Menak Gandrung, Balai Pustaka, 1934, #839

JudulCitra
Terakhir diubah: 03-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1129

Menak Gandrung

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Bale Pustaka - 1934 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 no. 600.

--- [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

1. Dhandhanggula

1. Sarsaban têluk dhatêng wong agung

1. ingkang wontên ing Kaos nagari | wong agung rijaling pramudita | supêna dènira sare | kagyat sawungunipun | ing wêngine Jumuwah kèksi | kang putra katon siram | nèng samodra marus | animbali Umarmaya | praptèng ngarsa hèh kakang ingsun angimpi | katon atmajanira ||

2. Maryunani dus samodra gêtih | Umarmaya alon aturira | lamun makatên impène | suwawi nuntên nusul | adat tuwan lamun angimpi | pan botên lêlinyokan | doradasih sunduk | manawi putra paduka | nandhang kanin wong agung mundhut turanggi | wus sumaos ngajêngan ||

3. sigra umangkat wong agung kalih | datan mawi kang bala satunggal | mung lawan Marmaya bae | katiga sêkardiyu | lampahira praptèng wanadri | lajêng wau Marmaya | tinuduh rumuhun | umêsat saengga kilat | Umarmaya rong asta tan napak siti | kitha Kaswiri prapta ||

4. Umarmaya amêmindha drêwis | atêtanya solahe wong Arab | ing Kaswiri pangêpunge | kang tinanya sumaur | kangjêng gusti anèng Pirkari | Maryunani Marmadya |

--- 4 ---

lan Prabu Tamtanus | amung Rajaputra Selan | kang nênggani baris Kaswiri puniki | Marmaya sigra mêsat ||

5. sapraptane Pirkari ningali | bala Arab sagung têtunggangan | tinugêlan bêbuntute | Umarmaya kumêpyur | pan ing sabên pasthi prihatin | yèn buntuting turăngga | pasanggirinipun | yèn tugêl prihatin dahat | Umarmaya têtanya ing wong sawiji | lah iki ana apa ||

6. iya apa kang dadi prihatin | buntut jaran padha tinugêlan | wong kang tinanya saure | pan kangjêng gusti lampus | Maryunani anèng jro puri | raja dèwi kang nyidra | awit saking wuyung | asangêt tan tinurutan | Umarmaya wus têtela mêsat aglis | wangsul kapêthuk marga ||

7. wong agung kèndêl têtanya aris | Umarmaya ature satêngah | ingaturkên kanin bae | pan inggih nandhang tatu | putra tuwan Sang Maryunani | sigra lajêng lêlampah | Marmaya umatur | suwawi kèndêl sakêdhap | kula ngêlih Wong Agung Menak nuruti | samya mampir ing taman ||

8. tamanira Sarsaban Pirkari | prajurit kawak kang duwe taman | sampun umanjing kalihe | lajêng kèndêl wong agung | Umarmaya andêkêp kambing | satunggal pinaragat | kambing dagingipun | pan sampun pinêcah-pêcah | Umarmaya ngurubkên gêni wus dadi | daging kambing binakar ||

9. wusnya matêng sinaoskên aglis | wusnya siram wong agung adhahar | ing ulam menda arèrèh | Sarsaban duk andulu | taman [ta...]

--- 5 ---

[...man] ana kukusing agni | nimbali putranira | kalih praptèng ngayun | Radèn Danayah Danamah | ingkang rama Sarsaban asru dènnya ngling | dulunên taman ika ||

10. sapa ingkang ngurubakên gêni | anèng taman baya ta wong Arab | kang abaris anèng kene | nyalunthang polahipun | lah cêkêlên gawanên aglis | aturna ngarsaningwang | liwat tambung laku | putra kêkalih tur sêmbah | sigra mêsat mring taman lampahnya prapti | mulat marang kang prapta ||

11. krodha marani anyikêp aglis | marang wong agung anyandhak asta | saking ing kanan keringe | sarêng panyêndhalipun | wanti-wanti narik tan osik | kinipatakên samya | tiba kalihipun | kalêngêr dangu nèng lêmah | ingkang rama adangu dènira nganti | putra kalih tan prapta ||

12. sigra nusul sakaprabon jurit | sarwi ngikal gadane kinarya | mêng-amêng anèng astane | tyasing kamal pan agung | kadya bajing angundha èsthi | saking agênging gada | agung putêripun | kadya tan karasèng asta | praptèng taman anguwuh sêsumbar anjrit | aningali kang putra ||

13. kalihipun gumuling nèng siti | duka kadi anapas dahana | hèh ko praptanira kene | ngatêrakên nyawamu | apa sira nora ningali | ing gunge gadaningwang | wong Menak andulu | ngandika mring Umarmaya | iki ana prajurit luwih kang prapti | kakang dipun prayitna ||

14. gya mrêpêki Sarsaban Pirkari | sapa sira mamak tambuh solah | dulunên gada

--- 6 ---

ngong kiye | apa tan wruh sirèku | yèn tibaa sira mring ngêndi | lumayu ngungsèkêna | ing nyawanirèku | pasthi luluh wor bantala | dyan wong agung mrêpêki ngadêg nèng ngarsi | ginada mring Sarsaban ||

15. mèh tibane gada gêng anuli | binarêngan rinêbut wus kêna | sêndhal-sinêndhal dangune | kuwat Sang Jayèngsatru | wus rinêbut binuwang têbih | Sarsaban mara nyandhak | ing wangkinganipun | ingangkat-angkat tan kangkat | dyan wong agung amalês anjunjung aglis | ingubêngakên tawang ||

16. dyan binanting kantêb tiba linggih | sira Sarsaban amêgêng napas | amolah duk binantinge | marmane tiba lungguh | tan kalêngêr asru dènnya ngling | hèh Ambyah tuhu sira | lêlanang pinunjul | sajêg ingsun anèng donya | umur patang atus taun awak mami | durung kasoran ing prang ||

17. durung ana iya kang nadhahi | wong sawiji marang gadaningwang | kabèh banjur luluh bae | mung lagi sira iku | iya ingsun pan wus ngrasani | mring kadigdayanira | èstu yèn pinunjul | hèh ta Ambyah wruhanira | sutanira Maryunani mati sahid | sigra Ki Umarmaya ||

18. angêjèpi Sarsaban dènnya ngling | nora tutug ing pawartanira | wong agung pangandikane | hèh Sarsaban sirèku | maksih kuwat amangun jurit | aja pisah lan ingwang | momonga buyutmu | kaki Sayid Ibnu Ngumar | aturira Sarsaban sandika nuli | putra kalih ginugah ||

19. satangine [satangi...]

--- 7 ---

[...ne] kinèn angabêkti | mring Wong Agung Kakungingrat sigra | Danayah Danamah age | kalih nungkêmi suku | dyan wong agung sarêng lumaris | Sarsaban lan putranya | prasamya tut pungkur | marang Pirkari jro pura | sapraptane wong agung awas ningali | sagung turăngga Arab ||

20. buntutipun sami dèn tugêli | tăndha prihatin yèn kapêjahan | wong agung kagyat driyane | mangu angadhuh-adhuh | ana wadya satunggil prapti | matur sarwi karuna | sedane kang sunu | wong Menak datan antara | niba saking turăngga gumuling siti | kasok tyas kapagutan ||

21. wadya Arab wus samya udani | para prajurit miwah satriya | prapta arame tangise | kathah sêsambatipun | adhuh gusti Sang Jayèngmurti | lamun putra paduka | seda aprang pupuh | kang abdi sayêkti bela | ngamuk uwor măngsa wontêna kang urip | wor marus lawan mêngsah ||

22. dene sedane cinidrèng bibi | Rêtna Prabu Kalajohar beka | datan tinurut karsane | wasana nyidrèng lampus | Umarmadi tangisiranjrit | dhuh tuhu lamun tiwas | kang abdi pukulun | atur sumanggèng abahan | sawungune wong agung sigra marani | marang layoning putra ||

23. pan kapanggih maksih dèn rungkêbi | dening Sang Wira Narpati Yunan | kagyat wong agung praptane | mingsêr gantya gènipun | pan wong agung langkung mlasasih | agung dèn aras-aras [a...]

--- 8 ---

[...ras-aras] | layone kang sunu | cinarita sihing putra | tansah munggèng pangkon layone kang siwi | alon dènnya ngandika ||

24. yayi Prabu Tamtanus sirèki | amupusa karsaning Hyang Suksma | sira utusana age | asunga tupiksèku | marang yayi putri ing Mêsir | patine sutanira | dening rêtna prabu | lan iku Si Kalajohar | aturêna marang yayi putri Mêsir | apa karsane kana ||

25. angukuma mring si raja dèwi | sigra Tamtanus nuduh punggawa | sakawan sarêng angkate | ambêkta rêtna prabu | kinêranji binêkta ngarsi | wuri malih winarna | wong agung anuduh | wadya akarya bandhosa | rinêsikan pinaripurnèng mrêta di | pinanjingkên bandhosa ||

26. budhal wong agung saking Pirkari | umung wurahan tangising wadya | orêg wukir saanane | samodra rèh jumêgur | abusêkan udan wor riris | mirut măndra lalita | kilat-kilat arum | antara atêrataban | êndhêp-êndhêp antara ngampak-ampaki | sêlèting erawatya ||

27. kadya mastaka jêbol saking wit | kabaskaran alume katrêsan | nagri Pirkari pamane | budhalira wong agung | kadya ngênês kang tiris miris | pucang kadya kinuncang | angarang karungrung | pawana ris anangsaya | aliwêran awor tejane akingkin | kêkanthèn amiyoga ||

--- 9 ---

2. Kinanthi

2. Dèwi Sêkar Kadhaton bela pêjahing putra

1. rangu-rangu kapirangu | wong agung samargi-margi | ngiringkên layoning putra | tan arsa nitih turanggi | miwah Sang Narpati Yunan | kantaka samargi-margi ||

2. angarang-ngurung kadarung | areyongan ngiring-iring | munggèng wurining bandhosa | tan wus swarane kang tangis | wong agung anênggak waspa | randhat lampahirèng margi ||

3. pira-pira yutanipun | turăngga blêgdaba èsthi | tan ana kang tinitihan | mila ruwêt anèng margi | tirêp-tirêp anèng wiyat | angin aris mawa riris ||

4. kunêng wau kang ingutus | mring Kaos pan sampun prapti | gègèr otêr sanagara | rikalanira miyarsi | ingkang saking palurugan | yèn lena Sang Maryunani ||

5. sru srêkan umyung gumuruh | tangise wong sajro puri | Kusuma Sêkar Kadhatyan | kêbut saking dalêm puri | lan mantu Ni Aluljahar | pating kacècèr ing margi ||

6. parêkan lan êmbanipun | satriya mantri bupati | kang samya saos wahana | anusul samargi-margi | jêmpana palăngka rêtna | gumuruh baris nusuli ||

7. wus lêpas ing lampahipun | kunêng kang winuwus malih | lampahe Sang Kakungingrat | marang nagari Kaswiri | èngêt muring-muring ing tyas | ing purwa sedaning siwi ||

--- 10 ---

8. awit dènira ngalurug | marang nagara Kaswiri | kaya dèn rêjêk-rêjêka | tinumpês wong gêdhe cilik | dangu nalar amurwèng tyas | ngalakuli sèin kadir ||

9. kang anèng jro kitha ngrungu | ing pratingkah Jayèngmurti | korine kitha binêdhah | wadya Ngarab wus umanjing | kang anèng jro miris ing tyas | wong Kaswiri lan kang ngungsi ||

10. gumrudug ngrabasèng pupuh | wadya Rab anunjang wani | gya Prabu Jobin lan Irman | palayunira anggêndring | kang kacandhak akèh pêjah | punggawa satriya mantri ||

11. busêkan ngungsèkkên umur | otêr kèh kacandhak mati | Raja Sanjahur palastra | ginada Rajèng Yunani | rêmêk awor lan bantala | Tamtanus krodha mawrêdi ||

12. angambul panggadanipun | kang kaparag tumpês tapis | samantri punggawanira | pangamuke ambêk pati | gusis mawut asar-saran | suwung nagari Kaswiri ||

13. jinarahan donyanipun | pawèstrine dèn boyongi | Raja Jobin lawan Irman | lumayu marang Mêdayin | surak wadyane kèh pêjah | kunêng kang kawus anggêndring ||

14. Maryunani ibunipun | kagyat sru dènira anjrit | sinrahan Ni Kalajohar | timbalan raka Sang Amir | sang putri sumpêg tyasira | mung mungsêng kunarpèng siwi ||

15. wus laju ing lampahipun | samarga-marga jrit-anjrit | pan arsa age mulata | marang layone kang siwi | katon kang mikul bandhosa [bandho...]

--- 11 ---

[...sa] | wus cêlak lan putri Mêsir ||

16. sang rajaputri andulu | kapiandhêm malayoni | wus cêlak lawan bandhosa | aniba gumuling siti | tan emut purwa duksina | tan miyat ing bumi langit ||

17. sampun cêkak napasipun | sang putri lajêng ngêmasi | Kusuma Rêtna Luljahar | kapang-kapang anututi | miyat kang ibu palastra | keron tyas sang rajaputri ||

18. Kusuma Sajarahbanun | kantun angkate duk prapti | pijêr amatah utusan | mring kang paman Rajèng Mêsir | tur uninga yèn kang wayah | sedane Sang Maryunani ||

19. Kusuma Sajarahbanun | prapta nglud ambantu tangis | katur ing Sang Kakungingrat | yèn kang garwa putri Mêsir | praptane lajêng palastra | gugup wimbuh tyasira Mir ||

20. dyan cinandhak garwanipun | piyak sirêp kang anangis | layoning garwa sinundhang | lah wungua yayi dèwi | pagene anganyut pêjah | ingsun yayi maksih urip ||

21. pan wus titahing Hyang Agung | sutanira Maryunani | yayi aja mati salah | kasiku marang Hyang Widi | dhuh yayi age wungua | tingalana ingsun yayi ||

22. adangu pangundhangipun | mring kang rayi putri Mêsir | wong agung sumpêg tyasira | cêkak sêsêk napasnèki | kantaka rêbah gènira | gumuruh swaraning tangis ||

23. sigra sagung para ratu | amasang têtarub sami | nginggile Sang Kakungingrat | kêstin ijo kang kinardi | kunêng kang maksih kantaka | wuwusên Sang Rajèng Mêsir ||

24. kadi sarêng lampahipun [lampah...]

--- 12 ---

[...ipun] | nanging ta gantya winarni | nalika praptaning surat | gya budhal Prabu Sanasir | gugup tan anganti undhang | wadya sakacandhaknèki ||

25. amung sakêthi nêm èwu | kang wahana turănggèsthi | sênuk mèmrèng balêgdaba | unta lan bihal karêndhi | kasusu kang pra dipatya | gugup kang samya prihatin ||

26. pating kacècèr kang nusul | sagung punggawa ing Mêsir | miwah kang para santana | ing marga datan winarni | prapta ing Kaos nagara | nanging wus kapanggih sêpi ||

27. lajêng lampahnya sang prabu | nusul mring nagri Kaswiri | anèng ing marga kacandhak | Rajaputri Muninggarim | lan Sang Prabu Jaka Kobat- | sareas panusulnèki ||

28. dadya sarêng lampahipun | sigra-sigra anèng margi | gepak upacara gewar | mire sami kinèn ngari | kapêthuk wontên susulan | kèndêl asmaraning margi ||

3. Asmaradana

3. Radèn Maryunani tuwin ingkang ibu dipun pêtak nunggil Kalisahak

1. duta matur awotsari | mring Muninggar lan kang putra | myang Rajèng Mêsir wusdene | samya kèndêl soring gurda | anyana kêng timbalan | saking sapramodèng satru | mila sami kinèndêlan ||

2. amung Sang Prabu Kohkarib | puniku kang darbe duta | saking asangêt bingunge | duta ature tinanggap | purwane sedanira | Maryunani bibèkipun [bibèki...]

--- 13 ---

[...pun] | saking Dèwi Aluljahar ||

3. arine Sang Ratu Jobin | jumênêng ratu wanodya | ing Pirkari kadhatone | Nata Dèwi Kalajohar | bêbeka lara brăngta | mantu kapenakanipun | kasmaran beka asmara ||

4. kang putra datan nuruti | kêpati-pati kêkahnya | saking kacuwan karsane | têmah mantu pinêjahan | dadya samarga-marga | wong agung tansah gung kantu | ngiring bandhosaning putra ||

5. lawan Sang Prabu Yunani | samarga-marga kantaka | mila sangêt ing rubêde | dupi kapêthuk bandhosa | Rêtna Sêkar Kadhatyan | tan antara lajêng lampus | dadya sangêt karepotan ||

6. wong agung kantaka malih | tambuh putra tambuh garwa | niba saking turanggane | anyundhang layoning garwa | kantaka nèng gènira | marma bingung para ratu | angandhêg tan ana bisa ||

7. kagyat dènira miyarsi | Muninggar asru turira | paman aji dipun age | sampun ngêntosi kang dharat | sigra nitih turăngga | Muninggar anabêt mamprung | Rajèng Mêsir prabu jaka ||

8. katiga samya nyamêthi | ing turăngga nandêr nyongklang | wus prapta wau prênahe | nênggih ingkang tinaruban | katri sarêng têdhaknya | Sang Rajèng Mêsir anjujug | kang putra Sang Kakungingrat ||

9. Muninggar anjujug nênggih | layone Sêkar Kadhatyan | Kobatsareas jujuge | bandhosane ingkang raka | sarêng lara karuna | Rajèng Mêsir ngadhah-adhuh[1] | gêtêm anggung têbah jaja ||

10. winungu Sang

--- 14 ---

Jayèngmurti | anggèr sampun kadi bocah | dipun emut satitahe | Sang Hyang Ingkang Murbèng Jagad | sadurung ana badan | pêpêsthène wus ginantung | ing lara pati pakenak ||

11. pagene kudu saksêrik | yêkti yèn wêwah duraka | saking dening kêlalène | kagyat Sang Sri Kakungingrat | wungu nungkêmi sigra | Prabu Sanasir pitutur | angrêrapu angrêrêpa ||

12. sadaya ingkang prihatin | lêjar dènira miyarsa | Rajèng Mêsir pituture | dadya sami siniraman | layon pinaripurna | tinrap ing bandhosa sampun | budhal dulur alon-lonan ||

13. ing marga datan winarni | wus praptèng Kaos nagara | lajêng mêmangun rênggane | layon pan arsa binakta | marang nagari Mêkah | Maryunani garwanipun | Rêtna Dèwi Aluljahar ||

14. anuhun layoning laki | lan ibu Sêkar Kadhatyan | sinarèkna anèng Kaos | nênggih ing wana Sahidah | makame Kalisahak | ywa tanggung dènira tunggu | anèng ing Kaos nagara ||

15. sartane kinarya nênggih | panutan wana Sahidah | pinindha-pindha pêpundhèn | Wong Agung Surayèng Jagad | nurut karsaning putra | lan ingkang wayah sang prabu | Raja Sayid Ibnu Ngumar ||

16. rêmpêg sagunging para ji | nulya kang layon binakta | cinêndhak prapta lampahe | nênggih ing wana Sahidah | bandhosane sang rêtna | kang pinêtak anèng luhur | bandhosanira kang putra ||

17. nênggih Radèn Maryunani | pinêtak nèng têngên [têngê...]

--- 15 ---

[...n] ngandhap | dene kang anèng keringe | turăngga pun Kalisahak | sinami cungkubira | tinata korine pitu | sabên sap sinungan wisma ||

18. panggenan wadya pinanci | sabupati kang atêngga | makam Sahidah namane | bata cêndhani sadaya | winarnèng sêsunggingan | winardi rinaja tatur | wong agung apan sawulan ||

19. lawan sagunge para ji | akarya makaming putra | lawan makame garwane | Sang Rajèng Mêsir turira | kang putra ingaturan | kondura marang kadhatun | sampun lami anèng makam ||

20. apan ta sampun prayogi | uparênggane astana | wong agung apan sêmune | karaos anèng astana | milane ingkang rama | pinêksa ngaturan kondur | wong Menak nurut kang rama ||

21. agung dènnya mituturi | Prabu Sanasir mring putra | sinarèhna ing nalane | Wong Agung Surayèng Jagad | tutut anut ing rama | tigang wulan dènnya tunggu | anèng ing Kaos nagara ||

22. sira Prabu Asanasir | pamit marang ingkang putra | budhal marang[2] nagri Kaos | kondur mring Mêsir nagara | kunêng gantya winarna | ingkang sami kapalayu | saking Kaswiri nagara ||

23. Irman miwah Ratu Jobin | praptèng Mêdayin nagara | sira Irman prabu anom | nama saking pabarisan | duk nèng Kaos nagara | Raja Bahman kang anjunjung | kalawan Ki Patih Bêstak ||

24. sapraptanirèng Mêdayin | nèng jro pura tinangisan | mring ibu miwah kadange | lamun kang

--- 16 ---

rama binêkta | mring ratu bala Arab | ing Ngabêsi Sadat Kabul | Ngumar tingkah mêsiasat ||

25. sapraptane Pusêr Bumi | Raja Sadat Kabul Ngumar | marang ing Mêdayin kene | anyikêp ing ramanira | binănda kinurungan | kinranji kadi trênggalung | siniasat ramanira ||

26. praptane nagri Ngabêsi | pinakan apêm sadina | liwat saking masakate | nginum toya tan sinungan | wus rusak ramanira | sarirane wus akuru | aking kaya gêgarukan ||

27. ribêng tyase dèn tangisi | ing ibu myang pra santana | sigra tinangkil karsane | nimbali kang pra dipatya | miwah Kya Patih Bêstak | aglar andhèr ngarsanipun | Sang Prabu Irman ngandika ||

28. paran rêmbugira sami | Bêstak lan para narendra | myang punggawa sakathahe | aprakara kangjêng rama | mêngko kênèng siasat | pinilara wus sataun | mring Si Sadat Kabul Ngumar ||

29. kathah prajurit Ngabêsi | sanadyan inggih kasora | pasthi nyuruhi kancane | kathah ratu bala Arab | jêr Sadat Kabul Ngumar | sampun kabala puniku | ing raka Sang Kakungingrat ||

30. wontên pikir kang satunggil | lêhêng paduka panggiha | eyang paduka ing mangke | pun Betaljêmur punika | manawi darbe têdah | puniku paduka turut | Raja Irman sigra têdhak ||

31. marang pijajar wus prapti | gupuh dènira tamian | Raja Irman lon wuwuse | kaki paran karsanira | prakara kangjêng rama | nêmu siasat kalangkung | dening Sadatkabul [Sadatka...]

--- 17 ---

[...bul] Ngumar ||

32. langkung sangête rama ji | nandhang papa kajantaka | Kabul Ngumar siasate | tan măntra takliming raja | pinindha wong urakan | pan wus ilang sipatipun | saking labêting sri nata ||

4. Sinom

4. Pramèswari ing Mêdayin mundhut tulung dhatêng wong agung

1. Betaljêmur aturira | puniku tan wontên pikir | pan amung pikir satunggal | sayêkti ingkang ngluwari | ibu paduka nuli | akintuna sêratipun | sêrat kang tapak asta | ibu paduka pribadi | mring kang putra Wong Agung Surayèng Jagad ||

2. sayêkti nuntên utusan | Wong Agung Surayèng Bumi | amundhut rama paduka | dhatêng Sang Rajèng Ngabêsi | ujêr sampun kaabdi | pun Maraja Sadat Kabul | dhatêng raka paduka | Radèn Irman sigra amit | sapraptane lajêng marêk ibunira ||

3. umatur sarwi tur sêmbah | ibu ature pun kaki | luware jêngira bapa | paduka kintuna tulis | dhatêng pun kakang Amir | sêrat saking ing pukulun | aparinga uninga | yèn kang rama nèng Ngabêsi | sinakitan dening Sadat Kabul Ngumar ||

4. yêkti punika angetang | pun kakang Surayèng Bumi | ing wadanane Muninggar | apindha gêbyaring sasi | pasthi pinundhut aglis | inggih marasêpuhipun | mring Sadat Kabul Ngumar | pramèswari ngandika ris | juru jinêm iya kulup sun nênurat [nênu...]

--- 18 ---

[...rat] ||

5. kang katur ing rakanira | puniku sang pramèswari | ibune Irman Muninggar | gangsal patutanirèki | ingkang èstri kêkalih | Muninggar Rêtna Marpinjun | ingkang jalu têtiga | Urmus Sêmakun wuragil | katigane Irman iku ya Ardiman ||

6. wus dadya kang punang sêrat | sinungkên utusan nênggih | mantri kaibon sakawan | anyatus turangganèki | lampahira kadyangin | kang turăngga kawan atus | ing marga tan winarna | wus praptèng Kaos nagari | katur lamun utusane ibunira ||

7. ingandikan manjing pura | mantrine kang ibu prapti | katur pakintun lan surat | katur ing Sang Jayèngmurti | sêrat binuka aglis | pèngêt mawi taklimipun | urmat ing panjênêngan | kulup iki surat mami | ing Mêdayin juru jinêm ibunira ||

8. katur surat winursita | mring putra Surayèng Bumi | Kakungingrat tur minăngka | bapa babune wong mukmin | kang pasthi dèn aubi | marang kadang warganipun | kang punjul pramudita | kang pinuji wong sabumi | aprakosa sudira prawirèng jagad ||

9. kang asih murdèng kasihan | palimarmèng pêkir miskin | kang agung dana ing bala | têtulung ing kawlasasih | kang kasub ing sabumi | lêlananging aprang putus | ingkang sinêmbah-sêmbah | dening kang para narpati | kang wus têtêp rijal sangisoring wiyat ||

10. kang bisa bengkas amunah | ing sagung lara prihatin | pun biyang gusti tur wikan |

--- 19 ---

lamun wong tuwanirèki | ginawa mring Ngabêsi | kinurungan kadi manuk | nora sinungan dhahar | sadina apêm sacuwil | panggawene Raja Sadat Kabul Ngumar ||

11. sinangsaya kaya kompra | wong atuwanira gusti | mring Si Sadat Kabul Ngumar | liwat saking kèsi-èsi | kaya wong dêkêp pitik | sirna tabêt ratu agung | gusti pan pira-pira | gunge wong tuwanirèki | karatone mêngko nêmu kasêrakat ||

12. kaya wong tanpa kêkadang | miwah datanpa sêsiwi | dene misih ana sira | sêsiwi Surayèng Bumi | angrèh para narpati | ngêndhanu awor lan mêndhung | babo dêrajatira | prabawa baboni bumi | pirang lagi yèn aja darbea putra ||

13. suraya jayèng bawana | mutêr saidêring bumi | ngêndi ana kaya sira | ngatas angin bawah angin | ginusti ing para ji | parandene wong tuwamu | dadi pangewan-ewan | anglakoni kawlasasih | gusti sapa ingkang têtulung pun biyang ||

14. lamun ora kang sarira | nadyan wong wawênèh sami | anuhun tulung mring sira | sagung kang para prihatin | mungguh sarira mami | sayêkti sira katêmpuh | pan sira sutaningwang | kang tuwa wode tyas mami | cor lêburên duka ciptane pun biyang ||

15. kabèh ari-arinira | miwah wêraganirèki | pangaubane mung sira | tamat ingkang surat titi | tinukupakên nuli | kang sêrat wadananipun | wus dangu gya pinêtak | ingêmbun-êmbun [ingêmbun-êmbu...]

--- 20 ---

[...n] ping kalih | wali-wali tinukupakên wadana ||

16. pinêtêk anèng mastaka | ping tiga sinungkên nuli | ing garwa Rêtna Muninggar | Wong Agung Surayèng Bumi | sarwi mijil waspèki | Muninggar mèsêm tumungkul | sarya lon maos surat | kadriya èsthining tulis | ya ta matur mring raka Sang Kakungingrat ||

17. paran ing karsa paduka | punika kang murwèng tulis | sayêktos aturing duta | saking ibu pramèswari | yèn pun Irman kang kirim | yêkti tan pantês tinulung | dening ibu paduka | inggih kang darbe panangis | angandika Wong Agung Surayèng Jagad ||

18. iya yayi mungguh ingwang | lamun kangjêng ibu sori | anuduh ing lakuningwang | nora ketang praptèng pati | lêbura awor siti | datan garantês sarambut | apa kang sun walêsna | marang kangjêng ibu sori | pamomonge maring sun tan măntra-măntra ||

19. lamun putra mantu iya | pangrêngkuhe lair batin | anggêpe putrane lanang | sajêge mring awak mami | Sang Prabu Nyakrawati | ngruntiki pan kangjêng ibu | nora milu ing raka | wêlas gêng trêsna tan sipi | yèn padhakna lan Irman trêsna maringwang ||

20. umatur Rêtna Muninggar | nanging tur kawula inggih | tuwan utusan kewala | mundhut mring Rajèng Ngabêsi | sampun tindak pribadi | kawula puniki kawus | wontên Kaos nagara | pisah lan paduka Amir | angandika

--- 21 ---

ingsun dhewe kang lumampah ||

21. sayêkti măngsa enggala | yèn ora ingsun pribadi | lan Si Sadat Kabul Ngumar | galêndhête isin ajrih | wajib ingsun nêkani | nglairkên apuraningsun | mijil ing panangkilan | siniwèng sagung narpati | ulubalang miwah satriya punggawa ||

22. surat sinungkên Marmaya | winaos sagung para ji | ana ngungun ana suka | Lamdahur lan Umarmadi | gumuyu ting cakikik | guguk pan sarwi tumungkul | wong agung angandika | sun dhewe lawan sirèki | Umarmaya katêlu sêkarduwijan ||

23. marang Ngabêsi nagara | umatur Sang Adipati | Tasikwaja yèn kawula | tan tumut mring paduka Mir | lampah datanpa asil | donya ngakirat tan antuk | têtulung wong nora sah | Nusirwan inggih kêpati | saumure anggung akarya musibat ||

24. lamun tuwan lumampaha | manawi tan manggih bêcik | wong agung rêngu ngandika | basakêna sira iki | nora milu lumaris | têka malah sangkêr wuwus | gupuh mangsuli sabda | Umarmaya matur aris | inggih botên mugi rahayuwèng lampah ||

25. ngandika mring Radèn Maktal | sira yayi milu mami | wong agung ing Parangteja | sandika matur wotsari | wong agung angling malih | marang sagung para ratu | iya sapungkur ingwang | dèn padha angati-ati | Umarmaya dèn agambuh tingkahira ||

--- 22 ---

5. Gambuh

5. Wong agung rawuh dhatêng Ngabêsi mundhut luwaripun Prabu Nusirwan

1. jêngkar lajêng ngadhatun | sapraptane jro pura wong agung | angandika marang Rêtna Muninggarim | iya yayi mêngko surup | mring Ngabêsi angkat ingong ||

2. yayi Maktal kang milu | lan sêkarduwi katêlunipun | langkung karsa kang garwa aturirèki | yèn ta kenging amba matur | yêkti sakarsa kemawon ||

3. prapta ing wanci surup | saking nagri Kaos angkatipun | lampah dalu yèn sayah kèndêl wanadri | miwah namur anèng dhukuh | angaku wong cilik Kaos ||

4. ing marga tan winuwus | miwah ta wau sabranganipun | pan cinêndhak ing lampah pan sampun prapti | ing nagrine Sadat Kabul | wong agung marang kutha jro ||

5. nagri Ngabêsi langkung | agêng ajêmbar ing papanipun | duk samana manjinge kitha ing wêngi | wong agung alampah pandung | jujug taman kidul kulon ||

6. kiwa tan ana wêruh | hèh yayi sira karia tunggu | sêkarduwi aja mingsêr saking ngriki | sun dhewe yayi kang mangsuk | marang sajroning kadhaton ||

7. ing lampah ingsun nambuh | nora wèh wêruh ing praptaningsun | lamun ingsun yayi kongsia kêpanggih | lan Si Raja Sadat Kabul | arandhat ing lakuningong ||

8. mêngkono [mêngko...]

--- 23 ---

[...no] yayi ingsun | paran sira ing pikirirèku | nêmbah matur sumăngga yèn arsa aglis | yèn arsa tamban pukulun | prayogi paduka ngaton ||

9. ora yayi sêdyèngsun | panêdya aglis kuwatir pungkur | ya mulane sun lakoni laku maling | pan wus rêmpêg ingkang rêmbug | wong agung angkatira lon ||

10. panah gadane kantun | pan namung pêdhang gêgamanipun | lan jêjirêt sutra kêmandèn tan kari | badhe marga lêbêtipun | nyangking krêtas lawan potlot ||

11. kasupèn watêkipun | tilar insa Allah sabênipun | mila kêni sêngêr siniku ing batin | ya ta lampahnya wus rawuh | bata bumining kadhaton ||

12. nguncalkên jirêtipun | rinambatan praptèng jro pan sampun | sabên-sabên bata kêlir jroning puri | mangkana ing lampahipun | wus prapta jroning kadhaton ||

13. wau ta ingkang kantun | Wong Agung Parangteja atunggu | sêkarduwi cinuculan ingkang kambil | pinurugakên gèn rumput | Maktal ngantuk sèndhèn kayon ||

14. warnanên kang lumêbu | praptèng jro pura ing têngah dalu | lajêng jujug pasarean sri bupati | sira Raja Sadat Kabul | kapanggih guling angorok ||

15. ing dagane sang prabu | kathah saosan janèwêr arum | lawan agung pêpanganan warni-warni | munggèng wêwadhah mas tatur | sinotya pating pancorot ||

16. gêlas kang sandhing anggur | wong agung anèng dagan [daga...]

--- 24 ---

[...n] adangu | Raja Sadat Kabul Ngumar eca guling | angadêg nèng gadanipun | wong agung anulya lunggoh ||

17. munggèng ngiringanipun | wong agung sigra anyandhak gupuh | nginum anggur kalawan janèwêr wangi | wontên kalabang mèh ngantup | panjang agênge sajêmpol ||

18. Sang Raja Sadat Kabul | sukune kang ngarsa dipun antup | dyan ginitik ing potlot mring Jayèngmurti | punang kalabang wus lampus | wong agung eram dènnyanon ||

19. mring pawèstri kang turu | bêntêt atap wong sadalêm agung | nora ana wong èstri kuning sawiji | irêng-irêng sadayèku | pan warata lanang wadon ||

20. wong agung nulya mêtu | ngupaya wau panggenanipun | mring kang rama Sri Naranata Mêdayin | tinitik nèng pandhapa gung | kang akêmit para katong ||

21. sirêp sadayanipun | nèng pojok kidul wetan kadulu | gumarêmêng kurungan agêng kaèksi | pinariksa isinipun | èstu kang rama sang katong ||

22. nanging sampun akuru | langkung arisak sariranipun | kari gagra kusika tur mêmpis-mêmpis | wong agung cangkelak wangsul | nulya sapraptanirèng jro ||

23. ngambil janèwêr arum | pêpanganan jambu lawan anggur | wangsul malih mring gène Rajèng Mêdayin | ngulungkên sarya umatur | gêlas panganan maring jro ||

24. Prabu Nusirwan mambu | gandane ingkang janèwêr arum | wus sawarsa tan kambon pan amung mangkin | angarêjêt [a...]

--- 25 ---

[...ngarêjêt] dagingipun | wulune ngadêg mangkorog ||

25. sarya ngling sapa iku | wêngi-wêngi wèh janèwêr arum | pan angulung asêrêt dènira angling | kang putra alon turipun | kawula pun Jayèngsinom ||

6. Sinom

6. Wong agung kêjêgur ing rawa upas

1. anangis Prabu Nusirwan | paran solahira gusti | dene nora gawa bala | kang putra umatur aris | inggih namung satunggil | putra paduka kang tumut | yayi mas Parangteja | katiga pun sêkarduwi | sênggruk-sênggruk Nusirwan sarwi ngandika ||

2. paran tingkahirèng marga | kulup praptanirèng ngriki | kayaparan karsanira | umatur Sang Jayèngmurti | kawula amrih aglis | inggih lampah cara pandung | yèn sampun dhahar tuwan | inggih ing dalu puniki | kula bêkta mêdal anilib kewala ||

3. sigra dènira nênurat | ing potlot Sang Jayèngmurti | sakêbat ing krêtas pita | têmbunge hèh yayi aji | kang mêngku ing Ngabêsi | sira Raja Sadat Kabul | Ngumar ing praptaningwang | ing prajanira Ngabêsi | mundhut Prabu Mêdayin sira kapanggya ||

4. arsa utusan kewala | bok lawas ana ing margi | dadya sun dhewe lumampah | praptaningsun ing Ngabêsi | ana sajroning puri | sira pan katêmu

--- 26 ---

turu | arsa ingsun gugaha | awèh was-wasing aguling | gèt-êgèti yayi Sadat Kabul Ngumar ||

5. ana kalabang gêng prapta | arsa ngantup sira yayi | sun gitik ing potlot pêjah | lan saosanira yayi | kang mungging dagan nênggih | anggur lan janèwêr arum | pêpanganan sun pangan | inuman sun inum sami | aywa kagèt Prabu Nusirwan sun gawa ||

6. sawusnya dadya kang surat | sinèlèh ngiringan guling | Raja Sadat Kabul Ngumar | saksana Sang Jayèngmurti | marang pandhapa aglis | kurungan sigra pinanggul | mêdal ing pagêr bata | ingulur jêjirêt nuli | sabên manggih bata inguluran samya ||

7. sapraptaning jawi pisan | ênggène Maktal anganti | winêdalakên Nusirwan | saking kurungan wus mijil | wong agung gya ngabêkti | rinangkul sarya sru muwus | sigra Sang Arya Maktal | angaras pada sang aji | atêtanya Nusirwan sarya karuna ||

8. padha bêcik kang tinilar | iya Nini Muninggarim | apadene sutanira | putuningsun kaki aji | Kobatsareas ugi | miwah sagung para ratu | kang putra matur nêmbah | inggih sadaya basuki | amung wayah tuwan Maryunani pêjah ||

9. kalawan putra paduka | ibune inggih ngêmasi | angungun jêlih karuna | sigra Prabu Nyakrawati | katur purwane nguni | Nusirwan asênggruk-sênggruk | nora lawas nèng donya | putuningsun Maryunani | kang atuwa mène angur palastraa ||

10. dadi nora duwe kadang [ka...]

--- 27 ---

[...dang] | putuningsun kaki aji | Bathara Kobatsareas | mung putuku Kuraisin | pan kêdhana kêdhini | samêngko wayah ngong iku | sawusnya dangu ngatag | Wong Agung Surayèng Bumi | yayi Maktal jupukên sêkarduwijan ||

11. Arya Maktal sigra kesah | turăngga dangu tan panggih | kesah doh dènnya mêmangan | langit wetan sirat abrit | sigra nusup ngulati | wong agung mring sêkardiyu | kantun Prabu Nusirwan | warnanên nagri Ngabêsi | wontên rawa pasir upas palêburan ||

12. kidul kilèning kadhatyan | tubon wana nguni-uni | umbul wêdhi tanpa toya | panase anglêliwati | sagung wong dosa pati | Ngabêsi cinêmplung ngriku | mêthêl kulit dagingnya | mopol awak balungnèki | lamun pukul sawêlas umob walikan ||

13. marine ing umobira | pukul satêngah pat mari | sadalu pisan tan obah | mung ririh pating kacumik | tan kêna dèn anciki | pinggire kaliwat lunyu | sato kang manjing samya | sapandurat ajur sami | pinarêkna ing pinggire lumba-lumba ||

14. wong agung datan uninga | yèn ana pasir sêrani | winastanan ara-ara | kasasar kaplèsèd manjing | wus karsaning Hyang Widi | tan bisa mêntas wong agung | busananira sirna | amung lancingan kang maksih | tawèng upas kêmandèn saking Ngajêrak ||

15. wau ta kang kawarnaa | kang mêntas wungu aguling | Raja Sadat Kabul Ngumar | sêsotya [sê...]

--- 28 ---

[...sotya] sri narapati | kagyat dènnya ningali | janèwêr tabêt dèn inum | aningali kalabang | pêjah nèng daganirèki | mengo nganan aningali ana surat ||

16. kagyat anulya cinandhak | winaos sinukmèng galih | têmbunging surat kadriya | ningali ratu kang kêmit | lan sagung pra dipati | têdhak paningrat sang prabu | asru dènnya ngandika | gusti Raja Arab prapti | wêngi iki anggawa Prabu Nusirwan ||

17. kapat padha siyagaa | turana kèndêl rumiyin | iya sadina kewala | sokur kongsi tigang ari | pan ingsun arsa bêkti | nênuwun apuranipun | sigra sagung punggawa | budhal sang nata pribadi | bala amung sakacandhake kewala ||

18. wontên turăngga salêksa | nitih kuda sri bupati | Raja Sadat Kabul Ngumar | sampun byar prapta ing jawi | panggih Rajèng Mêdayin | datan ana rowangipun | têdhak sigra sang nata | marang gèn Natèng Mêdayin | pan kinubêng dening saprajuritira ||

19. kathah sumusul kang prapta | para ratu pra dipati | prajurit mantri satriya | umatur Natèng Ngabêsi | marang Prabu Mêdayin | putra paduka pukulun | wontên pundi samangkya | Wong Agung Surayèng Bumi | mêgap-mêgap lingira Prabu Nusirwan ||

20. mariku ngilèn lampahnya | ngulati ingkang turanggi | anusul ing Arya Maktal | Raja Sadat Kabul aglis | sigra nusul pribadi | mangilèn ing bata ngidul | jog pasir palêburan [pa...]

--- 29 ---

[...lêburan] | ana tabêt manungsèki | kapêlèsèd kalêbu talaga upas ||

21. nulya ngidul malih panggya | Maktal asèndhèn kusambi | ngantuk Sadat Kabul Ngumar | têtanya sira nèng ngriki | wong Menak anèng pundi | Radèn Maktal sauripun | kantun wau alênggah | lan kang rama ing Mêdayin | ingsun kinèn angulati kang turăngga ||

22. sigra Sadat Kabul Ngumar | wangsul marang pasir malih | tiningalan tapakira | èstu yèn kalêbèng pasir | karuntêge katawis | jro palêburan ngêduwul | asru dènnya ngandika | sang nata mring pra dipati | nora kêna tinututan Raja Arab ||

23. Wong Agung Surayèng Jagad | sayêkti wus angêmasi | ika mau Arya Maktal | ugêrên wit nagasari | gustine wus ngêmasi | yaiku dimène lampus | tumandang pra dipatya | Maktal kinarubut kêni | pan ginodhi munggèng witing nagapuspa ||

24. mantri kawan atus samya | satus ingkang pra dipati | lan sawadyabalanira | wangsul umarêk ing gusti | katur saaturnèki | sigra mangkat sang aprabu | marang gène Nusirwan | prapta ngling Rajèng Ngabêsi | kadipundi putra paduka wus pêjah ||

25. wontên pasir palêburan | adate sanadyan wêsi | ajur sampun kang manungsa | măngsa kanggea salingsir | mopol adate nguni | kula umatur satuhu | paduka ngandikaa | inggih pangandika pasthi | têtilare sadaya Sang Kakungingrat ||

26. balane miwah kang garwa | yèn maksih

--- 30 ---

Rajèng Ngabêsi | Raja Sadat Kabul Ngumar | sayêktine botên kêni | rinêngkuh liyan nênggih | marang sagung para ratu | yèn paduka tan lilah | pasrah garwa bala Amir | sayêktine paduka kawula lunas ||

27. lah dawêg tuwan piliha | pasrah lawan angêmasi | kabutuh Prabu Nusirwan | sumaur sarwi anangis | yèn èstu angêmasi | iya Menak Jayèngsatru | apa sakarsanira | garwane miwah wadyèki | sun anurut sigra Sadat Kabul Ngumar ||

28. manêmbah angaras pada | wau Sang Raja Ngabêsi | marang Sang Prabu Nusirwan | sigra angundhangi dasih | sagung kang pra dipati | tuwin punggawa gung-agung | ratu kang pitung nambang | punggawa kang tigang kêthi | para mantri sayuta sami sanega ||

29. wadya lit tanpa wilangan | budhal Sang Rajèng Ngabêsi | marang ing Kaos nagara | Sri Nusirwan pan kinanthi | ngaturan nitih èsthi | wadya kadi wukir kapuk | katrajang ing prahara | kèhing wadya rêbat margi | pan malêdug angêbêki wanapringgga ||

30. kunêng kang maksih lêlampah | wuwusên Umarmayèki | kang anèng Kaos nagara | supêna Sang Jayèngmurti | kalêbu anèng pasir | kasêrakat tingkahipun | enjing Marmaya ngucap | mring Lamdahur Umarmadi | lah karia ingsun arsa anusula ||

31. dèn angati-ati padha | pamit sira sang dipati | Tasikwaja sigra mêsat | nampèl wêntisira kalih | mêsat saengga thathit | tigang wulan lampahipun | kinarya tigang dina | tan kapêthuk [ka...]

--- 31 ---

[...pêthuk] wong Ngabêsi | sanès marga Ki Umarmaya wus prapta ||

32. nagari Ngabêsi enjang | sêmune praja amamring | Dyan Umarmaya têtanya | mindha wong saking agrami | saure mila sêpi | sang nata kesah anglurug | marang Kaos nagara | mundhuti garwanira Mir | sabalane jêr wong Menak wus palastra ||

33. anèng pasir palêburan | Sang Dipati Guritwêsi | wau kalane miyarsa | kumêpyur tyasira angling | lah prênahe ing pundi | pasir palêburan iku | ing ngrika kilèn bata | kadhaton bing kidul kêdhik | rawa upas Ki Umarmaya gya mêsat ||

34. praptèng pasir palêburan | gya ngrasuk wasiyat nabi | kêmandèn topong Suleman | tawa ing upas lan api | Dyan Umarmaya minggir | pan sarwi anguwuh-uwuh | wong agung pan miyarsa | nanging tan sagêd nauri | ing tyas pasrah manggih dêdukane Sukma ||

35. Ki Umarmaya ambêkta | sarbat usada kang manis | karuntêging palêburan | Dyan Umarmaya kadugi | saksana mêsat prapti | kêkêjêr kadi kêkupu | Marmaya aoliya | karamate dèn simpêni | durung wêdhar pamêdhare panampungan ||

36. mangkana obahing toya | mêngkab palêburan pasir | winiyak nulya katingal | wau Mênak Jayèngmurti | anulya dèn inumi | tumètès kang srêbat arum | manjing rasa graita | anggaotanira urip | dyan tinarik mêntas marang ing dharatan ||

37. wong agung pan tinangisan | pan sarwi dèn usadani | pinundhutakên [pinundhuta...]

--- 32 ---

[...kên] busana | saking sajroning kêkandhi | waluya Jayèngmurti | bagas kadya warasipun | eca samya dhaharan | wuwusên pun sêkarduwi | mantuk marang panggenane Arya Maktal ||

38. mantri kang abaris jaga | tigang èwu winitawis | ingamuk sêkarduwijan | nujah mengkal bêrik-bêrik | gègèr gumrubyug sami | wong agung kalih angrungu | kadya swaraning aprang | gupuh mariksa marani | kawistara angamuk sêkarduwijan ||

39. angalingi Arya Maktal | Marmaya wangsul turnya ris | punika turăngga tuwan | lan rayi paduka gusti | pun Maktal dipun godhi | anèng witing nagasantun | sigra anarik pêdhang | mangsah wong agung kêkalih | bubar larut kang ingamuk kathah pêjah ||

40. wong agung ing Parangteja | godhine wus dèn tatasi | luwar saking nagapuspa | ngabêkti sarwi anangis | wau pun sêkarduwi | kèndêl dènira angamuk | Maktal kinèn mêmangan | juwadah saking kêkandhi | sampun pulih sarirane Arya Maktal ||

41. mangkat prasamya mring taman | wong agung katiga prapti | samya asiram sakeca | sawusnya busana sami | lênggah têpining bèji | maruta marwasèng santun | sêkar babar angambar | sumrah sarira găndra mrik | asanega busana kapraboning prang ||

42. turăngga sêkarduwijan | pan sampun dèn kêkambili | kawot sakapraboning prang | wuwusên kang para mantri | tuwin kang pra dipati | ingkang samya kapalayu | katur

--- 33 ---

mring ratunira | prabu anom ing Ngabêsi | kang tanaya dening Sadat Kabul Ngumar ||

43. nama Sadat Kadarisman | kesahing bapa sumilih | duk wau myarsa turira | punggawa kang kasor jurit | mêngsah lawan turanggi | kabutuh wong agungipun | prapta amung têtiga | Kalana Surayèng Bumi | gya siyaga têngara umagut ing prang ||

44. dêdêg pitung dasa êgas | prabu anom ing Ngabêsi | sêmbada dêdêg parusa | ing ayuda pilih tandhing | sadèrèng madêg aji | kalaka[3] satriyanipun | tate bêdhah nagara | ambănda para narpati | prawirane Prabu Jaka Kadarisman ||

45. prakosa ngluwihi bapa | miwah dhapure ngluwihi | mangkana punggawanira | prabu anom ing Ngabêsi | salêksa kalih kêthi | para ratu kawan atus | samya ratu prakosa | saking kayane pribadi | ratu samas wus siyaga ing ayuda ||

46. budhal Sadat Kadarisman | prabu jaka ing Ngabêsi | nanging tyasira sandeya | dene mungsuh iki gusti | gustine jêng rama ji | dadya ing prang mangu-mangu | anutuh mring kang rama | pagene amungsuh gusti | iya ngadu para prabu prang kênaka ||

7. Pangkur

7. Kadarisman Rajaputra Ngabêsi têluk dhatêng wong agung

1. gumuruh têngara budhal | sanalika kèndêl nèng marga nganti | langkung wagugên ing kalbu | sira Sang Prabu Jaka | Kadarisman paran iki tingkah ingsun | amungsuh lamun dudua [du...]

--- 34 ---

[...dua] | Wong Agung Surayèng Bumi ||

2. ing wuri saya gung prapta | kang prajurit prawira para mantri | pating kacècèr kang nusul | miwah kang pra dipatya | para nata sawadyabala gumuruh | sakapraboning ayuda | andhèr nèng ngarsanirèki ||

3. sang prabu jaka ngandika | mring punggawa pinisêpuh tinari | hèh apa wadine iku | mungsuh kang anèng taman | Jayèngmurti gustine wong tuwaningsun | mêngko malih dadi mêngsah | apa linawan ing jurit ||

4. punggawa tuwa turira | yèn suwawi gusti nungkula aris | sampun umagut prang pupuh | satêmah manggih papa | mêngsah gusti tindak apa kang tinêmu | prabu jaka angandika | iya bênêr turirèki ||

5. nanging ingsun arsa wruha | kasêktène Wong Agung Jayèngmurti | dadar kaprawiraningsun | yèn ingsun wis kasoran | nora wurung ingsun dadi abdinipun | lah payo bapa budhalna | angêpung ing tamansari ||

6. sigra kang bala sumahab | panganjure kathah turăngga èsthi | praptèng taman sigra ngêpung | kalimput pagêr bata | prabu jaka nèng wurining barisipun | sarwi manggung nèng dipăngga | wadya kinèn anyuraki ||

7. kagyat wau Radèn Maktal | duk miyarsa swaraning baris prapti | sigra wêdale andulu | satriya Parangteja | sarêng mulat têtela mêngsah gêng rawuh | sigra wangsul tur uninga | wau ta sagunging baris ||

8. gumuruh surak ing jaba | samya surak wong Arab mêngko prapti | mring ngêndi paranirèku [paranirè...]

--- 35 ---

[...ku] | ngungsèkkên nyawanira | duk miyarsa wong agung alon andangu | hèh yayi mas Parangteja | iki bala ing Ngabêsi ||

9. sapa pangiriding aprang | apa ulubalang apa putra ji | Radèn Maktal awotsantun | inggih pun Kadarisman | anak Kabul Ngumar kang umadêg prabu | sigra wong agung siyaga | anitih pun sêkarduwi ||

10. nulya mêdal saking taman | Radèn Maktal lan Umarmaya ngiring | praptèng jawi tamansantun | wong agung sigra ngêtab | turanggane pun sêkarduwijan mamprung | prênahira prabu jaka | pinêlêng pan sampun prapti ||

11. wong agung asru ngandika | hèh ta sira sutèng Ratu Ngabêsi | anake Si Sadat Kabul | sira atmaja tuwa | kawruhana iya dhingin wong tuwamu | anting-antinge sun alap | sah saking astane kalih ||

12. mèsêm sarwi narik pêdhang | angayati saking luhuring èsthi | sasolahira amuwung | wong Menak anèng kuda | duk lumarap sinăngga tinampèl runtuh | sigra astane cinandhak | sinêndhal saking ing èsthi ||

13. binantingakên dipăngga | gajah rêbah sarêng putra Ngabêsi | gumuling siti sru kantu | wong agung narik pêdhang | mangsah ngamuk ing wadya prajuritipun | gègèr ingkang tinarajang | busêkan sagunging baris ||

14. Umarmaya Radèn Maktal | mangsah ngamuk sarwi bandhang turanggi | wus nitih lajêng bêbujung | rusak ingamuk samya | dyan wong agung kalih wangsul wus angumpul | ing gusti Sang Kakungingrat [Kakung...]

--- 36 ---

[...ingrat] | ênggène putrèng Ngabêsi ||

15. gumuling maksih kantaka | tinalenan marang Umarmayèki | ginodhi sariranipun | Wong Agung Parangteja | sigra gugah hèh anake Sadat Kabul | pagene pijêr anendra | tangia padha prajurit ||

16. sinêntak talinganira | kagyat wungu Rajaputra Ngabêsi | badan sampun winawuyung | anangis atur tobat | kula botên telad pun bapa rumuhun | sumăngga ing Gusti Ambyah | ing sakarsa pati urip ||

17. wong agung alon ngandika | lamun sira tuhu ingsun uripi | bok tiru lir wong tuwamu | Si Sadat Kabul Ngumar | wus ajangji têmah durjana ing pungkur | matur nêmbah prabu jaka | pukulun datan angipi ||

18. lamun kadosa pun bapa | tuwan abên amba purun mêjahi | dhatêng pun bapa pukulun | wong mukir kabêcikan | Jayèngmurti suka dènira angrungu | godhine wus inguculan | sinêlamakên nulya glis ||

19. kinêkêp-kêkêp priyăngga | mring wong agung nungkêmi pada kalih | sawusnya manêmbah gupuh | ing Radèn Tasikwaja | miwah marang satriya Parangtejaku | matur ngêsrahkên nagara | mring Wong Agung Jayèngmurti ||

20. miwah saisining pura | ingaturan wau wong agung katri | samya tumamèng kadhatun | sapraptanirèng pura | pra dipati Ngabêsi wus samya kumpul | sumiwi ing panangkilan | Wong Agung Jayadimurti ||

21. wong agung duk siniwaka | sawijile saking ing dalêm puri | lênggah ing made manguntur | nimbali [nimba...]

--- 37 ---

[...li] pra dipatya | miwah sagung ulubalang wus angumpul | sakarine para raja | sumiwi ing Jayèngmurti ||

22. wong agung asru ngandika | hèh sakèhe punggawa ing Ngabêsi | padha ngèstrènana iku | Si Sadat Kadarisman | sun dêgakên narendra Ngabêsi tuhu | anggêntènana ing bapa | angrèha nagri Ngabêsi ||

23. yèn ana kang para raja | myang satriya punggawa ing Ngabêsi | kang mangkêlang nora anut | mring gêgawean ingwang | umaguta ing prang mungsuh lawan ingsun | apragola pupu jăngga | arok băndawala pati ||

24. sagung kang myarsa sadaya | para ratu satriya pra dipati | ature prasamya nuhun | tan wontên kang mangkêlang | sampun mênggah kang darbe waris puniku | sanadyan wong liwat dalan | yèn tuwan karsakna dadi ||

25. wong agung malih ngandika | lan maninge besuk sapungkur mami | yèn Si Kadarisman iku | wuri mardut maringwang | punggawane kabèh sun tumpêsi iku | sadaya matur kukila | sang prabu jaka nulya glis ||

26. sujud ing ngarsanirambyah | asupata bupati anêksèni | sawusnya lajêng anayub | atur wus tinarima | Prabu Sadat Kadarisman sêtyanipun | arame dènnya bojana | nutug suka-suka sami ||

27. anêlas dènnya bojana | sêsaosan tumpa salin-sumalin | awatara pitung dalu | wong agung sukan-sukan | nèng Ngabêsi dènnya ngadêgakên ratu | marang Sadat Kadarisman | sungkême angasmarani ||

--- 38 ---

8. Asmaradana

8. Nagari Kaos kadhatêngan mêngsah

1. wong agung anulya pamit | marang Sadat Kadarisman | arsa kondur marang Kaos | Raja Sadat Kadarisman | kêdah tumut saparan | lawan saprajuritipun | ratu satriya punggawa ||

2. sakantune wong Ngabêsi | kang binêkta mring kang rama | anglurug mring nagri Kaos | wuri samya pinacêkan | purun ginadhang-gadhang | mêngsah lan wong tuwanipun | cinêgah-cêgah amêksa ||

3. dadya wong agung nuruti | pamêksane prabu jaka | nêtêg têngara kêndhang gong | gumuruh wong sanagara | samya samêktèng yuda | sumahab kang wadya kumpul | gêgaman tanpa wilangan ||

4. budhal saking ing Ngabêsi | kadya samodra balabar | wutah ing bala gorarèh | mamrêg giri gara-gara | ujwalaning busana | kadya girindra katunu | gêmpur sajêmbaring wana ||

5. kang têngga nagri Ngabêsi | amung punggawa santana | ingkang binêkta pêparon | samas ingkang para raja | dhomas bupatinira | nyalêksa prajuritipun | sabên bupati satunggal ||

6. kang wadya para narpati | nyakêthi prajuritira | marma kadi samodra rob | kunêng kang lagya lêlampah | gantya kang kawuwusa | lampahira Sadat Kabul | Ngumar lan Prabu Nusirwan ||

7. prapta ampeyan Mêdayin | Sang Prabu Irman miyarsa | lamun kang rama rawuhe | sigra parentah [pare...]

--- 39 ---

[...ntah] ing patya | ngrukti sugatanira | Raja Irman sigra mêthuk | lawan kang rayi kalihnya ||

8. miwah sira Ratu Jobin | tundhuk samya ngaras pada | pra putra lara tangise | gantya-gantya para raja | miwah Kya Patih Bêstak | sira Raja Sadat Kabul | Ngumar pan wus ingancaran ||

9. masanggrahan sawadyèki | anèng sajawining kitha | dulur sêlur sêsuguhe | prasamya sukaning driya | enjang samêkta budhal | sawadyabala wus kêbut | laju mring Kaos nagara ||

10. ginêlak lampahing baris | kang lumampah munggèng ngarsa | Prabu Jobin sabalane | wadya Mêdayin wurinya | ing marga tan winarna | nagari Kaos wus rawuh | Raja Sadat Kabul Ngumar ||

11. lan sang prabu ing Mêdayin | lajêng samya masanggrahan | Sang Prabu Jobin nulya ge | wong desa Kaos ngundhangan | atur sêsêgahira | wau Raja Sadat Kabul | gunêm lan Prabu Nusirwan ||

12. sarêmbugira wus dadi | lan Natèng Kaos nagara | Jobin miwah para katong | lamun salin senapatya | misesa pangrèhing prang | murwani ing rèh têtunggul | Raja Sadat Kabul Ngumar ||

13. ing Kaos kinêpung kikis | sagung para ratu Arab | maksih apajêg barise | dènira samya rumêksa | ing Gusti Prabu Jaka | Kobatsareas tan surud | tyasing kang para narendra ||

14. mangkana dina sawiji |

--- 40 ---

Prabu Sadat Kabul Ngumar | parentah ing para katong | têngara umijil ing prang | muntab bala sumahab | kadya kang wiyati têdhuh | dhêdhêt gamêng alimêngan ||

15. kadya robing jalanidhi | sigra Sadat Kabul Ngumar | nitih dipăngga binarong | mangsah marang rananggana | sagung bala natambyah | barise wus mijil dangu | siyaga jawining kitha ||

16. sri bupati ing Sêrandil | Marmadi Kohkarib Raja | panutaning para katong | lan Tamtanus Natèng Yunan | samya ratu pangarsa | misesa murwèng prang pupuh | têtungguling rananggana ||

17. wau ta Rajèng Ngabêsi | nêngah asru asêsumbar | mirungu marang mungsuhe | hèh sakèhe bala Ngarab | punggawa para raja | tanpa ngrasane kalangkung | ambêke lumuh nungkula ||

18. dene gustine wus mati | anèng pasir palêburan | sira dadak wani mogok | tan ana angêsrahêna | marang putri Muninggar | pan iku kagungan ingsun | kang sira kukuhi padha ||

19. hèh ta sagunge para ji | yèn tumrapa pêpanganan | kang luwih asoring asor | tan ana kang sudi mangan | yèn sira mêtu ing prang | tan ana rasane arus | anistha kaskayanira ||

20. sapa kang sudi ngambuli | mangkana duk amiyarsa | kadya ginosong mukane | sira sang prabu ing Selan | mangsah nitih dipăngga | wong Arab surak gumuruh | Lamdahur miyos ing yuda ||

21. ing pabaratan wus panggih | lawan Sadat Kabul Ngumar [Ngu...]

--- 41 ---

[...mar] | ayun-ayunan kalihe | angling Sadat Kabul Ngumar | hèh sira Rajèng Selan | gêdhe dhuwur tanpa kusur | angukuhi darbek ingwang ||

22. iki Batharèng Mêdayin | wus apasrah marang ingwang | yèn Muninggar somah ingong | lawan sabalane pisan | dadi boyongan ingwang | nauri sugal Lamdahur | Kabul Ngumar haram jadah ||

23. sira iku sun arani | dudu ratuning manungsa | pantêse ratuning sato | pan sira cidrèng ubaya | dudu traping narendra | pan sira wus utang umur | ing Gusti Sang Kakungingrat ||

24. sira buwang anting-anting | mêngko dadak gawe polah | durjana polahing sato | ilang kramaning narendra | nganggo tingkah urakan | yèn maksih urip Lamdahur | tan kalakon sêdyanira ||

25. malah sira bakal mati | katiban ing gadaningwang | miyarsa langkung runtike | Raja Sadat Kabul Ngumar | sigra mêlak dipăngga | ginada Prabu Lamdahur | tinangkis ing băndabaya ||

26. rosane ingkang anggitik | kuwate ingkang anăngga | gurnita mubyar agnine | sigra sang prabu ing Selan | malês amutêr gada | Rajèng Ngabêsi pinupuh | orêg bantala paprangan ||

27. anglumba kang ponang èsthi | Raja Sadat Kabul Ngumar | kasingsal adoh tibane | tangine anarik pêdhang | Prabu Lamdahur sigra | saking dipăngga tumurun | nadhahi pêdhang-pinêdhang ||

28. sadina dènira jurit | rame tan ana kuciwa | otêr

--- 42 ---

gumuruh surake | antuk sisih kang ayuda | samya ratu digdaya | dalu tinêtêgan mundur | kalihe makuwon samya ||

29. Lamdahur manjing kitha glis | lawan sagung para nata | baris Arab manjing kabèh | ing dalu samya bujana | Prabu Kobatsareas | kang samya têtêp pinangku | sarèhne kang binathara ||

30. angling prabu ing Sêrandil | marang sagung para nata | mungsuh iki prapta manèh | malu[4] lawan ingsun aprang | Si Sadat Kabul Ngumar | mukir marang gustiningsun | ambalik tiru Si Bahman ||

31. panggadane sun tadhahi | ya Si Sadat Kabul Ngumar | ukur-ukur nora abot | prasamya ngungun miyarsa | sagunge para raja | dènira bujana nutug | enjing asaos ing yuda ||

32. mungsuh tan ana miyosi | lagya mikir pangupaya | amèt ing cidra gunême | ngulati maling digdaya | upama prang satmata | yêkti wrat sêsangganipun | sagunging bala natambyah ||

33. upama pinèt ing silib | sayêkti bongoh kewala | para ratu sêsanggane | tan ana wagêd prang cidra | liyane Umarmaya | Umarmaya lagya nusul | marang Ngabêsi nagara ||

34. dadya ing wuri asêpi | mila Sadat Kabul Ngumar | myang Ratu Jobin rêmbuge | ngupaya maling prawira | winuwus sayêmbara | mangkana wontên kang sanggup | saking nagari ing Dara ||

35. punika ingkang nanggupi | anumpês kang para raja | pinèt ing dalu gêlare [gêlar...]

--- 43 ---

[...e] | Sang Bandarjani namanya | tuhu maling aguna | binêkta mring ngarsanipun | Raja Sadat Kabul Ngumar ||

36. lawan prabu ing Mêdayin | miwah Jobin sayêmbara | kinarya ratu êbange | Bandarjani tur sandika | gagrak sagah samăngsa | numpêsa kang para ratu | ingidèn marang Nusirwan ||

37. sigra pothèt Bandarjani | dalu dènira lumampah | tanpa rewang amung dhewe | ki pralenthe lampahira | Bandarjani saksana | manjing ing pukul sapuluh | marang jro kutha anjajah ||

38. pakuwon para narpati | diningkik sami winawas | tinandukan sêsirêpe | sirêpe datan tumama | sagung kang para nata | rinêksèng punggawanipun | agilir tan ana nendra ||

39. dadya amubêng sawêngi | pakuwon kang para raja | siji tan ana kang sare | malah mèh gagat raina | nulya wau tumingal | wontên pasarean samun | mung pawèstri kang atêngga ||

40. sirêp tan ana ngulisik | pawèstri nendra sadaya | ing dagan kanan keringe | ki pralenthe sigra dènnya | mrêpêki sarta mawas | iki baya ratu agung | beda lawan para raja ||

41. miwah pasareannèki | rêrênggan nila pêkaja | manik rêtna sadayane | lêlungsir kinara wistha | ing sêsotya mutyara | eram dènira andulu | têpase prabu taruna ||

--- 44 ---

9. Sinom

9. Prabu Kobatsareas pêjah cinidra ing mêngsah

1. Narpati Kobatsareas | lagya kapati aguling | mrêpêki maling aguna | ki pralenthe Bandarjani | sigra anarik sêking | kang sare cahyanya mancur | sang pandung tan uninga | yèn wayah Natèng Mêdayin | dyan tinigas murdane Kobatsareas ||

2. pisah utamangganira | tinilar maling wus mijil | nanging akuthah ludira | kunêng wontên kang winarni | ingkang nganglang ing wêngi | patihe Umarmayèku | nama Radèn Sihngiyar | kapêthuk butulan wingking | anggraita tyasira Radèn Sihngiyar ||

3. wong mijil saking butulan | sariranya pulang gêtih | pinêgatan wus cinandhak | sinikêp tan bisa osik | uwal mêksa nguwati | tan osik panyikêpipun | kuwat Radèn Sihngiyar | wus katalèn ponang maling | dyan tiniti rinarimuk tinakonan ||

4. sru angling Radèn Sihngiyar | angakua sun takoni | sawadine lakunira | saking jro akuthah gêtih | yèn kumbi sun patèni | Bandarjani alon matur | kula inggih cundaka | saking prabu ing Mêdayin | lawan saking Raja Sadat Kabul Ngumar ||

5. kula kinèn lampah cidra | numpês ing dalu para ji | nanging datan antuk karya | sagung kang para narpati | sadalu tanpa guling | dadya kawula anglantur | dhatêng jro pura pisan | wontên narpati aguling | bagus [bagu...]

--- 45 ---

[...s] anom pan sampun kawula tigas ||

6. sru krodha Radèn Sihngiyar | miyarsa aturing maling | anarik pêdhang anulya | pinêdhang kang ponang maling | pagas jangganirèki | Sihngiyar sigra malêbu | praptaning pasarean | èstu kalamun ngêmasi | gilang-gilang Sang Prabu Kobatsareas ||

7. gya opyak Radèn Sihngiyar | kagyat wong sajroning puri | angrubung samya karuna | mring prabu jaka kang lalis | miwah kang ibu aglis | ngrungkêbi layoning sunu | Sihngiyar sigra mêdal | mangsuli kunarpèng maling | byar raina ngubêngakên utamangga ||

8. sawadya Kaumarmayan | wus samya mêthuk angiring | ing lurah Radèn Sihngiyar | bêkta bandera sasupit | lawan bêndhe satunggil | angiring sirahing pandung | ngubêngi pamondhokan | Sihngiyar undhangirèki | kawruhana sagung para raja-raja ||

9. sira padha tanpa guna | tiwas rumêksa ing gusti | kalêbon sandi upaya | prabu jaka angêmasi | tinigas dening maling | maling panggawening satru | lah padha tingalana | sagung satriya bupati | tiwasira sagung para raja-raja ||

10. sagung kang samya miyarsa | undhang samya malayoni | nangis ngarsane Sihngiyar | sagung kang para narpati | ingatag manjing puri | sagung para kaumipun | samya angrêsikana | layone gusti sang pêkik | kadya guntur tangise sajroning pura ||

11. undhange Radèn Sihngiyar | têmu gêlang angubêngi | sagung kang para narendra | aminta [a...]

--- 46 ---

[...minta] apuranèki | marang kang antuk maling | Radèn Sihngiyar rinubung | samya srah pati tiwas | rêmbag pêpulihing jurit | sabiyantu sagung para raja-raja ||

12. lan undhang suka pratăndha | nugêl buntuting turanggi | sagunging kawula Arab | langkung dènira prihatin | miwah Sang Rajaputri | Muninggar tangise asru | nguswa layoning putra | sariranya gubras gêtih | saking sangêt anguswa layoning putra ||

13. tanbuh-tanbuh solahira | angadêg aniba tangi | yayah tanpa panoning rat | mangkana cèthinirèki | Kusuma Muninggarim | prasamya sungkawanipun | miyat ing gustinira | wontên parêkan satunggil | anggraita atur uninga kang eyang ||

14. inya lumajêng karuna | mring Bathara Nyakrawati | praptaning pakuwonira | sang aprabu ing Mêdayin | inya matur wotsari | yèn wayah tuwan pukulun | Prabu Kobatsareas | kêni cidra wus ngêmasi | pan katigas dening pun maling aguna ||

15. malinge inggih kacandhak | tinigas murdanirèki | kumêpyur tyasnya miyarsa | Sri Bathara Nyakrawati | karaos jroning galih | kang ngidini pandungipun | kesah Prabu Nusirwan | anangis mring gèn kang sêpi | sêsambate karuna kadya wanodya ||

16. langkung sungkawaning driya | prihatin Natèng Mêdayin | ngungun anutuh sarira | munggèng gon mamring anjêngking | dhuh babo putu mami | adhuh adhuh mati adhuh | sapa pantês madêga [madê...]

--- 47 ---

[...ga] | binathara nyakrawati | lan Si Irman pantês Si Kobatsareas ||

17. pan kadya tanpanoning rat | Sri Maha Natèng Mêdayin | nêngna kang agung sungkawa | wau Sang Natèng Ngabêsi | nuju dina sawiji | nêtêg kêndhang gong gumuruh | muntab wadya wurahan | kang mijil atata baris | wus apasang Raja Sadat Kabul Ngumar ||

18. ratu miwah pra dipatya | akubêng nindhihi baris | miwah para ratu Arab | wus mijil angirid baris | wau Natèng Ngabêsi | anitih turangganipun | asri ingkang busana | nèng papan aminta tandhing | kêmbulana iki Sadat Kabul Ngumar ||

19. ya ta tan bêtah miyarsa | Raja Sarsaban Pirkari | amit miyosi ngayuda | angagêm gadane galih | sarwi nitih turanggi | nèng rananggana wus pangguh | lan Sadat Kabul Ngumar | têtanya Natèng Ngabêsi | hèh ta sapa aranmu prajurit tuwa ||

20. dene mapag yudaningwang | dudu Sang Rajèng Sêrandil | sira iku wong wis tuwa | kumudu ngadoni jurit | angling Rajèng Pirkari | prajurit bumi pan ingsun | aran ingsun Sarsaban | pamanane Ratu Jobin | nanging ingsun suwita Sang Kakungingrat ||

21. dene ingsun tan sêmbada | momong marang Ratu Jobin | sun buwah Kaos nagara | hèh payo Rajèng Ngabêsi | sira iki wong balik | dudu pambêkane ratu | krodha Sri Kabul Ngumar | Raja Sarsaban binindi | rame tangkis-tinangkis gada-ginada ||

22. kunêng sakala kang aprang | kagyat kang samya ningali |

--- 48 ---

lêbu limêngan pak-ampak | têdhuh dhêdhêt erawati | gêgaman gêng kang prapti | gumrudug swaraning tambur | kêndhang gong asauran | sarunèn pating jalêrit | kang salomprèt sèwu barung anèng ngarsa ||

23. wong Arab gupuh têtanya | iki bala saking ngêndi | saure kang tinakonan | pan iki bala Ngabêsi | ngiringkên Gusti Amir | puniku kang anèng pungkur | garjita bala Arab | wau ta Sang Jayèngmurti | anglancangi praptèng ngarsaning gêgaman ||

24. Raja Sadat Kabul Ngumar | mulat Jayèngrana prapti | sigra anyamêthi kuda | lumayu ngungsi wanadri | Sarsaban malayoni | tundhuk lan Sang Jayèngsatru | ngabêkti ngaras pada | punika Rajèng Ngabêsi | prang lan amba lumajêng mulat ing tuwan ||

25. wong agung nulya parentah | mandhêga sagunging baris | sun nututi Kabul Ngumar | sigra Sang Rajèng Sêrandil | nitih gajah nututi | mring Gusti Sang Jayèngpupuh | bêbujung Kabul Ngumar | ngandika Sang Jayèngmurti | sira bapa Sarsaban angur balia ||

26. dene sira wong wis tuwa | yayi prabu ing Sêrandil | iku bae milu ring wang | tur sêmbah Rajèng Pirkari | sigra wong agung kalih | nusul anututi asru | panandêring turăngga | miwah Sang Rajèng Sêrandil | sru kinêtap anandêr dipangganira ||

27. Raja Sadat Kabul Ngumar | anilap saengga pitik | mulat ing wulung mamăngsa | tan wruh ing solahirèki | mèh parêk Jayèngmurti | sêsumbar [sêsu...]

--- 49 ---

[...mbar] anguwuh-uwuh | hèh Sadat Kabul Ngumar | mandhêga padha prajurit | wong wus cidra dadak nganggo tundha bema ||

28. Raja Sadat Kabul Ngumar | kabutuh sayah tan sipi | wong Menak apan mèh nyandhak | Kabul Ngumar aningali | wismèng brahala siji | ênggone pinggir dêlanggung | lawange nuju mênga | sigra mudhun saking wajik | manjing wismèng brahala kuda kawuntat ||

10. Pangkur

10. Dèwi Muninggar bela ing putra

1. wong agung sapraptanira | aningali marang Rajèng Ngabêsi | saking turăngga tumurun | anut ing Kabul Ngumar | manjing wismèng brahala angambil gupuh | jêjirêt kêmandèn sutra | kang saking Bagendha Kilir ||

2. Raja Sadat Kabul Ngumar | tinut wuri dènnya dhêlik anjêngking | inguncalan jirêt sampun | gulunira kang kêna | aningsêti katuju prapta Lamdahur | wong agung alon ngandika | hèh yayi Prabu Sêrandil ||

3. jêjirêt tarikên enggal | dyan tinarik sakuwate anarik | Kabul Ngumar sampun katut | linarak praptèng jaba | sigra narik pêdhang Sang Prabu Lamdahur | pinêdhang gulune pagas | pêjahe Rajèng Ngabêsi ||

4. kudanira janggisapar | busanane êmas rong atus kati | pinaringakên Lamdahur | langkung sukaning driya | nulya mangkat anitihi kudanipun | dipăngga kinthil lon-lonan | aririh anèng ing margi ||

5. samarga [samar...]

--- 50 ---

[...ga] apagunêman | Jayèngmurti lawan Prabu Sêrandil | ya ta kunêng kang winuwus | Sang Rêtna Yu Muninggar | sasedane kang putra awayang-wuyung | tanbuh-tanbuh solahira | ribêng tyas angèsthi pati ||

6. abuh netrane kalihnya | angapêndul bintit awaspa gêtih | satêmah kaku tyasipun | abuh thi-athinira | nyandhak patrêm angiwa gandhewanipun | nitih kuda mring paprangan | ngrasuk kapraboning jurit ||

7. gya mijil mring rananggana | lajêng nêngah kagyat sagung narpati | asangêt ing marmanipun | nanging kang para raja | samya ajrih lamun ngaturana mundur | tan ana kang sinung wênang | angaturana sang putri ||

8. mung Wong Agung Parangteja | lawan Umarmaya kang kandêl sami | winênangakên pitutur | marang Rêtna Muninggar | angosoa ing rèh pan kalilan sampun | dening sagung para raja | pan dèrèng kalilan sami ||

9. dadya andulu kewala | sasolahe Sang Rêtna Muninggarim | dènirarsa soroh amuk | ngêtap kuda manêngah | apêpulih ing sedane putranipun | nulya wau kawistara | ing sira Sang Ratu Jobin ||

10. lamun Sang Rêtna Muninggar | mring paprangan tanpa rowang pribadi | Jobin ngêtab kudanipun | praptaning pabaratan | rajaputri miyat mênthang langkapipun | Sang Raja Jobin pinanah | jajanya anrus ing gigir ||

11. Jobin langkung dukanira | hèh wong wadon ingkang mangkene iki | tuhu tan suka maring sun | ing sapisan-pisana | narik pêdhang arsa [ar...]

--- 51 ---

[...sa] amêdhanga gupuh | Rêtna Muninggar angayat | lumêpas ingkang jêmparing ||

12. ngênèni bau kang kiwa | Ratu Jobin pêdhot baune kering | sigra narajang sang prabu | rajaputri pinêdhang | ulah mungkur kang kêna walikatipun | marêngi nalikanira | praptane Sang Jayèngmurti ||

13. yudane Rêtna Muninggar | kagyat mulat ngandika Jayèngmurti | yayi Muninggar ta iku | apa karane aprang | sigra ngêtab pun sêkarduwijan mamprung | Jobin miyat sigra nilap | lumayu ngungsi wanadri ||

14. tinututan wus kacandhak | dyan pinêdhang tugêl Sang Ratu Jobin | cinacah pan kadya timun | Jobin duk pêjahira | sigra wangsul kang nusul samya kapêthuk | praptane madyèng payudan | tumundhuk Natèng Kohkarib ||

15. wong agung alon ngandika | hèh Marmadi pagene yayi dèwi | Muninggar mêtu prang pupuh | Natèng Kohkarib nêmbah | mila rayi paduka mijil prang pupuh | dening kang putra palastra | Kobatsareas Narpati ||

16. cinidra ing duratmaka | duk miyarsa Wong Agung Jayèngmurti | niba saking kudanipun | kantaka tanpanon rat | dyan rinêbut sagunging kang para ratu | binabayang tinangisan | binêkta manjing jro puri ||

17. sapraptanirèng kadhatyan | wus kapanggih sinundhang rajaputri | Rêtna Muninggar tan emut | kaninira angrêbda | Jayèngmurti emut sakêdhap akantu | tan bisa mulat ing garwa | Wong Agung Parangteja ris ||

18. umatur sarwi [sar...]

--- 52 ---

[...wi] karuna | kadyaparan pratingkah paduka Mir | awuyungan tutur linglung | tan arsa budidaya | ing kanine rayi paduka puniku | wong agung duk amiyarsa | èngêt sakala alinggih ||

19. munggèng ulone kang garwa | sru ngandika marang Umarmayèki | paman Arya Betaljêmur | dèn age aturana | Umarmaya mêsat mring pakuwonipun | Betaljêmur ingaturan | tan adangu nulya prapti ||

20. apan dangune ki arya | wus uninga sedane rajaputri | sapraptane Betaljêmur | sang putri wus ananjak | lajêng seda mantuk mring antara maut | layar maring desa pana | gumuruh swaraning tangis ||

21. angadhaton nagri baka | duk miyarsa Wong Agung Jayèngmurti | ing sedane garwanipun | niba ambanting awak | sangsaya sru kang tangis lir prawata rug | maratani sanagara | saênggon-ênggoning tangis ||

22. sagunging bala natambyah | lir kapatèn ing anak lawan rabi | akathah sêsambatipun | mulat ing gustinira | pan wong agung tanbuh-tanbuh solahipun | niba tangi sanalika | gumuyu sarwi anangis ||

23. sarya kesah giyak-giyak | nulya mandhêg ngrêrintih nolih-nolih | mangkat malih gandrung-gandrung | mirong kêmandèn sutra | saparane kapirangu gandrung-gandrung | kadya wong edan kadadak | awuyungan kawlasasih ||

24. sakala mulat ing garwa | sinungkêman cinêcêp ingkang lathi | kesah malih gandrung-gandrung | wangsul bantali asta | tan adangu kesah malih [ma...]

--- 53 ---

[...lih] gandrung-gandrung | cêngkelak angaras asta | tan adangu kesah malih ||

25. sarwi ngrêrintih sakêdhap | kesah malih nêcêp jêjêmpol sikil | brêsèt kesah gandrung-gandrung | mirangrong karungrungan | gèdhèg-gèdhèg têbah jaja gandrung-gandrung | kang asta murwèng saarja | lêgèyèh niba ing siti ||

26. makuthanira kasingsal | wangsul malih marang gène kang rayi | lêngkèh-lêngkèh gandrung-gandrung | prapta layoning garwa | anungkêmi munggèng ing jêjêngkunipun | anêcêp-nêcêp jêmpolan | sartane nêcêp jariji ||

27. kesah sarwi latah-latah | marang taman milang kang sarwa sari | apan sarwi gandrung-gandrung | sarwi angundhuh sêkar | munggèng meja wangsul malih gandrung-gandrung | yayi Muninggar wungua | sêkarira sun undhuhi ||

28. putranira karyakêna | bungah bajo dimèn kinarya nangkil | sêbrèt mentar gandrung-gandrung | marani woh dalima | ngundhuh kalih wangsulira gandrung-gandrung | yayi sun ngundhuh dalima | wadhahana dimèn aglis ||

29. munggèng ing lancang kancana | patik rêtna jumêrut lan widuri | kang anggawa gandrung-gandrung | marang ing panayuban | marêk marang ngarsane ramanta prabu | iya Bathara Nusirwan | bujana lawan para ji ||

30. lah mara yayi wungua | bok dinukan dangu tan ana prapti | nulya kesah gandrung-gandrung | ngundhuh wohing srikaya | mung têtiga wangsul malih gandrung-gandrung | lah yayi iki srikaya | kalawan sêkar taluki ||

31. mara yayi saosêna | ing ramanta bathara nyakrawati [nya...]

--- 54 ---

[...krawati] | măngka usadaning gandrung | payo mring panayuban | sun umiring wurinira gandrung-gandrung | gandrung asmara ru-ara | dhuh Kusuma Muninggarim ||

32. kadangon dènira nendra | bok binukan dangu tan ana prapti | kesah malih gandrung-gandrung | mayêng sajroning taman | mandhêg mangu satindak agandrung-gandrung | angundhuh wohing kêmlaka | sadhompol kêmlaka manis ||

11. Dhandhanggula

11. Wong agung gandrung

1. sapraptane ngandika ngrêrintih | adhuh ta yayi apuranira | sadangune ingsun supe | pijêr agandrung-gandrung | tanya saos pênding lan kancing | pijêr ngundhuh wowohan | saparan agandrung | lah payo nimas wungua | siyagaa iki pêpênding lan kancing | seba ing ramanira ||

2. yun-ayunan Batharèng Mêdayin | dene sira lami tan aseba | tan ambêkta ing wayahe | sang murwèng lara gandrung | Prabu Kobatsareas pêkik | ngiringa ibunira | sêmang gandrung-gandrung | ngaturkên wohing dalima | lan srikaya katiga kêmlaka manis | lah babo dipun enggal ||

3. dangu jêtung nulya kesah malih | amangsuli makêna kamandyan | mring gêdhong pasareane | wau sang karya gandrung | lan jêmparing gandhewa gadhing | mungsuh arungan prapta | pijêr karya gandrung | adangu kèndêl kewala | dhuh kusuma sangêt dêduka ing dasih | angênêng [a...]

--- 55 ---

[...ngênêng] tanpa dosa ||

4. kesah malih marani turanggi | titihane Sang Rêtna Muninggar | pun imbarêtna namane | atangkêb gandrung-gandrung | kinambilan binêkta aglis | marang gène kang garwa | sarwi gandrung-gandrung | prapta lah yayi wungua | kudanira iki wus ingsun kambili | payo bêrêg mring wana ||

5. tan adangu nulya kesah malih | apan sarwi anuntun turăngga | sukane tinuntun dhewe | asmara gandrung-gandrung | mangsulakên ingkang turanggi | lajêng marang wantilan | sarwi gandrung-gandrung | sapraptane saratinya | kinèn sigra amalanani kang èsthi | nama pun ambarsirat ||

6. dipanggane Rêtna Muninggarim | wusnya pinêlanan gya binêkta | marang ênggène garwane | prapta ngandika arum | payo yayi nitihta[5] èsthi | Wong Agung Parangteja | gya nungkêmi suku | umatur sarwi karuna | kadyaparan rayi paduka wus lalis | sampun ta rinarêpa ||

7. luhung ginaliha sampurnèki | kagyat wong agung duk amiyarsi |[6] niba ing pangkon nglêgèyèh | sagunging para ratu | gumarumung tangisirèki | saking sungkawaning tyas | miyat gustinipun | Adipati Tasikwaja | ngusap jaja tansah waspanya drês mijil | langkung sungkawaning tyas ||

8. Betaljêmur pan maksih alinggih | sarwi ngusap layon kalihira | alon ing pangandikane | iku larane gandrung | hèh ta Maktal Umarmayèki | yèn wus rong puluh dina | mari dènnya gandrung | aywa na maras tyasira [tya...]

--- 56 ---

[...sira] | ênêngêna yèn prapta rong puluh wêngi | sayêkti têka waras ||

9. samya egar kang samya prihatin | sagunging kang para raja-raja | miyarsa ing pituture | gustine gêrah gandrung | yèn praptane rong puluh wêngi | Wong Agung Kakungingrat | mari gandrung-gandrung | Betaljêmur wangsitira | mila sagung satriya punggawa mantri | samyayêm ing wardaya ||

10. Bêtaljêmur sigra dènnya pamit | mantuk marang ing pakuwonira | pasanggrahan Mêdayine | wau kang among gandrung | pan ing siyang pantara latri | komêt ing solahira | dènnya gandrung-gandrung | sawusira lama-lama | ing sêmaya jangkêpe rong puluh wêngi | èngêt purwa wasana ||

11. pêparentah karya bandhosa glis | lawan undhang yèn badhe budhalan | kondur mring Arab karsane | sagunging para ratu | angundhangi balakuswèki | wau ta kang bandhosa | dadosipun katur | layone Rêtna Muninggar | binandhosa bandhosa pinarnah mungging | saluhuring jêmpana ||

12. sinongsongan kalih wêlas sisih | tunggul naga ingkang munggèng ngarsa | kawan èwu parêkane | kang tangis kadya guntur | bêbahing tyas Sang Jayèngmurti | nanging ta ingawêran | sawatawisipun | mundhut modin pitung lêksa | kinèn muji dharat dènira lumaris | sawurining jêmpana ||

13. ingkang munggèng ngarsa para kêtib | patang lêksa amawa daludag | tunggul kakăndha lan rontèk | salawate gumuruh | para ratu ing

--- 57 ---

wuri têbih | Wong Agung Kakungingrat | dharat lampahipun | munggèng wurining jêmpana | sabudhale saking ing Kaos nagari | otêr wong sanagara ||

14. umbul-umbul apan sèwu sisih | lawan uncal-uncalan kumbala | awor ing upacara kèh | gumludhug kadya ladhu | gara-gara kagiri-giri | sêgara alimutan | măndra kuwung-kuwung | kang obar-abir ambabar | gêtêr-patêr têngis dhèdhèt erawati | yayah milu kung rimang ||

15. saluhuring jêmpananirèki | kadya sêsiring kilat-kumilat | pêtha pêpanthan thathite | sumirat turut mirut | kilat kêlab-laban kaèksi | yayah ngayuh ngawiyat | ngayati sumiyut | kadya andhêdhês bandhosa | sindhung riwut siwat-siwut ngêngênêsi | tyasing wadya sadaya ||

16. saking jawi kitha sampun têbih | lampahing bala kadi samodra | saparan-parane blèbèr | ing wana lir balabur | kathah ingkang ngurmati margi | atusan pra pandhita | mêthuk lajêng tumut | ngiringkên ing layonira | rajaputri pan wuwuh samargi-margi | mangkana lampahira ||

17. datan kèndêl lampah siyang latri | Wong Agung Kakungingrat adharat | saleyoran ing lampahe | asmara gandrung-gandrung | sagunging kang bala Nata Mir | mring gusti wlas kalintang | dènira mong gandrung | tan arsa nitih turăngga | sinaosan jêmpana tan arsa nitih | suka dharat kewala ||

18. dadya para ratu ambelani | samya dharat mung punggawanira | kang nitih

--- 58 ---

lan pêpatihe | nindhihi baris agung | anèng kuda dipăngga nêbih | lawan sang kapibrăngta | samarga mong gandrung | anglêgèyèh kapidhara | rinarămpa wus èngêt lumampah malih | gandrung-gandrung karantan ||

19. sagunging kang kêtib modin dhikir | kadya guntur nêngkêri ngawiyat | rèh kang samodra gorarèh | kagyat sang among gandrung | amiyarsa swaraning dhikir | mangu kèndêl lampahnya | mangkat gandrung-gandrung | akathah rêsmining arga | jalanidhi kontab ing wuri mimbuhi | kambuh wiyoga kambah ||

20. maruta nglut mêsês angêkêsi | ngênês tyasira Sang Kakungingrat | lèr wetan kuwung angèdhèng | sumirat dadya ranu | ananduki sang magêng brangti | bangun wungu kandhahan | sêmang gandrung-gandrung | lir rinêjêg tyasnya rantas | sumarambah sarira sumyar ngowani | lênglêng rèh kalanglangan ||

21. lêpasing wadya baris lumaris | ngambah talun-talun nut ing marga | wulusan pinggir alase | èngêt sang among gandrung | katon solahing nguni-uni | lan garwa acangkrama | mangu gandrung-gandrung | kidang munya sêsêngeran | opyak sagung wadya prasamya angungsir | kidang kèh katandangan ||

22. mèsêm miyat kang agung prihatin | dening wadya gung kadya pêpara | kyèh wowohan ing pasêtrèn | mênggah agandrung-gandrung | langkung wêlas sagung para ji | miyat ing gustinira | agung gandrung-gandrung | tan wus wuwusên ing marga | sapraptane jajahan antarèng bumi |

--- 59 ---

bumi Mêkah wus prapta ||

23. otêr miyarsa wong Pusêr Bumi | jalu èstri akathah kang mapag | dènnya prihatin gustine | samarga gandrung-gandrung | dadya kathah bantu samargi | belani kurah waspa | risang lara gandrung | kang rama Dipati Mêkah | duk miyarsa kulawăngsa gya umijil | mêthuk sang putrasmara ||

12. Asmaradana

12. Dèwi Muninggar dipun pêtak dhatêng Mêkah

1. pandhita ngulama mufti | kukama sèh tumut samya | sang adipati lampahe | miyat sagunging gêgaman | mangkana kawistara | risang suta gandrung-gandrung | tumundhuk bêkti ing rama ||

2. kang rama mèsêm mrêpêki | ngayuh lungayaning putra | adhuh babo sutaningong | mung wode wardayaningwang | aywa magêng sungkawa | mironging tyas gandrung-gandrung | pan wus titahing Hyang Suksma ||

3. luhurira nguni-uni | kang samya ginanjar arja | nora pêgat sangsayane | wus kaprahe wong ginanjar | luwih wibawanira | yêkti kêna lara gandrung | pinêthot ing pakarêman ||

4. lêluhur mung Kangjêng Nabi | Ibrahim sinung sangsaya | Raja Namrut ingkang obong | papane munggèng ing ngarsa | nulya Namrut putrinya | kasmaran agandrung-gandrung | mring nabi anut saparan ||

5. kang putra nuwun nungkêmi | lilih samya dyan lumampah | badhe mêtak kunarpane [kunarpa...]

--- 60 ---

[...ne] | kang garwa Rêtna Muninggar | sarta tuduhing bapa | mangkat sarta gandrung-gandrung | marang ing bumi lêlongkang ||

6. Têgal Wasitah namèki | wêwatêsan bumi Mêkah | lawan ing Yahman têngahe | miwah bumi Sam kacahak | Mêsir pan karocokan | sinarèkakên ing ngriku | layone Rêtna Muninggar ||

7. rinêngga astana adi | asri ingkang upacara | sami sakala dadose | ginarap ing para raja | pandhita pira-pira | kang samya amatut cungkup | layone Rêtna Muninggar ||

8. kang putra daganirèki | wusnya bubar para raja | miwah para kakêm[7] kabèh | kang rama langkung wlasira | mulat sayèng atmaja | kapirangu gandrung-gandrung | kondure kondur pinêksa ||

9. mring rama binêkta mulih | aywa magêng larasmara | mukina anèng kadhaton | milanya Sang Kakungingrat | ngecani ingkang rama | kondurira gandrung-gandrung | samarga arawat waspa ||

10. sapraptanirèng jro puri | tan antuk nadhah anendra | kapirangu sagèn-ênggèn | kadya mèh antara gila | gumuyu tur karuna | awirangrong gandrung-gandrung | mawas ing rèh karungrungan ||

11. sagunging para narpati | prihatin kapati brăngta | asru onêng ing gustine | lami tan kêna sineba | agung abilulungan | saparane gandrung-gandrung | lan Wong Agung Parangteja ||

12. măngka ing dina sawiji | kesah tan amawi bala | mung Arya Maktal rowange | marang astana Muninggar | siji bala tan kêna | lampahira [lampah...]

--- 61 ---

[...ira] gandrung-gandrung | sapraptanirèng astana ||

13. sare nèng ulonirèki | wong agung ing Parangteja | pinarnah anèng dagane | mangkana Sang Kakungingrat | nglalupa nendranira | monêng risang gandrung-gandrung | sare mung bangun raina ||

14. supêna wontên kaèksi | sajroning nendra katingal | ningali sajroning sare | langit kapitu kang bêdhah | nulya wontên amparan | saking awiyat tumurun | isi kaki-kaki tuwa ||

15. anèng malige alinggih | sarwi anăngga dhêdhasar | isi sarbat rum gandane | luwih wêwangining donya | sigra Sang Kakungingrat | mrêpêki malige gupuh | sarwi matur mring wong tuwa ||

16. kang lênggah malige manik | lah sintên tuwan punika | wong tuwa alon wuwuse | sun iki lêluhurira | kinongkon ing Hyang Suksma | anglayad marang sirèku | dening sru prihatinira ||

17. kapatèn rabi kêkalih | sartane kapatèn putra | iya padha lanang karo | kang dhingin bisa anambak | iya mujadahira | nuli kang kari anusul | Muninggar Kobatsareas ||

18. iku sira angot malih | ilang kabudayanira | andina-dina anglamong | tanpa tutur idhêpira | lara damèng wanodya | lawan lara damèng sunu | ilang nalar tanpanon rat ||

19. lah nya iki turas mami | ya nyawa sira inuma | dimèn tyasira arèrèh | gêlas sampun tinampanan | lajêng panginumira | wong Menak angrasa tuwuk [tu...]

--- 62 ---

[...wuk] | langkung saking kanikmatan ||

20. sadhasar pisan angênting | nulya jêng nabi ngandika | hèh ta babo darah ingong | sirèku aywa gêng brăngta | lara damèng wanodya | apan ta Hyang Maha Luhur | wus karya titah ing sira ||

21. ing takdir tan kêna gingsir | yèn sira prihatin dahat | wus kaêcap pêpêsthène | nanging karsaning Hyang Suksma | ing têmbe pinaringan | kang sêbagi warnanipun | iya kaya Si Muninggar ||

22. lawan kadi putri Mêsir | datan ana kalonglongan | ing badan tatah warnane | pasang rakite pan samya | Sang Hyang jalawa ngajwa | angilèni ing sirèku | têtêmpuh Sêkar Kadhatyan ||

23. Dèwi Rabingu kang nami | Sirtupelaèli endah | putri Karsinah namane | iya apêputra lanang | bagus prawirèng laga | kadya Maryunani tuhu | dadya kondhanging alaga ||

24. dene putri ing Mêdayin | iya Ni Rêtna Muninggar | putri Kanjun lêlirune | Sudarawrêti kang nama | punjul ing pramudita | padha lanang putranipun | abagus pratamèng laga ||

25. jumênêng narpati luwih | kadi Si Kobatsareas | abêbala para katong | wau kalane miyarsa | Wong Agung Kakungingrat | anjungkêl nungkêmi suku | karuna tobat ing Sukma ||

26. anulya kagyat Sang Amir | wungu dènira anendra | mung kaciptèng supênane | badane arum sadaya | amungu Radèn Maktal | hèh yayi wungua gupuh | wungu Arya Parangteja ||

--- 63 ---

27. ngandika Sang Jayèngmurti | yayi mas ing Parangteja | iya ana paran kiye | Radèn Maktal matur nêmbah | kawula mambêt gănda | saking paduka ing ngriku | gănda rum mulêg angambar ||

28. wong agung mèsêm dènnya ngling | yayi mas ingsun supêna | wus tinutur sadayane | ing purwa madya wasana | matur Sang Arya Maktal | ayêmna ing tyas pukulun | punika apan nugraha ||

29. sampun ta sangêt ing brangti | wontên pitulung Hyang Sukma | wong agung mijil waspane | angrangkul ing Arya Maktal | yayi mas Parangteja | kaya ngapa awak ingsun | darapon aja kacipta ||

30. bak ayunira Mêdayin | tansah cumanthèl ing nala | miwah Si Sêkar Kadhaton | anèng tungtunging wardaya | tumancêb anèng netra | Arya Maktal nêmbah matur | tuwan salinana cipta ||

31. Dèwi Sirtupelaèli | punika tuwan galiha | dimène cêlak dhaupe | putri adi ing Karsinah | kang mangsit ing supêna | kalawan putrine Kanjun | nugraha tuwan ciptaa ||

32. Ni Dèwi Sudarawrêti | punika tuwan galiha | dimène mêndho[8] anglamong | ngandika Sang Kakungingrat | iya yayi yèn kêna | nanging sakêdhap dang emut | Muninggar Sêkar Kadhatyan ||

33. mangkana wong agung kalih | dènira anèng astana | salikur dina lamine | kondur marang jroning kitha | lan Maktal sampun prapta | siniwakèng para ratu | martakkên supênanira ||

34. asrêp [asrê...]

--- 64 ---

[...p] tyase kang para ji | anyana yèn gustinira | mêndha sirêp panglamonge | enggar tyase para raja | satriya myang punggawa | bupati suka tyasipun | myarsa lire pangandika ||

35. sakathahe kang para ji | ing batin dèrèng pitaya | dènnya miyat ing gustine | ulat kang maksih agiras | pratăndha dèrèng mulya | lêlabêtaning tyas kawur | myang-myangan mangu magila ||

36. wong agung amondar-mandir | mijil ponang pêpundhutan | anadhah lan para katong | sagunging kang para raja | mrêpêki Arya Maktal | anggèr paran kang satuhu | gêrahe raka paduka ||

37. pangandikanira aris | wong agung ing Parangteja | durung sirna sayêktine | dhat-dhatan maksih akêras | susahe tyas manira | cahyane sangsaya nglayung | supe bawaning sri nata ||

13. Sinom

13. Wong agung tansah gandrung

1. wong agung dènira dhahar | kinêpêl datan binukti | pinijêt-pijêt kewala | kambah ing tyas angranuhi | Muninggar kang kaèksi | binglêng pêtêng tanpa tutur | kêpêlira binuwang | karuna asru dènnya ngling | kayaparan yayi mas ing Parangteja ||

2. barubah wardayaningwang | kadyantaka tanpa kanin | sarwi mangkat dènnya lênggah | tilar ing para narpati | amirong ringik-ringik | saparane gandrung-gandrung | Wong Agung Parangteja | wau kang tansah kinanthi | para nata datan [data...]

--- 65 ---

[...n] kêna tut wuria ||

3. satriya ing Tasikwaja | tut wuri tan dèn lilani | dinukan kinèn wangsula | Umarmaya wangsul aglis | lajêng wong agung kalih | marang taman gandrung-gandrung | jajah sakèhing sêkar | tan adangu wangsul malih | sapraptane gène sagung para raja ||

4. lajêng kantaka tar-kantar | gumuling pangkonirèki | wong agung ing Parangteja | ngambil toya angusapi | wadananira Amir | wungu sarwi gandrung-gandrung | rinubung para nata | cangkelak wangsul alinggih | julalatan ngandika mring Umarmaya ||

5. hèh ta kakang Umarmaya | sagunging para narpati | lamun samêngko tyas ingwang | sêngit siniwakèng dasih | ilang prawira mami | lagi kambah lara gandrung | kabèh kang para raja | muliha prajane sami | aja ana kang tunggu mring raganingwang ||

6. nadyan sira Umarmaya | lungaa aja kaèksi | mung yayi mas Parangteja | aja pisah lawan mami | wruha satingkah mami | ing asmara gandrung-gandrung | sagung kang para nata | gumuruh samya anangis | dhuh nah anggèr kadi ngapa kang mangkana ||

7. pisaha lawan paduka | silêma sajroning gêni | dèn têmah awu lêbura | tan angipi yèn ngoncati | tumut sabaya pati | mangkya gusti gêrah gandrung | tan nêdya ngingkêdana | ing kapatèn sadayèki | tan acipta mung tuwan gusti kawula ||

8. munggèng asmara dilaga | ing mungsuh anyêngka tandhing | nindaki satus sayuta | tumpêsa ngarsaning gusti | tan ngipi nêdya urip | ngayahan [ngayah...]

--- 66 ---

[...an] tuwan pukulun | ing mangke mangun papa | dasihe tan dèn lilani | atur pêjah ing gusti kang para raja ||

9. wong agung datan ngandika | tan antara anungkêmi | pangkonira Arya Maktal | rinubung para narpati | dhuh gusti dipun eling | kadurusan gêrah gandrung | tolihên dasih tuwan | sagung kang para narpati | punggawane bela satriya punggawa ||

10. anglilir Sang Kakungingrat | jêtung datan bisa angling | bêbisik mring Arya Maktal | kang wayah kinèn nimbali | wong agung ngandika ris | aja milu lara gandrung | Ki Sayid Ibnu Ngumar | muliha prajanirèki | amuktia anèng ing Kaos nagara ||

11. apan ingsun durung kêna | têtêmu lan wong sawiji | liya yayi Parangteja | tyas ingsun amuring-muring | dene nulya kaèksi | kang akarya lara gandrung | yayi Rêtna Muninggar | tumancêb tungtunging ati | witning èngêt dening wadya kang sewaka ||

12. Prabu Sayid Ibnu Ngumar | tumungkul waspa drês mijil | myarsa timbalaning eyang | mring sagung para narpati | sadaya bantu tangis | awlas mring sang among gandrung | wong agung sru ngandika | ingsun ing wêktu puniki | datan ngarsa-arsa yèn dadya manungsa ||

13. mulane kang para raja | dèn suka tyasira sami | lilakêna raganingwang | aywa na malang tumolih | mringa prajane sami | aywa milu lara gandrung | padha angrasakêna | iya rasaning kamuktin | nèng nagrine têtêpa aja sangsara ||

14. tan kêna [kê...]

--- 67 ---

[...na] dèn arsa-arsa | ing mêngko wak ingsun iki | pirangbara ta ing benjang | amangsuli senapati | ing mêngko datan apti | mung ketang kang karya gandrung | kunêng wau kang prapta | ing Mêsir Prabu Sanasir | èngêt mêthuk sakala Sang Kakungingrat ||

15. ing rama atur pra nata | rinangkul Sang Jayèngmurti | Prabu Sanasir turira | dhuh paran marmane gusti | kadya datanpa budi | pijêr meda gandrung-gandrung | pan jênênging prawira | tan kêna atilar budi | ingkang putra wong agung aris karuna ||

16. wau ta sang adipatya | ing Mêkah mijil manggihi | ing besan sri maharaja | ing Mêsir Prabu Sanasir | tundhuk jawat astèki | pan sarêng rangkul-rinangkul | aras-ingaras jăngga | Dipati Mêkah ling aris | yayi prabu paran karsa pakênira ||

17. dene ta ambuwang badan | tan kêna dipun tuturi | kudu tinggal kawibawan | tan arsa atolih dhiri | tan wontên dèn raosi | saparane gandrung-gandrung | Natèng Mêsir turira | lah paran kakang dipati | sami nglindhung ing karsa Hyang Maha Mulya ||

18. sapikantuking kawula | inggih sampun kongsi taksir | duraka kirang têkiyar | paduka lan amba sami | dene kalampah inggih | ing asmara gandrung-gandrung | tan kêni rinaosan | kawimbuhan ing wiyadi | pilang-pilang inggih kuwawi anandhang ||

19. dhuh anggèr mugi emuta | lamun titahing Hyang Widhi | dadya lêlananging jagad | siniwèng para narpati | pangaubaning dasih [da...]

--- 68 ---

[...sih] | sampun pijêr gandrung-gandrung | ambuwang pasariran | anglungsur tan arsa mukti | dhuh emuta yèn tinitah Jayèngrana ||

20. măngsa kêntèna prawira | kang boya brăngta ing èstri | sungkawa risang utama | toh jiwa amangun jurit | lami-lami amanggih | lêlintoning gêrah gandrung | nugrahaning Hyang Suksma | narima dèn sêmbadani | nora nana luwih saking panarima ||

21. apan ta lêluhurira | kang wus mangsid sira gusti | Nabi Ibrahim minulya | iku tinurut prayogi | sapa ginugu malih | têka pijêr gandrung-gandrung | wong agung duk miyarsa | wuwuse kang rama kalih | pan tumungkul dhêkukul sarwi karuna ||

22. sagung para raja-raja | mulat ing gustinira Mir | tan bisa mulat sungkawa- | nira Gusti Jayèngmurti | paran ta kangjêng nabi | kang akon maria gandrung | pagene maksih ura | tyase tan manthêng ing wangsit | maksih katon kang akarya lara brăngta ||

23. kabêh datan piniarsa | pitutur kang bêcik-bêcik | tur anggawa parmaning Hyang | mijil ing Nabi Ibrahim | prandene gusti iki | têka pijêr gandrung-gandrung | wau ta ingkang rama | lawan sang prabu ing Mêsir | sarêng ngrangkul anangisi putranira ||

24. dhuh gustinipun pun bapa | emuta titahing Widhi | badan puniki pan darma | wong agung alon nauri | inggih pan wus nglampahi | nadyan sakit gandrung-gandrung | sami titahing Suksma | mila kawula andhêmi | ingkang rama kêkalih jêlèh

--- 69 ---

karuna ||

25. ya Allah astapirolah | nadyan padha titah Widhi | kang bêcik dèn lakonana | para raja samya nangis | wong agung datan osik | angandhêmi gandrung-gandrung | ngandikèng para nata | hèh sagung para narpati | dèn santosa muliha prajane samya ||

26. dèn angantêpi agama | dèn aris angrèh ing dasih | pamurwaning titi praja | dèn olih apura niti | aja tolih ing mami | agia mong lara gandrung | tan kêna antènana | pirangbara ta ing benjing | bisa mulya angulihi raras driya ||

14. Mijil

14. Para raja kapurih wangsul dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak

1. maksih onêng mangunêng ngênèni | murang amirangrong | rangu-rangu kaprawiran supe | sagung kaprabon datan kaèksi | mung kaciptèng galih | kang akarya gandrung ||

2. datan arsa yèn micorèng mami | liya langên ingong | amung ketang ketung nahing anggèr | tan atolih kawibawan mami | mung sang asmara di | katon gandrung-gandrung ||

3. ngulatana saubênging langit | jroning samodra rob | măngsa antuka mirib warnane | ingkang kadya putri ing Mêdayin | dhuh mas jiwa mami | kang akarya gandrung ||

4. miwah sira kaki sri bupati | adhuh putraningong | apa antuk lêliron ing têmbe |

--- 70 ---

ambêknya lus mring bapa jrih asih | pamulune manis | ngrangkung gandrung-gandrung ||

5. poma sagung kang para narpati | aywa na kang wangkot | dèn age mring praja dhewe-dhewe | ngrasanana muktining nagari | apan ingsun lagi | mangun lara gandrung ||

6. kambuh-kambah wiyoga ngênèni | wiyadi anglamong | datan antuk mêndha ing wirage | ragan-ragan ing putri Mêdayin | nayut sambat mati | mênggah gandrung-gandrung ||

7. yayi êmas Parangteja naming | kang milu maring ngong | ngawruhana lara wiyogane | samya nangis sagung kang para ji | adhuh paran gusti | anut gêrah gandrung ||

8. tan gumingsir sagunging para ji | anglabuhi wirong | lara pati tan wontên kumêdhèp | ajur luluh nèng padaning gusti | yèn ngarsakna ugi | milya gandrung-gandrung ||

9. lêbur luluh dasihe ywa kari | manjing samodra rob | ingkang abdi dadya dhêdhasare | ing dêlahan manjinga yamani | kang abdi rumiyin | sampun among gandrung ||

10. angandika Risang Jayèngmurti | marang para katong | sun tarima kabèh prasêtyane | nanging padha muliha dèn aglis | mring prajane sami | aywa milu gandrung ||

11. durung kêna samêngko tyas mami | pinarêk pra katong | liya yayi mas Parangtejane | pirangbara ing bêsuk yèn mari | sagung kang para ji | sadaya kapiluh ||

12. akèh solahe wong trêsnèng gusti | sagung para katong | ana ingkang banting sarirane | ana ingkang napuk-napuk pipi | sawênèh ngrêrintih | kadya [ka...]

--- 71 ---

[...dya] milu gandrung ||

13. Rajèng Mêsir Prabu Asanasir | nanging matur alon | adhuh kakang dipati ing mangke | sami pasrah ing Hyang Maha Luwih | ing sapolahnèki | risang gandrung-gandrung ||

14. samya tuwakup ing rèh puniki | sang arya lingnya lon | yayi prabu sampun pindho gawe | măngsa kêni pinalangan lagi | anyar lara brangti | karêp lara gandrung ||

15. para ratu samya angabêkti | ing Jayèngpalugon | sarwi lara-lara sêsambate | tansah monêng mangunêng wiyadi | mung kaciptèng galih | gusti gêrah gandrung ||

16. angrêrapu Arya Dul Muntalip | marang para katong | lah turutên bae sakarsane | pinopoa amuwuhi wingit | tyase bangêt rujit | sêmang gandrung-gandrung ||

17. tinurutan manawa ing benjing | èngêt ing kaprabon | para ratu anuhun ature | inggih lêrês ing karsa sang yogi | ya ta Jayèngmurti | busanane cucul ||

18. Arya Maktal kinèn cucul sami | asalin panganggo | salin cara santri panganggène | angabêkti mring rama kêkalih | mangkat anuwun sih | sarwi gandrung-gandrung ||

19. samya jêtung kang para narpati | nangis sarwi jomblong | datan bisa miyat ing gustine | samya nêmbah marang sang dipati | inganthukan sami | sarêng unduripun ||

20. Umarmaya miwah Umarmadi | mangkat sarwi jotos | sirahipun kang jinotos dhewe | akèh solahe para narpati | wau kang winarni | risang among gandrung ||

21. samarga-marga [samarga-mar...]

--- 72 ---

[...ga] rawat waspèki | sumung awirangrong | Arya Maktal tansah ing wurine | rêreyongan mung satriya kalih | sarwi nolih-nolih | maswèng gandrung-gandrung ||

22. sirêm wiyati jalada putih | tatrangan mawèh ton | datan antara sumusul kang we | kandhêg katawêng angin manipis | tumutur belani | risang karya gandrung ||

23. kadya manangisi risang langit | langêne kawuron | sumyur-sumyur kumêpyur ririse | arum-arum ngantariksa rêsik | umiyat sang brangti | mênggah gandrung-gandrung ||

24. hèh yayi mas Parangteja iki | langite mangkono | ngênthang-ênthang mêtoni ririse | baya iki rakanta Mêdayin | mêthuk angurmati | ngusadani gandrung ||

25. kuwung-kuwung mawa obar-abir | tumiyung angayom | wênês manis tinon prabawane | baya iki yayi Muninggarim | siyagane kèksi | mirong gandrung-gandrung ||

26. kontaping astana gapura di | cêplok mêlok-mêlok | kasorotan baskara gêbyare | hèh yayi mas iku kang kaèksi | yayi ing Mêdayin | mêthuk gandrung-gandrung ||

27. Arya Maktal matur awotsari | adhuh gustiningong | punapa ta paduka angame | putri Muninggar sampun ngêmasi | cinipta yèn maksih | urip gandrung-gandrung ||

28. botên pênêt wong agung dalêming | lali ing Hyang Manon | Jayèngmurti duk miyarsa kagèt | sarwi nolih ngrangkul paran yayi | sapa ngusadani | laraningsun gandrung ||

29. dadya rinampêtan [rinampê...]

--- 73 ---

[...tan] ing astèki | lampahe nyêmpoyong | Arya Maktal anarik lampahe | kèndêl sapinggiring gapurèki | wong agung gya manjing | sarwi gandrung-gandrung ||

30. praptèng makam nèng ulon anjêrit | Sang Jayèngpalugon | Radèn Maktal wus anèng dagane | jungkêl ing kijing Sang Jayèngmurti | sumaput ngênèni | mêtêg lara gandrung ||

31. cinarita pisahe Sang Amir | lan sagung pra katong | saisine bumi langit kabèh | samya mêlas lir kadya nangisi | yayah ambelani | mring sang among gandrung ||

32. watu-watu kayu-kayu sami | banyune kumocor | lindhu gonjing gunung-gunung anggrèng | lintang-lintang liyêpira ngidid | jalada nawêngi | upama wèh gandrung ||

33. mêndhung-mêndhung madhêndhêng ngadhêmi | surya mari sorot | prapta udan asalah mangsane | prakampita rèh kang jalanidhi | ombaknya ngêbêki | amêwahi gandrung ||

34. manuk-manuk rubung anambêri | ing tawang bêburon | kang kêdhasih mlasasih sambate | kadya tumutur pinêdhot sami | trêsnanirèng brangti | mangu gandrung-gandrung ||

35. tan wuwusên sêdhihing kang bumi | miyat sang wirangrong | rangu-rangu isining rat kabèh | wau sagunge bala Nata Mir | tontonên kaèksi | ing gusti mong gandrung ||

36. Prabu Marmadi marang Kohkarib | nanging mogok-mogok | rasa-rasa prapta ing prajane | kang kaetung ing samargi-margi | mung gustinira Mir | kang sangêt mong gandrung ||

--- 74 ---

37. Prabu Lamdahur marang Sêrandil | arêmbên ponang wong | masanggrahan ing pasisir bae | kang punggawa sami dèn timbali | kang wontên nagari | barise tan kondur ||

15. Durma

15. Wong agung badhe kadhatêngan mêngsah saking Parangakik

1. sakathahe sagung para raja-raja | ing manah sănggarunggi | tan arsa kondura | prasamya masanggrahan | tapêl watês prajanèki | siyaga prapta | barise kang para ji ||

2. Prabu Sayid Ibnu Ngumar datan arsa | kondur Kaos nagari | mung ngutusi wadya | tumut marang kang eyang | marang nagari ing Mêsir | kang datan têbah | saking Arab nagari ||

3. miyarsakna pawartane ingkang eyang | myarsaa saking Mêsir | bala pitung yuta | patang yuta binêkta | marang nagari ing Mêsir | kang tigang yuta | pan samya kinèn mulih ||

4. wus mangkana wau kang atunggu makam | anyapu sabên enjing | lawan Arya Maktal | salaminya mangkana | kinirim ing sabên ari | dening kang rama | Wong Agung Jayèngmurti ||

5. bubut sukêt sarwi angrêsiki makam | anjêtung angrêrintih | mung iku karyanya | lami-lami kawarta | marang para ratu kapir | kang dèrèng aprang | lawan Sang Jayèngmurti ||

6. wontên ratu prawira asugih bala | nagrine Parangakik | anom kaduk sura | anênggih kang pêputra |

--- 75 ---

ing nguni Sang Raja Perid | kang mati aprang | anèng Kaos nagari ||

7. aprang lawan Raja Sayid Ibnu Ngumar | kang wayah Bagendha Mir | sarirane rusak | Raja Perid rinunjang | bau pukang dèn têngkêri | mring Ibnu Ngumar | anom wasis ing jurit ||

8. ing puniku Raja Perid putranira | jumênêng Parangakik | pan pêparabira | Raja Kanjun prawira | wirutama ing ajurit | sugih punggawa | prawira sura sêkti ||

9. duk samana Raja Kanjun undhang bala | sakapraboning jurit | lan kinèn nênurat | nyuruhi para raja | kang wus kasub ing ajurit | ratu sadasa | sugih bala prajurit ||

10. sami prapta kang para ratu sadasa | sakapraboning jurit | samya ratu gagah | prakosa ing ayuda | ayutan wadyanirèki | akêkumpulan | nèng nagri Parangakik ||

11. Natèng Wisantara Prabu Danurisman | tigang yuta wadyèki | prajurit prawira | kasub kaonang-onang | tate amêcah nagari | ratu sinêmbah | ing sasamining aji ||

12. ing Tartukum sira Raja Saridurga | patang yuta wadyèki | ratu wirutama | sugih sura punggawa | wus prapta ing Parangakik | sawadyanira | kapraboning ajurit ||

13. Natèng Ngambardara Sang Raja Durdana | tigang yuta wadyèki | ratu prakosèng prang | kondhang punggawa kadang | salawe samya prajurit | nyakêthi bala | wus prapta Parangakik ||

14. kathah lamun cinatur kang para raja | kang samya sura sêkti | mangkana narendra | Kanjun sampun têngara |

--- 76 ---

budhal saking Parangakik | gêgaman abra | busana marwatagni ||

15. kadya robing samodra wutah ra-ara | Sang Prabu Parangakik | wadya munggèng ngarsa | kang dadya gêgunungan | lan ingkang darbèni kardi | arsa malêsa | ngukum kang wayah Amir ||

16. kang pêparab Raja Sayid Ibnu Ngumar | matèni ramanèki | Raja Perid pêjah | duk prang Kaos nagara | mila Rajèng Parangakik | kabina-bina | runtik anrus ing galih ||

17. sampun lêpas lampahe saking nagara | wontên winuwus malih | ing nguni satriya | nênggih sutaning raja | Raja Pirjos kang sêsiwi | kala tinilar | punika taksih alit ||

18. diwasane lonyotan dadi satriya | dadya pralenthe julig | mangkana miyarsa | lamun Sang Kakungingrat | tilar kaprabon dunyèki | atunggu makam- | ira putri Mêdayin ||

19. Radèn Ijras pan arsa amatènana | ing Menak Jayèngmurti | arsa lampah dhustha | mring astana Muninggar | lampahe wontên ing margi | asêsarêngan | lan Prabu Parangakik ||

20. rupa druwis lampahe awor gêgaman | kawistarèng narpati | druwis tinimbalan | dinangu karyanira | kalamun arsa matèni | marang wong Menak | amrih ing lampah sandi ||

21. kawula mor amrih sampun kauningan | makotên tingkah mami | kalawan paduka | paran kang dados karsa | lumampah kalawan baris | sintên pêparab | wong agung saking pundi ||

--- 77 ---

22. anauri Raja Kanjun parab ingwang | nagriku Parangakik | dene karyaningwang | pan kadya karyanira | arsa ngambil ing Si Amir | amalês pêjah | patine jêng rama ji ||

23. druwis matur yèn mêkotên lampah tuwan | sayêkti botên kêni | nadyan barundhula | wong Menak anèng taman | paduka linawan jurit | kawon paduka | pasthi tan măngga pulih ||

24. nadyan yutan awêndran bala paduka | sayêkti tan nêdhasi | mring Sang Kakungingrat | linawan tanpa gaman | luwung paduka suwawi | anut ing amba | andhustha lampah sandi ||

25. baris tuwan kèndêla dipun atêbah | kawula kang rumiyin | jujug ing astana | sêngadi asuwita | yèn kandêl amba lêbêti | lawan paekan | pan inggih darubêsi ||

26. lamun sampun kenging kawula tupiksa | nuntên tuwan dhatêngi | wau duk miyarsa | Kanjun kalangkung suka | bênêr pratikêlirèki | sun turut uga | ing sakarsanirèki ||

27. Radèn Ijras angrasuk rasukan tambal | têkên jungkat mantêsi | amoh srêbanira | sêkul cangkinganira | liyêp-liyêp solahnèki | kadi wong sayah | alami tan abukti ||

28. sarêng budhal Sang Raja Kanjun kalawan | druwis kinèn rumiyin | gumuruh ing wuntat | ngêbêki wanawasa | wadya gung ing Parangakik | lami nèng marga | druwis ulah mêmanis ||

Lajêng nyandhak: Menak Kanjun.

--- [78] ---

Isinipun

... Kaca

1. Sarsaban têluk dhatêng wong agung. ... 3
2. Dèwi Sêkar Kadhaton bela pêjahing putra. ... 9
3. Radèn Maryunani tuwin ingkang ibu dipun pêtak nunggil Kalisahak. ... 12
4. Pramèswari ing Mêdayin mundhut tulung dhatêng wong agung. ... 17
5. Wong agung rawuh dhatêng Ngabêsi mundhut luwaripun Prabu Nusirwan. ... 22
6. Wong agung kêjêgur ing rawa upas. ... 25
7. Kadarisman, Rajaputra Ngabêsi têluk dhatêng wong agung. ... 33
8. Nagari Kaos kadhatêngan mêngsah. ... 38
9. Prabu Kobatsareas pêjah cinidra ing mêngsah. ... 44
10. Dèwi Muninggar bela ing putra. ... 49

--- [79] ---

... Kaca

11. Wong agung gandrung. ... 54
12. Dèwi Muninggar dipun pêtak dhatêng Mêkah. ... 59
13. Wong agung tansah gandrung. ... 64
14. Para raja kapurih wangsul dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. ... 69
15. Wong agung badhe kadhatêngan mêngsah saking Parangakik. ... 74

--- [80] ---

[...]

 


ngadhuh-adhuh. (kembali)
saking. (kembali)
kaloka. (kembali)
mau. (kembali)
nitiha. (kembali)
Biasanya guru lagu a: amiyarsa. (kembali)
khakim. (kembali)
mêndha. (kembali)