Menak Kanin, Balai Pustaka, 1934, #838

JudulCitra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1128

Menak Kanin

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Bale Pustaka – 1934 – Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

1. Mijil

1. Raja Sarkab kajodhi dening Wong Agung

1. ya ta wau Sang Narpati Jobin | kang anèng pakuwon | dalu marêk ing pasanggrahane | Irman Sri Bathara nyakrawati | umatur Sang Jobin | suwawi pukulun ||

2. utusana dhatêng Parangakik | jêng paduka katong | Raja Perid pan wontên putrane | jalu maksih anom tur sinêkti | wirutamèng jurit | nama Radèn Kanjun ||

3. aparinga tupiksa tiwasing | bapa nèng palugon | pan kaèsi-èsi duk patine | mring wong Arab pan pinindha paksi | tau dèn rampasi | kalih andalujur ||

4. dadya pangewan-ewaning jurit | apan botên linyok | tuwan ngidinana ing adêge | narapati nagri Parangakik | gumantyèng rama ji | sira Radèn Kanjun ||

5. mangayubagya sri narapati | Irman Prabu Anom | wus anuduh marang punggawane | Radèn Baktiyar ingkang tinuding | wadyèng Parangakik | sapratigan tumut ||

6. kunêng duta marang Parangakik | gantya winiraos | ing jro kitha kasukan arame | wadya Ngarab kang para narpati | bojana angênting | sawêngi anutug ||

7. enjing lajêng

--- 4 ---

miyosi ngajurit | têngara kêndhang gong | wadya Ngarab wus mêtu barise | aglar munggèng ing papan miranti | wong kapir wus mijil | barisira têpung ||

8. wus satata sagung pra dipati | miwah para katong | mungsuh lan rowang umung swarane | angandika Sang Umaryunani | mring sagung prajurit | para ratu-ratu ||

9. dèn arèrèh ing sadina iki | aywa na kang miyos | ing paprangan ngantia titahe | lamun ora tinantang mêtoni | padha mênêng ugi | aywa wiwit mêtu ||

10. bokmanawa kangjêng rama prapti | ing sadina mêngko | dadya kèndêl wadya Ngarab kabèh | miwah mêngsah tan ana mêtoni | kunêng tan winarni | ing sasolahipun ||

11. ri kalanira sampun mêmêling | Sang Jayèngpalugon | marang caraka pun Sangidpingsèn | mêsat kudanya pun sêkarduwi | Marmaya tan kari | nèng kuda ambuntut ||

12. kalih wulan prapta kalih wêngi | Sang Jayèngpalugon | amarêngi enjing ing praptane | nagri Kaos yun-ayunan jurit | têngara ngrêrangin | kêndhang gong angrantun ||

13. lêbu malêtuk julêk kawingkis | lamat-lamat katon | kuda prapta samya mata kapèn | para ratu satriya bupati | sangsaya mrêpêki | waspadèng pandulu ||

14. samya têdhak sagunging para ji | sami pêpalayon | ragan-ragan dènnya enggar tyase | Kobatsareas Umaryunani | tundhuk angabêkti | ngraup padèng suku ||

15. mustakanira kinêmpit-kêmpit | risang putra karo [ka...]

--- 5 ---

[...ro] | samya nyikut marang kêndhaline | putra kalih nyêkêl nganan ngering | kang rama nulya glis | wau têdhakipun ||

16. Sayid Ibnu Ngumar gya wotsari | panyandhakira lon | wus ingampil kang eyang têmbunge | kumarubut kang para narpati | mangsah ganti-ganti | prasamya rinangkul ||

17. wusnya para ji kang pra dipati | myang satriya gupoh | pan sumêsêl ing pada kalihe | para satriya gantya nyêkêli | turangganira Mir | alon unduripun ||

18. ginarêbêg ing para dipati | wong agung wus lunggoh | ing wijoan tata prajurite | samya matur solahirèng wuri | miwiti mêkasi | salir tingkahipun ||

19. wadya kapir waspada ningali | ing Jayèngpalugon | èstu lamun puniku praptane | samya kêkês amung kang para ji | kang anyar prasami | tyas suka kalangkung ||

20. Raja Bahman tumungkul prihatin | pamuwusira lon | hèh Sang Prabu Irman amba mangke | tan kawawa miyat Jayèngmurti | Raja Sarkab Turki | sugal wuwusipun ||

21. lah ta mêngko ingsun kang mêtoni | wania rêrêmpon | angayoni Raja Rab yudane | sigra dènira nitih turanggi | kapraboning jurit | kawot ing kuda wus ||

22. molahakên turăngga wus prapti | madyaning palugon | nguwuh-uwuh asru sêsumbare | hèh Raja Rab wruhanta sirèki | Raja Sarkab mami | ing Turkiyah wudhu ||

23. sajêg ingsun tinitah nèng bumi | ing prang durung kasor | tuhu

--- 6 ---

ratu jêndhul tiba dhewe | pira-pira ratu kang prajurit | umagut nadhahi | katalèn dening sun ||

24. ingsun nêdya bêbara ing jurit | anyilih pêpangkon | sira kang sun sêdya salawase | dêstun têmên mung sira sun anti | mêngko sira prapti | rasane tyas ingsun ||

25. lir amanggih jumêrut sawukir | tutug karsaningong | sigra wong agung mundhut kudane | wus têtela dènira miyarsi | wong agung miyosi | munggèng kuda sampun ||

26. surak gumêrah wadya Rab sami | anitir kêndhang gong | yun-ayunan wong agung dêlinge | lah ta iki iya lagi prapti | kang sira antèni | amrih aprang tutug ||

27. kaya nora kêpalang sirèki | amrih aprang tanggon | payo Sarkab anggadaa age | iya apa kang anèng sirèki | mêne sun tadhahi | Raja Sarkab muwus ||

28. dèn prayitna sira anadhahi | ing pêpukul ingong | nora wurung mung sadina kiye | mulat soroting pratănggapati | angêtap turanggi | ngundha gadanipun ||

29. wong agung wus prayitna ing tangkis | gada gêng tumêmpoh | kadya gêlap jumêbrèt swarane | sruning pukul kuwate panangkis | parise mêtyagni | kantar-kantar murub ||

30. sêkardiyu jinjang sukunyanjrit | Raja Sarkab alon | hèh ta maksih urip sira kiye | ingsun nyana wus rata lan bumi | wong agung nauri | mindhonana mupuh ||

31. kaya kuwat yèn rinaksa dening | ing pangeran ingong [ing...]

--- 7 ---

[...ong] | wadya Ngarab gumuruh surake | miwah mungsuh lir ngontragna bumi | Raja Sarkab angling | amalêsa mupuh ||

32. wong agung ngêtap kuda mrêpêki | sarwi asru mupoh | Raja Sarkab kuwat panangkise | sruning panggada kuda sru anjrit | gumêtêr sang aji | Sarkab mutah banyu ||

33. kuwayanên rêkasa nadhahi | wong agung amindho | nênggih saking pamukul rosane | kuwat bêtahkên ingkang atangkis | kapadal palinggih | sangêting pamupuh ||

34. gigiring kuda tugêl apalih | Sarkab gya mancolot | dharakalan anarik pêdhange | mangsah mêdhang sikiling turanggi | wong agung nulya glis | dènira tumurun ||

35. ngadêg munggèng ngarsaning turanggi | Sarkab pan kapêngkok | pamêdhange tinangkis parise | pêdhangira tikêl katêlampik | krura Sarkab aglis | narajang anjunjung ||

36. ngandêlakên kuwate ing nguni | akèh para katong | kang binanting nèng rana patine | gupuh nyandhak wangkinganira Mir | ingangkat ingungkih | nanging tan kajunjung ||

37. wanti-wanti pangangkatirèki | rah mêtu nèng jêmpol | ingêntèkkên Sarkab ing kuwate | malah sukune tumanêm bumi | prandene tan osik | suku wakêt dêkung ||

38. netrane kalih marêbêl gêtih | ilate mêtoto | lir sawangan talingan kalihe | satrêpène pêdhot rontang-ranting | bajo ngajêng sêbit | kancinge sumawur ||

39. mêksa ngungkih-ungkih datan kongkih |

--- 8 ---

tan kèngsêr saking gon | malah saya ngrapêti padane | tan kawawa inguculkên nuli | gumoh mutah cacing | Sarkab kêmpus-kêmpus ||

40. wus cinandhak mring Sang Jayèngmurti | wangkingan sang katong | dyan ingangkat kadya lar pamane | pan ingundha-undha kadi paksi | wus dangu binanting | Sarkab anglêmpuruk ||

41. sigra Dipati Tasikwaja glis | ambănda sang katong | bau suku rinangkus ing rante | surak wong Arab gumuruh atri | kasaput ing wêngi | tinêtêgan mundur ||

42. bubar barise Islam lan kapir | samya amakuwon | manjing kitha wadya Ngarab kabèh | ngiring marang Gusti Jayèngmurti | wau bala kapir | mundur asmarèng kung ||

2. Asmaradana

2. Raja Bardiyan pêjah dening Wong Agung

1. wus prapta ing păncaniti | wong agung lajêng bojana | lawan sagung para katong | suluh lilin ambêranang | sawêntis-wêntis gêngnya | mayêng ingkang para ratu | gêlas mas taritis rêtna ||

2. jumêrut nila widuri | lumrang têtirahing gêlas | gumêr ingkang para katong | miyat bandan Raja Sarkab | binêkta mring ngayunan | wong agung ngandika arum | hèh Sarkab paran karsanta ||

3. apa sira kudu mati | yèn sira amilih gêsang | anuta agamaningong | umatur Sang Raja Sarkab | wong Menak pan kawula | salaminira tumuwuh |

--- 9 ---

inggih wontên ngalam donya ||

4. dêstun amrih angulati | dhatêng kang lanang sampurna | kang sampun utamèng kewoh | kang anyikêp padha lanang | iku kang aran lanang | kang bisa ngasorkên ratu | iku kang arsa sun sêmbah ||

5. salamine dèrèng manggih | amung si têmbe punika | wontên lanang sayêktine | dene ngasorkên kawula | nèng rana pabaratan | sagunging kang para ratu | kang myarsa garundêl samya ||

6. kang sawênèh ana angling | loma lambe Raja Sarkab | iku dêstun ratu juwèh | dadak kakehan wangsalan | mau duk asêsumbar | kakehan cocot wong iku | tarunge nora piraa ||

7. iku wus kalah tinari | dadak kakehan wangsalan | ngaling-alingi keyoke | akèh-akèh kang dèn ucap | nganggo lanang-lanangan | lanang-lanang kakèkamu | wong jêmotos nora layak ||

8. padhadene kangjêng gusti | ratu mêngkono tinanggap | bok uwis kinêpruk bae | wau ta Sang Raja Sarkab | sawusnya maca sadat | inguculan rantenipun | kinèn nunggil para raja ||

9. apan sampun pinisalin | lajêng tumut akasukan | nanging pinaringan bobok | saking kêbêke tyasira | kêdah tumut kasukan | Umarmaya mundhuk-mundhuk | marang gène Raja Sarkab ||

10. wong agung mèsêm tanya ris | pothèt apa karyanira | arêp sira kapakake | tambane Si Raja Sarkab | Marmaya aturira |

--- 10 ---

inggih amba darbe kaul | yèn Sarkab wus dados rencang ||

11. kaul kawula ing wingi | sadaya kasêksènana | kawula pêndhêt badhonge | gumyak sagung para raja | wruh iku lamun akal | Raja Sarkab amituhu | lah ênya ki Umarmaya ||

12. ingsun ingkang angluwari | ing sakèhe kaulira | iya badhong ingsun kiye | apan ajine sayuta | intêne karobêlah | jumêrute pitu likur | mirah nilane sawidak ||

13. Raja Sarkab angling malih | yèn sira aja kaula | pasthi ingsun datan awèh | angur anjaluka reyal | patang kêthi sun lila | dene wajibe wong kaul | wênang uga ngluwarana ||

14. Marmaya latah dènnya ngling | iya ta nora kayaa | cangkêm kudu kacêlenthot | sangsaya sru gujêngira | sagunging para nata | dene kêna dèn balilu | pangrasane têtêmênan ||

15. pan lajêng kasukan sami | nutug dènira bojana | ing pukul kalih bubare | wong agung kondur ngadhatyan | mêthuk Rêtna Muninggar | lan Sêkar Kadhaton mêthuk | tundhuk samya ngraup pada ||

16. dhatêngakên onêng sami | ya ta kawarnaa enjang | muni têngara kêndhang gong | gumuruh kang balakuswa | miwah kang para raja | ngirabakên barisipun | wus aglar ing pabarisan ||

17. miwah mungsuh wus miranti | barise têpung kalangan | Wong Agung Jayèngpalugon | wus nitih sêkarduwijan | mangsah ing rananggana | sêsumbar [sêsu...]

--- 11 ---

[...mbar] anguwuh mungsuh | payo ingsun papagêna ||

18. wruhanira ingsun Amir | turase Dipati Mêkah | suraya jayèng palugon | lèsing jagad pramudita | kasub kaonang-onang | sinêmbah ing para ratu | sèwu kang ratu wadana ||

19. kang tinitah ing Hyang Widhi | anggêmpur danawa ditya | buta ing Jabalkab kabèh | tumpês wil diyu raksasa | kang wus sinêbut lanang | payo êndi para ratu | pêksa sudira wasesa ||

20. Bahman tumungkul prihatin | umangsah Raja Bardiyan | nitih dipăngga binarong | kinêrakab sapêngandhap | kadya bajo lar mêrak | lir gajah ijo dinulu | sapraptane rananggana ||

21. salukun sikêping jurit | pan sampun ayun-ayunan | Sang Jayèngmurti tanya lon | sapa aranmu narendra | lan ngêndi kuthanira | sri naranata sumaur | ya ingsun Raja Bardiyan ||

22. kuthaningsun ing Kudari | ratu lêlananging jagad | dening praptaningsun kene | iya ambêbara aprang | sira kang ingsun sêdya | dumèh apa ta sirèku | ngasorakên para raja ||

23. baya kêmat sira iki | dene ta nora gêdhea | boyong ratu gêdhe-gêdhe | tur padha ratu prakosa | kabănda dening sira | nanging padha ratu cubluk | dene kêna sira bănda ||

24. sira durung olèh tandhing | ratu kang padha gêgala | ingkang kaya jênêng ingong | payo sira lêkasana | apa kang anèng sira | sun cicipane gadamu | ingsun arsa ngrasanana ||

--- 12 ---

25. ngandika Sang Jayèngmurti | hèh Bardiyan wruhanira | iya dudu caraningong | ing prang andhingini gada | balik sira dhingina | yèn uwis ganêp ping têlu | ingsun malês marang sira ||

26. gumuyu Natèng Kudari | yèn uwis sun gitik sira | dadi ngong tan wruh rasane | marang ing panggadanira | sira măngsa mindhoa | katiban pêpukul ingsun | pasthi rata lawan lêmah ||

27. Wong Agung Menak nauri | lah mara sira gadaa | kudu mêngko mati awor | lan lêmah wus takdiring Hyang | aywa ta walang driya | Bardiyan latah sumaur | kudu amêkasi sira ||

28. basa gadaningsun iki | bobote sèwu kati mas | sira èndhèk cilik manèh | lan tungganganira kuda | pasthi anggăndra pira | ingsun agung tur aluhur | lan tunggangan ingsun gajah ||

29. wong agung ngandika aris | lah aja kakehan polah | nuli lêkasana age | Raja Bardiyan sru ngucap | lah iya dèn prayitna | sarwi ngundha gadanipun | alok sênggak asru gada ||

30. katadhahan ing panangkis | tan osik ing astanira | Wong Agung Jayèngpalugon | winalês parisanira | nanging datan ginada | sinogok saking ing ngayun | pinadal Bardiyan kontal ||

31. wus tiba saking ing èsthi | gajahe nulya ginada | malêdug sumyur pan awor | lan lêmah Raja Bardiyan | tangi arsa anggada | wus rinêbut gadanipun | wong agung alon ngandika ||

32. kudhunga parismu wêsi | Bardiyan sira [si...]

--- 13 ---

[...ra] sun gada | lawan gadanira dhewe | sigra kudhung băndabaya | sira Raja Bardiyan | wong agung sigra amupuh | ingantêp panggadanira ||

33. sumyur parisanirèki | anêmpuh sirah Bardiyan | ajur lan parise awor | pêjahe Raja Bardiyan | surak bala ing Arab | Rajèng Dinawar andulu | lawan Sang Raja Parisdan ||

34. Raja Puldriyan samya ngling | hèh ta Sang Bathara Irman | tan kêna tinandhing prange | bêbayani Raja Arab | linawan prang tunggulan | apênêd yèn ginarubuh | prang tandhing tan wontên năngga ||

35. bala Sarkab lan Kudari | ing Kulsum lan ing Dinawar | pan akathah punggawane | prajuritipun akathah | kabèh arsa kiwula | dene ratunipun lampus | miwah ta ingkang binănda ||

36. sayêkti arsa belani | sêntananing para raja | kalamun wus ana pakon | Bathara Irman ngandika | inggih ta langkung karsa | Sang Raja Puldriyan gupuh | Raja Sulbi lan Parisdan ||

37. parentah hèh sang dipati | kang ratune kapracondhang | ngamuka barêng lan ingong | sadaya matur sandika | wau Sang Kakungingrat | anguwuh aminta mungsuh | adangu tan ana mangsah ||

38. obahing mungsuh katawis | orêg barise golongan | satriya myang punggawane | samya nitihi turăngga | wong agung ngawe bala | payo barênga tumanduk | anumpês kang mungsuh băngga ||

39. nora arsa aprang

--- 14 ---

tandhing | si lanat arsa prang gêbyah | bala Ngarab sadayane | satriya lan para nata | sigra nitihi samya | kabèh têtungganganipun | tan ana nêdya mundura ||

3. Durma

3. Pêrang gêbyah

1. sarêngan duk parêng surak parêng mangsah | lir rêbah kang wiyati | sagung para nata | satriya myang punggawa | ingkang wahana kudèsthi | sênuk lan bihal | balêkdaba lan kuldi ||

2. kadya gunung rungkad ingkang alas-alas | campuh robing jaladri | jagad prakampita | ru-ara pabaratan | prasamya gunge kang baris | kadya akasa | tangkêb kalawan bumi ||

3. lindhu awor prajurit kang anèng liman | prawira pitung kêthi | kuda pitung yuta | dharate pitung bara | yèn prawira munggèng èsthi | kang pitung yuta | pitung bara turanggi ||

4. yèn prawira kang nitih gajah sawêndra | sagulma kang turanggi | dharate sakirna | sawêndra sèwu wêndra | sagulma sakirna kêthi | walahu aklam | Allah kang ngudanèni ||

5. ngawikani wêwilangane kang aprang | bala Islam lan kapir | ramening ayuda | miwah kathahing wadya | duk prang Bakdiyatar nguni | apan tikêlan | akathah kang puniki ||

6. kang kinarya têtunggule bala Ngarab | kang măngka anjênêngi | bathara taruna | Prabu Kobatsareas | pangayape satus kêthi | kabayaning prang | Radèn Umaryunani ||

--- 15 ---

7. ingkang măngka pangirid Sang Kakungingrat | pira-pira para ji | lir samodra bêna | mungsuh têtunggulira | sira Prabu Nyakrawati | Sang Prabu Irman | dene kang ngêbayani ||

8. sira Raja Puldriyan lawan Parisdan | Bahman raja pangirid | têmpuhing ayuda | gajah apêpulêtan | turăngga têmpuh wor angrik | pan pira-pira | sagunge kang pêpati ||

9. pêsating kang jêmparing pan kadya jawah | têmpuhing pêdhang tamsir | kariciking cacap | kêpruke alugora | rèke kang lêlayu sêbit | kapyuking kantar | têmpuh wor mangulabi ||

10. goraning rok ramene kadya kiyamat | ruge kang pasir wukir | bubul kadya bêlah | bantala ngambak-ambak | girindra yayah kagiri | angombak-ombak | sumêbar kilat thathit ||

11. surêm-surêm surat soroting baskara | lêbu mulêk-mulêki | malikêti kisma | racak-racak punang rah | maruta kadya nyarubi | lêbu lawan rah | lesus mêsês mulêsi ||

12. para nata samya ngawaki sadaya | Lamdahur pamuknya glis | lan punggawanira | pra dipati ing Selan | sakêthi akêre wêsi | gajah dandanan | kang samya dèn titihi ||

13. kuda pitung kêthi para ratu Selan | kuda pêpêrang sami | kadya liman mêta | Lamdahur pamukira | tan wruh antuke pêpati | pamêdhangira | kadya ngrampasi pacing ||

14. kadya nacah timun ingkang munggèng têgal | pan kadya ambabadi | gêdhang-pagêdhangan | Tamtanus sabalanya [sa...]

--- 16 ---

[...balanya] | rumêksa ing Maryunani | kuda dandanan | patang lêksa prajurit ||

15. kêkulambi baruti pèrêm mas waja | para mantri Yunani | sikêp lêmbing cacap | duduk ibêr-ibêran | angeramakên ing jurit | pyak-pyuk anacap | anduduk angakahi ||

16. kadya nacah ulam loh prajurit Yunan | lir ngidak cacing luwing | ngilês-ilês rayab | Sri Sayid Ibnu Ngumar | ratu pêpitu ngayêngi | sami nyayuta | wadyane ratu siji ||

17. Andanbilis Anjanbilis Ganjimănda | lawan Ambilagaji | Gajiamonggora | Gorauktur taruna | pamuke angobrak-abrik | krura mabyungan | sagung para prajurit ||

18. Radèn Ibnujara putra Parangteja | patang lêksa prajurit | miwah Umarjaman | Kohkarib Rajaputra | Banarungsid lan Pirngadi | sugih prawira | Rajaputra Sêrandil ||

19. datan kêni winuwus kèhing wadyambyah | myang sagunging para ji | mungsuh sêsêrayan | ratu kang angrèh raja | Puldriyan Parisdan Sulbi | tanpa wilangan | balane angêbêki ||

20. pamukira têmpuh prang tabah-tabahan | tan wrin manggih pêpati | riwuting paprangan | prahara aru-ara | karubiru borak-barik | gajah gêlasah | kuda kêdadak mati ||

21. kadya tambak bangkening turăngga liman | bihal sênuk lan kuldi | mèmrèng balêkdaba | unta lan adal-adal | andaka makêthi-kêthi | mayuta-yuta | angrob samodra gêtih ||

22. ngiwat-ngiwut pamuke [pa...]

--- 17 ---

[...muke] Sang Kakungingrat | yayah andaka kanin | luwêsing turăngga | nênggih sêkarduwijan | pamêdhange ngowak-awik | ngrampas amapas | murdaning pra dipati ||

23. pira-pira pêpati timbun matambah | dening Sang Jayèngmurti | sadina tan kêna | uwal kang băndayuda | maksih ungkih liru titih | arok wilêtan | malah wus praptèng wêngi ||

24. sangsaya sru pamuke mungsuh lan rowang | pati gagap-gagapi | bala kang katrajang | kambah kabilulungan | wau ta ingkang winarni | tunggule Irman | pusaka ing Mêdayin ||

25. saking Prabu Sareas nalikanira | tapa anèng jaladri | sajroning kong gêdhah | mêntas nulya akarya | tunggul prabawa kasêktin | yèn dalu padhang | kadya padhanging sasi ||

26. salamine yèn raina ingulêsan | pinandhi dèn songsongi | winor upacara | yèn datan ana karya | awan ora dèn ungkabi | saking ulêsnya | tunggul iku kêkasih ||

27. kang satunggil duk Radèn Kobatsareas | ingadêgkên narpati | kang eyang miyarsa | anulya kinintunan | tunggul pusaka satunggil | Kobatsareas | wus pinaringan waris ||

28. marang eyangira Bathara Nusirwan | satunggil nèng Mêdayin | sinung Radèn Irman | sasêle kang pusaka | binabar tunggulnya aglis | Sang Prabu Irman | kadya padhanging sasi ||

29. wontên kawan atus cêngkal padhangira | berag kang wadya kapir | dening tunggulira [tung...]

--- 18 ---

[...gulira] | Prabu Irman prabawa | wus sasat padhanging sasi | kagyat wong Arab | Sang Prabu Kobatsari ||

30. ingaturan dening mantrine gêgawan | saking ibunirèki | wong Mêdayin kawak | pun Sèdêr namanira | dhuh gusti sang prabu pêkik | narpati jaka | abdine tur upaksi ||

31. Prabu Irman amasang tunggul wasiyat | mila padhang puniki | paduka masanga | ingkang tunggul wasiyat | têtulung sagunging dasih | pun paman Irman | sami lan paduka ji ||

32. pan sajodhonipun kagungan paduka | tuwan babara aglis | sigra kinèn babar | acahya ăndakara | sumilak padhang lir sasi | ping kawan wêlas | enggar wong Arab wuri ||

4. Pangkur

4. Wong Agung kabranan

1. wadya kang kèlês ing aprang | samya ngungsi padhanging tunggul sami | jêjêl ingkang maksih emut | ingkang ngungsi pêpadhang | ingkang sampun lali pangamuke wuru | tan wruh ing pêtêng lan padhang | saking wit dhokohing jurit ||

2. saya sru pangamukira | pan wong agung wuru madyaning jurit | gumoh bajo pulang marus | kiyu mar astanira | saking kathah dènira matèni mungsuh | mulur-mulur grananira | ilu mêdal saking lathi ||

3. makuthanira kagiwang | mènglèng nendra ngantuk luhur turanggi | bajo têlês dening marus | tumuruh mring kêkapa | Jayèngmurti sangêt [sa...]

--- 19 ---

[...ngêt] wuru datan emut | ing purwa madya wasana | lèr kidul wetan tan uning ||

4. kasorotan ing pêpadhang | Raja Bahman miyat Sang Jayèngmurti | lamun sangêt wuru marus | Umarmaya kapisah | Raja Bahman têdhak saking kudanipun | sarwi ngêmpit pêdhangira | mêdal ing wurinira Mir ||

5. wus cêlak sigra amêdhang | saking wuri nginggil talingan kêni | kagyat wong agung anjumbul | Bahman sampun lumajar | ngusap sirah kêkotos rahira nêmbur | wong agung angungak-ungak | kang amêdhang tan kaèksi ||

6. Bahman sigra palayunya | niba tangi tiba kasandhung bindi | kabêntus ing gajah lampus | kêna ing gadhing bowak | dadya ngrempong ling-alingan gajah lampus | sarwi miyat solahira | kanine Sang Jayèngmurti ||

7. ambênêrakên makutha | kinukuhkên sinindhêt dèn talèni | ngandika mring kudanipun | sêkardiyu dèn enggal | wêtokêna saking baris kene ingsun | anjungkêl Sang Kakungingrat | kantaka luhur turanggi ||

8. sêkardiyu gya umêsat | nandêr mêdal saking jabaning baris | Sang Raja Bahman andulu | wong agung solahira | panjungkêle nèng kuda tinarka lampus | mangkat sarwi kujengkangan | alok Ambyah wus ngêmasi ||

9. gumyah sagung wadyabala | lamun Jayèngmurti kalok ngêmasi | Marmaya kagyat angrungu | julalatan manêngah | angulati wong agung datan katêmu | angolak-alik bêbathang | adangu

--- 20 ---

datan kapanggih ||

10. dangu-dangu manggih tapak | sêkardiyu tinitik sampun mijil | saking jroning baris agung | ya ta praptèng raina | luwar sami kang aprang sampun akumpul | ing balane sowang-sowang | tan ana carub kang baris ||

11. wong Arab tan manjing kitha | dèning gustinira dèrèng pinanggih | sami sungkawa kalangkung | sagunging kang turăngga | binathilan tinugêlan buntutipun | pratandhane bala Ngarab | kalamun sangêt prihatin ||

12. sami ngrubung Umarmaya | tinangisan Umarmaya sru angling | lagi durung têtêp iku | iya aloking mêngsah | Jayèngmurti tinarka yèn uwis lampus | sun ruruh sajroning bathang | layone datan pinanggih ||

13. kasaru ing praptanira | wadya Ngarab kang kantun kang dèn irid | enjang praptanira jujug | Wong Agung Parangteja | lan Marmadi panggih lan Umarmayèku | miwah sagung para raja | lajêng bantoni prihatin ||

14. wong agung ing Parangteja | sabalane kuda wus dèn bathili | wong Arab sukanirèku | praptane Radèn Maktal | prihatine wong agung dèrèng pinangguh | Adipati Tasikwaja | pangandikanira aris ||

15. hèh yayi mas Parangteja | lah karia tunggunên baris iki | ladènana mungsuh iku | ing aprang sawatara | ingsun arsa ngupaya rakanirèku | tapake sêkarduwijan | arsa sun turut sun titik ||

16. sagunging kang para raja | marang Umarmaya samya ngabêkti | sigra mêsat Marmaya [Marma...]

--- 21 ---

[...ya] wus | ing wuri agung aprang | sabên ari wong Arab têtunggulipun | wong agung ing Parangteja | kunêng gantya kang ginêndhis ||

5. Dhandhanggula

5. Wong Agung dipun upakara dening Sahsiyar

1. panandêre turangganira Mir | sawêtune saking ing paprangan | kalantur têbih tibane | manjing marang wana gung | wontên margi têrusan alit | bingung sêkarduwijan | marga lit tinurut | anjog ing bukit Surukan | wukir alit ana sêndhange sawiji | wêning ilining toya ||

2. sêkarduwijan ningali warih | marganira anabrang wêwangan | turăngga kèndêl angombe | wong agung maksih kukuh | asta kancing pan datan eling | tuwuk sêkarduwijan | apan arsa laju | nabrang wangan ngampat marga | wukir alit kaplorod Sang Jayèngmurti | tiba angalang wangan ||

3. lir binêbêg kang toya tan mili | ilining toya saking kalaban | anglubèri sarirane | toya awarni marus | turanggane maksih nênggani | jêtung sêkarduwijan | nèng dagan atunggu | ya ta ingkang winursita | wontên dhukuh sangandhaping wukir alit | dhukuh Mêndhangsurukan ||

4. wontên wismane amung sawiji | răndha miskin Ni Umi Sahsiyar | satunggil jalu sutane | karyane angon [a...]

--- 22 ---

[...ngon] wêdhus | mung pêpitu wêdhusirèki | langkung ing miskinira | răndha kawlasayun | sira Ki Jaka Sahsiyar | ing nalika wanci têngange anggiring | wêdhusipun ginawa ||

5. praptèng wangan kagyat aningali | dening toyaning wangan mili rah | Sahsiyar ngungun ing tyase | mrênahkên wêdhusipun | Ki Sahsiyar arsa udani | kang karya mili êrah | Sahsiyar mandhuwur | kagyat ningali wong rêbah | ngalang wangan mêntas aprang nandhang kanin | turanggane atêngga ||

6. Ki Sahsiyar sigra marêpêki | ngiling-ilingi wadananira | mawa cahya kêkuwunge | Sahsiyar ngling ing kalbu | baya raja kang tatu iki | mêntas amangun aprang | kantakane tatu | raja ing ngêndi ta baya | baya aprang lan balane Jayèngmurti | sawusnya ngartikèng tyas ||

7. sun gawane mulih wisma mami | sun tambanane lamun warasa | ing têmbe ana pedahe | pamalêse maring sun | yêkti ana ing têmbe ngakir | dene yèn banjur pêjah | iya nora wurung | duwèke kaduwe mringwang | dene iya sun kubur ingsun rêsiki | dandanane akathah ||

8. Ki Sahsiyar pan niyatirèki | pan amangun karya kabêcikan | ing batin kêncêng niyate | sigra mrêpêki gupuh | pinggangira cinandhak aglis | apan arsa dèn angkat | ginendhong kasaru | sêkarduwi mara mêndhak | ambangingih Sahsiyar kèndêl anolih | aningali turăngga ||

9. Ki Sahsiyar kèndêl aningali | kuda iki pan idhêp ing

--- 23 ---

jalma | têka mangkene solahe | kudu ngrewangi junjung | kinuwatan ingangkat malih | kuda mêndhak ing lêmah | Sahsiyar agupuh | rêkasa panjunjungira | inginggahkên marang gigiring turanggi | apan sampun kaêntas ||

10. binakta mantuk wismanirèki | praptèng wisma apan wus pinarnah | ing kanthil bale jabane | biyangira amuwus | kulup sapa kagawa iki | Sahsiyar aturira | punika wong tatu | tiba ngalang anèng wangan | ngong watara ibu puniki narpati | utawa sinatriya ||

11. mêntas aprang kêtaton puniki | praptanipun ing ngriki binakta | inggih dhatêng turanggane | amêmêlas satuhu | mila arsa kula jampèni | pintên banggi yèn saras | wontêna sihipun | iya kulup sakarsanta | dadi ingsun kewala kang angon kambing | sira pan lagi têngga ||

12. kudanira nèng ulon nunggoni | Ki Sahsiyar lunga ngambil tămba | sagêgêm tinambakake | sigra binêbêt sampun | kang tatămba lawan jêjarit | nulya busananira | rinucatan sampun | winasuh kang tabêt êrah | ingisisan kaprajuritan sinandhing | mangkana Ki Sahsiyar ||

13. sêkardiyu pan arsa giniring | sira iku lungaa marana | marang pasukêtan akèh | turăngga datan purun | dèn agagi lawan gêgitik | sigra sêkarduwijan | buka netranipun | nênggih kang wontên ing jaja | panthêlênge kadya netrane rasêksi | macicil gilar-gilar ||

14. Ki Sahsiyar dharodhog [dharodho...]

--- 24 ---

[...g] ningali | langkung ebat iki jaran apa | têka mangkono solahe | lah iya sakarêpmu | kudu tunggu gustinirèki | mangkana cinarita | jangkêp pitung dalu | yèn sore ibune prapta | lamun enjing kesahira angon kambing | sawusnya pitung dina ||

15. èngêtira Risang Jayèngmurti | Ki Sahsiyar nuju nèng kêbonan | wong agung buka netrane | kadya saking aturu | kagyat ngusap kaninirèki | nulya lajêng alênggah | wong agung angungun | waune anèng paprangan | iki têka alinggih ana ing kanthil | tur wisma lit dhêdhêkah ||

16. sêkardiyu wruh gustine linggih | muni thakur-thakur wèh isarat | kadya angundang swarane | Sahsiyar duk angrungu | kuda muni anulya mulih | dene wus pitung dina | tan ana angrungu | mung mangkya turăngga munya | sapraptane wong agung kapanggih linggih | Sahsiyar marêk nêmbah ||

17. sarwi tumungkul sirahirèki | Sang Jayèngmurti alon ngandika | hèh wong anom apa lire | tingkahira maring sun | lawan sapa namanirèki | Sahsiyar matur nêmbah | pun Sahsiyar ulun | kula tiyang angèn menda | wastanipun bukit Surukan puniki | amba wong kawlasarsa ||

18. katur sadaya solahirèki | amiwiti prapta ing wêkasan | nalika duk pambêktane | saking wangan ing dangu | ya ta mèsêm Sang Jayèngmurti | hèh sira têtêpêna | pakaryanirèku | kangelanira maringwang | pasthi ana pamalêsirèng [pamalê...]

--- 25 ---

[...sirèng] Hyang Widhi | wong karya kabêcikan ||

19. nora ana wong agawe bêcik | winalêsa lawan siya-siya | apan wus ana dalile | bêcik amanggih ayu | hèh Sahsiyar sun utang urip | aja ta walang driya | dèn sabar karuhun | ingsun durung pati bagas | lamun ana wêdhusira salah siji | gawèkna bubur surba ||

20. dimène sêgêr sarira mami | nulya Sahsiyar andêkêp menda | lajêng dènira nêmbêlèh | sigra ingolah bubur | surba matêng katur Sang Amir | sigra dènira dhahar | antuk pitung suru | wong agung anulya nendra | sakarine bubure wus dèn lorodi | ulame dhinendhengan ||

21. enjangira wong agung lingnya ris | Sahsiyar yèn maksih wêdhusira | olahêna bubur manèh | Sahsiyar nêmbah matur | darbèk kula namung satunggil | pun ibu maksih gadhah | nênêm kathahipun | wong agung kagyat ngandika | yèn mangkono undangên ibunirèki | panggiha lawan ingwang ||

22. Ki Sahsiyar sigra amarani | ing ibune wus prapta ing wisma | ingirid praptèng ngarsane | wong agung ngandika rum | hèh Sang Umi Sahsiyar nênggih | anêdha dukanira | ingsun ngambil biyung | parlu sira mulasara | aturnya lon hèh babo babo nak mami | mugi kalampahana ||

23. karsanira babo ngambil bibi | dene langkung saking sudra papa | tan pantês awor ing akèh | luwih karsanirèku | langkung nistha inggih pun bibi |

--- 26 ---

pan saking karsanira | babo putraningsun | wong agung alon lingira | pira kèhe ta bibi kambingirèki | matur nênêm punika ||

24. lah ta bibi wèhêna ing mami | gawèkêna bibi bubur surba | anyar siji sadinane | ingsun lironi besuk | kambing siji sapuluh benjing | kambing pêpitu iya | dadi pitung puluh | nyai răndha aturira | yèn makatên pun bibi wêruhna mangkin | ing nama pakênira ||

25. supayane kambing nênêm nuli | sun aturakên ing pakênira | wong agung mèsêm ature | ya bibi aran ingsun | Sayidsami sanake sami | Wong Agung Jayèngrana | ingkang angadhatun | anèng ing Kaos nagara | satriyane bibi têgêse wak mami | gêgawan saking Arab ||

26. lêga tyase ni răndha miyarsi | osiking tyas pan iki santana | wong agung angrèh ing kene | Kalana Jayèngsatru | sêtya tuhu asih ing dasih | apura martèng jagad | wêwatêkanipun | nyai răndha sigra kesah | wêdhusipun kanêm binêkta prasami | katur ing ngarsanira ||

27. lah ta anak ingsun Sayidsami | tampanana kambing nênêm iya | ing sakarsanira mangke | alon dènira muwus | iya bibi tarima mami | Sahsiyar olahêna | bubur surba ingsun | siji-siji sadinanya | dimèn sêgêr Sahsiyar sarira mami | Sahsiyar danasmara ||

--- 27 ---

6. Asmaradana

6. Umarmaya madosi Wong Agung

1. Sahsiyar pan sabên enjing | maragad menda satunggal | ingolah bubur surbane | dhinahar marang wong Menak | enjang malih maragad | sawêgira kawan dalu | nyai răndha alon mojar ||

2. anak ingsun Sayidsami | adhahara kêkuluban | mêne ingsun kulubake | êlêtana dhahar menda | sira wong mêntas lara | manawa kagèt nak ingsun | abêcik dèn uda-uda ||

3. angling Radèn Sayidsami | lah bibi sakarsanira | dimène ènggal ènthènge | gih bibi sariraningwang | mangkana pinarêman | sabên-sabên wanci surup | apan inguyup-uyupan ||

4. kanine wus mingkêm sami | sarira pan mèh tênggarang | nyai răndha lon wuwuse | Sayidsami sutaningwang | bêcik amêng-amênga | marang sajabaning wangun | sira mulata akasa ||

5. iya Radèn Sayidsami | aja kawêwêl tyasira | ambantoni ing ènthènge | ya babo sariranira | watêk wruh ing pêpadhang | wong agung mèsêm anurut | ngenggar-enggar anèng latar ||

6. hèh sutèngsun Sayidsami | yèn wus bisa marang latar | nuli undhakna mring kêbon | sayêkti sangsaya rikat | nyawa sariranira | bibi sêlot-sêlotipun | kang sarira maksih anggal ||

--- 28 ---

7. sutaningsun Sayidsami | kudanira abanana | dimèn mêmangan mring kêbon | miwah jaban padhukuhan | ênggoning sukêt kathah | laminira gêrah iku | iya durung mangan-mangan ||

8. pijêr tunggu ing sirèki | lah ta nyawa jaran apa | iya jarwanana ingong | durung ana jroning praja | kang mirib kudanira | ingsun nyawa durung ngrungu | turăngga graita jalma ||

9. angling Radèn Sayidsami | bibi puniku gadhuhan | kudane Jayèngpalugon | pan inggih anaking ditya | saking gunung Jabalkab | ibune pêri puniku | manthuk-manthuk nyai răndha ||

10. sangsaya kandêl tyasnèki | dènira ngaku atmaja | nuju kalih anèng kêbon | bêbisik mring anakira | kulup dhêdhayohira | nyata santanane tuhu | mring Wong Agung Kakungingrat ||

11. dene turănggane iki | ujare iku gadhuhan | saking Sang Jayèngpalugon | pan iya anaking ditya | kuda saking Jabalkab | dèn bêcik sungkêmirèku | batine nyata bêndara ||

12. gujêng Radèn Sayidsami | wuwusên Ki Umarmaya | kalaut-laut lampahe | manjing marang wanawasa | mulat lor kidul wetan | Ki Umarmaya andulu | ana marga têtêrusan ||

13. tan adangu cuthêl malih | anjêtung Ki Umarmaya | sarwi ambănda astane | angantuk-ngantuk lumampah | nêmah Ki Umarmaya | sukur mati sukur idhup | adangu dènnya lêlampah ||

14. kabêntus ing kayu tangi | anjumbul [a...]

--- 29 ---

[...njumbul] Sang Tasikwaja | kèndêl mulat ngalor ngulon | ana marga têtêrusan | limid tilasnya kambah | anulya ningali banyu | wangan wêning saking sêndhang ||

15. tinurut amanggih ardi | ardi pêpunthuk kewala | ana marga bêsèr-bêsèr | ngampat wukir alit ika | wau Sang Tasikwaja | ayun wruh wêkasanipun | ing wukir alit punika ||

16. prapta imbange kang wukir | katingalan ana wisma | siji lamat-lamat katon | karange maksih bêbakal | tanggung durung tumruna | sajabaning pagêripun | ana turăngga mêmangan ||

17. Umarmaya gya mrêpêki | mata kapèn kaya-kaya | angadhêm-adhêmi tyase | pinarênga kuda ika | kaya sêkarduwijan | sêkarduwijan andulu | ana janma siji prapta ||

18. kèndêl dènira abukti | mulat sujalma kang prapta | yèn Umarmaya yêktine | gya muni sêkarduwijan | mapag marang Marmaya | banting-banting sirahipun | binantingakên ing lêmah ||

19. cumêplong tyas Marmayèki | yèn èstu sêkarduwijan | turăngga lumaku mulèh | nolah-nolih lampahira | ngêjèpi Umarmaya | Ki Umarmaya tut pungkur | wurine sêkarduwijan ||

20. praptèng wisma bêrik-bêrik | muni pun sêkarduwijan | kadya wèh sarat unine | yèn prapta pun Umarmaya | kalihe kagyat mulat | Marmaya gupuh lumayu | amêngkul pada karuna ||

--- 30 ---

21. wong agung sigra nêdhaki | angrangkul marang Marmaya | pêluk-pinêluk asuwe | sawusnya tata alênggah | Dipati Tasikwaja | mêdalkên dhaharan sampun | saking kandhi kang sarwendah ||

22. anulya sami binukti | asuka Sang Kakungingrat | kadya riyaya pamine | salamine anèng arga | tan ana pêpanganan | praptane Umarmayèku | kambon panganan nagara ||

23. Umarmaya matur aris | suwawi nuntên kondura | apan sagung para katong | sami kalangkung sungkawa | sinatru sêkul ulam | toya tan mangsuk ing gulu | andina-dina karuna ||

24. miwah ta sang rajaputri | kalihe diwèng karuna | Muninggar Sêkar Kadhaton | tan tolih tadhah anendra | wong agung angandika | ingsun kakang misih lêsu | sira bae kang dhingina ||

25. wartanana kang para ji | apa misih rame aprang | Sang Tasikwaja ature | inggih maksih sabên dina | rame abăndayuda | dèrèng wontên mêndhanipun | bantuning mêngsah gung prapta ||

26. nanging rayi tuwan prapti | yayi mas ing Parangteja | kang ungaran sabalane | wadya ingkang saking Mêkah | sagung kang para nata | mila wontên asrêpipun | mêngsah sami darbe taha ||

27. wong agung ngandika malih | lah uwis kakang dèn enggal | matura ing yayi karo | Muninggar Sêkar Kadhatyan | amit Ki Umarmaya | sigra nampèl wêntisipun | mêsat tumruna lampahnya ||

--- 31 ---

7. Sinom

7. Wong Agung kondur dhatêng Kaos

1. ing marga datan winarna | lampahe Marmaya prapti | pasamuan balatăntra | lagya yun-ayunan jurit | Umarmaya sêsirig | kagyat sagung para ratu | rinubung Umarmaya | prasamya têtakèn warti | Marmaya ngling pan maksih ana agêsang ||

2. anèng gunung alit kana | ing Mêdhangsurukan nênggih | kanine pan wus waluya | kari lêsune kang maksih | ya ta sagung para ji | tangara pangluwar wuyung | juru kêndhang sadaya | salin panabuhe sami | pratandhane yèn mari prihatinira ||

3. wus ayèm dening pawarta | Umarmaya muwus aris | hèh sagunging para nata | satriya miwah bupati | sapa arsa udani | ing gusti sakarêpipun | iya padha mangkata | ingsun ingkang tunggu baris | sigra Radèn Maryunani nitih kuda ||

4. umangkat sabalanira | kang samya nitih turanggi | Lamdahur wus nitih liman | miwah sagunging para ji | gumrêdêg rêbut dhingin | wau Ki Umarmayèku | sampun manjing kadhatyan | panggih rajaputri kalih | katur lamun kang raka anèng Surukan ||

5. gumêdêr sajroning pura | kang samya nahên prihatin | mêngakakên lawang suka | Rêtna Muninggar lirnya ris | hèh yayi putri Mêsir | payo nuli age nusul | marang bukit Surukan | aja na kang nitih èsthi |

--- 32 ---

ingsun nitih liman bae dimèn enggal ||

6. busêkan samêkta budhal | Rajaputri Muninggarim | pinêlak dipangganira | miwah Rajaputri Mêsir | wus samya nitih èsthi | parêkan lan inyanipun | sadaya nitih kuda | Muninggar pawongannèki | kawan èwu sadaya anitih kuda ||

7. wau ta kang kawuwusa | sagung kang samya ngriyini | ingkang para putra lawan | para ratu sampun prapti | bêbungas ing wanadri | nanging sakiduling gunung | alit ênggèning dhêkah | gumuruh turăngga èsthi | Ki Sahsiyar lan ibune samya maras ||

8. duk praptanira Marmaya | Sahsiyar anuju sêpi | lan ibune kakêrapa | jêjanganan anyaosi | kuluban Sayidsami | mangkya prapta gupuh-gupuh | ni răndha praptèng ngarsa | dhuh sutèngong Sayidsami | ana baris marene tanpa wilangan ||

9. manawa ta iku mêngsah | angling Radèn Sayidsami | bibi kadi dede mêngsah | mokal uninga ing ngriki | ewamakotên bibi | inggih sapuluh-sapuluh | kalamun tuhu mêngsah | ing pundi gène gumingsir | lara pati măngsa kêna singgahana ||

10. ni răndha alon lingira | hèh Sahsiyar anak mami | atunggua kakangira | Sahsiyar ngadhêp tan têbih | wau kang prapta dhingin | Maryunani lan Lamdahur | lawan Sang Rajèng Yunan | miwah Prabu Umarmadi | sakadange andhingini praptanira ||

11. manjing jro marêk tur sêmbah | samya ngraup pada nangis | gumuruh kang para raja | miwah Radèn Maryunani [Maryuna...]

--- 33 ---

[...ni] | sawusira ngabêkti | samya nêbih dènnya lungguh | dhêku kang para raja | tan dangu gumrah ing jawi | praptanira Muninggar Sêkar Kadhatyan ||

12. wus têdhak saking dipăngga | sira rajaputri kalih | gurawalan manjing wisma | nungkêmi pada sru anjrit | kathah sêsambatnèki | Sang Rajaputri Mêdayun | miwah sêsambatira | sira Rajaputri Mêsir | nyai răndha gêgêtun kaya matia ||

13. dene ta sèwu tan nyana | yèn puniku Jayèngmurti | pangakune pan satriya | satriyane Jayèngmurti | arane Sayidsami | iki jêbule ngêndhukur | Wong Agung Kakungingrat | bisa têmên angalingi | nyai răndha kêkês rumab ajrih pêrak ||

14. miwah sira Ki Sahsiyar | anjêngêr tan bisa angling | kamitênggêng solahira | sangsaya gung ratu prapti | gantya sami ngujungi | Sahsiyar lan ibunipun | kesah-kesah tan kêna | kinèn têtêpa alinggih | parêk munggèng ngarsane Sang Kakungingrat ||

15. ngungkurakên para raja | wong agung ngandika aris | hèh sagunging para nata | ingsun iki utang urip | marang Sahsiyar iki | iya sun aku sadulur | ibune Si Sahsiyar | iya ingsun aku bibi | awèwèha padha sakuwasanira ||

16. miwah yayi karo sira | mangkono parentah mami | Rêtna Muninggar ngandika | bibi tutugêna ugi | gonira gawe bêcik | ingsun milu ngaku biyung | andhêku nini răndha | angling Rajaputri Mêsir | iya ingsun bibi milu [mi...]

--- 34 ---

[...lu] ngaku biyang ||

17. sang putri kalih utusan | miwah sagunging para ji | prasamya ngambil barana | utusane rajaputri | ingkang prapta rumiyin | dinar pitung atus pikul | pan pitung puluh yuta | pêparinge Muninggarim | putri Mêsir paring patang puluh yuta ||

18. kajawi wastra busana | pêparing saking sang putri | miwah intên lan pakaja | mutyara nila widuri | utusane para ji | ana prapta ana durung | nênggih kang sampun prapta | paringe ratu pangarsi | pan anyatus wong èstri kalawan priya ||

19. kalawan sanjatanira | lêskar kang saking para ji | kajawi kang rajabrana | turăngga unta lan kuldi | lawan kang angon sami | pêparinge para ratu | nalika pitung dina | cinacah lêstarirèki | apan sampun kawan lêksa kawan nambang ||

20. wong agung alon ngandika | Sahsiyar sun karya mantri | dèn kadi mantri sadaya | mangkana tan kèndêl prapti | sagung para narpati | ing wuri andina rawuh | ingkang tan kêna ngundhang | parandene samya prapti | yayah kadya anadari gustinira ||

21. ana nyalawe nyadasa | lêskar jalu lan pawèstri | tanapi kang rajabrana | tan pêgat andina prapti | sinungsung ing para ji | mas rêtna busana luhung | miwah kapraboning prang | myang dandananing nagari | kadya ngimpi Sahsiyar lan ibunira ||

22. duk ing pitung dina êngkas | cinacah sampun sakêthi | Sahsiyar kawulanira | kawula jalu lan èstri | rajabrana anggili | tinumpuk [ti...]

--- 35 ---

[...numpuk] angundhung-undhung | wong agung angandika | mring sagung para narpati | Si Sahsiyar lêskare sangsaya kathah ||

23. pan ing mêngko Si Sahsiyar | sun adêgakên bupati | ana ing bukit Surukan | lêskare pan wus sakêthi | ing pitung dina malih | pisungsunging para ratu | sangsaya tumpa-tumpa | malah ingkang pra dipati | lan satriya sadaya dhatêngkên nadar ||

24. antara sapuluh dina | pitung dina kaping kalih | cinacah malih kang prapta | sampun antuk kawan kêthi | lan wolung lêksa malih | wolung èwu wolung atus | brana matumpa-tumpa | dandanan karya nagari | Ki Sahsiyar sampun ingadêgkên raja ||

25. yèn upama tinimbanga | cinaritakakên nênggih | dening kang alul carita | ing bukit Surukan mangkin | lawan nagari Tarkis | katimbanga arjanipun | nanging donya kapara | kathah ing Surukan ugi | apan sampun masang kaprabon Sahsiyar ||

26. saking gunging kanugrahan- | ira Sang Surayèng Bumi | ibune sinung pêparab | anênggih Umi Sultani | lire Umi Sultani | pan têgêse ratu ibu | arja sami sawulan | Mêndhangsurukan nagari | sangkêp sampêt sabusanane ngayuda ||

27. yèn upama tinimbanga | Prabu Sahsiyar donyèki | kalawan ratu adagang | patang puluh para aji | lamine dènnya grami | iya patang puluh taun | pan maksih kathah uga | donyane Sahsiyar nênggih | karatone pan sêdhêng-sêdhêng sadaya ||

--- 36 ---

28. nora pati yèn karia | nora pati angungkuli | lawan para ratu kathah | abêbala patang kêthi | ingkang warna prajurit | wolung lêksa wolung èwu | kasusra jagad raya | yèn ana wong angon kambing | wus kinarya raja mring Sang Kakungingrat ||

29. nagrine bukit Surukan | mangkana Sang Jayèngmurti | pisungsunge para raja | wus arang kang samya prapti | Wong Agung Jayèngmurti | paring wêdhus pitung puluh | lawan kang angon pisan | lan arta pitung yutèki | juru beya ingone akarya kitha ||

30. manjing ratu sinudara | mring Wong Agung Jayèngmurti | lungguhe Prabu Sahsiyar | apan ta nora sumiwi | yèn ora dèn timbali | kinadang-kadang ingugung | ratu isèn wijoan | palowanu dèn paringi | wus mangkana pamit Risang Kakungingrat ||

31. kondur mring Kaos nagara | sawadyabala umiring | ing marga datan winarna | ing pabarisan wus prapti | wau kang garwa kalih | kinèn lajêng angadhatun | wong agung mring paprangan | lan para ratu wus panggih | ingkang samya kinèn tunggu pabarisan ||

32. ngabêkti angraup pada | mangkana Sang Jayèngmurti | munggèng ing tarub wangunan | siniwèng para narpati | gunêm masalah jurit | matur ingkang para ratu | gusti bantuning mêngsah | dèrèng pêgat ingkang prapti | srayanipun Jobin lawan Raja Bahman ||

33. miwah ta rayi paduka | sarayane kathah prapti | inggih Sang Bathara Irman | wong agung ngandika aris | ing mêngko karsa mami [ma...]

--- 37 ---

[...mi] | sakèhe kang para ratu | iya salina gêlar | gêlara sulu piyatin | paran kono yayi mas ing Parangteja ||

34. miwah kakang Tasikwaja | lan suta ngong Maryunani | myang para ratu pangarsa | sadaya samya tinari | gêlar sulu piyatin | pêpanthane pinartêlu | lamun mangsah dadia | gêlar arbangu piyatin | yèn alihan ngasokkên ing wadyanira ||

35. agêlara asna piat | yèn mangsah sulu piyatin | arbangu kamsatu piat | sabtau sabngu piyatin | dene ingkang nindhihi | pêpanthane baris iku | yayi mas Parangteja | Marmaya Umaryunani | yèn martêlu wong têlu iku kawasa ||

36. yèn dadi arbangu piat | manjinga Prabu Sêrandil | yèn dadi kamsatu piat | manjinga Prabu Marmadi | yèn sabtau piyatin | manjinga yayi Tamtanus | poma dèn eling padha | sulu piat dadi wiwit | Maktal Maryunani katiga Marmaya ||

37. yèn mranêm Sang Prabu Yunan | kang kawasa angrèh baris | sampun mupakat sadaya | sagung kang para narpati | sulu kinarya dhingin | para ratu pinartêlu | Marmaya Radèn Maktal | katiga Umaryunani | pan kaduman ratu ngalih èwu sowang ||

38. kang nunggil Ki Umarmaya | nênggih Sang Prabu Kohkarib | kang nunggil Rahadèn Maktal | Prabu Lamdahur Sêrandil | kang nunggil Maryunani | sira Sang Prabu Tamtanus | yèn mangsah sami mangsah | tigang păntha samya malih | amèt para ratu ngalih èwu

--- 38 ---

sowang ||

39. tunggul ingkang samya rusak | sadaya wus dèn salini | ratu kang nênêm punika | juru pamisesèng jurit | kanêm Umaryunani | kang binage para ratu | kabèh wus sinung tăndha | aju undure kang baris | satriyane miwah punggawane samya ||

40. Marmaya pratandhanira | yèn buwang topongirèki | barise nulya amêcah | pratandhane Maryunani | yèn buwang duduk nênggih | pamêcahe barisipun | Wong Agung Parangteja | yèn tunggule dèn palintir | pan ing kono jangjine kang baris mêcah ||

41. dene mungsuh kang dèn arah | wus samya binagi-bagi | Dyan Maktal lan Prabu Irman | Umarmaya Prabu Jobin | Radèn Umaryunani | Bahman pan bubuhanipun | pan wus dadya sadaya | sakathahe kang pinikir | praptèng dalu wong agung lajêng kasukan ||

42. kunêng wau winurcita | Raja Bahman Ratu Jobin | Puldriyan Sulbi Parisdan | miwah sagunging narpati | sadaya wus miyarsi | praptane Sang Jayèngpupuh | saking bukit Surukan | Ratu Jobin lingira ris | lamun benjang mêdal ginarubuh ing prang ||

43. wong Arab kunane iya | tan kêna linawan tandhing | yèn ora lawan cinidra | iya adate bilai | prang Bakdiyatar nguni | bilaine ginarubuh | Padêmis ya mangkana | bêcik cinidra ing jurit | apadene Raja Bahman Prabu Irman ||

44. ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing | muni têngaraning yuda | kêndhang [kê...]

--- 39 ---

[...ndhang] gong gurnang lan bèri | têtêg mawanti-wanti | wong Arab barise mêtu | kadya samodra bêna | bêlabar datanpa têpi | ambêranang kadya girindra pawaka ||

45. wong agung sampun alênggah | ing wijoan palowani | Bathara Kobatsareas | lunggyèng ing amparan rukmi | banjêng para narpati | akapang kalangan têpung | wau Sang Prabu Irman | lan Bahman Parisdan Jobin | Raja Sulbi Puldriyan lajêng kêkirab ||

46. wus pêpak kapraboning prang | ing papan sampun miranti | wong kapir tanpa wilangan | têngara gumuruh atri | kadya bêlah kang bumi | gora rèh guntur-gumuntur | mungsuh kalawan rowang | mêmpêng kasuran prasami | pangajape ing prang tan nêdya mundura ||

8. Durma

8. Kalisahak pêjah wontên ing paprangan

1. wus andadi baris Arab gêlarira | nênggih sulu piyatin | sampun amartiga | Marmaya Radèn Maktal | tiga Radèn Maryunani | panggenanira | Wong Agung Jayèngmurti ||

2. ing wurine satriya ing Parangteja | sagung para putra ji | ngayab Sri Bathara | Prabu Kobatsareas | wurining rama gènnèki | wusnya mangkana | mungsuh duk aningali ||

3. samya cingak de wong Arab karya gêlar | nênggih sulu piyatin | dadya kasalêpak | arsa animbangana | wong agung parentah aglis [a...]

--- 40 ---

[...glis] | age mangsaha | iya trajangên dhingin ||

4. nora antuk duraka nyuda prawira | wong cidra dèn dhingini | sigra bala Ngarab | kabèh prajuritira | anitih turăngga èsthi | barang titihan | kabèh wus dèn titihi ||

5. Umarmaya Maryunani Radèn Maktal | parêng dènnya ngabani | sigra sarêng mangsah | samya nyamêthi kuda | para ratu angawaki | sapunggawanya | satriya para mantri ||

6. tri gumuruh surak parêng dènnya nunjang | barise wadya kapir | kagum gugup mangsah | sawusnya têmpuh ing prang | Rahadèn Maktal nulya glis | tunggule sigra | pratăndha wus pinuntir ||

7. wus umangsah Lamdahur sabalanira | Radèn Umaryunani | duduk wus binuwang | Tamtanus sigra mêcah | angering angirid baris | Dyan Umarmaya | ngulukkên topong aglis ||

8. Umarmadi wus mêcah gêgamanira | ngêlar wus angêlèbi | barise wong Arab | nangkêbi mamrih papan | busêkan ramening jurit | kadya prahara | ru-ara mobat-mabit ||

9. lindhu awor mabyungan arêbut papan | nêbah-nêbah kabalik | sagung para raja | satriya myang punggawa | numpês mêngsah nganan ngering | ngambah angidak | pati sungsun atindhih ||

10. gora riwut siwat-siwut kang sêsawat | palêncuting jêmparing | larape kang pêdhang | sumirating baskara | tanpa rungyan ing ajurit | mawur liwêran | kuwur kawuron sami ||

11. ramening prang kadya bêlah kang akasa |

--- 41 ---

pratiwi gonjang-ganjing | rag-rêg kang parbata | yayah lir gumuntura | saking ramening ajurit | rok rukêt samya | busêkan silih-ungkih ||

12. lali kadang gusti lali ing kawula | kawula lali gusti | anak lali bapa | bapa lali ing anak | gumrah sambating akanin | turăngga liman | pêluk akèh ngêmasi ||

13. bala Ngarab kadya kruraning rêksasa | ditya sayuta kêthi | kontrag mamrih măngsa | angamah samodrèng rah | Raja Puldriyan ngêmasi | Sang Rajèng Selan | ingkang marwasèng bindi ||

14. Radèn Maktal anênggih ing yudanira | nênggih ratu sinêkti | Sang Raja Parisdan | rame pêdhang-pinêdhang | baya wus karsèng Hyang Widi | pakaryaning prang | rusuh gagap-gagapi ||

15. carub awor parandene nora ana | ingkang marêngi ukih | sikêp lan punggawa | mantri lan para raja | apanggih kadya tinandhing | raja lan raja | mantri prasamya mantri ||

16. nora jarag parandene kang satriya | sami satriya panggih | raja sami raja | wau ta kang ayuda | amêdhang anitir-nitir | Raja Parisdan | tinangkis tan ngênèni ||

17. atêtanya wong agung ing Parangteja | wong apa sira iki | rusuh yudanira | ratu apa satriya | Raja Parisdan nauri | pan ingsun raja | Kulsum kadhaton mami ||

18. sira iki ratu apa ta satriya | Radèn Maktal nauri | aranana raja | iya pan ingsun raja | sira aranana mami | lamun satriya | iya satriya mami ||

--- 42 ---

19. kuthaningsun Ngalabani Sang Parisdan | asru dènira angling | payo umalêsa | sigra Rahadèn Maktal | Parisdan pinêdhang aglis | parise sigar | rantas sirahe palih ||

20. anrus marang jaja wêtêng anêratas | kêkapaning turanggi | tugêl kudanira | Raja Parisdan sigar | Marmaya kagyat ningali | Rajèng Dinawar | yudane amrih silib ||

21. bêkta kutug kukus kinarya alingan | enak dènnya mêdhangi | apan tan katingal | kukus kang dadi sarat | nadyan ana kasa tuding | Rajèng Dinawar | nênggih datan kaèksi ||

22. pira-pira prajurit Arab kang pêjah | dening Sang Rajèng Sulbi | Narpati Dinawar | sigra Ki Umarmaya | amasang topongira glis | saking Ngajêrak | sêsaat tan kaèksi ||

23. narik kanjar Rajèng Dinawar tinigas | pêdhot jangganirèki | sigra Umarmaya | angamuk lawan kanjar | jêr kapir sira miwiti | aprang siliban | mêngko ingsun malêsi ||

24. rasakêna sira motangi maringwang | Marmaya mobat-mabit | ngamuk sarta kanjar | apan datan katingal | pira-pira kang ngêmasi | dening Marmaya | para ratu dipati ||

25. datan kêna rinèhkên gunging pêpêjah | tan kêna yèn binudi | mung walahu aklam | Allah kang luwih wikan | ngawruhi gunging pêpati | kang mungsuh dhadhal | sakarine kang mati ||

26. Raja Irman dhingini palayunira | lawan Sang Ratu Jobin | Bahman wurinira | Dyan Maryunani mulat | gya

--- 43 ---

ngêtab kuda nututi | Sang Raja Bahman | sigra nabêt turanggi ||

27. pan anginthar sinandêr untap-untapan | Radèn Umaryunani | kasandhung ing Bêstak | lêmês dèn idak-idak | radèn tan arsa matèni | mring Patih Bêstak | mung Bahman ingkang pinrih ||

28. saparane Raja Bahman dipun ambat | kalingan katon malih | sinandêr anilab | yèn kang ngalingi raja | miwah satriya bupati | sinabêt pêdhang | wong cilik dèn liwati ||

29. pan samarga kèh kacandhak balanira | Radèn Umaryunani | sanadyan satriya | yèn nungkul inguripan | kang umiring Maryunani | para satriya | samarga mêmatèni ||

30. kang anungkul jaluk urip inguripan | prasamya dèn boyongi | ing samarga-marga | wong Arab abêbandhang | Irman lawan Ratu Jobin | nèng ngarsa têbah | awor lawan wadya lit ||

31. amung Raja Bahman ingungsêt kalintang | mring Radèn Maryunani | wau duk katingal | têbih tur lamat-lamat | Kalisahak cinamêthi | satêbihira | Bahman wus dèn calêki ||

32. pan kacandhak inguwuh Sang Raja Bahman | hèh raja apa anjing | sira iku Bahman | dene agawe polah | nora tanggon ing ajurit | payo mandhêga | pan sarwi dèn lancangi ||

33. Raja Bahman mandhêg sarwi narik pêdhang | wadyane kang tut wuri | ana kalih dasa | pisah anêbih samya | Bahman amêdhang sira glis | wus tinadhahan | lawan parise wêsi ||

34. pan katangkis [ka...]

--- 44 ---

[...tangkis] pamêdhange Raja Bahman | sigra winalês aglis | parisane sigar | rantas guluning kuda | tugêl turăngga ngêmasi | Sang Raja Bahman | tibanira kuwalik ||

35. dharakalan tangi narajang amêdhang | sukune kang turanggi | Kalisahak rantas | samana pêjahira | dyan malumpat Maryunani | nututi Bahman | sinabêt saking wuri ||

36. wêntisira kang têngên pêdhot pinêdhang | Bahman niba anangis | tan kêna lumampah | wêntise siji pêgat | Dyan Maryunani nulya glis | mangsuli kuda | pan sarwi dèn tangisi ||

37. wadyanira Maryunani kathah prapta | radèn pijêr anangis | èngêt nulya mara | ing gène Raja Bahman | sukune pinêdhang malih | kang kering pêgat | Raja Bahman amêmpis ||

38. lah mangkono Bahman iku karêpira | mati salah siranjing | tan wruh kabêcikan | marang wong tuwaningwang | tinigas murdanirèki | kinèn ngaturna | marang kang rama aglis ||

39. duk lumampah wadya ingkang bêkta sirah | kang rama sêlak prapti | nusul ingkang putra | kathah kang para nata | kèndêl tumêdhak Sang Amir | saking turăngga | sêseban sawadyèki ||

40. ingkang samya prajurit munggèng turăngga | wau murdanirèki | Bahman tiningalan | wong agung angandika | eman têmên ratu iki | agung prakosa | cacade kurang budi ||

41. nora nana pangandêl kurang micara | miwah turăngga iki | ya Si Kalisahak | dene nora kayaa [ka...]

--- 45 ---

[...yaa] | têtinggale luhur mami | pan Nabi Iskak | ngêndi antuk ngulati ||

42. pan wong agung karuna nangisi kuda | wus kinèn ambêciki | winot ing bandhosa | pinêtak ing nagara | sarta kinèn anyungkubi | sampun binêkta | marang Kaos nagari ||

43. ya ta wau sagunging prajurit Arab | satriya pra dipati | ing aprang kang samya | anglud bêbujung mêngsah | ingkang lêlakon salingsir | miwah sadina | akèh antuk pêpati ||

44. lawan akèh kang samya antuk jarahan | boyongan kang aurip | myang kang antuk sirah- | ing raja lan satriya | punggawa kang dèn tigasi | katur sadaya | mring kang angraras ati ||

9. Mijil

9. Dèwi Ismaya sowan Wong Agung

1. kunêng Risang Amiril Mukminin | sawadya pra katong | wus apanggih kang bêbujung kabèh | Raja Irman miwah Ratu Jobin | ngungsi ing Kaswiri | Sang Raja Sanjahur ||

2. Sang Jayèngmurti sawadyanèki | kondur marang Kaos | sukan-sukan sawadyabalane | salamine aprang mung puniki | kathahing pêpati | myang dohing pambujung ||

3. ing nagri Kaos wus têntrêm malih | tan ana pakewoh | mêngsah sampun têbih panggenane | dènnya ngungsi mring nagri Kaswiri | Irman Ratu Jobin | kunêng kang winuwus ||

4. kadya ingkang carita mangsuli |

--- 46 ---

nalika kataton | anèng bukit Surukan ênggène | sabên dalu kinêmit ing êjin | jin Ngajêrak sami | yèn dalu atugur ||

5. nanging tan ana ingkang ngawruhi | wontên jin sawiyos | ingkang mantuk marang nagarane | tur uninga mring gustinirèki | Sang Prabu Sapiri | yèn putra sang prabu ||

6. manggih pataka madyaning jurit | pan inggih kataton | pan kapisah lan balane kabèh | Rêtna Dèwi Ismaya miyarsi | miwah Kuraisin | sungkawa kalangkung ||

7. pamit kang eyang sarta bunèki | pan arsa têtinjo | mring kang rama umiring ibune | rêtna prabu sigra angundhangi | kêrig kang wadya jin | punggawa kèh tumut ||

8. Sadat Satir lan Patih Sanasil | ambêkta pra katong | myang bêbêktan badhe tuk-antuke | sagung wowohan kang adi-adi | samya dèn dhulangi | pirang-pirang panggul ||

9. kira-kira warataa benjing | sawadya pra katong | ana êjin rong yuta cacahe | kang ambêkta wowohan prasami | sigra nata dèwi | atêngara umung ||

10. sangkêp sakapraboning ajurit | tan pae lawan wong | solah tingkahing lumaku gawe | wadyanira Dèwi Kuraisin | kang binêkta sami | lan balaning ibu ||

11. pan satus yuta bala Kurèsin | kang paman kang among | Radèn Sadat Satir panutane | balaning ibu Patih Sanasil | ingkang angêmongi | tanpa wilis agung ||

12. Dèwi Ismaya

--- 47 ---

marêk ngabêkti | ing rama sang katong | myang kang wayah ngujung mring eyange | Natèng Ngajêrak ngandika aris | Ismaya nak mami | akèh bêcikipun ||

13. sira tinjo mring rakanta Amir | lawan putuningong | padha suka amulat cahyane | pan iya mawa kitmat sawiji | lakinira Amir | ing jagad pinunjul ||

14. putra wayah sawusnya ngabêkti | saha bala bodhol | munggèng singangsana rêtna gène | ingibêrakên para putri jin | parayangan pêri | kang samya amikul ||

15. pira-pira pangayap putri jin | angubêngi golong | punggawane pan adoh ênggène | wuri ngarsa pan samya atêbih | kang amangku baris | ing gêgaman agung ||

16. salawe yuta ingkang umiring | wadyane jin wadon | kang tan kêna têbih ing lampahe | mawa têdhuh dhêdhêp ing wiyati | lêpasing lumaris | Surukan jinujug ||

17. ana wadya kang matur upaksi | kang rama wus bodhol | kondur mring nagri Kaos prang rame | kang ngrawati duk gêrah nèng ngriki | anak răndha miskin | wus kinarya ratu ||

18. Prabu Sahsiyar nagri puniki | pawukiran kaot | mangkya sampun dadya praja gêdhe | sang dyah nimbali Patih Sanasil | wus prapta ing ngarsi | sang rêtna lingnya rum ||

19. bapa patih lumakua dhingin | marang nagri Kaos | tur uninga praptaningsun kiye | lan putrane Nini Kuraisin | arsa marêk ugi | mring sariranipun ||

20. apa

--- 48 ---

iya ingsun dèn timbali | marang nagri Kaos | iya apa wong agung karsane | kyana patih sandika wotsari | mêsat saking ngarsi | lajêng lampahipun ||

21. Kyana Patih Sanasil wus prapti | enjang nagri Kaos | wong agung duk siniwèng balane | para raja aglar munggèng ngarsi | prawira prajurit | punggawa gung-agung ||

22. dumarojog Kya Patih Sanasil | nèng kering alunggoh | datan ana ngawruhi wong akèh | munggèng soring wijoan mas adi | buka saratnya glis | nêmbah nguswa suku ||

23. kagyat wong agung mèsêm anolih | kurmat sarwi anjog | ing sakala saking panggonane | gupuh matur wau kyana patih | sampun sampun gusti | kajarwa pukulun ||

24. amba ingutus rayi sang dèwi | lan putra sang sinom | inggih arsa ngabêkti kalihe | mangkya sawêg kèndêl anèng margi | punapa karsa Mir | ngantosi pukulun ||

25. ya ta wong agung ngandika aris | iku karsaningong | yayi dèwi sun undang marene | lan putrane Nini Kuraisin | nanging ingsun lagi | nyaosi gonipun ||

26. sabarêna patang dina ugi | sun karya pakuwon | pan ing kene mêntas pêrang rame | lagi akèh bangke yêkti amis | sun kone ngrêsiki | karya tarub agung ||

27. êjin datan kêna mambu amis | têmah ting kaloyong | pan ing jaban kutha jêmbar gone | lah matura marang yayi dèwi | Kya Patih Sanasil | nêmbah ngasmara kung ||

--- 49 ---

10. Asmaradana

10. Wadya Arab kapengin sumêrêp jin

1. wus mêsat Patih Sanasil | Sang Jayèngmurti ngandika | marang sagung para katong | hèh ta kabèh wruhanira | ana jin badhe prapta | yayi Ismaya kang rawuh | iya gawa putraningwang ||

2. Nini Rêtna Kuraisin | atêtinjo marang ingwang | tanpa wilangan balane | para ratu jin Ngajêrak | ngiring yayi Ismaya | hèh sakèhing para ratu | akaryaa pasanggrahan ||

3. tilas pakuwon wong kapir | jaban kutha papan jêmbar | rêrêgêd singgahna kabèh | bangkene larungên samya | iya marang bêngawan | dene kang têtarub agung | rêngganên busananana ||

4. sangkêlat miwah taluki | kuning dadu ijo abang | sutra-sutra lan malihe | sagunging kang para nata | karyaa sowang-sowang | lan padha mutêra gupuh | pêpêthetan kêmbang-kêmbang ||

5. dèn abanjêng urut margi | sajroning tarub sadaya | sêsaka kinêmbang kabèh | sukaning jim parayangan | marang wêwangi padha | sandika kang para ratu | ature nuwun sapangat ||

6. ing gusti paduka Amir | anuwun barkah paduka | yèn kenginga sapandulon | sadayarsa ningalana | dhatêng jin kang minulya | wong agung mèsêm lingnya rum | ingsa Allah kaya kêna ||

7. sun jaluk ing yayi

--- 50 ---

dèwi | manawa kaparêng iya | sigra sagung para katong | budhal samya nambutkarya | marang jawining kitha | gumuruh sabalanipun | karya têratag wangunan ||

8. wau ta Sang Jayèngmurti | sampun kondur angadhatyan | warta ing para garwane | yèn badhe arsa tamian | putri jin ing Ngajêrak | kang garwa samya mituhu | asaos rakit sugata ||

9. wau kang anambutkardi | sakathahe para raja | ing tigang dina urmate | samêkta sakalirira | pêthetan kêmbang-kêmbang | asri anurut têtarub | sabên sêsaka kinêmbang ||

10. miwah têtuwuhan jawi | toya munggèng ing jong mirah | gêdhah seta gêdhah ijo | wungu dadu isi toya | ngubêngi pasamuan | singangsana saka sèwu | abra palisir dipăngga ||

11. makêthi laras kumitir | asewa raga kumala | arêrawis sutra jêne | sutra jro têtirah abang | asri ing wangunira | tuhu tan kêna winuwus | rênggane kang pasanggrahan ||

12. warnanên Patih Sanasil | wau nalika dinuta | katur sasolah-solahe | yèn kang raka èsmu suka | bingar katarèng netya | jawining kitha pukulun | saos pakuwon rinêngga ||

13. sukèng tyas sang rajaputri | mangkana jangkêping dina | sang rajaputri budhale | jujug taratag wangunan | prapta suka tumingal | wadya jin pêri andulu | pakuwon kinêmbang-kêmbang ||

14. wus tata sagung wadya jin | wong agung ngundhangi bala | sagunging kang para katong [ka...]

--- 51 ---

[...tong] | sawadyane ingundhangan | sami ngangge kamulyan | sartane gêgănda arum | wus samêkta budhalira ||

15. kinăntha lampahing baris | sagunging kang para raja | agolong tan kêna awor | yayah akasa kumala | pratiwi kêmbang-kêmbang | wadya jin samya dêdulu | lampahe kang para nata ||

16. kadya trunaning jaladri | cingak wadya jin kang mulat | kathahe kang para katong | miwah asrining busana | satêngah ana ngucap | marmane wong agung iku | tan karasan nèng Jabalkab ||

17. samene gunge wadya ji | lan asihing balanira | marang sagung para katong | samana wus amèt papan | bala angering nganan | baris jro pacara sampun | muntab lir giri pawaka ||

18. wong agung anèng turanggi | sinongsongan tunggul naga | asri gumuruh swarane | wadya jin wus ingundhangan | kang samya ngawang-awang | sadaya kinèn tumurun | wus cêlak Sang Kakungingrat ||

19. wong agung têdhak tumuli | lajêng manjing jro taratag | wau ta sang putri karo | Dèwi Ismaya umangsah | nêmbah angraup pada | nata dèwi sigra tundhuk | amêngkul padaning rama ||

20. rinangkul aganti-ganti | kang garwa lawan kang putra | prasamya suka kalihe | pinêthuk sèwu kamulyan | Sadat Satir manêmbah | rinangkul lungayanipun | lah yayi sira lungguha ||

21. Dèwi Ismaya turnya ris | pukulun rama paduka | wêling atur panglayade | duk tuwan anandhang brana |

--- 52 ---

anèng bukit Surukan | punika miyarsanipun | inggih rama padukendra ||

22. iya yayi nuwun mami | sih palimarma sang nata | wis yayi lungguha age | anèng singangsana rêtna | sang putri nêmbah lênggah | kang putra nèng keringipun | sigra Umarmaya prapta ||

23. wus angangge sarwa kuning | umatur ngrêpèpèh mêndhak | sagunge kang para katong | inggih anuwun sapangat | mèsêm Sang Kakungingrat | hèh yayi sanak-sanakmu | sagunge kang para raja ||

24. padha jêjaluk ing mami | kênaa salah paningal | lawan balanira kabèh | lamun ana lilanira | kang garwa matur nêmbah | inggih wontên saratipun | yèn èstu arsa umiyat ||

25. sampun gêpok sampun jawil | upami jawil gêpoka | inggih nuntên botên katon | nuntên tuwan undhangana | sagung bala manungsa | wong agung mèsêm lingnya rum | marang Arya Tasikwaja ||

26. kakang undhangna para ji | dêlinge yayi Ismaya | iya aja na anggêpok | anjawil miwah dumuka | mring jin bala Ngajêrak | dening kewala andulu | yayi dèwi mêngko lila ||

27. sandika aturirèki | mundur Arya Tasikwaja | angundhangi para katong | sadaya wus ingawêran | parentahe Sang Rêtna | Ismayawati puniku | kinèn dêdulu kewala ||

28. sandika sagung para ji | inggih mung nuwun sapangat | kênia mung sapandulon | rêmpêg ture para raja | wong agung angandika | hèh yayi sanak-sanakmu | mituhu parentahira ||

--- 53 ---

29. Dyan Rêtna Ismayawati | parentah ing balanira | padha bukakên tutupe | dhingdhing jalaling manungsa | kang anèng soring netra | sakèhe kang para ratu | maraa mring para raja ||

30. kang punggawa mring bupati | satriya marang satriya | mantri padha mantri kabèh | sigra samya lumaksana | sagung bala Ngajêrak | ngusap talapukanipun | mring sagung bala manungsa ||

31. nulya sagunging narpati | satriya lawan punggawa | miwah mantri sadayane | byar kadi tangi anendra | wadya jin katingalan | sapăntha sajuru-juru | para ratu jin sadaya ||

32. satunggul upacara sri | tan pae lawan manungsa | nanging kaot kêkuwunge | cahyane pating paluncar | kadya konang satêgal | gêng alit darbe kêkuwung | pan wus karsaning Hyang Suksma ||

33. makluk jin badan rokhani | cahyane sinungan beda | gêdhe cilik lanang wadon | samya murub cahyanira | wau pawonganira | nata dèwi lan kang ibu | jin pêri wontên salêksa ||

34. sadaya eram ningali | sagunging kang para nata | cahya jin pating pancorot | lawan asrining busana | beda lawan manungsa | wong agung nimbali sunu | lan wayah wus praptèng ngarsa ||

35. Rahadèn Umaryunani | lan Prabu Kobatsareas | myang Raja Taruna Kaos | katiga wus praptèng ngarsa | pêkik-pêkik tur cahya | alon ngandika wong agung | hèh wong anom ngabêktia ||

--- 54 ---

11. Sinom

11. Wadya jin dipun suba-suba

1. kabèh marang ibunira | yayi Dèwi Smayawati | padha ngalapa sapangat | ibunira putrining jin | suta ngong Maryunani | sira dhingina kang sêpuh | sigra mangsah sumêmbah | wong agung ngandika aris | yèku yayi kang pambarêp sutanira ||

2. ya patutaning supêna | yayi dèwi putri Mêsir | mundur wusnya Umaryunan | ngandika Ismayawati | hèh Nini Kuraisin | Maryunani kakangamu | payo mas ngabêktia | mangsah Rêtna Kuraisin | apranata ing raka Rahadèn Yunan ||

3. Sang Prabu Kobatsareas | mangsah ing ibu ngabêkti | lajêng ngabêkti ing raka | Nata Dèwi Kuraisin | Rajèng Kaos ngabêkti | mring eyang sang murtiningrum | mundur ing sawusira | lajêng ngabêkti ing bibi | samya ngungun mulat cèthi jin sadaya ||

4. akèh pita-ginupita | sagung jin parêkan pêri | iku para putra Arab | angluwihi putraning jin | pêkik-pêkik nêlahi | amawa cahya sitangsu | sigra Dèwi Ismaya | amanci busana adi | tuk-antuke saking nagari Ngajêrak ||

5. kang putra katiga wayah | pinaring pangadêg sami | busana samya murwendah | tênunan para putri jin | putra wayah wus tampi | nêmbah samya sukanipun | kang katur mring kang raka | sanès badhe para rabi | angandika Wong Agung Surayèng Jagad ||

--- 55 ---

6. iya yayi ngong tarima | kang marang ingsun pribadi | kang marang yayi Muninggar | miwah yayi putri Mêsir | pancèn ana pribadi | pan iku utamanipun | mêngko yèn sira panggya | inggih lêrês turirèki | ya ta wau sagung para raja-raja ||

7. atusan kang ngrubung samya | marang Patih Asanasil | sadaya prasamya nadar | amrih sukane kya patih | bingung Patih Sanasil | kang tămpa kamulyan agung | dene tuwan kawilang | têtulung ing Gusti Amir | duk sangsaya anèng ing wukir Jabalkab ||

8. Kya Patih Sanasil mojar | sanak-sanak kang para ji | sadaya kang samya nadar | kabèh ngong tarima ugi | manira angluwari | mring sagunging para ratu | sampun sumêlang susah | sadèrènge sawusnèki | insa Allah manira wus anarima ||

9. kagyat Kusuma Ismaya | miyat ing Patih Sanasil | rinubung ing para nata | wong agung ngandika aris | paman Patih Sanasil | kinaulan para ratu | mèsêm Rêtna Ismaya | miwah sira nata dèwi | nulya budhal sadaya marang jro kitha ||

10. sapraptanira ing pura | mêthuk rajaputri kalih | Muninggar Sêkar Kadhatyan | langkung dènnya ngacarani | tata prasamya linggih | nèng padmasana mas murub | taritis nawa rêtna | jumêrut nila widuri | Kuraisin ngabêkti ing ibunira ||

11. Muninggar Sêkar Kadhatyan | ngungun dènira ningali | Ismaya marang Muninggar | langkung rêsêpirèng galih | marang putri Mêdayin [Mê...]

--- 56 ---

[...dayin] | nalikanira andulu | ing putra prabu rara | pinandêng Ni Kuraisin | sarwi mèsêm Kusuma Rêtna Muninggar ||

12. kengis waja sumarana | kadya tumètèsing gêndhis | anglênggêr tyasira mulat | kumênyut sagung cèthi jin | kumêsar tyas muriring | Rêtna Ismaya andulu | trênyuh ing nalanira | sakala ngidung parasi | nèng ngarsane kang raka Sang Kakungingrat ||

13. mangkana ing kidungira | nangak un putri Mêdayin | aslalubni pulkujiman | têgêse kidungirèki | warnane putri iki | ngungkuli sakaliripun | kabèh isining jagad | putrine pra ratuning jin | kaungkulan rêspati Rêtna Muninggar ||

14. putrine Raja Nusirwan | aèng têmên anèng bumi | dening ta kaliwat-liwat | suwarnane putri iki | sanadyan widadari | anyèthia kabèh patut | sêsotyèng jagad raya | yèki musthikaning bumi | langkung rêsêp Kusuma Dèwi Ismaya ||

15. sadaya tuk-antukira | kang rajakaputrèning jin | katur mring Rêtna Muninggar | satunggil mring putri Mêsir | langkung dènnya nor asih | dènnya nampèni pisungsung | sarwi mèsêm sasmita | kenyut tyas Ismayawati | ragan-ragan lam-lamên mring marunira ||

16. Rêtna Muninggar sasmita | ingkang pêpundhutan mijil | aglar warnaning sugata | kinêmbang-kêmbang cara jin | Marmaya dèn timbali | prapta ngandika wong agung | ing jaba ladènana | yayi mas lan paman patih | anadhaha lawan sagung para raja ||

17. sigra [si...]

--- 57 ---

[...gra] mêdal sang dipatya | angladosi kang têtami | Kya Patih Sanasil sira | miwah Radèn Sadat Satir | asri kênid barduwin | jênèwêr wragang lan anggur | manis kalawan adas | kinawruhan sukaning jin | mung inuman tan pati ing nadhahira ||

18. ambanjêng rame kasukan | ing jawi ing jro tulya sri | pya boga mawarna-warna | isining donya mêpêki | samya sukaning galih | wadya jin Ngajêrak dulu | myang para ratu Arab | suka mulat ing wadya jin | jinaring tyas kalihe nêkakkên suka ||

19. miwah ing jro samya suka | panadhahing para putri | rêsêping Rêtna Muninggar | adangu larih-linarih | tan ana nadhah nangsi | mung inuman kang lumintu | lawan kang nyênyamikan | tinasturi marbuk minging | apadene kang samya alul wirayat ||

20. ing nalika aluwaran | makuwon sagung bala jin | kawan dalu limang dina | tan pêgat raina wêngi | kasukan nèng jro puri | bojana nutug-anutug | langkung sih uparêngga | ing jro kalawan ing jawi | pan angênting sugata isining donya ||

21. wowohan saking Jabalkab | praptane ing sabên ari | nalika Rêtna Ismaya | anèng ing Kaos nagari | gilir sagung wadya jin | angirid wowohan agung | nikmat langkung munpangat | para nata angrasani | kang wowohan adi-adi ing Jabalkab ||

22. miwah gunging uparêngga | sugatanira sang putri | anêlasakên pratingkah | Rêtna Dèwi Muninggarim | lan Rajaputri [Ra...]

--- 58 ---

[...japutri] Mêsir | tuwin sagung para ratu | nganakakên tan ana | isining donya sakalir | angupaya prapta ing Kaos nagara ||

23. sagunging olah-olahan | samya kinèn marbuk minging | kinasturi găndawida | wowohan cinêlêm sami | mrih sukane wadya jin | lamia dènnya mrêtamu | sira Dèwi Ismaya | karamèn ing siyang latri | lawan Rêtna Muninggar Sêkar Kadhatyan ||

24. tuwin sagung para putra | tan ana pêgat saari | nêmbrama bêkti ibunya | ing Dèwi Ismayawati | langkung sukanirèki | miyat marang para sunu | dene pêkik sadaya | miwah cahya trahing nabi | angungkuli lan satriya jin sadaya ||

25. malah agung mijil sabda | Kusuma Ismayawati | kêkuwunge putra Arab | kadange Ni Kuraisin | ngungkuli putraning jin | apan lir Bagendha Yusup | kang duwe kabagusan | saparoning donya iki | kang saparo dinum marang wong sajagad ||

26. dene ujaring wirayat | sabagusing manungsèki | pan ora bisa mêmadha | lan kabagusaning êjin | putra Rab angungkuli | putra jin kêkuwungipun | mangkana cinarita | Ni Dèwi Ismayawati | pitung dina anèng ing Kaos nagara ||

27. punggawa jin sabên dina | sumiwi ing Jayèngmurti | umiring sang rajaputra | nênggih Radèn Sadat Satir | lawan Patih Sanasil | samya rame-rame runtut | lan para ratu Arab | suka-suka siyang latri | langkung suka tyasira kang wadyabala [wadyaba...]

--- 59 ---

[...la] ||

28. busana saking Ngajêrak | kang liya mring putra-putri | binage mring para nata | langkung samya sukanèki | sawusnya mangkanèki | nalika ing pitung dalu | pamit marang kang raka | Ni Dèwi Ismayawati | arsa kondur marang nagari Ngajêrak ||

29. miwah wau ingkang putra | Nata Dèwi Kuraisin | tur sêmbah marang kang rama | arsa mantuk nuwun pamit | miwah kang ibu kalih | tuwin marang kadangipun | nulya Sang Rajaputra | Sadat Satir nêmbah amit | tuwin Patih Sanasil amit manêmbah ||

30. mundur saking jroning pura | sigra napak ing wiyati | wus sirna tan katingalan | sakathahe kang wadya jin | satus yuta tan kèksi | wus awor ing langit biru | ngungun Sang Kakungingrat | tuwin sagunging para ji | alam-lamên tongtonên ing tamunira ||

31. prasamya ngungun tumênga | tan wus ucapên ing sêdhih | ya ta wong agung ngandika | ana ngêndi Ratu Jobin | kalawan yayi aji | Bathara Irman gonipun | apa ta wus muliha | marang nagara Mêdayin | sigra matur Sang Dipati Tasikwaja ||

32. kawula miyarsa warta | wontên nagari Kaswiri | Raja Sanjahur punika | kang dèn ungsi angukuhi | gya Radèn Maryunani | mring kang rama nêmbah matur | yèn suwawi ing karsa | kawula nuntên nututi | angandika yèn mangkono karsanira ||

33. sapa ta kang sira gawa | miliha para narpati | liya pamanira Yunan | măngsa pisaha sirèki | matur Umaryunani | amba mung nuwun rong puluh | liya pun paman Yunan [Yu...]

--- 60 ---

[...nan] | ing Kebar lan Umarmadi | lan pun paman Sang Natèng Rum kalih pisan ||

34. lan abdi tuwan ing Buldan | Andanbilis Anjanbilis | kadang kasapta sadaya | lan putra tuwan pun adhi | Rajaputra Sêrandil | Pirngadi kawula suwun | Lamdahur nambung sabda | anggèr sampun pindho kardi | rayi tuwan măngsa pisaha lan dika ||

35. hèh Pirngadi amiliha | wadyanira kang para ji | Si Raja Alam ing Gêdhah | Suratisdaham Surati | ing Minangkabo nênggih | ya Si Diwangkara Prabu | iku padha wong tuwa | Sêpanyol lan Raja Inggris | lan ing Prasman wis iku bae prayoga ||

36. sampun samya ingundhangan | samêkta sagung prajurit | enjangira nulya budhal | anglurug marang Kaswiri | gaman lir prawatagni | putra Sêrandil panganjur | taruna widigdaya | sira Rahadèn Pirngadi | aprakosa wus ambănda ripu raja ||

37. wus ingèston gunanira | marang Sang Surayèng Bumi | pêpintoning kaprawiran | lan kang raka Banarungsid | angluwihi kang rayi | Pirngadi prawiranipun | mila ngambil atmaja | dening Sang Surayèng Bumi | titi tatag tinêmpuhakên ing karya ||

38. ing marga tan winuwusa | wus praptèng nagri Kaswiri | gègèr otêr sanagara | miyarsa baris nututi | Rajaputra Pirngadi | kang măngka manggalèng pupuh | senapatining lampah | Rajaputra Maryunani | abusêkan prasamya mênêdi kutha ||

39. angrangkêpi kapurancang | anjêrokkên larèn sami |

--- 61 ---

praptane gêgaman Ngarab | angêpung kitha ngubêngi | jêjêl kitha Kaswiri | awor wong ngili supênuh | bêntêt tanpa linggaran | mila larèn dèn rangkêpi | jinêmbarkên kapitu wus ngisèn toya ||

40. kèdêran ing bala Arab | sira Radèn Maryunani | dhatêngi tunggul panantang | marang Sang Rajèng Kaswiri | kinèn mêtua jurit | yèn sira ngukuhi tuhu | marang kang ngungsi sira | yèn sira tan wani jurit | angaturna Ratu Jobin Raja Irman ||

41. praptaning tunggul panantang | marang Sang Prabu Kaswiri | sèwu susah ngêsah sayah | aribêng manahirèki | mêtu prang nora wani | angêsrahêna tan purun | marang Jobin lan Irman | dening karoban wadyèki | mring kang ngungsi datan purun anundhunga ||

42. dadya anêmah kabêtah | angêkêp jroning kithèki | mung samya angunci lawang | sakèthèng kang angêmiti | sadaya dèn wuwuhi | mangkana lami kinêpung | dening kang bala Arab | wontên takdiring Hyang Widhi | kuldi wulung prapta manjing pabarisan ||

43. pabarisane wong Arab | ginusah mengkal nyepaki | nora kêna ingadhangan | anyakot bêbujung jalmi | wong kathah dèn parani | gègèr dening kuldi wulung | samya gumuyu suka | sato rèh nganyar-anyari | saênggène kang kuldi ngamuk manêngah ||

44. ginitik milar tan kêna | kêbat lumpatira sarwi | angêrah nujah amengkal | nolih sarwi kirig-kirig | mele-mele mucicil | ngulêr kilan jumbul-jumbul | binujung tan kacandhak |

--- 62 ---

wangsul mubêng nêngah malih | kang anggusah prasamya gumuyu latah ||

45. dangu-dangu kèh kacurnan | tinujah ing kuldi langking | tuwin pinengkal kinêrah | dadya katur ing para ji | dudu wadine nênggih | tingkahe kang kuldi wulung | katur ing senapatya | Radèn Arya Maryunani | mundhut kuda kaprabon yuda kênaka ||

12. Pangkur

12. Radèn Maryunani kagodha ing Kuldi

1. rahadèn wus nitih kuda | ngikal duduk kudane cinamêthi | rikat kang turăngga mamprung | prapta gène wong kathah | pêparentah Maryunani ing wadya gung | padha suraka kewala | sun ujane kuldi iki ||

2. wadya gung surak gumêrah | sigra mangsah Radèn Umaryunani | kuldi sinandêr dinuduk | milar mumbul angiwa | prapta saking têngên kang kuldi anubruk | tinangkis parise kontal | tiniban towok tan kêni ||

3. kuldi sinandêr kinalang | tinarajang milar manêngên aglis | prapta saking kering nubruk | tinadhahan cinandhak | sukunira arsa binanting marucut | binujung pinrih cinandhak | milar jawining wadya lit ||

4. rahadèn sangsaya duka | sinarêmpêng nilap manjing wanadri | radèn panandêre mangu | sakêdhap tan katingal | dangu-dangu katon punang kuldi wulung | sêngar-sêngèr lincak-lincak | saksana sinandêr malih ||

5. mamprung kudanira [kuda...]

--- 63 ---

[...nira] radyan | kuldi kêsit sumripit kadi thathit | yèn alon pambujungipun | kuldi ririh lampahnya | yèn sinandêr ambundêr panyandêripun | sadangunira mangkana | saparanira dèn ungsir ||

6. radèn tan arsa kondura | lamun kuldi datan kacandhak mangkin | saparane kuldi tinut | sinandêr nilap-nilap | ingandhêgan milu mandhêg kuldinipun | radèn agêng nêpsunira | èstu takdiring Hyang Widhi ||

7. dungkap sasore dènira | ambêburu kuldi pan dèrèng kêni | malah diwangkara surup | kuldi wus tan katingal | sipêng wana radèn bujung kidang sampun | antuk satunggil binakar | dhinahar lan kudanèki ||

8. jinuju daginging kidang | tanpa sare sadalu mêrêm mêlik | munggèng soring mandera gung | enjing anitih kuda | nêdya wangsul marang gène wadyanipun | awatara saonjotan | kuldi wingi katon malih ||

9. malang-megung anèng marga | gya sinandêr mring Radèn Maryunani | pinati pangêrapipun | kuldi milar mring arga | tinututan kudanya angrakal gunung | praptèng puncak lampahira | kuldi ilang tan kaèksi ||

10. radèn langkung ngungun ing tyas | icalipun kuldi nèng luhur wukir | saking ing kuda tumurun | gunung iring jinajah | Maryunani sarwi nuntun kudanipun | mulat ana pagêr kutha | angganthêng tirise asri ||

11. lor kulon saking ing arga | radèn ngunandika iki praja di | pantês ana ratunipun | milu ing ngêndi baya | lamun milu Kaswiri banjur sun gêpuk [gê...]

--- 64 ---

[...puk] | emane ingsun kapisah | iya lan punggawa mami ||

12. ewamangkono sun arsa | wruh arane kang madêg prabu iki | rahadèn sigra tumurun | marang wukir kang rata | praptèng ngandhap anitihi kudanipun | pan arsa mrêpêki kitha | kayungyun asrining tiris ||

13. kawarnaa dèwi raja | wus sakenjing amêng-amêng ing jawi | anèng saluhuring panggung | lan sagunging parêkan | datan mawi satunggil punggawa kakung | mung tigang atus watara | munggèng soring panggung sami ||

14. salawe kang tumut minggah | radèn saya ngalèr lampahirèki | sira wau rêtna prabu | sakenjing nèng panggungan | anon kuda gêbyar-gêbyar alêlaku | kagyat dènira ngandika | yayi patih sapa iki ||

15. panduluningsun satriya | saking ngêndi tanpa rowang praptèki | ing dangu-dangu kadulu | kagyat amurwa dipa | datan samar yèn Maryunani kang rawuh | hèh yayi mas kapatihan | apan iki Maryunani ||

16. sêmune iku kasasar | lah papagên turana manjing puri | Rêtna Kasidah wotsantun | sigra dènnya tumêdhak | rêtna prabu maoni busananipun | tyasira akêpyar-kêpyar | pangungune pitung wukir ||

17. saking panggung wus tumêdhak | munggèng kori kitha sang rajaputri | wau ta ingkang ingutus | sang rêtna patih lawan | parêkane kang binêkta mung pêpitu | prapta ngarsanira radyan | kagyat anèstri marani ||

18. praptèng ngarsaning turăngga | mêndhak nêmbah matur sang rêtna

--- 65 ---

patih | gusti kawula ingutus | dhatêng ibu paduka | pan paduka anggèr ngaturan tumanduk | radèn tyasira was-uwas | iki ta praja ing ngêndi ||

19. rêtna patih matur nêmbah | inggih gusti nagari ing Pirkari | dene kang umadêg prabu | prênah ibu paduka | Prabu Dèwi Kalajohar namanipun | kang bibi rayi paduka | sundhulane Prabu Jobin ||

20. radèn têdhak sarwi mojar | apa iki kuthane kangjêng bibi | ingsun sapisan wus pangguh | anèng Kaos nagara | dyan lumampah kerid rêtna patih sampun | prapta ngarsa kori kitha | agupuh sang raja dèwi ||

21. mêthuk marang rajaputra | sarêng tundhuk mêndhak Sang Maryunani | apan arsa awotsantun | cinandhak astanira | dhuh wong agung babo sampun awotsantun | ngilangkên murwating jagad | ambengkas sarining bumi ||

22. Dyan Maryunani turira | măngka yêkti jêr paduka pun bibi | wajib nêmbah marasêpuh | raja dèwi lingira | adhuh botên sarwi narik astanipun | kinanthi pinêksa-pêksa | dadya nut binaktèng puri ||

23. prapta kang mêthuk jêmpana | wus anitih wau sang raja dèwi | radèn pinêksa pan sampun | nanging tyasira lămba | tinampanan ing sihira marang mantu | tan nyana yèn darbe karsa | kang bibi anawan krami ||

24. rêtna prabu areweyan | kêkêtêge awor karingêt mijil | wus praptèng kadhatonipun | têdhak saking jêmpana | lunggyèng made kancana [kanca...]

--- 66 ---

[...na] lêlèmèk babut | sinambramèng pamucangan | wira putra Maryunani ||

25. Raja Dèwi Kalajohar | asasmita pêpundhutan gya mijil | rêtna patih munggèng ngayun | ngladosakên panjang mas | atarètès nawa rêtna angênguwung | Rêtna Prabu Kalajohar | sumrikut solahirèki ||

26. araga-raga parêkan | wusnya tata lajêng dènira bukti | eca panadhahirèku | sang wiratama putra | dènnya tata tan ana rasaning kalbu | raja dèwi datan eca | dènira gêng nahên wingit ||

27. birai mring rajaputra | miwah sagung parêkan para cèthi | saput pandulunya ngungun | dènnya dèrèng tumingal | baya iki panukmane Nabi Yusup | punjul manungsa sajagad | tan na mirib Maryunani ||

28. wus nutug dènira nadhah | linorodan ambêng inuman prapti | anggur merah anggur biru | kênid barduwin adas | lajêng samya nutug dènira anginum | gêlas salaka sinotyan | hèr surya miwah hèr thathit ||

29. sarbat kilang mayareka | munggèng layan maningkêm manik wilis | Maryunani sukèng kalbu | sayah amanggih arja | tan rêringa mung cipta mratuwanipun | dening bibine kang garwa | mila tyas tan walangati ||

30. raja dèwi lon têtanya | paran ingkang tinilar nèng nagari | punapa sami rahayu | inggih rayi paduka | miwah dene putra dika kaki prabu | gih Ki

--- 67 ---

Sayid Ibnu Ngumar | punapa sami basuki ||

31. lan paran wartaning aprang | rama dika pun kakang Prabu Jobin | wontên ing pundi gènipun | lawan rama paduka | Bagendha Mir punapa ta sampun rawuh | kang mangun rêngganing kitha | Kuparman dene alami ||

32. ing wingking wontên prawara | wira putra Maryunani nauri | inggih lami rawuhipun | dene ênggèning mêngsah | Panêmbahan Jobin pan angungsi sampun | lawan Sang Bathara Irman | angungsi kitha Kaswiri ||

33. milane kawula prapta | inggih bibi ngungsi dhatêng Kaswiri | kalih dasa para ratu | lan bala pitung yuta | kêmput kitha Kaswiri kawula kêpung | marikinipun kasasar | ambujêng kuldi duk wingi ||

34. ical ing ardi punika | mila dadya wiyogane kang kalih | mèsêm sira rêtna prabu | gêtas anyêndhal tingal | anglêlarak ing liringing narpasunu | kêtas-kêtès tibèng imba | nanging Radèn Maryunani ||

35. tan anggraita tyas lămba | dening bibi mokal salah ing kapti | mangkana wus praptèng surup | rêtna prabu siyaga | sawatara wus miranti têpasipun | nêngna sêsaosanira | sare Radèn Maryunani ||

36. narpaputra ingancaran | asarea nanging tan arsa guling | dadya sinaosan sampun | kathah kang nyênyamikan | kinêjepan anêbih pawonganipun | nata dèwi eca lênggah | lawan radèn raras ati ||

--- 68 ---

13. Mijil

13. Radèn Maryunani kêpanggih Dèwi Kalajohar

1. rêtna prabu mèsêm têtanya ris | dhuh sang prawira nom | kula tanya sayêkti-yêktine | ibu paduka putri Mêdayin | dèrèng abêbisik | mring dika wong agung ||

2. anauri Radèn Maryunani | bibi dèrèng ingong | prakawis kang pundi bêbisike | kangjêng ibu putri ing Mêdayin | timbalan punapi | inggih dèrèng dhawuh ||

3. rêtna prabu kagagas ing galih | pamuwusira lon | dhuh wong agung punapa asile | akêkêlir sabarang prakawis | yèn sampun kinapti | sae gothak-gathuk ||

4. duk kawula bêbantu ing jurit | mring nagari Kaos | inggih kala aprang ing têmbene | bala Arab cinidra ing jurit | Bahman Jobin balik | kawit murwèng pupuh ||

5. sawusnya prang kawula umanjing | kadhaton ing Kaos | marêk ibu paduka wiyose | panggih Rajaputri Muninggarim | kawula bêbisik | ing kapti umatur ||

6. pan kawula sayêkti nêdya mrih | kagarwa sang anom | kaya ngapa jêr sampun niyate | nora cêgah wong mêmaru bibi | kang têtêp tan kêni | wong maru sadulur ||

7. mung kênane yèn sampun ngêmasi | ngarangulu gêntos | nora kêna yèn padha uripe | mungguh maru bibi têtêp kêni | datan walangati | tutug [tutu...]

--- 69 ---

[...g] jibar-jibur ||

8. malah sugih putra jalu èstri | pan oyod arondhon | inggih kakèn-kakèn ninèn-ninèn | drêman anak nyapih anusoni | tan ana kang mati | tumrêcêl dumlundung ||

9. ingkang lanang padha pêkik-pêkik | kabèh madêg katong | ingkang èstri samya yu warnane | tur padha krama ratu sinêkti | pêputu narpati | abêbuyut ratu ||

10. pan makatên satoane ugi | kawula wus takon | para nujum salawe wêcane | anak putu kabèh madêg aji | canggah warèng sami | grêpak gantung siwur ||

11. kabèh padha amêngku praja di | cinêtha nak ingong | pitu likur wolulas lanange | mung sêsanga kang mijil pawèstri | tan ana kang mati | kabèh dumalundung ||

12. duk miyarsa Radèn Maryunani | karnane sumêdhot | lir katiban gandhik wardayane | dhuh puniku datan sae bibi | anguthuh kaèksi | awon tingalipun ||

13. pan angangsêg lingnya raja dèwi | sintên ngucap awon | pan wong bodho puniku namane | ingkang kaprah angarani bêcik | wong arabi bibi | luput lara bubul ||

14. kalis lamur miwah lara mêngi | ayan miwah encok | ngêrês linu wungkuk miwah dèngkèk | nora kêna ing lara panastis | sampun walanggalih | lêstari rahayu ||

15. sajatine kawula wus lami | anahên wirangrong | pitung taun lamine ing mangke | duk kawula têtinjo ing nguni | mring Kaos nagari | kala adêgipun ||

16. kaki Prabu

--- 70 ---

Ibnu Ngumar Sayid | kambah gêng wirangrong | juwêt miyat marang sarirane | yayah kadi pêjah tanpa kanin | giyuh malah mangkin | kabyatan gêng wuyung ||

17. mangke paduka prapta pribadi | marang prajaningong | Hyang lata walujwa pitulunge | praptaning don babo arsa nampik | dene enak-enik | gumampang-gumampung ||

18. pan têmu pèk wus prapta ing ngriki | măngsa kêna lumoh | ngêndi ana ing wong nulak ing sèh | jamak usada marani agring | niyaya tan sipi | kalamun dhêdhukun ||

19. nora arsa nirêpake agring | marasakên nglamong | iba-iba gêdhene dosane | rêtna prabu tan dêranèng kapti | sigra dènnya guling | munggèng pangkonipun ||

20. kawlasana wong agung wak mami | kadurusan nglamong | mati ngarang yêkti datan wande | mengkod-mengkod Radèn Maryunani | mangke-mangke bibi | sampun gupuh-gupuh ||

21. mugi dèn aemut tuwan bibi | dulunên wak ingong | pan kawula putra dika dhewe | lamun amêksa paduka bibi | ngantosa rumiyin | utusana gupuh ||

22. kula tantun wong atuwa dhingin | têbih nagri Kaos | ingkang wontên ing Kaswiri bae | ingkang sampun cêlak saking ngriki | paduka aturi | pun paman Tamtanus ||

23. lawan inggih Sang Natèng Kohkarib | badhe kula taros | yèn wus rêmbag gampil masalahe | pan kawula drêmi anglampahi | sayêkti mrih idin | jurunge [ju...]

--- 71 ---

[...runge] wong sêpuh ||

24. sami dika aturi mariki | lan wadya saparo | kang saparo tênggaa barise | yayi rajaputra ing Sêrandil | kang angrèha baris | ing sapungkuripun ||

25. maksih tugur angêpung Kaswiri | sigra rêtna katong | patihira ingutus lampahe | mring Kaswiri tinuduh ngaturi | Sang Rajèng Kohkarib | lan Prabu Tamtanus ||

26. Rêtna Kasidah ngundhangi dasih | ambêkta kaprabon | nanging wadya kang wahana bae | satus turăngga prajurit èstri | pitung atus malih | kuda wadya kakung ||

27. kunêng kang budhal marang Kaswiri | wau sang lir sinom | pitung dalu cinatur lamine | praptanira Radèn Maryunani | siyang pantara tri | rèh padudon kayun ||

28. rêtna prabu angungkih tanpolih | dènnya mrih prang popor | Maryunani apêngkuh barise | ripu ringkih jumangkah ngakahi | sinrêg datan kongkih | Maryunani pêngkuh ||

29. sabên dalu sang rêtna dènnya mrih | nanging tan antuk don | yèn raina samya tata sarèh | ya ta wontên kawuwusa malih | jro kitha Pirkari | wontên isinipun ||

30. prajurit luwih anglêluwihi | sumbagèng palugon | wus kasêbut ing jajahan gêdhe | pira-pira pra ratu kajodhi | namaning prajurit | Sarsaban pinunjul ||

31. prênah paman mring sang raja dèwi | miwah Rajèng Kaos | Ratu Jobin samya pulunane | mila Kaos [Ka...]

--- 72 ---

[...os] kèringan ing bumi | sinêmbah para ji | saking pamanipun ||

32. jêmbarakên jajahan para ji | digdayane katog | patang atus taun ing umure | gadanipun agêng kaya[1] galih- | ing asêm kinardi | gotong kalih atus ||

33. winêwêr wêsi kalawan rukmi | sinasotya abyor | datan ana năngga gêgitike | duk samana Sarsaban Pirkari | miyarsa pawarti | yèn pulunanipun ||

34. gumyahing warta wus awor rêsmi | lawan rêtna katong | Maryunani wor pasareane | tan wruh ing yêkti yèn durung kêni | Sarsaban nimbali | kalih putranipun ||

35. Radèn Danayah kang sêpuh prapti | Danamah kang anom | kalih munggèng ngarsane ramane | prawira Sarsaban angling aris | lah cêkêlên aglis | satriyambêk rusuh ||

36. iku polahe Si Maryunani | nguthuh si bêbêthoh | sakawênang-wênang tênagane | bosên anak bibi dèn ramuhi | tan ana kinèring | ambêke kumlungkung ||

37. patènana ya dèn angêmasi | manawa têtakon | bapakane krodhaa ing têmbe | ingsun ingkang anglawani jurit | pan ora dosani | matèni wong nguthuh ||

38. aja dumèh yèn trahing sinêkti | yèn wong ambêk rusoh | sirna datan ana dêrajate | putra kalih sarêng awotsari | sakaprabon jurit | arsa ngrampas madu ||

--- 73 ---

14. Dhandhanggula

14. Radèn Maryunani pêjah Cinidra

1. kawuwusa risang prabu èstri | Kalajohar pinarêk kalihan | munggèng ing mutyara made | tinatirah jumêrut | adhêdharan manginum sami | lawan sang wira putra | tarap cèthi ngayun | sang rêtna prabu kalintang | nahên wingit dènnya tan kapadhan kapti | nglong jiwa lir tidharsa ||

2. rêrêp sagung mrih tibaning riris | tangèh dangu ngudaya nanggulang | tan angrampas wiyogane | sasana martanipun | silar silak tekang wiyati | arungan ing maruta | ambengkas sumawur | yayah sindura la-êla | bajrapati mawantu raras wiyadi | sirêp atmajayèng prang ||

3. yayah wimbuh angin manaputi | pêtêng kapêtêking ampak-ampak | manawung ima tawênge | mawangkawa ngênguwung | sindura lan natar ngratani | ring wong mangayubaya | mangêmbang tumêmbung | mangrampung tambanging driya | mawurahan mangrês yayah ing wiyadi | wiyoga nuragèng rat ||

4. lagya eca imbal wacanèki | raja dèwi lan sang wira putra | kasaru wau praptane | radèn kalih jumujug | kagyat narpa sang raja dèwi | yayi karo na paran | asigra lakumu | Radèn Danayah turira | hèh kakang bok kula kinèn amêjahi | dhatêng sang wira putra ||

5. dosanipun nguthuh ngrêrusuhi | nata dèwi sru wacananira | mangkono paman karsane | pan iku [i...]

--- 74 ---

[...ku] saking ingsun | dudu saking Sang Maryunani | bênêre patènana | iya awak ingsun | Maryunani mèsêm mojar | mangke bibi paduka kèndêl rumiyin | dimèn nutugkên karsa ||

6. radèn kalih sigra marêpêki | nganan ngèri samya nyandhak asta | anyêndhal sarêng sêdyane | tan osik dènnya lungguh | wanti-wanti dènira narik | sasat anarik arga | datan măntra keguh | anyikêp datan kawawa | kinipatkên malêsat wus dèn tututi | ginoco kalihira ||

7. ginoco ing asta kanan kering | sarêng kalêngêr gumuling kadya | palastrèng siti kalihe | dangu tan ana emut | dupi emut sami anglilir | lumajêng gurawalan | praptèng ramanipun | katur ing sasolahira | sru gumujêng wong anom tiwasirèki | kurange budinira ||

8. lamun sira lusa saking ririh | kaya nora luput suta Ambyah | pasthi yèn bisa kêtalèn | yèn sun cêkêla iku | kapirare dadi wak mami | besuk bae yèn prapta | iya ramanipun | iku sun ajake aprang | yèn ngubungi anake laku tan yukti | sun tangguh padha tuwa ||

9. wus mangkana Sarsaban Pirkari | langkung dènnya rêntênge tyasira | ing tingkahe pulunane | kunêng malih winuwus | rêtna patih lampahnya prapti | ing Kaswiri nagara | kang abaris tugur | gègèr miranti prayitna | praptanira gêgaman saking ing wuri | pitung atus turăngga ||

10. wus apanggih lan Natèng Kohkarib |

--- 75 ---

miwah Tamtanus Rêtna Kasidah | nêmbungakên timbalane | sang wira narpasunu | Maryunani anèng Pirkari | sapalih ingandikan | ingkang para ratu | sapalih têtêp barisa | Rajaputra Sêrandil Radèn Pirngadi | wuri kinèn misesa ||

11. samya ngungun ratu kang miyarsi | dene arsa mangkat ngupadosa | Maryunani ing icale | mangkya na wartanipun | Natèng Yunan Natèng Kohkarib | sigra têngara budhal | lan sawadyanipun | kerid ing Rêtna Kasidah | tan kawarna ing marga praptèng Pirkari | makuwon panangkilan ||

12. ambalabar balane ngêbêki | para ratu lajêng marang pura | panggih kalawan gustine | Sang Atmajayèngsunu | Natèng Yunan angrangkul aglis | miwah Marmadi Raja | ngungun samya ngrangkul | rêtna prabu anambrama | lawan atur kamulyan lawan pisalin | mring sagung raja prapta ||

13. mêntah matêng sugatanya mili | sinagurah sagung wadyanira | tuwuk tur eca manahe | langkung rêsêp andulu | para ratu ing raja dèwi | dangu wus ingaturan | mring pakuwonipun | amakuwon sitibêntar | prabu katri ing Êrum Yunan Kohkarib | dening sagung narendra ||

14. ngalun-alun jêjêl nganan ngèri | sang wira putra pan datan kêna | mêdal awor lan balane | kinêkêr nèng kadhatun | datan pêgat awawan kapti | pan dèrèng sinêmbadan | karsane sang ayu | mangkana sang dèwi raja | gubêl marang Prabu Tamtanus Marmadi | mriha tyasira

--- 76 ---

radyan ||

15. nglampahana ing karsa sang putri | asiha mring kang brănta angarang | nuruta tyase tinampèn | dènnya mawongan tuhu | owêl sang dyah lamun tinampik | krama bêkta nagara | lan prajurit punjul | mangkana Marmadi tyasnya | dadya sagah maripih ing Maryunani | mrih lêga nurutana ||

16. duk samana ing dina sawiji | Umarmadi panggih wira putra | pinaripih mrih lunture | punapa awonipun | mayuh bibi ing kukum kêni | lamun garwa paduka | ing wuri tan asung | inggih sampun kongsi gagal | tibanana sakêdhap talak rêjangi | owêl puniki gagal ||

17. ayu dahat rajèstri prajurit | tyas lêgawa bêlaba ing wadya | tur amangku praja dhewe | kadigdayan prang putus | Maryunani sêndhu nauri | hèh ingsun datan arsa | laku kang kadyèku | cêkak budi budi mamak | tanpa guna amayuh anak lan bibi | dudu trahing prawira ||

18. êndi cacad ingsun ing aurip | bapa Arab ibu Mêsir ingwang | nora rupak jajahane | pagene têka nguthuh | kaya nora bisa ngulati | cacad bibi dèn alap | manawa sirèku | ratu anêmpuh wêwirang | Umarmadi gumujêng wruh radèn runtik | sinamur ing sêmbrana ||

19. inggih sampun yèn botên kadugi | bok inggiha sinandhing kewala | sampun sangêt mêsakake | wong kasmaran kalangkung | botên mawi dipun langgati | Maryunani wuwusnya | manawa sirèku | nora wêdi ing Pangeran |

--- 77 ---

dene iku paman prabu ing Yunani | nora drêng kaya sira ||

20. sira iku akèh dèn wèwèhi | marang bibi sang narpati putra | têka wong dèn rubuhake | mundur niru sirèku | kangjêng uwa ing Pulangwêsi | karêm tămpa rêruba | saya sru gumuyu | rêmbage tanpa dadia | Maryunani ingaturan mring kang bibi | manjing ing pura nadhah ||

21. praptèng pura wus samya abukti | tan lyan pamrihe narpati kênya | tinurutana karsane | nanging sang narpasunu | datan obah binosah-basih | mung bibi ambêking tyas | tan kenjik winadung | pambêkane prabu kênya | duk samana nuju ing dina sawiji | Risang Atmajayèngprang ||

22. sirêping cèthi radèn aguling | raja dèwi prapta wus busana | nutug dènira pêpaès | miyat Sang Jayèngsunu | langkung eca dènira guling | raja dèwi tumingal | tansah rontèng kalbu | dharêsêl tumut anendra | angapithing marang Radèn Maryunani | pinêthuk ingkang jăngga ||

23. duk samana Radyan Maryunani | langkung kagyat wungu dènnya nendra | tab-taban maras galihe | wit tan nyana sawastu | lamun ingkang bibi nêkani | drênging driya asmara | wus tan kênèng luput | kewran tyas Sang Rajaputra | Maryunani pangucape ngasih-asih | bibi kawula arsa ||

24. atêtoya ing sakêdhap bibi | mangke yèn wus sumăngga ing karsa | angladosi sarirane | nanging Sang Wirèngsunu | ing batine ngapus-apusi | sang raja dèwi eca | sinêmayan [si...]

--- 78 ---

[...nêmayan] wau | tan wruh ujar kamandaka | dadya kêndho uwal panyikêpira ris | lênggah amênggah-mênggah ||

25. wus tatambêkannya Maryunani | kesah marang patirtan têtoya | tan antara ing praptane | Sang Atmajayèngsunu | jaga-jaga awira-wiri | raja dèwi lingira | radèn dene dangu | nauri sang wira putra | mangke bibi dèrèng sampun wangênèki | gèn kula jaga-jaga ||

26. raja dèwi sigra amarani | sarwi bêkta jênèwêr pamungkas | pan sampun linarihake | winantu kaping pitu | radèn sayah anulya guling | Sang Rêtna Prabu Kala- | johar maksih tunggu | munggèng ngiringane kanan | ngunandika wong iki mêmanas ati | tan nurut karsaningwang ||

27. angur aja uman pisan iki | ingsun kalawan Si Aluljahar | sang dyah nêkani runtikte[2] | sru tan pinadhan kayun | raja dèwi mêtak ing kapti | angur sun lênyêpêna | Maryunani iku | iya saking alam donya | nata dèwi narik jambiyanira glis | kalumpêngên tyasira ||

28. tinamakkên ing jangganirèki | Maryunani pagas kapisanan | sang rêtna sru kaduwunge | nulyanjrit alok pandung | ubêk atri sajroning puri | kang munggèng sitibêntar | wong Arab karungu | sigra samya manjing pura | Natèng Yunan miwah Sang Rajèng Kohkarib | gumyah ing jro pawarta ||

29. lamun kêna cidra Maryunani | kapisanan pagas kang mustaka | Tamtanus ngrungkêbi age | layone putranipun |

--- 79 ---

kapitêmên karuna anjrit | Umarmadi wêweka | nglirik dangunipun | rêtna prabu sinjangira | akuthah rah sigra Sang Rajèng Kohkarib | anubruk dèwi raja ||

30. wus binănda ing majêthi wilis | wadya Ngarab têngara ru-ara | sampun umadêg barise | ngubêngi kitha kêmput | pra dipati bumi prasami | nungkul atur prasêtya | asrah patinipun | wadya Rab wus ingundhangan | anugêli kabèh buntuting turanggi | miwah blêgdaba liman ||

31. apratăndha yèn sangêt prihatin | gêdêr-gumêdêr wadyabala Rab | gumuruh asru tangise | sira Prabu Tamtanus | lir kantaka datan anglilir | saput naputi ing tyas | yayah putranipun | kunêng kang prihatin dahat | kapadhêman gusti kang anèng Pirkari | gantya ingkang winarna ||

Lajêng nyandhak: Menak Gandrung.

--- [80] ---

Isinipun

... Kaca

1. Raja Sarkab kajodhi dening wong agung. ... 3
2. Raja Bardiyan pêjah dening wong agung. ... 8
3. Pêrang gêbyah. ... 14
4. Wong agung kabranan. ... 18
5. Wong agung dipun upakara dening Sahsiyar. ... 21
6. Umarmaya madosi wong agung. ... 27
7. Wong agung kondur dhatêng Kaos. ... 31
8. Kalisahak pêjah wontên ing paprangan. ... 39
9. Dèwi Ismaya sowan wong agung. ... 45
10. Wadya Arab kêpengin sumêrêp jin. ... 49
11. Wadya jin dipun suba-suba. ... 54
12. Radèn Maryunani kagodha ing kuldi. ... 62
13. Radèn Maryunani kêpanggih Dèwi Kalajohar. ... 68
14. Radèn Maryunani pêjah cinidra. ... 73

 


kayu. (kembali)
runtike. (kembali)