Menak Talsamat, Balai Pustaka, 1937, #863

JudulCitra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1250

Menak Talsamat

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

1. Dhandhanggula

1. Sambêtipun Wong Agung nglurug dhatêng Mukabumi

1. duk miyarsa angandika aris | wau Jêng Sultan Kamidilngalam | hèh yayi Prabu Gulangge | wangsite guruningsun | yèn sun uwis angrusak benjing | tanah Mukabantala | yèku kondur ingsun | têtêmu lan rasulullah | apa iya tuhu wartane si drêwis | laire niyakèng rat ||

2. kang saèstu panutuping nabi | kang mustapa ing para ambiya | mulya dhewe sarengate | yèn salamêta besuk | praptaningsun ing Mukabumi | sira besuk sun gawa | umarêk jêng rasul | bêgja kabèh sanak ingwang | yèn kongsia angaras padaning nabi | satuhunira rahmat ||

3. samya suka sagunging para ji | dyan paprentah andadèkkên lampah | lah yayi Prabu Gulangge | pira bobote laku | marga marang nagara Dardis | Pildandani Jadalsah | Gulangge wotsantun | gih kawan lêksa kewala | botên kawrat ingambah ngantos sakêthi | dêstun kèh pitung lêksa ||

4. angandika mring sagung para ji | padha karia mring nagri Rokam | kadang wangsaningsun kabèh | aywa na lit tyasipun [tya...]

--- 4 ---

[...sipun] | padha bae lan kang lumaris | tanpendah ing ganjaran | kang kari atunggu | ya kutha gêdhe ing Rokam | lan kang nglurug angrusak ing Mukabumi | yêkti sun gawe padha ||

5. wus pinacak kang lumakyèng jurit | ratu kalih atus pitung dasa | pinanci gawa wadyane | tan langkung gunggungipun | pitung lêksa bala prajurit | budhal saking ing Rokam | angilèn angidul | sadina-dina lêlampah | rêrêb dalu wus angsal ing tigang sasi | liya ingkang jajahan ||

6. wêwatêsan tanah Mukabumi | gêpok marga èrèng-èrèng jurang | sayêkti angèl margine | larang pangan lan banyu | lamun ana unggyaning warih | pancuraning jêjurang | kêdhik êthuripun | nagri setan kamanungsan | larang banyu lan tan ana bêras pari | bukti daginging kewan ||

7. wong bumine măngsa sami janmi | kang inginum gêgêtihing kewan | urute nagara akèh | wus lami lampahipun | katêlanjur praja sawiji | nênggih kang duwe praja | ratu kadangipun | nguni Gajimăndalika | Sang Argaji Măndasuwi kadangnèki | tumut tanah Jadalsah ||

8. sigra wau kèndêl pacak baris | jawi kitha ubêkan ing warta | wong bumi masang kêmate | cinatur ratu iku | arinira Sang Raja Gaji | Uktur Amăndalika | pan sami gungipun | murdane pan murda warak | ăngga janma Sang Argaji Măndasuwi | tate tan mundur ing prang ||

--- 5 ---

2. Durma

2. Nagari Mukabumi bêdhah, ratunipun pêjah

1. Dyan Dipati Tasikwaja kang dinuta | maringkên surat aglis | sigra Umarmaya | sah saking pabarisan | praptèng jro kitha ing kori | eram tumingal | wong ing jro kitha sami ||

2. mêsum-mêsum tan ana wong kang darbe rah | galêmbus pucêt putih | asawang kunarpa | lumrah wong sanagara | Sri Argaji Măndasuwi | nuju sineba | kagyat kang tunggu kori ||

3. aningali praptane sang adipatya | sarya amundhi tulis | sigra tur uninga | prapta ing panangkilan | umatur mring kang ginusti | prabu kanoman | Argaji Măndasuwi ||

4. dhuh pukulun ing kori wontên cundaka | dutane kang abaris | kang angirid bala | Sultan Kamidilngalam | ing uni ingkang mêjahi | raka paduka | Sri Uktur Raja Gaji ||

5. duk miyarsa kagyat nulya angandika | Argaji Măndasuwi | sira timbalana | wong ngare kang caraka | apa rupane wong wani | nglurug mring arga | mêsat wong jaga kori ||

6. praptèng kori Umarmaya ingandikan | kerid anulya prapti | ngarsane sang nata | eram Sang Tasikwaja | mulat ing warna sang aji | dubilah setan | dudu umat sayêkti ||

7. gya tumênga Marmaya ngaturkên surat | Argaji Măndasuwi | anampèni sigra | binuka sinuksmèng

--- 6 ---

tyas | pèngêt iki surat mami | Sultan Kuparman | ing uni kang matèni ||

8. kakangira nguni Uktur Măndalika | ratu anglêlanangi | mring ngare lêlana | nganciki bumi liya | mêmuruk amăngsa janmi | ratu bang wetan | kèh tulad kang para ji ||

9. wêwarahing panggawe kang nora layak | mung Rokam ingkang wani | tan arsa tirua | nora pinagut ing prang | saanane prapta mami | sun gawe lunas | kakangira ing nguni ||

10. hèh sirèku apa tiru kakangira | pratingkah kaya eblis | mati siya-siya | yèn sira nora arsa | tulad pratingkahing eblis | mawaa iman | anungkula dèn aglis ||

11. duk nupiksa tan dugi amaos surat | Argaji Măndasuwi | langkung dukanira | gya sinêbit kang surat | hèh cêkêlên duta iki | langguk pêpêksan | rumagang kang prajurit ||

12. Umarmaya mêsat luhur tigang dasa | anjog ing kori jawi | anyanjata kaca | bubar sagung wong seba | Kya Umarmaya wus têbih | mundhut dipăngga | Argaji Măndasuwi ||

13. ambêbujung dhatêng Arya Tasikwaja | wadya kantun ing wuri | ya ta sampun kontap | Sultan Kamidilngalam | têtêr mundhut kuda prapti | wus tinitihan | kawrat kaprabon jurit ||

14. cinamêthi mamprung pun askarduwijan | wadya gung kantun têbih | ing wuri têngara | kumrap kang para nata | Sang Argaji Măndasuwi | sampun katingal | nglêgarang munggwing èsthi ||

15. pinêthukkên mring Sultan Kamidilngalam |

--- 7 ---

Argaji Măndasuwi | asru atêtanya | sira iki wong apa | sun ambujung buron kami | sira amapag | wong wis tuwa sumêkti ||

16. amêthethe bênthèyèt kaprajuritan | apa wong adol kardi | marang gustinira | wus tuwa tanpa ngrasa | kadi ngalêm sun arani | cara gêdhea | wong agung anauri ||

17. iya lanat ingsun kang duwe kongkonan | kang sira bujung iki | ya ta angling sugal | gumuyu sênggak-sênggak | kalingane sira iki | kang ngirid bala | anglurugi ing mami ||

18. apa sira nora akulak pawarta | lamun ta dêdêg mami | satus pitung dasa | êgas sarta prakosa | sira iku apan cili | măngsa kêlara | amungsuh lawan mami ||

19. anauri Jêng Sultan Kamidilngalam | insa Allah yèn ugi | sinungan ing kuwat | ing uni kakangira | iya padha lan sirèki | wus ingsun lunas | samadyaning ajurit ||

20. sun tadhahi ing aprang sagêndhingira | singa tiwas amati | krodha ngêtab liman | saharsa mutêr gada | duk lumarap mèh nibani | madêg nèng kuda | Risang Surayèng Bumi ||

21. tinadhahan panglawening astanira | sinabêt pêdhang aglis | tugêl baunira | gumêbrug parêng gada | têdhak Sang Amir Mukminin | sukune gajah | pinêdhang pagas kalih ||

22. sarêng pêjah ratu rêbah lawan gajah | Argaji Măndasuwi | wadyane kang prapta | wontên sasra kang mêdal | wruh ratune wus ngêmasi | mulat wong Arab | kang nusul akèh prapti ||

23. samya giris wangsul [wangsu...]

--- 8 ---

[...l] nulya tutup lawang | para ratu kang prapti | tuwin para putra | samya ngrubung bangkenya | Sri Argaji Măndasuwi | tan roro gêngnya | lan Uktur Raja Gaji- ||

24. măndalika nanging kaot muka gajah | Argaji Măndasuwi | êndhasira warak | sigra sami nupiksa | mrêpêki lawang sadêmi | alon ngandika | Jêng Sultan Mir Mukminin ||

25. kutha iki isi kabèh wong duraka | padha mamăngsa janmi | angur binakara | sigra dènnya parentah | mring Dipati Guritwêsi | nanjata kaca | majupat kithanèki ||

26. tuwin têngah nguncalan sanjata kaca | sagung para prajurit | amanahkên samya | nundha sanjata kaca | mubal dahana andadi | kagila-gila | untabe punang agni ||

27. gumarubug kadya lir ngayuh ngawiyat | tuhu ngebat-ebati | gumuruh swaranya | lir guntur arga yutan | ahlul wirayat mèngêti | ing laminira | ing patang puluh ari ||

28. sirêpipun dadya awu jroning kitha | saking bata kabêsmi | agênging dahana | wong agung masanggrahan | sakilèning kitha bêsmi | wontên lèpènnya | agêng iline bacin ||

29. wontên praja satunggal dubilah setan | nagari ing Jongsêmit | wadya sanagara | tan ana nadhah sêga | mung jêroan kewan sami | dene ratunya | ati sato binukti ||

30. pagiliran pra dipati mantrinira | ingkang nyaosi ati | marang ratunira | mila ilining toya | abang airêng abacin | bathanging kewan [ke...]

--- 9 ---

[...wan] | ingkang binuwang kali ||

31. mung atine ginjêl pêpusuh ingalap | puniku kang binukti | sanagari pisan | tan ana ngangge wastra | mung kuliting kayu sami | ingkang inganam | rajut ingangge jarit ||

32. tan angangge agama ratu punika | samya nêmbah ing gêni | lamun kesah aprang | datan mawi gêgaman | mung tulang banthèng lan èsthi | kapraboning prang | bandêl julig ing wêngi ||

33. amêmaling angrogoh jroan manungsa | kang sami dèn pangani | dadya wudhu ing prang | asring dèn minta sraya | mung bisane aprang wêngi | nyolong jêroan | ngênês mêngsahe sami ||

34. Raja Jongsir namane ratu punika | kuthane ing Jongsêmit | asru angandika | Sultan Kamidilngalam | budhalta[1] payo nglurugi | ing praja salah | padha dèn ngati-ati ||

35. sun têkani wêngi bae karsaningwang | prajurit kang turanggi | supayane aja | iya kongsi miyarsa | ginitik angob ing jurit | rêmbag sadaya | budhal sagunging baris ||

36. amung kuda tigang lêksa munggwing ngarsa | wong dharatan nèng wuri | dene longkangira | lêlakon kalih dina | Bupati Ngrokam kang baris | datan kawarna | ing lampah sampun prapti ||

37. ing Jongsêmit pukul sanga dalu prapta | Dipati Guritwêsi | ngirid lampahira | kang ngagêm panah kaca | kawan èwu datan luwih | wus pinarapat | santosa dèn abani ||

38. Adipati Guritwêsi jêmparingnya | ingarah tibèng wuri | parêng punang [pu...]

--- 10 ---

[...nang] pasah | kidul kulon lor wetan | jro pura kang mubal dhingin | gêni ing jaba | mubal sami nututi ||

39. sarêng dadi ingkang dahana kumatar | surak wadya prajurit | ingkang tigang lêksa | nèng lawang kitha wetan | gègèr jro kitha swara tri | tambuh solahnya | tan wruh mungsuh nèng wuri ||

3. Pangkur

3. Balanipun Wong Agung sami kabêsmi

1. anglir gabah ingintêran | gègèripun ing jro kitha Jongsêmit | bingung tan bisa têtulung | ubale kang dahana | awor swara sanagara tri gumuruh | cinatur salawe dina | sirnane tapis kabêsmi ||

2. dadi awu sanagara | kutha salah setan tan ana kari | baris wus samya kêkuwu | Sultan Kamidilngalam | saha bala kang kari wadya wus kumpul | baris wurining bêngawan | têtêrusan saking wukir ||

3. wukir kumêndhêng ing ngarsa | lêlêmpitan wukir ing ngarsa kèksi | akêthèn mèru atêpung | ana kang lowah-lowah | anyêlani aldaka iku marga gung | jêmbare amung sadhêpa | ingkang kenging dèn margèni ||

4. gunung kiwa têngênira | pinggir margi kapit ing jurang bangbing | yèn wong dharat kang lumaku | kering jajar têtiga | yèn turăngga sajuga lumaku sêlur | Jêng Sultan Kamidilngalam | gunêm lan sagung para ji ||

5. Prabu Gulangge turira | langkung gawat inggih margi puniki | kitha ing Kristam puniku | ratune [ratu...]

--- 11 ---

[...ne] Raja Barwar | botên sagêd prang dhadha ratu puniku | amung kêmat panêluhan | culika wong sanagari ||

6. tan wontên ngingu gêgaman | mung satunggal inggih pangot panulik | mung satêngah panjangipun | sajêmpol gênge samya | tan katingal anèng èpèk-èpèkipun | mêthêt jêjantung karyanya | anênêluh langkung bangkit ||

7. yèn kadhang-kadhang purun prang | sabalane mung gendhong sela sami | pan kinarya gutuk mungsuh | tuhu nagri musibat | abisikan Sang Rajèng Kristam puniku | binathara Raja Barwar | patihira akêkasih ||

8. Dudurmulur tukang kêmat | datan nginum ing toya amung gêtih | ing sato inumanipun | lumrah wong sanagara | bêbayine inggih tan anginum banyu | Jêng Sultan Kamidilngalam | ngundhangi wadya lumaris ||

9. budhal sami nênggêl arga | wus angilèn pan angsal pitung ratri | ngambah wêwêngkoning gunung | kang angèl marganira | pan sawulan marga kang gawat kalangkung | arêrêb tan na kêkaywan | manthilis sabên kang wukir ||

10. nanging buron langkung kathah | warna-warna binêrêg samya gampil | dening kapêngkok ing gunung | wong agung masanggrahan | akêkadhar yèn enjang sakilèn gunung | yèn lingsir sawetan arga | malah karya êsong sami ||

11. angguwa sukuning arga | yèn têngange ing ngriku kang dèn gèni | prasamya suka bêburu | daging sato kewala | kang kinarya nadhah sangune anglurug | mila lami kèndêlira | kalumpuk anandho [ana...]

--- 12 ---

[...ndho] daging ||

12. ya ta ingkang kawuwusa | Rajèng Kristam Dardis lagya tinangkil | Kyana Patih Dudurmulur | nangis sarwi tur sêmbah | dhuh pukulun atur tiwas abdinipun | wontên parangmuka prapta | sampun minggah srênggèng wukir ||

13. lagya kèndêl kalangênan | ambêbêdhag suka burone gampil | kapêngkok ing gunung-gunung | tinăndha kang bêbêdhag | langkung têbih ajal kamulane mungsuh | inggih saking tanah Ngarab | saking ngriki tigang warsi ||

14. inggih wong agung punika | saking timur lêlana andon jurit | anjajah praja gung-agung | kêkutha ing Kuparman | angasorkên para ratu agung-agung | duk anome apêparab | pun Kalana Jayèngmurti ||

15. ing têngah tuwuh loking rat | apêparab Risang Surayèng Bumi | ing mangke pan sampun sêpuh | Sultan Kamidilngalam | kitha Jaminambar nênggih Raja Rabus- | samawati Saesalam | kang angrèh ratu sakêthi ||

16. inggih punika kang bêdhah | pinêjahan Sang Rabusamawati | binubrahan langitipun | tuhu yèn tanpa lawan | soring wiyat katawis tan wontên purun | mangkat saking nagri Ngrokam | panglurugipun mariki ||

17. ngidul ngilèn saking Ngrokam | botên bêkta bala kathah ming kêdhik | winatawis marginipun | kitha Jongsêmit sirna | Raja Jongsir pan tumpês sabalanipun | miwah kang wus têtumpêsan | pun Argaji Măndasuwi ||

18. paran ing tingkah punika | botên sande gêmpur ing Kristam Dardis | Sang

--- 13 ---

Ubaruwar lingnya sru | hèh bapa paprentaha | kiwa têngên ing marga sêlaning gunung | kabèh pêndhêmana obat | kari lêlakon dwi ari ||

19. mumpung mungsuh taksih têbah | dèn arikat ngusungi obat sami | sigra Patih Dudurmulur | undhang wong sanagara | prapta kêthèn ayutan kang ngusung-usung | obat binêkta ing marga | kya patih ingkang angrakit ||

20. sakiwa têngêning marga | pinêndhêman obat sadaya sami | tuwin sêsukuning gunung | tinurut maring têngah | pan ing pucak kinathahan obatipun | pinrih tibaning dahana | nangkêbana kang lumaris ||

21. lêlampahan kalih siyang | pira-pira obat kang dèn pêndhêmi | warata sêlaning gunung | gununge kinathahan | ing sukune têngahe lan pucukipun | ingkang kinathahan obat | kya patih anuduh dasih ||

22. ingkang badhe anyumêda | wetan kidul kulon dèn anyarêngi | kira-kira kang lêlaku | Sultan Kamidilngalam | sabalane yèn prapta madyaning ênu | ing wuri wiwit nyulêda | anulya ing kanan kering ||

23. yèn wus dadi kering kanan | miwah wuri ing ngarsa nyulêd kari | wus têlas pitungkasipun | mantuk rêkyana patya | lajêng marêk ing Ubarwar ratunipun | matur dados kang paekan | langkung sukane sang aji ||

24. kunêng malih winursita | kang makuwon wong agung saha dasih | bêburu kèh antukipun | prajurit samya suka | dènnya gampil katanggor ing gunung-gunung | buron akèh warna-warna [war...]

--- 14 ---

[...na-warna] | wus sami anandho daging ||

25. pan sami winot ing kuda | sigra budhal wong agung saha dasih | lêlampahan wolung dalu | prapta gèn pirantinya | têngah-têngahing piranti nulya pungkur | kanan kering sinulêdan | sarêng ubale kang agni ||

26. jumêglug swaraning arga | agni mumbul mulat-mulat nibani | warata kang gunung-gunung | dadi agni sadaya | miwah ngarsa nusul mulad dahana gung | wadya gung tambuh solahnya | dènira kinêpung agni ||

27. prasamya nangis sadaya | dene datan antuk nimpangi margi | turăngga giwar kacêmplung | ing jurang lajêng pêjah | lan kang nitih ing wuri pan kathah lampus | Jêng Sultan Kamidilngalam | ngraos praptaning bilai ||

28. nulya emut ing wentehan | sutranira kang saking Nabi Kilir | kamandèn paju manguntur | duk ana ing Jabalkap | têdhakira sutra kamandèn puniku | mangkyemut sigra ingalap | ingulur nguwuh para ji ||

29. miwah prajurit kang cêlak | lan unggyane gusti wus dèn timbali | kinèn anggêpok puniku | ing kamandèn wisesa | tawèng gêni antuk wadya tigang atus | kang sapuluh para raja | pitu wayah lawan siwi ||

30. asrêp katiban dahana | kang ing wuri ngarsa tumpêsan sami | pira ta ing cacahipun | prajurit pitung lêksa | amung kantun tigang atus pitung puluh | kang katututan kacandhak | ing kamandèn tawèng agni ||

31. sayandadi kang dahana | gunung guntur gumuntur swaranya tri | ing jro

--- 15 ---

kitha myarsa sampun | swarane kang dahana | Raja Barwar wus miyos sabalanipun | ciptarsa andêdulua | tumpêse mungsuh kang prapti ||

32. tan kathah ambêkta bala | mung sakêthi tan kantun kyana patih | adharat sadayanipun | prapta ampeyan ngarga | sawijining gêni wau kèndêlipun | andhêdhêg sabalanira | kunêng kang amanggih kingkin ||

4. Asmaradana

4. Wong Agung ambêdhah nagari Pildandani

1. langkung prih driyanira Mir | anangisi wadyanira | kang tumpês pawaka kobong | nalăngsa ing tingkahira | matur kang para nata | dhuh gusti sampun winuwus | kang abdi suka ing titah ||

2. tan pae pêjah ing jurit | sami antuk sabilullah | ature Prabu Gulangge | sampun titahing Hyang Suksma | kang pêjah ing dahana | langkung sami suka sukur | tan wontên garantês ing tyas ||

3. lêga tyasira miyarsi | Jêng Sultan Kamidilngalam | myarsa tur Prabu Gulangge | eca gènira lêlampah | sakathahing dahana | kuda skarduwi tinuntun | kang taksih tawèng dahana ||

4. turanggane kang para ji | samya tumpês ing dahana | mangkana wau lampahe | kang tri atus pitung dasa | sami angeca-eca | nèng jrone dahana murub | asrêp tan angrasa panas ||

5. sawêdale saking

--- 16 ---

agni | aningali baris aglar | akêthèn pan dharat kabèh | wau kalane tumingal | Sultan Kamidilngalam | mangsah wadya tigang atus | lan narpati pitung dasa ||

6. wantu kathah lawan kêdhik | kathah ngurugan pêpêjah | para ratu mangsah kabèh | sampun anitih turăngga | Sultan Kamidilngalam | angêrukkên pêdhangipun | angrampêd Usamadiman ||

7. ubêkan madyaning jurit | ana mati ana ora | kênèng watu bêbalange | wau kang mungsêng ing aprang | Sultan Kamidilngalam | Raja Barwar wus kapranggul | pinêdhang janggane pagas ||

8. pêpatihe angêmasi | luluh katiban ing gada | dènira Prabu Gulangge | kang wrin ratune wus pêjah | lumayu ngungsi kutha | wong Arab kang tigang atus | wus mati sabil sadaya ||

9. mung kantun para narpati | kang pitung dasa kewala | mrêpêki kitha korine | mêmpên bala ing jro kitha | wus kinèn ananjata | kaca mring Dyan Pulangkewuh | wanti-wanti sinênjatan ||

10. wus kobar dahana dadi | busêkan wong sanagara | ing pitung dina sirêpe | wus dadyawu kuthanira | lawan isine pisan | awêndran manungsanipun | kang sami abadan setan ||

11. sawiji tan ana kari | mangkana wau kawarna | ratu pitung puluh kabèh | nênggih ing puniku măngsa | dènnya nama sakabat | tanpa rewang para ratu | mung sami badan sajuga ||

12. ngupaya pakuwon manggih | soring gurda têpèng toya | ing ngriku samya arèrèn [arè...]

--- 17 ---

[...rèn] | tan antuk dhahar myang nendra | Sultan Kamidilngalam | kagagas prajuritipun | kang pêjah dening dahana ||

13. umatur saha wotsari | satriya ing Parangteja | paran ginagas tan sarèh | ing rèh pan sampun sinêdya | kang pêjah lan kang gêsang | pan sami utamanipun | ngling Sultan Kamidilngalam ||

14. ing panyananingsun yayi | kabèh padha ingsun gawa | sanak ingsun para katong | ngujung ing Nabi Mustapa | yèn wus pakaryaningwang | para ratu kang rong atus | kang sun gawa munggah ngarga ||

15. amupus titahing Widi | nanging katon trêsnaningwang | ngandika marang Gulangge | ngêndi yayi malih praja | ingkang sami duraka | Prabu Gulangge umatur | inggih ing ngajêng punika ||

16. nagari ing Pildandani | tunggile tanah Jaldahas | kêkalih sanak ratune | inggih sami măngsa janma | Raja Nurjab lan Marjab | murda èsthi kalihipun | langkung duraka niaya ||

17. akêthèn balane sami | asuka amajuh janma | datan wontên panutane | amung agamane setan | Sultan Kamidilngalam | nêdya mring praja puniku | tansah ratu pitung dasa ||

18. alon dènira lumaris | satitah datan rêkasa | dene ratu dharat kabèh | wong agung nimbangi dharat | kuda sêkarduwijan | kêkinthil ing wurinipun | cinarita nulya prapta ||

19. jawi kitha Pildandani | ratune sampun miyarsa | yèn aprapta prangmukane | prawira mung pitung dasa | Sultan Kamidilngalam | kang arsa ngrusak puniku | jajahan [jajaha...]

--- 18 ---

[...n] Mukabantala ||

20. sigra dènira mêdali | Raja Nurjab Raja Marjab | aglar ing jawi kithane | katon mungsuh pitung dasa | suka asênggak-sênggak | angatag ing wadyanipun | Raja Nurjab Raja Marjab ||

21. umangsah kumêrab sami | gêgamane amung sela | lawan sêsawat kemawon | wong kêthèn sawat myang sela | Gulangge aturira | lamun suwawi pukulun | paduka nitiha kuda ||

22. wong agung sigra anitih | ngamuk ratu pitung dasa | kang tinêmpuh akèh longe | wantu gêgaman mung sawat | kalawan sela-sela | tan miyatani tinêmpuh | akèh mati pinêdhangan ||

23. ratune katon agadhing | sinandêr lajêng pinêdhang | wus pêgat utamanggane | Raja Nurjab ingkang tuwa | arine duk tumingal | Raja Marjab nandêr gupuh | karungkêb tangi tan bisa ||

24. gadhinge tumancêb siti | sigra winuwung ing pêdhang | saking turăngga janggane | wus pisah kalawan angga | bala mawur mring kitha | pira-pira ingkang lampus | ingamuk kang para raja ||

25. prasamya atutup kori | wong Pildandani sadaya | Dipati Tasikwaja ge | kitha sinanjata kaca | pinaju pinarapat | pitung dasa para ratu | anundha sanjata kaca ||

26. wus kobar analad dadi | gumuntur angayuh wiyat | sadasa dina sirêpe | tumpêsan wong sajro kitha | dadya awu sadaya | panggung maligene gêmpur | kithane rêbah sadaya ||

27. sirna kitha Pildandani | sampun dadya [da...]

--- 19 ---

[...dya] ara-ara | wong agung kèndêl makuwon | ngara-ara têpèng toya | ing ratri samya bakar | daginge sato anutug | tuwuk prasamya dhinahar ||

28. samana agunêm sami | Jêng Sultan Kamidilngalam | dangu mring Prabu Gulangge | yayi prabu ngêndi baya | malih araning praja | Mraja Gulangge umatur | inggih ing ngarsa punika ||

29. Talsamat kitha ing ngarsi | inggih sami tanah Jaldas | duk Nabi Nuh sarengate | sampun wontên kang nagara | tan wontên bisa aprang | sagêde amung nênêluh | anyiluman awor setan ||

30. pagurone wong sabumi | wong kang nêluh naragnyana | karya mêngi karya lempoh | sayêkti saking Talsamat | ngèlmine mila-mila | tan liyan saking ing ngriku | amaratani ing jagad ||

31. pun kaki buyut ing uni | udhêg-udhêg miwah canggah | tuwin inggih kaki warèng | gantung siwur miwah grêpah | samya miyarsa kojah | lamun Talsamat puniku | ratunipun panêluhan ||

32. wite manungsa sayêkti | samya karêm awor setan | abesan rabi-rinabèn | lan iblis saeka polah | samya kêsêngsêm tunggal | sabarang pakartinipun | sacop pakartining setan ||

33. jin kapir kalawan dhêmit | wil gandarwo sami nunggal | ilu-ilu kalung bondhèt | pele kunthung lan galidrah | busung kêlip kalayap | kêkêblêk pêngès akumpul | thethekan anèng Talsamat ||

34. enjing budhal amarani |

--- 20 ---

amrêp kutha ing Talsamat | ing tigang dina lampahe | prapta kithane katingal | sampun pinarêpêkan | lalehanira amunggul | nanging amamring kewala ||

35. wong agung samya mriksani | sadaya miyarsa swara | pating kalênyêt swarane | ririh kadi rêrindingan | Sultan Kamidilngalam | angubêngi kithanipun | lawan sabat pitung dasa ||

36. wusnya têpung kèndêl sami | anèng sawetaning kutha | ing pinggir bata arèrèn | narapati pitung dasa | Sultan Kamidilngalam | akèn karya ăndha sampun | kinarya angroning kamal ||

5. Sinom

5. Wong Agung ambêdhah nagari Talsamat

1. kang ăndha pinasang nulya | anèng batane kithèki | wong agung alon ngandika | sapa pantês angunggahi | mariksa jro kithèki | Prabu Gulangge umatur | inggih gusti kawula | wong agung ngandika aris | lah ya yayi nanging ywa kurang prayitna ||

2. Prabu Gulangge tur sêmbah | ăndha sampun dèn unggahi | sapraptane nginggil mulat | ing jro kitha kang kaèksi | wontên papan arêsik | sangandhaping gêdhong aub | kewan alit kumpulan | trênggiling jalarang bajing | tikus wirok kêthèk bajang lutung bajang ||

3. miwah warangutan bajang | anabuh gamêlan alit | sajêruk kêprok [kêpro...]

--- 21 ---

[...k] sadaya | sabarange sarwa alit | kodhok kintêl jogèdi | kang kinarya jêbêngipun | bawang lawan bêrambang | kêkara pêdhange sami | pan auyêl ing ngriku pasange kêmat ||

4. singa mulat samya suka | kapingkêl-pingkêl kapati | pinarêng êmpaning kêmat | Raja Gulangge ningali | suka gumuyu bêlik | kapingkêl-pingkêl tan emut | marang sariranira | nulyanjog tiba ing siti | pan kalêngêr nendra kadya kapidhara ||

5. Jêng Sultan Kamidilngalam | angungun langkung prih galih | Lamdahur marêk ing ngarsa | yèn wontên rilah jêng gusti | amba mariksa mangkin | punapa ingkang kadulu | wong agung angandika | hèh iya dèn ngati-ati | aja sira umanjing sajroning kitha ||

6. ature Sang Prabu Selan | botên niyat datan ngimpi | lumêbêta kitha amba | nêmbah minggah ăndha aglis | sapraptanira nginggil | kapingkêl-pingkêl gumuyu | lali marang sarira | gya anjog mring kitha aglis | sapraptane ngandhap pan lajêng anendra ||

7. sami sagah tan sêmbada | sagung kang para narpati | singa kang minggah mangkana | tan ana kuwatirèki | eram sadaya sami | para ratu pitung puluh | sadaya wus mangkana | sanggupe kapati-pati | nora nêdya gumuyu lan manjing kitha ||

8. para ratu pan sadaya | tan beda solahe sami | mung kantun Dyan Umarmaya | umatur kawula mangkin | mariksa ing para ji | kang samya apês gumuyu | kenging kêmating setan | kawula mangke [mang...]

--- 22 ---

[...ke] ngêkahi | amêjahi ing napsu mantun sêmbrana ||

9. wong agung alon ngandika | tuwanana kang dipati | poma dèn eling panggodha | gya Umarmaya macicil | tan nêdya botên ngimpi | apêsa kenging ing tênung | sa Allah dèn pitaya | ăndha sampun dèn ênciki | lajêng minggah sapraptaning nginggil bata ||

10. dhasar ratuning sêmbrana | Marmaya sajêge urip | dupi ngungak jroning kitha | kodhok sami bêksa lêmbing | bêrambang tamèngnèki | Marmaya supe tan emut | èngêt gujênge latah | kapingkêl amijêt ati | tan antara Marmaya anjog jro kitha ||

11. wong agung kari anggana | kalangkung dènnya prihatin | cipta praptaning antaka | sumurup baskara tistis | sadalu mêrêm mêlik | ratuning sêkêl kalangkung | sare tabuh sakawan | sakêdhap anulya ngimpi | supênane aningali langit bêdhah ||

12. ana palangkan kancana | tumurun saking ing langit | isi kaki-kaki wrêda | wong agung sigra marani | ngraup pada tan sari | umatur sintên pukulun | kaki-kaki angaras | ing sirah sarwi nauri | aja maras sun iki lêluhurira ||

13. luhurira ping sadasa | ya ingsun Nabi Ibrahim | marmane tinjo mring sira | dene kaliwat wiyadi | sanak-sanakirèki | para ratu pitung puluh | padha kalêbèng kitha | aja maras nora mati | lagya padha kakênan kêmating setan ||

14. kutha iki kubêngana | lamun ana kate putih | nulya

--- 23 ---

jêmparingên enggal | yèn kate putih ngêmasi | iya iku pan dadi | wong sakutha nyawanipun | kabèh uwong Talsamat | kang nyiluman laku iblis | pan angumpul nyawane nèng kate pêthak ||

15. yèn matia kate pêthak | wong sakutha kabèh mati | apa isining jro kitha | sato kewan kabèh mati | rayap sêmute mati | myang batane kutha rubuh | kabèh rêbah balasah | karia babo dèn eling | nulya kagyat awungu Sang Kakungingrat ||

16. ênggène sare angambar | sarira sakojur wangi | dyan mentar anyangking raras | banon kitha dèn ubêngi | têmu gêlang wus panggih | kate putih mangkruk-mangkruk | salisik luhur bata | kate putih jinêmparing | kêna dhase kumeyok tibèng bantala ||

17. musna punang kate pêthak | jumêgur swara kapyarsi | gumêbrug rêbahing bata | kagyat kang para narpati | kadya wungu aguling | mulat kabèh bata rubuh | Sultan Kamidilngalam | kontap jumênêng pribadi | pinalayon para nata ngaras pada ||

18. wong agung alon ngandika | sanak ingsun kang para ji | sadaya karaning apa | suka gumuyu ambêlik | padha lali ing dhiri | umatur kang para ratu | dhuh gusti amung tuwan | kang tinitah anglangkungi | ing sasama inggih samaning tumitah ||

19. tuwin ature Marmaya | paringise rada isin | sanggupe tan kalêksanan | umatur kang dadi warti | gujênge kang para ji | ing purwa madya [ma...]

--- 24 ---

[...dya] wus katur | Sultan Kamidilngalam | pangandikanira aris | sèwu sukur ana pitulung Hyang Suksma ||

20. nyawane wong sanagara | wus gusis awor lan iblis | amung ratune Jaldahas | mangkana papriksa sami | tilas sajroning puri | amung kari gêdhong agung | kinunci korinira | kuncine kinèn angambil | para ratu gantya-gantya kang amokah ||

21. sinapuluh nora pokah | pitung puluh kang para ji | kunci tan owah akêkah | wong agung alon marani | nulya cinandhak aglis | dinaut sampun kadaut | korine wus kabuka | sigra manjing gêdhong sami | nora ana isine mamring kewala ||

22. amung pêthi siji dawa | rong atus asta pêsagi | nulya sami ingungkaban | ratune Jaldahas mati | anèng sajroning pêthi | durung suwe tilasipun | sêdhêng antaranira | patine kang kate putih | maksih bingar dèrèng alum kang sarira ||

23. kadya wong mati kadadak | tinêkak maksih malirik | ngulone kitab akathah | sèwu koras winitawis | lawan ing kanan kering | binuka pan ungêlipun | rakite panêluhan | tan ana unine malih | pangobatan panêluhan taragnyana ||

24. rupane maksih manungsa | nanging irunge kêkalih | ana ing tênggok satunggal | kupinge papat nèng gigir | jisim dèn olag-alig | kang anon gêtun angungun | kinèn bêbayang mêdal | sapraptanira ing jawi |

--- 25 ---

wus binakar sarêng lan kitabe pisan ||

25. tinunu kabèh Talsamat | sirna labête jro puri | wong agung amasanggrahan | mungging satêpining bèji | sami ngratêngi daging | ratu sabat pitung puluh | bêkta kuwali waja | wêsi sabarangirèki | lawan êjam alit kang maksih kabêkta ||

26. kontrag bumi ing Talsamat | sawêngkon watêsing langit | sapêjahira Jaldahas | kêkês prayangan jin kapir | kalinthuh bondhèt owil | topèng règès waluh klunthung | gègère apuyêngan | gumrubyug dènira ngili | ajrih mulat mring Sultan Kamidilngalam ||

27. dene wruh apêsing setan | lawan apêsing dhêdhêmit | bêdhah kutha ing Talsamat | wruh nyawane wong sanagri | ana ing kate putih | ngêndi antuke pitutur | datan amukul ing prang | mungsêng mung kang kate putih | pinrih pêjah kate putih wong Talsamat ||

28. mati bala sanagara | têkan ratune ngêmasi | Jaldahas datanpa bisa | gumuling sajroning pêthi | binakar bangkenya glis | sinarêng lan kitabipun | jaman Nabi Nuh kina | durung ana ingkang wani | amung mangke rusak Talsamat Jaldahas ||

29. palayune iblis lanat | setan kamanungsan sami | lan manungsa kadhêmitan | ngidul ngilèn sami manjing | talaga jroning bumi | puniku pan lawangipun | ngungsi kutha Marohan | punika sajroning bumi | nama Rohan Marohan kang darbe praja ||

30. punika putrèng Jaldahas [Jalda...]

--- 26 ---

[...has] | patutane lan putriblis | Sang Raja Mayi Maruhan | setan kang madêg narpati | anèng Talsamat nguni | puniku ingkang mêmuruk | têluh-têluh tragnyana | ing lempoh panas gumigil | ngêlu mulês sambang undhuk sambang êrah ||

31. nora na kang băngsa aprang | mung nêluh gunane sami | dene Sang Raja Jaldahas | wite manungsa sayêkti | nanging ninèkne eblis | nagri Talsamat bêrancuh | setan lawan manungsa | wus carub pakaryannèki | ingkang dadi rabine Raja Jaldahas ||

32. putrine Mayi Maruhan | nama Dèwi Mayirêjis | Sang Raja Jaldahas nulya | pinasrahan narapati | mring maratuwanèki | nagri Talsamat puniku | Risang Raja Jaldahas | sampun patutan kêkalih | sami kakung lawan putri saking setan ||

33. anulya pêjah Jaldahas | lan garwa sang putri eblis | anake Mayi Maruhan | sira Dèwi Mayirêjis | ngadhaton jroning bumi | kinèn momong putranipun | Radèn Rohan Marohan | Jaldahas akrama malih | lawan putri Jongsêmit putra satunggal ||

34. èstri suwarna yu endah | Ni Dèwi Yarunayanis | diwasa kinèn dhèrèka | mring ibu kuwalonnèki | Sang Dèwi Mayirêjis | nèng talaga măndha-mundhu | yeka minăngka lawang | sakèthèng nagri jro bumi | nagarane ginambuh Rohan Marohan ||

6. Gambuh

1. malih ingkang winuwus | Sultan Kamidilngalam andangu | yayi Prabu Gulangge [Gulang...]

--- 27 ---

[...ge] apa ya maksih | kutha bêk setan acarub | Prabu Gulangge turnya lon ||

2. inggih taksih pukulun | aming gatra putrane puniku | sami adi kithane sela cêndhani | nging tan wontên isinipun | apan asuwêng kemawon ||

3. mung Talsamat puniku | watêse wontên manungsanipun | nanging sami wus amor kalawan eblis | liya punika pukulun | nadyan manungsa wus amor ||

4. lan setan tingkahipun | lamun tuwan tindakana wastu | tanpa tuwas ayuda lawan dhêdhêmit | tan caruk pupuh-pinupuh | mung panêluhan kemawon ||

Sêrat Menak kajugag samantên, lajêng nyandhak Sêrat Lakat, sêrat sanès, nanging tunggil cariyos. Inggih punika taksih nyariyosakên lêlampahanipun Wong Agung Menak, wangsul dhatêng Mêkah, nyakabat Kangjêng Nabi Muhamad, ngantos dumugi sedanipun nalika pêrang kalihan raja ing Lakat.

_________

--- [28] ---

[...]

--- [29] ---

Menak Lakat

Têtêdhakan saking babon kagunganipun Bandara Radèn Ayu Cakradipura.

--- [30] ---

[...]

--- 31 ---

7. Mijil

6. Wong Agung kondur dhatêng Madinah kêpanggih kangjêng nabi

1. wijiling tyas jêng rasulollahi | datansah wirangrong | datan pêgat dongèng prakarane | ingkang paman Ambyah datan prapti | kesah saking Ngrabi | lêlana don pupuh ||

2. sumêlangnya ing galih jêng nabi | yèn kalunta dados | tan uninga sarengat saline | dadya kabumbang sira ing ngèlmi | ya ta kangjêng nabi | dêdonga èsmu luh ||

3. sigra malaekat Jabarail | sung salam sabda lon | sampun dados galih tuwan mangke | kados wontên pitulunging Widhi | sang anjayèng jurit | nênggih rawuhipun ||

4. nulya musna Mulkan Jabarail | jêng dutaning Manon | sampun lêga jêng nabi galihe | kawarnaa duta Amir prapti | sarwi bêkta tulis | Ngabas kang jinujug ||

5. wus tinampan nênggih punang tulis | sah titi dutèng wong | wus ingirid punang caraka ge | kangjêng nabi pinarak ing puri | lagya animbali | kang sakabat catur ||

6. kangjêng nabi dangu gunging dasih | agamanira wong | kang wus padha carêm ngibadahe | kang wus padha surasa sêjati | pra sakabat sami | wotsêkar sadarum ||

7. turnya kathah umat tuwan gusti | brêkah paduka wong | ya ta malih jêng nabi dêlinge | sèwu sukur yèn akèh mangrêti |

--- 32 ---

pan carêming ngèlmi | angèl têdhasipun ||

8. kang sawênèh lêngêr tan wrin wèsthi | dadya kumêlajon | kang sawênèh tuna panggayuhe | mung gugoni ing laku sawiji | tan wruh ing rasa di | tokidira suwung ||

9. matur nuwun pra sakabat sami | jêng nabi lingnya lon | iku sira duwea pangangge | pêpatutên sagaduging jalmi | yèn tan milih-milih | dadya tuna luput ||

10. tur sandika pra sakabat sami | Sang Abas turnya lon | Amir Ambyah utusan wiyose | tur nawala kandhêg wontên jawi | gupuh dèn timbali | duta praptèng ngayun ||

11. wus tinampan mring Bu Bakar Sidik | surat kinèn maos | gya binuka nuwala têmbunge | puji amba dhumatêng Hyang Widhi | lawan ingkang puji | mring paduka rasul ||

12. wiyosipun amba tur udani | pun paman sumaos | mangke maksih nèng Kuspita anggèr | badhe lajêng manawinya bilih | angêgèt-êgèti | yèn ginalih mungsuh ||

13. bab pun paman lêlana wus lami | kèh samar punang wong | yèn wus wikan gusti sadèrènge | amba lajêng sowan gusti nabi | mèstuti ing galih | minta rèh rahayu ||

14. amba bêkta pitung dasa aji | tri lêksa gunging wong | amba nungkak kang duta lampahe | pan aminta sufangating nabi | kang surat wus titi | suka kangjêng rasul ||

15. Abubakar anungkêmi tulis | kabyatan ing batos | langkung onêng tambuh ing ciptane | Sayit Abas waspanya drês mijil | Ngumar Ngusman Ngali | ing driya

--- 33 ---

kumêpyur ||

16. angandika kangjêng nabi murti | mring caraka alon | paman Ambyah lah paran wartane | karahayon tindake nèng margi | nulya awotsari | duta aturipun ||

17. paman tuwan lan sagung para ji | sami karahayon | nguni lêrêp Kuspita lampahe | kangjêng nabi angandika malih | sun mêthuk pribadi | paman rawuhipun ||

18. lah ta age mentara dèn aglis | mring paman sung anon | duta sampun mêsat sing ngarsane | kangjêng nabi angundhangi dasih | anulya miranti | sabala supênuh ||

19. nulya miyos pra sakabat ngiring | gumrah swaraning wong | pan samarga andharat lampahe | asung kurmat mring kang arsa prapti | ganti kang winarni | Menak Jayèngsatru ||

20. siyang dalu datansah lumaris | Risang Amir katong | tan kawarna ing marga lampahe | praptèng Madinah kang têpis wiring | punang duta prapti | umatur wotsantun ||

21. saniskara sadaya wus ngênting | Amir trusthèng batos | sakalangkung sêsugun ing tyase | pan ginêlak dènira lumaris | agyaa kapanggih | mring gusti jêng rasul ||

22. wus nuwela dènira lumaris | ya ta winiraos | kangjêng nabi wus kontap lampahe | gupuh Amir têdhak sing turanggi | nulya malajêngi | mring jêng gusti rasul ||

23. wusnya panggih rinangkul Sang Amir | kalih sihira wor | ingkang paman mungkul mustakane | astanira ngrangkul madya nabi | jêng rasul mawanti | angaras ingkang bun ||

24. suka suhud katrêsnane

--- 34 ---

kèsthi | tan bênggang sakaron | manguswèng brănta wulangun sihe | lir wong layon mangke gêsang malih | lir baskara kingkin | gya katrajang mêndhung ||

25. sru marwata sotane kang galih | nir ingkang wirangrong | wus jumênêng kang paman nulya ge | gênti-gênti pra sakabat nuli | jawab asta sami | sêsugun ing kalbu ||

26. Abas rangkul-rinangkul mawanti | kang waspa drês miyos | Ngali dangu angrangkul padane | nêng wulangun tyas trênyuh wus pulih | lir mangsaning katri | katibanan jawuh ||

27. myang pra raja sadaya pan sami | jawab asta kang wong | apadene Ki Umarmayane | jawab asta mring jêng gusti nabi | myang sakabat sami | jawab asta sampun ||

28. nabi angling mring kang paman Amir | sabdanira alon | ingaturan rumiyin tindake | swawi paman lumampaha ngarsi | matur Bagendha Mir | maring kangjêng rasul ||

29. amba ajrih lumampaha dhingin | lêhêng dutèng Manon | tur kang mulyakakên umat kabèh | tan prayogi yèn amba dhingini | pun paman langkung jrih | dhumatêng pukulun ||

30. lêhêng gusti tindaka rumiyin | tur nabi kinaot | pan kinarya panutup nabyakèh | sinung Kuran ngracut kitab dhingin | wirayating nguni | paman Betaljêmur ||

31. ri sampune tumuli jêng nabi | tindakira alon | pan rumiyin lan pra sêkabate | Bagendha Mir umiring nèng wuri | pra sakabat sami | lumampah ing pungkur [pung...]

--- 35 ---

[...kur] ||

32. tuwin sagung pra nata prajurit | supênuh punang wong | nulya prapta Madinah lampahe | duk samana jêng murtining bumi | gya pinarak nuli | lan Sang Jayèngsatru ||

33. pan supênuh sakabat kang nangkil | miwah para katong | Umarmaya tan têbih lênggahe | miwah wayahira Bagendha Mir | ingkang nama Sahid | nèng ngarsaning rasul ||

34. kangjêng nabi angandika malih | mring kang paman alon | sintên paman satriya wastane | kang nèng wingking matur Bagendha Mir | ingkang nama Sahid | pan wayah pukulun ||

35. kangjêng nabi angandika aris | mring kang paman alon | yèn marêngi ing paman wiyose | tuwan manuta agama mami | Sayidina Amir | sandika turipun ||

36. paman sampun sêdya inggih gusti | agama kinaot | pan salining kang sarengat kabèh | tuwan panutan kasihing Widhi | pun paman ngèstuti | sakarsa pukulun ||

37. pêjah gêsang gusti anglampahi | tan grantês ing batos | kangjêng rasul aris ngandikane | pan amulang sadat klimah kalih | pranataning ngèlmi | myang kang limang wêktu ||

38. Bagendha Mir Umarmaya tuwin | Sahid lan pra katong | amiturut nabi sapangrèhe | sigêg ingkang anggung olah ngèlmi | kocapa wong kapir | kang kalajêng kupur ||

--- 36 ---

8. Durma

7. Prabu Irman Nglurug dhatêng Madinah

1. durmanira kang anèng Madayin Raja | kèringan nungsa bumi | nama Prabu Irman | putrane Sri Nusirwan | amêpak pra ratu kapir | pan arsa ngrusak | dhatêng jêng nabi murti ||

2. wus samêkta sikêp kapraboning yuda | nêmbang têngara aglis | gong maguru găngsa | lir ombaking samodra | wus budhal prajurit kapir | kang balakuswa | pan pirang-pirang kêthi ||

3. mangah-mangah lir saradula mamăngsa | sakathahe wong kapir | sami sura-sura | ngajap têmpuking yuda | ênêngna ingkang winarni | nagri Madinah | sira jêng nabi murti ||

4. datan pisah kalawan kang paman Ambyah | mulang patraping ngèlmi | myang tilawat Kuran | Amir sampun paekhat | wulanging putra wus kèsthi | Sang Amir Ambyah | lir madu dèn jantoni ||

5. mêmanise sarkara cipta sumiram | mimbuh sangsaya luwih | kasaru kang prapta | sakabat nama malat | tur wrin yèn na mêngsah prapti | nèng kikis kitha | gêgaman gung nglangkungi ||

6. pêngangênge Mêdayin Sang Prabu Irman | wus dungkap têpis wiring | kitha ing Madinah | sigra jêng nabi duta | parentah umagut jurit | saksana budhal | pabarisan wus prapti ||

7. tata aglar barise mukmin lan kopar | bandera warni-warni | layu myang kêkăndha |

--- 37 ---

waos lir jatingarang | gêbyaring pêdhang lir thathit | ayun-ayunan | wong kapir gêgilani ||

8. Amir Ambyah umatur mring nabiyullah | lamun sêmbada gusti | pun paman kewala | ingkang mangsah ing rana | de kanthi kawula gusti | kănca Madinah | ngantêpana ing wuri ||

9. wus linilan Sang Amir mêsat sing ngarsa | sigra nitih turanggi | sawadya narajang | surak kapir lan Islam | sarêng pambrondonging bêdhil | pangamukira | Sang Amir tilar dasih ||

10. para nata kêdhik pan sarêng pamuknya | mêngsah kathah kang mati | singa katêrajang | wong kapir bubar-bubar | bubar sinabêt camêthi | kathah kang pêjah | gègèr barising kapir ||

11. rêbut urip lumayu asalang-tunjang | paprangan sampun gusis | Sang Irman lumajar | pra nata sami bubar | palajêngira anggêndring | Bagendha Ambyah | dènira wiwit ngusir ||

12. wiwit enjing baskara kongsi gumlewang | Amir Ambyah wus bali | sowan nabiyullah | jêng gusti pasrangkara | kadospundi ingkang jurit | Ambyah aturnya | sampun sirna wong kapir ||

13. sakarine kang pêjah arêbut paran | kados tan pulih malih | manahe wong kopar | jêng nabi lêga ing tyas | para sakabat tinari | matur sadaya | yogi kondur jêng nabi ||

14. gya binubarakên ingkang pabarisan | tan kawarna ing margi | rawuh ing Madinah | ganti ingkang kocapa | Sang Prabu Irman kang ngungsi | sêlaning arga | wus pêpak pra narpati [narpa...]

--- 38 ---

[...ti] ||

15. prajurit kang atêbih wus sami prapta | kang samya ngungsi urip | samya pirêmbagan | dènnyarsa ngantêp ing prang | kang dadya gêtuning ati | bala mawêndran | dèn amuk wong sawiji ||

16. kang sawênèh anduga yèn Abu Bakar | sawênèh ngucap Ngali | kang sawênèh Ngumar | ana kang ngucap Ngusman | wong kapir samya pradondi | dènira ngucap | sarwi akirig-kirig ||

17. kang sawênèh angucap ingsun tan duga | dene anggêgilani | luwange tan ana | prajurit kadya ika | kajaba Bagendha Amir | anulya ana | kuda krah nrajang baris ||

18. apuyêngan gègère prajurit kopar | samya lok Bagendha Mir | wong lumayu nrajang | sanggrahane Sri Irman | nuju nimbali pra aji | bubar sadaya | upacara kèh kèri ||

19. sapambêdhil pra nata dènnya lumajar | wontên raja satunggil | aran Bu Barindya | maksih nèng pasanggrahan | wus takyin gègèr ing jawi | saking jaran krah | Sang Irman dèn aturi ||

20. apadene kang para nata sadaya | apan wus sami prapti | wus têntrêm sadaya | sakèhing wadya kopar | kang duwe jaran ingusir | sampun kapanggya | anulya dèn suduki ||

21. kawarnaa wau ta sang iblis laknat | awarna pandhita di | prapta tanpa sangkan | kagyat para narendra | anulya têtanya aglis | sintên paduka | kang prapta ngarsa mami ||

22. gya sumaur nênggih kang mindha pandhita | ingsun pandhita kêsdik | wus angraga [angra...]

--- 39 ---

[...ga] suksma | barang sun cipta dadya | aran ingsun Badalsatir | yêkti digdaya | istijrat yèn ngidèni ||

23. gya umatur sira Sang Narendra Irman | pajara kang sayêkti | kang ran Amir Ambyah | pêjah lan gêsangira | sumaur kang mindha warni | Sang Amir Ambyah | ing mangke wus ngêmasi ||

24. mati kobong ing nguni anèng paprangan | Uwar araning nagri | pirang-pirang raja | wêndran bala tumpêsan | kabubuh binadhog bêlis | setan Talsamat | iku sirnaning Amir ||

25. gya umatur sira Sang Narendra Irman | apa tuhu sang yogi | Amir Ambyah sirna | sumaur sang pandhita | tan ana pandhita kidib | pan dêmi Allah | darbea ujar kalih ||

26. lamun kaki sira tan ngandêl maring wang | sapa sira guroni | ingsun luwih mulya | tur sêkti widigdaya | mara sun rupa kêkalih | lah tingalana | mula pranyata sakti ||

27. ri saksana angêdalakên istijrat | sampun warna kêkalih | gawok kang tumingal | nulya rupa sadasa | saya ebat kang ningali | sasampunira | rupa satunggal malih ||

28. pan wis ngandêl sira kaki Raja Irman | umatur awotsari | inggih wus pracaya | amba dhatêng ing tuwan | kadospundi kănca sami | kang para nata | sadaya saur pêksi ||

29. inggih sampun sami angandêl sadaya | risang pandhita angling | pra prajurit Islam | ing nguni ingkang galak | lagya jinunjung ing iblis | saiki bakal | prapta janjine prang

--- 40 ---

sing ||

30. sok si dhasar padha têgêla kewala | pêsthi yèn iku mati | wus nèng astaningwang | lawan kang ran Muhamad | titènana ujar mami | yèn sira mangsah | pêsthi pan mèlu jurit ||

31. kaki prabu awêdi marang ing sira | Raja Irman turnya ris | wong kang galak ing prang | punapa Abu Bakar | punapa kang aran Ngali | punapa Ngumar | punapa Ngusman nênggih ||

32. anauri sira sang warna pandhita | Ngusman Bu Bakar Ngali | ing mangke wus pêjah | jalma kang papat pisan | kang ngamuk ing sira nguni | mangke wus pêjah | atine gêdhe mênir ||

33. lan malihe mêmayangi ngarêp pêjah | nadyan pêrêd kang kulit | sun sabdakkên pêjah | sayêkti iya pêjah | yèn sira tan ngandêl mami | lah dèn tăndhaa | yèn sun sêbdakkên mati ||

34. nulya wontên prajurit kapir satunggal | sinaosakên ngarsi | angling sang pandhita | lah dêlêngên sang nata | saksana kang pindha warni | amandêng sigra | prajurit gya macicil ||

35. nulya dangu dènira akapidhara | ngandika sang awasi | lah mara mulyaa | saksana sampun mulya | ya ta sagung pra narpati | langkung jrihira | saparentah lumiring ||

36. sampun musna wau sang warna pandhita | enggar sagung para ji | gya sumêktèng yuda | budhal nêmbang têngara | lir pendah robing jaladri | sangsaya kathah | ingkang nusul ing gusti ||

37. sampun prapta têpis wiringing Madinah | kawarnaa jêng nabi | pinrak lan sêkabat | miwah kang para paman | kasaru

--- 41 ---

pêcalang prapti | atur uninga | yèn mêngsah gêng dhatêngi ||

38. anèng têpis wiringing kitha Madinah | kagyat jêng nabi murti | angling mring kang paman | paman mêngsah punika | punapa kang kawon nguni | matur Sang Ambyah | kados tan purun malih ||

39. sabab sampun sami gêmpal manahira | lawan malihe gusti | ingkang nama Irman | Mêdayin laknat kopar | kados tan purun mring mami | sakancanira | inggih makatên ugi ||

40. gya kasaru malih wontên sabat prapta | atur wrin mêngsah prapti | Mêdayin Narendra | nama Sang Prabu Irman | pra ratu kathah kang ngiring | Bagendha Ambyah | sigra mêsat tan pamit ||

41. praptèng jawi nitih kuda gya kinêtap | sinabêt wanti-wanti | akantun sadaya | sagunge para nata | Umarmaya lan turanggi | untap-untapan | mêksa datan nututi ||

42. kawarnaa barise prajurti kopar | lir jalanidhi ngalih | gêlar supit urang | ingkang minăngka sirah | sira Sang Raja Barindi | lan putranira | Ngustama kang wêwangi ||

9. Pangkur

8. Wong Agung mapagakên Prabu Irman

1. mungkur sungut Raja Mandras | supit kiwa Barsi Raja Narpati | supit kanan Raja Sadur | ingkang minăngka dhadha | Raja Irman Patih Baktiyar nèng pungkur | sagung pra nata suruhan | dadya [da...]

--- 42 ---

[...dya] wak-awakan sami ||

2. prajurite Raja Mandras | tiyang wolu dadya pêcalang wèsthi | Bagendha Amir winuwus | panandêrnya lir kilat | kapir astha sinabêt bari lumaku | ing cumêthi rêmuk tatas | urip siji mlayu gêndring ||

3. sinandêrkên kudanira | arsa tur wrin marang rajanya nênggih | tinitir panyabêtipun | kapiandhêm kudanya | katututan mring Ambyah cinandhak asru | binanting tumibèng kisma | kapisanan mutah gêtih ||

4. Amir narajang barisan | gugup gègèr wong kapir piyak gusis | ambendrong sarwi lumayu | kèh olèh padha rowang | tumbuk rubuh nibani wong akèh lampus | kang numbuk pêdhang gêgobrah | pinulih-pulih tan bali ||

5. Amir sangsaya manêngah | ngamuk nandêr gamanira cumêthi | wong mati tumpang asungsun | mangsah Sang Raja Mandras | sikêp usar sadhêpa ngayang lir kuwung | sinabêt Bagendha Ambyah | tinangkis dening cumêthi ||

6. pêdhang putung Mandras nyandhak | kêstul tibèng jajanira tan busik | Mandras cinamêthi rêmuk | kêpalane wus pêcah | supit kering Raja Barsi nulya ngêbyuk | sawadya ngêdrèl sanjata | nanging tan ana nêdhasi ||

7. nulya tinarajang bubar | kumarutug wong tiba myang kang kanin | Barsi Raja sarêng nêmpuh | asikêp pêdhang panjang | kalih dhêpa tininggil kadya kêkuwung | sinabêt Sang Amir Ambyah | tibèng pundhak tanpa osik ||

8. midêr dènnya kêkalangan | kaping kalih pamêdhangnya Sang Barsi [Bar...]

--- 43 ---

[...si] | ing ngandhap pamêdhangipun | tibèng jaja tan krasa | kaping tiga katlampik pêdhangnya putung | winalês Barsi Narendra | kêpala crah cinamêthi ||

9. supit kanan Sang Dur Raja | nitih kuda sarwi asikêp bindi | paris malela sang prabu | nrajang sabala ngrêmpak | Amir mangsah wong kapir katrajang sumyur | anglela Sang Dur kesisan | Ambyah pinupuh ing bindi ||

10. tibèng jaja tan rinasa | kaping kalih sinăngga asta kering | saksana malih amupuh | sinăngga asta kanan | gya sinêndhal katgada tiba sang prabu | tangi gya binalang dhêndha | rêmuk sang nata ngêmasi ||

11. balane ngêdrèl sanjata | tinêrajang palayunira gêndring | Raja Gulangge wus rawuh | kalawan Umarmaya | Sri Gulangge sikêp gada nitih gupuh | Abu Barindri umangsah | sikêp gada angajrihi ||

12. nitih dipăngga agalak | Sri Gulangge wêntus kang kuda mati | ginadhing ing gajahipun | Raja Gulangge tiba | langkung kurda tangi kang gajah pinupuh | kapisanan èsthi pêjah | Barindri krungkêb ing siti ||

13. tinututan mring Gulanggya | lagya lungguh pinupuh gada wêsi | tinadhahan parisipun | rêmuk dadya sakawan | lagya ngadêg pinupuh malih gya ambruk | Gulangge winalês sigra | wêntis sinungkêp ing siti ||

14. gya pining kalih apana | dhadha iring kêna nulya ngêmasi | Umarmaya nora wêruh | katungkul buru bala | kang sawiji pinlêcit saparanipun | githoke sinuryakăntha [sinurya...]

--- 44 ---

[...kăntha] | lumayu ajêlah-jêlih ||

15. Abu Barindri sêsumbar | wong Madinah lah kêmbulana mami | măngsa anaa pra ratu | iya kang kadya ingwang | lah rêbutên Abu Barindri angamuk | lah ta payo wong Madinah | tangkêpa sakêthi sisih ||

16. rêbutên dèn kaya boja | mêtonana prajurite wong mukmin | kocapa Sang Jayèngsatru | mingêr pangamukira | gya miyarsa Barindri sêsumbaripun | kadya sinêbit kang karna | kuda kinêtap lir thathit ||

17. Barindri maksih sêsumbar | lah ta payo prajurite wong mukmin | sarêng cêlak Amir muwus | ingsun prajurit Ngarab | Amir Ambyah andêle jêng gusti rasul | Abu Barindri alatah | Si Amir uwis ngêmasi ||

18. ngandika Bagendha Ambyah | iya ingsun tan ana Amir malih | Abu Barindri amuwus | aja kakehan polah | narajanga prajurit yèn sira purun | yèn sira wêdi nututa | payo kêmbulana mami ||

19. lir pinêtik Amir Ambyah | gya narajang sang nata anadhahi | pinupuh Sang Jayèngsatru | kêna pênrajanira | kuda kancêp ing kisma watês ing dhêngkul | Amir sangsaya bramantya | kinêtap punang turanggi ||

20. wus nandêr kêbat lir kilat | gya sinêrangakên ingkang turanggi | Barindri sigra amupuh | sinarêng Amir Ambyah | tuna dungkap kêliwat panggadanipun | bau cinamêthi tatas | rampung gada tibèng siti ||

21. sêsumbar Sang Amir Ambyah | rasakêna bilaining Hyang Widhi | ya ingsun [ingsu...]

--- 45 ---

[...n] Sang Jayèngsatru | sun mara sisakêna | pangucape Barindriya aja tanggung | gonira niksa maring wang | sinandêr gya cinamêthi ||

22. rampung baune kang kiwa | Bu Barindri nangis angolang-aling | payo patènana ingsun | putra Barindri mulat | Bustalkadir ing rama baune rampung | ngamuk dharat ngikal tumbak | Amir Ambyah dèn larihi ||

23. tinampèn waos kasingsal | wus sinabêt malih kang punang biring | Bustalkadir saya bêndu | ingantêp dènnya numbak | waosira tinampan gêgodhinipun | sinêndhal kadi binuntar | jaja bêncah angêmasi ||

24. Barindri mêksa narajang | tinadhahan binuntar bêncah lalis | gumuling layon sang prabu | gègèr prajurit kopar | wus sayêkti kalamun Sang Jayèngsatru | Sang Raja Irman lumajar | Patih Baktiyar anggêndring ||

25. mêmisuh samarga-marga | mring pandhita ingkang akarya wangsit | kawarna wau kang nusul | Sayid Ngusman Bu Bakar | mring paprangan wong kapir kapanggih gêmpur | kang para ratu punggawa | nusul kapanggih mring Amir ||

26. tuding-tuding Umarmaya | biyèn mula wus padha sun tuturi | rumanti sikêping pupuh | siyaga sabên dina | iku raja mati padha ting galundhung | sapa ingkang belanana | dene adate udani ||

27. Bandhe Ambyah wataknya |[2] nora kêna kagêpok jwala mingis | kaya wong anyar sadarum | tumungkul para nata | kawarnaa Bagendha Ambyah kang buru | nututi Sang Prabu Irman | pan kocap maksih ingusir ||

--- 46 ---

28. wantu wus dangu Sang Irman | dènnya gêndring lawan ingkang antawis | panusulnya Jayèngsatru | lan kuda saya sayah | Abu Bakar Sayid Ngusman sampun nusul | samarga asêsandêran | nututi Bagendha Amir ||

29. warnanên Bagendha Ambyah | dènnya ngusir sampun kasaput wêngi | wiwitira wanci bêdhug | praptèng suruping surya | nulya ngaso saking wahana tumurun | kasaru Bu Bakar prapta | lawan Ngusman marêpêki ||

30. uninga Bu Bakar prapta | Bagendha Mir angling paran kang kapti | dene tuwan sami nusul | punapa karyanira | lah punapa sami ingutus jêng rasul | Bu Bakar Ngusman wacana | pakaryan ulun pribadi ||

31. ngaturi kondur mring tuwan | dene mangke wus sirna mêngsah sami | Sang Amir mangsuli wuwus | dèrèng lêga tyas ingwang | lamun dèrèng pêjah Sri Nata Mêdayun | gya ngrangkul Sang Abu Bakar | dhumatêng Bagendha Amir ||

32. sarya rum wêdharing sabda | kaping kalih ing mangke sampun ratri | lah măngsa niyata purun | ngambah nagri Madinah | Raja Irman sampun têlas manahipun | sumambung Bagendha Ngusman | lêrês Abu Bakar Sidik ||

33. lawan kaping tiganira | nguni tuwan duk arsa mangsah jurit | tan pamit putranta rasul | tuwan angandhut rasa | tan prayogi pun Irman kapanggih pungkur | gya kèndêl Bagendha Ambyah | rinasa bênêr sang kalih ||

--- 47 ---

10. Asmaradana

9. Prabu Irman utusan Patih Baktiyar mikat panggalihipun Raja Lakat

1. kasmaran wus wêktu Mahrib | ajamak Mahrib lan Ngisa | sawuse bakda nulya lon | kondur Jêng Bagendha Ambyah | lan Sayid Abu Bakar | Sang Ngusman katiganipun | samarga awawan sabda ||

2. Ngusman Bu Bakar lan Amir | sêmana nulya kapapag | Marmaya lan para katong | sadalu dènnya lumampah | enjing prapta barisan | layon Gulangge kinukup | apan sampun binêcikan ||

3. nulya sinalatkên aglis | wus kinubur layonira | Bu Bakar têtanya alon | jisime sintên punika | dene gagah prakosa | baunira kalih rampung | Amir mangsuli kang sabda ||

4. punika Abu Barindri | Bu Bakar malih têtanya | jisime sintên punang wong | warnane mèmpêr Barindya | kantun sêpuh lan tuwa | mangsuli Sang Jayèngsatru | punika naking Barindya ||

5. ganti-ganti ingkang jisim | tinanya mring Abu Bakar | Sang Amir nuduh namane | gya budhal sing pabarisan | datan kawarnèng marga | nagri Madinah wus rawuh | sowan mring jêng rasulollah ||

6. wusing jawab asta sami | kangjêng nabi atêtanya | sasolahirèng palugon | Amir matur sinatêngah | sumambung Abu Bakar | jarwa saniskara matur | ing purwa madya wusana ||

7. yèn kirang turnya [tur...]

--- 48 ---

[...nya] mring nabi | sumambung Bagendha Ngusman | ngaturakên sapolahe | jêng nabi saklangkung suka | kang paman ingaturan | sawusnya têlas rinangkul | kang paman ngênorkên raga ||

8. wus mundur Bagendha Amir | Umarmaya jawil sigra | abisik-bisik têmbunge | lah tuwan amba pamitna | dhatêng Gusti Muhamad | yèn marêngi kangjêng rasul | amba pan arsa lêlana ||

9. ngendra laya nyakra bumi | manut saombaking rasa | jêng nabi sampun waspaos | sausiking Umarmaya | ngandika nabiyullah | paman apa karyanipun | wa Umarmaya bisikan ||

10. umatur Bagendha Amir | pukulun sanès karia | damêlipun kakang dhewe | tansah bêbisik Marmaya | lah Amir wêcakêna | dhatêng jêng bagendha rasul | angsala ingkang pandonga ||

11. mangsuli Bagendha Amir | lah tuwan matur priyăngga | dadya asae dulune | Umarmaya datan arsa | Amir mêksa ingatag | mamitakên kangjêng rasul | nging Ambyah dahat lênggana ||

12. Umarmaya plintar-plintir | ngandika jêng rasulollah | uwa majênga ngarsèngong | sandika Sang Umarmaya | majêng angling jêng nabya | tuwan paran karanipun | bêbisik mring rayi tuwan ||

13. Umarmaya matur aglis | bodho punapa paduka | kados wus kagalih kabèh | pun dasih saosikira | kados sampun kacakra | ngandika jêng gusti rasul | lah ta uwa paran karsa ||

14. angendra ngalaya bumi | angêmong paraning karsa | ngrukêt wa sèrèning Manon [Ma...]

--- 49 ---

[...non] | matur inggih Umarmaya | jêng rasul malih nabda | uwa dongakakên ingsun | lawan pandonga kang êsa ||

15. sujud Marmaya tur amit | pan sarwi anjawab asta | miwah pra sakabat kabèh | ganti-ganti sêsalaman | lawan Sang Umarmaya | miwah Menak Jayèngsatru | dangu dènnya rêrangkulan ||

16. èsmu waspa sang akalih | Sang Amir tansah ingaras | dèn aras ing pungkurane | jêng nabi wus lêluwaran | miwah kang pra sakabat | Marmaya manahe nglangut | ganti ingkang kawarnaa ||

17. nênggih Sang Irman Narpati | samêntasira kalah prang | langkung prihatin sang katong | kuwalahên mêngsah Ambyah | apan nadyan sudara | Irman lan Sang Jayèngsatru | kalangkung dènira siyal ||

18. saking lumuh mring agami | nênggih Sang Irman Nalendra | sanadyan ta sudarmane | nênggih Sang Raja Nusirwan | sangêt gêthing mring Ambyah | pan sanadyan mantunipun | tansah dèn arah kang pêjah ||

19. nênggih putraning sang aji | kang dadya garwane Ambyah | Sang Dyah Muninggar wastane | sasedanira sang rêtna | kang rayi gya ginarwa | Dyah Marpinjun ruming santun | dhatêng Sang Anjayèngrana ||

20. ing mangke Sang Irman Aji | kalangkung watiring manah | ajrih mring Jayèngpalugon | tan wurung lamun rinusak | nungkul dahat tan arsa | mring agama sangêt lumuh | tansah ngêtog mring Baktiyar ||

21. ya ta Sang Baktiyar Patih | sumêdya angamandaka | tinêlasakên gunane | apan wus miyarsa warta | wontên narendra dibya | ing

--- 50 ---

Lakat nagaranipun | ngrèh ratu sèwu nagara ||

22. iku kang sinêdyèng galih | dinuga yèn bangkat karya | nadyan rusak ing palugon | ing benjing saecanira | lampah agama Islam | manut kangjêng nabi rasul | yèn wus têlas budinira ||

23. Baktiyar wus amiranti | akarya dora sêmbada | saking iblis panjurunge | linulu dening Pangeran | yêkti asipat rahman | sinigêg nagri Mêdayun | kang lagya karya pitênah ||

24. warnanên narendra kapir | kibir tur dir-dirèng jagat | marentah samining katong | sèwu kang para narendra | tur bêkti kumawula | jêjulukira Sang Prabu | Dawil Kusèn Mahambara ||

25. tan ana ingkang nyamèni | ngrênggani nagari Lakat | kagiri-giri kratone | suwarganira di mulya | pinatik nawa rêtna | cacahe pra garwa satus | tur sami putraning nata ||

26. pêpatihira sang aji | kang nama Raja Bardanas | sapirang-pirang balane | yutan wêndran tanpa wilang | yêkti Sang Natèng Lakat | linulu dening Hyang Agung | tutug dènira bêlasar ||

27. sarta panjurunge iblis | kaloka sawênang-wênang | angrênggani jagat kabèh | sang nata pangrasanira | sakathahing manungsa | pra ratu wus samya têluk | tan ana mrêngkang ing karsa ||

28. nanging kang kagugu galih | mung tuture sang pandhita | paguronira sang katong | abêntur dènnya mangucap | jinurung dening setan | istijap sasêdyanipun | awasta Abu Ngaripah ||

29. waskitha

--- 51 ---

ingkang ginaib | nanging mangke wus palastra | nguni sung sabda mring katong | sajroning măngsa punika | badhe wontên rubeda | anama bagendha rasul | nyalini tatah kang kuna ||

30. nujum pujăngga wêwasi | prituwin kang para nata | apan wus dinangu kabèh | ingkang nama rasulollah | pundi ing prênahira | sumêdya badhe ginêmpur | ture kang dinangu nata ||

31. tan wontên ingkang udani | miwah ing pawartanira | nguni ana nanging seje | ratu prajurit ran Ambyah | ing mangke sampun sirna | parentahira sang prabu | mring sagunging wadyabala ||

32. tuwa anom gêdhe cilik | yèn ana wong ran Muhamad | miwah rasulullah age | kinèn samya mêjahana | apan wus kalampahan | nanging tan ana kang nuju | nênggih kang nama Muhamad ||

33. linulu dening Hyang Widhi | sang nata saya bêlasar | sawênang-wênang pambêke | malah angaku pangeran | salaminira gêsang | dèrèng uninga sang prabu | raose susah myang gêrah ||

34. nadyan lêlamuk myang tinggi | sadaya sapadhanira | tan purun măngsa sang katong | ri sêdhêngira sineba | pêpak kang para raja | mantri bupati supênuh | nujum wêwasi jêjanggan ||

35. juru tênung miwah tabit | aglar anèng pasewakan | balabar gung para katong | busana bra warna-warna | kadya sari ngudyana | nulya miyos sang aprabu | lênggah ing kursi kumala ||

36. mêgêp abusana asri | abra lir lintang sayuta | gêbyar-gêbyar

--- 52 ---

ujwalane | merang gêbyaring raditya | ingayap pra biyada | pilihan samya yu-ayu | apêngawak lindhu sêkar ||

37. sang nata gandanya amrik | surya bisèk arêraras | lir widadari yèn tinon | sèwu samya manuhara | ngampil tilam kancana | warna-warna isinipun | sadaya pêthetan rêtna ||

38. pra nata aglar nèng ngarsi | mungging ing kursi kancana | Bardanas ing ngarsa katong | mêgêp ing kursi kancana | ujwala warna-warna | satriya myang para ratu | sawênèh kadi rasêksa ||

39. wênèh lir garudha srênggi | sawênèh kadi bujăngga | sawênèh lir gajah barong | sawênèh pasêmonira | lir macan binasahan | prajurit ajêjêl sungsun | sinang lir gunung kawlagar ||

40. kalangênan sri bupati | gamêlan munya alaras | lir gunung rubuh surake | arame inum-inuman | mriyêm lir langit rêbah | tan anggop pating jalêgur | orêg kang bumi prakêmpa ||

41. wuru-wuru kaduk lali | ingkang sami ăndrawina | kêmbul dhahar sang akatong | lan sagunging para nata | miwah Raja Bardanas | lan putra Lakat Sang Prabu | kang wasta Malikusbarak ||

42. kalih Sang Malikuskabir | ujwala lir yêksa kêmbar | mangah-mangah pasêmone | ngênting sukane sang nata | kasaru duta prapta | saking nagari Mêdayun | caraka Patih Baktiyar ||

43. pan sarwi amundhi tulis | orêg sagung kang sumewa | wus katur mring sang akatong | tinimbalan praptèng ngarsa | Sang Sri Kusèn [Kusè...]

--- 53 ---

[...n] ngandika | apa karanira rawuh | duta Mêdayin tur sêmbah ||

44. amba ingutus sang dasih | Mêdayin Sang Raja Irman | ngaturkên bêkti sujude | sumăngga konjuk ing tuwan | lan ngaturkên nuwala | tinampan binuka sampun | sang nata tan bisa maca ||

45. apan ta kang punang tulis | yêkti sanès warnanira | Lakat Mêdayin sastrane | ingubêngkên para nata | ganti-ganti nupiksa | sadaya kang para ratu | tan ana ingkang kaduga ||

46. miwah ingkang juru tulis | sadaya datan kaduga | Bardanas èngêt ing tyase | duwe simpênan pujăngga | bisa aksara sastra | pun Bahrul Kirat ranipun | nulya sampun tinimbalan ||

47. sêrat cinandhak ing patih | pun Bahrul Kirat wus prapta | ingirid ing ngarsa rajèng | Sri Lakat nulya têtanya | kadugane amaca | kèndêl Ki Bahrul andulu | ngalamate kang nuwala ||

48. nulya umatur kadugi | sang nata trusthèng wardaya | lah mara wacanên age | kang sêrat nulya binuka | nanging tansah sinukma | angandika sang aprabu | pagene tan sira waca ||

49. sang pujăngga matur ririh | gusti upami manawa | lir sêkar amis gandane | dumugi dènira nukma | sira Ki Bahrul Kirat | umatur gusti gănda rum | kang sastra nulya winaca ||

50. ya ta têmbunge kang tulis | punika puji kawula | sujud mangsud ing tyas anor | pun Irman ingkang atêngga | Mêdayin nagri tuwan | kang nèng dlamakaning prabu | katura jêng sri narendra ||

51. pangeran ingkang ngrênggani [ngrêng...]

--- 54 ---

[...gani] | ing Lakat nagari mulya | Sri Ambara Dawil Kusèn | kang sinung mong ing sajagat | sasampuning punika | dasih pati urip katur | dene mamak tuli wuta ||

52. saking tan wrin amba gusti | darbe pangeran paduka | pun dasih saking têbihe | tan pisan lamun balela | gusti dhatêng paduka | ngandhap tumingal ing luhur | lir mulat ing surya sasra ||

53. angèstupada pun dasih | atur bêkti kumawula | turun amba satutuge | ngabdia dhatêng paduka | miwah saturun tuwan | ywa sanès ingkang amêngku | gusti ing Mêdayin praja ||

54. yèn dede paduka aji | dene kalêpatan amba | ing nguni datan sumaos | mangke sumăngga ing karsa | pêjah gêsang katura | rujitên lir puspita rum | kawula datan lênggana ||

55. lan amba tur pêjah malih | ing mangke tan sagêd seba | rèh ta anandhang wirangrong | kasambut ing adilaga | gusti badan kawula | ing mangke anjagèng mungsuh | pramila amba tan seba ||

56. sakathah-kathahnya gusti | sampun kawrat punang patya | kang bêkta surat wiyose | gusti nênggih pun Baktiyar | supados ngladosana | dhumatêng paduka prabu | minăngka anak kawula ||

57. rèh amba dèrèng darbèni | wêka jalu kang diwasa | kang yoga saos sang katong | mila pun patih kewala | sowan ing jêng paduka | lan malih dasih pisungsun | rajabrana ji sayuta ||

58. lan èstri tri dasa rakit | sapêlananya kancana | lan rata mas tigang sêle | dadosa

--- 55 ---

ingkang pratăndha | sujud sungkêm kawula | dhumatêng paduka prabu | saosan kalangkung nistha ||

59. lawan amba atur cèthi | kaprênah atma kawula | pun Yandimdimah wastane | nanging sakalangkung nistha | asor ing warnanira | balilu cupêt tur kidhung | tan măntra putraning raja ||

60. tan langkung ciptaning galih | nyaosakên palawija | anênêmpil karsa katong | sing sêtya tuhu kawula | angabdi ngranupada | èsthining tyas amba katur | wus kawrat punang nuwala ||

61. wus titi têmbunging tulis | Ki Bahrul Kirat mangrêpa | tansah nèng ngarsa sang katong | lawan Ki Patih Bardanas | ya ta sri naranata | tri pandurat tanpa muwus | langkung ngungun sri narendra ||

11. Dhandhanggula

10. Raja Lakat kapikat

1. duk miyarsa manise kang tulis | gya ginalih sajroning wardaya | Sang Prabu Irman pambêke | miwah luwêsing têmbung | andhap asor wêgig ing budi | iku ratu utama | wruh ing kratonipun | tur ta datan ngêlong drajat | iya iku dununge wong jêmbar budi | luhur kawignyanira ||

2. angêdohi watakaning èsthi | lumuh kagêpok ing basa nistha | ya ta ngandika Sang Rajèng | Bardanas dèn agupuh | tampanana kang bulubêkti | ajokna ngarsaningwang | nulya wus pinundhut | rajabrana gajah rata | samya ngungun sagung ingkang aningali | sang nata langkung suka ||

3. dahat gawok kèhe kang pangaji | ingkang [ing...]

--- 56 ---

[...kang] dadya cingaking tumingal | rêrekan pan èdi aèng | lan patuting pasêmun | gya andangu saosan èstri | matur Patih Baktiyar | wontên jawi prabu | lêrêp wontên pasanggrahan | gusti ngantos karsa paduka narpati | sang nata angandika ||

4. dene nganggo dèn andhêg nèng jawi | pêprantine dènira ambêkta | palawija Mêdayine | Patih Baktiyar matur | inggih gusti wahana joli | bêbêktan saking Madyan | rèh cèthi kadya yun | saking rata nguswèng pada | sri narendra gumuyu angêntrog wêntis | ngandika mring Bardanas ||

5. lah ta mau unine kang tulis | palawija liwat dènnya nistha | têka joli wahanane | pan sarya dèn pêpatut | kaya ngapa ingkang suwarni | Patih Bardanas turnya | ngong kintên pinunjul | dene ta putrining nata | sri narendra ya ta tan srănta ing galih | ngandika mring Bardanas ||

6. lah ta mara papagên dèn aglis | gya umêsat Sang Raja Bardanas | lan Ki Patih Baktiyare | nulya lampahnya rawuh | pasanggrahan Bardanas Patih | gawok myat citra raras | ginuntra rêtna byur | sajajaranira endah | godhi sulam trap sêrasah rêtna adi | kumbalanira Irman ||

7. nging sang rêtna tan paja kaèksi | binêktanan cèthi kawan dasa | tur endah-endah warnane | kêmbar busananipun | lêngêr-lêngêr Bardanas Patih | sang dyah sampun binêkta | nèng marga lêstantun | wus prapta ing pagêlaran | sri narendra poyang-payingan ing galih [ga...]

--- 57 ---

[...lih] | kasusu kêdah pirsa ||

8. samya ebat kang samya ningali | joli sumèlèh ngarsaning nata | gya binuka lêlangsène | sang dyah nglela kadulu | cahyanira amindha sasi | dhasar mêntas karuna | cahyanira balut | gumêbyar soroting waja | liringira sumêdhèt lir manjêm kengis | slira pindha kancana ||

9. saya rongèh jêng sri narapati | ebat miyat cèthi myang pawongan | biyada pingitan kabèh | ya ta kinèn tumurun | mring sang nata sang dyah wus mijil | kadya pêpujan rêtna | lir muksa dinulu | jukining dêdêg mêjana | dhasar kaduk wiraga solah rêspati | sang nata gumyur ing tyas ||

10. supe lamun jênênging narpati | nora sita-sita yèn sewaka | saking iblis panggodhane | prênyata setan iku | lamun arsa anyilakani | dadya karênanira | ing pakarya kêmbul | kusuma putri ing Madyan | gya cinandhak astane mring sri bupati | sarwi dipun rêrêpa ||

11. gya sinambut binêkta mring puri | sang dyah rara samarga ingêmban | Baktiyar lêga manahe | eram sagung pra ratu | aningali putri Mêdayin | kang seba lêluwaran | Baktiyar winuwus | mondhok anèng kapatihan | cinarita ambêkta sêlir kêkalih | ayu-ayu warnanya ||

12. dèn kêkêmbar busananya adi | sêdhêng nome dèrèng darbe putra | mêntas linorod paèse | dhasar warnanya ayu | winuwuhan sumbaga dhêsthi | dhasar wanitèng Madyan | ingkês [ing...]

--- 58 ---

[...kês] tandangipun | wong Lakat kau tanaga | duk samana ingutus rêkyana patih | marêk Raja Bardanas ||

13. nyaosakên pisungsung upêti | warna kumala pan winadhahan | kêncana adi talame | prapta ing ngarsanipun | kagyat Raja Bardanas Patih | kapencut manahira | tambuh tingkahipun | nulya rus wijiling sabda | sira sapa wong anom ayu kang prapti | năngga talam kancana ||

14. gya umatur wanodya kêkalih | amba utusanira Baktiyar | anyaosakên sungkême | lawan amba ingutus | ngaturakên kumala adi | rèh dasih ngranupada | dhatêng ing sang ulun | Bardanas mangsuli iya | sun tarima pisungsunge yayi patih | pan ingsun luwih rêna ||

15. tansah mèsêm Bardanas dènnya ngling | bok kongkonan sapa aranira | nêmbah wanita ature | pan èsmu dèn pêpatut | Mujidilih wastamba gusti | punika pun Ngadimah | Bardanas lon muwus | sira iku wong punapa | sajatine apa gundhike ki patih | apa somahing bala ||

16. sang dyah kalih umatur wotsari | amba sêlire Patih Baktiyar | Bardanas arum dêlinge | apa uwis sêsunu | iya sira lan adhi patih | sang dyah kalih aturnya | pan dèrèng sêsunu | lan dèrèng patos alama | angladosi dhatêng rayi tuwan patih | mèsêm Raja Bardanas ||

17. sang dyah kalih nuli pamit mulih | Sri Bardanas akèndêl kewala | nyêlak kinèrèd kursine | sêlir kalih

--- 59 ---

mit mantuk | Sri Bardanas datan nauri | tumungkul sang wanita | pinancas ing sêmu | Bardanas kadya ingunggar | kalihira astane cinandhak aglis | ingaras gantya-gantya ||

18. linungsur-lungsur astanya kalih | sarya matur amba nuwun mêdal | mangke kawula binêndon | apan ta sampun dangu | gèn kawula wontên ing puri | mangke ki patih duka | amba dipun pukul | sintên ingkang nanggulanga | Sri Bardanas mèsêm sabdanira manis | ya ingsun kang nanggulang ||

19. samya gawok wong ing dalêm puri | aningali Sang Raja Bardanas | tan taha-taha karsane | supe lamun wong agung | kang kacipta sukaning galih | dhasare wanodyanya | mikatakên sêmu | liring mandam kamarutan | adhuh ngêsês sangsaya limut ing galih | ring Sang Bardanas Patya ||

20. graitèng tyas Sang Bardanas Patih | èstri iki lamun sun andhêga | si yayi dadi atine | bok iya ingsun têmbung | krana rèrèh si yayi masthi | măngsa ewuha mring wang | salah sijinipun | kang asta sampun winêdhar | angandika Sang Raja Bardanas manis | uwis sira muliha ||

21. nging dèn kêrêp sira maring puri | sang dyah kalih nuwun aturira | gya mijil sing sanggrahane | Risang Bardanas Prabu | saungkurnya wanodya kalih | tansah abêntayangan | sabarang rinungrum | sabên-sabên angandika | nora lali wong ayu agawe brangti | mirah ing ngêndi sira ||

22. nulya wontên iblis pindha rêsi | praptanira anjog tanpa sangkan [sang...]

--- 60 ---

[...kan] | Bardanas rinangkul age | hèh babo putraningsun | sira apa dhêmên sayêkti | mring sêlire Baktiyar | Bardanas anjumbul | lah sintên tuwan punika | tanpa sangkan mawi angrangkul mring mami | angling sang mindha warna ||

23. sun pandhita saking nagri Pèrsi | Sayid Huwèl kaki aran ingwang | sakti tur waskitha ingong | matur radèn satuhu | apa sira dhêmên sayêkti | mring sêlire Baktiyar | Bardanas umatur | kalangkung rêmên kawula | lami amba ningali dhatêng pawèstri | datan kadya punika ||

24. nging kapalang kawula dadya ji | tur piniji dadya wrăngka nata | yèn ngrêbata darbèking wong | tan bêcik kang tinêmu | tur melike têtamu prapti | amba ugêring praja | sarta nyêpêng kukum | kadospundi solah ingwang | yèn wong agung bau pradataning adil | lir wong krubuhan arga ||

25. Pandhita Wèl gumuyu sarya ngling | iya babo lamun sira bedhang | tan bêcik ewuh dadine | warêgira wong nucuk | yêkti bêcik dipun kêrabi | nadyan ana kang gadhah | sarate pinundhut | yèn tan awèh yêkti numbak | lamun kurdha lah iya dèn sêmbadani | yèn ngamuk ya pinêksa ||

26. aja mikir pakewuh ing wuri | anjêjăngka kang durung kababar | was-uwas tiwas têmahe | lan malih patut-patut | adêduwe sira karsani | êkhak sabda manira | turutên sang prabu | ya ta Sayid Wèl wus musna | Sri Bardanas dhasar arêp dèn ajani | nulya mring pasanggrahan ||

27. pondhokannya Ki Baktiyar Patih | sarêng [sa...]

--- 61 ---

[...rêng] prapta Ki Patih Baktiyar | sakalangkung ing kurmate | wanci surya sumurup | ăndrawina nutug salatri | rada kaduk Bardanas | dènira awuru | saksana Patih Baktiyar | sêlirira kêkalih kinèn ngladèni | pikate mangun brăngta ||

28. kalihira sami amêtêki | langkung suka Ki Patih Bardanas | gya nglênggak kursi lênggahe | sang dyah kalih pan sampun | winangsitan dhatêng ki patih | nyêpêng kang Mujadila | asta kananipun | mung Ngadimah keringira | Sri Bardanas kapi nora salah kardi | andhêsêk payudara ||

29. sêlir kalih nampèl lambang liring | nulya kesah nulya Sri Bardanas | suka sinamur gujênge | saya kabyatan limut | angandika lah yayi patih | pun kakang amêminta | tur luwih wratipun | ènthèng yèn kinarya gampang | amangsuli sira Sang Baktiyar Patih | amba sumanggèng karsa ||

30. èstri kalih tan ngraos darbèni | atanapi pêjah gêsang amba | pundhutên amba sumaos | mila amba ingutus | nyênyaosi karsaning gusti | miwah karsa paduka | nging amba nênuwun | prakawis mêngsah kawula | lah punapa tuwan akarsa nyagahi | yèn panggah amba lila ||

31. nampèl wêntis Bardanas Narpati | sayuta ngarsa sakêthi wuntat | katêmua ingsun dhewe | ywa susah mèlu magut | amuktia tunggu nagari | miwah gusti sang nata | manut pangrèh ingsun | muliha ywa susah seba | amuktia pilêngah nagri Mêdayin | nyakrawati lan garwa ||

--- 62 ---

12. Sinom

11. Badhe nglurug dhatêng Madinah

1. bangun Sri Nata Bardanas | kondur bêkta sêlir kalih | kalangkung sukaning driya | sira Sang Baktiyar Patih | gundhik ingkang dèn ambil | pinêngadêg abra murub | sumêkta saniskara | nora wingwang angaduki | rinarêngga ing agêm kadya atmaja ||

2. datanpa rêngat ing netra | dadya sukanirèng galih | sajatine wus sinêdya | paekan wus pasthi dadi | abot wong lara ati | tan wêdi sarananipun | tan owêl buwang donya | sok lêgaa ingkang ati | wus adune budi akanthi sarana ||

3. anapon sirnane guna | sirnane wibawa mukti | surake bumi kang arja | miwah gêmpuring nagari | curês nipkahing bumi | têmên goroh wêkasipun | marga saking sarana | wisaya kang namur sandi | barang karya sarate kalawan guna ||

4. wau ingkang kawarnaa | kang tansah anèng jro puri | langkung pêgêling wardaya | datan katimbangan ing sih | tan kêna dèn prêpêki | putra kang saking Mêdayun | tansah ngasta curiga | sang dyah lamun dèn prêpêki | arsa suduk salira sang nata mênggah ||

5. eman kongsia palastra | wong ayu tur dadi galih | upamane sri narendra | sang dyah mintaa brana di | dèn undhung kadi wukir | tinikêl pamundhutipun | lamun kinèn sang nata | amilang lintang nèng langit | dèn saguhi [saguh...]

--- 63 ---

[...i] kinèna mangendralaya ||

6. sayêkti pan sinaguhan | mundhuta sirah sakêthi | amundhuta sagara rah | amêsthi dipun dhatêngi | kathah kêdhik sang aji | pangimurira tan keguh | samana amêminta | sira kusuma Mêdayin | sri narendra amba purun dadya garwa ||

7. nguni sudarma kawula | Raja Suwajan Narpati | rinusak dening Muhamad | kaum Madinah kang nagri | rama Suwajan lalis | mangke binoyong pun ibu | ibu bangsane Irman | kang anèng nagri Mêdayin | amba pinêt putra saking timur mula ||

8. yèn saguh karsa angrusak | kang nama rasulollahi | sakarsa datan lênggana | amba datansah lumiring | nanging amba wong èstri | tan sagêd amba pitutur | dangua pun Baktiyar | saniskarane dèn ngênting | trap tingkahe jêng rama lan paman Irman ||

9. kang pasanggiri punika | kenginga kawula tagih | sumăngga kasrah ing raga | nanging janji ywa gumingsir | malêsa lara pati | Madinah panggêmpuripun | sang nata langkung suka | kang dhampar sigra binanting | sun sanggupi mas mirah panjalukira ||

10. nulya miyos sri narendra | mêgêp anèng păncaniti | siniwi gung para raja | nujum pujăngga myang wasi | satriya tăndha mantri | jêjêl ing ngarsa supênuh | putra Malikusbarak | kalawan Malikuskabir | aprituwin Apatih Raja Bardanas ||

11. lan duta Patih Baktiyar | wus sumaos anèng ngarsi | Ki Pujăngga Bahrul Kirat | rinakêt cêlak sang aji | ăndrawina [ăndrawi...]

--- 64 ---

[...na] mangênting | kasukan umyang gumuruh | sawusnya kêmbul dhahar | sang nata ngandika aris | lah Baktiyar wong apa kang ran Muhamad ||

12. matur Ki Patih Baktiyar | Muhamad angakên nabi | santri kraman ing Madinah | nêdya ngrusak mring narpati | kumênthus kumasêkti | lumampah ginuron ratu | sêdya nyalini tata | ngakên ingutus Hyang Widhi | pan wus nyata gêlare ngèlmu paekan ||

13. nguni Sang Raja Suwajan | nagarinira ing Bakin | sudarmanya sang kusuma | kang wontên ngarsa narpati | yêkti kênèng piranti | Muhamad ing kêliripun | purwane amrasanak | saya rakêt saya asih | lami-lami nêranyak nyalini tata ||

14. tan pantês kalawan nalar | kang ora-ora pinuji | Suwajan datan graita | tamtu pawong sanak yêkti | tan ana duwe wadi | gêntos dhatêng nagrinipun | Suwajan sinlusupan | saya kathah lami-lami | amarêngi Suwajan măngsa punika ||

15. tindak nèng nagri Madinah | nèng marga ginêtak jurit | ping kalih kasupit papan | punika rusaking dasih | kaping tiga wong mukmin | ingkang sami anênusup | ngamuk dhatêng Suwajan | punika margane lalis | garwanira binoyong dening Muhamad ||

16. ngandika Narendra Lakat | karatone gêdhe êndi | Suwajan lawan Muhamad | Baktiyar matur wotsari | dede larape gusti | agêng Suwajan Sang Prabu | kawon dening paekan | mukmin pikire nylêkuthis | purun saèn [saè...]

--- 65 ---

[...n] acidra marang ubaya ||

17. malih sang nata ngandika | paran Sri Irman Narpati | dene dènnya băndayuda | wêkasan asor kang jurit | Baktiyar matur bêkti | ing nguni sang dyah puniku | rinuruh ing wong Islam | dhatêng nagari Mêdayin | wus misuwur sang rêtna abăngsa Irman ||

18. rinoda ambêk kuwawa | kêkah Sang Irman Mêdayin | sakalangkung dukanira | wusana umagut jurit | ngantos ambal ping kalih | punika marganing pupuh | aprang ping kalihira | Sang Irman wus amiranti | badhe sowan dhumatêng paduka nata ||

19. sarêng wus prapta ing marga | sêsarêngan lan wong mukmin | kang nama Nabi Muhamad | badhe mring Lakat nagari | nêlukkên paduka ji | punika Sang Irman Prabu | bêndu glis tinarungan | silih ungkih ganti mati | dangu-dangu gya mundur prajurit Islam ||

20. mundur dasih padukirman | pan arsa ngayomi dasih | andêlira kathah pêjah | nanging tan sêja gumingsir | lan kaping kalih ugi | gusti pinêlaur lampus | kalawan manjing Islam | kawimbuhan Irman Aji | saking sêdya tuhu dhatêng padukendra ||

21. anjalmaa kaping sapta | datan sêdya salin gusti | liyane saking paduka | Prabu Lakat ngandika ris | kratone gêdhe êndi | Suwajan lawan Mêdayun | Baktiyar matur nêmbah | gêng kraton Suwajan Gusti | angandika Sri Lakat lah ta Baktiyar ||

22. kratone Raja Suwajan | gêng êndi lan kraton mami | umatur Patih Baktiyar | dede [de...]

--- 66 ---

[...de] timbangipun gusti | Suwajan banyu cangkir | tuwan lir samodra agung | tan kêna ingupama | tuwan pangeran sajati | para ratu ing alam donya sadaya ||

23. Suwajan tansah tumênga | mring dlamakan tuwan kering | tur tuwan ingkang sinêmbah | sagung manungsa sabumi | parandene tan kenging | wontên ingkang purun-purun | ingkang nama Muhamad | sumêdya angrata bumi | Prabu Lakat alatah sarwi ngandika ||

24. babo iku apa nyata | ana wong wani mring mami | santri kang aran Muhamad | Patih Baktiyar tur bêkti | Muhamad yêkti wani | dhatêng paduka sang prabu | nanging amba tarima | dhasar wong kudu bilai | tan rumasa yèn awakira wong nistha ||

25. sumambung Raja Bardanas | lah aturna yayi patih | duk yayi panggih lan ingwang | bêbisik wong padha siji | Sri Kusèn ngandika ris | matura sawêcanipun | Baktiyar matur nêmbah | tan yogi konjuk narpati | têmah dadya galihe paduka nata ||

26. lan amba ajrih kalintang | manawi amba ginalih | ngamandaka ing paduka | angadoni adu manis | lampah amba puniki | darma nyaosi pisungsung | lawan dhèrèk sang rêtna | ngladosi karsa narpati | sabdanira sang nata lah dèn sawêca ||

27. Patih Baktiyar tur sêmbah | Muhamad nguni sung tulis | sêsapihirèng ayuda | ngajak abiyantu pikir | lawan pun Irman Gusti | angajak gêmpur sang prabu | Irman langkung brêmatya | ingajak purun ing gusti | dasih Irman yêkti dèn pilaur [pila...]

--- 67 ---

[...ur] pêjah ||

28. rusaka anèng paprangan | Sri Mêdayin dèn lampahi | nulya kang srat winangsulan | surasa panantang jurit | wong Mêdayin nglabuhi | dhatêng paduka sang prabu | ywa kongsi ngambah Lakat | sri narendra ngandika ris | apa kêlar wong Madyan mungsuh Muhamad ||

29. umatur Patih Baktiyar | langkung pangèstuning aji | nanging gusti majadira | wong Mêdayin tan kuwawi | sabab rêmpu duk jurit | dèrèng pulih dasih prabu | wong Islam mangke wêwah | sakaitan para aji | ingkang samya têpang talatah Ngarbiyah ||

30. badhe nglurugi paduka | sumêdya ingantêp jurit | sêdyane nagri ing Madyan | sinampe bari lumaris | kurdha sri narapati | tur têpang lawan ing tutur | guru Abu Ngaripah | ngandika mring putra kalih | hèh Malikuskabir lan Malikusbarak ||

31. babo sira apa suka | nagrimu dèn alap mukmin | tur sira kaki dèn ajar | winulang tataning mukmin | sungsang buwana balik | kaum sinêmbah ing ratu | ingsun iki pangeran | bakal rinusak wong nisthip | putra kalih duk myarsa sabdaning rama ||

32. dhasar sami sura-sura | samya purun kaduk lali | kalih sarêng narik pêdhang | brêngosnya pinuntir andik | sigra amêdhang siti | gumêtêr nulya umatur | worsuh pangucapira | pangeran sudarma mami | luwih mulya pangeran lananging jagad ||

33. amba tan suka tan lila | wontên rajane wong mukmin | apurun dhatêng paduka | amba pêlaur ngêmasi | grêgut kang para [pa...]

--- 68 ---

[...ra] aji | orêg majêng dènnya lungguh | ana kang têbah jaja | tur ana kang nampèl wêntis | Prabu Lakat saya sangêt kurdhanira ||

34. angling Sang Rajèng Bardanas | hèh yayi Baktiyar mami | têka mamang manah ingwang | prakara tulising santri | Muhamad mring Mêdayin | yaktos lawan botênipun | sabab têbih ing Lakat | kalawan nagri Mêdayin | mapan dawêg dika pikira priyăngga ||

35. nambungi Sri Lakat nabda | ya bênêr Bardanas Patih | karya sêrat ngamandaka | yèn saking nagri Mêdayin | iku sira pribadi | Baktiyar mangsuli wuwus | amba măngsa wania | punika kang punang tulis | pan sumăngga yèn dhasar kirang pracaya ||

36. umatur Raja Bardanas | dhumatêng sri narapati | gusti pun yayi Baktiyar | ambêkta wau kang tulis | ngandika sri bupati | lah kapriye Kirat Bahrul | iku layange ana | kang aran rasulollahi | Bahrul Kirat umatur saha wotsêkar ||

37. yogi gusti tinupiksa | ngandika sri narapati | lah êndi Patih Bardanas | layange ratuning mukmin | kang marang ing Mêdayin | Patih Baktiyar agupuh | nyaosakên nuwala | dhatêng Sri Bardanas Aji | sêrat sigra pinundhut dhatêng sang nata ||

38. ngandika mring Bahrul Kirat | wau ta sri narapati | lah wacanên Bahrul Kirat | tinampan sinukmèng galih | saru ungêling tulis | kawêntar dening wadya gung | ngandika sri narendra | apa bênêr ingkang tulis | iya saking santri kang aran Muhamad ||

39. umatur Ki Bahrul Kirat |

--- 69 ---

dhuh gusti sri narapati | têmên punika kang sastra | nênggih aksara Ngarabi | konjuk dhatêng Mêdayin | ngandika jêng sang aprabu | mara sira wacaa | sandika winaca nuli | sigra ngadêg wau guru Bahrul Kirat ||

40. pan sora pamacanira | kapyarsa sagung narpati | raosing sêrat mangandhar | wiwit pungkasan dumêling | sang nata duk miyarsi | marang sêrat têmbungipun | jaja kadya ingobar | talingan kadya sinêbit | sri narendra dhasare wus darbe karsa ||

41. arsa ngrusak mring Madinah | wêwah myat têmbunging tulis | kasuranira wong Islam | tan suda raosing ati | yèn tan nyirnakna nabi | ambirat mukmin sadarum | sagunging para raja | goyang palênggahannèki | kang sawênèh ratu gigit wajanira ||

42. ana ingkang unclang dhêndha | wênèh kang wuru narpati | pating glêrêng swaranira | Baktiyar lêga ing ati | matur saha tur bêkti | amba anuwun sul-angsul | sêrate dasih Irman | lan amba nêrang karsa ji | kantênane gèn amba sumêktèng yuda ||

43. ngladosi karsa paduka | ngandika sri narapati | tan susah sun asung sastra | sira wus wêruh pribadi | pasthi ingsun lurugi | tumuli kang aran rasul | dhasar pamintanira | kusuma kang anèng puri | sakarsane sun tohi takêr ludira ||

44. Bardanas matur sang nata | yèn marêngi paduka ji | pun yayi Patih Baktiyar | gusti sampun magut jurit | tênggaa sang dyah dèwi | wênang angrêksa kadhatun | rayi paduka nata | gusti ywa ngantos prihatin |

--- 70 ---

pan prayogi tinêngga yayi Baktiyar ||

45. kathah ature Bardanas | sang nata wus angrojongi | sri narendra undhang-undhang | mring sagung para narpati | sumêktaa ing ajurit |[3] angrusak bagendha rasul | saksana lêluwaran | gumuruh swaraning jalmi | sri narendra wus kondur sing dhatulaya ||

46. ngandika mring putri Madyan | sasolahira tinangkil | sang rêtna lêga ing driya | sapamintanira prapti | nanging durung kayêktin | tansah wirangrong sang ing rum | kongas yèn rêtnaning dyah | sangsaya minuni sari | gêndrèh manis sasolahe gawe brăngta ||

47. pramila Sang Nata Lakat | tan angetang baya pati | tansah angênorkên raga | mangrêpa sri narapati | amrih luntura kang sih | sira dewataning arum | kocapa para raja | mantri-mantri pra prajurit | wus samêkta sasikêpira ayuda ||

48. sajuru-jurune tata | pra prajurit pra narpati | wong Lakat tanpa wilangan | rata turăngga myang èsthi | sagung kang tata baris | nganti wiyosnya sang prabu | kawarna sri narendra | datansah pêgêl ing galih | gya siyaga mêsat sing ngarsaning garwa ||

13. Durma

12. Wadyabala Lakat bidhal dhatêng Madinah

1. datan mundur nata kèn nêmbang têngara | gumrah swaraning jalmi | gong maguru găngsa | têtêg kadya butula | pangriking [pangri...]

--- 71 ---

[...king] turăngga èsthi | swara gumêrah | barung gamêlan muni ||

2. sigra budhal wau Sri Narendra Lakat | anitih rata rukmi | songsong sungsun tiga | sagunging para raja | prasamya anitih èsthi | sawênèh ana | asongsong warni-warni ||

3. sangang yuta prajurit lêbêt kewala | nêm kêthi andêlnèki | akêre têmbaga | wêsi prunggu myang waja | nêm kêthi wahana èsthi | asikêp gada | kangkam nênggala bindi ||

4. wadyanira kang samya nitih turăngga | sikêp myang warni-warni | sawênèh gudebag | towok ganjur myang panah | kunta candrasa myang gandhi | tinggar sunapan | dirbus bintrèng myang karbin ||

5. sinalusup saradan santana lanang | panggritan obat mimis | dwaja warna-warna | têtunggul lan kêkăndha | lêlayu kumbala asri | kang balakuswa | lir jalanidhi ngalih ||

6. pirang-pirang pandêlêng untabing bala | anrajang wana wukir | myang jurang sêsêngkan | gêmpur kadya rêratan | ambaning baris winarni | lakon nêm dina | ujure têlung sasi ||

7. cinarita Madinah lan nagri Lakat | têbih lakon nêm sasi | karsane sang nata | dènira nganti bala | pêparo-paroning margi | myang nganti raja | raja kang têbih-têbih ||

8. cucukira ing lampah wus praptèng ngarsa | ing wuri dèrèng ênting | mangkat saking Lakat | sabên dina lêlampah | lir laron brubul sing siti | lakon tan kêndhat | sêsêg lakuning baris ||

9. kang swandana buntute têpung lan sirah | gajah rata prituwin | têpung [tê...]

--- 72 ---

[...pung] buntut êndhas | jêjêl pakathikira | pêpikul têpung lan sikil | lakon tri căndra | siyang dalu lumaris ||

10. pirang-pirang wong kapir tanpa wilangan | kocapa sri bupati | sampun masanggrahan | siyang dalu kasukan | lumintu kuswa kang prapti | dhêndhêng tan kêndhat | sabên dina angili ||

11. sri narendra ing Lakat tansah bujana | drawina gumrah asri | pan akêmbul boja | lan sagung para nata | samana wus amiranti | arakit kitha | bètèng sungsun pan inggil ||

12. wiyarira lêlakon sadasa dina | majupat amêsagi | kawarna wus lama | ana ing pasanggrahan | dènnya rêrêp sri bupati | gunging pra raja | kang têbih-têbih prapti ||

13. pan sanyata sagung wadyabala kopar | duk ngambah tanah Ngarbi | samarga bêbahak | praja kang kaliwatan | kathah dèn ambil mring kapir | karoban lawan | kêdhik ingkang narungi ||

14. mila kathah ngêmbul mring Sri Natèng Lakat | kang Islam manjing kapir | pisungsung sugata | langkung pinêtêl karya | langkung sukaning narpati | saya daludag | karênan anèng biting ||

15. kang sawênèh ngecani sarak kewala | anggolong lan wong kapir | sanadyan wontêna | nanggulang magut ing prang | kèdêk kèlês dening kapir | raja kèh pêjah | tansah nglulun wong mukmin ||

16. pan sadina-dina dènnya acangkrama | grogol buron wanadri | giniring nèng ngarsa- | nira nèng pambitingan | warak banthèng singa èsthi | kancil myang kidang |

--- 73 ---

manjangan lawan babi ||

17. warna-warna kewan kang samya rumangkang | ingabên lawan dasih | wênèh tarung dharat | ana kang nunggang jaran | rata sawênèh na èsthi | asikêp tinggar | panah watang myang bindi ||

18. pan gumuruh swaranira wadya kopar | gamêlan munya ngrangin | saruni biyulah | salomprèt munya ngraras | sang nata suka mangênting | bala gambira | klangênan siyang latri ||

19. ênêngêna ing Lakat gênti kocapa | sira jêng nabi murti | kang lagya sineba | mring sagung wadyabala | para sakabat prituwin | para santana | andhèr ngarsaning gusti ||

20. para nata satriya mantri balabar | pêpak ngarsaning gusti | mung Bagendha Ambyah | lawan Ngali Murtala | katingal datan anangkil | kasaru nulya | wontên dutaning Widhi ||

21. Mulkan Jabarail sun salam manabda | timbalaning Hyang Widhi | tuwan kinèn mapag | yudane ratu kopar | ing mangke sampun nglurugi | dhumatêng tuwan | lagya prapta ing margi ||

22. saking kitha lêlampahan tigang căndra | dènnya lêrêp wong kapir | lah tuwan pêthukna | nanging dipun prayitna | aja na wong kaduk lali | awrat kang mêngsah | timbalane Hyang Widhi ||

23. lamun lêpat tuwan benjang karusakan | tumpês sakèhing mukmin | nanging wontên uga | pitulunging Hyang Suksma | alanang gèn tuwan jurit | mangsuli sabda | sandika kangjêng nabi ||

24. wangsul pundi gène mêngsah laknat kopar | mangsuli Jabarail | inggih sampun cêlak | ing gunung Kut prênahnya | ngling

--- 74 ---

malih jêng nabi murti | amba anêrang | gèn amba campuh jurit ||

25. Mulkan Jabarail amangsuli sabda | inggih Muhamad benjing | yèn tuwan ayuda | wontên ing Kut aldaka | karyanên papaning jurit | saksana mêsat | Sang Mulkan Jabarail ||

26. ya ta wau Risang Bagendha Bu Bakar | Ngumar Ngusman prasami | myang para sakabat | lan sagung para nata | anêsêg dènira linggih | nabi ngandika | sung wrin karsaning Widhi ||

27. saniskara ing purwa madya wusana | jinarwa sampun ênting | tur pêksi sadaya | sagunge pra sakabat | sandika lêgawèng pati | asabilollah | ingabên lawan kapir ||

28. angandika malih kangjêng rasulollah | iki awrat kang jurit | sapa ingkang dadya | senapati ngalaga | apan ta ingsun lumiring | sakarsanira | mungguh bêciking jurit ||

29. umatura sasênênge atinira | Bu Bakar Ngusman tuwin | Ngusman matur nêmbah | èwêd manah kawula | ngawaki rêmbag ing jurit | sabab ayuda | gêdhe-gêdhening kardi ||

14. Asmaradana

13. Wêwatakanipun senapati Arab

1. Ngusman ature wor kingkin | tuwan nantun kănca-kănca | pundi dados pamilihe | gusti sae tinantuna | sabab pakaryaning prang | wêkasing gêsang myang lampus | yèn wadya mamang ing manah ||

2. malèsèd têmpuhing

--- 75 ---

jurit | marmane ajrih kawula | nilar rêmbaging asanès | yèn tan golong lan wong kathah | nadyan kapara têbah | yogi sadaya tinantun | mangke kantênan wawratnya ||

3. jêng rasul ngandika manis | iya bênêr rêmbugira | datan amung sira dhewe | saksana nulya ngandika | mring sagung wadyabala | gêng alit samya tinantun | kinèn matur juga-juga ||

4. tinimbalan ganti-ganti | pra sakabat andêling prang | kang wus nate anyăngga bot | ingkang nama Mungawiyah | jurit bobot yèn aprang | kalawan Umiyah Sahut | Sahut kalawan Hidayat ||

5. Fakur kalawan Sang Kasim | Jidil kalawan Ankasah | lan pra sayid sadayane | aturira warna-warna | ana milih Bu Bakar | sawênèh pamilihipun | nênggih Sang Bagendha Ngumar ||

6. wênèh Ngusman kang pinilih | wênèh milih Sayid Ambyah | amalih Abas liyane | jêng gusti rasul ngandika | iya karane apa | milih Abu Bakar iku | kang milih matur wotsêkar ||

7. Bu Bakar gusti sun pillih | yitna gêlaring ayuda | rèrèh barang pakaryane | dados senapatining prang | ayêm awas ing gêlar | jêr tanggon datan kasusu | manut sak liriking papan ||

8. wruh mêngsah kang lampah julig | mêngsah kang ènthèng wus wikan | kantênan dasih yudane | manahing bala tan ringa | nabiyullah ngandika | lah iya bênêr aturmu | pagene amilih Ngumar ||

9. kang milih matur wotsari | Gusti Sayidina

--- 76 ---

Ngumar | tan tanggêl lêladosane | dados senapatining prang | têtêp manahing bala | ajêrèh tan bisa ngrampung | ajrih tinunjang sing wuntat ||

10. sagêd murunakên dasih | ingkang ngungkang dadya sora | wadya datan pêjah dhewe | lir tigan sapêtarangan | rêntah saking wêwadhah | ngamuk siji barêng lêbur | tan ana sêdya ngucira ||

11. nabi rasul ngandika ris | sun tarima aturira | lah Ngusman apa karane | pinrih dadya senapatya | matur kang milih Ngusman | awas jêngane kang mungsuh | gusti tan ngrisakkên bala ||

12. budining wong dèn sratèni | banyu mili wêwekanya | nora nêmpuh age-age | tan kenging linèdhèk mêngsah | duga-duga yèn aprang | yèn awrat ingundur-undur | yèn mêngsah ènthèng tinrajang ||

13. bedak-bedakakên dasih | wong dhêdhêp lawan wong kêras | sinung prentah dhewe-dhewe | punika ingkang prayoga | pambêke senapatya | bala agêng manahipun | ngandika jêng rasulollah ||

14. ya liwat tarima mami | lah paman Ambyah kadya pa | pinilih paran karyane | jumênênga senapatya | matur kang milih Ambyah | Amir gusti pamrihipun | dados senapatining prang ||

15. amantêp cakut ing dasih | tan wontên wong eman pêjah | prêcayèng gusti dasihe | tan wontên darbe manah was | awrat ènthèng ingangsah | kenging tinagih ing kewuh | tan wontên tiwasing yuda ||

16. sayêkti dipun labuhi | têtêp manahe

--- 77 ---

kang aprang | prau dhadhap upamine | nadyan risaka kang ngarsa | wingking datan sulaya | tan wontên angucap takut | pracaya karsaning Suksma ||

17. jalma jêrèh dadya wani | kang sura saya daludag | tan mèrèp sing padhaning wong | punika ingkang utama | jênênge senapatya | kenging linabuhan lampus | ing manah datan sumêlang ||

18. jêng rasul ngandika manis | mring wadya kang milih Ngabas | wadya kang milih ature | gusti yèn pun paman Ngabas | dadosa senapatya | tan sênêng panêmpuhipun | matêng dènnya ulah gêlar ||

19. ngandika jêng nabi murti | lah iya ingsun tarima | padha matur sawêcane | panêmune juga-juga | tan nganggo pasuwitan | surasane nama katur | jêr ingsun ngupaya nalar ||

20. adangu kèndêl jêng nabi | rinaos kabèh prayoga | lan kabèh padha bênêre | umatur Sayid Bu Bakar | yogi katêlasêna | pra sakabat aturipun | kang dados ature kathah ||

21. angandika kangjêng nabi | mring sabat lan para nata | sadaya sarêng ature | dhuh gusti sampuna gêrah | prayogi rayi tuwan | Sayid Ngali pantêsipun | dados senapati yuda ||

22. punika langkung prayogi | sinêngkakakên ing wawrat | datan wiguh gêlaring wong | badhene mêngsah paduka | agêng kagila-gila | awrat sinăngga ing pupuh | yèn Senapati Murtala ||

23. amantêp sagunging dasih | pan kenging kinarya nyêngka | ngandêl mring senapatine |

--- 78 ---

tan grantês pêjah priyăngga | dasih kang sami yuda | pambêkane Ngali labuh | dèrèng dumugi turira ||

24. kasaru utusan prapti | saking Dyah Dèwi Patimah | tuwin mring dutaning Manon | Ngali gêrahira lêsah | èmêng jêng rasulollah | kang seba kabèh èsmu luh | dinuga tan bangkit karya ||

25. de kang dados senapati | mung wadya kathah aturnya | mring Sang Ngali pamilihe | dhêdhêp sagung kang sumewa | tan ana bisa ngucap | langkung èmêng kangjêng rasul | wusana aris ngandika ||

26. mring dutanira sang dèwi | lah iya sira tutura | ingsun pasrah ing Hyang Manon | lan malih ingsun tan wignya | bubarkên kang sumewa | yèn durung putus kang rêmbug | prakara karsaning Suksma ||

27. yèn saya awrat kang sakit | dèn tuturana kewala | bakal ana pêrang gêdhe | kang duta pamit gya mêsat | ganti ingkang winarna | Ngali supe gêrahipun | tan èngêt purwa duksina ||

28. Dyah Patimah nulya anjrit | nungkêmi jajaning raka | sang dyah kathah sêsambate | tuhu kalipahing Suksma | panutaning wanodya | tan nate rêntah ingkang luh | sang dyah sawêg sapunika ||

29. sarêng waspa tibèng siti | kabèh ingkang nyăngga jagat | gênjot gumlêgêr swarane | orêg kang bumi prakêmpa | udan adrês sakala | dhêdhêp kewan sato manuk | angin galudhug tan ana ||

30. thathit lidhah tan mêdali | sumaput panoning jagat | lêmah watu andarojos | yèn mungguh [mung...]

--- 79 ---

[...guh] jalma karuna | kasaru kang caraka | prapta saniskara catur | sang dyah gya matur ing raka ||

31. lah tuwan sampun ngêmasi | jêng rama badhe ayuda | badhe wontên aprang gêdhe | jênggirat Ngali Murtala | ngrangkul mring sang kusuma | mundhut prajuritanipun | tanapi pêdhang Dulpakar ||

32. nanging dèrèng sagêd linggih | ana uga sihing Suksma | ing benjang dadya pangane[4] | dyah kèndêl dènnya karuna | udan drês sampun sirna | jagat pêtêng padhang sampun | ijêm tejaning ujwala ||

33. dhasar kêkasihing Widhi | sang dyah guruning wanodya | nabine wanodya kabèh | ing mangke sampun pêputra | kalih kakung sadaya | Sayid Kasan ingkang sêpuh | Sayid Kusèn kang taruna ||

34. Kasan yuswa tigang warsi | Kusèn pan lagya sawarsa | pinundhut nabi ingêmong | mring Sang Dyah Umi Salamah | Kusèn warnane endah | ya ta malih kang winuwus | kangjêng nabi niyakèng rat ||

Lajêng nyandhak Menak Lakat.

--- [80] ---

Isinipun

... Kaca:

1. Sambêtipun wong agung nglurug dhatêng Mukabumi. ... 3
2. Nagari Mukabumi bêdhah, ratunipun pêjah. ... 5
3. Balanipun wong agung sami kabêsmi. ... 10
4. Wong agung ambêdhah nagari Pildandani. ... 15
5. Wong agung ambêdhah nagari Talsamat. ... 20
6. Wong agung kondur dhatêng Madinah kêpanggih kangjêng nabi. ... 31
7. Prabu Irman nglurug dhatêng Madinah. ... 36
8. Wong agung mapagakên Prabu Irman. ... 41
9. Prabu Irman utusan Patih Baktiyar mikat panggalihipun Raja Lakat. ... 47
10. Raja Lakat kapikat. ... 55
11. Badhe nglurug dhatêng Madinah. ... 62
12. Wadyabala Lakat bidhal dhatêng Madinah. ... 70
13. Wêwatakanipun Senapati Arab. ... 74

 


budhalna. (kembali)
Kurang satu suku kata: Bagendha Ambyah wataknya. (kembali)
Lebih satu suku kata: sumêktaa ing jurit. (kembali)
dhangane. (kembali)