptèng taman sang lir sinom ||

9. têdhak sing kuda sampun | apasang lilin taman gumuruh | ya ta wau Wong Agung Surayèng Bumi | pisah lawan balanipun | makuwon kang para katong ||

10. wong agung katalanjur | Marmaya buntut kuda tan ucul | askardiyu karsaning Hyang Maha Lêwih | wruh marga mring taman lulut | prapta ing kori kapindho ||

11. wus aris ririsipun | prahara sirêp kayon kadulu | pêtêng ilang ana wong agung kêkalih | ngungun dènira andulu | katon adêging kêkayon ||

13. andulu wruh kalaut | kuda amangsit pun askardiyu | bêrik-bêrik bêkèr-bêkèr angêgèti | Kelaswara ngandika rum | jaran apa muni kono ||

14. mara priksanên gupuh | atur sêmbah wau kang ingutus | Dèwi Ambarsirat lawan Joharmani | kalih dèrèng wontên cucul | wus praptèng kori kapindho ||

15. waspada nuntên wangsul | matur ing gusti saha wotsantun | inggih ingkang amungêl punika gusti | wong agung ingkang umagut | ing aprang pijêr andongong ||

16. satunggil abdinipun | ingkang tumut nèng paprangan buntut | duk miyarsa Kusuma Suradiwati | cèthi kalih kang tinuduh | aturana malêbèng jro ||

17. sênggrangana rumuhun | lawan takonana ingkang putus | apa iya Wong Agung Surayèng Bumi | yèn èstu iridên masuk | yèn dudu uwisna kono ||

--- 4 : 44 ---

18. cèthi kalih wus laju | prapta anyêkêl turangganipun | lah wong ngêndi wani mring kene ya iki | sun rampasa sira patut | angakua kang sayêktos ||

19. Ki Umarmaya muwus | aja anyêkêl turôngga iku | iya iku Wong Agung Surayèng Bumi | ni êmban inya turipun | yèn èstu Jayèngpalugon ||

20. inggih ngaturan laju | manawi dede kinèn nalikung | malocoti angulihêna bêbayi | yèn nyata Sang Jayèngpupuh | suwawi lajêng manjing jro ||

21. nulya kerid wong agung | praptèng kori pamungkas tumurun | turanggane Umarmaya kang nyêkêli | Dèwi Kelaswara mêthuk | tundhuk nulya awotsinom ||

22. sarwi mèsêm umatur | tuwan punika inggih katlanjur | kadi bingung ampuhan wau kang prapti | kang prahara awor lesus | nyapih wong arsa prang popor ||

23. kawula dèrèng cucul | sawêg alênggah nuntên angrungu | kuda tuwan kang mungêl abêrik-bêrik | tan nyana paduka nusul | dene botên acêcolok ||

24. lah suwawi pukulun | gya kinanthi astane wong agung | maras-maras nolih mring Umarmayèki | Umarmaya kêjèpipun | inggih tinurut kemawon ||

25. praptèng made mas lungguh | Sang Jayèngmurti têka anurut | sampun sami dènnya atata alinggih | Dèwi Kelaswara matur | dèn eca paduka lunggoh ||

26. kawula arsa cucul | angêjèpi mring pawonganipun | kinon sami

--- 4 : 45 ---

sêsaos wau sang dèwi | angiwa gènira cucul | wong agung sasmita alon ||

27. kêpriye tingkah ingsun | dene mungsuh bêciki maring sun | Umarmaya kudanya cinancang têbih | marêpêki alon matur | botên kenging winiraos ||

28. inggih sampun kabutuh | tan wontên akal amung anurut | pintên banggi lêwih karsane Hyang Widhi | sang rêtna ing sêmunipun | botên nêdya damêl awon ||

29. watawis lamun tuhu | inggih wikana ing karsanipun | tuwan pasrah sampun walanggalih gusti | kasaru prapta sang ayu | lawan pêpundhutan miyos ||

52. Wong Agung Dhaup kalihan Dèwi Kelaswara.

9. Mijil

1. datan mawi rasukan sang dèwi | busana prang lorod | pan katawis cahya pamulune | tuhu lamun musthikaning èstri | sêmbada rêspati | salêlewanipun ||

2. Jayèngmurti ningali sang putri | ana kang karaos | pukirane akathah èmpêre | nginggil tênggak Rêtna Muninggarim | grana pipi lathi | alis miwah bathuk ||

3. karna pêpilingan sampun nunggil | tuwin ing gêgithok | gène pantês ing rema tan pae | mung kaote putri Kaelani | baranyak tan wigih | Kelaswara patut ||

4. jêtmikantêng Rêtna Muninggarim | ruruh tan wêwaon | Kelaswara

--- 4 : 46 ---

sami baranyake | lawan Kusuma Sudarawrêti | putri Parangakik | kêmbar solahipun ||

5. samya dhêdhaharan ambêng nunggil | sawusnya linorod | Umarmaya anadhah sarênge | lurah putri inuman kang prapti | sang putri nglarihi | tinampan wong agung ||

6. mundur inuman salin-sumalin | ingkang raos-raos | sampun ayêm kang tamu manahe | animbali Ban Sumbita prapti | dèn parêk ta bibi | ngarsane wong agung ||

7. kula punika matur sayêkti | ing tuwan tan linyok | gih pun êmban punika impèni | lêt sadalu kawula pribadi | supêna ing latri | rumiyin pun biyung ||

8. mara matura biyung dèn aris | Sumbita wotsinom | duk paduka mangkat pangluruge | saking Yujana wontên ing margi | katingal ing ngriki | kabanjiran marus ||

9. rayi tuwan jêng gusti sang putri | murca sing kadhaton | abdi tuwan angulati kabèh | wontên kang marah gène sang putri | puniku lininting | jro pudhak gènipun ||

10. pudhak kentir mring hèrnawa gêtih | nuntên wontên alok | saking wuri arame gègère | tungguling mungsuh inggih kang prapti | nuntên kula nolih | paduka kang rawuh ||

11. sabusana tuwan botên salin | sadaya pan wutoh | apan inggih punika kudane | kêkambile inggih botên salin | pudhak ingkang kentir | paduka tut pungkur ||

12. kuda tuwan anêngah anglangi | kang sêkar ginayoh | nuntên tuwan [tuwa...]

--- 4 : 47 ---

[...n] sangkêlit pudhake | nuntên wangsul pudhak sampun kêni | kula nuntên tangi | makatên pukulun ||

13. mèsêm wong agung miyarsa eling | Kelaswara alon | pan kawula inggih ngaturake | ing supêna kawula pribadi | jroning taman ngriki | katingal pukulun ||

14. riris lintang kawula pêndhêti | inggih sarwi lunggoh | nuntên wulan kumabruk tibane | tibèng pangkon kula êmban nuli | kawula pêndhêti | lintang kula kandhut ||

15. sarwi mèsêm putri Kaelani | aturipun alon | dhuh pukulun paran wahanane | kula nuwun ing Paduka Amir | atur pati urip | jarwakna pukulun ||

16. angandika Menak Jayèngmurti | puniku pan abot | gih sang putri pan angèl beyane | lamun ora labuh lara pati | tan bisa jarwani | supênamu iku ||

17. Kelaswara ature angungkih | sampun walangatos | gya wong agung alon andikane | têgêse wau ingkang kaèksi | praptaningsun iki | maringakên wahyu ||

18. wêwadhahe pan agama sukci | Sêlama samêngko | Kelaswara sandika ature | gya winulang sahadat wus bangkit | nurut rajaputri | buwang prajanipun ||

19. lan anêdya mungkir mring rama ji | lamun wus kalakon | lawan sira nimas besuk têmbe | wahanane ngandhut lintang nênggih | putranira benjing | jalu tur binagus ||

20. tanpa tandhing prawira ing jurit | siniwi pra katong | nuksmèng wulan purnama citrane [citra...]

--- 4 : 48 ---

[...ne] | Kelaswara têdhak angabêkti | dhuh panutan mami | èstua pukulun ||

21. wontên parêkan matur wotsari | pukulun ing pojok | inggih banon ingkang kidul kilèn | wontên èsthi lawan ingkang nitih | kados sangêt arip | ingkang nunggang turu ||

22. pan kêkalih samya jrum kang èsthi | gya parêkan kinon | pariksanên wong ngêndi tuture | sigra mêsat cèthi praptèng jawi | anguwuh bok cèthi | ingkang ngantuk wungu ||

23. tinakonan andika wong pundi | sauripun alon | ya wong bingung sun iki têgêse | duk ampuhan nêngahi wong jurit | tan wruh prênah mami | anut gajah ingsun ||

24. dene balaningsun pisah sami | ingsun iki katong | kadang ingsun ingkang siji kiye | Raja Arjan ariningsun iki | Baritma ri mami | nunggal padha bingung ||

25. cèthi wangsul prapta awotsari | pukulun pan katong | bala Arab punika kalihe | samya bingung duk wau ing jurit | Raja Arjan nênggih | satunggal ranipun ||

26. Raja Baritma ingkang satunggil | sang dyah matur alon | bala tuwan kalantur marene | timbalana gustine nèng ngriki | saksana wus prapti | ratu kalihipun ||

27. cinarita wong agung wus kawin | lawan sang lir sinom | Umarmaya dadya pangulune | Raja Arjan saksine satunggil | Raja Baritmani | jangkêp kalihipun ||

28. lajêng among asmara ing latri | langkung sih karongron

--- 4 : 49 ---

pan sadalu anutug karsane | nulya enjing wadya Kaelani | Sang Kelanjajali | têngara gumuruh ||

29. wadya Ngarab winangsit miyosi | Baritma kang kinon | yèn wong agung wus prênah ênggène | mijil barise kang para aji | têpung kadi nguni | balabar kumêndhung ||

30. wadya Kelan wadya ing Mêdayin | barise wus miyos | samya nganti baris ing kaputrèn | taman lulut dhêdhêt tan miyosi | ana paran iki | sang putri tan mêtu ||

31. baris Arab saking doh kaèksi | kang siniwèng katong | Arya Parangteja sêsilihe | Rajèng Kelan ngandikèng apatih | paran nini putri | mundur nora mêtu ||

53. Prabu Kelanjajali Têluk dhatêng Wong Agung.

10. Durma

1. Patih Gajahbihêr tur sêmbah karuna | pukulun sri bupati | kawula miyarsa | kalêcit botên eca | kang kalênthing wadhah masin | kêcing gêgubras | tinja awor kasturi ||

2. pun Kalana Surayèng Jagad sumbaga | wontên ing tamansari | sampun apêpanggya | lawan putri paduka | apan sampun akaron sih | sapêjah gêsang | janji kalawan laki ||

3. praptanipun Kalana Surayèng Jagad | inggih dipun aturi | dhatêng putri tuwan | mila prapta ing taman | Sang

--- 4 : 50 ---

Prabu Kelanjajali | duk amiyarsa | karna kadi sinêbit ||

4. jajanira kadya bêl mêdal dahana | sigra mundhut turanggi | gya nitih sang nata | kawot kapraboning prang | sinabêt kang sikil wajik | turôngga ngithar | maring ing tamansari ||

5. wong Mêdayin tan ana miyarsa warta | ana apa ta iki | sang prabu ing Kelan | krodha nandêr mring taman | bêdhol baris Pusêr Bumi | mingêr mring taman | kadya robing jaladri ||

6. baris Kelan kumarêtêg maring taman | mung baris ing Mêdayin | anggênggêr kewala | bingung kewuhan ing tyas | Sang Raja Kelanjajali | wus praptèng taman | têdhak saking turanggi ||

7. manjing prapta ing kori kang kaping sapta | kuncinira kang kori | anguwuh sêsumbar | payo Arab mêtua | solahmu kang nora bêcik | talutuhing rat | kene payo ajurit ||

8. amiyarsa bubar cèthi pawongannya | prajurit para putri | kawan atus samya | siyaga ing ayuda | baris pêndhêm tamansari | wau Marmaya | matur atur udani ||

9. rama tuwan sêsumbar nèng jawi lawang | Kalana Jayèngmurti | alon angandika | yayi dèwi kaya pa | ramanira sri bupati | pan iki prapta | paran karsaning gusti ||

10. matur nêmbah Rêtna Dèwi Kelaswara | kula ngatas ing kardi | yèn paduka lilah | aprang kalih pun bapa | nadyan wong tuwa jêr munkir | agama tuwan | yêkti kula pêjahi ||

11. angandika Wong Agung Surayèng Jagad | sun dhewe [dhe...]

--- 4 : 51 ---

[...we] kang ngawaki | amung lilanana | wantu wong bôndayuda | mênawa kabrangas dadi | paran ing karsa | apan wong rêbut pati ||

12. kaya apa yayi karsanira mangkya | sang rêtna angabêkti | dhumatêng kang raka | matur Ni Kelaswara | sumôngga ing asta kalih | tuwan dhèndhènga | kula botên praduli ||

13. apan sami suwitèng hyang sowang-sowang | sigra Sang Jayèngmurti | angrasuk busana | kapraboning ayuda | mijil sampun praptèng kori | nulya binuka | mring Sang Surayèng Bumi ||

14. kori mênga sigra narik pêdhangira | Prabu Kelanjajali | sarwi asru mojar | patimu Jayèngrana | lumarap pêdhangirèki | gya binarêngan | cinandhak astanèki ||

15. pan pinidih sang nata pêdhange tiba | cinandhak sri bupati | ikêt pinggangira | jinunjung wus dèn angkat | nèng asta tininggil-tinggil | alon ngandika | Wong Agung Jayèngmurti ||

16. paran karsa paduka sri naranata | angling Kelanjajali | angur uripana | prandene putriningwang | uwis sira karya rabi | sakarsanira | anut ing siyang latri ||

17. sinèlèhkên ing siti Sang Rajèng Kelan | sigra Sang Jayèngmurti | nêmbah ngaras pada | rinangkul kang lungayan | adhuh anak ingsun gusti | lilah pun bapa | rêngkuhên Kaelani ||

18. putra matur paduka salin agama | kang rama anuruti | sahadat wus bisa | sigra nganthi kang putra | binêkabinêkta mring tamansari | wau kang kang mulat

--- 4 : 52 ---

Ni Dèwi Joharmani

19. lurah putri sira Dèwi Ambarsirat | lan Dèwi Joharmani | lumajêng tur priksa | mring Dèwi Kelaswara | rama paduka sang aji | sampun kasoran | nungkul ing Jayèngmurti ||

20. pan punika ing mangke kêkanthèn asta | sami manjing mariki | sigra dènnya têdhak | Ni Dèwi Kelaswara | kapêthuk sigra ngabêkti | suka kang rama | wus prapta tata linggih ||

21. prapta Patih Gajahbihêr ingandikan | Sang Prabu Kaelani | alon pêparentah | hèh patih wadyaningwang | para ratu pra dipati | tuwin satriya | asalina agami ||

22. sigra nêmbah Gajahbihêr praptèng jaba | sadaya dèn timbali | sampun dhinawuhan | kabèh salin agama | sarengat Nabi Ibrahim | kang luwih mulya | suci agama manis ||

54. Putri Cina Nyidra Dèwi Kelaswara.

11. Dhandhangula

1. ya ta matur Menak Jayèngmurti | mring kang rama sang prabu ing Kelan | raka paduka ing mangke | Sang Aprabu Mêdayun | inggih tuwan ecani kapti | dimèn têntrêm ing driya | bilih katalanjur | katut ing ature Bêstak | têmah inggih musakat sabèng wanadri | mila pinalimarma ||

2. anauri Sang Kelanjajali | lêwih bêcik ingsun angimpuka [angimpu...]

--- 4 : 53 ---

[...ka] | Nusirwan amrih ayême | kunêng malih winuwus | sakathahe bala Nata Mir | kinon sami wangsula | mring pakuwonipun | amung urunan kewala | ingkang sami asaos mring tamansari | amung para apatya ||

3. kunêng ingkang kawuwusa malih | pasanggrahan ing Maliobara | enjing siniwèng cèthine | pawongan atap ngayun | ingkang rayi wus dèn timbali | putri adi Karsinah | prapta awotsantun | miwah Rajaputri Cina | sampun munggèng ngarsane Sudarawrêti | aglar parêkanira ||

4. angandika putri Parangakik | yayi Dèwi Karsinah tutura | ing paprangan pawartane | sor ungguling prang pupuh | matur nêmbah sang rajaputri | kasoran tan kasoran | unggul botên unggul | mung paduka katiwasan | para ratu laire unggul ing jurit | nanging paduka tiwas ||

5. digdayane putri Kaelani | Kelaswara tuhu môndraguna | kasoran ngêpak unggule | tuna daganganipun | ing laire bathi ing batin | têtêlasane uga | lair batin ngukup | prawirane Kelaswara | gêgitike lumayu anggitik alis | gêlaripun utama ||

6. botên wontên putri soring langit | kagunane kadi Kelaswara | arapêt sêsambungane | rapêt kêkêt apatut | panutupe mêpêt apipit | apatitis atatas | ngiras pantêsipun | ulah pikir ulah aprang | kula eram kangbok putri

--- 4 : 54 ---

Kaelani | gêlar wangun ngapinjal ||

7. salamine atêmpuh kang jurit | dèrèng wontên unggule wadya Rab | amanggung kasoran bae | singa magut kapikut | singa mangsah susah pinanggih | rinujahakên kuda | nuju manggih unggul | putra paduka ing Selan | pun Pingardi ambanting putri prajurit | pun Dèwi Ambarsirat ||

8. Kelaswara nuntên angawaki | rayi paduka Sang Rajèng Selan | Lamdahur sor titih prange | anulya na têtulung | raka tuwan Natèng Kohkarib | kasoran pan kasrakat | Kelaswara wuru | amung kang dèn undhamana | kang tinantang raka Paduka Jêng Amir | kang anggung sinumbaran ||

9. mubêng nèng papan sora dènnya ngling | sêsumbare mring raka paduka | ciya-ciya pamuwuse | nuntên ki lurah magut | kang dipati ing Guritwêsi | maras nulya tut wuntat | nèng kuda ambuntut | Kelaswara duk tumingal | yèn wong agung ingkang miyosi ngajurit | matak môntra wikrama ||

10. darbe tali sarambut gêngnèki | askardiyu ingkang tinangsulan | datan kawruhan ing akèh | akirab remanipun | rajaputri ing Kaelani | gumaludhug ngawiyat | asêngara limut | prahara gora ruara | pêtêng dhêdhêt gêtêr-patêr gêgêtêri | lesus mêsês sar-saran ||

11. baskara tidhêm awêtu riris | riwut siwat-siwut awurahan | kadi pinusus gègère | bingung pating bilulung | bubar kuwur ingkang abaris | kêkês gêgaman gigal [gi...]

--- 4 : 55 ---

[...gal] | saking tanganipun | kuda pun askarduwijan | pan tinuntun tali sarambut wus prapti | manjing sajroning taman ||

12. pan siniku praptaning turanggi | wus sinikêp kalawan kang nunggang | kabandhang senapatine | rame prang taman lulut | gêlar rukêt asilih-ungkih | wong agung pan kasoran | binônda ing sampur | binalênggu ing paprêman | enjingipun nuntên Kelaswara ngalih | amukul nagri Kelan ||

13. salin babah rame kang ajurit | mila bingung buh mungsuh buh rowang | wong Arab mingêr barise | wadyèng Kelan gumuruh | taman lulut pinurwèng jurit | Rajèng Kelan kasoran | samana anuju | abêr ngasmara dilaga | mungsuh putri nungkul Sri Kelanjajali | sampun amor ing taman ||

14. pan kapiran baris ing Mêdayin | mingak-minguk ngulongulon ngetan ora | nora ngidul nora ngalèr | anggênggêr barisipun | enak-enuk ing tamansari | inggih pun Kelaswara | ngantuk nêmu gênuk | gênuk mas isi sêsotya | lan jumêrut jumantên nila widuri | kang duwe Kelaswara ||

15. sing wêgige putri Kaelani | ya ta wau Sang Rêtna Sudara | duk miyarsa ing ature | ingkang rayi puniku | ing Karsinah Sirtupelèli | tingkahe Kelaswara | ing payudanipun | sumung sumuking wadana | sru kagagas watara wêtuning runtik | silak uladiulading muka ||

16. sru kumitir talingane kalih | anggigit lathi kêcoh ludira | kadya siram karingête | kêndhitipun marucut

--- 4 : 56 ---

rontog rantas arontang-ranting | pratôndha sangêt duka | netrane kumukus | hèh nanti mar Kelaswara | bêcik têmên ayu têmên angêngêrik | bêra begal anguntal ||

17. asru krodha putri Parangakik | langar têmên putrine wong Kelan | nêmu pèk dudu duwèke | baya nora rahayu | para putri ngisoring langit | amung Si Kelaswara | gumampang-gumampung | mamak ladak ngidak-idak | ngorakakên putrine wong Parangakik | bumi lah nora talah ||

18. Kelaswara apa balung wêsi | balung waja otot rante kawat | têmbaga tawa kulite | budhêg bêdhat sagunung | tambung laku kapati-pati | nora akulak warta | yèn ana ngêndhukur | kang kasongan ing awiyat | kang sinôngga ing bumi kang dèn idêri | sajêmbare samodra ||

19. ana isine putri sawiji | nagri Parangakik ana mungal | ing jagad anglela dhewe | kumandhang dhuwur mêndhung | apêparab Sudarawrêti | kalok ing pramudita | gumawang ngênguwung | wus kasub kaonang-onang | môndraguna wirutama ing ajurit | prakosa widigdaya ||

20. nora katon uwong katon pitik | lagi tumurun kalêbu toya | Si Sudarawrêti kiye | putri Cina tumungkul | duk miyarsa waspa drês mijil | ketang nutuh salira | lupute amuput | putrine Sang Rajèng Kelan | masang wuwu wungwungan iwak marani | nusung badhère kêna ||

--- 4 : 57 ---

21. matur nêmbah Sirtupelaèli | dhuh kakangbok punapa dinukan | bok inggih têka kajênge | môngsa dadak pukulun | ngasorêna paduka inggih | nanging Rêtna Sudara | mila sangêt nêpsu | wêlas mring kang rayi Cina | raya-raya wêkasan kari ing kardi | lan Dèwi Kelaswara ||

22. mung punika kagagas ing galih | Rêtna Sudara kadya nuwêka | wong satus sadina bae | kang tanpa dosanipun | ingkang rayi gung ngarih-arih | putri adi Karsinah | ingkang ngêlus-êlus | miwah rajaputri Cina | pan ingarih maring Sirtupelaèli | hèh yayi Adaninggar ||

23. sarèhêna nalanira yayi | amupusa iya pirabara | wong anyêngkêr dhingin pinèt | anggêpên wong bêbruwun | rajaputri ing Kaelani | iya môngsa ngalahna | kang wus lawas iku | anyawèni sok sabara | narimaa lawas enggale pinanggih | yayi subratanira ||

24. wusnya dalu bubar kang apikir | putri Cina tan bisa ngandika | sêrêt asalit uwange | sadangunira nêpsu | ingkang raka Sudarawrêti | lawan putri Karsinah | tan nambungi wuwus | pijêr tumungkul kewala | darodosan waspane tan pêgat mijil | praptane pasanggrahan ||

25. nibèng kasur angêkêp gêguling | sakalangkung uyang kang sarira | dhasar agêdhe nêpsune | tan ana dharat ketung | supe maring kang raka kalih | Parangakik Karsinah | kalingan ing nêpsu | murub kadya binaranang

--- 4 : 58 ---

Kelaswara kang tansah katon ing galih | kapusthi ing wardaya ||

26. kudanira kinambilan aglis | kapraboning aprang wus sinandhang | kawot ing turôngga kabèh | anyilib sêdyanipun | wus ambêke wong Cina êdir | môngsa sun dhèngkèlana | mocok murdanipun | têdhak datan tur uninga | mring kang raka Karsinah ing Parangakik | gènira lampah dhustha ||

27. nitih kuda ngithar rajaputri | maring taman lulut sêdyanira | pukul sadasa angkate | saking pakuwonipun | êlêt wana tuwa sakêdhik | buron malang tinunjang | milar mingêr nguwuh | putri Cina abalia | ingkang mêrak nyêngungong lèr wetan muni | kadya mangsit wangsula ||

28. sawêr naga angadhangi margi | balêgdaba warak wuru nêrak | lir mangkana pangèsthine | putri Cina ywa laju | abot putri ing Kaelani | Kelaswara prawira | pan lagi jinurung | darajat kaprajuritan | ingkang naga tinunjang kidak kang pêthit | kumêlasar anasar ||

29. kèndêl pakuwon ing MaledariMalebari | tan adangu lajêng lampahira | ing taman lulut praptane | ing wanci têngah dalu | Adaninggar lajêng ngidêri | sawêwêngkoning taman | masang sirêpipun | sariranira sang rêtna | dadi gêni ing nala kalangkung runtik | nanging sudira wuta ||

30. dhêdhêp sirêp rêp-rêp tamansari | wong akêthèn tan ana sabawa | kênèng pangaribawane | kang adoh tamansantun | pakuwone kang pra dipati [dipa...]

--- 4 : 59 ---

[...ti] | gumêrah swaranira | kang urut bata gung | jawi bata jroning bata | miwah kori tan ana walang ngalisik | umanjing putri Cina ||

31. sirêp kabèh kang rumêksèng kori | anggêlasah kunci korinira | winatukan mênga dhewe | lajêng lan kudanipun | sabên kori dipun watuki | prapta kori ping sapta | têdhake sang ayu | kilène kori kang kiwa | turanggane cinandhak wit nagasari | lajêng mring gêdhong têngah ||

32. nèng paningrat cèthi para putri | pawongane wus sirêp sadaya | rêbah saênggon-ênggone | ya ta wau wong agung | luwar saking gènnya mong rêsmi | asare sakalihan | sakeca amujung | jêjêt sang rêtna juwita | sarwi nyangking gandhewa lawan jêmparing | pêdhang lêntring curiga ||

33. ngangsêg-angsêg napase sang putri | dènnya sampun cêlak pasarean | dèrèng pinênthang langkape | tumindak malih maju | mirèkakên pawongan kêmit | langse jawi piniyak | kang saos ing ngriku | inya babu lawan êmban | lan pawongan kênya kang dèrèng birai | sami sirêp balasah ||

34. kantun tigang sap winiyak malih | panggenane saosan dhaharan | lawan inuman sakèhe | putri Cina andulu | kang inuman gêlas sumandhing | sangêt uyang kasatan | cinandhak dèn inum | miyak langsene wêkasan | pan katingal tunggil ulês kang aguling | lir lintang mor ing wulan ||

35. têbah jaja sumaput apipit | nalanira [nalani...]

--- 4 : 60 ---

[...ra] sêsak ing dêduka | kadya ingobar driyane | tumindak malih maju | binarengkal sinêndhal aglis | uwal kang rêrangkulan | katon cahyanipun | Kelaswara kadi lintang | mor ing wulan angling ing tyas rajaputri | ayu Si Kelaswara ||

36. angungkuli si dirujit iki | para putri sangisoring wiyat | cacade têka nêmu pèk | putri Cina pan mangu | ngunandika bêcik ko iki | tyase aja alaa | eman têmên lampus | yèn sira aja kêthaha | pasthi suwe ngulati kaya sirèki | si pidhir Kelaswara ||

37. sinawang kalih ingkang aguling | lah adene wong lanange iya | têka dadak ngatut bae | tinubruk têka ambruk | ngènèl putri ing Kaelani | dangu Sang Putri Cina | mitênggêngên jêtung | sigra cancut pêkak madya | Kelaswara sinêndhal sukune kering | kagyat ana kumlebat ||

38. Kelaswara sakêdhap ningali | marang ingkang nyêndhal saklebatan | wêruh yèn dudu bature | graita lamun pandung | dhasar putri wantêr ing jurit | dèrèng kongsi siyaga | mêdal kalih pinjung | adandan sarwi lumampah | kuthetheran pêdhang liniga cinangking | hèh maling antènana ||

39. payo angrok bôndawala pati | wong ing ngêndi maling liwat mamak | nora kulak pangrungune | adol warta sirèku | lamun putri ing Kaelani | Kelaswara prawira | widigdaya têguh | aja ngoncati hèh dhustha | putri Cina asugal dènnya [dè...]

--- 4 : 61 ---

[...nnya] nauri | ing kene Kelaswara ||

40. duk miyarsa prênahe dènnya ngling | tinarajang kalingan jêmbangan | kadhupak ing pancolote | jêmbangan gêdhah sumyur | Kelaswara asru dènnya ngling | maling ngêndi ngakua | pagene lumayu | anauri Adaninggar | aja ganas pan ingsun ora ngoncati | Kelaswara gya nrajang ||

41. asru mêdhang putri Cina tangkis | anulya samya pêdhang-pinêdhang | adangu ukêl panduke | rame rok pêdhang caruk | angakua aranmu maling | sira tambuh maring wang | Adaninggar ingsun | putri adi saking Cina | Kelaswara angling lagane sirèki | putri kang lêwih gila ||

42. Kelaswara astanira kering | ambênêrkên maring gêlungira | durung tata sasuwene | saking kaburu nêpsu | asta têngên mêdhang anitir | kang kiwa anggung nyandhak | gêlung lawan pinjung | mung asta têngên kang aprang | asta kiwa gujêngi gêlung lan tapih | sadangune mangkana ||

43. tangkis-tinangkis pêdhange sami | drêg-udrêgan uthik ukêl pêdhang | prawira samya rikate | sami prakosanipun | sami wantêr awase sami | mung kari putri Cina | wus siyaga dangu | Kelaswara dèrèng dandan | parandene tan asor dènira jurit | tuhu putri digdaya ||

44. si balêdhos juris tan wruh isin | têtampikan têka sae gêsang | dêlap urip sira mènthèl | eman rupamu ayu | mung cacade jalêbud bêngis | mêsum bêtah ing wirang | dharusul anjêmbrung | lamun putrine [putri...]

--- 4 : 62 ---

[...ne] wong Kelan | nglakonana kaya sira nora sudi | pira laraning pêjah ||

45. têka imul putri apa iki | ingsun pratela pratingkahira | si tampikan tanpa gawe | ngawula bakal maru | acêcaya sira duk myarsi | putri Cina amêdhang | asru muwung-muwung | tinadhahan sami pêdhang | sarêng rêmpu angling putri Kaelani | tan arsa mundur ing prang ||

55. Dèwi Kelaswara Pêrang kalihan Putri Cina.

12. Durma

1. sira bêlis unggula jêr wis siyaga | ingsun mêntas aguling | pantês kasorana | jêr misih kuthetheran | lamun putri Kaelani | môngsa arêpa | mungsuh wong durung rakit ||

2. anauri sira Rajaputri Cina | dandana dijêjuwing | ya age muliha | aja suwe kewala | sigra Kelaswara manjing | nulya siyaga | kapraboning ajurit ||

3. sigra mêdal ing gènira Adaninggar | payo nya iki bindi | parise masanga | dèn aris aprang gada | putri Cina ngadêg aglis | nampani gada | gada-ginada gênti ||

4. mubal gêni parise katiban gada | gantya rame rok ungkih | dangu main gada | tan ana kang kasoran | angling putri Kaelani | si bêrangadhak | têka angarah pati ||

5. laku cidra pratingkahe si urakan | yèn putri kang

--- 4 : 63 ---

sayêkti | lamun arsa aprang | nganggo nonjok panantang | ambungên tanganirèki | lah mambu apa | si amis si ditampik ||

6. apa arsa milu kaya Kelaswara | putri ing Kaelani | karia prayoga | prawira kasêmbadan | kari pantês kari laris | kari dipêksa | kari sêdhêp prak ati ||

7. kari manis gandês luwês kaduluran | môngsa kaya sirèki | putri ngadhag-adhag | ana pinggir dêdalan | padha ewa kang ningali | ariyak mutah | umbêl-umbêl si juris ||

8. sapolahmu kithal ora kabênêran | ulah prang ulah pikir | numbuk nasak-nasak | bêlasak karosakan | endah trahing ratu bintit | buntêt ambantat | kucir akocar-kacir ||

9. môngsa dadak nimbangana Kelaswara | Rêtna Suradiwati | baranyak kacagak | ladak nora cak-êcak | putri Cina duk miyarsi | lara karuna | Kelaswara dijuwing ||

10. sumakeyan putri ayu pinarbutan | mring sagung kang para ji | aja amêmanas | payu têka payua | tibane patimu iki | asru anggada | jumêbrèt tibèng tangkis ||

11. dangu sayah gènira panah-pinanah | gada tan migunani | sarêng buwang gada | rukêt jambak-jinambak | ulêng mubêng salin ungkih | uwal kasingsal | gapyuk sarêng nêkani ||

12. sumyur ingkang jêmbangan gêdhah suh sirna | dangu ramening jurit | pêthetan bêlasah | bosah-basih katrajang | kang aprang udrêg mangungkih | sêndhal-sinêndhal | marucut salin uncit [u...]

--- 4 : 64 ---

[...ncit] ||

13. Kelaswara mênthang langkap binarêngan | putri Cina jêmparing | sarêng pêcatira | panahe Kelaswara | cinandhak ing asta kering | pinutung nulya | tikêl binuwang siti ||

14. jêmparinge putri Cina wus cinandhak | mring putri Kaelani | munggèng asta kiwa | tinikêl-tikêl nulya | gya binuwang tiba têbih | lancaran panah | samya digdaya kalih ||

15. dangu sayah gènira panah-pinanah | tan ana migunani | samya sèlèh panah | angabên kasantikan | wus dangu arukêt malih | candhak-cinandhak | junjung tarik-tinarik ||

16. Kelaswara sor titih yèn rêrukêtan | kantun agêng ainggil | inggil putri Cina | Kelaswara pidêksa | nanging kaduk wantêr ati | jêngkang-jinêngkang | langkung ramening jurit ||

17. Kelaswara sinabêt talikêm tular | sumêlèt ingkang kêni | walikate kiwa | jumbul pêdhês karasa | pinindho talingan kêni | mumêt sang rêtna | krodha sru dènira ngling ||

18. jêrku apa putri ala prangmu cidra | nganggo gêgaman eblis | iya antènana | sun mulih mèt gêgaman | Adaninggar anauri | amêdhatia | sêbit ingsun antèni ||

19. Kelaswara sapraptaning pasarean | mring ulonira aglis | panahe kang raka | Wong Agung Kakungingrat | têturunan saking nabi | lêluhurira | Jêng Nabi Iskak nguni ||

20. duk pinanggih wontên salêbêting taman | sarêng lawan turanggi | gih pun kalisahak | lawan kapraboning prang

--- 4 : 65 ---

gêgaman kabèh mêpêki | panah punika | iya ingkang kinardi ||

21. numpês ingkang raksasa diyu danawa | ditya kalawan uwil | anèng ing Jabalkap | dene panah punika | wus karanggèh nulya mijil | praptaning jaba | nudingi asru angling ||

22. payo bungkêr tadhahana panah ingwang | aja na nguciwani | kêrèt mênthang langkap | tajêm ingarah-arah | lumêpas ingkang jêmparing | gêbyaring wulan | padhange amarêngi ||

23. pan kacundhuk jajane putri ing Cina | nginggiling susu kering | anrus ing walikat | niba Sang Putri Cina | guladrahan anèng siti | asambat-sambat | kangbok Sudarawrêti ||

24. tulungana kakangbok kula palastra | wontên ing tamansari | kangbok tulungana | rêbutên jisim kula | gawanên mring Paragakik | nuwun apura | kangbok Sudarawrêti ||

25. dene kula aprang tan atur uninga | dhatêng paduka inggih | mangke manggih papa | mimikan ing paduka | sarêng orêg ingkang wukir | lindhu prakêmpa | gêtêr-patêr nêkani ||

26. Kelaswara anjêtung ngadhêp kewala | ngungun wêlas ing galih | riris wêtu gêlap | kilat thathit liwêran | kadi tangise kang langit | bela karuna | apan kadya mas kentir ||

56. Pêjahipun Putri Cina.

13. Maskumambang

1. galangsaran putri Cina kawlasasih | mara Kelaswara | pêdhangên jurên wak mami | aja andêdawa lara ||

--- 4 : 66 ---

2. sambat-sambat kangbok Sirtupelaèli | ingsun tulungana | prang lan putri Kaelani | jupukên kunarpaningwang ||

3. aturêna mring kangbok Sudarawrêti | dimène ginawa | maring bumi Parangakik | candhinên bongên ing kana ||

4. mèh sumaput tingale sang rajaputri | rama ji wartakna | putrinira angêmasi | ibu kawula mit pêjah ||

5. salin cipta katon putri Parangakik | jêmparing nèng jaja | kang anrus walikat kering | ewuh lamun pinêcata ||

6. dhuh kakangbok Rajaputri Parangakik | dulunên kawula | juputên jêmparing iki | kang tumancêp anèng jaja ||

7. pan winatak sahadatira sang putri | wuruke kang raka | Rajaputri Parangakik | kalimah kalih tan gothang ||

8. pan sumêbut jêmparing ingkang umanjing | malêsat umêsat | sumêmbur kang rah nututi | sumirat ludira pêthak ||

9. Kelaswara wuwuh wêlas waspa mijil | lawan maras-maras | dukane Sudarawrêti | lawan Sang Putri Karsinah ||

10. ya ta wau Wong Agung Surayèng Bumi | wungu dènnya nendra | kang rayi datan kaèksi | wontên parêkan satunggal ||

11. angawruhi solahe gustinirèki | dene prang lan dhustha | andulu angintip-intip | nanging agiris tumingal ||

12. dadya wangsul maring gène dagan malih | tan atuk tumingal | dulu solahing ajurit | wong agung alon ngandika ||

13. ana ngêndi gustinira yayi dèwi | parêkan tur sêmbah | punika wontên ing jawi [ja...]

--- 4 : 67 ---

[...wi] | aprang lawan duratmaka ||

14. sampun dangu wontên satêpining kori | kumêpyur tyasira | wau kalane miyarsi | Wong Agung Surayèng Jagat ||

15. sigra mijil jêmparing arsa cinangking | dinulu tan ana | narka ginawa kang rayi | maling saking ngêndi baya ||

16. praptèng jawi katingal sang rajaputri | atunggu mungsuhnya | gumuling ana ing siti | kang wêntis kèsisan sinjang ||

17. kasorotan dening gêbyare kang sasi | tuwin kang wadana | kadya kêncana sinangling | Kelaswara duk tumingal ||

18. mring kang raka mingsêr dènira alinggih | kathah aturira | lawan kathah kang kaèksi | tabêt rêrêmpon gêgaman ||

19. lawan pêpêthetan sami bosah-basih | tilas ramening prang | jêmbangan gêdhah sirnanting | angungun Sang Kakungingrat ||

20. eram saking tilas ramening ajurit | maksih ngantak-antak | Adaninggar durung mati | animbali Umarmaya ||

21. pan wong agung ketang wêlase tan sipi | putrane narendra | angluwihi para aji | sinêmbah samining raja ||

22. sugih brana wibawa angrèh upêti | mangke anèng paran | kongsul pratingkahirèki | nêmu pati siya-siya ||

23. gya sinundhang mring Wong Agung Jayèngmurti | Rêtna Adaninggar | pêgat-pêgat matur aris | wong agung paringa toya ||

24. lan wontêna pangèstu antarèng pati | sampun ngantak-antak | pan kawula sampun manjing | dhatêng kakangbok Sudara ||

25. wus winulang dhatêng

--- 4 : 68 ---

kangbok Parangakik | ing agama mulya | sarengat Nabi Ibrahim | agama ingkang minulya ||

26. Kelaswara prapta gènnya ngambil warih | saconthang mutyara | inginumakên tumuli | wusnya nginum putri Cina ||

27. narik napas Adaninggar angêmasi | Umarmaya prapta | kang badhe angusadani | sang rêtna sampun palastha ||

28. langkung ngungun wong agung kang waspa mijil | miwah Umarmaya | eram dene rahnya putih | Umarmaya aturira ||

29. dhuh pukulun paran ing karsa puniki | saru loking jana | sedane sang rajaputri | yèn maksiha anèng taman ||

30. botên wande yèn anggêpok ing wêwadi | lamine rinêksa | ing mangke pan sônggarunggi | kacênthok ing panggraita ||

31. sapakantuk sakenginge nêkiyari | yèn wontên ing taman | mendah putri Parangakik | lawan Sang Putri Karsinah ||

32. pasthi duka dhatêng putri Kaelani | sayêkti dèn langgar | Kelaswara dèn pêjahi | sanadyan inggih runtika ||

33. botên dosa inggih nêkiyari budi | pan amrih raharja | sampun kongsi dadi pati | wong agung nurut kewala ||

34. Umarmaya nimbali ratu kêkalih | Baritma lan Arjan | ingkang kinon ngusung sami | kunarpane putri Cina ||

35. pinrênahkên pakuwon Mêdayin jawi | nulya byar raina | Umarmaya lajêng maring | pakuwon Mariobara ||

36. botên marak ing Dèwi Sudarawrêti | mung putri Karsinah | Rêtna

--- 4 : 69 ---

Sirtupelaèli | winartanan sarwi liwat ||

37. lajêng marak ing raka Sudarawrêti | Sang Putri Karsinah | umatur saha wotsari | wau pun kakang Marmaya ||

38. awêwarta kang Dipati Guritwêsi | saking kêkesahan | jawi pakuwon Mêdayin | wontên kunarpa wanodya ||

39. inggih rayi paduka sang rajaputri | yayi Adaninggar | tyas kawula kêtir-kêtir | sadalu manah truh uyang ||

57. Layonipun Putri Cina Kalêbêtakên ing Kandhaga.

14. Mêgatruh

1. yèn mêngkono sira padha lawan ingsun | sawêngi asênig-sênig | ana apa ing tyas ingsun | Sumbita mênyanga aglis | mring Tarulaya pakuwon ||

2. yayi dèwi timbalana dèn agupuh | Sumbita tur sêmbah mijil | ya ta gênti kang winuwus | pakuwon Natèng Mêdayin | opyak lamun ana layon ||

3. pinariksa putri Cina layonipun | katur mring Rajèng Mêdayin | sigra-sigra wêdalipun | Nusirwan samana prapti | anèng ulone kang layon ||

4. tiningalan èstu layone sang ayu | ing Cina Sang Rajaputri | nora samar sang aprabu | anjêlèh Natèng Mêdayin | nangis sarwi bêkah-bêkoh ||

5. sapa iki Patih Bêstak wataramu | tatu dèn iling-ilingi | labête

--- 4 : 70 ---

kang panah têrus | patih sigra awotsari | pantêse prasami wadon ||

6. pan katawis inggih ulêng tilasipun | kawula botên andugi | ingkang dados mêngsahipun | kawula ajrih mastani | kula nuwun môngsa borong ||

7. iya uwis apatih kaduga ingsun | iki karsaningsun patih | sun wadhahi kardha iku | kancana saosan mami | kyana patih awotsinom ||

8. yèn suwawi pinundhutakên pukulun | saosane kang para ji | ngandika malih sang prabu | môngsa padhaa ya patih | kalawan saosan ingong ||

9. lawan iya iku Bêstak karsaningsun | sun atêrakên pribadi | layone sang putri iku | laku cara wong agrami | namur tan nganggo kaprabon ||

10. wus pinêndhêt kardha kagungan sang prabu | têgêse kardha anênggih | apan tabêla yaiku | lumrah kaprah nora kari | saparane para katong ||

11. kang tabêla êmas bobote rong èwu | kagungan Rajèng Mêdayin | ingkang kaprah bobot nyèwu | wau ta sang rajaputri | binêkta maring pakuwon ||

12. ya tabêla ya bandhusa têgêsipun | mangkana sang rajaputri | pinanjingkên bandhusa wus | ngandika Rajèng Mêdayin | ya Bêstak sapungkur ingong ||

13. pan Si Irman Si Urmas lan Si Sêmakun | sumiliha kang siniwi | kabèh bala ing Mêdayun | ngiringa sebaa sami | maring Si Jayèngpalugon ||

14. yèn wong Menak atêtakon marang [ma...]

--- 4 : 71 ---

[...rang] ingsun | mulih mring nagri Mêdayin | atilar putra têtêlu | sumiwi ing Jayèngmurti | sandika patih wotsinom ||

15. abusêkan kya patih dandan pêpikul | Nusirwan pijêr prihatin | anggung jêtung ngadhuh-adhuh | gèdhèg-gèdhèg anyalumik | angiwa anggung anjoto ||

16. sangêt lamong yèn sampuna ratu agung | kunêng malih kang winarni | utusanira sang ayu | Rajaputri Parangakik | animbali sang lir sinom ||

17. putri Cina tinimbalan tan kapangguh | suwêng kesahipun wêngi | malah mangke dèrèng rawuh | Êmban Siwang Siwung aglis | mring pasanggrahan Mario ||

18. prapta nêmbah mring Sudarawrêti matur | pukulun sang rajaputri | rayi paduka ing dalu | kesahe lawan turanggi | tan mawi bala sawiyos ||

19. malah mangke rayi paduka tan rawuh | tan kantênan purugnèki | pan kawula arsa nusul | sabên tan liya mariki | sang rêtna brêbêl wêtu loh ||

20. wus kaduga ature kang rayi wau | Dèwi Sirtupelaèli | Karsinah Rêtna Rabingu | lamun pakuwon Mêdayin | ana kunarpa wong wadon ||

21. angandika Sudarawrêti rawat luh | yayi Sirtupelaèli | wus têtela pakaryèku | tiwase arinirèki | andhustha maring pakuwon ||

22. pakuwone iya Sang Rajèng Mêdayun | ana kunarpa pawèstri | sun iki arsa umagut | sapa ingkang amatèni | pasthi sun ukum ing kono ||

23. prajurit ing Cina dèn prayitnèng [prayi...]

--- 4 : 72 ---

[...tnèng] pupuh | Siwang Siwung nêmbah mijil | karuna urut dêlanggung | wau ta sang rajaputri | durmane angrêbut layon ||

58. Dèwi Sudarawrêti Badhe Ambelani Putri Cina.

15. Durma

1. langkung saking bramantya riwuting driya | Rêtna Sudarawrêti | gya nêmbang têngara | têtêgira sauran | gong bèri kêndhang saruni | muntab balabar | prajurit Parangakik ||

2. pra dipati dhomas bala nigang lêksa | prajurit Parangakik | mantri pitung lêksa | tur sami pêpilihan | kalih yuta winatawis | gunging gêgaman | kalawan patang kêthi ||

3. prajurite ingkang asikêp gêgaman | mantêp salawe kêthi | kagèt radèn putra | kang ibu atêngara | Rêtna Sirtupelaèli | matur tur sêmbah | kangbok paran puniki ||

4. inggih sintên kangbok kang paduka langgar | angling Sudarawrêti | arsa ngukum ingwang | maring Si Kelaswara | putrine wong Kaelani | yayi dosanya | matèni kadang mami ||

5. tambung laku mamak êdir Kelaswara | arêp ingsun patèni | alon aturira | Rajaputri Karsinah | kangbok bilih dèn kukuhi | dhatêng kang lanang | angling Sudarawrêti ||

6. nadyan silih mêngkonoa ingsun langgar | sira yayi sun tandhing | lan Si Kelaswara [Kela...]

--- 4 : 73 ---

[...swara] | bojone yèn tumandang | ingsun ingkang angêmbari | gumuyu latah | Ni Sirtupelaèli ||

7. cawêt gilig punika karsa paduka | kula miyarsa warti | inggih mêksih têbah | kangbok dintên kiyamat | ngandika Sudarawrêti | yayi sun karya | ing kiyamat pribadi ||

8. yèn suwawi kangbok sampun bêkta bala | kula sampeyan tandhing | lan pun Kelaswara | inggih sampun tinoya | ing dharat miwah jaladri | pranga gêgana | sagêndhinge ajurit ||

9. yayi aja gêgampang Si Kelaswara | sugih bala prajurit | putri ing Karsinah | wêruh sêmuning raka | ing sakêdhap anuruti | gya pêparentah | mring punggawanirèki ||

10. wolung kêthi prajuritira Karsinah | kathah kang pra dipati | mantri tigang lêksa | patang atus punggawa | anggênggêng baris mênuhi | wau kang prapta | prajurit Parangakik ||

11. Kyana Patih Cina lawan pra dipatya | sakapraboning jurit | patang kêthi ana | prajurit saking Cina | kyana patih dèn timbali | praptèng ngayunan | angling Sudarawrêti ||

12. sira patih ngêpunga sabalanira | pakuwon ing Mêdayin | ingsun maring taman | Patih Cina tur sêmbah | mêsat sawadya prajurit | bèri wurahan | kênthung kêndhang saruni ||

13. Rajaputri Parangakik lan Karsinah | ngrusak kaprabon jurit | sang dyah kalih samya | anapak jumantara | barise kang putri kalih | nunut kewala | mopo tan ngiring ajrih ||

14. Arya

--- 4 : 74 ---

Maktal kalawan prabu ing Yunan | prasamya andhingini | manjing jroning taman | panggih lan Umarmaya | kakang paran polah iki | Rêtna Sudara | wuru riwut ing jurit ||

15. datan kêna sinayutan kurdanira | sampun ngirabkên baris | anggêcak mring taman | angukum Kelaswara | wong Cina dèn parentahi | kinon ngêpunga | pakuwon ing Mêdayin ||

16. Umarmaya mêcucu sarwi tumênga | kêthip-kêthip ngucêmil | alon wuwusira | adhuh ujarku apa | Umarmaya kontrang-kantring | lumêbêt gènnya | made kancana prapti ||

17. duk sêmana wong agung maksih pinarak | kalawan ingkang rayi | Dèwi Kelaswara | Ki Umarmaya prapta | gupuh-gupuh solahnèki | jaba na apa | Umarmaya turnèki ||

18. inggih rayi paduka kalih kang prapta | Ngalabani Yunani | tur uningèng tuwan | lamun mangke Sang Rêtna | Sudarawrêti dhatêngi | bramantyanira | sampun ngirabkên baris ||

19. prajurit ing Cina kinon anggêcaka | pakuwon ing Mêdayin | gih sampun kinêpang | dene ta rayi tuwan | badhe anggêcak mariki | angukumêna | putri ing Kaelani ||

20. inggih dipun rapu-rapu botên kêna | kurda yayah ambêsmi | ing jagad sadaya | wong agung duk miyarsa | sakarsane yayi dèwi | aja na ngampah | mundhak gêng nêpsunèki ||

21. dèn èndêlnakèndêlna dhasare putri wêlasan | warahên yayi kalih | aja na angampah | Kelaswara miyarsa

--- 4 : 75 ---

kumêpyur ing tyas wotsari | kula angatas | ing karsa tuwan inggih ||

22. gih punapa saajang-ajanging ajang | wong arêp dèn patèni | wong agung ngandika | abot sira tan kêlar | lawan andêdawa runtik | pan ingsun iya | nutut pan asrah pati ||

23. Kelaswara umatur yèn makatêna | kula inggih tut wuri | ngaturakên pêjah | wong agung angandika | hèh yayi wadyanirèki | parentahana | aja na kang nadhahi ||

24. ing pamuke wong Parangakik Karsinah | têka bubara sami | tuwin bala Kelan | Umarmaya matura | rama ji Kelanjajali | yèn ingkang putra | Sang Putri Parangakik ||

25. krodhanira ing patine Adaninggar | barise anêkani | duk imbal wacana | gègèr baris kang prapta | wong Karsinah Parangakik | angêpung taman | kinêpung tamansari ||

26. kawarnaa wau prajurit ing Cina | pakuwon ing Mêdayin | kang arsa ginêcak | kinêpung kering kanan | akathah wong ing Mêdayin | lawan wong Cina | prandene kêkês miris ||

27. apa arsa tinumpês mring Patih Cina | wadya gung ing Mêdayin | angantos parentah | nênggih kang linampahan | Rajaputri Parangakik | ngêpung kewala | wau ta kang winarni ||

28. rajaputri wadyane angêpung taman | bubar wong Kaelani | putri kalih prapta | niyup saking gêgana | wadya Rab mire anêbih | kang para nata | tan wontên marêpêki ||

29. Rêtna Dèwi Sudarawrêti [Su...]

--- 4 : 76 ---

[...darawrêti] parentah | bubrahên bata iki | padha jugrugana | dimèn kang duwe taman | mêngko mêtoni ing jurit | dimèn kiyamat | dhêku kang pra dipati ||

30. saksana sang putri sigra mênthang langkap | punggawa Parangakik | padha rasakêna | padha ta mopo sira | pra dipati aningali | lamun sang rêtna | duka mênthang jêmparing ||

31. gya tumandang amung kang ngajêng kewala | gumuruh kang prajurit | arame asurak | Umarmaya umpêtan | myang prajurit para putri | mire sadaya | wau sang putri kalih ||

32. sampun manjing saking kori kang kapisan | ingayap para putri | prajurit pawongan | wau kang anèng taman | Wong Agung Surayèng Bumi | lawan kang garwa | Sang Putri Kaelani ||

33. Kelaswara wus angangge sarwi pêthak | badhe ngêsrahkên pati | mring Rêtna Sudara | wong agung nulya mêdal | Kelaswara atut wuri | prajuritira | mulat prasami nangis ||

34. Joharmani Maniklungit Ambarsirat | ngiring wurining gusti | apan anèng marga | pating salênggruk samya | korine binuka aglis | praptaning jaba | Ni Sirtupelaèli ||

35. duk tumingal punika kangbok ki lurah | mêdal nungkul srah pati | dhatêng ing paduka | bêkta pun Kelaswara | ingkang ngangge sarwi putih | wingking punika | putri ing Kaelani ||

36. duk tumingal kêju sakala tyasira | mèsêm sajroning galih | guna Kelaswara | ing kasab lêmbut bisa [bi...]

--- 4 : 77 ---

[...sa] | wus cêlak sang rajaputri | Sang Putri Kelan | lumayu angrungkêbi ||

37. ing padane sambat ngaturakên pêjah | Sang Putri Parangakik | anjêtung kewala | dangu-dangu sang rêtna | nulya angandika aris | uwis tangia | padha linggiha sami ||

38. putri Parangakik ngabêkti ing raka | lan Sirtupelaèli | ilang runtikira | Rêtna Dèwi Sudara | Ki Umarmaya gya prapti | lan Arya Maktal | lan prabu ing Yunani ||

39. ingaturan maring Dèwi Kelaswara | manjing jro tamansari | sami manjing taman | prapta atata lênggah | anèng babut prangwêdani | mèsi puspita | aglar pundhutan prapti ||

40. Umarmaya Arya Maktal Rajèng Yunan | Lamdaur Umarmadi | lawan Kewusnendar | wus samya ingandikan | prapta ing ngarsanira Mir | suka sadaya | sang anom mari runtik ||

59. Dèwi Kelaswara Asrah Pêjah Gêsang dhatêng Dèwi Sudarawrêti.

16. Sinom

1. matur putri ing Karsinah | mring raka Sudarawrêti | kakangbok pun Kelaswara | kêmbar lan paduka mirib | pidêksanipun sami | tuwin sami pantêsipun | amung kaot sarira | ngrompok putri Kaelani | pan paduka kuning anuksmèng kancana ||

2. lamun maibên paduka | nolih Sirtupelaèli | mring cèthine Kelaswara [Kela...]

--- 4 : 78 ---

[swara...] | nênggih ingkang para putri | bok dora awak mami | pan sira padha andulu | tur sêmbah Ambarsirat | lawan Dèwi Joharmani | inggih èstu anggèr ingkang pangandika ||

3. tan wontên gethang satuma | woh anèm sinigar sami | ling malih putri Karsinah | manawa cêcaya mami | angling Sudarawrêti | sapa maido sirèku | dadak susah anyambat | gènira ngupaya sêksi | ya ta mèsêm Kalana Surayèng Jagad ||

4. gumêrah parêkanira | gumujêng para narpati | nênêm kang munggèng ngayunan | ngandika Sudarawrêti | yayi ing Kaelani | milanipun sangêt nêpsu | yèku Si Adaninggar | wus anut agama mami | yèn luputa wajib sira angapura ||

5. tur sêmbah Ni Kelaswara | sumôngga ing asta kalih | yêktine lêpat kawula | botên nyana botên ngimpi | tigang jam gènnya jurit | tan wontên sêsambatipun | sampun tatu sakarat | sambate kadi gulamit | jro sakarat kang sinambat mung paduka ||

6. mila agêtun kawula | jêtung sarwi angadhêpi | pananjake putri Cina | sambat bu rama ping kalih | nuntên sêsambat malih | amung paduka pukulun | mila ngungun kawula | wontêna sagêd nguripi | botên ketang upah-upah kalih yuta ||

7. yèn kawula kadugia | ing aprang anyêpêng urip | yêkti kula cêpêng gêsang | inggih saking tan kadugi | awit linawan jurit | yêkti ing aprang pukulun | kawula mèh kasoran | sumaput ing

--- 4 : 79 ---

panon nênggih | apan nuntên anyolong panah wasiyat ||

8. kagungane raka tuwan | kang turunan saking nabi | jêmparing Bagendha Iskak | botên ketang dèn dukani | saking arêbat urip | datan etang ketung kuntung | yèn botên makatêna | kawula kados ngêmasi | dipun banting dhatêng rayinta ing Cina ||

9. gumujêng Rêtna Sudara | satêmêne iku yayi | yèn mungguha têtandhingan | kalah ragang sira yayi | binobot kang sayêkti | nyata abot sangganipun | bênêr sira pêsaja | mungguh satêngahing putri | nora sae ngucapkên apêsing aprang ||

10. matur nêmbah Kelaswara | tuwan jur manjing nèng kowi | botên garantês samêndhang | lamun paduka kang kardi | sanadyan ibu sori | awrat paduka pukulun | nadyan ibu jêr nora | anjangkung raina wêngi | solah tingkah lupute suwitèng priya ||

Lajêng nyandhak jilid 5.

--- 4 : [80] ---

Isinipun.

... Kaca

44. Raja Jamum saanakipun kalih pêjah dening putri Cina. ... 3

45. Menak Jayèngmurti nodhi ratu ing Kelan. ... 7

46. Wong agung rêrêmbagan badhe mangsah prang. ... 14

47. Dèwi Kelaswara mangsah prang. ... 17

48. Dèwi Joharmani kadhawuhan majêng prang, ambiyantu Dèwi Kelaswara. ... 25

49. Dèwi Tasikwulan mangsah prang. ... 31

50. Dèwi Kelaswara tandhing kalihan Prabu Lamdahur. ... 35

51. Wong agung pêpanggihan kalihan Dèwi Kelaswara. ... 42

52. Wong agung dhaup kalihan Dèwi Kelaswara. ... 45

53. Prabu Kelanjajali têluk dhatêng wong agung. ... 49

54. Putri Cina nyidra Dèwi Kelaswara. ... 52

55. Dèwi Kelaswara pêrang kalihan putri Cina. ... 62

56. Pêjahipun putri Cina. ... 65

57. Layonipun putri Cina kalêbêtakên ing kandhaga. ... 69

58. Dèwi Sudarawrêti badhe ambelani putri Cina. ... 72

59. Dèwi Kelaswara asrah pêjah gêsang dhatêng Dèwi Sudarawrêti. ... 77