Menak Biraji, Balai Pustaka, 1934, #837

JudulCitra
Terakhir diubah: 03-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1127

Menak Biraji

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Bale Pustaka - 1934 - Batawi Sèntrêm

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

1. Dhandhanggula

1. Prabu Aspandriya nantang dhatêng Wong Agung

1. pramèswari Prabu Nyakrawati | ingkang sangêt amangun sungkawa | duk sang nata kacêkêle | marang sang nata wau | Sadat Kabul Ngumar Ngabêsi | sêdya atur uninga | marang putranipun | kang anèng Kaos nagara | Jayèngrana pramèswari tan miyarsi | yèn kondur marang Mêkah ||

2. tan kawarna dutanira prapti | nagri Kaos jujug Patih Bêstak | kang sêrat tinupiksa ge | kalamun sang aprabu | kinunjara anèng Ngabêsi | mring Sadat Kabul Ngumar | Patih Bêstak ngungun | lajêng marak rajaputra | pan katiga miyarsa marêbês mili | kang rama pinanjara ||

3. lajêng samya tumamèng jro puri | tur uninga mring Rêtna Muninggar | putra têtiga karsane | praptèng dalêm kadhatun | panggih lawan sang rajaputri | nanging putra têtiga | kang raka lingnya rum | babo radèn ana paran | nêmbah matur wau kang tanaya prapti | katur saaturira ||

4. yèn kang rama nênggih dèn kurungi | mring Sang Raja Sadat Kabul Ngumar | binêkta marang nagrine | langkung wagugênipun | duk miyarsa sang rajaputri | anuduh kang caraka | kang badhe ingutus | tur uninga mring kang raka | katarucut [kataru...]

--- 4 ---

[...cut] wong Mêdayin tan miyarsi | lamun Sang Jayèngrana ||

5. pangrasane bala gêng Mêdayin | antukira Sadat Kabul Ngumar | dene ing Mêkah sêpine | mila gêng nêpsunipun | mring Bathara Natèng Mêdayin | dene têtawa mêngsah | sêpi prajanipun | nusul mring Kaos tan arsa | pan mangkana ciptane bala Mêdayin | ulihe Kabul Ngumar ||

6. dadya duka mring Rajèng Mêdayin | tan miyarsa yèn sampun picondhang | Sadat Kabul Ngumar dene | wong Menak Jayèngsatru | antukira marang Ngabêsi | sampun salin agama | mangkana winuwus | dutane Rêtna Muninggar | jujug marang Kuparman sampun kapanggih | lawan Sang Kakungingrat ||

7. sêrat katur mring Sang Jayèngmurti | katupiksa ingkang patêmbayan | pêpuji mring Pangerane | ping kalih nabinipun | kaping tiga marang ing laki | wusnya mangkana ingkang | nawala sung wêruh | lamun rama jêng panduka | sri bupati binêkta marang Ngabêsi | mring Sadat Kabul Ngumar ||

8. pinanjara ing kurungan pêksi | sinung tadhah apêm mung satunggal | ing siyang lan sadalune | langkung kawêlasayun | duk miyarsa Sang Jayèngmurti | ngungun wagugên ing tyas | mèsêm Jayèngpupuh | animbali Umarmaya | pan sadaya punggawa para narpati | jêjêl anèng ngayunan ||

9. wus winartan yèn Natèng Mêdayin | binêkta mring Sadat Kabul Ngumar | kinurungan wêwadhahe | tan sinung mêtu-mêtu | nèng kurungan dipun wadhahi | apêm siji sadina | Marmaya gumuyu | gumêr sagung para [pa...]

--- 5 ---

[...ra] nata | angandika Wong Agung Wiradimurti | mring rayi Andarmuka ||

10. pan punika satriya Ngabêsi | kang pêparab ari Andarmuka | mring Kabul Ngumar arine | marmanipun kinantun | mring kang raka sri narapati | Sri Sadat Kabul Ngumar | apan karsanipun | anut mring parane Ambyah | ingkang rayi binêktan bala sakêthi | tugur wismèng Kuparman ||

11. pan tinuduh mring nagri Ngabêsi | bêkta surat Sang Sri Kakungingrat | mring Kabul Ngumar dhawuhe | mêsat kang dinuta wus | sêdya mundhut Natèng Mêdayin | sakêthi balanira | kuda tan cinatur | wong agung pan kadhatêngan | sêrat saking sri narendra ing Biraji | Sang Prabu Aspandriya ||

12. tunggul panantang mring Jayèngmurti | nèng Kuparman sira anungkula | ngaturna bulu bêktine | mring Aspandriya Prabu | kang ngadhaton nagri Biraji | dêdêg astha dasa gas | widigdayèng kewuh | titir murahakên lawan | Siswaningrat sang nata gung ing Biraji | prawira măndraguna ||

13. dene sira wani ngadhatoni | ing Kuparman iku pan nagara | ingsun sêngkêr salawase | yèn anungkula gupuh | sumiwia marang Biraji | lawan asraha tobat | marang jênêng ingsun | mèsêm sang prawirèng baya | hèh caraka matura gustinirèki | yèn ingsun wus kêkirab ||

14. sira dhewe iku pan udani | lamun ingsun mêdal saking kitha | lan sawadyaningsun kabèh | iya karsa anglurug | sêdya gêcak nagri Biraji | kadya ge kapanggiha | ingsun lan gustimu [gu...]

--- 6 ---

[...stimu] | caraka nulya ginanjar | nêmbah lèngsèr saking ngarsanira Amir | asigra lampahira ||

15. tan kawarna duta ing Biraji | sigra wong agung nêmbang têngara | budhal saking pakuwone | wadya lir awun-awun | kadya wana agêng kabêsmi | ujwalaning busana | lir baskara têdhuh | ruging kisma lir ampuhan | kadya kocak prakêmpaning jalanidhi | magiri gara-gara ||

16. lumrèng saba-saba kadya wukir | kapuk katrajang krasèng mirana | wadyanya asri warnane | jêjêl sêsêk supênuh | wadyaning kang para narpati | wadya gêng kaèbêkan | iring-iring gunung | kunêng kang lagya lêlampah | kawurcita dutane Natèng Biraji | praptèng nagarinira ||

17. lajêng marêk ing ngarsa narpati | matur nêmbah pukulun sang nata | mêngsah tuwan sabalane | patikbra pan kapêthuk | dêdamêle sampun lumaris | wadya tanpa wilangan | wana gêng supênuh | lampahe samadya căndra | kang wana gung pakuwone angêbêki | balane Jayèngrana ||

18. para ratu tan kêna winilis | samya ratu prakosa digdaya | samêkta lan prajurite | sadaya anung-anung | dèrèng manggih kawula gusti | kathah ratu digdaya | parandene suyud | salamine manggih mêngsah | jêng pukulun pan dèrèng kadi puniki | tuhu misesaningrat ||

19. sampun lami pun Wiradimurti | dènirarsa ngrabasèng panduka | duk miyarsa ing wartine | yèn tuwan narendra gung | milanipun kula lampahi [lampah...]

--- 7 ---

[...i] | kadhaton sowang-sowang | nênggih wartinipun | lampahe nêm bêlas dina | alang ujuring kitha jêjêl wadyèki | kadhaton para raja ||

20. ngumpul sami Kuparman nagari | Ratu Rokam pan sampun suwita | sira Sang Raja Gulangge | saputra garwanipun | pan binêkta Kuparman nagri | ketang dènnya suwita | ing Sang Jayèngsatru | Indi Ngabêsi kabala | ing Mêdayin ing Kaos lan Mukabumi | ing Rum Selan kabala ||

21. apan Wong Agung Wiradimurti | yèn makuwon rinakit abahak | sarimbag nênggih alange | lampahan wolung dalu | ujuripun nêm bêlas bêngi | suka duk amiyarsa | Aspandriya Prabu | iku lêgane tyas ingwang | manggih mungsuh padha lêlananging bumi | sêdhêng datan kuciwa ||

22. singa ingkang kasoran ing jurit | ajugala rerehaning benjang | nora cuwa aprang rame | pan ana cuwanipun | ngadu gada karingêt gêtih | yèn mungsuh ratu ala | kêdhik misilipun | iki tumpêse wong Arab | salawase apan durung olèh tandhing | ratu aran asmara ||

2. Asmaradana

2. Wong Agung mangsuli panantangipun Prabu Aspandriya

1. apan Sang Rajèng Biraji | jatine dudu manusa | anênggih kala mulane | iku bêlis kamanusan | kêna papa cintraka | dinukan wong tuwanipun | duk tiwas kinèn [kinè...]

--- 8 ---

[...n] gêgodha ||

2. mila umadêg narpati | apêparab Aspandriya | nêlukakên para katong | kathah ratu sumawita | kasor ing yudanira | tan ana kuwawa mungsuh | ratu kanan kèrinira ||

3. dene kang kinarya kulit | Aspandriya pan têmbaga | tosan iya bêbalunge | kathah para raja-raja | nungkul ajrih ing loka | nênggih ta pêpatihipun | Kyana Patih Kalbudiyan ||

4. apan ta nagri Biraji | tan wruh yèn gustine setan | mangkana wau sang katong | angundhangi balakuswa | samêkta ing ayuda | karsanira arsa mêthuk | ing mêngsah jawining kitha ||

5. samêkta sagung narpati | Kyana Patih Kalbudiyan | kang sampun saos pakuwon | munggèng sajawining kutha | para ratu amănca | kang kinèn abaris tugur | munggèng sajawining kutha ||

6. langkung suka tan sinipi | sira Prabu Aspandriya | dene mungsuh prapta dhewe | iya alah linurugan | salamine don aprang | pan dèrèng amanggih mungsuh | singa nagri linurugan ||

7. tan ana ingkang nadhahi | kathah kang nungkul arisan | kang nêdya magut pakuwon | mila kathah para nata | kang nungkul Aspandriya | samya atur putri ayu | miwah atur kadangira ||

8. kunêng kang winuwus malih | lampahira Radèn Ambyah | praptèng dhusun ampeyane | paminggir gègèr wurahan | praptane wong Kuparman | para mantri kang atunggu | tampingan atur uninga [uning...]

--- 9 ---

[...a] ||

9. yèn bala Kuparman prapti | panganjur cucuking lampah | patang puluh para katong | wus akarya pasanggrahan | saosan gustinira | bala tanpetungan agung | para nata myang satriya ||

10. suka Sang Natèng Biraji | animbali Kalbudiyan | lawan sagung para katong | kang baris jawining kitha | prapta munggèng ngayunan | Raja Aspandriya muwus | hèh ta bapa Kalbudiyan ||

11. apa ta kabèh wus prapti | prajurite wong Kuparman | iya Si Jayèngpalugon | matur Patih Kalbudiyan | dèrèng gusti kang prapta | amung ratu patang puluh | kang akarya pasanggrahan ||

12. kalih yuta winitawis | balane ratu kang prapta | Umarmadi pangiride | kalawan sakadangira | dene pun Jayèngrana | lawan sagung para ratu | praptane kantun nêm dina ||

13. ngandika Natèng Biraji | sagunging ratu amănca | padha kêrigên dèn age | baris tugur jaba kutha | tunggul sira gawaa | wulung kang aciri tèngsu | dene sun besuk kewala ||

14. tur sêmbah Rêkyana Patih | Kalbudiyan wus têngara | budhal lawan sabalane | awatara wong sayuta | gêgaman kang lumampah | satriya lan punggawa gung | ngiring Patih Kalbudiyan ||

15. wus praptèng jawi kitha glis | baris tugur bala wadya | nêngêna kang para katong | Wong Agung Kuparman prapta | sawadya para nata | masanggrahan Jayèngsatru | kang wadya apamondhokan ||

16. kadya robing kang jaladri | wadyabala ing Kuparman | pakuwone [pakuwo...]

--- 10 ---

[...ne] para katong | anglajur-lajur anjirap | lir wana kawalagar | swarane bala gumuruh | busana lir kêmbang-kêmbang ||

17. ing ngarsa Natèng Kohkarib | kalawan sakadangira | ing kering Rajèng Gulangge | Prabu Lamdahur ing kanan | ing wuri Raja Maktal | sarerehan para ratu | pakuwon salurah-lurah ||

18. sagunging para narpati | siyang dalu akasukan | nèng ngarsa Jayèngpalugon | lumintu gènnya bojana | angiras pagunêman | wau kang munggèng ing ngayun | wong agung ing Tasikwaja ||

19. lawan prabu ing Kohkarib | lan satriya Tambakrêtna | Lamdahur lawan Gulangge | punika wadana nata | Ngêrum kalawan Kebar | ing Yunantanus Samtanus | kang samya ratu wadana ||

20. Wong Agung Tasikwaja ris | umatur lawan wong Menak | kula miyarsa sang katong | Aspandriya datan mêdal | saking jawining kitha | kang mêthuk abaris agung | amung Patih Kalbudiyan ||

21. lan tunggul kang ciri sasi | ingkang pangabaran barat | punika binêkta miyos | Kyana Patih Kalbudiyan | ingkang sinung wêwênang | gadhuh tunggul ciri tèngsu | binêkta magut ing yuda ||

22. ngandika Sang Jayèngmurti | mring kang raka Menak Abas | kakang nênulisa age | iya kang tunggul panantang | marang Si Aspandriya | Menak Abas nurat gupuh | tan adangu nulya dadya ||

23. katur mring sang ari Amir | dyan sinungkên Darundiya | Sang Rajèng Bangid kang kinon | amundhi tunggul panantang | dhawuhing Aspandriya [A...]

--- 11 ---

[...spandriya] | Darundiya awotsantun | lèngsèr saking ing ngayunan ||

24. budhal saupacarèki | mung bêkta bala sanambang | lan upacara karaton | bandera lêlêt-lêlêtan | sakawan kang binêkta | asigra kang dipun utus | anjujug Kya Kalbudiyan ||

25. kagyat punggawa Biraji | kang baris jawining kitha | myat upacara karaton | praptane alêlancaran | katur mring Kalbudiyan | wus pinariksa kang rawuh | yèn dutane Jayèngrana ||

26. namane duta prajurit | Rajèng Bangid Darundiya | mundhi tunggul panantange | saking Sri Sang Kakungingrat | Dyan Patih Kalbudiyan | mêthuk kang caraka rawuh | binêkta mring pasanggrahan ||

27. tinanyan lampahirèki | yèn mundhi tunggul panantang | abadhe katur sang katong | sigra Patih Kalbudiyan | ngirid marang jro kitha | ingkang kawuwusa wau | Sang Aprabu Aspandriya ||

28. duk lagya mijil tinangkil | sang prabu arsa tênaga | munggèng ing panangkilane | ngadêg munggèng rimbagan mas | watara kawan asta | suku tinarik wong sèwu | ing rante datan kaikal ||

29. samăngsa suku ginonjing | prajurit kang sèwu rêbah | suka sagung kang balandhèr | kang munggèng ngarsa narendra | miwah sagung biyada | kang ngayap ing ngarsa prabu | para putri samya suka ||

30. nêngguh Sri Rajèng Biraji | aparêkan putri samya | samya bêboyongan kabèh | nanging datan cinangkraman | amung putri sadasa | kang

--- 12 ---

kaparêk siyang dalu | kinêmpit tan sinung bênggang ||

31. wontên putri ing Lojami | kang putra Raja Kurisman | wus lami dènnya kaboyong | marang Raja Aspandriya | putri ayu utama | binêkta kadange jalu | nama Radèn Inggrisliyar ||

32. ambêkta bala sakêthi | saking Lojami nagara | sang dyah ayu pêparabe | Rêtna Dèwi Saribengat | langkung lumuh sang nata | agung kinêbon sang ayu | tan amor lan putri kathah ||

33. ing siyang dalu anangis | Rêtna Dèwi Saribengat | langkung lumuh mring sang katong | kang rayi agung pinular | Rahadèn Inggrisliyar | datansah angajak mantuk | marang Lojami nagara ||

34. anggung rinapu ing cèthi | Rêtna Dèwi Saribengat | gusti sampun kêdah mulèh | dipun angeman wong tuwa | yèn dika aloroda | masthi rama dika prabu | lan ibunta pinêjahan ||

35. luhung ngatingala gusti | karya lamis raga-raga | ngiring-iring mring sang katong | yèn kalane siniwaka | karya pangliriking tyas | kathah ingkang dipun dulu | lah gusti ing panangkilan ||

36. lêjar tyasira sang putri | samana milya karsanya | angiring-iring sang katong | miyos marang panangkilan | arsa nêningalana | mring duta kang badhe rawuh | saking nagari Kuparman ||

37. mila putri ing Lojami | lênggah keringe sang nata | kapêncil rada mêmojok | mangkana wau kang prapta | Kya Patih Kalbudiyan | angirid duta kang rawuh | dutane [duta...]

--- 13 ---

[...ne] Sang Kakungingrat ||

38. kèndêl kari păncaniti | Kyana Patih Kalbudiyan | tur uninga mring sang katong | nulya duta tinimbalan | sigra Sang Darundiya | lan saupacaranipun | amundhi tunggul panantang ||

39. orêg sagung ingkang nangkil | mulat Prabu Darundiya | dene wus praptèng ngarsane | Sri Narendra Aspandriya | maksih saupacara | kaprabon busanèng ratu | kang sêrat duk tinampenan ||

40. Darundiya ciptèng galih | aningali Aspandriya | bênêr pawarta tuture | pawakane Aspandriya | nora kaprah manungsa | kaya têmbaga satuhu | tan nganggo wulu salêmbar ||

41. apa ta êmpuk kinuwik | kayaparan mêngko ingwang | kongsia gêpok kulite | apa êmpuk apa ora | yèn dinangu ing benjang | mring gusti Sang Jayèngpupuh | kayaparan atur ingwang ||

42. sêrat lagya dèn tampani | marang Nata Aspandriya | nulya ge rinêbat manèh | jinangkah atuna-dungkap | anggêpok astanira | kumrèngsèng atos satuhu | tan kaprah lawan manusa ||

43. sarya sru dènira angling | hèh sang prabu gumingsira | saking gonira alunggoh | anèng patarana êmas | aywa ta tinggal cara | anampani sêrat ingsun | gusti sang pramudèng rana ||

44. sang nata sakala runtik | rinapu mring Kalbudiyan | cingak sagung para sinom | miwah sagung kang sewaka | satriya myang punggawa | miyat pasang solahipun | ratu anom kaduk sura ||

--- 14 ---

3. Sinom

3. Putri Tawanan Rêtna Saribengat

1. mundur Raja Darundiya | wus kinèn lênggah ing kursi | jajar lawan Kalbudiyan | sang nata ambuka tulis | patêmbayaning tulis | pèngêt iki layang ingsun | satriya widigdaya | Wong Agung Wiradimurti | kasub ing prang alêlana andon yuda ||

2. akèh ratu sumawita | minăngka lêlanang jurit | kang ngadhaton ing Kuparman | Kalana Jayadimurti | dhawuha surat mami | mring Aspandriya sirèku | dumèh ta praptaningwang | iya nagara Biraji | lan sawadyaningsun para raja-raja ||

3. arsa ambănda mring sira | yèn tan nungkul marang mami | yèn ora salin agama | sarengat Nabi Ibrahim | yèn băngga sun patèni | sun obrak-abrik kuthamu | sun gawe karang abang | yèn sira nungkul ing mami | lawan anut sarengat agama mulya ||

4. mêksih sun têtêpkên sira | karatonmu ing Biraji | duk miyarsa Aspandriya | talingan kadya sinêbit | kumêlêng muka miring | sirate jaja kumukus | kadya ta abêlaha | anggêrêng kadya rasêksi | hèh muliha sira duta ing Kuparman ||

5. matura ing gustinira | Si Kalana Jayèngmurti | yèn ingsun amapag yuda | besuk gustimu sun juwing | nuli sun suwir-suwir | nuli ngong pakakkên asu | nuli sun gawe lalab | daginge gustimu benjing | Darundiya [Daru...]

--- 15 ---

[...ndiya] mèsêm sarwi mengo nganan ||

6. sadangunira alênggah | sira sang natèng ing Bangid | miyat wanodya utama | kang ngayap sri narapati | kapering ragi mêncil | Kèn Saribengat tumungkul | pinandêng Darundiya | ngartika putri Lojami | langar têmên dutane wong ing Kuparman ||

7. sasuwene ika lênggah | mung ingsun bae linirik | nora mambu seje jaman | wong iki angkuhe luwih | anom dhasare pêkik | dene rada kaduk angkuh | tan mambu wong ngumbara | angkuhe kaya wong bumi | wani nglirik ing sêsêngkêran sang nata ||

8. têka nora nganggo taha | katuju sri narapati | lagyewuh ambuka surat | wong iki mandêng tan sipi | baya nora kuwatir | mêngko yèn mulih barundhul | baya lamun konangan | pêsthi mulih nora bêcik | sun watara wong abagus dèn rêrămpa ||

9. wong iki ingsun watara | apa satriya bupati | ana ing Kuparman kana | upamane ing Biraji | midêra têlung bêngi | sun watara nora antuk | watara têkèng manah | pamandênge si dijuwing | nora ilang rinewangan kuthah darah ||

10. pantês sêmune si dhêngkah | dadia putra Lojami | ing rama Prabu Kurisman | ngadhêpa tan dèn arani | yèn putra amêmanggih | miwah putrane mêmantu | kalawan Si Grisliyar | dadia kadang sayêkti | dènnya sami baguse sêmbada padha ||

11. amung cacade wong ika | rada mènthèl [mènthè...]

--- 16 ---

[...l] mêrak ati | wau Raja Darundiya | mangkana ciptaning ati | kaprênah apa iki | marang Aspandriya Prabu | apa sêlir pingitan | apa putrane sang aji | pasêmone lamine wong kaupama ||

12. ing mêngko ingsun watara | wanodya iki prihatin | pasang-pasanging wadana | kêtara ngêmu wiyadi | pantêse kurang guling | prihatin apa wong ayu | eman atajin dhahar | apa kasoran rêbat sih | sun lipura marang nagara Kuparman ||

13. apan Prabu Darundiya | dèrèng nambutkên pawèstri | dèrèng tuk têtingal ika | putri kang sumiwèng krami | dèrèng kapasangyogi | ingkang dadya galihipun | apan duk milya kesah | saking nagri Ngalabani | manakawan duk rare dhatêng kang raka ||

14. satriya ing Tambakrêtna | tut lêlana andon jurit | ing mangke malah diwasa | kongsi jumênêng narpati | anèng nagari Bangid | dèrèng amanggih panuju | èstri ingkang prayoga | kang yogya kinarya padmi | salamine pan amung sêlir kewala ||

15. sêlire pan salawe prah | jarahan saking Mêdayin | kalane Wong Agung Menak | sarawuhe saking Mêsir | samya ambêboyongi | anèng nagari Mêdayun | duk sêpi Sri Nusirwan | mêthuk ing Sang Ratu Jobin | baris anèng ara-ara Bakdiyatar ||

16. mila sabalane Ambyah | nèng Mêdayin bêboyongi | satriya lawan punggawa | miwah kang para narpati | mangkya Sang Rajèng Bangid [Ba...]

--- 17 ---

[...ngid] | miyat ing dyah luwih ayu | mèh supe yèn dinuta | kèrêm ing putri Lojami | sadangune agung dènnya balang ulat ||

17. nanging Rêtna Saribengat | iriban maksih ngecani | ing solahe Darundiya | dene nèng ngarsa narpati | agung anyadhong liring | datan acipta pakewuh | ngandika Aspandriya | sapa rane sang duta Mir | saur sabda ingsun aran Darundiya ||

18. ing Bangit kadhaton ingwang | măngka cundakaning wèsthi | pan ingsun iki gêgawan | wong agung ing Ngalabani | Radèn Maktal prajurit | naking-sanak lawan ingsun | putra ing Tambakrêtna | minăngka kadang sayêkti | mring Wong Agung Kuparman Sri Kakungingrat ||

19. matura ing gustinira | yèn ingsun amapag jurit | amit Prabu Darundiya | lampahe anolih-nolih | amung putri Lojami | kang cumanthèl ing jêjantung | Sang Rêtna Saribengat | kadya pinêthêt kang galih | aningali antuke Sang Darundiya ||

20. kadya ta sira milua | mring kang mulih nolih-nolih | tyasira kadya sinêmpal | kapalang durung prajangji | duta wus praptèng jawi | Prabu Aspandriya kondur | mung Patih Kalbudiyan | wangsul barisane malih | kawarnaa kang dumunung dalêm pura ||

21. rêtna adi Saribengat | iya putri ing Lojami | praptane ngiring sang nata | tan antuk dhahar lan guling | udarasa sang putri | animbali arinipun | Rahadèn Inggrisliyar | nilib apan manjing puri | gènnya [gè...]

--- 18 ---

[...nnya] miyos saking kori bêbutulan ||

22. angangge cara wanodya | Sang Rajaputra Lojami | Radèn Arya Inggrisliyar | wus prapta ing dalêm puri | tur sêmbah ing raka glis | kang rayi sigra rinangkul | dhuh nyawa ariningwang | anglakoni kawlasasih | ngêtutakên mring kadang dadi boyongan ||

23. daya yèn manggiha arja | nèng paran kawêlasasih | sira mau asewaka | wruh karyane duta prapti | saking Kuparman nagri | ya ki besan Dalêmdarun | kang tlacap-tlacap ika | piangkuhe dèn kandhangi | wong kinongkon kadya sarayan pilala ||

24. mendah nèng ênggone kana | baya angêbêki bumi | piyangkuhe Darundiya | kang rayi umatur aris | inggih punapa kasil | angucap dede kêkaruh | jamak wong dadi duta | karya gunggung sawatawis | yèn kasoran gustine ingkang kandhapa ||

25. pratăndha jalma utama | kinarya duta narpati | pan manusa pêpilihan | dene prayoga tinuding | apan Sang Jayèngmurti | sinêmbah ing para ratu | inggih măngsa ngutusa | satriya kang cêkak budi | pasthi ngutus ingkang wirutamèng tindak ||

26. sêdhêng Raja Darundiya | dutane wong agung luwih | mèsêm Rêtna Saribengat | kagagas ing tyas wiyadi | nyata satriya luwih | ya ki besan Dalêmdarun | kang rayi dèrèng wikan | lamun kang raka wiyadi | kang kacipta mung caraka Darundiya ||

27. angling Rêtna Saribengat | mula sira

--- 19 ---

sun timbali | bok aja dhuwêl kewala | anèng ing pondhokirèki | yayi golèka margi | sinaua akêkaruh | lan Nata Darundiya | ika narpati ing Bangit | iya ingsun mas ari kang awèh beya ||

28. apan ingsun ginawanan | ing ramanira ing nguni | mirah rêtna sagotongan | gawenên rêruba yayi | marang Sang Raja Bangit | ya ki besan Dalêmdarun | prandene tan tumama | sira nèng nagri Biraji | angur yayi padha minggat nèng Kuparman ||

29. iya lêlakon sapira | yayi kang dèn pasanggrahi | marang Wong Agung Kuparman | kang rayi umatur aris | inggih amung saari | saking ngriki têbihipun | ing wana jawi rangkah | kêbak ing bala Nata Mir | Saribengat gumujêng sarwi ngandika ||

30. yèn mêngkono paran karsa | dene iku nora têbih | pondhoke si bakal besan | Dalêmdarun Rajèng Bangit | kang rayi matur aris | gunêm punapa puniku | kakang bok sêdya mangkat | manawa mindho papani | apan dèrèng kantênan yèn unggul ing prang ||

31. kang êmbok sintên kang năngga | yudane Rajèng Biraji | bilih Wong Agung Kuparman | kawula dèrèng andugi | pawarta kang sayêkti | sugih bala para ratu | pan dhusun jawi rangkah | wanane samadya sasi | kaèbêkan pakuwone para raja ||

32. samya ratu gung prakosa | kabala mring Jayèngmurti | prajurit lêlananging rat | marma purun anglurugi | gêcak nagri Biraji |

--- 20 ---

gustine Darundiyèku | Menak Pêpakuningrat | balane datanpa wilis | pakuwone jêjêl lakon sangang dina ||

33. inggih kakang bok ing benjang | kawula ngupados margi | pawong sanak wong Kuparman | kang rayi pan sampun mijil | saking ing dalêm puri | kunêng wau kang winuwus | lampahe Darundiya | wus prapta ngarsanira Mir | sampun katur satêmbunge Aspandriya ||

34. suka dènira miyarsa | Wong Agung Jayadimurti | Aspandriya mapag aprang | nimbali sagung prajurit | atap munggèng ngarsa Mir | samya busana anayub | wau Sang Darundiya | wus kenjing dènira linggih | sampun lèngsèr saking ngarsane kasukan ||

35. praptane pakuwonira | nimbali ingkang pêpatih | Wujungkalbat wastanira | wotsari bapa sirèki | pakênira sun tuding | marang ing jro kitha gupuh | lan sapa namaning kang | garwane Natèng Biraji | putri endah ingkang rada prihatinan ||

36. yèn putri nagri amănca | amêsthi na kang nunggoni | iya kang makuwon jaba | amasthi bapa katawis | pakuwon wong prihatin | kukuse nora na mumbul | basa kang padha adang | anèng ing pondhokirèki | pan kumutug kukuse prasamya rêbah ||

37. yèn ana wadya ngon jaran | kang tunggu ngantuk adhidhis | iku bapa takonana | gustine pasthi prihatin | kyana patih wotsari | Wujungkalbat nêmbah mundur | lajêng marang jro kitha | mung bêkta bala kêkalih | panyamure [panyamur...]

--- 21 ---

[...e] mindha wong golèk dagangan ||

38. prapta salêbêting kitha | wontên pakuwon kapêncil | malêbêt sira kya patya | mulat pakuwon amampir | wadya kèh dhêdhêp sami | kukuse tan ana mumbul | kang wau tinakenan | wong jawi saurira ris | pan puniki pakuwone gustiningwang ||

39. aran Radèn Inggrisliyar | putrane Katong Lojami | ngiringkên kadange tuwa | mung bêkta bala sakêthi | nanging gusti sang putri | tan antuk pakramanipun | mring Prabu Aspandriya | karsaning kang ujwalati | putri ayu têka nora kanggo krama ||

40. rumiyin pan winasesa | dene Sang Rajèng Biraji | praptèng don tan kaupama | baya ta uwus pinasthi | kyana patih nulya glis | anêsêg pitakonipun | Kya Patih Wujungkalbat | ingsun gawanên kiyai | aturêna marang ing lêlurahira ||

41. mangkana wau binêkta | mring ênggèn lurahirèki | ing lêbêt pondhokanira | tan adoh lawan kang gusti | lêbête kyana patih | lan sikêp ngarit kadulu | angirid wong têtiga | lampahe anyalawadi | pasêmone kaya dudu wong urakan ||

42. nulya sira tinimbalan | kapat wus prapta ing ngarsi | angling Radèn Inggrisliyar | hèh bapa sira wong ngêndi | padha pasajan ugi | aja dudon marang ingsun | sumaur Wujungkalbat | kawula têtiyang Bangit | pamomonge inggih Prabu Darundiya ||

--- 22 ---

4. Mijil

4. Raja ing Bangit kengkenan kapanggih Rêtna Saribengat

1. mêdal wuwuse putra Lojami | bapa sun têtakon | karyanira kinongkon marene | Wujungkalbat umatur wotsari | ngupados jêjampi | jêjampining wuyung ||

2. duk ingutus mariki udani | wurine sang katong | èstri luwih pan dadya galihe | ya ta mèsêm putra ing Lojami | iya bapa baik | pan iku kadangku ||

3. lamun iya sang prabu ing Bangit | tuhu ing wiraos | asih marang kadang ingsun mangke | praptèng manah kongsi kawlasasih | nuli sun aturi | praptaa dèn gupuh ||

4. apan ingsun kang anggawa ugi | marang kakang êmbok | Ingrisliyar têlas wêwêlinge | atur sêmbah rêkyana apatih | mundur praptèng jawi | sigra lampahipun ||

5. kunêng ingkang kawarnaa malih | sang putra wiranom | marang pura anamur lêbête | tur uninga marang kadang èstri | wuwusên sang putri | kang agung awuyung ||

6. Rêtna Saribengat gêng akingkin | anandhang wirangrong | tanpa dhahar sang dyah salamine | miyat Prabu Darun Rajèng Bangit | sangêt awiyadi | sang dyah agung muwun ||

7. sambat ibu rama tan kadugi | kaliru wiraos | jêbul Darundiya sêsambate | wong Kuparman kang ingutus dhingin | pamulune manis | ya Ki Dalêmdarun ||

8. bêkta tunggul panantang mariki | têka gawe angkoh | pan anglirik [a...]

--- 23 ---

[...nglirik] ing wurine rajèng | apa prapta ing tyas maring mami | narpati ing Bangit | ya Ki Dalêmdarun ||

9. panglirike amalangatèni | si jênat maring ngong | nora mambu yèn lagi kinongkon |[1] ambêk angkuh wong kaciwa bumi | mendah nèng dhangkaning | ya Ki Dalêmdarun ||

10. baya angkuhe ngêbêki bumi | lawan mega awor | baya nora nolèh ing ngandhape | wêgah têmên ingsun angladèni | wong angkuh kapati | babo Dalêmdarun ||

11. yèn maria angkuh sun opahi | êmas têlung bokor | dimèn aja angèl ladènane | wong abagus aja duwe ciri | lêgawa ing budi | dhêngkah Dalêmdarun ||

12. duk larène saking Ngalabani | wartane si bancol | trah prajurit wong ika jawane | marma angkuh tinandur narpati | anèng nagri Bangit | nama Prabu Darun ||

13. saya wuwuh angkuhe kalêngki | dhingin wartaning wong | kala manakawan ing kadange | piyangkuhe nora ambêdhati | ing mangkya dadya ji | marmangkuh Ki Darun ||

14. pan kasaru praptane kang rayi | pan mêksih ambogor | anungkêmi sang dyah gêgulinge | êmbanira umatur wotsari | rakanta wus lami | kandhuhan gung wuyung ||

15. kang dadya kung mung sang duta Amir | Darundiya Katong | duk nalika dinutèng marene | mawi tunggul panantanging jurit | saungkure nênggih | mung punika ketung ||

16. lah matura ing kakang bok aglis | ingsun darbe dhayoh |

--- 24 ---

nanging iya wus ingsun kon mulèh | pêpatihe Bangit namanèki | Wujungkalbat nênggih | ngutus gustinipun ||

17. lamat-lamat sang dyah pamirsèki | kang rayi miraos | ngangge Darundiya pêpatihe | jog tumêdhak anyêluk ing ari | tutugêna yayi | wartanira mau ||

18. sira kadhayohan Patih Bangit | apa ta kinongkon | ingkang rayi tur sêmbah ature | pan ingutus marang gustinèki | ngupados jêjampi | jêjampining wuyung ||

19. nanging sampun kawula sagahi | Darundiya Katong | yèn praptaa lawan prajurite | kula turkên ing paduka benjing | lan kula tut wuri | lolos sampun tanggung ||

20. parandene mêmirang nèng ngriki | tan sae mulat wong | lan andika kangbok botên kajèn | luhung suwitèng Sang Jayèngmurti | yèn tulus narpati | ing Bangit angukup ||

21. Aspandriya salamine prapti | Sang Jayèngpalugon | tingal kula arêgêd cahyane | manawi ta arsa pês kang jurit | luhung samya ngungsi | wong agung pinunjul ||

22. kunêng ingkang lagya gunêm kawis | anèng jro kadhaton | ingkang rayi sêmana wus kinèn | mantuk marang pakuwon ing jawi | kagyat kang winarni | Wujungkalbat rawuh ||

23. ngarsaning Gusti Darundiya ngling | hèh bapa olèh don | kaya apa lakumu wartane | Wujungkalbat umatur wotsari | inggih angsal margi | panggih kadangipun ||

24. Inggrisliyar putra ing Lojami | punika kang anom | ingkang

--- 25 ---

sêpuh sang dyah wêwangine | Saribengat kusumaning puri | patêmbayèng nguni | panduka sinuhun ||

25. lamun têmên-têmên praptèng galih | marang kadang ingong | alah iya praptaa marene | têmu lawan kakang bok pribadi | dèn gawaa nuli | yèn ana pakewuh ||

26. wong Biraji yèn ana nututi | katêmu maring ngong | wus jamake iya kadang anèm | tan gumingsir iya milang kanin | anging Natèng Bangit | dèn tumêkèng kalbu ||

27. kadang ingsun pan lumuh kapati | mring Biraji Katong | lan Sang Prabu Aspandriya mangke | mitambuhi angêbonkên lami | paran ta inganti | andêdawa guyu ||

28. dhingin durung ana kang nandhingi | Aspandriya Katong | parangmuka samya takut kabèh | mangke ana kang wani nandhingi | ingsun sakit ati | pasthi kadang ingsun ||

29. ingsun gawa ngungsi kang prayogi | yèn ana kang takon | pan makatên nênggih têmbayane | duk miyarsa narpati ing Bangit | suka angundhangi | ing prajuritipun ||

30. pra dipati dhomas ingkang prapti | sawadya kaprabon | mantri tigang èwu prapta kabèh | prasamya kapraboning ajurit | mantri kang sinêlir | nênggih pitung atus ||

31. ingkang winor lawan pra dipati | kang prawirèng tanggon | sèwu gangsal atus ing panjinge | gêgawane saking Ngalabani | limang atus mantri | dadya limang èwu ||

32. sami awahana kuda kuldi | banthèng lan angrimong | sikêp ga duduk lan parise |[2] gandhi [ga...]

--- 26 ---

[...ndhi] kalawahi lan calimprit | sagung wadya Bangit | sakêthi nêm èwu ||

33. bêkta jêmpana tandhu lan joli | gumuruh ponang wong | angkatira anganti surupe | kang sinêdya lampah dalu baris | wadya kang ginangsing | tan na nêdya mundur ||

5. Durma

5. Rêtna Saribengat dipun rêbat dening Raja Bangit

1. suruping kang arka Prabu Darundiya | budhal sawadya atri | dene kang tinilar | pakuwon pra dipatya | sakawan ingkang winêling | yèn ana surak | ing jro kutha Biraji ||

2. lawan têtêg kêndhang gong bèri wurahan | nulya atur upaksi | iya mring pangeran | Wong Agung Parangteja | yèn ingsun angrêbat putri | marang jro kutha | tur sêmbah kang winêling ||

3. pan ginêlak lampahe bala asigra | wadya ingkang sakêthi | kinèn andhêdhêpa | munggèng têpining wana | bala kang wahana sami | lajêng mring kutha | ngakua wong Lojami ||

4. pan ingutus marang Sang Prabu Kurisman | bêbantu ing ajurit | dadya katambuhan | dene bala jro kitha | kori lèr kang dèn wêdali | bubuhanira | Raja Dahan nênggani ||

5. ingkang wetan gènnya Patih Kalbudiyan | datan kawarnèng margi | wau lampahira | Sang Prabu Darundiya | praptèng jro kitha Biraji | kang tinakenan | angaku wong Lojami [Lo...]

--- 27 ---

[...jami] ||

6. wong Biraji tan ana ingkang non taha | têmên panarkanèki | Patih Wujungkalbat | kang kinèn rumiyina | panggih lan putra Lojami | matur punika | raka panduka prapti ||

7. maksih dhêdhêg anèng sajawaning kitha | angakên wong Lojami | sandi dutanira | nênggih rama paduka | Radèn Inggrisliyar aglis | amêthuk mêdal | panggih lan Natèng Bangit ||

8. sarêng cundhuk gantya angaras kang jăngga | wong kang atunggu kori | kang darbe bubuhan | balane Raja Dahan | kaipe ing sri bupati | sampun winartan | kang prapta wong Lojami ||

9. asêngadi punggawanipun kewala | ingkang binêkta manjing | dene bala kathah | inggih enjing kewala | sadaya kang tunggu kori | tan ana nyana | yèn bala Kuparmani ||

10. sampun prapta pakuwone Inggrisliyar | atrap tata alinggih | Raja Darundiya | bupati kang binêkta | tri atus mindha wong cilik | sira Rahadyan | Inggrisliyar ing puri ||

11. ingkang raka Rêtna Dèwi Saribengat | sampun binêkta mijil | saha pawongannya | manggihi ingkang rama | prapta saking ing Lojami | tan anggraita | wadya kang tunggu kori ||

12. sapraptane pakuwone Inggrisliyar | lajêng binêkta mijil | marang jawi kitha | wong Bangit wus samêkta | ing sakèthèng sampun prapti | bubuhanira | Raja Dahan prajurit ||

13. hèh wong apa dalu-dalu akèh mêdal | lawan bêkta pawèstri [pawè...]

--- 28 ---

[...stri] | ya ta saurira | Sang Rêtna Saribengat | arsa manggihi ramèki | wong tunggu lawang | asru dènira angling ||

14. apa sira anggawa layang pratăndha | pratandhane narpati | yèn uwus kalilan | yèn ora ngong tan suka | dene anggawa pawèstri | lah jaman apa | iya ing măngsa iki ||

15. akèh mungsuh barise tanpa wilangan | sigra Sang Natèng Bangid | wadya kinêjepan | angrêbat sorogira | pinêdhang kang tunggu kori | gègèr wus pêjah | mênga kang ponang kori ||

16. gumarubyug wêdale asalang-tunjang | opyak wadya Biraji | yèn kalêbon cidra | ambêndhe Raja Dahan | wong Bangit lawan Lojami | wus praptèng jaba | siji tan ana kari ||

17. anututi sabalane Raja Dahan | têmpuhe prang ing latri | wau balanira | Sang Raja Darundiya | kang kinantun ing wanadri | lawan jêmpana | gugup dènnya miyarsi ||

18. sigra mêthuk putri wus munggèng jêmpana | Prabu Darundiya ngling | hèh sagung dipatya | kabèh padha karia | pagutên ingkang nututi | bala jro kitha | sarwi lumaku ririh ||

19. sangsaya gung wadya jro kutha praptanya | wus katur sang narpati | yèn kalêbon cidra | nêngguh pangendrajala | wêdale ambêkta putri | langkung bramantya | Aspandriya Narpati ||

20. kunêng ramening dalu wuwusên enjang | gumrah kêndhang gong bèri | Prabu Aspandriya | mêdal saking jro kitha | gumuruh ingkang

--- 29 ---

prajurit | Sang Raja Dahan | kang maksih anututi ||

21. tinimbalan wangsul marang Aspandriya | apa karya nututi | ing benjang kewala | iya măngsa wurunga | iku yèn kaboyong mami | yèn uwis pêjah | iya Si Jayèngmurti ||

22. Kyana Patih Kalbudiyan matur nêmbah | matur tiwasing gusti | kang alampah cidra | nêngguh pangendrajala | Darundiya Natèng Bangit | asru ngandika | sri raja ing Biraji ||

23. tanbuh-tanbuh bapa sira kang kaucap | ayya ta sira pikir | pakartining bocah | balik gêgamanira | payo tatanên dèn aglis | lan tunggul aja | adoh lawan sirèki ||

24. wadyèng Arab sadaya uwus miyarsa | yèn mêngsah amiyosi | lawan praptanira | Sri Nata Darundiya | wong Kuparman gupuh sami | nêtêg têngara | wurahan munggèng wuri ||

6. Pangkur

6. Wadyanipun Wong Agung sami kabur dening wasiyatipun Prabu Aspandriya

1. miyos baris ing Kuparman | ambalabar lir robing kang jaladri | sagung ingkang para ratu | wus tata barisira | Jayèngmurti nèng wijoan palowanu | kagyat wau duk umiyat | rakite baris Biraji ||

2. ngandika ing Radèn Maktal | lah ta yayi awasna baris iki | seje lawan para ratu | ing nguni mungsuhira | kaya nora nêdya prang tunggulan [tunggu...]

--- 30 ---

[...lan] iku | rakite baris katingal | dudu arsa aprang tandhing ||

3. hèh yayi bubrahên enggal | barisira undhangna para aji | satriya myang punggawa gung | prayoga owahana | akaryaa panumping lawan sêsungut | sadaya wus ingundhangan | obah baris ing Biraji ||

4. Aspandriya nèng dhampar mas | Kyana Patih Kalbudiyan wotsari | paran karsa sang aprabu | punapa kinêbutna | ponang tunggul Aspandriya ngandika sru | lah êngko dèn lirih bapa | antinên parêke ugi ||

5. Lamdahur tan bêtah miyat | amit nêmbah arsa mêtoni jurit | ngandika Sang Jayèngpupuh | lah iya dèn prayitna | lah dhingina sun dulune tingkahipun | sang nata nitih dipăngga | mangsah gadane pinandhi ||

6. mungsuh rowang barêng surak | piniyarsa lir rêbah kang wiyati | dyan tunggul wulung kinêbut | mêsês mêdal prahara | duk katrajang kaplêsat Prabu Lamdahur | tiba saking ing dipăngga | kabucal katut ing angin ||

7. dipangganya galundhungan | Alamdahur tiba jabaning baris | wadya apan akèh kabur | katut ing samirana | duk tumingal wau sira Jayèngpupuh | dene solah kang mangkana | sigra anitih turanggi ||

8. sarwi ngawe ingkang bala | sarêng mangsah sagunging kang prajurit | Ki Umarmaya tan kantun | buntut sêkarduwijan | wong Biraji obah lir samodra pagut | wong Arab kang anèng ngarsa | kèh kombul katut ing

--- 31 ---

angin ||

9. mêsês ingkang bayu bajra | mobat-mabit tunggul kang ciri sasi | datan pêgat ponang lesus | wong Arab kèh kabucal | ingkang mangsah ing ngarsa prasamya kabur | akèh kang tiba ing wana | kang saking kering ngêbyuki ||

10. kinêbut pating palêsat | samya katut kadya ron tibanèki | tan gawêr tinrajang lesus | wuri saya gung prapta | wadya Ngarab prajurit myang para ratu | kathah kang jêbul ing wana | gusis kang katrajang angin ||

11. swarane bala gumêrah | langkung suka sang nata ing Biraji | anon kang mungsuh kèh kabur | kang saking kanan mangsah | Sri Gulangge lan prajurit gajah sèwu | prajurit ing Rum umangsah | nitih blêgdaba sakêthi ||

12. kinêbut ingkang daludag | blêgdaba sèwu samya katut angin | tiba sajroning wana gung | ambyuk kang saking kanan | Darundiya lan Prabu Tanus Samtanus | kinêbut samya kaplêsat | katut kabucal ing angin ||

13. sangsaya drês kang pawana | wadya yutan wêndran ingkang prajurit | kang samya katut ing lesus | wong agung duk umangsah | Umarmaya tan kontal tansah nèng buntut | kuda pun sêkarduwijan | katêmpuh drês ponang angin ||

14. kuwat pun sêkarduwijan | Umarmaya nèng buntut konthal-kanthil | turăngga tan sagêd maju | suku manjing bantala | brêbêl êrah sêkardiyu netranipun | katrajang drêsing pawana | wau sagunging narpati ||

15. kang kari dèrèng umangsah | ana ingkang kabucal wangsul malih [ma...]

--- 32 ---

[...lih] | saking kanan kering ambyuk | prajurit ing Kuparman | sakêthi kang kabucal sayuta rawuh | sayuta ingkang kabucal | sawêndra sabara prapti ||

16. kasaput suruping arka | samya mundur wau kang yuda kalih | masanggrahan sawadya gung | Sang Prabu Aspandriya | langkung suka ing dalu bujana nginum | sira Wong Agung Kuparman | sawadyanira prihatin ||

17. gantya ingkang kawuwusa | kadangira nênggih Natèng Biraji | aran Mraja Baladikum | kuthane Ngambarsirat | duk miyarsa kang rayi mangun prang pupuh | mangsah Wong Agung Kuparman | ing dalu budhal sang aji ||

18. anitih garga si raja | ulês dadu saunta gêngirèki | nanging cêmêng sirahipun | kadya sirahing liman | wulunya bang akuning walakangipun | sagêd angambah gêgana | titihanira narpati ||

19. punika ratuning garga | wus anitih wau sri narapati | mêsat Mraja Baladikum | angambah jumantara | kadya kilat lampahe Sri Baladikum | ing marga tan kawursita | wus prapta kitha Biraji ||

20. wus panggih lan Aspandriya | ingkang rayi matur solahing jurit | ngandika Sri Baladikum | aywa pêpeka sira | mêmungsuhan yayi lan satriya iku | wus kasub kaonang-onang | dadi lêlananging bumi ||

21. têdhak ing Brahim Ambiya | nora ana prajurit sura sêkti | nadyan gandruwo lanlêmbut[3] | ditya yaksa danawa | pirang raja kang wus kalah dene iku | sayuta sawêndra sirna | dene uwong

--- 33 ---

iku siji ||

22. ing besuk yèn sira yuda | ingsun arsa miyat saking wiyati | abangêt kuwatir ingsun | mungsuh Si Kakungingrat | kunêng ingkang agunêm lan kadangipun | wontên ingkang kawuwusa | anduduk pandhita sêkti ||

7. Dudukwuluh

7. Wong Agung angsal pitulungan saking Sri Maha Pandhita Maskun

1. apan sampun angraga sukma sang wiku | têtigasane narpati | dhêdhukuh tapane gêntur | kang putra sampun ngêmasi | kantun wayah madêg katong ||

2. apêparab Sri Maha Pandhita Maskun | kinasihan ing Hyang Widi | pratandhanira sang wiku | barang kang cinipta dadi | sayêkti sampun sayêktos ||

3. wukir Teja sang yogi dènnya pilungguh | tanah nagri ing Ngalabi | Sang Nata Pandhita Maskun | samana ing tyas wiyadi | kang wayah têtiga katon ||

4. ingkang samya lêlana andon prang pupuh | Rahadèn Maktal prajurit | punika wayah kang sêpuh | Sang Raja Sarkam kang rayi | dene wayah kang sawiyos ||

5. ingkang paman Arya Maktal kang sêsunu | Darundiya Natèng Bangid | nênggih samya prênah putu | mring sri nata pandhita di | mangkana duk awirangrong ||

6. salamine tan kadya mangke sang wiku | onêng mring kang wayah katri | wus têdhak saking

--- 34 ---

ing gunung | sang yogi sidik ing èksi | jujug Biraji kadhaton ||

7. pakuwone bala Kuparman jinujug | wadya kang sami ningali | ana pandhita lêlaku | samya atur pangabêkti | sang yogi têtanya alon ||

8. iya takon êndi ta pakuwonipun | satriya ing Ngalabani | kang tinakon sauripun | inggih ngriku pan katawis | pinagêr sari pra katong ||

9. kang lèr wetan pinanjêran umbul-umbul | kalih atus tunggul kuning | sapalih ijêm puniku | kathah panjêran katawis | angungkuli para katong ||

10. pan puniku nênggih kang dadi wêwêlu | sagung barisan puniki | nênggih angidhêp ing ngriku | sasat Gusti Jayèngmurti | ginusti-gusti pra katong ||

11. ingkang rayi pakuwone wetanipun | kang rayi Sang Rajèng Bangid | Sri Darundiya Sang Prabu | pakuwone datan têbih | nênggih pojok êlèr kulon ||

12. nuntên para ratu magêrsarinipun | kang amunggèng kanan kering | tuwin ing ngarsa ing pungkur | kang karèh para narpati | lajur-lajur kang pakuwon ||

13. sang pandhita mèsêm sarwi lumastantun | praptèng pakuwon Ngalabi | Radèn Maktal duk anuju | tamian Umarmayèki | kagyat sang pandhita rawoh ||

14. sarêng têdhak satriya kalih sumujud | ing suku sang maha yêkti | sampun ingaturan lungguh | Radèn Maktal animbali | mring kang rayi prabu karo ||

15. sarêng [sa...]

--- 35 ---

[...rêng] prapta prabu kalih ngaras suku | mring eyang sang maha yêkti | Ki Umarmaya umatur | kamayangan tuwan prapti | ing ngriki manggih pakewoh ||

16. susah amba kadi kala duk karuhun | kala wontên Ngalabani | angrêksa wayah pukulun | Rêtna Muninggar rumiyin | duk kinêpung Rajèng Kaos ||

17. lawan Prabu Mêdayin sawadyanipun | inggih kongsi kawan warsi | tan wontên ngraos pakewuh | sawab paduka ngungkuli | ngapèn-apèni ing kewoh ||

18. mangke wontên wayah panduka pukulun | langkung samya aprihatin | ing mangke kawula matur | Ki Umarmaya nulya glis | marêk dhatêng jro pakuwon ||

19. nulya matur punika pun kaki rawuh | pandhita gung Ngalabani | pan pun Maktal eyangipun | duk anom ratu prajurit | patitis ngulah pakewoh ||

20. aturana iya kakang dèn agupuh | Ki Umarmaya wus mijil | panggih lawan sang awiku | wus kèrid sang maha yêkti | sapraptane jro pakuwon ||

21. sigra têdhak Sang Jayèngmurti amêthuk | angaras pada sang yogi | wus tata samya alungguh | munggèng wijoan rinukmi | andhèr sagung para katong ||

22. ya ta matur Ki Kalana Jayèngpupuh | kamayangan eyang prapti | kawula manggih pakewuh | mêngsah Sang Nata Biraji | kawula wingi yuda sor ||

23. kêmatipun Aspandriya munggèng tunggul | wulung kang aciri sasi | yèn kinêbut mêdal lesus | kathah prajurit ngêmasi | mila sagung para

--- 36 ---

katong ||

24. samya susah prajurite kathah katut | kang samya kabucal angin | gumujêng sang maha wiku | agampil anggèr yèn ugi | waskithèng ulah cumêplos ||

25. benjing-enjing yèn tuwan mêdal prang pupuh | pun putu Umarmayèki | anganggea kulukipun | pêparing andika nguni | kang saking Ngajrak kadhaton ||

26. kang pusaka Nabi Suleman karuhun | lan malih tuwan agêmi | jêjirêt paju manguntur | kang saking Bagendha Kilir | nuntên amora lan mungsoh ||

27. inggih măngsa katingala dening mungsuh | ri sêdhêng têmpuhing jurit | sabêtên paju manguntur | pasthi tunggul nuli mati | inggih mulèh jurit amoh ||

28. ing ayuda amungsuh lawan lêlêmbut | yèn kalêrês pan agampil | sirnane kalawan sêmbur | abot sami manusèki | yèn antuk ratu kinaot ||

29. nahan ingkang sami pikiran sadalu | kang eyang kinèn ngantosi | wus katalèn wulangipun | ya ta kawuwusên enjing | mundur anêtêg kêndhang gong ||

8. Durma

8. Bêdhahipun nagari Biraji

1. pan gumuruh swarane bala Kuparman | miyosi ing ajurit | sagung para nata | ngumpul prajuritira | kang samya wahana èsthi | unta turăngga | sênuk blêgdaba kuldi ||

2. mèmrèng krêndhi angrimong lan adal-adal [adal-ada...]

--- 37 ---

[...l] | supênuh gunging baris | lir samodra pasang | sagunging para nata | wahana wus dèn titihi | Sang Kakungingrat | sampun munggèng turanggi ||

3. Umarmaya sampun angangge makutha | Suleman dèn agêmi | jêjirêt wasiyat | Nabi Kilir punika | wus amor lan wong Biraji | Sri Aspandriya | saha bala wus mijil ||

4. ingkang raka wus mêsat saking gêgana | pan sarwi anitihi | kang garga di raja | kawot gêgamaning prang | Sang Baladikum Narpati | nèng jumantara | ngungkuli mring kang rayi ||

5. Kyana Patih Kalbudiyan tan atêbah | munggèng ngarsaning gusti | mundhi tunggul ingkang | ciri baskara ika | Ki Umarmaya andhêmping | nèng wurinira | tan ana ngudanèni ||

6. dyan Wong Agung Kuparman angawe bala | kang munggèng kanan kèri | sagung para nata | bupati myang satriya | wahana sarêng ginitik | surak gumêrah | sarêng manduk ing jurit ||

7. cinamêthi mamprung pun sêkarduwijan | wau Rêkyana Patih | Kalbudiyan sigra | angêbut tunggul nulya | sinabêt saking ing wuri | mring Umarmaya | brak suwèk tibèng siti ||

8. panandêre wau pun sêkarduwijan | prapta ngarsanirèki | Aspandriya kagyat | anjola wus ginada | luluh Sang Rajèng Biraji | datanpa krana | mung têmbaga kang kari ||

9. Baladikum miyat kang garga lumarap | niyup arsa ngêbyuki | awas Jayèngrana | duk prapta tinadhahan | ing gada garga ngêmasi | tibèng bantala | rêmuk awor lan siti ||

--- 38 ---

10. Baladikum sirnane datanpa krana | gègèr wadya Biraji | Patih Kalbudiyan | pan sampun tinalenan | mring Radèn Umarmayèki | abilulungan | prajurit ing Biraji ||

11. pra dipati Kuparman lan para raja | samya nglud amangungsir | akèh kang kacandhak | punggawa tinalenan | wus bêdhah kutha Biraji | wong agung sigra | manjing sawadyanèki ||

12. anjêjarah gêdhong salêbêting pura | pawèstri dèn cacahi | kapanggih salêksa | parêkan lan pawongan | kajawi kang para putri | kapanggih samas | sadaya wus binagi ||

13. kalih duman ingkang dhatêng para nata | saduman ingkang maksih | dadya gêgantungan | pawongan kang saduman | marang sagunging narpati | ingkang saduman | katur ing Jayèngmurti ||

14. tinunggilkên lawan putri ingkang samas | apa adate lami | yèn ambêdhah kitha | pandume pan mangkana | kang makuwon kêbut sami | marang jro kitha | prasamya jêjarahi ||

15. kang kêrapa wisma sajawining pura | gêmpur dening wadya lit | Patih Kalbudiyan | sinadatakên samya | punggawa satriya mantri | salin agama | sarak Nabi Ibrahim ||

16. Kalbudiyan kang ingadêgakên raja | anèng nagri Biraji | sampun ingèstrènan | Sang Raja Kalbudiyan | wus lênggah nunggil para ji | langkung arsanya | anggung atur mêmanis ||

--- 39 ---

9. Dhandhanggula

9. Wong Agung kondur dhatêng Mêkah

1. Raja Kalbudiyan tur upêksi | lamun sampun waradin sadaya | wong Biraji agamane | cacahing para ratu | dhomas ingkang măncanagari | bupati jroning praja | kèhe gangsal èwu | ulubalang tigang nambang | kalih kêthi cacahe kang para mantri | punika paran karsa ||

2. ya ta wong agung ngandika aris | iya kabèh kasraha mring sira | apan sira narpatine | amung kang para ratu | dhomas ingkang siwakèng ngarsi | nunggala para nata | maksiha sirèku | iya kang dadi wadana | ratu dhomas bupati sun tan ngawruhi | apan wus darbèkira ||

3. ya ta wong agung munggèng sitinggil | abujana lawan para nata | umyang gumuruh swarane | langkung asri awantu | sêsuguhe Natèng Biraji | Sang Raja Kalbudiyan | sapunggawanipun | bikut angladosi ngarsa | ingundhangan siyaga kondur tumuli | maring nagri Kuparman ||

4. kunêng wau sang pandhita prapti | duk katingal sagung para nata | tumêdhak saking ênggone | mêthuk sigra wong agung | sang pandhita sampun kinanthi | munggèng wijoan rêtna | wong agung wotsantun | ngaras padane pandhita | dyan umangsah sagunging para narpati | mangaras ing suku sang ||

5. alon matur Menak Jayèngmurti | eyang tuwan suwawi lajênga | dhatêng ing Kuparman mangke | sang pandhita turipun | botên anggèr inggih pun kaki [ka...]

--- 40 ---

[...ki] | saking ngriki kewala | samya dum rahayu | nanging gusti dèn prayitna | mêngsah tuwan maksih kathah ingkang kari | samya ratu digdaya ||

6. ratu agung-agung wira sêkti | ingkang kari ing sami manungsa | akèh abot sêsanggane | gampil mêngsah lêlêmbut | lamun mangsah manusa sêkti | tuwin ta cobaning Hyang | akathah kang kantun | yèn anggèr prapta Kuparman | dèn kumpulna kang wontên Kaos nagari | manawa na bêncana ||

7. nuwun angaras pada Sang Amir | tuwin Umarmaya Radèn Maktal | katiga lawan arine | samya mangsah asujud | munggèng padanira sang rêsi | myang sagung para nata | samya ngaras suku | mêsat sri nata pandhita | ingkang kantun wus nêtêg têngara nitir | budhal maring Kuparman ||

8. bêboyongan wus budhal kariyin | kèrid dening Raja Kalbudiyan | rumêksa gotongan kabèh | lan sapunggawanipun | samya ngrêksa kang para putri | sêlur joli jêmpana | ewon ponang tandhu | gumuruh swaraning bala | lir ampuhan sawang robing jalanidhi | balabar wanawasa ||

9. tan kawarna ing marga wus prapti | ing Kuparman sagung para nata | gumuruh ingkang wadya kèh | para putri pan sampun | manjing pura lan para cèthi | sagunging para nata | lan sawadyanipun | mring purane sowang-sowang | langkung dening wuwuh arjaning nagari | jêjêl tanpa linggara ||

10. pan wong agung sampun munggèng puri | anutuggên karya pakêbonan | kinêmbar-kêmbar kêmbange | tuwin kang

--- 41 ---

para ratu | nutugakên karyaning nguni | Sang Raja Kalbudiyan | pan sampun tinuduh | makuwon sakidul pura | saha bala wong Biraji nambutkardi | wisma myang puranira ||

11. tan winuwus solahing kang mukti | Jayèngrana enjing siniwaka | pêpak para ratu kabèh | satriya punggawa gung | angandika Sang Jayèngmurti | yayi mas Parangteja | saosa sirèku | lawan sagunging narendra | iya kabèh padha uruna bupati | ngiringa lakunira ||

12. iya marang ing Kaos nagari | amondhongi marang putraningwang | dèn gawaa lan ibune | tuwin sagung kang tunggu | para ratu aja na kari | lawan ya putunira | iya aywa kantun | Raja Sayid Ibnu Ngumar | aja pisah lan Ki Prabu Nyakrawati | Mraja Kobatsareas ||

13. mung Si Jobin iku konên kari | atunggua ing Kaos nagara | yayi Nirman sakadange | yayi Urmus Samakun | Bahman Bêstak aywa na kari | sandika aturira | sagung para ratu | samya amatah punggawa | kang umiring maring ing Kaos nagari | kunêng tan winurcita ||

14. wontên utusan kang lagya prapti | atur surat saking ingkang rama | lawan saking ing ibune | apan ngaturi kondur | maring Mêkah inggih rumiyin | kang ibu lan kang rama | sangêt onêngipun | miwah santana sadaya | duk praptane saking ing Kaos nagari | laju marang Kuparman ||

15. labêt pisah kalih dasa warsi | lagi prapta lajêng karyanira | mangkya Biraji [Bira...]

--- 42 ---

[...ji] bêdhahe | ing pawartanya katur | mila ingkang rama nimbali | kang ibu sambatira | mangkana wong agung | wande dènira utusan | angundhangi bodhol mring Mêkah nagari | mung Raja Kabuldiyan ||

16. ing Biraji sawadya para ji | kinèn têngga kitha ing Kuparman | wong agung sigra budhale | ing Mêkah sampun rawuh | jêjêl sagung para narpati | Wong Agung Kakungingrat | laju mring kadhatun | wus panggih lawan kang rama | lan kang ibu ngaras pada Bagendha Mir | ibu miwah ramanta ||

17. lan sawarga jalu lawan èstri | anêkani ing jagad sadaya | gung alit samya karsane | prasamya jrih alulut | dyan wong agung enjang tinangkil | mring sagung para nata | Sang Prabu Lamdahur | dhinawuhan asiyaga | kinèn budhal marang ing Kaos nagari | lawan sabalanira ||

18. lan Tamtanus lawan Yusup Adi | saha bala kinèn rumiyina | sandika tur sêmbah lèngsèr | budhal sabalanipun | pan ing marga datan kawarni | prapta Kaos nagara | kunêng kang winuwus | wus lami antaranira | Kyana Patih Bêstak lan Sang Raja Jobin | anggit karya upaya ||

19. karya surat têmbunge sêngadi | muni Sang Raja Prabu Nusirwan | marang ki patih jujuge | hèh pèngêt layang ingsun | Sang Aprabu Anyakrawati | ratu kang pinituwa | marang para ratu | ing Mêdayin binathara | Maha Prabu Nusirwan dhawuha iki | marang ing sira Bêstak ||

20. liring ingsun aparing udani | lamun Ambyah lawan Umarmaya |

--- 43 ---

mati sinulah karone | mring Raja Sadat Kabul | Ngumar prange ing kaping kalih | prang nguni wus picondhang | nuli wangsulipun | gawa satriya digdaya | mila tiwas sutèngong Si Jayèngmurti | lawan Ki Umarmaya ||

21. sabalane wus anungkul sami | amung Ratu Sangrandil lan Yunan | nora mênang ing karone | mangkat mring Kaos mungkur | wuri prapta Natèng Ngabêsi | Sri Sadat Kabul Ngumar | antuk sraya ampuh | dene ing mêngko ta Bêstak | anak ingsun nini putri Muninggarim | arsa sun paringêna ||

22. mring Si Bahman lamun ananggupi | angêmbani ngadêgakên raja | nyakrawati karatone | mring sutèngong kang sêpuh | pan Si Arya Nirman Apatih | wong Arab tinumpêsan | kang padha atunggu | anèng ing Kaos nagara | yèn abăngga yèn nungkul uripna sami | yèn anut mring Si Nirman ||

23. wusnya dadi gènira nênulis | Patih Bêstak ana wadyanira | kang rama anyar praptane | saking nagri Mêdayun | kinèn ngakên duta narpati | nênggih kang bêkta sêrat | punika kang dhawuh | marang Ki Apatih Bêstak | lawan kinèn ngakua wêruh pribadi | nora anyilih mata ||

24. ing patine wong agung kêkalih | Kakungingrat lawan Umarmaya | duk sinulah mustakane | katur marang Sang Prabu | Nyakrawati marang Mêdayin | kinarya mêng-amêngan | marang Sadat Kabul | Patih Bêstak wus mupakat | sapolahe kalawan Sang Ratu Jobin | nrapakên kamadaka ||

--- 44 ---

25. mantrinira Bêstak dèn paringi | sèwu dinar kang badhe dinuta | angatêrêna surate | mring Bahman kinèn ngaku | anyar prapta saking Mêdayin | Hèrkopah namanira | mantri rada sêpuh | Patih Bêstak wêlingira | dèn manthêlêng matanira dèn macicil | têtomboka supata ||

26. suratira sampun dèn tampèni | Hèrkopah sigra mêsat tur sêmbah | praptèng Bahman pakuwone | duta mangsah tumanduk | matur lamun caraka Patih | Bêstak ngaturkên surat | kang saking Mêdayun | inggih ingkang anyar prapta | pan kawula kang bêkta saking Mêdayin | Bahman atampi sigra ||

27. tinupiksa têmbunge kang tulis | wus kadriya unine nuwala | Raja Bahman sasampune | maos surat adangu | kaya apa wartane iki | dene ta nora nana | wèh wêruh maring sun | kănca-kănca para raja | mantrinira Bêstak umatur macicil | sampun paduka was-was ||

28. pan kawula angadhêp pribadi | dhatêng rama paduka narendra | duk sirah kalih praptane | katur rama sang prabu | Raja Sadat ingkang anyangking | lajêng kinarya onclang | nèng ngarsa sang prabu | sirahipun Umarmaya | inggih kula ngiling-ilingi pribadi | nyêng-unyêngipun gangsal ||

29. wontên nginggiling githok kêkalih | mung satunggil kang wontên ing têngah | kêkalih nginggil bathuke | lan andhêng-andhêngipun | sakêlungsu tumèmplèk kuping | dene Sang Kakungingrat | kalih gèthèkipun | sami sanginggil talingan | Raja

--- 45 ---

Bahman sawusnya miyarsa nangis | langkung prihatinira ||

30. agêng trêsna mring Sang Jayèngmurti | luhira drês ngadhuh ngusap jaja | caraka kalih lumèngsèr | pamit sarwi wotsantun | Raja Bahman nora nauri | pijêr dènnya karuna | Hèrkopah wus laju | prapta ngarsanira Bêstak | matur lamun Narpati Bahman prihatin | sampun amaos surat ||

31. lara-lara ambêkuh anangis | duk miyarsa sira Patih Bêstak | lan Jobin kagèt manahe | sigra ing lampahipun | andhatêngi wong agung kalih | Jobin kalawan Bêstak | arsa apitutur | maripih ing Raja Bahman | aja kongsi prihatin mring Jayèngmurti | maria lara brăngta ||

10. Asmaradana

10. Wong Agung tuwin Umarmaya dipun wartosakên pêjah

1. wus prapta wong agung kalih | ing pakuwonira Bahman | kèndêl wau panangise | ngacarani ingkang prapta | sampun tata alênggah | Kyana Patih Bêstak muwus | hèh sang prabu ing Kurisman ||

2. sampun paduka prihatin | sungkawa marang wong Menak | jêr sampun tan wontên mangko | uripe ana ing donya | wong sampun seje alam | prihatin tanpa karyèku | wong mati măngsa wangsula ||

3. luhung paduka puniki | angraosa kaluhuran | jêr sampun wontên pasrahe | rama paduka sang nata | apan tuwan [tuwa...]

--- 46 ---

[...n] kuwasa | angrèh wong Arab puniku | pan sampun wontên ngarsanta ||

4. yèn lumuh paduka mangkin | punapa ingkang sinêdya | Sang Raja Bahman wuwuse | dènnya gêng sihing wong Menak | asru pracayaningwang | apan ingsun arsa kiwul | apranga tandhing digdaya ||

5. lawan ratu ing Ngabêsi | pan Si Sadat Kabul Ngumar | ing besuk ingsun sulahe | Patih Bêstak angrêrêpa | prabu aywa mangkana | manawi têmah kaduwung | ing karsane si bathara ||

6. lamun paduka anampik | dhatêng Sang Putri Muninggar | manawi pinaringake | maring para ratu liya | jêr Ambyah sampun pêjah | sayêkti owêl puniku | Muninggar sêsotyaning rat ||

7. yèn kalap tuwan pribadi | apan botên abêbakal | wong Mêdayin panêmbahe | miwah balanipun Ambyah | inggih sayêkti tumrap | jêng tuwan kinarya sampun | sêsilih Sang Jayènglaga ||

8. punika wontên narpati | agung-agung badhe prapta | ing Turkiyah kadhatone | balane tanpa wilangan | sugih bala punggawa | pan maksih wontên dêlanggung | Sang Raja Sarkab Turkiyah ||

9. lan Narendra Parangakik | Raja Perit badhe prapta | ratu abot sêsanggane | sugih punggawa prakosa | wadya yutan awêndran | sayêkti punika ayun | pinaringakên sang rêtna ||

10. yèn sampun tuwan sanggêmi | ratu ingkang badhe prapta | yakti manjing bantu bae | jêr tuwan sampun atămpa [ată...]

--- 47 ---

[...mpa] | lilane sri bathara | Nata Bahman mangu-mangu | kêna mêmanise Bêstak ||

11. wus sirna tingale asih | kang maring Sang Kakungingrat | dadya angalih ciptane | maring Kusuma Muninggar | owêl yèn kaliyaa | ya ta Bahman wus anurut | pratikêle Patih Bêstak ||

12. Raja Bahman ngandika ris | têtapi Kya Patih Bêstak | pakewuhe atiningong | dene Sang Surayènglaga | abala sinantana | lan sakèhing para ratu | kabèh manjing jiwa raga ||

13. kayaparan tingkah mami | tan kêna jinadha-jadha | wong Arab abot sanggane | tan kêna sinapakana | lawan Rêtna Muninggar | Ratu Jobin gya sumambung | punika kapanggya ingwang ||

14. iya ngong milu ngrewangi | pan ana paekaningwang | sun sandi aduwe gawe | mêmule kang cakal bakal | mrih lujênge wak ingwang | iya nagari ing Kaus | sun sandi angundang mangan ||

15. sagunge para narpati | kalawan mantri punggawa | padha praptaa jêjodhon | iya ing pakuwon ingwang | sira Kya Patih Bêstak | sun bubuhi angrêrimuk | ing Prabu Kobatsareas ||

16. dening durung darbe sori | saibune dèn turana | kewala măngka wakile | dèn aturana tumêdhak | iya ngluwari nadar | Kyana Patih Bêstak sanggup | pêsthi kêna sun rimuka ||

17. karana panggawe wajib | iya angluwari ujar | lan adêge putuningong | Narpati Kaos nagara | Sri Sayid Ibnu Ngumar |

--- 48 ---

apan iku putuningsun | saparo putu wong Menak ||

18. sayêkti padha agampil | yèn mangkono nadarira | sang rajaputri têdhake | angèntrèni[4] marang wayah | dene yèn sampun mêdal | agampang pratingkahipun | Raja Bahman siyagaa ||

19. sakapraboning ajurit | miwah ta apêpaèsa | dipun kadi pêpangantèn | yèn ana wong Arab wangkal | tinumpês pinêrangan | sampun dadi rêmbagipun | bubar wus kênthingan dina ||

20. Raja Jobin animbali | putra Ni Dèwi Luljohar | Umaryunani garwane | prapta kang rama ngandika | hèh babo putraningwang | matura marang lakimu | yèn ingsun ngluwari ujar ||

21. ing adêge putu mami | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | yèn tulus jumênêng katong | anèng ing Kaos nagara | lêluhure sadaya | sun mêmule badhenipun | anadene lakinira ||

22. matura ingsun bubuhi | ulam kang buron ing wana | Rêtna Luljohar ature | sandika mundur tur sêmbah | prapta kadhatonira | mring kang raka nêmbah matur | sawêlinge ingkang rama ||

23. Rahadèn Umaryunani | angundhangi wadyanira | kunêng mangkana solahe | sawusnya tutug ing măngsa | ing pitung dinanira | sampurna sadayanipun | sakèhe kang rêratêngan ||

24. Raja Bahman angundhangi | marang para ratu samya | bala Arab sadayane | lawan satriya punggawa | dèn prapta saha bala |

--- 49 ---

Kyana Patih Bêstak sampun | umarêk marang jro pura ||

25. marang Prabu Nyakrawati | Bathara Kobatsareas | sampun prapta ing ngarsane | Patih Bêstak matur nêmbah | pukulun sri bathara | pun Jobin adarbe kaul | bawahi putra paduka ||

26. adêgipun narapati | Prabu Sayid Ibnu Ngumar | sarta inggih amêmule | dhatêng ingkang cakal bakal | nagri Kaos nagara | tuwan têdhaka pukulun | sarta ibu jêngandika ||

27. angluwarakên punagi | dene sagung para raja | ingaturan ajêjodhon | miwah satriya punggawa | Prabu Kobatsareas | pangandikanira arum | yèn mêngkono kaki iya ||

28. ibu mêngko sun aturi | wajibane Jobin iya | ambawahi karatone | anak Sayid Ibnu Ngumar | mundur Ki Patih Bêstak | mundur sagung para ratu | sira wus sami kalihan[5] ||

29. sami mangkata kariyin | ibu sarêng lawan ingwang | sigra ingkang para katong | budhalira sowang-sowang | lah iku cobanira | pakuwone Jobin rawuh | aglar kang para narendra ||

30. wau Prabu Nyakrawati | Bathara Kobatsareas | sampun marêk ing ibune | umatur kadya turira | wau Ki Patih Bêstak | kang ibu sungkawèng kalbu | pinêksa dening kang putra ||

31. angrasa yèn dèrèng idin | sang nira Bagendha Ambyah | nanging kang dadya gampile | onêng salamête wayah | Sri Sayid Ibnu

--- 50 ---

Ngumar | dadya dhangan manahipun | budhal tan patya busana ||

32. sang rêtna anitih èsthi | arja palana lêlawak | pan kalih wêlas songsonge | kang munggèng luhuring liman | nunggil sarta kang putra | sang ratu anom binagus | Bathara Kobatsareas ||

33. busêkan kang nêningali | saking gunge kang bawahan | kontrag sanagara Kaos | tembak satêpining marga | miwah kang arsa wikan | mring Rêtna Muninggar tumpuk | ing marga tanpa linggara ||

34. tuwa anom jalu èstri | apipit jêjêl ing marga | tan karasa gon-anggone | sumping kêkalung kèh ilang | miwah karoncong gêlang | prandene tan pinilaur | saking kêdahing uninga ||

35. maring Rêtna Muninggarim | mangkana duk katingalan | kang konus ali-aline | tan ana ginawe rasa | pijêr dènnya tumingal | kang kadi katipa mancur | tan pae sasăngka wimba ||

36. idung-idungên prasami | tan ana jalma mangkana | mung putri Mêdayin kiye | ngasorkên jim parayangan | isine suralaya | angayapa kabèh patut | marang Kusuma Muninggar ||

37. wus prapta dalême Jobin | sagung garwa para nata | wus aglar dangu praptane | gumrah swarane ing jaba | praptane Sri Bathara | Kobatsareas gumuruh | lan ibu Rêtna Muninggar ||

38. kadya sudama lan sasi | kasorotan diwangkara | tanpa cahya sadayane | kumpul lawan Ni Muninggar | mendah si busanaa |

--- 51 ---

garwane kang para ratu | lumrah pêpaès sadaya ||

39. amung Rêtna Muninggarim | tan paès tan abusana | pasaja salêlewane | mangkana Bêstak tur priksa | marang Sang Raja Bahman | anganti mangke yèn sampun | dhêdharan pan ingangkatan ||

40. kunêng ta ingkang winarni | wontên Rajaputra Selan | kang kantun nèng pakuwone | wau ta maksih anendra | mila datan binêkta | ing rama Prabu Lamdahur | ing mangke wungu anendra ||

41. anama Radèn Pirngadi | putrane ingkang taruna | mring bana rungsid rayine | agêng ngungkuli kang raka | wungu dènira nendra | anyupêna aprang pupuh | wungune kagyat têtanya ||

42. rama prabu anèng ngêndi | êmbanira matur nêmbah | rama paduka sang katong | anjênêngi wong bawahan | Ratu Jobin kang ngundang | malah ratu anom wau | Bathara Kobatsareas ||

43. inggih tumut anêdhaki | Radèn Pirngadi ngandika | apa gawa bala akèh | êmban alon aturira | pan amung upacara | Radèn Pirngadi angungun | karasa yuda kênaka ||

11. Pangkur

11. Raja Bahman tuwin Raja Jobin ambalik

1. ngundhagi kapraboning prang | saha balanira Radèn Pirngadi | wong Selan aja na kantun | sagung para sudira [su...]

--- 52 ---

[...dira] | ingsun gawa anusul rama sang prabu | budhal bala tan petungan | Sang Rajaputra Pirngadi ||

2. sakathahe balanira | para ratu lamun Radèn Pirngadi | nusul saha balanipun | kêrig punggawanira | dadya lami nusul saha balanipun | anut saparipolahnya | ing rama Raja Sêrandil ||

3. wontên malih kang winarna | ana babunira Sang Muninggarim | wau ta datan tinantun | budhale tan uninga | agya nusul sigra lampahira rawuh | ing madyane pasamoan | marêk ing Sang Muninggarim ||

4. matur sarwi angrêrêpa | hèh sang pinangeran sang para putri | marma amba datan tumut | ing bawahan punika | botên eca anggawat salênthingipun | suwawi nuntên kondura | sang putri gêtêr miyarsi ||

5. tan pamit anulya budhal | dipun andhêg ing putra datan kêni | sigra-sigra lampahipun | ngungun sapasamoan | samya êlam-êlamên dènira dulu | Sang Raja Bahman miyarsa | kondure sang rajaputri ||

6. Raja Bahman langkung duka | amrêpêki mring prabu ing Sêrandil | hèh pagene rada wagung | angimanakên iya | karatone mring Kobatsareas iku | misih ana Radèn Irman | anak Prabu Nyakrawati ||

7. iki anake Si Ambyah | nora patut dadia nyakrawati | Lamdahur sugal sumaur | pagene sira Bahman | têka ngucap kang mangkono nora patut | apan sira haram jadah | angucap tanpa

--- 53 ---

kêkèring ||

8. aparsa gawe durjana | liwat luwih sira tan wruh ing bêcik | alam kowar si dodohun | kêlar angucap salah | Raja Bahman sigra narik pêdhangipun | Lamdahur arsa pinêdhang | rinêbut pêdhange kêni ||

9. Alamdahur sigra ngayat | lan pêdhange Raja Bahman pribadi | Raja Bahman gya lumayu | gègèr ing pasamoan | barêng angrok busêkan luwih rubiru | asrang sêdhèting warastra | kadya udan kilat thathit ||

10. rame kang candhak-cinandhak | pêrang-pinrang gênti jênggit-jinênggit | tan ana kang bisa mêtu | tumpuk sêbrak-sinêbrak | buh polahe butêng kang ayuda bingung | akèh tatu akèh pêjah | kèdêkan kapipit-pipit ||

11. kumpul acaruk apisah | tan antuk gon akèh mele mundêlik | mara-mara kêmpus-kêmpus | akèh kang kadrawasan | bala Ngarab kapara têngah gènipun | sagung ingkang para raja | mangsah kapondhot katitih ||

12. mangsah Rajaputra Selan | parêng ngamuk sira Radèn Pirngadi | gumulung anunjang nêmpuh | ambyuk angêmah-êmah | wadya kapir kang sinimpên kathah rawuh | nadhahi pangamukira | Sang Rajaputra Pirngadi ||

13. bangun malih kang ayuda | sangsaya sru rok-rinok rêbut tangkis | tambah-matambah matimbun | tanbuh kang piniarsa | kunêng wontên Ratu Jobin kadangipun | sanès ibu tunggil rama | jumênêng narendra èstri ||

14. ing Pirkari kuthanira | sami myarsa yèn pratingkahe [pra...]

--- 54 ---

[...tingkahe] Jobin | badhe karya arubiru | marang ing bala Arab | sira Prabu Kalajohar èstri pupuh | siyaga sabalanira | samêkta kaprabon jurit ||

15. lami dènnya nandhang brăngta | pan kasmaran mring Radèn Maryunani | datan wontên marganipun | misan lawan Ki Bahman | dènnya dadi mantu kaponakanipun | kang garwa Ni Aluljahar | putrane kang raka Jobin ||

16. dadya mangke napung yuda | tulung marang wong Arab Maryunani | mêmotangi sêdyanipun | mungsuh marang kang raka | sigra raja dèwi lan sawadyanipun | samya anitih turăngga | wontên prajurit nêm kêthi ||

17. rawuh lajêng napung yuda | balanira Jobin tinêmpuh aglis | tinundhung kathah kang lampus | dadya apuliringan | dene baris anêmpuh saking ing pungkur | yèn kadange Jobin iki |[6] Kalajohar Nata Dèwi ||

18. tanbuh mungsuh tanbuh rowang | apadene sira Radèn Pirngadi | wuri dene Rêtna Prabu | Kalajohar kang mangsah | bilulungan wong Arab barêng anêmpuh | wruh ing gusti lan kawula | wong kapir kesis kalindhih ||

19. Bathara Kobatsareas | wus ingadhêp ing raka Maryunani | miwah ingkang para ratu | kumpul angayap samya | mundur marang wong Arab mring kitha sampun | Rêtna Muninggar wus mêdal | mêthuk ing putra ngabêkti ||

20. rinangkul wau kang putra | wus binêkta manjing ing kitha sami | wong Arab kang nandhang tatu | sadaya ingusungan | ginotongan mring balane

--- 55 ---

rêtna prabu | binêkta manjing jro kitha | kerid sang narendra dèwi ||

21. wus kasrah anèng jro kitha | rêtna prabu lajêng marêk sang putri | panggih lan Muninggar sampun | sawusnya tata lênggah | Prabu Dèwi Kalajohar nêmbah matur | kusuma mila kawula | atêtulung ing ajurit ||

22. kawula pan lara brăngta | dhatêng putra panduka awèh wingit | Umaryunani puniku | lami kawula ngarang | Rêtna Dèwi Muninggar ngandika arum | iya dèn aririh uga | aja sira walangati ||

23. nanging sira angantia | ing praptane ingkang rama mèh prapti | ingsun utusan asung wruh | marang Mêkah nagara | aprakara murtate wong roro iku | lah iya Si Raja Bahman | kalawan Sang Ratu Jobin ||

24. ing kene wus ana pêrang | pasthi aglis yèn ingsun kang ngaturi | dèn ayêm hèh rêtna prabu | basa wong duwe karsa | dèn arèrèh măngsa wurunga katêmu | yèn gugup wong duwe karsa | sayêkti arang kapanggih ||

25. rêtna prabu wruhanira | ingsun dhingin onêng mring Jayèngmurti | sun sabarkên têlung taun | iku kapanggih ingwang | yèn gugupa kaya wurunga katêmu | lah iku pitutur ingwang | lah kondura nata dèwi ||

26. tur sêmbah narendra kênya | Kalajohar bubar sawadyanèki | mring Pirkari kuthanipun | kunêng Sang Raja Bahman | winurcita sampun ngadêgakên ratu | Radèn Irman wus kinarya | Bathara Anyakrawati ||

27. wus kait kang para raja | ratu kapir

--- 56 ---

kang srayan akèh prapti | wus umadêg barisipun | kutha Kaos nagara | ênggènipun wong Arab sampun kinêpung | gêgaman tanpa wilangan | wong Arab samya ngunduri ||

12. Durma

12. Raja Bahman pêrang kalihan Bathara Kobatsareas

1. samya mêpêk jro kitha kang para nata | tan ana kang miyosi | anganti parentah | Prabu Kobatsareas | lan Radèn Umaryunani | andina aprang | ing jro lan ingkang jawi ||

2. wus mangkana Sang Prabu Kobatsareas | amit ing ibunèki | arsa miyosana | ing prang jawining kitha | kang ibu ngandika aris | dhuh putraningwang | timur têmên sirèki ||

3. durung măngsa angadoni jayèng yuda | kang putra matur aris | lah ibu milanya | pun bapa alit mila | ingabên gitik nagari | dhatêng pun eyang | inggih Prabu Mêdayin ||

4. pintên-pintên para ratu kang binănda | sinêmbahakên sami | dhatêng ing pun eyang | pan dèrèng adiwasa | maksih rare kadi mami | kang ibu mênggah | paran ta ingsun iki ||

5. yèn bisaa nanggulang ing karsanira | sira ngucapkên iki | lamun ramanira | yakti sakarsanira | sun srahakên ing Hyang Widi | amit tur sêmbah | prabu taruna mijil ||

6. panangkilan kang raka sampun siyaga | Radèn Umaryunani | tuwin para raja | Lamdahur

--- 57 ---

munggèng ngarsa | wus rêmpêg ing prang miyosi | nêmbang têngara | umyang kêndhang gong bèri ||

7. andalêdêg barise wong Arab mêdal | wong kapir pan angrakit | baris akalangan | wus samya tata lênggah | ing padmasana alinggih | lan Raja Bahman | Bêstak lan Raja Jobin ||

8. akalangan barise mungsuh lan rowang | wong Arab lan para ji | samia punggawa | kapang sami angayap | nèng wijoan palowani | têtungguling prang | Rahadèn Maryunani ||

9. asisihan Lamdahur lan Rajèng Yunan | sumambung lan para ji | ya ta Raja Bahman | amit ing ratunira | Irman Prabu Nyakrawati | nitih turăngga | nguwuh abêlik-bêlik ||

10. hèh wong Arab iya sapa aranira | parikudu ngrewangi | marang ing sutambyah | apan ta uwis pêjah | kabèh sakèhe para ji | balik tan padha | ngêsrahna Muninggarim ||

11. lawan iya angasrahna rabinira | supaya aja kongsi | prapta bênduningwang | lan padha suwitaa | sira kabèh maring mami | karatonira | tan ana sun owahi ||

12. lan maksiha têtêp satriya punggawa | mangkana duk miyarsi | langkung dukanira | sang aprabu taruna | Sareas arsa miyosi | pamit ing raka | Radèn Umaryunani ||

13. yayi aja mêngko ingsun kang tumandang | magut ing Bahman iki | kang rayi amêksa | ingandhêg nora kêna | sigra anitih turanggi | pun Abu Kartas | binusanan angrawit ||

14. wus anandêr ingkang raka langkung marma [mar...]

--- 58 ---

[...ma] | tuwin para narpati | wau kang ayuda | Bahman asru lingira | apa kang anèng sirèki | lah lêkasana | sasukane sirèki ||

15. anauri Bathara Kobatsareas | carane rama mami | aprang datan ana | iya andhinginana | sira lêkasana dhingin | hèh haram jadah | apa anèng sirèki ||

16. krodha ngangkat salukun Sang Raja Bahman | molahakên turanggi | Sang Kobatsareas | kudhung parise waja | Sang Raja Bahman anggitik | pan katadhahan | parise datan osik ||

17. Kobatsareas ngolahakên turăngga | surak gumuruh asri | mungsuh lawan rowang | sigra Kobatsareas | Bahman kinitêr angèri | sinabêt pêdhang | sigar parise wêsi ||

18. Raja Bahman kontal kasiwo walikat | kadya ginitik paris | kang sigar pinêdhang | dene sang prabu jaka | kèngêr pan angraos sakit | Kobatsareas | pan arsa amindhoni ||

19. Raja Bahman angingêrakên turăngga | lumayu maring wuri | bokonging turăngga | wau kang katututan | tugêl pan kadya jinuwing | surak gumêrah | bubar kang bala kapir ||

20. bala Ngarab nimbangi mundur prasamya | Kusuma Muninggarim | mêthuk ingkang putra | kang saking ungguling prang | rinangkul wus manjing puri | kang para nata | tugur ing păncaniti ||

21. sigra bêdhah gêdhong Kusuma Muninggar | winêdalakên sami | dinum bala Ngarab | myang bala Kaos samya | kang trêsna Umaryunani [U...]

--- 59 ---

[...maryunani] | apan akathah | kêdhik kang milu Jobin ||

22. nanging Jobin minta sraya nagri liyan | wau donya kang mijil | warata wong Arab | tan ana kang malarat | eca tyase kang prajurit | sami anyipta | mati urip lan gusti ||

23. kawuwusa para ratu kathah prapta | srayane Ratu Jobin | lan srayane Bêstak | prapta tanpa wilangan | kadi robing jalanidhi | andina-dina | praptane kang bantoni ||

24. lajêng pasang pakuwon kadya sagara | wong Arab anêliki | ratu ingkang prapta | arane prajanira | lan arane ratunèki | wus tinulisan | sabên-sabên ningali ||

25. para ratu sami minggah pêpanggungan | punggawa para mantri | minggah pêpanggungan | nuju sawiji dina | lêbu malêdug kaèksi | lir ampak-ampak | katrajang gunging baris ||

26. kadya sêmut ambrubul tanpa wêkasan | turăngga pitung kêthi | gajah tigang lêksa | mèmrèng sênuk salêksa | blêgdaba kalawan kuldi | bihal salêksa | gumuruh anèng margi ||

27. kang adharat pan ana pitulas yuta | balane Raja Perid | ratu gung prakosa | Parangakik kuthanya | rêrêb kang wadya para ji | wus sinêgahan | marang Bêstak lan Jobin ||

28. pira-pira sugatane wus kamulyan | wontên kang prapta malih | ratu kang prakosa | prajane ing Turkiyah | lawan wontên prapta malih | Sang Raja Sarkab | prajane ing Kudari ||

29. ratu wudhu ing aprang [a...]

--- 60 ---

[...prang] Raja Bardiyan | balane satus kêthi | wontên malih prapta | ratu saking Dinawar | jêjuluk Sang Raja Sulbi | tanpa wilangan | sugih bala prajurit ||

30. wontên malih kang prapta Raja Parisdan | pitung kêthi wadyèki | wontên malih prapta | sira Raja Puldriyan | ing Burhan kuthanirèki | ratu digdaya | prawira nom apêkik ||

13. Sinom

13. Radèn Pirngadi pêrang kalihan Raja Perid

1. akathah yèn cinatura | para ratu kang bantoni | srayane Jobin lan Bêstak | wong Arab ingkang winarni | ngumpul nèng păncaniti | sagunging kang para ratu | prasamya pagunêman | lawan Radèn Maryunani | miwah Prabu Taruna Kobatsareas ||

2. alon dènira ngandika | Rahadèn Umaryunani | sagunging kang para raja | paran pratingkah puniki | mêngsah saya gung prapta |[7] para ratu kang bêbantu | wadya tanpa wilangan | andina-dina kang prapti | sira ingkang abêbantu nora ana ||

3. jêng ibu Rêtna Muninggar | lagya utusan tur paksi | iya mring nagari Mêkah | sayakti lami tan prapti | lêlakon patang sasi | ingarêp-arêpa iku | wuri sêlak akèh prang | iya apa kang pinikir | bantunira pan amung sihing Hyang Sukma ||

4. umatur kang para raja |

--- 61 ---

dhuh gustiku sang apêkik | punapa winalangdriya | sampun tate anglampahi | tinilar marang gusti | kinêpung wolulas taun | nguni rama paduka | duk pinèt sraya ratu jin | mring Jabalkab ing wuri anggung ayuda ||

5. ing mangke wontên paduka | miwah ari narapati | Bathara Kobatsareas | tumpêka ngêbêki bumi | suwawi amiyosi | mêngsah kapir gya pinagut | rêmpak kang para raja | ngajap têmpuh ing ajurit | Maryunani parentah nêmbang têngara ||

6. têtêg munya asauran | gumuruh kêndhang gong bèri | kori sakèthèng binuka | dalêdêg bala kang mijil | wadyane kang para ji | tan awor sajuru-juru | praptèng jawi wus aglar | Senapati Maryunani | kang amangku Sang Prabu Kobatsareas ||

7. bêbau Sang Rajèng Selan | lawan Sang Prabu Yunani | miwah para raja-raja | putra glar kaprabon jurit | wong kapir wus udani | wong Arab barise mêtu | sigra nêmbang têngara | wadya gung wus tata baris | ambêlabar kadya trunaning samodra ||

8. katingal gunge kang mêngsah | ngandika Sang Maryunani | hèh ala têmên Si Bahman | ingandêl kapati-pati | marang wong tuwa mami | pamalêse gawe mungsuh | matur kang para raja | dhuh gustiku sang apêkik | dèrèng kenging pun Bahman winastan ala ||

9. pun Jobin lan Patih Bêstak | èstu gêgêdhêging bumi | kang ngipuk Sang Raja Bahman | sigra Sang Rajèng Sêrandil |

--- 62 ---

amit ing Maryunani | miwah prabu tarunèku | miyosi ing ayuda | nitih pun magêloningsih | mindha gada mangsah marang rananggana ||

10. cingak para ratu anyar | miyat Sang Rajèng Sêrandil | gung luhur rowa arikat | angucap Sang Raja Perid | lan Raja Sarkab Turki | apa tandange wong iku | angling Sang Raja Bahman | tontonên ing yuda mami | Raja Bahman têdhak anitih dipăngga ||

11. sarwi ngundha-undha gada | praptèng rana anudingi | hèh Rajèng Sêrandil sira | baya ta bosên aurip | angur ta sira iki | Muninggar srahna maring sun | karo lawan putrambyah | srana bêbandan ing mami | lamun ora mangkono sira palastra ||

12. Lamdahur nauri sugal | Bahman ram jadah siranjing | ujar apa sira ucap | aja karungu ing mami | sira ratuning anjing | tan wruh ing bêcik sirèku | kopar sato ta sira | dudu ratu kang sayêkti | ujar dudu kawêtu ing lambenira ||

13. apa alane wong Arab | mring sira wus ambêciki | kalah aprang inguripan | kinarya sudara yêkti | Raja Bahman sru runtik | gugup ing panggadanipun | tiba ing paris waja | panggitike wanti-wanti | sigra malês arame gada-ginada ||

14. wong Arab surak gumêrah | miwah ingkang wadya kapir | antuk sisihing ayuda | tan ana kasoran kalih | rame bindi-binindi | asalukun-sinalukun | têmpuh kang alugora | yayah angontragna

--- 63 ---

wukir | sèlèh pukul arame pêdhang-pinêdhang ||

15. rukêt liman pêpulêtan | angêmprèt wal parêng tarik | dangu tan ana kasoran | sadina dènira jurit | sapih kasaput latri | sampun tinêtêgan mundur | bubar kang mungsuh rowang | makuwon kang bala kapir | wadya Ngarab kukud manjing jroning kitha ||

16. sadalu rame kasukan | ya ta kawuwusa enjing | muni têngaraning yuda | kêndhang gurnang lawan bèri | têtêg mawanti-wanti | wong Arab barise mêtu | miwah bala ing jaba | siyaga kaprabon jurit | sampun aglar barise têpung akapang ||

17. Bathara Kobatsareas | lan raka Umaryunani | rumêksa ing arinira | tan atêbih dènnya linggih | banjêng para narpati | tuwin para rajasunu | miwah kang para raja | mungsuh kapir amiyosi | wus miranti Bahman lan Bathara Irman ||

18. Rahadèn Urmus kalawan | Sêmakun lan Ratu Jobin | jajar lawan Raja Sarkab | Raja Perid Raja Sulbi | Raja Puldriyan nunggil | Bardiyan Parisdan têpung | Raja Perid umangsah | narendra ing Parangakik | nitih kuda pindha drêpaning taksaka ||

19. kuda janggi ingêmasan | anglela madyaning jurit | wadyane surak gumêrah | ratune digdaya sêkti | tate wudhu ing jurit | Perid yudanira ampuh | wau duk amrih lawan | wong Arab mêtua jurit | lamun ana aran lanang kang digdaya ||

20. miyarsa kadya sinêcang | jajane Radèn Pirngadi | putra Selan kang taruna | amit ing Sang Maryunani [Maryuna...]

--- 64 ---

[...ni] | nêmbah umêsat aglis | anitih turăngga mamprung | sagung kapraboning prang | kawot saluhur turanggi | praptèng rana pan sampun ayun-ayunan ||

21. Sang Raja Perid ta têtanya |[8] hèh rare anom apêkik | sapa ingkang asêsuta | dene kumudu ajurit | tanpa ngrasa kêpati | Radèn Pirngadi sumaur | sun Rajaputra Selan | kang anom Radèn Pirngadi | ya ta latah Sang Raja Perid sru mojar ||

22. lah ta êndi ramanira | pagene tan mêtu malih | iku kang sun sêdyèng manah | mulane ngong mêtu iki | dêstun arsa ngicipi | gêgitike wong tuwamu | wingi ingsun tumingal | lan Ratu Bahman ajurit | nora bisa angasorkên ramanira ||

23. ingsun kang sanggup ambănda | mulane sun mêtu iki | mêngko dadak sira bocah | kudu mapag tandang mami | balia sira aglis | angundanga wong tuwamu | Radèn Pirngadi mojar | kumadi-kadi sirèki | ingsun sanggup anguwisi yudanira ||

24. yèn mungguh sira anadhah | kaya warêg dening mami | haram jadah sira kopar | anjing kuthamu ing ngêndi | sapa aranirèki | Raja Perid asru muwus | Perid jêjuluk ingwang | prajaningsun Parangakik | iya mara putra Selan anggadaa ||

25. Radèn Pirngadi saurnya | sira mamak sun arani | mokal yèn ora ngrungua | tatane wong Arab jurit | tan watak andhingini | Sang Rajèng Perid gumuyu | iya sira kudhunga | băndabaya [bă...]

--- 65 ---

[...ndabaya] ingsun gitik | sira kudu bosên anèng alam donya ||

26. kinêtap turangganira | winuwung Radèn Pirngadi | gumuruh suraking kopar | wong Parangakik samya ngling | wong anom ika mati | pasthi lamun ajur mumur | sapa kuwasa năngga | gêgitike ratu mami | ya ta Radèn Pirngadi tangkis kuwawa ||

27. Raja Perid asru mojar | sun nyana sira wor siti | katiban ing gadaningwang | payo malêsa Pirngadi | sigra ngêtap turanggi | sarwi mutêr gadanipun | wus wignya yuda gada | angitêr sarwi anggitik | kadya guntur surake kang bala Ngarab ||

28. kuwate pêpukulira | rosane ingkang atangkis | parise mêtu dahana | gumêtêr Sang Raja Perid | obah bêbalungnèki | kang pitung puluh têtêlu | anjrit turangganira | sri bupati mêmpis-mêmpis | hèh Pirngadi tuhu yèn prawirèng jagad ||

29. endah silih diwasaa | pan ingsun durung ngrasani | gêgitik kang kaya sira | lawase sun andon jurit | tuhu trahing sinêkti | Rajèng Sêrandil pinunjul | ewamangkana ingwang | iya durung anglabêti | iya payo tutugêna yuda gada ||

30. arame gada-ginada | gantya anadhahi tangkis | suka eram kang tumingal | solah bawaning ajurit | tuhu trahing sinêkti | Rajèng Sêrandil pinunjul | Raja Perid mutah rah | rong kêpêl tumibèng siti | irêng kênthêl gêtih matêng utahira ||

31. alon dènira

--- 66 ---

ngandika | sang prabu ing Parangakik | Pirngadi antaranira | ing prang lan antara mami | durung ana kajodhi | gêtih saking ngêndi iku | Radèn Pirngadi mojar | pan ingsun ora ngawruhi | iya dudu yèn sakinga raganingwang ||

32. Raja Perid mangu mênggah | ngusap talingane kalih | palikêt karingêt ngêndhal | iya gêtih saking mami | karepotan sun iki | têtapi sun isin mundur | mangkat malih kang aprang | wus praptèng antara wêngi | tinêtêgan mundur kalih kang ayuda ||

33. tumurun saking turăngga | sira Rahadèn Pirngadi | mangsah ngraup padanira | ing Radèn Umaryunani | sinambrama angênting | yayah kamulyan ping sèwu | suka sagung prawira | wus manjing kitha prasami | para nata kapir samya masanggrahan ||

34. wau Sang Putri Muninggar | amêthuk bojana asri | aglar munggèng panangkilan | wus lajêng bojana sami | akasukan sawêngi | myang kapir rame anayub | sênggake atimbalan | sawêngi tan ana guling | rayyan-rayyan atandhak gandhengan asta ||

14. Kinanthi

14. Umarmaya nuwèni nagari Kaos

1. kunêng gantya kang winuwus | Wong Agung Surayèng Bumi | salaminira nèng Mêkah | ingandhêg kang rama nênggih | agung akarya ngibadah | asare Kakbah yèn latri ||

2. supênanira [supêna...]

--- 67 ---

[...nira] ing dalu | Wong Agung Amir Mukminin | nagri ing Kaos katingal | prang gêdhe akèh pêpati | angungun sawungunira | Wong Agung Surayèng Bumi ||

3. animbali silahulun | Marmaya wus praptèng ngarsi | ngandika Sang Kakungingrat | hèh kakang ingsun angimpi | prang gêdhe Kaos nagara | ing sabên dina ajurit ||

4. Marmaya kagyat turipun | kadi èstu kang kaèksi | sabên paduka supêna | tan nilib ing doradasih | yèn sarta karsa paduka | kula tupiksa tumuli ||

5. wong agung ngandika arum | lah iya kakang dèn aglis | mundur Arya Tasikwaja | sapraptanira ing jawi | sigra nampèl wêntisira | saasta tan napak siti ||

6. lir kilat lampahnya mamprung | sadina yèn dèn lampahi | antuk lêlakon sawulan | patang dina patang sasi | samana duk kalih dina | Marmaya kèndêl wanadri ||

7. angandhêgi wohing dhuku | matêng-matêng dèn ampiri | mêmènèk dhahar wowohan | Marmaya kagyat miyarsi | ana swaraning turăngga | ciptèng tyasnya sănggarunggi ||

8. gya ngiwa sarwi dêdulu | turăngga ingkang lumaris | bokmanawa iku mêngsah | ngrêregoni wong lumaris | wus prênah dènira ngiwa | katingalan kang lumaris ||

9. kêkapalan tigang atus | kêkalih mantri pangirid | mantrine Rêtna Muninggar | kang dinuta tur udani | Sangitpingsèn namanira | satunggile Pingsènsami ||

10. Umarmaya datan pandung | lah

--- 68 ---

ika Si Pingsènsami | Sangidpingsèn ngarêp ika | gya nguwuh sarya ngudhuni | hèh Sangidpingsèn mandhêga | iya lan Si Pingsènsami ||

11. mantri kalih kagyat dulu | sigra têdhak saking wajik | mrêpêki Ki Umarmaya | mantri kalih atur bêkti | anggèr dene kêmayangan | paduka kêpanggih ngriki ||

12. amba punika ingutus | ing gusti sang rajaputri | tur uninga mring kang raka | wontên bêbaya ing wuri | pun Jobin lan Raja Bahman | lan Bêstak amalik bumi ||

13. sami ngadêgakên ratu | Irman Prabu Nyakrawati | kathah ratu sêsêrayan | andina-dina kang prapti | samya ratu gung prakosa | ing sabên dina ajurit ||

14. Marmaya jêtung macucu | ngucêmil akêthip-kêthip | gèdhèg-gèdhèg akêkayang | bênêr impène Sang Amir | ya Allah astapirolah | Marmaya sarwi mandêlik ||

15. lah pira lawas sirèku | lakumu ana ing margi | Sangidpingsèn matur nêmbah | sampun kalih wulan gusti | angling Arya Tasikwaja | lah paran lakumu mangkin ||

16. Sangidpingsèn nêmbah matur | ing mangke sumanggèng kapti | pan sampun panggih paduka | sasat gusti Jayèngmurti | ngandikarya Tasikwaja | lah sira mênênga ngriki ||

17. lamun lajua sirèku | kari lêlakon sasasi | dadi lawas anèng marga | lamun sira kang nglakoni | yèn ingsun kang nglakonana | pan rong dina bae prapti ||

18. lagyeca imbalan wuwus | wontên cundaka nusuli | anama Radèn Sihngiyar | lurah kajinêmannèki [kajinêma...]

--- 69 ---

[...nnèki] | wadya ing Kaumarmayan | sawadya nitih turanggi ||

19. kêkapalan tigang aus[9] | Sihngiyar iku prajurit | sosorane Tajiwalar | pêpatihe Marmayèki | Tajiwalar patih tuwa | Sihngiyar patih taruni ||

20. atêngga kantun nèng Kaus | among ing Radèn Mardani | lawan bala sangang lêksa | sadaya wadya sinêlir | Sang Dipati Tasikwaja | kagyat dènira ningali ||

21. Sihngiyar kagyat tumurun | nêmbah umarêk ing gusti | umatur lamun dinuta | ing Radèn Umaryunani | tur uninga raning mêngsah | ratu kang sawiji-wiji ||

22. ratu kang bêbala ratu | nênêm kang pangajêng sami | Raja Sarkab ing Turkiyah | Raja Perid Parangakik | ing Burhan Raja Puldriyan | ing Dinawar Raja Sulbi ||

23. gangsal sang prabu ing Kulsum | Raja Parisdan sinêkti | nênêm Sang Raja Bardiyan | kithanipun ing Kudari | samya ngirid para raja | milane wadya ngêbêki ||

24. kitha ing Kaos kêkêmput | nanging gusti Maryunani | tan arsa ngêkêp ing kitha | sabên enjing amiyosi | mêthuk prang jawining kitha | rame prang ing sabên ari ||

25. Arya Tasikwaja muwus | ngumpula makuwon ngriki | padha karyaa jêjagang | ewuh aya nèng wanadri | manawa balaning mêngsah | kang anusul wira-wiri ||

26. yèn ingsun balia pan wus | antuk kabar kang sayêkti | nanging ta kurang utama | utama kang wruh pribadi | rong dina bae sun prapta | iya ing Kaos nagari ||

27. Dipati

--- 70 ---

Tasikwaja wus | nampèl wêntisira kalih | malumpat mêsat lir kilat | pan kadya thathit akêsit | jangkêp kalih dina samya | lan kalakon kalih sasi ||

28. kunêng ing Kaos winuwus | Rahadèn Umaryunani | enjang anêmbang têngara | kêkirab sagunging baris | gumrêgut kang wadya Ngarab | tan nêdya mundur ing jurit ||

15. Durma

15. Wong Agung bidhal dhatêng Kaos

1. tri gumuruh enjang swaraning têngara | kirab sagunging baris | praptèng rana aglar | mungsuh kalawan rowang | wadya Rab maksih anggili | saking jro kitha | turăngga lawan èsthi ||

2. sampun lunggyèng ing wijoan palorêtna | Radèn Umaryunani | lan ari narendra | Prabu Kobatsareas | ing ngarsa Rajèng Sêrandil | lan Rajèng Yunan | banjêng têpung para ji ||

3. Raja Bahman lawan Sri Bathara Irman | ing padmasana linggih | sagung para nata | aglar nèng kering kanan | wadya lit kadya jaladri | tabah-tabahan | yayah karêngèng langit ||

4. tunggul payung agung lêlayu daludag | kadya ambusanani | rêngganing akasa | soroting diwangkara | sumarambah angênèni | rêngganing jagad | tuhu ngebat-ebati ||

5. wau ta kang umêsat kadya kêkilat | Dipati Guritwêsi | praptèng Kaos enjang | jujug ing rananggana [ranang...]

--- 71 ---

[...gana] | lincak-lincak asêsirig | kagyat wong Arab | sadaya aningali ||

6. ana lincak-lincak jujug barisira | wau Radèn Mardani | wus samya têtela | têdhak kang para raja | gupuh samya malayoni | èstu Marmaya | prasamya angujungi ||

7. pan sakala gumêring warta kawarta | yèn Umarmaya prapti | sagung juru kêndhang | salin pamukulira | têngêr yèn suka kang galih | baris ing Arab | berag sagung wadya lit ||

8. kadya taru kadhawahan udan kapat | ing tyas mangsane sêmi | Sri Kobatsareas | ngastuti lan kang raka | Rahadèn Umaryunani | kinèn ngumpulna | sagung wadya kang kanin ||

9. wus tinamban mring Wong Agung Tasikwaja | waluya sadayèki | sagung para raja | têtanya wartanira | ing gusti Sang Jayèngmurti | lamun raharja | kunêng kang wadya kapir ||

10. wus misuwur yèn prapta Sang Umarmaya | miwah katingal sami | dening Raja Bahman | èstu yèn Umarmaya | prapta nèng papan sêsirig | akêplok tangan | ngarêpe Maryunani ||

11. adoh-adoh nudingi mring Raja Bahman | Bahman kêtêr tyasnèki | ngucap marang Bêstak | hèh Bêstak tingalana | dêduta Umarmayèki | pan wus têtela | doranira ing kami ||

12. aturira Bêstak sarwi garagapan | surat saking Mêdayin | kula tan uninga | dora yêktining surat | Sang Raja Bahman nulya glis | nitih turăngga | Bêstak cinandhak aglis ||

--- 72 ---

13. ikêt pinggange Bêstak dèn ikal-ikal | munggèng luhur turanggi | pan kadya likasan | kuwate Raja Bahman | katingalan sadayèki | wadya tan samar | Islam kalawan kapir ||

14. pan sinurak dening wadyabala Ngarab | wruh ing pakaryannèki | dyan binanting kisma | wusnya dangu dèn ikal | Raja Bahman aningali | mring Umarmaya | langkung dènnya prihatin ||

15. wus angrasa yèn ora antuk ngapura | wau Rêkyana Patih | Bêstak galangsaran | dèrèng tuntunge pêjah | ginosongan ing wadyèki | wau kang para | ratu suruwan sami ||

16. angrêrapu dukanira Raja Bahman | Sang Prabu Parangakik | Perid lan Puldriyan | miwah Raja Parisdan | Raja Bardiyan lan Sulbi | lan Raja Sarkab | sarêng dènira angling ||

17. sampun tuwan manjangakên duka cipta | dumèh mungsuh lan Amir | miwah Umarmaya | kula kang mêjahana | sampun mawi walanggalih | pasthi kasulah | dening kawula sami ||

18. Prabu Irman karuna ngarsane Bahman | Bahman lilih tyasnèki | dadya tinêtêgan | sadina tan antuk prang | de Bahman sangêt prihatin | bubar kalihnya | mundur makuwon sami ||

19. Umarmaya ngucap marang para raja | dèn têtêp sira sami | tunggu gustinira | padha manggiha arja | ingsun amit tur upaksi | rèhning dinuta | ngong datan sipêng ngriki ||

20. sigra [si...]

--- 73 ---

[...gra] nampèl wêntis Umarmaya mêsat | malumpat kadi thathit | byar ari praptanya | gène sang raja duta | kang nganti anèng wanadri | Radèn Sihngiyar | lawan pun Pingsènsami ||

21. Sangidpingsèn sadaya wus dhinawuhan | besuk barênga sami | lawan bala kathah | yayi mas Parangteja | iku besuk kang angirid | bala sadaya | ingsun lan Gusti Amir ||

22. andhingini pasthi wong roro kewala | katêlu sêkarduwi | sigra Umarmaya | mêsat nampèl wêntisnya | ing marga datan kawarni | wus praptèng Mêkah | marêk ing Jayèngmurti ||

23. matur èstu kadya supêna paduka | miwiti amêkasi | ing sasolahira | ngungun Sang Kakungingrat | marêk ing rama nulya glis | myang ibunira | nêmbah anuwun pamit ||

24. wus linilan wong agung anulya mêdal | sapraptanirèng jawi | animbali sigra | satriya Parangteja | wus kinèn angirid baris | gya tinimbalan | kuda pun sêkarduwi ||

25. tinitihan kuda pun sêkarduwijan | kinêtab mêsat aglis | nandêr kadya kilat | tan têbih Umarmaya | rong asta tan napak siti | wus praptèng wana | gèning duta kang nganti ||

26. ya ta kunêng wong agung kang anèng marga | ing Kaos kang winarni | ing saungkurira | Dipati Tasikwaja | enjang wong kapir miyosi | miwah wong Arab | aglar wuri miranti ||

--- 74 ---

16. Pangkur

16. Raja Perid pêrang kalihan Sayid Ibnu Ngumar

1. wus samya ayun-ayunan | lir samodra balabar tanpa têpi | barising rowang lan mungsuh | kadya wanarga kobar | busananing wadyaning kang para ratu | surêm surating baskara | kandhih dening busana di ||

2. rêmbag para ratu samya | kawit samya miyosi ing ajurit | sagunging ratu gêgêdhug | amrih nuli wêkasan | anyikêpa numpês mring wong Arab iku | Sang Raja Perid umangsah | narendra ing Parangakik ||

3. nitih turăngga rinêngga | ing mas tatur mubyar sumorot asri | asikêp gada sang prabu | molahakên turăngga | angajrihi sêsumbar aminta mungsuh | hèh ta êndi Rajèng Selan | papagêna tandang mami ||

4. Lamdahur arsa tumandang | kèndêl dening suta Umaryunani | mothah marang ramanipun | Sri Sayid Ibnu Ngumar | kêdah aprang kang rama ngandika arum | maksih timur têmên sira | kang putra mêksa turnèki ||

5. punapa ta yèn timura | pêpantaran kula sampun ajurit | lah puniku paman prabu | nênggih Kobatsareas | sampun aprang lan Bahman duk wingènipun | kang rama kewran ing driya | wêkasanira nglilani ||

6. amit anitih turăngga | ingêmasan rinawis sêsotya di |

--- 75 ---

molahkên turangganipun | ebat wong kapir mulat | ing solahe wong Arab kang maksih timur | rikat prang luhur turăngga | angikal pêdhang kumitir ||

7. kadya sikatan ginêtak | kang sawênèh para ratu samya ngling | agawok wong Arab iku | mendah wusa diwasa | solahing prang ngasorkên wong sêpuh-sêpuh | wus panggih ayun-ayunan | angling Prabu Parangakik ||

8. hèh sira anake sapa | maksih jèdhèng pêksa mêtu ing jurit | Sayid Ibnu Ngumar muwus | ingsun putune Ambyah | Maryunani ingkang sêsuta maring sun | sênggak sarwi latah-latah | sang prabu ing Parangakik ||

9. sokur yèn putune Ambyah | bok anake ratu lyan sira iki | Sayid Ibnu Ngumar muwus | sira sapa ranira | iya ingsun Parangakik ratu wudhu | Raja Perid juluk ingwang | lan ratu anglêlanangi ||

10. angling Sayid Ibnu Ngumar | payo apa ingkang anèng sirèki | nuli lêkasna dèn gupuh | Raja Perid sru mojar | amêkasi sira mêngko ajur mumur | katiban ing gadaningwang | pasthi rata lawan bumi ||

11. Raja Perid ngundha gada | wus pinutêr luhur sirahirèki | Sayid Ibnu Ngumar sampun | kudhung parise waja | wus tiniban gada wêsi pindha guntur | rosane ingkang anggada | kuwate ingkang atangkis ||

12. parise mêtu dahana | kantar-kantar mumbul marang wiyati | eram kang samya andulu | kapir surak gumêrah | panarkane [panar...]

--- 76 ---

[...kane] wong anom iku wus ajur | sira Sayid Ibnu Ngumar | katilar umbuling agni ||

13. katon molahkên turăngga | sarwi ngikal pêdhangira kumitir | Perid arsa mindho mupuh | binarêngan pinêdhang | asta tugêl runtuh sarêng gadanipun | Perid gumêtêr kêlaran | kinitêr ing Prabu Sayid ||

14. Ibnu Ngumar kudanira | mungsêr angubêngi ing Raja Perid | sêsaat tan kêna mêtu | saking pangalangira | dadya jêjêr Rajèng Parangakik jêtung | angêtap-ngêtap turăngga | kadhangan pangitêrnèki ||

15. arsa lumayu tan kêna | dyan pinêdhang astane ingkang kering | ingkang anyêkêli apus | pêdhangira lumumah | rinogohkên kinipatakên mandhuwur | pêdhot pagêlanganira | èpèk-èpèk tibèng siti ||

16. surak atri bala Ngarab | para ratu eram mulat ningali | pining kalih baunipun | tugêl awak tan kêna | Raja Perid anèng turăngga dêlujur | kadya tugu rinampasan | pangewan-ewaning jurit ||

17. wus dangu pangêtêrira | dyan ginêtak anglumba kang turanggi | Raja Perid tiba kabruk | surak wadya ing Arab | Raja Sarkab Parisdan tumingal jêtung | miwah sagung para raja | dening wignyaning ajurit ||

18. mendah si wus diwasaa | nora kêna kalah padhaning janmi | anumbras trah Arab iku | gunane ing ayuda | sigra Tajiwalar amarani gupuh | pêpatih Kaumarmayan | layonira Raja Perid ||

19. tinigas mustakanira | tinancêpkên pucuking [pucu...]

--- 77 ---

[...king] tumbaknèki | binêkta mring ngarsanipun | Sri Sayid Ibnu Ngumar | lincak-lincak sirah Perid mumbul-mumbul | cêrik-cêrik Tajiwalar | lah dulunên laknat kapir ||

20. iki ta bêbêcikira | ratu wudhu saking ing Parangakik | dene amung kaya wêdhus | kucêm kang para raja | pan kasaput latri tinêtêgan mundur | sira Sayid Ibnu Ngumar | umarêk kang rama aglis ||

21. rinangkul lungayanira | sarêng bubar manjing jro kitha sami | pinêthuk ing ibunipun | kalawan ingkang eyang | rêtna sêkar kadhaton mêthuk ing putu | kinêmpit-kêmpit kang wayah | binêdhahkên gêdhong aglis ||

22. mêtu pirang-pirang yuta | wadya Kaos sadaya pan waradin | miwah sagung para ratu | Arab sabalanira | winaratan donya dana pan lumintu | ing bala prasamya suka | saking pura anggung mijil ||

Lajêng nyandhak: Menak Kanin.

--- [78] ---

Isinipun

... Kaca

1. Prabu Aspandriya nantang dhatêng wong agung. ... 3
2. Wong agung mangsuli panantangipun Prabu Aspandriya. ... 7
3. Putri tawanan Rêtna Saribengat. ... 14
4. Raja ing Bangit kengkenan kapanggih Rêtna Saribengat. ... 22
5. Rêtna Saribengat dipun rêbat dening Raja Bangit. ... 26
6. Wadyanipun wong agung sami kabur dening wasiyatipun Prabu Aspandriya. ... 29
7. Wong agung angsal pitulungan saking Sri Maha Pandhita Maskun. ... 33
8. Bêdhahipun nagari Biraji. ... 36
9. Wong agung kondur dhatêng Mêkah. ... 39

--- [79] ---

... Kaca

10. Wong agung tuwin Umarmaya dipun wartosakên pêjah. ... 45
11. Raja Bahman tuwin Raja Jobin ambalik. ... 51
12. Raja Bahman pêrang kalihan Bathara Kobatsareas. ... 56
13. Radèn Pirngadi pêrang kalihan Raja Perid. ... 60
14. Umarmaya nuwèni nagari Kaos. ... 66
15. Wong agung bidhal dhatêng Kaos. ... 70
16. Raja Perid pêrang kalihan Sayid Ibnu Ngumar. ... 74

--- [80] ---

[...]

 


Biasanya guru lagu e: kinèngkèn. (kembali)
Kurang satu suku kata: sikêp gada duduk lan parise. (kembali)
lalêmbut. (kembali)
angèstrèni. (kembali)
kalilan. (kembali)
Biasanya guru lagu a: ika. (kembali)
Biasanya guru lagu i: prapti. (kembali)
Lebih satu suku kata: Sang Raja Perid têtanya. (kembali)
atus. (kembali)